Mungsuh Mungging Cangklakan, Asmawinangoen, 1929, #1832

JudulCitra
Terakhir diubah: 21-05-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

MOENGSOEH MOENGGING TJANGKLAKAN

Anggitanipun Mw. ASMAWINANGOEN

Jilid I

BALE PUSTAKA – WELTEVREDEN

--- [1] ---

Serie No. 824

MOENGSOEH MOENGGING TJANGKLAKAN

Anggitanipun Mw. ASMAWINANGUN

Jilid I

BALE PUSTAKA – WELTEVREDEN 1929

--- [2] ---

Wêwênangipun pangarang sinêngkêr, miturut bab 11 anggêr ingkang kapacak ing Staatsblad 1912 No. 600.

--- [3] ---

I. TAKSIH KULIT DAGING PIYAMBAK.

Surya sampun mèh sêrap, padhanging cahyanipun sampun mèh sirna, botên beda bêntèripun, ugi sampun botên paja-paja timbang bilih katandhing kalihan kala wau ing sadèrèngipun jam sakawan. Ing wêktu samantên para têtiyang tani ndalidir sami wangsul saking pasabinan utawi patêgilanipun, ngênêr dhatêng griyanipun piyambak-piyambak. Para kuli-kuli, ingkang sadintên muput kapepe wontên ing papan padamêlan, ing kala samantên inggih sami dhêdhampyakan nêdya wangsul dhatêng padununganipun, samargi-margi sami gêgujêngan, mratelakakên sapintên agênging kabingahanipun, dene badhe pinanggih kalihan anak semah kanthi wilujêng. Para lare angèn ugi makatên, ing wêktu ingkang kasêbut wau inggih sami nggiring maesa utawi lêmbunipun sami badhe wangsul, sadaya ugi katingal sami sênêng, rumaos sampun sami luwar saking sêsanggènipun ingkang awrat. Para lare wau warni-warni sangêt solah tingkahipun, wontên ingkang gêgujêngan, wontên ingkang dhêdhalangan lan inggih wontên ingkang numpaki maesanipun sarwi rêngêng-rêngêng utawi pêparikan: kaji-kaji, godril, witing klapa lan sanès-sanèsipun, satunggal kemawon botên wontên ingkang kêtingal prihatos. Kalêrêsan sangêt, dene ing dintên wau botên jawah, mila margi-margi sami garing agasik, dados ingkang sami lumampah tanpa sangsaya, botên kêpalang ing wêwalêd utawi rêrêgêd sanès-sanèsipun.

Kosok wangsulipun tumrap para priyantun, ingkang sadintên dhêg lênggah wontên ing kantoran papan padamêlanipun, ing wêktu wau malah sami atilar dalêm, tindak amêng-amêng mriksani kaendahanipun alam ingkang awujud pasabinan tuwin patêgilan ngiras pados hawa ingkang sagêd nyêgêrakên sarira. Wontên ingkang piyambakan, wontên ingkang sarimbit.

Para maos kados botên badhe kêkilapan, bilih ingkang kula aturakên ing nginggil punika botên magêpokan kalihan kitha ingkang agêng-agêng kadosdene Surabaya, Bêtawi, Bandhung, utawi [u...]

--- 4 ---

[...tawi] Sêmarang, nanging kitha alit tur sêpên kemawon, inggih punika kitha dhistrik Ngadiluwih, bawah paresidhenan Kêdhiri.

Kêjawi para priyantun ingkang sami amêng-amêng wau, wontên satunggiling jêjaka, nitik pangangge lan solah bawanipun, kados inggih panunggilaning priyantun, panganggenipun sarwa rêsik, sarwa sae miwah sarwa ramping, solah bawanipun alus aluwês. Rasukanipun bikakan pêthak, dhasi sutra jêne panjang, sinjangipun bathik parangkusuma, asawit kalihan udhêngipun, tur blangkon cara Mangkunagaran, inggih punika salah satunggiling wangun ingkang sinêngsêman dening para taruna ing jaman kamajêngan punika, numpak sêpedhah taksih enggal, ngangge jam tangan êmas. Sadaya priyantun ingkang pinanggih kalihan jêjaka wau tamtu sami manthuk pratandhanipun kurmat, dene para kuli anggènipun ngurmati kajawi manthuk, abikak tudhung sarwi nyimpang malipir. Nitik kawontênan makatên wau, têtela sangêt bilih jêjaka punika panunggilanipun tiyang ingkang kajèn-kèringan. Umuripun watawis kalih dasa taun.

Sintên namanipun jêjaka wau, padamêlanipun punapa? namanipun: Sumardi, padamêlan: dados juru sêratipun Kaji Abdulsukur, inggih punika satunggiling tiyang brèwu ing Ngadiluwih ngriku.

Sumardi dede lare asal saking Ngadiluwih, asal saking Nganjuk, bapakipun nama Jayasêntana, bêkêl ing panggenan ingkang kasêbut. Kala alitipun Sumardi kasêkolahakên wontên ing pamulangan H.I.S., satamatipun saking ngriku lajêng lumêbêt dhatêng pamulangan M.U.L.O. ing Ngayogyakarta, mondhok ing dalêming salah satunggilipun priyantun ing Mangkukusuman. Samêdalipun saking sêkolahan M.U.L.O lajêng nyambut damêl ing S.S., nanging botên sagêd lêstantun, pindhah dhatêng pabrik gêndhis ing Pare, ugi botên sagêd tulus, nuntên wangsul dhatêng Nganjuk, nganggur sawatawis wulan dangunipun, wasana lajêng nyambut damêl wontên panggenanipun Kaji Abdulsukur punika.

Ing nginggil sampun kapratelakakên, bilih Kaji Abdulsukur satunggiling tiyang brèwu, namanipun kasuwur ing satalatahipun paresidhenan Kêdhiri, malah ing satanah Jawi Wetan sadaya. Griyanipun gêdhong abagus, pakawisanipun wiyar, kêbak têtanêman [têta...]

--- 5 ---

[...nêman] lan sêsêkaran warni-warni, motoripun kalih, agêng-agêng tur sae-sae; sapintên kathahing artanipun ... kêjawi Abdulsukur piyambak botên wontên ingkang sumêrêp, ing sêmu prakawis satunggal punika dipun angge wados saèstu. Kasugihan samantên wau dede têtilaraning tiyang sêpuhipun, nanging saking kaskayanipun piyambak; lêrês tiyang sêpuhipun kalêbêt tiyang cêkap, nanging dhumawahing warisan ingkang tinampèn ing anak-anakipun botên sapintêna, awit anakipun kathah.

Kala taksih ênèm, ing sadèrèngipun minggah kaji, Abdulsukur wau nama: Jayataruna, panggaotanipun tani ngrangkêp nyambut damêl ing pabrik gêndhis Pasantrèn, griyanipun ugi wontên ing ngriku; kêjawi saking punika ugi nyambi dados anèmêr, ngladosi punapa kemawon ingkang dados kabêtahanipun pabrik, pamêdalipun dipun rimati kalayan ngatos-atos, satirahipun ingkang kasandhang tuwin katêdha dipun cèlèngi, botên pisan-pisan purun mbucal arta ingkang tanpa tanja, kêsukan ingkang lèrègipun ngrisak dhatêng katêntrêman miwah kautamaning ngagêsang dipun singkiri sayêktos. Margi saking pangatos-atos ingkang makatên, njalari gêsangipun langkung mênthêl tinimbang kalihan para kanca-kancanipun, salaminipun têbih saking sambutan, tur arta simpênanipun sangsaya mindhak kathah. Wasana sarêng arta celenganipun kinintên sampun nyêkapi kangge pawitan, lajêng pindhah panggenan, boyong dhatêng Ngadiluwih, dados kêpêksa kèndêl saking padamêlan, ewasamantên anggènipun gêgandhengan kalihan pabrik Pasantrèn kalajêngakên, inggih punika nglêbêti rosan ing sabên taun samasa wiwit giling, bathinipun botên sakêdhik.

Kêjawi gêgandhengan kalihan pabrik gêndhis ing Pasantrèn, Jayataruna ugi lêlayanan kalihan pabrik kaspe ing Sumbêrcangkring bawah Blitar, sabên taun nglêbêti kaspe pintên-pintên atus cikar, bathinipun ugi kathah sangêt. Lan taksih wontên padamêlan sanèsipun malih ingkang dipun lampahi dening Jayataruna: dagang koprah, kacang brul lan asil siti sanès-sanèsipun; dêdagangan wau lumêbêtipun dhatêng sudagar-sudagar agêng ing Surabaya, kauntunganipun nyênêngakên. Kala Jayataruna minggah kaji, sadaya padamêlan wau kapasrahakên dhatêng sadhèrèkipun ingkang ugi dêdunung ing Ngadiluwih ngriku,

--- 6 ---

sarêng wangsul inggih lajêng kacêpêng piyambak malih, sarta wiwit punika nama Jayataruna botên kocap malih, ingkang kalimrah ing kathah: Kaji Abdulsukur, sarta lajêng pinaraban "raja uwang" ing Ngadiluwih.

Rosan miwah kaspe wau kêjawi nêbasi dhatêng para têtiyang ingkang nanêm, Abdulsukur inggih nanêm piyambak, anggènipun nyewa pasitèn pintên-pintên atus bau, prêlu dipun tanêmi rosan miwah kaspe. Nggarap pasitèn samantên kathahipun punika têmtu kêdah mawi kuli kathah, botên namung atusan kemawon. Mandhor inggih botên cêkap sakêdhik, sadaya sami kasukanan blanja samurwatipun. Sindêr, kasir miwah juru sêrat, Abdulsukur inggih ngwontênakên, nanging ingkang kathah sadhèrèkipun piyambak. Dene Sumardi, punika ugi taksih kulit dagingipun piyambak, kaprênah anak kaponakan, awit Jayasêntana, bêkêl ing Nganjuk wau kakangipun.

Wontên ing Ngadiluwih Sumardi botên manggèn wontên griyanipun Abdulsukur, wontên ing griyanipun tiyang sanès, mila makatên awit Sumardi piyambak ngraos langkung sênêng mondhok wontên ing jawi katimbang kalihan tumut pamanipun, jalaran manawi tumut pamanipun botên badhe sagêd mrêdika, beda kalihan wontên ing jawi. Prakawis punika Abdulsukur botên nggatosakên, botên mrêduli, pupusanipun: tiyang sampun dipun kajêngakên, badhe dipun punapakakên malih.

__________

--- [7] ---

II. INGULAT-ULATAKÊN.

Ing nginggil kapratelakakên bilih Abdulsukur nyakajêng dhatêng Sumardi. Bokmanawi para maos wontên ingkang klintu panampi, anggalih anggènipun nyakajêng wau tumrap dhatêng sadaya prakawis, punika botên. Mênggah saèstunipun, namung bab pamondhokipun kemawon; prakawis sanès-sanèsipun, ing sasagêd-sagêd dipun ulat-ulatakên, malah botên towong tinuntun dhatêng kautamaning gêsang: kawêkêlan, kaburusan miwah pangibadah. Malah Abdulsukur sampun nate nglairakên prajanji: yèn Sumardi katitik pambangun-turutipun, sagah nyukani pawitan ingkang cêkap samasa sampun gêgriya piyambak, bilih purun minggah kaji ... sadaya wragad badhe dipun sanggi. Nitik saking punika têtela yèn katrêsnanipun Abdulsukur dhatêng Sumardi agêng sangêt, botên beda kalihan katrêsnan ingkang dhatêng anakipun piyambak.

Sumardi mondhok ing tiyang sanès, punika pancèn adamêl sumêlanging manahipun Abdulsukur; sarèhning botên sinandhing, mangke gèk purun nglampahi pandamêl maksiat, upami: main, royal sapanunggilanipun. Abdulsukur tansah anjagi: Sumardi sampun ngantos purun nglampahi pandamêl-pandamêl ingkang kirang sae wau, awit botên sande tamtu damêl awoning namanipun lan namaning para sanak sadhèrèkipun ingkang sampun kasuwur dados ahlinipun pangibadah punika, winastan botên sagêd nggulawênthah dhatêng kaponakan.

Sakawit Sumardi inggih nggatosakên dhatêng tuntunaning pamanipun, prentah lan piwulangipun dipun lampahi sadaya, dhatêng padamêlan tumêmên angatos-atos. Sawangsulipun saking nyambut damêl mugên kemawon wontên ing griya, trêkadhang inggih sok dolan, nanging namung saprêlu, sêmbahyang pangsal[1] wêktu inggih dipun têtêpi, ndadosakên bingah lan marêming manahipun Abdulsukur. Ewasamantên Abdulsukur botên lajêng enggal-enggal purun atilar wêweka, anggènipun ngulat-ulatakên Sumardi kalajêngakên, kêjawi dipun awaki

--- 8 ---

piyambak inggih kengkenan tiyang sawatawis kapurih ngrencangi.

Nuju satunggilipun sontên Sumardi katamuan mitranipun nama Radèn Sigit, ugi taksih jaka, padamêlanipun dados klèrêk sêtatsiyun. Sasampunipun satata linggih, Sumardi takèn mawi basa Walandi: "Saka ngêndi, Dèn, apa saka ing dalêm bae?"

"Ora, saka pondhokan. Mung prêlu arêp mrene bae."

"Wis suwe ora ngendhong mrene, kêna apa, ya?"

"Mulane saiki dakprêlokake."

"Iya, aku ngrêti yèn têkamu sapisan iki kanthi kok prêlokake, nanging wis suwe kowe ora katon, kana apa? Apa mênyang ..."

"Mênyang ngêndi?"

'Mênyang Tulungagung.'

"Ora, mas, ora, mênyang Tulungagung ana apa, wong wis pêgatan, kok."

"Pêgatan! Eman-eman bangêt, Dèn. Sabab kêpriye?"

"Ora bêcik yèn dakcritakake, ringkêse sing luput aku dhewe."

"Luput! Luput kêpriye, Dèn? Jajal dicritakake, aku kêpengin krungu."

"Nalika aku prêlop patbêlas dina, dolan mênyang Kêdhiri, kêbênêran dene dhèk sêmana ing kono ana kêmidhi bangsawan, aku mrêlokake nonton, lungguh ing klas loro. Lakone Sitirokayah. Dhmênku kêpati-pati. Mêlayange anggonjingake ati."

"Padha-padha lagu, kroncong mêlayang pancèn bagus dhewe."

"Bagus ... sing dhmên, sing ora sênêng iya ngarani ala."

"Banjur kêpriye, Dèn?"

"Nonton sêpisan aku durung marêm, sorene manèh dak pindhoni, lakone Jula-juli bintang tujuh, atiku saya kêtarik, mula sabanjure aku têrus nonton, sabên-sabên nonton mêsthi lungguh ing klas loro. Saking kêrêpku nonton, aku nganti wanuh karo dhirèkturing bangsawan mau sapunggawane, mangkono uga karo sripanggunge kang aran Siti Alimah. Dhèk bada kae aku kirim karcis slamêt taun baru mênyang dhèwèke. Dilalah, lêlakonku kang mangkono mau kêsumurupan dening

--- 9 ---

sing ana Tulungagung; hla, iya banjur kaya mangkene iki dadine. Wah, kêduwungku ngudu bilai."

Sasampunipun wicantên makatên wau Radèn Sigit lajêng tumungkul, sakala punika kêtingalên kitha Tulungagung saisinipun, sadaya kêtingal wêwentehan ing dalêm pangraosipun. Sumardi ing sêmu sumêrêp dhatêng sapintên agênging panalangsa lan prihatosing manahipun Radèn Sigit, samangke piyambakipun sawêg sagêd mangrêtos punapa sababipun dene ngantos dangu Radèn Sigit botên ngendhong dhatêng pondhokipun, wasana lajêng wicantên: "Sing uwis ya uwis, Dèn, sing kèri bae bêcik diati-ati. Puluh-puluh dikapakake manèh, barang wis kêbanjur, disusah-susahana masa ndadak kêlakona bali, ora."

"Iya, panci mangkono. Mula ing sabisa-bisa aku arêp nyingkirake pamikirku kang ora-ora mau, nanging dilalah têka ora bisa, dadia sajroning mangan, sajroning nyambut gawe aku tansah kèlingan bae, wêkasane kang tinêmu ora liya mung susah lan nalangsa. Dêlêngên, mas, awakku, saiki rak katon kuru bangêt. Sapa wonge sing ora kuru, hla wong wis pirang-pirang dina ora doyan mangan ora bisa turu, gagasan tansah nglambrang, mikir sing ora-ora."

"Kudu eling, Dèn, kaanan kang kaya mangkono ora kêna ditêrus-têrusake, yèn ora kêbênêran bisa njalari lara zenuw utawa owah, yèn nganti kêlakon kaya mangkono rak susah."

"Prakara sing samono dakjaluk-jaluk aja nganti. Anu, Mas, dhèk wingi aku tampa layang programma kang mratelakake wiwit besuk tanggal sapisan, ing Kêdhiri bakal ana pasar malêm sapuluh dina suwene, tontonane rupa-rupa: gambar idhup, wayang uwong, wayang purwa, wayang golèk lan wayang gêdhog, wirèng, tonil, lan isih akèh manèh; prêmainan uga dianakake: gêlangan, gêndulan, jaruman lan liya-liyane, sêtrik-orkès saka Bêtawi. Apa mase uga tampa?"

"Ora."

"Besuk padha mrêlokake nonton, ya, mas!"

"Yèn ora malêm Minggu, mêsthine ya ora bisa."

"Masa iya ora bisa. Mangkate sore, nunggang sêpur jam 4,20 têka Kêdhiri jam 4,35, esuke bali jam 6,43 kang têka kene jam 7,1. Yèn ora iya nunggang dhokar bae."

--- 10 ---

"Upama nunggang sêpedhah bae kêpriye?"

"Nunggang sêpedhah luwih bêcik manèh."

"Apa tulak bae?"

"Prayoga nginêp. Yèn tulak rada mutawatiri, awit saiki jaman rusuh, sadhela-sadhela ana kabar wong kêbegalan."

"Hla, nginêp omahe sapa?"

"Prakara nginêp aja kuwatir, ing Kêdhiri aku sugih sadulur, sugih mitra."

Sumardi kèndêl sakêdhap, ing sêmu kados wontên ingkang dipun pikir malih, wusana angêsah, wicantênipun: "Nanging, Dèn ... ana saprakara kang ora ndadèkake kêpenaking atiku, mêsthine paman ora ..."

"Iya, iya. Aku wis ngrêti. Ananging rak wis jênêng lumrah, wong tuwa tansah ngulat-ulatake anak."

"Iya, nanging tumrap aku wong kêbangêtên, mangkene dilarangi, mangkono dipênging, iki ora kêna, iku ora awèh."

"Ya mèmpêr, wong dhèwèke kaji, dadi kudu akèh sing disirik, iku sing sapisan. Kang kapindho: kowe mondhok ana kene iki panci ora ndadèkake sênênging atine, pandakwane: kowe pilaur mondhok wong liya, jalaran arêp nguja kasênênganing atimu, mulane kowe tansah diulat-ulatake sarana nganakake sêpiyun sêpirang-pirang."

"Wis Dèn, uwis, aja dibanjur-banjurake nggunêm prakara iku, mundhak nênangi panasing atiku, besuk bae yèn arêp ndêlêng pasar malêm aku ampirana."

"Iya."

Kêjawi ingkang kasêbut ing nginggil punika taksih kathah malih prakawis sanès-sanèsipun ingkang karêmbag dening jêjaka kêkalih wau, ingkang botên prêlu kacêthakakên wontên ing ngriki, salêbêtipun rêmbagan botên kasupèn sami ngombe wedang, wêkasan lajêng sami gitaran, sêmunipun sampun sami trampil-trampil, dene botên ngantos kaclethot panjawilipun sênar.

Sumardi miwah Radèn Sigit pancèn majêng lan sênêng sangêt dhatêng sêtrik-orkès, dhatêng gangsa miwah gêndhing, bakunipun kagunan Jawi piyambak malah têbih, botên sênêng. Tandhanipun: yèn lare kêkalih wau mirêng swaranipun gangsa, sanajan ngrangin kados punapa, kêtingalipun botên gumun, nanging yèn mirêng jèsbèn sampun tamtu lajêng apasang kuping [ku...]

--- 11 ---

[...ping] mirêngakên, trêkadhang lajêng mbarungi singsot, inggih punika manawi kêlêrês mangrêtos lagunipun.

Jam sadasa dalu Radèn Sigit pamitan wangsul, Sumardi lumêbêt ing kamar badhe tilêm, nanging tansah klisikan kemawon, jalaran lajêng nggagas-nggagas dhatêng pêpêsthèning gêsangipun wontên ing Ngadiluwih ngriku, rinaos têka botên patut têmên, dene botên sagêd mrêdika, namung tansah dipun ulat-ulatakên dhatêng bapa-pamanipun.

__________

--- [12] ---

III. DUMUGI DINTÊNIPUN PRAJANJIAN.

Surya sampun mèh sêrap, para têtiyang tani ndalidir wangsul saking sabin kados adat sabênipun, sami badhe wangsul dhatêng griyanipun piyambak-piyambak. Kala samantên Radèn Sigit ugi sawêg wangsul saking padamêlan, lampahipun rêrikatan, sadumuginipun griya lajêng adus, tumuntên dandos, lan sasampunipun ngombe wedang lajêng bidhal dhatêng griyanipun Sumardi numpak sêpedhah mèrêk Fongers.

Sumardi sampun wiwit jam sakawan wau anggènipun tansah ngêntos-êntosi dhatêng Radèn Sigit, piyambakipun ugi sampun dandos amlipis, malah sêpedhanipun sampun kasêdhiyakakên wontên latar ing sangajênging griyanipun, sakêdhap-sakêdhap dhatêng margi ngungak ingkang dipun êntos-êntosi, nanging tansah sêpên, ngantos grêgêtên, lumêbêt ing kamar acopot rasukan miwah blangkon, tumuntên mapan tilêman maos sêrat kabar.

Jam satêngah nêm lêrês Radèn Sigit dhatêng, kala badhe menggok lumêbêt ing latar bèlipun kaungêlakên. Mirêng suwaraning bèl sêpedhah wau, Sumardi enggal gumregah tangi sarta lajêng mêdal, kêpengin sumêrêp sintên ingkang dhatêng punika, Radèn Sigit punapa tiyang sanèsipun. Sarêng têtela bilih Radèn Sigit, enggal mêthukakên kalihan ningali jam ingkang wontên ing tanganipun. Wicantênipun: "Ah, wis kasèp bangêt, Dèn. Wong diarêp-arêp wiwit jam papat mau, dadak ora jêbul-jêbul, mèh bae daktinggal turu."

"Arêp mrene isih rada awan ora bisa, awit mbênêri akèh pagaweyan, tur sêpur kang wêkasan têkane kasèp bangêt, jalaran mèh kêtiwasan ana ing dalan."

"Kêtiwasan kêpriye?"

"Nunjang kêbo."

"Ana ngêndi?"

"Ana antarane sêtatsiyun Tulungagung lan Ngujang. Êmbuh, ana ing desa ngêndi aku kurang gênah. Mèh bae lokomotipe oncat saka ril."

--- 13 ---

"Kêbone mati apa ora?"

"Wis mêsthi babarjit, hla wong kêtunjang sêpur. Saiki jam pira?"

"Jam satêngah nêm luwih lima. Kêpriye, sida apa ora?"

"Ora sida kêna apa. Apa dupèh wis rasa kêwêngèn iki. Sapira dohe Kêdhiri, waton nunggang sêpedhah, saksênthiyêran bae rak têkan. Gêlis ta dandana, êndang mangkat."

Sumardi lumêbêt ing kamar mêndhêt jas miwah blangkonipun, sasampunipun kaangge lajêng bidhal sêsarêngan kalihan Radèn Sigit, lampahipun rêrikatan apindha angin, damêl kumêsaring manahipun para têtiyang ingkang sami tumingal. Saya cêlak kalihan kitha ingkang pinurugan, anggènipun sami nglampahakên sêpedhanipun sangsaya sami angatos-atos, jalaran saya kathah tiyang ingkang sami langkung ing margi, sadaya sami mangangge sarwa enggal, sêmunipun inggih sami atunggil sêdya kalihan lare kêkalih wau, sami badhe dhatêng kitha nêdya ningali pasar malêm ingkang nêmbe kemawon winiwitan badhe kabikak. Langkung malih sarêng sampun lumêbêt ing sakèthènging kitha, lare kêkalih wau kêpêksa botên sagêd lumampah rikat malih, ing wêktu samantên sampun pêtêng, tur tiyang langkung ndalidir botên wontên pêdhot-pêdhotipun, tiyang padhusunan sami gandhèng-gandhengan adhêdhampyakan, mêwahi ramening margi, suwaranipun pating brêngok, dene manawi wontên motor utawi dhokar, sakala punika lajêng dados gègèr busêkan, tarik-tinarik sarwi wicantên: "Mrene, mrene. He, mrono-mrono." Adamêl gidhuhipun para upas ingkang sami jagi.

Radèn Sigit botên lajêng dhatêng alun-alun papaning karamean, mampir rumiyin dhatêng griyaning sadhèrèkipun ingkang nyambut damêl wontên ing kantor pos, kêjawi badhe nitipakên sêpedhah inggih badhe ngaso miwah adus, Sumardi botên kantun. Wontên ing ngriku sami kasêgah wedang sarta nêdha, dados dhapur kêlêrêsan, jalaran angkatipun saking griya sami dèrèng punapa-punapa. Sarampungipun nêdha, Radèn Sigit dipun ajak bok ayunipun ipe dhatêng griya wingking, dipun takèni: "Anu, Git, aku krungu kabar saka kakangmu, dhèk sasi kang kêpungkur, jarene kowe lara, saiki kêpriye, apa wis waras têmênan?"

"Sampun, bok ayu."

"Lara ... sing kok luhake apa?"

--- 14 ---

"Kula piyambak botên ngrêtos, namung kemawon raosing badan tansah lêsu, dhatêng têdha têbih, pikir botên jênjêm."

"Iya, aku ngrêti, kuwi rak jalaran saka ênggonmu pêgatan karo Tulungagung."

"Botên, bok ayu, botên."

"Iyah, botên-botên apa, wong têmênan bae kok. Hla, saiki kêpriye karêpmu. Apa ora arêp ngupaya lirune?"

"Botên, bok ayu."

"Apa ora bisa?"

"Botên."

"Aku duwe sir-siran, Git, yaiku putrane Dèn Digdasumarta, ajung administratir bang ing kene, bocahe apik tur pintêr, tamatan saka Kartini-school, jênênge Dèn Rara Nurendah. Jajal mêngko dêlokên, yèn kowe sênêng kêna koklamar."

"Mangke wontên pundi, bok ayu?"

"Ana tontonan. Kowe mrene rak iya arêp nonton, ta?"

"Inggih, nanging kula mbêkta kanca."

"Iku prakara gampang, sanajan nggawa kanca ora bakal gawe sandhungan apa-apa, anggêr pintêr olèhmu nindakake. Kancamu masa ngrêtia."

"Kadospundi?"

"Mêngko yèn ana bocah wadon kang dakcablèk pundhake, yaiku. Titènana."

"Punapa piyambakipun tamtu ningali?"

"Kaya-kaya kêna katamtokake."

Sarampungipun rêrêmbagan, Radèn Sigit lajêng dhatêng griya ngajêng lêlinggihan kalihan kakangipun tuwin Sumardi, jam satêngah sanga bidhal dhatêng alun-alun, kakang miwah bok ayunipun ugi tumut. Kados punapa ramenipun alun-alun Kêdhiri ing sontên wau, tiyang prasasat botên kenging dipun etang, kêmriyêg pindha sêmut, pating sliri pating sliwêr kados ulam ing lèpèn, swaranipun gumrênggêng, sadaya mangangge sarwa sae. Swaraning gamêlan umyung, botên sagêd cêtha lagu larasipun.

Alun-alun wau pinagêran ing kepang têmu-gêlang, ing lêbêt kaadêgan tobong kathah sangêt, wontên ingkang agêng wontên ingkang alit. Inggih ing tobong-tobong punika panggenanipun têtingalan miwah tiyang sêsadeyan. Sadaya prêmainan sami kapapanakên [kapa...]

--- 15 ---

[...panakên] ing pinggir mubêng: kodhok-ula, klênthêngan, sêntegan, bêdhilan, gêndulan, undar-undaran lan sanès-sanèsipun. Saèstu kala samantên ing alun-alun Kêdhiri kêtingal asri sangêt, lampu listrik pating klêncar, cahyanipun madhangi saalun-alun sadaya. Rêrêngganipun alun-alun botên wontên ingkang botên kêtingal, kados ta: gapuran, layar, gêndera-gêndera sapanunggilanipun.

Sasampunipun tumbas karcis, Radèn Sigit sakancanipun lajêng sami lumêbêt, dhêdhampyakan mubêng-mubêng ningali punapa kemawon ingkang pinanggih wontên salêbêtipun alun-alun ngriku, sadaya dipun wradini, tamtu kemawon namung sakêdhap-sakêdhap, ingkang ragi dangu namung kala ningali dhogèr, jalaran sadaya wau nêmbe sapisan punika sumêrêp tontonan makatên, ingkang njogèd tiyang èstri sadaya, nanging tiyang èstri bangsa Sundha, sadaya sami mangangge sarwa sae, rambutipun sami kaore, sindhèn lan sênggakanipun mawi têmbung Sundha. Sumardi sêmunipun gumun sangêt sumêrêp tontonan satunggal punika.

Sadangunipun mubêng-mubêng, bok ayunipun ipe Radèn Sigit tansah ngulatakên kiwa têngên, ing sêmu kados wontên ingkang dipun padosi, Radèn Sigit tansah sumandhing wontên sakiwanipun. Kala badhe dhatêng biyoskupan, bok ayunipun Radèn Sigit sakancanipun kêpapag kalihan tiyang têtiga, jalêr satunggal èstri kêkalih, ingkang satunggal sampun ragi sêpuh, satunggilipun taksih prawan; sasampunipun takèn-tinakèn sawatawis lajêng pêpisahan. Ing wêktu samantên bok ayunipun ipe Radèn Sigit nyêlaki prawan wau sarwi nyablèk pundhakipun kalihan wicantên: "Wah, rame, ya, Dèn?" Prawan wau botên mangsuli punapa-punapa, namung mèsêm kemawon.

Ngajêngakên jam satêngah sawêlas, bok ayunipun ipe Radèn Sigit badhe wangsul, nuntên pitakèn dhatêng Sumardi: "Êlo, Sigit dhatêng pundi dhèk?"

"Sampun dangu kêtilapan, bok ayu. Yèn botên lêpat wiwit wontên biyoskupan wau."

"Kula samangke badhe wangsul, adhèk kadospundi?"

"Punapa Dèn Sigit kintên-kintên dèrèng wangsul, bok ayu?"

"Kintên-kintên kok dèrèng."

--- 16 ---

"Manawi dèrèng, prayogi mangke-mangke kemawon, ngiras madosi piyambakipun."

"Prayogi. Hla, mangke manawi botên pinanggih prayogi tindak mrika piyambak, inggih, dhèk. Rak botên kêsupèn ta, dhatêng griya kula?"

"Inggih, bok ayu, inggih. Kados botên."

Sasampunipun sami pisahan, Sumardi lajêng mubêng-mubêng madosi Radèn Sigit, nanging dangu botên pinanggih, ngantos badanipun kraos lungkrah alêsu, wêkasan lajêng lumêbêt dhatêng rèstoran, mbakmi ngiras ngasokakên badan. Samêdalipun saking ngriku ... ningali undar-undaran. Sumardi mangrêtos bilih undar-undaran makatên panunggilanipun prêmainan, sintên ingkang tumut têtêp nama main, satunggaling pandamêl ingkang nyulayani dhatêng saraking agami, nanging eman-eman dene mangrêtosipun wau namung dumunung wontên ing pikir kemawon, botên dipun têtêpi, tandhanipun samangke punika, Sumardi tumut pasang. Pasang sapisan pikantuk barang pangaos gangsal rupiyah, tikêl gangsaling pamasangipun, njalari tumanipun; lajêng pasang malih, kaping kalih, kaping tiga, kaping sakawan, kaping ... dumugi sabibaripun, sabên-sabên pikantuk botên katêdha barang, katêdha arta.

Wontên ing undar-undaran Sumardi pikantuk kuwanuhan enggal, ugi taksih jêjaka, punika inggih tumut pasang, nanging tansah kawon, ewasamantên botên purun mundur, manahipun bêntèr, tekadipun botên badhe mundur yèn artanipun dèrèng têlas babar pisan. Hla, inggih makatên punika kawontênanipun tiyang main, manawi mênang kêtumanên, manawi kawon manah bêntèr, lajêng ngwontênakên tekad ingkang kirang prayogi.

Jam kalih welas kirang saprasakawan Sumardi mundur saking undar-undaran, jalaran lajêng kèngêtan mitranipun ingkang wiwit kala wau katlisiban. Sumardi kesah dhatêng padhogeran, ing ngriku tiyangipun kenging winastan kandêl piyambak, pangintênipun: Radèn Sigit têmtu wontên ing papan wau, nanging Radèn Sigit sêpên kemawon, kaupadosan mrika-mriki botên pinanggih. Kalayan manah mêndhokol Sumardi mingêr badhe madosi dhatêng panggenan sanès. Wusana lajêng wontên tiyang

--- 17 ---

nyablèk pundhakipun, Sumardi nolih, samangke sawêg sumêrêp bilih ingkang nyablèk pundhakipun punika dede tiyang sanès, inggih punika Radèn Sigit. Sumardi takèn: "Saka ngêndi, Dèn?"

"Saka nggolèki kowe."

"Wadhuh, nggolèki ... jare."

"Têmên kok, ora guyon. Hla, kowe saka ngêndi?"

"Nèk aku ... nggolèki kowe têmênan."

"Masa iya, upama nggolèki kok ana undar-undaran bae. Banyak untung, mas? Menang brapa, ya? Sini mujur, lima-lima sen kan lumayan."

"Ana Ngadiluwih aja kandha-kandha yèn aku milu undar-undaran lo, Dèn, mêngko nèk krungu paman sida cilaka têmênan, aku."

"Prakara sing samono aja kuwatir, mas. Mênang pira, ya?"

"Mung têlung ringgit."

"Têlung ringgit rak akèh. Ayo, mas, padha bali, aku kok wis krasa arip."

"Iya, ayo. Nanging bêcik mampir rèstoran kono dhisik."

"Prayoga. Nanging ditraktir lo."

Lare kêkalih wau lajêng lumêbêt dhatêng salah satunggiling rèstoran, jajan satuwukipun, ingkang mbayari Sumardi. Radèn Sigit badhe mbayari piyambak dipun pênggak-pênggak saèstu. Sarampungipun jajan lajêng sami wangsul. Sadangunipun lumampah Sumardi tansah ndhêdhês-ndhêdhês Radèn Sigit takèn sabab punapa dene wontên ing alun-alun têka nilapakên ngantos dangu sangêt, nanging tanpa damêl, Radèn Sigit lêstantun botên purun blaka. Enjingipun, watawis jam satêngah nêm, lare kalih wau sami wangsul dhatêng Ngadiluwih.

Wiwit ing Kêdhiri wontên pasar malêm, anggènipun mêmitran Sumardi kalihan Radèn Sigit kêtingal sangsaya rakêt, beda kalihan ingkang suwau, sabên sontên tamtu sêsarêngan dhatêng Kêdhiri ningali pasar malêm. Sumardi samangke sampun kenging panggodhaning setan, jalaran undar-undaran, sabên ningali ingkang jinujug inggih panggenan undar-undaran wau. Kala nglampahi ingkang sapisan ragi wontên raos isin miwah risi dumunung wontên manahipun, nanging sarêng nglampahi ingkang kaping kalih, raos ingkang makatên wau ragi suda, kaping

--- 18 ---

tiga kaping sakawanipun sampun sirna babar pisan. Lah inggih makatên punika sipatipun pandamêl awon, bilih kauja botên badhe suda, nanging malah dadi ngrêbda, ingkang wusananipun damêl pituna agêng. Kadosdene Sumardi wau, anggènipun mênang namung sapisan rumiyin punika, salajêngipun têrus kawon, dumuginipun bibar: gunggunging kawonipun kaetang wontên f 75,-.

__________

--- [19] ---

VI. MITRA ENGGAL.

Sadangunipun ing kitha Kêdhiri wontên pasar malêm, sanajan Sumardi botên nate lowong utawi inggih botên nate kasêp dhatêngipun ing padamêlan, ewasamantên tumindaking padamêlanipun inggih mêksa kaot katimbang kalihan ingkang sampun. Sapunika kèthèr, kirang tata tur kathah ingkang lêpat. Ingkang makatên wau botên sanès, jalaranipun namung aking badan sayah, mripat arip, satêmah adamêl kirang sênênging manahipun Abdulsukur, Sumardi asring dipun srêngêni. Sabên dintên Abdulsukur sumêrêp bilih Sumardi tansah kêtingal kadosdene tiyang ingkang kirang saras badanipun, ewasamantên tansah kèndêl kemawon, awit dèrèng mangrêtos sabab-sababipun ingkang sayêktos, dados anggènipun srêngên wau têtela bilih botên saking punika, nanging saking kirang lêrêsing padamêlanipun.

Salêbêtipun kèndêl, Abdulsukur kêpengin sangêt sumêrêp, sabab punapadene sawatawis dintên punika Sumardi kêtingal beda katimbang kalihan wau-waunipun. Abdulsukur sampun gadhah panyana awon ingatasipun Sumardi, nanging dèrèng purun nêtêpakên, awit botên sumêrêp piyambak, utawi dèrèng wontên sêksi-sêksi ingkang nyêkapi. Abdulsukur mangrêtos: nêtêpakên awoning liyan ingkang tanpa bukti punika: dosa, sisip sêmbiripun badhe damêl awoning namanipun piyambak, winastan tiyang tanpa budi.

Ing satunggilipun dintên Abdulsukur pinanggih piyambakan kalihan tiyang ingkang dipun pondhoki Sumardi, dados dhapur kêlêrêsan, jalaran lajêng sagêd takèn kathah-kathah tumrap lêlampahanipun Sumardi. Tiyang ingkang dipun pondhoki Sumardi botên dora, cariyos: sadangunipun ing Kêdhiri wontên pasar malêm, sabên dalu tamtu kesah ningali, sontên mangkat, enjing wangsul, malah wartosipun Sumardi tumut undar-undaran, sarta sadangunipun wontên pasar malêm kawonipun kagunggung wontên f 75,-.

--- 20 ---

Mirêng pawartos makatên wau Abdulsukur prihatos sangêt, sadumuginipun griya, Sumardi kaundang dhatêng kamar piyambakan, dipun srêngêni kathah-kathah, malah kaancam: yèn Sumardi botên ngèndêli lêlampahanipun ingkang kirang prayogi punika, purun main sapisan malih, tamtu kawêdalakên saking padamêlan. Sumardi kèndêl kemawon, jalaran rumaos ing lêpatipun, sarta wiwit punika rumakêtipun dhatêng Radèn Sigit dados suda, jalaran nggadhahi pandakwa: wontênipun Abdulsukur sumêrêp dhatêng piawonipun ... tamtu saking piyambakipun. Mila kala Radèn Sigit dhaup kalihan Radèn Rara Nurendah, sanajan piyambakipun tampi ulêm, ... botên dhatêng.

Nuju satunggilipun dintên, wiwit enjing gilir gumantos kemawon tiyang ingkang dhatêng ing griyanipun Abdulsukur, wontên ingkang piyambakan, wontên ingkang sarimbit, malah wontên ingkang mbêkta anak-anakipun. Ingkang sami dhatêng wau botên ngêmungkên para têtiyang ing Ngadiluwih kemawon, inggih kathah ingkang saking ing dhusun sanès-sanèsipun; dhatêngipun ing ngriku prêlu sami alal-bahalal. Mila makatên awit ing dintên wau nglêrêsi dintên riyadi bakda puwasa, jalêr èstri sami mangangge sarwa sae kados adat sabênipun. Para têtiyang wau ingkang kathah karereranipun Abdulsukur piyambak, inggih punika para kumêtir, para mandhor miwah para kulinipun.

Kacariyos, kala ngajêngakên sêrap surya wontên tiyang sasemah kalihan anakipun èstri ingkang umur-umuranipun kirang langkung gangsal wêlas taun, dhatêng ing griyanipun Abdulsukur, ing sêmu tamu wau tiyang têbih, dene dhatêngipun numpak drèg. Kala Abdulsukur sumêrêp dhatêng tamu punika, enggal mêthukakên, sarta sasampunipun salaman lajêng kaajak lumêbêt, kalinggihakên ing kursi, dene ingkang èstri miwah anakipun kapurih têrus dhatêng wingking miturut cara ingkang ngantos samangke taksih tumindak wontên ing padhusunan.

Sumardi wiwit wingi sontên kasambat dening Abdulsukur dados paladèn, sumêrêp bilih tamu wau saking Watês, jalaran sampun têpang, nama Partadikrama, padamêlanipun dados juragan rosan miwah bodin, lênggananipun Abdulsukur, sarta

--- 21 ---

sampun kontrak, dados botên kenging nglêbêti dhatêng tiyang sanèsipun. Kêjawi saking punika Sumardi ugi ngrêtos, bilih tiyang èstri wau semahipun Partadikrama, awit sampun kaping kalih punika mrêtamu ing ngriku, nanging ... samangke ... lare èstri kanthinipun punika sintên, Sumardi dèrèng têpang, anak punapa sadhèrèkipun, ugi botên mangrêtos, awit sawêg sapisan punika tumut mrêtamu mriku.

Kala Sumardi ngladosakên wedang, Partadikrama wicantên: "Manawi klêrês sênggang ing padamêlan bok inggih tindak dhatêng Watês, mas."

"Kula kêpengin sangêt dolan mrika, nanging sarêng ngèngêti têbihipun, asring-asring kêpengin kula wau lajêng dados kêndhak."

"Têbih? Kados botên sapintêna. Punapa malih tumrap panjênêngan ingkang kagungan sêpedhah, kados botên badhe ngrêkaos bilih kagungan karsa badhe tindak mrika."

"Inggih, gampil benjing, manawi sampun sêla ing padamêlan."

Partadikrama nyipêng sadalu wontên ing griyanipun Abdulsukur, enjingipun wangsul dhatêng Watês, anak semahipun botên kantun.

Ing nginggil sampun kapratelakakên bilih Partadikrama dados juragan, ingkang suwau kagolong tiyang sugih, gêsangipun tansah sênêng, botên nate ngraosakên kêkirangan. Nanging mêsakakên, dene kasênênganipun ingkang makatên wau botên sagêd lêstantun. Ing satunggiling wêktu wontên kasusahan agêng ndhatêngi, semahipun ingkang dipun trêsnani sangêt karana saking saening bêbudènipun tilar donya, wusana sarêng semah malih, kêblowok. Lêrês wujudipun sae, nanging bêbudènipun botên kados bêbudèning semah ingkang rumiyin, semah samangke kêsèd, ngêbrèh, dhatêng main ngiyip sangêt, nêdha kêdah sarwa eca, mangangge sarwa sae. Inggih mèmpêr kemawon, awit semahipun wau tilasipun tiyang èstri awon. Wiwit punika gêsangipun Partadikrama tansah susah, rintên dalu sêdhih ngraosakên sambutan. Sakawit katahan-tahanakên, nanging sarêng ngraos sampun botên kuwawi malih nanggulangi kasusahan, ingkang ing sêmu botên badhe têlas punika, ingkang èstri lajêng kapêgat, sarta lajêng asemah malih kalihan randhaning satunggilipun [satung...]

--- 22 ---

[...gilipun] lurah, inggih semah samangke punika, dados anakipun èstri wau anak kuwalon, namanipun: Sukèsi.

Kala bapakipun piyambak dèrèng tilar donya, Sukèsi kasêkolahakên dhatêng pamulangan H.I.S. ing Kêdhiri, nanging sarêng bapakipun sampun botên wontên, kêpêksa mêdal, awit botên wontên ingkang mragadi, tujunipun kala samantên piyambakipun sampun klas nêm, dados sanajan kêpêksa mêdal sampun gadhah kasagêdan sawatawis.

Sukèsi dados sêsêkaripun ondêr dhistrik Watês, tindak-tandukipun alus, bêbudènipun sae, warninipun botên nguciwani, mila kala Sumardi sumêrêp, manahipun gonjing, sarta lajêng kêthukulan sêdya badhe nglamar, nanging sadèrèngipun kêlampahan, badhe dipun yêktosakên rumiyin murih gênahipun, punapa anakipun Partadikrama piyambak punapa dede.

Anglêrêsi dintên Minggu wontên jêjaka satunggal mara tamu ing griyanipun Partadikrama, dhatêngipun numpak sêpedhah. Sintên jêjaka punika? Botên sanès ... Sumardi. Dhatêngipun ing ngriku, miturut cariyosipun piyambak namung dolan kemawon, nanging sajatosipun wontên prêlunipun ingkang taksih dipun damêl wados.

Partadikrama satunggaling tiyang ingkang blatèr, ingkang sênêng sêsrawungan miwah pitêpangan, dhatêng tamu grapyak sangêt, mila dipun kêdugèni ing sanès; kala Sumardi mrêtamu punika inggih dipun tampi kanthi bingahing manah, sinugata sapatunipun,[2] malah ingkang èstri inggih tumut manggihi. Wiwit ing dintên punika Sumardi sampun botên sêmang-sêmang malih, namtokakên bilih Sukèsi saèstu anakipun Partadikrama. Mila wiwit samantên kenging katamtokakên, sabên Minggu Sumardi dhatêng ing ngriku. Punapa malih sarêng sampun wanuh kalihan Sukèsi piyambak, rumaos eman-eman sangêt yèn ngantosa lowong botên dhatêng saminggu kemawon.

Têpangipun Sumardi kalihan Sukèsi saya dangu sangsaya rumakêt, saking rumakêtipun ngantos kados sadhèrèk tunggil bapa biyung, manawi wontên tiyang sanès, anggènipun wicantênan mawi têmbung Walandi, bilih botên wontên mawi têmbung Jawi, tur aku kowe kemawon. Kawontênan ingkang makatên wau saèstu nuwuhakên wawasan ingkang kirang prayogi tumrap para têtiyang ingkang sami sumêrêp utawi tumrap

--- 23 ---

ing tangga têpalih, jalaran nglangkungi saking watês. Ewasamantên Partadikrama jalêr èstri, ingkang gadhah têtanggêlan tata têntrêming bale griyanipun, ing sêmu botên mrêduli dhatêng prakawis wau.

Ing satunggiling dintên Sukèsi têngga griya piyambakan, bapa biyungipun sami kesah dhatêng dhusun Seladhana prêlu kondangan. Sarèhning dhusun wau têbih, mila mangkatipun jam nêm enjing, nyingkiri bêntèring surya. Jalaran bilih mangkat siyang-siyangan, tamtu rêkaos, awit kesahipun lumampah dharat kemawon. Ing dintên wau watawis jam sadasa siyang Sumardi dhatêng, kringêtipun gumrobyos, numusi jasipun. Kala Sukèsi sumêrêp mitranipun dhatêng: kagèt, awit dintên wau dede dintên Minggu, nalika Sumardi nyèndhèkakên sapedhah, Sukèsi pitakèn: "Kadingarèn, ora dina Minggu kok mrene, brur?"

"Apa ora kêna, zus?"

"Ora mangkono, sing uwis-uwis brur mrene mêsthi dina Minggu, mangka saiki ora, iku sing rada ngagètake atiku."

"Saiki dina gêdhe, zus, dadi padhane dina Minggu."

"Lo, dina gêdhe apa ta, saiki? Ah, barêng wis mêtu saka pamulangan kok banjur ora idhêp dina gêdhe, aku iki; (wicantên makatên sarwi kesah ningali almênak templekan ing gêdhèg); o iya, dina gêdhe wiyosan dalêm Sri Bagendha Nata Dèwi. Dadi anggêr dina gêdhe brur iya libur, ta?"

"Iya," sarwi linggih ing kursi, botên dangu Sukèsi ugi linggih ing sacêlakipun, ing kursi sanès.

"Brur apa rikatan bae, dene nganti kringêtên gumrobyos?"

"Iya, nganti kaya angin, awit mangkatku saka ngomah rada kawanên."

"Sing dikrêsakake apa, kopi apa tèh?"

"Nèk ana tèh bae, zus."

Sukèsi ngadêg, tumuntên kesah dhatêng pawon, prentah dhatêng bok Minêm damêl wedang tèh. Bok Minêm nglampahi, nanging sarèhning ing wêktu samantên kalêrês botên wontên wedang umob, dados kêpêksa nggodhog rumiyin. Sukèsi wangsul manggihi tamunipun malih, sasampunipun linggih, Sumardi pitakèn: "Bapak karo êmbok padha mênyang ngêndi, zus, dene sêpi bae?"

"Mênyang Seladhana, kondangan."

--- 24 ---

Mirêng wicantênipun Sukèsi makatên wau Sumardi bingah, wusana takèn malih: "Aja dadi atimu, zus, aku arêp takon, dak jaluk muga zus gêlêm mangsuli kanthi sênêng sarta kanthi blaka."

"Yèn pancèn pitakonmu iku kêna dakwangsuli kanthi sênêng sarta kanthi blaka, mêsthi dakwangsuli kanthi mangkono."

Mangsuli makatên wau manahipun dhêg-dhêgan, ngintên yèn Sumardi badhe nakèkakên prêkawis ingkang botên-botên.

"Ênggonku kêrêp mrene iki apa ora ndadèkake pakewuh apa-apa tumrap bapak karo êmbok?"

"Ora. Malah yèn brur ora mrene saminggu bae ing sêmu kaya diarêp-arêp, sarta dikuwatirake bokmanawa nêmu kasusahan apa-apa."

"Zus dhewe kêpriye?"

"Aku samono uga, brur, bungah bangêt dene olèh mitra anyar tur pangajaran, mêsthi banjur bisa ngasil kawruh rupa-rupa."

Sasampunipun wicantên makatên, Sukèsi lajêng ngadêg mlêbêt ing griya, botên dangu mêdal malih mbêkta wedang tèh sacangkir agêng, kasêgahakên Sumardi sarwi wicantên: "Wedange wedang kêndêl, brur, wani mêtu tanpa kanca."

"Ora dadi apa, zus."

"Wong mono yèn miskin, nyuguh wedang bae ora bisa nganakake pacitane."

"Puluh-puluh kêpriye manèh, zus, siji-sijining wong kabêgjane dhewe-dhewe; ana sing sugih, ana sing miskin. Yèn kabèh-kabèh tinitah sugih, banjur kapriye dadine."

_________

--- [25] ---

V. NGLAIRAKÊN PIKAJÊNG.

Sumardi ngombe wedang, Sukèsi ngrenda, ... ngèmpêri tuwan rumah ingkang sawêg linggihan kalihan nyonyah rumah samasa sêla ing padamêlan. Sumardi wicantên: "Zus kok wis prigêl bangêt ngrenda, ya? Sing mulangi sapa, zus, biyèn?"

"Nonah guru Pitalis nalika aku isih sêkolah."

"Aku rumasa bêgja bangêt, zus, dene duwe mitra pintêr ngrenda."

"Sababe kêpriye, brur?"

"Ora ngisin-isinake. Kêjaba iku, rina wêngi ora kêndhat-kêndhat ênggonku duwe pangarêp-arêp: bok iya ing têmbe duwe kanca urip nèng donya pintêr ngrenda ... kaya zus."

"Brur, apa brur saka ngomah mula mung arêp mamèrake gunêm sing ora-ora?"

"Ora mung gunêm bae, zus, malah niyat mamèrake krêntêging sêdya. Lair batin padha bae, si gunêm karo si sêdya ora ana bedane. Dhasar mangkono, zus, pangarêp-arêpku."

Sukèsi botên mangsuli, sarta lajêng kêtingal kados tiyang isin, ngantos ragi dangu tansah tumungkul kemawon, bokmanawi mangrêtos kadospundi tujuning têmbungipun Sumardi ingkang kados makatên wau. Sumardi wicantên malih: "Aja dadi atimu, zus, aku arêp takon manèh, aku kêpengin bangêt sumurup kêpriye mungguh panganggêpe zus tumrap ênggonku kêrêp mrene nganti ora ngetung marang sayah kangelan iki?"

"Panganggêpku: brur têmên-têmên pangrêngkuhe mitra marang wong tuwaku, liyane iku ora. Rak iya, ta?"

"Bênêr, zus, bênêr, nanging ... durung bangêt, yèn mung ngrêngkuh mitra bae kêna dakarani sapele bangêt, zus, ora timbang karo kangèlane. Mungguh sêdyaku kang satêmêne ... aja dadi atimu, zus, ing dina kang prayoga iki eman bangêt yèn ora dakblakakake, yaiku: kêpengin nganggêp wong tuwa têmênan mênyang bapak êmbok kene, supaya

--- 26 ---

panyêbutku bapak êmbok mau anaa yêktine. Aku iya ngrêti, zus, yèn kêrêpku kang mangkono iku sawijining karêp sing ora gampang kalêksanane, ora bisa kêlakon dening pitulunganing sanak sadulur, kadang-kulawangsa, tangga-têparo utawa mitra kawanuhan, bisane kêlakon mung sarana zus dhewe. Hla, saiki zus dhewe kêpriye, apa ora ana pakewuhe apa-apa nglêksanani karêpku iku?"

Mirêng pitakènipun Sumardi makatên punika Sukèsi kagèt sangêt, badanipun gumêtêr, èngêtan kuwur, jalaran botên nggadhahi panyana sakêdhik-kêdhika, yèn anggèning Sumardi ngrakêti tiyang sêpuhipun ngêmu pikajêng kados makatên, botên pisan-pisan ngintên bilih Sumardi, anakipun lurah ingkang kasuwur cêkap ing Nganjuk, kaponakanipun Abdulsukur, raja uwang ing Kêdhiri, gadhah sênêng dhatêng badanipun, anakipun tiyang ingkang asor miwah miskin kemawon. Mila ngantos dangu Sukèsi tansah dhêlêg-dhêlêg kados rêca, badhe tumênga ngraos awrat, badhe wicantên kados binungkêm. Sarêng Sumardi sumêrêp kawontênanipun Sukèsi kados makatên wau, tumuntên ngadêg, kesah ningali sêsêkaran ing kêbon sarwi singsot lagu mahdênrum (maagdendroom). Samangke Sukèsi sagêd ebah sarta unjal napas, ciptanipun: "Sumardi, Sumardi, kêbangêtên têmên kowe, têka gawe kagètku. Eman-eman bangêt, dene kowe kêna ingaran: kadang dewa, têka arêp ngalap aku, anake wong ora duwe. Apa têmênan karêpmu mangkono iku, Sumardi? Apa ora mung arêp gawe gêguyon bae mênyang aku? Apa ing têmbe ora bakal gawe wirang lan sangsaraku? Mêngko kowe gèk mung dhêmênyar bae. Hêm, ewuh têmên ênggonku arêp mangsuli, gêlêm ... apa ora. Upama aku gêlêm, tumrap wong sing sênêng mêsthine iya ora apa-apa, malah ngarani: aku bêgja; nanging wong-wong kang padha sêngit wis mêsthi mènjêp-mènjêp, ndakwa: ênggonku gêlêm mung karana melik bandha. Ah, kêpriye ..."

Dumugi samantên panggagasipun Sukèsi, Sumardi lumêbêt malih mapan linggih ing panggenanipun, sarwi pitakèn: "Kêpriye, zus, aku butuh bangêt wangsulan saiki uga, sadhela manèh aku arêp bali."

"Brur, aku ora pisan-pisan nyana yèn brur nduwèni karêp kaya mangkono, awit aku rumasa dhewe, kaananku yèn katandhing [ka...]

--- 27 ---

[...tandhing] karo kaanane brur kêna binasakake kaya bumi karo langit, tata laire ..."

"Pamikir sing kaya mangkono prayoga enggal disirnakake, zus, têtela bangêt kurang bênêre. Kêkêncêngane zus bae saiki kêpriye, gêlêm apa ora?"

"Aja dadi atimu, brur. Ringkêse pitakone brur prakara iki, aku durung bisa mangsuli."

"Sababe, zus?"

"Brur ngêrti dhewe, bocah wadon lumrahe ora duwe wêwênang tumrap prakara iku, kabèh dumunung ana wong tuwa, dadi sanajan bocahe wadon sênêng, mangka wong tuwane ora ngrujuki, sing mêsthi ora dadi. Kosok baline: dadia bocah wadon ora sênêng, mangka wong tuwane karêp, sing mêsthi iya kêlakon. Iku, brur, sababe ênggonku ora bisa mangsuli pitakone brur mau. Arêp mangsuli gêlêm, mêngko gèk wong tuwaku ora ngrujuki, arêp mangsuli ora ... gèk wong tuwaku ngidini."

"Saiki jaman kamajuan, zus, anane bêbasan: kêbo manut gudèl, wis tumindak ing kana kene."

"Samono mau rak anggêr karêpe gudèl wis cocog karo karêpe kêbo, brur."

"Ora, zus, ora. Ora anggêr bae, nanging ... kudu. Kagawa saka obahing jaman, saiki jaman maju, ora mung ing kalanganing para priya bae sing ana kamajuan, ing golongane para wanita ora beda, thukule pakumpulan iki iku gêlis bangêt, kaya têki katiban udan mangkono, kang binuru kadiwasan, sing akèh padha nanggulangi marang panggawene para priya kang winawas gawe asoring drajade para wanita, kaya ta: bab ningkah pêksan, bab wayuh, bab pêgat sapêpadhane. Kang tinuju bisaa kaya kaanane para wanita kulonan (Eropah). Tumrape zus, kang kêna ingaran wus manjing kaum mudha, mêsthi rak cocog bangêt, ta, karo ananing kamajuan iku mau?"

"Yèn aku, brur: nyulayani ... ora, nanging dikon nocogi bangêt-bangêt ya durung gêlêm, dadi isih dumunung ana ing têngah-têngah bae. Aku ora selak, iya nduwèni wijining kamajuan, nanging dak jaga bangêt aja nganti kêmajon, nikah kanthi ora saguyub karo wong tuwa ... kalêbu

--- 28 ---

ing kono. Aku rada kêduwung, brur, dene sing uwis-uwis anggonku sêsrawungan karo brur rada kêpêngulonên, nyimpang adoh saka adatku dhewe kang ora pisan-pisan kêna ingaran ala. Sêsrawunganku mau wis mêsthi nganakake rasa kurang prayoga tumrap karo tangga, sisip sêmbire ndakwa kang ora-ora.

"Bêcik kêtitik, ala kêtara, iku zus, sing dakêngkoki."

"Tinimbang didakwa rak aluwung ora, brur."

"Dadi zus nganggêp ala, ta, marang adat kulonan?"

"Ora mangkono, brur, tujuning têmbungku. Aku ora bisa ngalakake adate bangsa liya, awit: desa maca cara, nagara mawa tata."

"Saiki gênahe bae kêpriye, zus, aja banjur salin salaga, madu balung tanpa isi. Iya ... iya, ora ... ora. Manawa zêus rumasa ewuh arêp mangsuli, ora, dakjaluk aja nganti, zus. Aku dhêngêr, jagad ora sagodhong kelor, jêjaka ora mung siji, dadi saupama zus arêp milih tandhing, aku ora ngluputake, awit wis bênêre."

"Ora, brur, ora. Kaanan sing kaya mangkono mau adoh saka aku. Yèn tumrap bocah lanang kang tinakdir amba jangkahe bisa uga kêlakon mankono,[3] nanging bocah wadon kang pinêsthi kumrubyuk kabotan pinjung, gumèndhêl kabotan gêlung: ora. Bênêr ing batin ana wijine, nanging ora bisa tuwuh, krana saka gêdhening pangwasane wong tuwa."

"Dadi upama zus arêp didhaupake dening wong tuwa diolèhake karo bocah kang ora dadi sênênge zus, apa iya zus arêp monat-manut bae?"

"Ora mangkono tujuning têmbungku, brur."

"Kêpriye?"

"Sing dakkarêpake: bisaa anak sênêng, wong tuwa ngrujuki. Utawa: wong tuwa tuduh, anak nyondhongi, iku kang bêcik dhewe. Nikah karana pamêksane wong tuwa, cêtha yèn ora bêcik. Kosokbaline: nikah karana saka pamêksaning anak, iya ora apik, êmbuh gêdhe êmbuh cilik mêsthi bakal ana kasusahane."

"Upama bapak êmbok kene parêng, zus apa ora bakal nampik marang aku?"

Sukèsi kèndêl kemawon, Sumardi ngambali pitakènipun ngantos kaping tiga kaping sakawan inggih mêksa botên purun mangsuli. Ewasamantên samangke Sumardi sampun botên kasamaran [ka...]

--- 29 ---

[...samaran] malih, sagêd mangrêtos kadospundi badhe wangsulanipun Sukèsi saupami kalaira, yèn dhasar tiyang sêpuhipun botên malangi, Sukèsi botên badhe nampik, kanthi sênêng nampèni panglamaripun.

Jaruming èrloji nêdahakên jam kalih welas langkung kalih dasa mênut, pluwitipun trèm K.S.M. ingkang saking Kêdhiri kêpirêng cumêngkling wontên antawisipun halte Wanarêja lan Bêndharêja, asung sasmita bilih sakêdhap malih badhe dumugi ing sêtatsiyun Watês. Sumardi lajêng ngadêg sarta pamitan badhe wangsul, nanging kacandhêt dening Sukèsi kapurih nêdha rumiyin, Sumardi nglêgani kanthi sênênging manah. Sarampunging nêdha, saèstu ... nyengklak sêpedhanipun, bablas kesah, Sukèsi kêtingal kados badhe klayu, mripatipun tansah kêkinthil dhatêng Sumardi, kèndêl-kèndêl sarêng Sumardi sampun botên kêtingal.

Ingkang sampun-sampun Sumardi dèrèng nate numpak sêpedhah alon-alonan, ingkang tamtu kados angin, nanging samangke ngewahi adat ingkang makatên wau, jalaran kêpêksa nyambi ngraosakên kabingahan ingkang mêntas dipun alami, sarta namtokakên yèn pikajêngipun badhe kalêksanan, upami wujuda têtêdhan makatên rinaos sampun wontên ambêt-ambêtipun. Nêmbung dhatêng Partadikrama jalêr èstri kaanggêp prakawis ingkang gampil, sanajan dèrèng dipun lampahi, nanging sampun namtokakên bilih Partadikrama badhe ngulungakên. Ing batos sumbar: Partadikrama nampik dhatêng piyambakipun badhe pados ingkang kados punapa? Partadikrama tiyang ingkang miskin, Sumardi sumêrêp cêtha, malah mangrêtos bilih gadhah sambutan f 4.600 dhatêng pamanipun. Mila makatên, awit sêratipun prajanjian, piyambakipun ingkang ngrimati wontên ing kantoranipun Abdulsukur.

Sarêng sampun lêt tigang dintên, Sumardi kesah malih dhatêng griyanipun Partadikrama. Kêlêrêsan, dene kala samantên Partadikrama botên kesah-kesah, dados sagêd pinanggih. Kala nêngah-nêngahi sami wedangan. Sumardi nglairakên panêmbung: "Sukèsi katêdha." Partadikrama mirêng panêmbungipun Sumardi: kagèt sangêt, botên pisan-pisan gadhah panyana yèn Sumardi gadhah sir dhatêng anakipun. Sasampunipun kèndêl sawatawis dangunipun lajêng mangsuli: "Sampun dados panggalih, [pang...]

--- 30 ---

[...galih,] mas, samangke kula dèrèng sagêd mangsuli prakawis punika, awit dèrèng sagêd mikir."

"Sababipun kadospundi, pak?"

"Makatên: sampeyan botên kêkilapan, kintên sampun antawis nêm wulanan sapriki kula nyambut arta dhatêng ingkang paman kathahipun f 4.600, prajanji badhe mangsulakên awujud tanêman rosan kalihan bodin; rosan dipun rêgèni f 150, bodin f 80 ing sabau-baunipun, kula sagah, awit kula gadhah pangintên, rêginipun rosan kalihan bodin ing taun punika badhe sami kemawon kalihan taun ingkang kapêngkêr, inggih punika: rosan f 80, bodin f 50 ing dalêm sabau. Niyat kula, kula badhe ngaturi rosan 20 bau lan bodin 20 bau dhatêng ingkang paman, pinanggihing petangan badhe pikantuk bathi: ingkang saking rosan f 70x20 = f 1.400, ingkang saking bodin f 30x20 = f 600, gunggung f 2.000. Kantun-kantun samangke têtela bilih petangan kula wau lêpat, taun punika rêginipun rosan miwah bodin mindhak inggil sangêt, radin-radin rosan f 200, bodin f 100 ing sabau-baunipun, cobi, mas, dipun galih, rak badhe njirêt gulu sayêktos. Hla, inggih prakawis punika, ingkang damêl mumêting sirah kula, ngantos kula botên sagêd mikir dhatêng karsa sampeyan wau."

"Upami kêpêksanipun botên sagêd pasok tanêman, arta wau rak kenging dipun wangsulakên, ta, pak?"

"Lêrês kenging, anggêr taksih jangkêp, mangka arta ingkang wontên kula kantun f 4.000, dados sampun kalong f 600."

"Hla, sarèhning kados makatên, samangke prayoginipun kadospundi?"

"Kula sampun botên sagêd mikir malih, sagêd kula namung makatên: yèn tita botên sagêd pikantuk tanêman, kula badhe mangsulakên arta kemawon, kêkiranganipun ingkang f 600 ugi badhe kula rapêti sarana nyade griya sapakawisanipun, sasampunipun punika ... sampun, kula manjing dados tiyang miskin saèstu, dados kere. Sadasa kadospundi malih."

Mirêng wicantênipun Partadikrama kados makatên wau manahipun Sumardi kraos ngêrês asêdhih, ngantos dangu botên sagêd wicantên. Samangke lajêng sumêrêp sapintên agênging kasusahanipun Partadikrama, lêrês Sumardi piyambak botên ngraosakên, nanging sampun sagêd ndugi-dugi, saupami rêribêd [rê...]

--- 31 ---

[...ribêd] ingkang makatên wau dhumawah ing badanipun, baya badhe kados punapa panalangsaning manahipun. Mila botên purun maibên dhatêng Partadikrama malih, dene botên sagêd mikir dhatêng panglamaripun. Salêbêtipun kèndêl, Sumardi gadhah cipta nêdya têtulung ngrapêti kêkiranganipun ingkang nêm atus rupiyah wau, supados rêribêd punika enggal sumingkir saking Partadikrama, sarta yèn kêlampahan makatên, pikajêngipun tamtu enggal sagêd kalêksanan. Ngwontênakên arta f 600 tumrap Sumardi dede padamêlan ingkang angèl, margi ngèngêti ... tiyang sêpuhipun sugih, tur cèlènganipun piyambak ingkang wontên ing Postspaarbank langkung saking samantên. Pramila sanalika wau polatanipun Sumardi lajêng malih dados padhang sumêblak dadakan, sarwi mèsêm

mèsêm, wicantênipun: "Bapak, kula botên pisan-pisan bingah, bilih bapak ngantos manggih kasusahan ingkang agêng makatên, ingkang punika niyat kula nêdya têtulung dhatêng bapak, ngrapêti kêkiranganipun ingkang f 600 wau."

"Nuwun, mas, nuwun. Kula pitados bilih sampeyan sagêd mujudakên arta samantên tanpa ngrêntahakên kringêt satètès, sarta kula sumêrêp yèn niyat sampeyan ingkang makatên wau mêdal saking manah trêsna, nanging eman-eman dene kula kêpêksa botên sagêd nampèni, dados inggih namung matur sèwu nuwun kemawon."

"Sababipun kadospundi, pak?"

"Punika kula botên sagêd matur, nanging ... tamtu wontên."

"Bapak, kula mirêng têtêmbungan: tiyang ingkang nampik sih nulak katrêsnan, punika kirang prayogi."

"Inggih, lêrês, samantên wau rak manawi sih utawi katrêsnan punika botên badhe damêl camahing nama."

Sumardi botên wicantên malih ngantos dangu, jalaran lajêng kêpêksa mikir sayêktos dhatêng têmbungipun Partadikrama ingkang botên patos dipun ngrêtosi punika. Sakêdhap pamikiripun makatên, sakêdhap malih makatên, wasana kêkênthêlanipun lajêng nggadhahi pandakwa ingkang botên-botên, mastani: Partadikrama nampik pitulunganipun karana nganggêp mrêtanggêl, ingkang kinajêngakên bok sampun ingkang f 600 ingkang tinanggêl, nanging ... sagêd sadaya, dados Partadikrama

--- 32 ---

sagêd ngisis sayêktos tur taksih gadhah cêcêpêngan arta kathah, sambutan lunas, arta ingkang f 4.000 têtêp dados gadhahanipun. Pandakwa ingkang kaping kalih: Sumardi mastani Partadikrama satunggilipun tiyang ingkang ambêk gumagah, dados rumaos isin yèn ngantosa kêpirêng ing sanès, bilih angsal pitulungan, mindhak damêl camahing namanipun, mila tumindakipun pitulungan kêdah sarana sêsinglon. Saèstunipun pandakwa ingkang makatên punika kêlintu sangêt, jêr ing salêrêsipun Partadikrama têbih sangêt saking panyakrabawa ingkang samantên, lêrês miskin, nanging botên pisan-pisan nggadhahi bêbudèn nguthuh, tansah ngajap dhatêng pitulunganipun tiyang sanès.

Watawis jam satêngah sakawan Sumardi pamitan wangsul, sadumuginipun ing griya lajêng gantos pangangge tumuntên mapan tilêman. Ingkang dipun pondhoki kagèt, ngintên yèn Sumardi sakit, mila enggal manggihi atakèn: "Punapa gêrah, mas?"

"Botên kang, namung punika, sirah ragi mumêt, wêtêng pating plilit, kintên kula masuk angin."

"We lah, mangka simpênan kula Pepermunt sampun têlas. Cobi dipun lisah pêthak kemawon."

"Nuwun, kang, nuwun. Botên susah, mangke rak mantun piyambak, tiyang sakit têbih saking nyawa kemawon, kok."

Jam satêngah pitu Sumardi kapurih nêdha botên purun, pinêksa-pêksa tansah mopo, sayadanipun botên kêpengin, ingkang gadhah griya saya kuwatos bokbilih sakitipun Sumardi saya sangêt, mila lajêng mêndhêt lisah pêthak dipun sukakakên supados kablonyohakên wêtêngipun, Sumardi angecani, lisah pêthak tinampèn, wêtêngipun dipun blonyoh kaurut-urut, kêtingalipun kados sakit saèstu, nanging ing batos gumujêng kêkêl, ciptanipun: "Hêm, sajêg jumblêg lagi sapisan iki ngalami, ana wong bingung dilênga putih."

Salêbêtipun Sumardi nguruti wêtêngipun, ingkang gadhah griya ibut atata-tata lan nyadhiyak-nyadhiyakakên ingkang prêlu-prêlu, èmbèr isi toya mirantos sakobokanipun, pispot, lan lap tangan sasabunipun. Sumardi takèn: "Punika kangge punapa kang? Kok lajêng dados damêl."

"Botên, dados punapa, mas. Mangke manawi badhe mbêbucal ngriki kemawon, inggih, sampun mêdal, mindhak nunak-nunuk, pêtêngipun sangêt."

--- 33 ---

Sumardi botên mangsuli, ciptanipun: "We lah, saya kêbanjur-banjur, puluh-puluh kêpriye manèh, jaragan lagi dadi lakon."

Sumardi tansah tilêman, nanging botên kok sakit saèstu kadosdene pangintênipun tiyang ingkang dipun pondhoki, namung jalaran manahipun sangêt sumpêg kemawon, jibêg sangêt ngraosakên siyaling gêsangipun, dene gadhah sêdya badhe ngarah Sukèsi kemawon têka ing sêmu badhe gagal. Kala samantên pamikiripun Sumardi ngèmpêri kitiran ingkang katrajang angin agêng, sakêdhap mikir Sukèsi, sakêdhap mikir arta ingkang f 4.600 punika, sakêdhap ngêsah, ciptanipun: "Sukèsi, Sukèsi, larang têmên ajimu, patang èwu nêm atus rupiyah ... ora sathithik, Su, ora sabên uwong bisa nganakake dhuwit samono, sanajan aku iya mangkono uga. Wong tuwaku bokmanawa simpênane luwih saka samono, nanging upama aku njaluk, masa ndadak diwènèhana ora, awit kaanggêp kurang sêmbada kanggone. Hêm, baya bakal kêpriye kadadeyane awakku, saupama ora sida dhaup karo Sukèsi. Iya yèn wong-wong ing Ngadiluwih utawa Watês durung padha wêruh mênyang sêdyaku mau, ora dadi apa, barêng wis padha wêruh, rak iya digêguyu têmênan, aku, diarani ... dudu wong lanang sajati."

Sumardi tilar wêweka, tansah nyadhiyakakên margi kangge lêledhang juru panggodhaning manahipun, ingkang tansah nggêgèndèng supados nindakna pandamêl-pandamêl ingkang sumimpang saking lêrês. Èngêt dhatêng têmbung: diarani ... dudu wong lanang sajati ... manahipun Sumardi dados murub makantar-kantar, gumregah tangi saking patilêman nyêlaki meja panyêratanipun, damêl sêrat dhatêng Partadikrama badhe kakintunakên benjing-enjing mêdal ing pos. Ungêlipun makatên:

Ingkang pangabêkti

Nuwun awiyosipun, mugi botên ndadosakên kalêpatan kula, kêparênga kula gadhah atur sakêdhik ing ngarsanipun bapak, inggih punika bab rêribêdipun bapak ingkang warni sambutan dhatêng paman Abdulsukur kathahipun f 4.600, panyuwun kula: wiwit ing samangke punika bapak sampun [sam...]

--- 34 ---

[...pun] ngantos nggalih panjang-panjang malih. Kula (Sumardi) kalayan sênênging manah kula piyambak badhe nyauri sadaya sambêtanipun bapak dhatêng paman Abdulsukur, sarta salajêngipun prakawis punika kula damêl wados, murih sampun ngantos wontên wartos ingkang botên nyakecakakên panggalihipun bapak, inggih punika: ingkang nyauri kula, nama ... asmanipun bapak, dadosa dhatêng paman Abdulsukur, kula ugi cariyos makatên, sadrêmi kinèngkèn bapak, asayadan: bapak botên sagêd maringakên piyambak karana wontên alangan.

Sangêt-sangêt ing panyuwun kula, sapisan punika sampun ngantos bapak nulak dhatêng pikajêng kula. Kula rumaos sampun nampèni kasaenan saking bapak sakalihan ingkang botên sakêdhik pangaosipun, yèn botên malês samangke, mumpung taksih ginanjar sagêd, badhe benjing punapa.

Wasana inggih namung punika ingkang dados atur kula.

Ngadiluwih, ...

Putra:

SUMARDI

Saèstu, enjingipun sêrat wau kaêposakên, manahipun Sumardi kraos ragi lêga, hêm, punika dayanipun warni endah, asring kangge sarana dening ingkang ambêk dursila njorogakên para taruna dhatêng juranging kanisthan, ingkang wusananipun damêl kapitunan agêng.

Partadikrama tampi sêratipun Sumardi kados makatên wau, botên pisan-pisan dados bingah, malah lajêng dados prihatos, jalaran mangrêtos bilih anggènipun mbalakakakên rêribêdipun dhatêng Sumardi: kirang sae kadadosanipun, nuwuhakên pangintênipun ingkang botên-botên, nyana bilih Partadikrama nyênyadhang dhatêng rumêntahing pitulunganipun. Samangke Sumardi kintun sêrat ingkang suraosipun kados makatên, inggih margi saking kalintuning pamanggih, dhasar piyambakipun satunggiling jêjaka ingkang ambêk prawira, kawêwahan gadhah sêdya badhe ngarah Sukèsi, sampun tamtu botên owêl ngêdalakên arta kathah.

--- 35 ---

Partadikrama lêrês tiyang ingkang miskin, nanging botên nggadhahi bêbudèn nguthuh, tansah ngajêng-ajêng dhatêng pitulunganipun sanès. Yèn botên kêpêksa sangêt botên purun ngribêdi dhatêng tangga, sadaya rêribêd kabudidaya piyambak sagêdipun sumingkir saking badanipun, langkung malih pitulungan ingkang mlaha, sasagêd-sagêd dipun singkiri saèstu. Partadikrama dhasar mangrêtos bilih pitulungan ingkang makatên punika pancèn eca, nanging yèn botên kêlêrêsan sagêd damêl awoning nama. Mila niyatipun, samangsa Sumardi dhatêng: badhe dipun rêmbagi supados mbatalakên niyatipun, sampun ngantos wontên panggrayangan awon.

Saèstu, kala Sumardi dhatêng, Partadikrama enggal manggihi, sarta sasampunipun sami mapan linggih, Partadikrama wicantên: "Mas, kula sampun nampèni sêrat sampeyan, suraosipun ugi mangrêtos sadaya. Nanging mugi sampun dados panggalih, kula botên pisan-pisan ngrujuki dhatêng pikajêng sampeyan ingkang makatên punika. Wondene prakawis anggèn sampeyan gadhah sêdya badhe ngalap anak kula, samangke kula sampun gadhah kêkênthêlaning pamikir ... inggih sumangga. Nanging kagaliha ingkang ngantos matêng rumiyin mumpung dèrèng kêlajêng, punapa kintên-kintên ing têmbe sampeyan botên kêduwung: mêndhêt anak kula, lare awon tur bodho."

Mirêng wicantênipun Partadikrama kados makatên wau Sumardi kagèt sangêt, jalaran lajêng sumêrêp lêpating pandakwanipun ingkang tumuwuh saking pamikir kasêsa, ngantos dangu kèndêl kemawon, anggagas-ngagas[4] kadospundi prayoginipun, idu ingkang sampun kêlajêng kawêdalakên punika dipun dilat malih punapa botên. Wusana pinanggihipun gagasan: isin yèn nglampahana ingkang makatên, kêtingal têmên anggènipun botên gadhah manah prawira, wicantênipun: "Botên, bapak, niyat kula ingkang makatên wau sampun botên kenging dipun palangi malih."

Partadikrama kêkah nampik, Sumardi botên purun ngawon, malah ing wêkasanipun lajêng adoracara, ngakên bilih arta sampun katampèkakên dhatêng Abdulsukur sadaya. Partadikrama ... sangsaya judhêg.

__________

--- [36] ---

VI. KÊPANDUNGAN.

Wiwit siyang jawahipun tansah ngrêncèh kemawon, ngantos jam 11 dalu mêksa dèrèng têrang, ngrika-ngriki pêtêng ndhêdhêt, sanajan sakêdhap-sakêdhap kêtingal wontên lidhah gumêbyar, ewadene botên sagêd ngicalakên dhatêng pêpêtêng wau. Ing wêktu samantên para têtiyang padhusunan sami tanasah[5] kuwatos bokbilih wontên pandung ingkang mbabah griyanipun. Miturut adat ingkang sampun, para pandung sami sênêng sangêt dhatêng kawontênan ingkang makatên punika, awit sabên-sabên kacriyos wontên tiyang kêpandungan, ingkang kathah bilih nglêrêsi jawah dalu. Bokmanawi para pandung sami gadhah pamikir, ing wêktu ingkang kados makatên, para têtiyang dhusun gampil lenanipun, kabêkta saking asrêp lajêng kêkêmul kemawon wontên ing ambènipun, kêlajêng tilêm kados tiyang pêjah.

Jam kalih wêlas dalu jawah kenging winastan sampun têrang saèstu, kantun swara pating tlêthok kemawon ingkang taksih kêpirêng ing ngrika-ngriki, inggih punika swaraning toya ingkang tètès saking gêgodhongan kenging siliring angin dhumawah ing payon griya utawi ing godhong sanès-sanèsipun ingkang andhap-andhap. Ing dhusun-dhusun pinanggih saya sêpên anyênyêt, botên beda ing dhistrik Ngadiluwih, ugi pinanggih kados makatên, sêpên asamun kados pakuburan, para têtiyang sampun sami tilêm kêpatos, namung satunggal kalih ingkang taksih mêlèk, adhèhêm-dhèhêm botên kèndêl-kèndêl, ing sêmu ajrih dene tansah mirêng swaranipun pêksi bênce kalihan kolik sêsauran; gugon tuhonipun: mratandhani bilih badhe wontên durjana pandung.

Jam satunggal sangsaya sêpên, swaranipun tiyang adhèhêm-dhèhêm miwah watuk-watuk sampun botên wontên, para têtiyang rundha ingkang mêntas midêr ingkang kaping kalih sampun sami ngringkêl wontên ing angkrukipun piyambak-piyambak, sami ngorok sêsêngguran, dening liwunging pangamukipun sang arip, satêmah kêsupèn dhatêng kuwajibanipun, namung kantun lidhah, punika ingkang katingal taksih puguh atatag, dèrèng

--- 37 ---

purun ngunduri anggènipun badhe ngawonakên pêpêtêng, sakêdhap-sakêdhap gumêbyar, cahyanipun padhang gumêbyar. Kala samantên, inggih ing wêktu ingkang sêpên nyênyêt punika, kaprênah ing griynipun[6] Abdulsukur kêpirêng wontên tiyang agêmbor-gêmbor nêdha tulung. Para têtiyang ing sakiwa têngênipun sami kagèt, tangi akudandapan, sasampunipun mêndhêt dêdamêlipun piyambak-piyambak lajêng sami mlajêng-mlajêng nglayat. Sarêng para têtiyang wau sami lumêbêt ing pakawisanipun Abdulsukur, swara tulung-tulung sampun botên kêpirêng malih, mila ndadosakên gumunipun para tiyang ingkang sami nglayat, griya ingubêngan botên wontên punapa-punapa, tiyang jagi dalu kaundang wongsal-wangsul tanpa nyauri. Para têtiyang ingkang sami nglayat wau botên wontên ingkang acêluk-cêluk dhatêng Abdulsukur, jalaran sami ngrêtos bilih Abdulsukur nglêrêsi kêkesahan dhatêng Surabaya, ingkang èstri tumut, Sumardi botên kantun, makatên ugi Pangat (rencangipun), dados griyanipun katilar suwung, kapasrahakên dhatêng jagi dalu kemawon.

Wartosipun tiyang kathah ingkang sumêbar ing ngrika-ngriki, wontênipun Abdulsukur dados sugih punika jalaran ngingah jim. Pawartos ingkang makatên wau goroh, ewasamantên para têtiyang ing Ngadiluwih kathah ingkang sami ngandêl, mila para têtiyang ingkang sami nglayat, ugi panunggilanipun têtiyang ingkang sami ngandêl wau, sarêng kèngêtan, githokipun sami mêngkorog, wêkasan sami gadhah niyat badhe wangsul. Nanging sawêg lumampah angsal tiga sakawan jangkah, sami mirêng swara gêrêng-gêrêng ing sangandhapipun wit tanjung, sakilèning griya, sarêng dipun purugi têtela, bilih ingkang gêrêng-gêrêng wau pak Dipa, tiyang ingkang jagi griyanipun Abdulsukur, sampun gumlethak ing siti, badanipun akuthah êrah. Sarêng sami sumêrêp kawontênan kados makatên punika, lajêng wontên tiyang satunggal ingkang enggal lumajêng dhatêng angkruk, nabuh kênthongan, mungêl nyakawan-nyakawan, pratandha bilih wontên tiyang kabilaèn ngantos satêngah pêjah. Kênthong sanès panggenan sami tumut, swaranipun kumrumpyung. Ngadiluwih gègèr, para têtiyang jalêr pating blêbêr sami nglayat. Sakala punika ing pakawisanipun Abdulsukur ngèmpêri kados wontên karameyan, kathahipun tiyang ingkang dhatêng [dha...]

--- 38 ---

[...têng] tanpa wicalan, sadaya sami mbêkta obor utawi dilah, pating klêncar, madhangi sapakawisan. Wadana miwah mantri pulisi ugi rawuh, pêpak saupasipun. Ingkang wadana ndangu: "Ana apa? Ana apa?"

"Punika, Pak Dipa dipun prajaya tiyang." Atur wangsulaning salah satunggilipun tiyang.

"Êndi wonge?"

"Punika taksih gumlethak ing siti."

Ingkang wadana murugi Pak Dipa saha lajêng ndangu: "Sapa sing mrajaya?" Pak Dipa botên matur punapa-punapa, kêjawi namung gêrêng-gêrêng kemawon botên kèndêl-kèndêl. Ingkang wadana uninga bilih tatunipun pak Dipa nyamari sangêt, mila tumuntên dhawuh dhatêng para pulisi supados ngangkat lan ngupakara; para pulisi ngestokakên, Pak Dipa dipun angkat kabêkta dhatêng ambèn panggenanipun tilêm samangsa jagi, rah ingkang dleweran ing badanipun dipun rêsiki. Ing wêktu samantên Bok Dipa dhatêng, sumêrêp kawontênanipun ingkang jalêr kados makatên wau lajêng njêrit, nangis asambat-sambat, damêl trênyuhing manahipun ingkang sami sumêrêp.

Ingkang wadana ngandika dhatêng upas nama Krama: "Krama, gajêge ing èmpêr ngarêp kono ana tilpune, jajal tilpuna mênyang Kêdhiri, dhoktêr aturana mrene."

"Kêdhiri tilpun nomêr pintên, ndara?"

"Pitulikur."

Krama mutêr tilpun: Kring ring ring ring ring ... kring. Lajêng wicantên: "Halo, halo, o, kantor, mintak sambung nomêr tujulikur. – Saya ... Halo, halo, o, nyuwun tulung, dhoktêr dipun wungu, awit wontên prêlu ... inggih, inggih ... Saya upas kawêdanan Ngadiluwih ... Saya tuwan. Saya dipêrintah ndara dana ngaturi tuan supaya dhatêng di Ngadiluwih di rumahnya Kaji Abdulsukur, sebab, ada ora diamuk orang ... Saya tuan ... Saya tuan ... belum ... Saya tuan, orangnya masih udip e ... idup, tetapi e ... sêmaput-sêmaput saja ... Banyak sekali tuan ... Saya, saya ... Baru-baru saja ... Saya tuan. Tabik tuan."

Wadana: "Uwis, Krama?"

--- 39 ---

"Sampun."

"Kêpriya?"

"Nun inggih, badhe enggal rawuh."

Watawis lêt satêngah jam dhoktêr dhatêng numpak motor kalihan mantri verpleger satunggal, ingkang wadana mêthuk mbagèkakên, tumuntên sêsarêngan dhatêng panggenanipun Pak Dipa, tiyang ingkang sami nglayat piyak sami nisih sadaya. Pak Dipa kapriksa kanthi talatos angatos-atos, sarêng sampun rampung lajêng prentah dhatêng mantri verpleger supados njampèni. Mantri verpleger lajêng tumandang, Pak Dipa dipun jampèni, tatu-tatunipun dipun blêbêt sadaya mawi mori pêthak arêsik. Nitik saking pangatos-atosing anggènipun, namakakên jampi miwah ngêtrap-êtrapakên blêbêt, têtela bilih anggènipun nindakakên ayahan kinanthèn katrêsnan ingkang sayêktos.

Salêbêtipun tuwan dhoktêr tuwin mantri verpleger bikut ngupakara Pak Dipa, wontên salah satunggilipun tiyang ingkang wicantên aklêsik-klêsik kalihan kancanipun makatên: "Olèhe nambani kok ora nganggo dijapani, ya, kang?"

Kancanipun mangsuli: "Ora. Sababe kang sapisan: para dhoktêr ora ngrêti marang kang diarani japa-japa iku. Kapindhone: panci ora nganggêp, awit ora tinêmu ing nalar."

"Apa dhoktêr bisa marèkake sarupaning lêlara?"

"Ora, nanging kêna dipêsthèkake, yèn tamba-tamba kang saka dhoktêr ora kalah karo japa, tur sanajan ana lêlara kang ora kasumurupan tambane, dhoktêr iya bisa ngeguhake murih lêlara mau ora tumular marang wong liya."

Dumugi samantên anggènipun sami rêrêmbagan kêpêksa kèndêl, jalaran lajêng sami mrêlokakên apasang kuping mirêngakên anggènipun rêmbagan tuwan dhoktêr kalihan ingkang wadana, nanging sarèhning mawi basa Walandi, dados tiyang kêkalih wau namung sami pating plongo kemawon, botên mangrêtos sakêdhik-kêdhika.

Miturut papriksanipun dhoktêr, tatunipun Pak Dipa ragi mutawatosi, awit tatunipun ragi kathah tur lêbêt-lêbêt, ing pundhak satunggal, ing lêngên kalih, ing dhadha satunggal. Dhoktêr nimbang: prêlu sangêt Pak Dipa benjing-enjing kabêkta dhatêng klinik Kêdhiri, murih gampila jinampenan ing sabên dintên. Ingkang wadana mrayogèkakên, sarta sagah ngrêmbag kalihan

--- 40 ---

Abdulsukur samangsa sampun dhatêng. Ingkang wadana miwah dhoktêr lajêng sami wangsul asowang-sowangan, para têtiyang ingkang nglayat sami bibar, namung para pulisi sawatawis ingkang kantun, prêlu njagi griyanipun Abdulsukur. Mila makatên, awit sasampunipun katitipriksa, pinanggih jêndhelaning kantoranipun Abdulsukur mênga, tabêt sinongkèl tiyang, dados kirang prayogi yèn tinilara brung.

Mirid wontênipun jêndhela ingkang kados makatên wau, para têtiyang ingkang sami nglayat nggadhahi pangintên bilih ing dalu punika wontên durjana pandung lumêbêt dhatêng griyanipun Abdulsukur, sarta Pak Dipa manggih kasangsaran ngantos kados makatên, tamtu inggih durjana wau ingkang nganiaya, jalaran purun ngampah anggènipun gadhah sêdya awon; ingkang wadana miwah mantri pulisi ugi nggalih makatên, nanging sarèhning wêktu samantên Abdulsukur kêlêrês botên wontên griya, dados kêpêksa botên sagêd nitipriksa tumuntên.

Enjingipun, ngajêngakên jam satêngah sawêlas siyang, Abdulsukur dhatêng, kala motor kaenggokakên dhatêng pakawisan, manahipun kagèt sangêt, sumêrêp griyanipun jinagi ing para pulisi. Sarêng motoripun mandhêg, Abdulsukur mlumpat murugi para pulisi wau sarwi pitakèn: "Wontên punapa punika?"

Pulisi: "Wontên rajatatu, wau dalu wontên durjana pandung mlêbêt mriki."

"Punapa ingkang kabêkta?"

Dèrèng sumêrêp, awit dèrèng kapriksa."

"Mêdal pundi, mêdal kori punapa mbobok têmbok?"

"Mêdal jêndhela, sarana kasongkèl."

"Jagi dalu punapa botên dhatêng?"

"Dhatêng, nanging kêtaton ngantos satêngah pêjah, dipun prajaya ing durjananipun."

"Astaga pirulah. Ngantos satêngah pêjah? Samangke tiyangipun wontên pundi?"

"Wontên griyanipun piyambak."

Abdulsukur mirêng pawartos kados makatên wau botên srantos, enggal masrahakên kunci dhatêng ingkang èstri sarwi wicantên: "Iki kuncine, aku arêp tilik Pak Dipa."

Abdulsukur jumangkah badhe bidhal, nanging kêpêksa kèndêl, [kèn...]

--- 41 ---

[...dêl,] jalaran kêtungka dhatêngipun mantri pulisi. Abdulsukur mêthukakên, lajêng sêsalaman, wicantênipun: "Kadospundi punika, dipun tilar sadalu kemawon kok wontên prakawis ingkang kados makatên?"

Mantri pulisi: "Ah, inggih, punika kadospundi. Kangmas punapa nêmbe rawuh kemawon?"

"Inggih, malah dèrèng mlêbêt griya."

"Dados dèrèng mirsa punapa ingkang ical kabêkta durjana?"

"Dèrèng."

"Klêrêsan, kangmas, dhatêng kula punika nêtêpi kuwajiban, badhe nitipriksa barang punapa ingkang ical kabêkta pandung, wau dalu kula kêpêksa botên sagêd punapa-punapa, margi kangmas botên wontên dalêm."

"O, inggih. Mangga ta! Kene, bu, kuncine."

Kunci kaulungakên dening ingkang èstri, sasampunipun tinampèn lajêng sami lumampah dhatêng korining kantoranipun, Sumardi miwah Pangat botên kantun. Korining kantoran dipun bikak, sadaya sami lumêbêt. Anggumunakên sangêt, dene sadaya lêmantun ingkang wontên ing ngriku taksih sami minêb rapêt. Mantri pulisi wicantên: "Kangmas, nitik wontênipun tapak suku ingkang kêtingal cêtha ing jobin punika kenging katamtokakên, bilih pandung ingkang lumêbêt ing ngriki langkung saking satunggal. Wingi sontên ngriki jawah, tamtu sukunipun para pandung sami mblêthok, njalari tapak-tapakipun ingkang wontên ngriki kêtingal gênah."

"Inggih. Hla, punika, ing jêndhela ugi wontên blêthok, têtela bilih para pandung mlêbêt mêdalipun ngambah ing ngriku."

Sadaya sami nyêlaki jêndhela, namung Pangat ingkang botên, margi maspaosakên tapak-tapak ingkang pating tlècèk wontên ing jobin wau. Wusana Pangat sumêrêp tapak-tapak ingkang tanpa jêmpol, mila lajêng sagêd namtokakên, durjana wau wontên salah satunggal ingkang gadhah ciri ical jêmpolipun, sarta lajêng èngêt, bilih rencangipun Abdulsukur wontên ingkang gadhah ciri makatên, inggih punika Pak Bêdhug, jagi dalu kancanipun Pak Dipa. Wontên ing tapak, ingkang botên wontên jêmpolipun, suku têngên, Pak Bêdhug samantên ugi, mila Pangat lajêng kêncêng anggènipun ngintên bilih Pak Bêdhug [Bê...]

--- 42 ---

[...dhug] tumut campur prakawis punika, dhasar wiwit rumiyin mila sampun kêtitik bilih Pak Bêdhug nggadhahi manah cidra, tur nggadhahi wiji sêngit dhatêng Pak Dipa. Ewasamantên pamanggih ingkang makatên wau samangke Pangat dèrèng purun nglairakên dhatêng Abdulsukur, awit rinaos kirang prayogi.

Saking kantoran Abdulsukur sakanthinipun nitipriksa kamar sanès-sanèsipun, nanging pinanggih sêpên, brandkas pinanggih taksih wêtah, sadaya lajêng sami wangsul malih dhatêng kantoran. Mantri pulisi wicantên: "Kangmas, lêmantun ingkang sisih lèr punika kêtingalipun kok botên dipun kunci."

Mirêng wicantênipun mantri pulisi kados makatên wau Abdulsukur kagèt sangêt, lêmantun dipun tuwèni, saèstu: pinanggih botên kinunci sayêktos, malah buku-buku miwah sêrat-sêrat ingkang wontên ing ngriku pating bêsasik tilas kaorak-arik. Abdulsukur wicantên: "Para gêntho tamtu gadhah pangintên bilih panyimpên kula arta wontên ing ngriki, lajêng dipun bandrèk, kantun-kantun isinipun namung buku-buku miwah sêrat-sêrat kemawon, saking gêmpunging manahipun lajêng dipun orak-arik punika."

"Mèmpêr. Dados kangmas botên kecalan punapa-punapa?"

"Botên." (Sarwi nglêrês-nglêrêsakên buku-buku wau).

"Sukur. Inggih sampun, kangmas, kula kêliliana[7] wangsul, awit sampun siyang."

"Inggih, inggih. Kula piyambak ugi badhe tuwi Pak Dipa."

"O, mèh kêsupèn, kangmas, wingi wontên prasabênipun dhoktêr, sarèhning tatunipun Pak Dipa ragi nyumêlangi, mila prêlu ing dintên punika kêdah kabêkta dhatêng klinik Kêdhiri."

"Dados wau dalu sampun ngaturi dhoktêr?"

"Sampun."

"Sukur-sukur. Inggih, mangke badhe kula prêlukakên."

Mantri pulisi wangsul, Abdulsukur miwah ingkang èstri punapadene Sumardi lajêng sami bidhal tuwi Pak Dipa, Pangat kantun têngga griya. Sadhatêngipun ing ngriku, Pak Dipa nuntên katumpakakên motor, kajujugakên dening Abdulsukur piyambak dhatêng griya sakit ing Kêdhiri, Sumardi kapurih tumut, kangge kanca wontên ing margi bokbilih wontên punapa-punapa.

--- 43 ---

Enjingipun, watawis jam wolu, kados adat sabênipun, Sumardi dhatêng ing griyanipun Abdulsukur badhe nyambut damêl. Ing wêktu samantên, Abdulsukur sampun linggih ing kantoran mbikaki kasbuk, sarêng sumêrêp Sumardi dhatêng lajêng wicantên: "Sumardi, saiki ayo padha nocog-nocogake buku kiye dhisik."

"Sumangga, kados prayogi makatên."

Sadaya buku miwah sêrat-sêrat ingkang wingi dalu kaorak-arik durjana lajêng kawêdal-wêdalakên sarta lajêng kacocogakên, pinanggihing cocogan wontên sêrat pratandha sambutan tigang iji ingkang ical, inggih punika:

1. Sêratipun Kaji Dulmajid (kakangipun Abdulsukur) kathahipun f 5.000.

2. Sêratipun Partadikrama, kathahipun f 4.600, lan

3. Sêratipun tuwan Ali bin Umar, kathahipun f 3.000.

Abdulsukur kagèt sangêt, badanipun gumêtêr, guwaya pucêt, wicantênipun: "Sok mangkonoa aku iki padhane kelangan dhuwit f 12.600."

Sumardi: "Sababipun kadospundi, bapak?"

"Yèn layang-layang mau ora bisa katêmu, mêsthi wong têlu iku ora gêlêm nyauri utange."

Sumardi kèndêl kemawon, Abdulsukur lajêng ngundang pun Pangat, sasampunipun ngadhêp lajêng dipun prentahi, têmbungipun: "Pangat, di gêlis sowana mênyang kêmantrèn, ndara mantri pulisi aturana mrene, matura yèn ana prêlu."

"Manawi kadangu prêlu punapa, ... atur kula kadospundi, kyai?"

"Matura yèn aku kelangan layang pratandha utang têlung iji, pangajine ana f 12.600."

"Sêratipun sintên kemawon?"

"Kakang Dulmajid, ing Kêras, Partadikrama ing Watês, lan Tuwan Ali bin Umar, ing Pasantrèn. Kiraku layang têlu mau ilange dicolong maling wingi bêngi."

Pun Pangat bidhal, nanging botên dhatêng kêmantrèn ... dhatêng griyaning sadhèrèkipun, sarta watawis lêt saprapat jam wangsul, criyos dhatêng Abdulsukur: yèn mantri pulisi botên wontên griya, sawêg kesah dhatêng Kêdhiri, wangsulipun benjing enjing sontên. Abdulsukur pitados kemawon, awit botên [bo...]

--- 44 ---

[...tên] pisan-pisan ngintên bilih Pangat sampun nyimpang ing margi, mbatalakên prentahipun.

Jam kalih wêlas lêrês Sumardi wangsul dhatêng pondhokan, dene Pangat lajêng ngadhêp Abdulsukur, wicantênipun: "Kula nuwun, kyai, sampun dados panggalih, saèstunipun kalawau kula botên dhatêng kêmantrèn, nanging dhatêng griyanipun sadhèrèk kula."

"Kêna apa ora mênyang kêmantrèn? Takèn makatên kalihan mbrabak abrit, pratandha bilih nêpsu."

"Pikajêng kula, prakawis icalipun sêrat punika sampun ngantos enggal-enggal kaaturakên dhatêng pulisi, kados kirang prayogi."

"Kurang bêcike kêpriye?"

"Inggih manawi ingkang nyolong sêrat wau tiyang sanès, botên dados punapa, wangsul manawi daging piyambak kadospundi. Awit sêrat ingkang ical, kados wontên sêratipun ingkang raka Kyai Dulmajid satunggal."

"Iya, nanging mokal bangêt manawa kêlakon kakang Dulmajid nduwèni ati cidra mangkono."

"Dèrèng kantênan, bokbilih: melik nggendhong lali, kadospundi."

Abdulsukur kèndêl sakêdhap, wusana wicantênipun: "Saiki karêpmu kêpriye?"

"Kajêng kula: ingkang kenging ulamipun, sampun ngantos buthêk toyanipun."

"Yèn bisa panci bêcik, mangkono iku, nanging ..."

"Sagêd, sagêd, tamtu sagêd, anggêr dipun niyatakên. Kula sampun pikantuk titik, bilih jagi dalu Pak Bêdhug tumut campur prakawis punika."

"Apa, Pak Bêdhug kokira mèlu campur prakara iki? Kapriye kêtitike?"

"Kyai tamtu inggih mirsa, bilih Pak Bêdhug gadhah ciri: jêmpoling sukunipun ingkang têngên ical, mangka tapak-tapak suku ingkang sami wontên ngriki: wontên ingkang tanpa jêmpol, tur inggih cocog sami dene têngênipun. Hla, punika taksih kula ngèngèhakên satunggal, kula aling-alingi kursi malês punika."

"Apa bênêr mangkgno?[8]" Pitakèn makatên sarwi ngadêg, kursi [kur...]

--- 45 ---

[...si] malês kasingkirakên, tapak suku dipun iling-ilingi, yêktos tanpa jêmpol kados wicantênipun Pangat, wusana wicantên malih: "Banjur ... saiki kêpriye karêpmu?"

"Prêlu sangêt kula sumêrêp, tapak punika yêktos tapakipun Pak Bêdhug punapa sanès. Manawi èstu tapakipun Pak Bêdhug lajêng kaupadosan: sintên kancanipun, punapa malih prêlunipun kadospundi dene kok mandung sêrat, yèn kinèngkèn ing tiyang katakèkna sintên tiyangipun, manawi têtela ingkang kèngkèn tiyang sanès, kados botên wontên awonipun yèn lajêng kalapurakên dhatêng pulisi, nanging yèn daging piyambak kados langkung sae kasidhèm kemawon, cêkap dipun rêmbag piyambakan."

Mirêng panimbangipun Pangat kados makatên wau Abdulsukur manthuk-manthuk, wicantênipun: "Ringkêse prakara iki dakpasrarake[9] mênyang kowe, Ngat, aku mung sumurup bêcike, yèn kowe prêlu sangu dhuwit kanggo ngurus prakara iki, kêna njaluk samangsa-mangsa.

Pangat nginggihi, lajêng mundur.

__________

--- [46] ---

VII. MÈH KÊTIWASAN.

Pak Bêdhug, satunggiling tiyang miskin, griyanipun alit, pakawisanipun ciyut, dumunung wontên ing pêpèrèng sapinggiripun sabin, panggaotan dados jagi dalu ing griyanipun Abdulsukur. Wontênipun Abdulsukur purun kanggenan Pak Bêdhug, jalaran mêlik dhatêng kêkêndêlanipun, dèrèng ngrêtos bilih sajatosipun tiyang awon, dhatêngan saking dhusun Srêngat, bawah ing Blitar.

Miturut ungêling prajanjian damêlipun Abdulsukur, sawulan Pak Bêdhug kablanja f 10, manawi tumêmên dhatêng padamêlan tur botên gadhah cacad punapa-punapa, badhe kaindhakan f 5; mlêbêtipun dhatêng padamêlan jam sanga sontên, mantuk jam nêm enjing; salêbêtipun jagi botên kenging ngantuk, langkung malih tilêm. Sataun sapisan pikantuk ngaso kalih minggu.

Salêbêtipun tiga sakawan wulan Pak Bêdhug botên nggadhahi cacad sakêdhik-kêdhika, padamêlanipun kêtingal tumêmên, dhatêngipun botên nate kasèp, wangsulipun botên nate kenjingên, salêbêtipun jagi botên nate ngantuk utawi tilêm; nanging ing wêkasanipun botên makatên, dhatêng lan wangsulipun kêrêp sulaya kalihan prajanjianipun, yèn pinuju jagi kêrêp tilêm. Mila Pak Bêdhug asring dipun srêngêni dhatêng Abdulsukur, malah dipun ancam: bilih taksih sok tilêm salêbêtipun jagi dalu: badhe dipun kèndêli.

Pak Bêdhug mangrêtos, wontênipun Abdulsukur sumêrêp dhatêng kalêpatanipun tamtu saking Pak Dipa, kancanipun jagi dalu, ingkang sangêt dipun trêsnani dhatêng Abdulsukur, karana saking tumêmên miwah katabêrènipun, mila lajêng nggadhahi wiji sêngit dhatêng Pak Dipa, malah sampun nate kêlampahan tiyang kêkalih wau awawan rêmbag ngantos dêdrêg, kèndêl-kèndêl sarêng dipun pisah tiyang kathah.

Wiwit Abdulsukur kêpandungan, sabên sontên Pangat tamtu nginjên dhatêng griyanipun Pak Bêdhug, awit gadhah pangintên: [pangin...]

--- 47 ---

[...tên:] sapêngkêripun mandung, Pak Bêdhug tamtu prêlu pinanggih kalihan para kanca-kancanipun. Pangat mangrêtos, Pak Bêdhug sagêdipun pêpanggihan kalihan para kanca-kancanipun tamtu namung ing wêktu sontên kemawon, antawisipun jam nêm kalihan jam sanga. Manawi siyang ragi angèl, punapa malih ing wanci dalu, awit piyambakipun nyambut damêl.

Nuju ing wanci sontên, Pangat dhatêng malih ing griyanipun Pak Bêdhug, njujug sakilènipun griya, nyêlak ing gêdhèg kanthi ngatos-atos, lajêng mapanakên mripat wiwit nginjên. Sarèhning pagêripun Pak Bêdhug tanpa rinangkêpan kepang, yèn dilah kasulêd tamtu kêtingal nronthong, sorotipun dilah mêdal sadaya, botên damêl rêkaosipun tiyang ingkang nginjên-injên, mila Pangat inggih sagêd cêtha kawontênanipun ing lêbêt griya.

Kados punapa kagèting manahipun Pangat, sarêng sumêrêp Sumardi wontên ing ngriku sawêg omong-omongan kalihan Pak Bêdhug aklêsik-klêsik, ciptanipun: "Hêm, bodho, bangêt aku iki, bêndaraku duwe mungsuh mungging cangklakan têka ora idhêp. Lagi saiki aku sumurup. Iya, iya arêp lumayu mênyang ngêndi, kowe, saiki, bok mlêbua mênyang lak-lakan naga, mangsa wurunga kacêkêl."

Sanajan anggènipun omong-omongan Sumardi kalihan Pak Bêdhug botên sêru, nanging Pangat, ingkang tinitah botên budhêg, sagêd mirêng kanthi cêtha, sakêdhap-sakêdhap manthuk-manthuk, mratelakakên bilih manahipun kalêgan. Mênggah omong-omonganipun tiyang kêkalih wau kados ing ngandhap punika:

Sumardi: "Dadi layang-layang mau saiki isih ana ing kene?"

Pak Bêdhug: "Inggih, taksih kula simpêni wontên ing ngandhapipun gêlaran ing patilêman kula."

"Cikbèn ana kene bae, yèn daksimpêni akèh mutawatire."

"Inggih, kula ugi ngrêtos."

"Kancamu ana papat, sapa bae?"

"Satunggal: kula, kalih: Kartubi, mandhor ing Seladhana, tiga: Rasid, kuli jêgong ing ngriki, lan sakawan: Pak Kêmpus, tukang kêbon."

"Iya. Besuk dina Minggu bae wong-wong mau padha konên mrene, nglumpuk ana ngomahmu kene."

"Inggih, siyang punapa sontên?"

--- 48 ---

"Sore, iya wayah mangkene iki, awan ora bisa, aku arêp lunga mênyang Watês."

"Dhatêng dalêmipun Kyai Partadikrama?"

"Iya, wis suwe aku ora mrana, mêsthi diarêp-arêp bangêt."

"Ingkang ngajêng-ajêng sintên?"

"Pak Parta."

"Punapa dede ingkang putra?"

"Ya êmbuh, ya. – Mêngko ta, kang, Pak Dipa kok kêtaton nganti satêngah mati iku nalare kêpriye?"

"Makatên: Kala samantên wiwit sontên jawah kemawon, nanging mandar mbingahakên manah kula sakanca. Watawis jam satêngah sawêlas kula sakanca lumêbêt dhatêng pakawisan, sami umpêtan wontên ing papan ingkang singub, ngiras ngêntosi lenanipun Pak Dipa. Sarèhning anggèn kula ngêntos-êntosi wau sêmunipun tanpa damêl, Pak Dipa ijlag-ijlig kemawon, sakêdhap-sakêdhap nganglang, ngantos ing wêkasanipun têlas kasabaran kula, kula lajêng prentah dhatêng Rasid miwah Pak Kêmpus supados prayitna, awit kula badhe tumandang ing damêl. Kula kalihan Kartubi lajêng nyêlaki jêndhela, jêndhela kula songkèl, swaranipun gumlêthug, rahajêng Pak Dipa botên mirêng. Sarêng jêndhela sampun mênga, kula tiyang kalih sami mlangkah mlêbêt, kula lajêng nêdahi dhatêng Kartubi, lêmantun ingkang kangge nyimpên sêrat wau. Lêmantun kabikak, sêrat kapêndhêt. Sêrat sanès-sanèsipun lajêng dipun orak-arik."

"Kang kok ênggo mbukak lêmari iku rak iya kunci pawèhku biyèn, ta?"

"Inggih."

"Banjur kêpriye?."

"Sasampunipun mêndhêt sêrat, kula kalihan Kartubi sumêdya mêdal, kala mlangkah jêndhela dumadakan wontên lidhah gumêbyar, Pak Dipa sumêrêp dhatêng kula, sarta lajêng murugi nrajang, nanging kanca kula kêkalih ingkang sami umpêtan botên ngantos kêtlompèn, majêng sarêng nyikêp saking wingking. Pak Dipa ngêtog karosan, tiyang kêkalih kakipatakên sami dhawah gumlinting ing siti. Ingkang mêmêlas rak Pak Kêmpus, sarêng krengkang-krengkang badhe ngadêg dipun tonyo kênthès cangkêmipun, ngantos lambenipun njêdhir kados congor

--- 49 ---

gênjik. Pak Dipa nrajang dhatêng kula ingkang ing wêktu samantên sampun anjlog saking jêndhela, kula tansah prayitna, nalika piyambakipun namakakên kênthèsipun, kula rumiyini: berang kula, kula jojohakên dhatêng dhadhanipun, sakala rêbah gumêbrug ing siti, kanca kula sami ngrubut, ngantos Pak Dipa botên sagêd ebah, kula lajêng prentah supados piyambakipun kasèlèh wontên ing sangandhapipun tanjung, awit ing ngriku ragi singub, kula lajêng sami wangsul, sarta watawis satêngah jam kula sawêg mirêng wontên kênthong sakawan."

"Kowe ora nglayat?"

"Kala samantên kula botên mlêbêt jagi asayadan sakit, upami tumuta nglayat, kula raos kirang prayogi."

Dumugi samantên anggènipun mirêngakên rêmbagipun Pak Bêdhug kalihan Sumardi, Pangat manahipaen[10] trataban sangêt, awit sumêrêp wontên tiyang jalêr satunggal ingkang menggok, sêmunipun inggih badhe mrêtamu dhatêng griyanipun Pak Bêdhug. Pangat enggal mingsêr ampingan wit pisang ingkang wontên ing sacêlakipun, dilalah tiyang wau sumêrêp, Pangat dipun purugi sarta dipun sapa: botên mangsuli, namung mingsêr dhatêng panggenan sanès. Tiyang wau ngêtutakên lan anyapa malih kaping tiga kaping sakawan, Pangat mêksa kèndêl kemawon, nanging inggih tansah mundur-mundur, sarta ing wêkasan ampingan wontên wit pisang agêng alêma. Tiyang wau wicantên: "Hêm, ayake ya kiye sing diarani gêndruwo, saiki aku mrangguli, jajal takkone wanuh karo berangku."

Pangat ajrih sangêt, mila tansah prayitna, kala sumêrêp tiyang wau kumlawe badhe mbabitakên berangipun, mundur sajangkah, berang kumêcrog ngèngingi wit pisang, Pangat nggêblas nalêsêp dhatêng bêbondhotan, tiyang ingkang mêdhang botên sumêrêp, jalaran kêtawur dening rêbahipun wit pisang.

Kala samantên Pak Bêdhug mêdal, lajêng pitakèn, têmbungipun: "Sapa, ya?"

"Aku Rasid."

"Ana apa?"

"Gêndruwo. Barêng dakberang banjur ilang."

"Wiwitmu wêruh ana ngêndi?"

"Ana kene, ampingan wit gêdhang kiye."

"Ah, apa dudu uwong ta?"

--- 50 ---

"Masa iya, uwong. Wong isih sore ênthe-ênthe ngene. Lan manèh, upama uwonga, dakparani mêsthine mlayu, nanging kuwi mau ora, mung mundar-mundur mingsar-mingsêr bae, sêmune kaya mbêbeda."

Pak Bêdhug lumêbêt dhatêng griya malih, Rasid tut wingking, sarta lajêng sami nglajêngakên anggènipun rêrêmbagan kalihan Sumardi.

Kocapa pun Pangat, ingkang mèh kêtiwasan dening pêdhangipun pun Rasid, sakesahipun saking griyanipun Pak Bêdhug enggal dhatêng griyaning sadhèrèkipun ingkang nama Radiman, saking ngriku têrus wangsul ngadhêp Abdulsukur. Lajêng dipun pitakèni: "Kowe saka ngêndi, Ngat, dene kringêtmu gumrobyos kaya wong mêntas adus mangkono?"

"Saking griyanipun Pak Bêdhug, pados katêrangan."

"Olèh?"

"Pangèstu, kyai."

"Sapa malinge, apa nyata Pak Bêdhug dhewe kaya pangiramu biyèn?"

"Inggih. Nanging piyambakipun namung sadrêmi dados tangan."

"Dadi ana kang prentah?"

"Mila yêktos makatên."

"Sapa kang prentah, apa kakang Dulmajid?"

"Hla, punika kula ragi klintu, jêbul ..."

"Jêbul ... sapa?"

"Dede tiyang sanès, lan inggih dede tiyang têbih, jêbul ingkang putra Mas Sumardi piyambak."

"Sapa? Sumardi?"

"Inggih"

"Sumardi?" (Ing sêmu kirang pitados).

"Inggih, Mas Sumardi."

"Êlo, hla Sumardi duwe pokal kaya mangkono iku karêpe kêpriye?"

"Prakawis punika kula dèrèng sagêd matur, awit pamirêng kula tumrap prakawis wau kirang cêtha. Sagêd ugi anggènipun Mas Sumardi gadhah pokal makatên karana gêgayutan kalihan Partadikrama, awit srapat-srapatipun Mas Sumardi gadhah sêdya badhe mêndhêt anakipun."

--- 51 ---

"Kêpriye ênggonmu bisa wêruh marang prêkara iku?"

Pangat lajêng nyariyosakên sadaya ingkang sampun dipun sumêrêpi lan dipun pirêngakên ing sontên wau wontên griyanipun Pak Bêdhug, wiwitan ngantos dumugi wêkasan, têtês tapis botên wontên ingkang kêlangkungan. Abdulsukur njingglêng mirêngakên. Sarêng anggènipun cariyos Pangat sampun rampung, Abdulsukur wicantên: "Dadi layang-layang iku saiki isih ana panggonane Pak Bêdhug?"

"Inggih."

"Apa layang-layang mau kira-kira bisa bali mênyang aku manèh?"

"Manawi tanpa alangan, mangke sadèrèngipun jam satêngah sawêlas sadhèrèk kula pun Radiman badhe sowan mriki ngaturakên."

Abdulsukur ndêgèg, ing sêmu botên ngandêl dhatêng wicantênipun Pangat ingkang makatên wau, lajêng nyopot kacamripatipun atakèn: "Apa ora gêguyon, calathumu mangkono iku?"

"Punapa kula ewah, purun gêgujêngan ing ngarsanipun kyai!"

"Katrangane kêpriye?"

"Prayogi mangke kemawon, kyai ndangua piyambak dhatêng kakang Radiman."

"Dadi sok mangkonoa, sing nindakake kadursilan nganti mèh nganakake pêpati iki wong-wongku dhewe. Wis mêsthi kabèh mau bakal tampa pituwas ing samurwate, bakal dakpêcati saka pagaweyane. Lan manèh ênggonku mbalang kêmbang marang Partadikrama: mangkene iki piwalêse. Saiki marga saka lupute dhewe kêpêksa aku mêdhot pamitranku lan dhèwèke, wiwit ing dina iki aku ora bakal pitaya manèh."

"Klilan matur, kyai."

"Apa?"

"Partadikrama kados prêlu kanyatakakên rumiyin, tumut campur prêkawis punika punapa botên. Ingkang kula kuwatosi: gèk ing wêkasan kêtitik tanpa kalêpatan, rak susah bilih ngantos kêlampahan kados makatên."

"Aku manut ing karêpmu. Sesuk bae kowe mranaa, urusên nganti olèh katêrangan sing cêtha."

--- 52 ---

Pangat matur sêndika, lajêng mundur, sarta lajêng dhatêng kamaripun, nanging sawêg mbikak kori, dumadakan dipun undang Pak Bêdhug. Pangat murugi kanthi dhêg-dhêgan, awit gadhah panyana bilih Pak Bêdhug nginjên mirêngakên anggènipun rêmbagan kalihan Abdulsukur. Pangat takèn: "Ana apa, kang?"

"Kowe mêntas ngadhêp kyaine, ya?"

"ya."

"Ana prêlune apa, ta?"

"Nyuwun prêsêkot."

"Olèh? Kene, aku njênthik srupiyah bae."

"Sasat olèh, malah didukani nganti êntèk ênting, jare, diunèkake wong ora wêruh ing sêmu, dhêngêr ana wong lagi susah-susah, ndadak nyêla-nyêla nêmbung prêsêkot."

"Sêgêr, ya?"

"Kowe, kang, gawemu mung ngece uwong."

"Kyaine apa ora ndangu aku, ya?"

"Kok ora. Hla, kêna apa ta, kakang kok kasèp têkane?"

"Si Rasid, wong isih sore ênthe-ênthe kok diwêdèni gêndruwo."

"Ana ngêndi?"

"Ana kulone omahku. Mrenea ta, lungguha kene, mêngko dakcritani."

"Mêngko, kang, mêngko, aku arêp adus dhisik. Wong wiwit esuk arêp adus kok pijêr ora kobêr bae."

"Ya mèmpêr, têtêmbungane bae kêpriye, wong cilik ... pagaweyane iplik, blanjane sathithik, pangane satlênik, lungguhe dingklik, apa kang linakonan kudu sarwa bêcik, yèn ora ... banjur dicuthik."

Pangat kesah adus sarta gantos pangangge, tumuntên wangsul malih manggihi Pak Bêdhug. Pak Bêdhug lajêng nyariyosakên bab gêndruwo ingkang sampun mbeda pun Rasid kala wau, Pangat rewa-rewa ngandêl, sakêdhap-sakêdhap akirig-kirig. Sarêng anggènipun cariyos rampung, lajêng kaatag supados ndhalang, Pak Bêdhug miturut, dhasar punika dados kasênênganipun, lampahan: Kangsa adu-adu. Tamtu kemawon tanpa ringgit, tanpa kêlir, tanpa blencong, tanpa gangsa, malah inggih tanpa sêsêgah, sadaya-sadaya sarwa cangkêm, gong cangkêm, saron cangkêm, kêndhang cangkêm, kêprak cangkêm. Pangat salêrêsipun botên sênêng nênggani tiyang ingkang kados tiyang

--- 53 ---

ngomyang punika, rinaos namung mêngêng-mêngêngi kuping kemawon, wontênipun ing wêktu samantên nênggani, malah kadhingkala tumut ngêgongi, saking kêpêksa, kangge nylamur dhatêng Pak Bêdhug supados sampun ngantos sumêrêp, samangsa Radiman dhatêng ngadhêp Abdulsukur.

Jam sadasa langkung saprapat Radiman dhatêng njujug ing ngajêngan, têrus ngadhêp Abdulsukur, sêrat kaulungakên, lajêng dipun tampèni kalayan gumuning manah. Abdulsukur enggal ngangge kaca mripat, sêrat kawaos, yêktos bilih punika sêrat ingkang ical. Lajêng pitakèn: "Kêpriye ênggonmu bisa njupuk layang iki saka omahe Pak Bêdhug?"

"Makatên: Wau sakesahipun Pangat saking griya kula, kula lajêng mrêtamu dhatêng griyanipun Pak Bêdhug kalihan semah kula, Bok Bêdhug manggihi, sarêng nêngah-nêgnahi[11] omong-omongan, semah kula takèn pakiwan, awit kraos badhe mbêbucal. Bok Bêdhug botan nyana, bilih anggènipun semah kula makatên wau namung rewa-rewa kemawon, mila purun nêdahakên miwah nênggani, sarta ing wêktu ingkang prayogi wau kula enggal mlêbêt dhatêng sênthongipun Pak Bêdhug, sêrat kula pêndhêt."

"Sukur, dene saiki layang wis bali mênyang aku manèh. Hêm, piwalês apa kang cocog karo gêdhening kabêcikanmu lan adhimu Pangat kang marang aku kiye?"

"Malah kula ... kyai ... ingkang taksih kasambutan kasaenan kathah. Inggih sampun, kyai, kêparênga kula wangsul."

"Iya, iya, Man, iya; bangat panarimaku."

Ing dalu wau ngantos dumugi enjing, pun Pangat botên sagêd tilêm, mripatipun tansah mêrêm mêlik kemawon, jalaran tansah mikir patrap kadospundi anggènipun badhe manggihi Partadikrama, ing Watês. Kêjawi saking punika Pangat ugi tansah kèngêtan dhatêng tleraming berangipun Rasid kala badhe katamakakên ing sirahipun, saupami kenginga sampun tamtu sigar byak dados kalih. Pangat ngrêtos, margi saking têtulung dhatêng Abdulsukur: badhe kathah mêngsahipun, nanging botên pisan-pisan dipun manah. Pamanggihipun: dadosa dumugi pêjah, bilih akarana sae ... botên dados punapa.

_________

--- [54] ---

VIII. DADOS GÊNDRA.

Jam satêngah nêm enjing Pak Bêdhug wangsul saking padamêlan, dhatêngipun ing griya njujug ing sênthongipun badhe tilêman. Ing wêktu samantên wontên krêntêging manah nuwèni sêrat-sêrat ingkang kasimpên wontên sangandhaping gêlaran. Sarêng gêlaran kasingkap, o, lah, kados punapa kagèting manahipun, sêrat sampun botên wontên, kapadosan ing longan inggih sêpên. Bok Bêdhug dipun undang, dipun takèni: Bokne, kowe apa ora njupuk layang kang ana ing kene?"

"Layang apa, ta?"

"Wong ditakoni njupuk apa ora, kok takon layang apa! Dak têmpiling êndhasmu, kowe mêngko."

"We lah, bagus têmên ya, esuk-esuk kok arêp diwènèhi olèh-olèh êndhog asin. Ênya, pakne, ênya, dak ulungake êndhasku, ênya têmpilingên. Wong lanang gagah iki, êndhase wong wadon kanggo têmpilingan."

Sumêrêp ingkang èstri nêpsu lan mampang-mampang kados makatên, Pak Bêdhug sarèh, jalaran lajêng kêtuwuhan manah ajrih bok kalayat tangga, sampun tamtu kirang sae kadadosanipun, wicantênipun: "Kowe njupuk apa ora? Wong ditakoni mangkono bae kok ndadak gègèr. Mangsuli: ... njupuk, ... ora ... , mangkono bae rak wis cukup."

"Ora, jan-jane layang apa, dene olèhe gita-gita kok kaya kelangan dhuwit sakanthong?"

"Dhuwit sakanthong sêpira?"

"Layange sapa, ta?"

"Layange Mas Sumardi, layang prêlu bangêt."

"Aku ora njupuk. Aja sing njupuk, dhêngêr bae ora. Layange abang, apa kuning, apa ijo?"

"Hus, abang, kuning, ijo mangkono rak layang gadhèn. Mau bêngi apa ora ana wong ngendhong mrene?"

"Ana, dhi Radiman karo sing wedok, nanging padha ora thrathakan [thra...]

--- 55 ---

[...thakan] mênyang sênthong kene. Malah durung sapiraa suwene ênggone jagongan, sing wedok lara mulês, krasa arêp mbêbuwang, dadi banjur dak jujugake mênyang kakus, aku bali: dhi Radiman isih ajêg lungguh ana panggonane kang mau."

"Ênggonmu ngêtêrake mau saka karêpmu dhewe apa saka pênjaluke bojone Radiman?"

"Saka pênjaluke bojone dhi Radiman."

"Hla, kuwi. Kowe diakali, bokne, mung kowe bae sing ora ngrêti; ya mèmpêr, hla wong bodhomu kaya kêbo mêngkono, bisamu mung mangan karo turu."

Sasampunipun wicantên makatên, Pak Bêdhug lajêng kesah manggihi Sumardi, kêlêrêsan kêpanggih sawêg tangi tilêm. Sarêng Sumardi sumêrêp Pak Bêdhug dhatêng: gugup manggihi, jalaran gadhah pangintên bilih Pak Bêdhug mbêkta pawartos ingkang botên sae. Sumardi takèn: "Ana apa, kang?"

"Wartos awon, mas, sêratipun ical kala wau dalu."

"Layange ilang? Astaga, sapa sing nyolong?"

"Botên sumêrêp. Yèn miturut cariyosipun tiyang èstri kula, kados-kados pun Radiman."

"Êlo, Radiman milu-milu tumrap prakara iki karêpe kêpriye?"

"Yèn nitik saking bêbudènipun, anggènipun sênêng pados pêndhok, inggih botên nggumunakên."

"Wis, kang, aja kêsuwèn, saiki bae kakang enggal mênyanga omahe Radiman, kiraku layange durung diaturake marang paman, olèh ora olèh jalukên."

Pak Bêdhug mangkat, sadumuginipun ing griya ingkang dipun purugi lajêng nyêbawa: "Kula nuwun!" Radiman mêdal, sarêng sumêrêp bilih ingkang akulanuwun Pak Bêdhug, manahipun dhêg-dhêgan sangêt, ing wêktu samantên kêtawis bilih sawêg pêtêng langitipun. Sasampunipun kalinggihakên, Radiman takèn: "Ontên prêlune napa, kang, dene kadingarèn, enjing-enjing mriki?"

"Prêlune ajêng takèn têng si adhi. Napa si adhi wingi sontên dolan têng griya kula?"

"Ênggih, kanca èstri sing ngajak, criyose dupèh êmpun dangu botên ngendhong-ngendhong mrika. Ontên napa, ta?"

"Kula kecalan sêrat, icale wingi sontên, hla, sakniki pripun, [pri...]

--- 56 ---

[...pun,] rèhning wingi sontên botên ontên tiyang sanès-sanèse malih sing têng griya kula kêjawi si adhi.

We, lah. Dados gêdhe cilik kula niki kêdhawahan dhênggung, ngotên?"

"Napa botên ontên èmpêre yèn kula ndakwa dhatêng si adhi?"

"Hêm, esuk-esuk kêtiban awu angêt. Mêngke, kang ... mêngke, kakang ndakwa têng kula mêkotên niku mawi wêwaton napa?"

"Yèn botên prêlu agêng botên kêlampah dalu-dalu si adhi thrathakan têng gubug kula."

"Purun gledhahane, kang."

"Botên ajêng nggledhah. Angsal botên angsal kula têdha wangsul."

"Sampeyan niku pripun, kang. Angèl têmên lados-ladosane, dicriyosi botên ontên, ... botên nggêga, dikèn nggledhah ... botên purun, rak ênggih mbingungke, ngotên niku."

"Êmpun kêkathahên criyos, dhi, sakniki mawon sampeyan ulungake, yèn botên mindhak kirang sae dadose. Si adhi rak ênggih ngrêtos: Pak Bêdhug anggêr êmpun abrit mripate êmpun botên ajrih têng setan bêlang."

"We, lah, saya ora kêpenak basane. Sampeyan kesah, kang, sampeyan kesah, yèn sampeyan botên purun kesah, sakêdhap malih sampeyan mêsthi dirangkèt pulisi!"

Pak Bêdhug ngadêg, lajêng kesah tanpa pamit, rainipun abrit mangar-mangar, tangan ngrêmêt-ngrêmêt, pratandha bilih nêpsu sangêt, kala lampahipun dumugi lawangan ngajêng nolih sapisan malih, inggih punika panolih ingkang ngandhut pangancam-ancam.

Sakesahipun Pak Bêdhug, semahipun Radiman mêdal, wicantênipun: "Pakne kuwi kêpriye, wong Pak Bêdhug têka diwanèni. Pakne rak iya ngrêti: Pak Bêdhug mono pawakan macan, ora wani saka ngarêp iya saka buri."

"Yèn ora dimangkonokake mundak tuman, bokne, wong diasori-diasori kok arêp ngidak cêngêl."

"Gumunku: Kyai Abdulsukur kuwi kêpriye, wong ana prêkara sing mbulêd ora karu-karuan mêngkene, kok ora enggal-enggal dirêpotake pulisi."

"Kuwi rak mêngkene ta, bokne: kyaine kuwi rak isih rada

--- 57 ---

ngeman marang mas Sumardi, awit kêponakane. Saupama prêkara iki dirêpotake marang pulisi, wis mêsthi mas Sumardi dicêkêl, diukum apês-apêse rong taun, jalaran dianggêp nglakoni kaluputan gêdhe. Kang mangkono mau kyaine ora nduwèni karêp, mulane têrus disidhêm bae. Jajal saupama tuwuhe prêkara iki saka wong liya, mêsthi wis dhèk biyèn-biyèn dirêpotake."

"Hla, yèn mikir mas Sumardi iya saya nggumunake manèh, ingatase wong wis ora kêkurangan apa-apa kok gêlêm nglakoni sing kaya mêngkono, karêpe mono kêpriye?"

"Aku dhewe ora ngrêti."

Wingi wontên, kala Radiman nyukakakên sêrat dhatêng Abdulsukur, wontên satunggilipun rêncang èstri ingkang sumêrêp, nama: Bok Ngali. Bok Ngali ngrêtos bilih sêrat wau sêrat prêlu, awit saupami botên, botên badhe dalu-dalu jinujugakên, tamtu dipun srantosakên dumugi benjing enjing utawi ngêmbèn. Bok Ngali lajêng nginjên saking ing papan ingkang kiwa, saking ing ngriku sagêd mirêngakên anggènipun Abdulsukur rêrêmbagan kalihan Radiman, mila mangrêtos dhatêng sadaya wêwadosipun Abdulsukur sakancanipun.

Bok Ngali sampun kasuwur satunggilipun tiyang ingkang kirang sae bêbudènipun: nggênthong umos miwah tumbak cucukan, inggih punika: botên sagêd nyimpên wêwados tuwin sênêng madul-madulakên. Enjingipun, kala Bok Ngali badhe dhatêng pêkên mampir ing griyanipun Pak Bêdhug, sadaya ingkang sampun dipun tingali miwah sadaya ingkang sampun dipun pirêngakên wingi sontên punika dipun criyosakên dhatêng pak Bêdhug, ingkang nêmbe kemawon wangsul saking griyanipun Radiman, kala samantên Sumardi ugi kêlêrês wontên ing ngriku.

Sakesahipun Bok Ngali, Sumardi wicantên dhatêng Pak Bêdhug: "Saiki kêpriye, kang, prêkara iki, bêcike disigêg samene bae, apa dibanjurake? Saiki wis têtela, yèn aku kabèh iki kêna dibasakake dhadhap kêtuwuhan cangkring, sakabèhing sêdyaku arêp jugar marga disetani dening kancil julig si Pangat."

"Kula botên ngintên bilih pun Pangat punika widara ulêrên, samangke kula sawêg mangrêtos bilih saenipun dhatêng kula namung ing lair kemawon."

--- 58 ---

"Dadia mênyang aku mêngkono uga. Dakpikir-pikir Si Pangat kuwi lêgan golèk momongan. Wis, kang, saiki aku mung ngèlingi unining têtêmbungan kang mangkene: utang lara nyaur lara, utang pati nyaur pati. Pangat wis gawe wirang mênyang aku lan kakang, adile saiki kudu diwalês, gênti diwirangake."

"Manawi namung kadamêl wirang kemawon botên badhe dados gudhig, kirang prêlu sami kula pikir. Pamanggih kula: kula sadaya punika kadamêl pêjah utawi dipun pêjahi. Hêm, sampun gênah sangêt, anggèning piyambakipun purun kangelan makatên punika rak nggadhahi pamrih supados kula sadaya sami dipun lêpasi, sami dipun ukum. Punapa botên nama damêl pêjah, makatên punika?"

"Yèn dipikir jêro iya mêngkono. Saka panimbangku, bêcike mêngkene bae: Saiki kakang prayoga mênyanga Seladhana nêmoni Kartubi, kandhanana prêkara iku mau kabèh, lan iya critanana yèn ing dina iki Pangat lunga mênyang Watês, yèn nitik saka kandhane Bok Ngali mau, jare mangkate jam papat sore baline ing wayah bêngi, dene bênêr utawa orane êmbuh ... aku ora wêruh."

Pak Bêdhug ingkang wiwit wau mila ngigit-igit sangêt dhatêng Pangat, sarêng dipun prentahi Sumardi makatên, botên mawi kamanah panjang malih ... lajêng nginggihi. Sarta ing sakesahipun Sumardi enggal dandos, sêdyanipun badhe mangkat dhatêng Seladhana. Kala Pak Bêdhug dandos, ingkang èstri wicantên: "Pakne, saka pêngarêp-arêpku bok aja kok banjur-banjurake olèhmu nduwèni watêk durga ngangsa-angsa kuwi, dakpikir-pikir: kaya-kaya bakal ora bêcik dadine.

"Kowe mênênga bae, bokne, aja milu-milu. Kowe wong wêdok, pamikirmu landhêp dhêngkul, anggêr wis madhang warêg, nyandhang rapêt rak wis cukup."

"Upama kowe nêmu kasusahan, apa mung kowe dhewe sing ngrasakake, pakne? Apa kirane aku ora milu prihatin?"

"Wis, bokne aja kakehan gunêm, aku arêp mangkat, mêngko bae kowe mrêlokna sowan kyaine, matura aku ora bisa jaga, marga lagi lungan nglayat."

Sasampunipun wicantên makatên Pak Bêdhug lajêng pangkat, ingkang èstri adhêlêg-dhêlêg, ciptanipun: "Hêm, kêbangêtên

--- 59 ---

têmên bapakne kuwi, anggone nggêdêbog bosok kok ora ana sudane, wis ping pira bae tampa piwuruk, ewasamono ora kapok, dipênthung uwong uwis, diukum wis kêrêp, gèk kurang apa manèh. Atine lêmês alu, yèn wis karêp ora kêna dipênging. Saiki mênyang omahe Kartubi, mêsthine rêmbungan arêp ngadhang Si Pangat.

Kacariyos Pak Bêdhug, sadumuginipun ing Seladhana lajêng ngupadosi Kartubi, pinanggih wontên ing patêgilan sawêg nênggani para kuli ingkang sami klèthèk rosan. Pak Bêdhug nglairakên kasusahanipun, margi saking icalipun sêrat lan nyariyosakên anggènipun sampun katamuan Bok Ngali. Sampun tamtu sadaya wartos wau botên mbingahakên manahipun Kartubi. Wasana tiyang kalih lajêng sami rêmbagan punapa ingkang prêlu dipun lampahi, inggih punika: mangke dalu badhe ngadhang pun Pangat wontên ing bêbulak sacêlakipun Ngadiluwih, mila botên wontên ing Seladhana, awit Kartubi kuwatos bilih gampil kêtitik.

Kocapa pun Pangat, ing dintên wau saèstu kesah dhatêng Watês, numpak sêpedhah, pangkatipun jam sakawan sontên. Kasênênganipun pun Pangat manawi kesah tamtu ngangge jas pêthak, kêthu cêmêng, sarung plekat, mila gampil sangêt dipun titèni ing tiyang sanès. Nalika kesah dhatêng Watês wau pun Pangat inggih ngangge-angge makatên. Kala badhe mangkat manahipun mangkêl sangêt, dene banipun sêpedhah ingkang badhe dipun tumpaki nggêmbos, dipun pompa wongsal-wangsul ajêg kemawon, sarêng dipun yêktosakên têtela ingkang risak pèntilipun, nuntên dipun gêntos, sarta lajêng bidhal, nanging sarêng lampahipun sampun pikantuk kalih pal kêpêksa wangsul malih, jalaran kèngêtan bilih dèrèng mbêkta ting. Sampun tamtu sadaya wau ndadosakên kirang sênênging manahipun Pangat, malah lajêng kêtuwuhan panggraita, bilih sadaya-sadaya wau minangka tandha yèn badhe wontên lêlampahan ingkang nyalawados wontên ing margi.

Sanajan Pangat sampun nggadhahi panggraita ingkang makatên, nanging mêksa kesah, dumugi ing Watês sampun rêp sarta pinanggih kalihan Partadikrama, botên kêkirangan satunggal punapa. Jam satêngah pitu pamitan wangsul. Wêktu samantên pêtêngipun sangêt, jalaran kêjawi tanggalipun sêpuh:

--- 60 ---

nglêrêsi mêndhung. Nitik saking kandêl lan wradinipun kados-kados badhe jawah dêrês, mila lampahipun karikatakên, anggènipun nggênjot ngantos uwil. Kala wontên satêngah-têngahing margi, rantening sêpedhanipun ucul, kawêwahan lênteranipun pêjah. Pangat mandhap, rante dipun lêrêsakên, ting dipun sulêd, tumuntên mangkat malih. Nanging botên dangu tingipun pêjah malih. Pangat botên ngrêtos bilih lisahipun sampun têlas, mila lajêng mandhap, ting kasulêd, botên murub, ngantos nêlasakên dimik sadasa mêksa ajêg makatên kemawon. Pangat mêndhokol sangêt, ting lajêng kacopot dipun ocak-ocak, samangke sawêg mangrêtos sabab punapa tingipun botên murub. Mila lajêng nekad, sasampunipun ting kaêtrapakên malih lajêng mangkat pêtêngan kemawon.

Sadangunipun lumampah Pangat tansah ngraos kirang têntrêm, manahipun dhêg-dhêgan kemawon, saya cêlak kalihan bêbulak ingkang wontên sacakêtipun Ngadiluwih anggènipun sarsaran saya sangêt. Wontên ing sapinggiripun bêbulak wau piyambakipun kèndêl, ciptanipun: "Hêm, iki mêsthi arêp ana apa-apa, bênêr aku ora wêruh, nanging atiku ora kêna dicolong." Pangat kèndêl wontên sapinggiripun margi prêlu nyarèhakên napas ngiras ngêntosi bokbilih wontên tiyang langkung, badhe dipun nunuti, nanging dipun êntos-êntosi ngantos satêngah jam mêksa sêpên kemawon. Mila Pangat lajêng ucul sarung dipun ubêd-ubêdakên ing bangkekan, lêngênaning kathok miwah rasukanipun dipun wingkis asingsêt, sêpedhah kacengklak dipun bandhangakên sarosanipun, ngantos ngwontênakên swara nging nging ing kuping.

Kala lampahipun Pangat dumugi ing satêngah-têngahipun bêbulak, manahipun kagèt sangat, ngantos mèh dhawah, awit mirêng ing sapinggiripun margi wontên tiyang mbêngok: "Iki apa uwonge!" Sarta ing sanalika punika wontên suwara jumêdhor kaping kalih, inggih punika swaranipun sênjata, malah mimising sênjata ingkang kaping kalih mèh ngèngingi sirahipun, rahayunipun dene namung sumriwing kemawon wontên sacêlaking kupingipun. Pangat ngrêtos bilih ing wêktu punika gêsang wontên salêbêtipun bêbaya ingkang sakalangkung mutawatosi, mila panggênjoting sêpedhanipun dipun rosani, kèndêl-kèndêl sarêng sampun lumêbêt ing Ngadiluwih. Pangat

--- 61 ---

sampun mèh podhot napasipun, badan lungkrah alêsu, èngêtan lês-lêsan, têmahan nggloyor rêbah, swaranipun gumrobyag. Pangat gumlinting ing siti agêrêng-gêrêng, pancadriyanipun sampun botên nggadhahi raos punapa-punapa. Bêgja dene rêbahipun wau cêlak kalihan angkruk ingkang tinilêman tiyang rundha gangsal utawi nênêm.

Kala têtiyang rundha mirêng swara gumrobyag ing sacêlakipun wau sami kagèt, sarta lajêng sami murugi, sarêng têtela bilih wontên tiyang dhawah saking pit, tur botên ebah-ebah, dados dipun kintên pêjah, mila lajêng opyak rame, wontên ingkang nabuh kênthongan, wontên ingkang mlajêng dhatêng kalurahan, wontên ingkang mlajêng nyambut lampu lan inggih wontên ingkang namung mlajêng-mlajêng ngalèr ngidul kemawon margi saking bingungipun. Ngadiluwih gègèr, para têtiyang pating blêbêr sami mêdal saking griyanipun, murugi dhatêng panggenaning kacilakan. Ingkang wadana miwah mantri pulisi saandhahanipun sami dhatêng sadaya, Abdulsukur ugi dhatêng; sarêng sumêrêp bilih ingkang kêtiwasan wau pun Pangat, kêkasihipun ingkang tuhu sêtya, adhuh, kados punapa kagèting manahipun.

Pangat kapriksa, têtela bilih botên pêjah, namung klêngêr kemawon, malah sasampunipun dipun ombèni miwah dipun raupi: èngêt malih, kênthong kapurih kèndêl, Pangat dipun dangu dening ingkang wadana kadospundi mulabukanipun dene ngantos nêmahi makatên, inggih lajêng matur punapa kawontênanipun, cêkak nanging aos. Ingkang wadana lajêng dhawuh nglari durjananipun, ingkang dhinawuhan sami bidhal, nanging tanpa damêl, jalaran durjananipun, inggih punika: Kartubi miwah Pak Bêdhug sampun sami kesah kanthi cuwa, dene sêdyanipun botên sagêd kalêksanan.

Lêrês Pangat sampun èngêt, nanging dèrèng sagêd lumampah piyambak, badanipun kraos njarêm sakit sadaya, mila wangsulipun saking panggenan wau mawi dipun rêrampa ing tiyang sawatawis. Wusana sarêng Pangat sampun dumugi ing griya lajêng jawah dêrês. Wiwit ing wêktu samantên Pangat ginanjar sakit sangêt ngantos kalih minggu dangunipun. Abdulsukur tumut prihatos, makatên ugi Radiman jalêr èstri.

Lajêngipun maosa jilid II.

__________

--- [62] ---

ISINIPUN.

Kaca:

I. Taksih kulit daging piyambak ... 3

II. Ingulat-ulatakên ... 7

III. Dumugi dintênipun prajanjian ... 12

IV. Mitra enggal ... 19

V. Nglairakên pikajêng ... 25

VI. Kêpandungan ... 36

VII. Mèh kêtiwasan ... 46

VIII. Dados gêndra ... 54

 


gangsal. (kembali)
sapatutipun. (kembali)
mangkono. (kembali)
anggagas-nggagas. (kembali)
tansah. (kembali)
griyanipun. (kembali)
kêlilana. (kembali)
mangkono. (kembali)
dakpasrahake. (kembali)
10 manahipun. (kembali)
11 nêngahi. (kembali)