Langênarja, Padmasusastra, 1898, #199

JudulCitra
Terakhir diubah: 17-11-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

--- 186 ---

Langênarja

1. Sêkar langên-gita pelog pathêt nêm.

1. marna: pasanggrahan Langênharja | kang mayasa: jêng sinuhun kaping sanga | têbihira tigang pal sakidul praja ||

2. kăntra: mangetan ajênging pura | pinarsada: capuri wingking kewala | menggok prapta: dalêm agêng ingkang madya ||

3. mawa: wiwara măngka gapura | kanan kering: kang lumêbèng jroning pura | lamun dalu: margine kang nganglang pringga ||

4. wisma: [wi...]

--- 187 ---

[...sma:] kang munggul kiduling pura | măndhakiya: pandayanirèng pamuja | ngandhap karya: pakuwoning para putra ||

5. ngarsa: datan mawi pinarsada | amung sinung: laleyan inggil saasta | pinandara: pindha ombaking samodra ||

6. nyăngga: pot bêling wadhah puspita | tarap prapta: ujung pagut lan gapura | sinung dwaja: munggul asri kawistara ||

7. marga: pirit mubêng pagêr bata | ngalèr prapta: simpangan kang marang praja | mangidule: dumrojog anjog narmada ||

8. gwanya: giyo tamane kawarna | ana kumba: naga liman myang cakarwa | wahanane: sang nata lamun cangkrama ||

9. saha: sori putra myang wandawa | mudhik prapta: pakuwoning Parangjara | alêlana: lêlangên misaya mina ||

10. kadya: ruwiyaning jaman kina | duk narendra: Maispati apêpara | lan pra garwa: mring sawanganing samodra ||

11. purna: cinitra ari Raditya | tri wêlas ing Saban Jimawal kang warsa | gatinira ngluhurkên sarira raja ||[1][2]

 


§ = 1805. (kembali)
Tanggal: Raditya (Ngahad) tri wêlas (13) Saban (Ruwah) Jimawal: gatinira ngluhurkên sarira raja (AJ 1805). Tanggal Masehi: Minggu 3 September 1876. (kembali)