Pranatanipun Paguyuban Băndha Wasana, Budi Utama, 1930, #648

JudulCitra
Terakhir diubah: 30-11-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Pranatanipun Paguyuban Băndha Wasana

--- [0] ---

Kawêngku ing Abipraya, Surakarta

Pangèngêt-èngêt: Băndha Wasana punika paguyubanipun pralenan warga ing Abipraya, ingkang kaadêgakên dening Abipraya nalika taun Alip sinangkalan Gêgununging Pamboja Murtining Laya (1827)[1]

Kaêcap ing pangêcapan N.V. Bumi Utama Surakarta 1930.

--- 1 ---

Pranatanipun Paguyuban Băndha Wasana (Statuten) Bangunan ingkang kaping tiga.

Bab: 1.

Paguyuban pralenan Abipraya punika lastari nama: Băndha Wasana, adêgipun kawêngku ing Abipraya, manggèn salêbêtipun kitha Surakarta, laminipun botên kawangênan.

Bab: 2.

Sêdyanipun paguyuban punika:

Ha: Tulung-tinulung bilih wontên warganipun ingkang tilar donya.

Na: Marsudi murih prayogining pangrukti layonipun ingkang tilar donya wau, dumugi panguburipun.

Ca: Sanès-sanèsipun ingkang botên nêrak kasusilan saha awisanipun nagari.

Bab: 3.

Kalampahanipun sêdyaning paguyuban punika sarana:

Ha: Sumbang-sinumbang.

Na: Layad-linayad.

Ca: Sanès-sanèsipun ingkang murih prayogi, sarta cocog kalihan jêjêripun pralenan.

--- 2 ---

Bab: 4.

1. Ingkang kenging katampèn dados warganing paguyuban punika:

Ha: Warganipun Abipraya.

Na: Garwa utawi bojo sarta sêliripun warga ingkang absah, sarta kêdah katanggêl dados sêsanggènipun ingkang kakung.

2. Sadaya wau botên kawangênan umuripun, namung ingkang manggèn salêbêtipun kitha Surakarta.

Bab: 5.

Wêwênangipun para warga wau:

Ha: Kenging adamêl piwêling dhatêng pangrèh, benjing manawi tilar donya, supados nindakakên bab pangruktining layon dumugi panguburipun, ingkang wragad wragadipun nyêngklong saking pantakarta (pasumbang) nanging samantên wau manawi ajalipun wontên salêbêting kitha Surakarta.

Na: Kenging ningali buku-bukuning paguyuban.

Ca: Wênang usul dhatêng pangrèh, ingkang murih saenipun Băndha Wasana.

Bab 6

Kawajibanipun para warga:

Ha: Manawi wontên warga tilar donya sasagêd-sagêd kêdah mêrlokakên anglayad kalayan mangangge jangkêp, rasukan cêmêng utawi miturut pranatan nagari, sarta ngatingalakên bela sungkawa, saha ngrênggani pantêsing lampahipun layon, utami sangêt bilih

--- 3 ---

sagêd dumugi ing pakuburanipun.

Na: Ambayar pantakarta miturut pratelanipun pangrèh.

Ca: Sawanci-wanci tilar donya, angsal pantakarta, sarta manawi nalika gêsangipun nilar piwêling, lajêng katindakakên miturut piwêlingipun, nêtêpi kados ingkang kasêbut ing bab: 5 aksara: ha, ing pranatan punika.

Ra: Rumêksa kawilujêngan sarta ihtiyar murih saya tambah saenipun adêging pakêmpalan.

Ka: Sabên-sabên Băndha Wasana parêpatan agêng, andhatêngi urun rêmbag.

Da: Manawi wontên warga salin nama, pindhah panggenan, nampèni ganjaran sri nugraha, kêdah lajêng pratela dhatêng pangrèh.

Bab: 7

1. Têtêpipun dados warganing Băndha Wasana punika, manawi sampun ambayar arta èntre, sarta sampun nampèni pratisara, nanging tumindakipun anglayad sapiturutipun kados ingkang kasêbut bab: 7 wau, bilih sampun: 100 dintên, saking pambayaripun èntre sarta tampinipun pratisara.

2. Warganipun paguyuban Băndha Wasana punika kengingipun kèndêl saking anggèning dados warga manawi sabab:

Ha: Kenging sabab: mêdal saking kajêngipun piyambak, utawi kèndêl saking anggènipun dados warganing Abipraya. Sarta sadaya wau, [wa...]

--- 4 ---

[...u,] tumrap warga saking bojo utawi sêliripun, ugi kêdah lajêng kakèndêlakên.

Na: Botên ambayar pantakarta, ngantos langkah saking wêwangên ingkang katamtokakên.

Ca: Warga saking bojo utawi saking sêlir wau, bilih pêgatan, ingkang jalêr kêdah lajêng pratela dhatêng pangrèh, salajêngipun, randhaning warga wau ugi lajêng kakèndêlan saking anggènipun dados warganing Băndha Wasana. Manawi botên pratela, katêtêpakên taksih dados sêsanggènipun ingkang jalêr. Namung manawi katilar ajal, kenging kalastarèkakên.

Ra: Manawi wontên warga pindhah panggenan sajawining kitha, ugêr taksih wontên salêbêtipun nagari Surakarta, sarta taksih dados warganing Abipraya, bilih nyuwun lêstari anggèning dados warganing Băndha wasana, kenging kalastarèkakên.

3. Manawi wontên warganing Băndha Wasana ingkang nêdha kèndêl utawi kakèndêlan, sadhengaha sababipun, sami botên kenging ngucik dhatêng gadhahanipun Băndha Wasana.

Bab: 8.

1. Ingkang nguwasani tumindaking paguyuban punika: pangrèh. Pangrèh wau dumados saking pangrèhing Abipraya kalihan wakiling Băndha Wasana.

2. Wakiling Băndha Wasana wau sakêdhik-sakêdhikipun cacah: 3, têtêpipun [têtê...]

--- 5 ---

[...pipun] kêdah kapilih wontên ing parêpatan agêng Băndha Wasana. Têtêpipun dados wakil kawangên: 2 taun, kèndêlipun botên sêsarêngan, sarta kenging kapilih malih.

3. Wakil punika kawajibakên ambiyantu nyambut damêl dhatêng pangrèhing Abipraya, ing atasipun bot repoting Băndha Wasana. Dene pameranging padamêlanipun, kapacak ing wêwaton piyambak.

Bab: 9

1. Ingkang dados bandhanipun paguyuban punika:

Ha: arta pantakarta, tuwin saking kadarman lan sanès-sanèsipun.

Na: barang utawi pirantosing paguyuban.

Ca: tuwin asil sanès-sanèsipun.

2. Pangrèh kawênangakên nanjakakên arta sapanunggilanipun wau, kangge kabêtahan sarta pêrluning pakêmpalan ingkang sampun maton, utawi ingkang kamanah prayogi.

Bab: 10

1. Apêsipun sawulan sapisan, pangrèh sami parêpatan manah pêrlunipun Băndha Wasana. Sarta sawanci-wanci, wrêdha wisesaning abipraya matah wrêdha wasistha: 2, tuwin wakil Băndha Wasana: 1, nitipriksa kawontênanipun pantakarta.

2. Sabên sataun sapisan pangrèh kêdah damêl parêpatan agêng, prêlu nglapurakên kawontênaning panindak Băndha Wasana dalah artanipun, [artanipu...]

--- 6 ---

[...n,] milih gêgêntosipun wakil, nêtêpakên komisi kas, saha sanès-sanèsipun.

3. Manawi kamanah pêrlu, pangrèh kenging ngwontênakên parêpatan agêng mirunggan. Makatên ugi kosok wangsulipun, bilih wontên panêdhanipun warga apêsipun cacah sadasa, nyuwun damêl parêpatan agêng wau ugi kenging, sarta manawi salêbêtipun 15 dintên pangrèh botên mituruti, warga ingkang sami gadhah panêdha wau, kenging lajêng ngwontênakên parêpatan agêng mirunggan piyambak, dene tuntunan sarta tatananing parêpatan, kêdah katindakakên dening ingkang sami gadhah panêdha wau piyambak.

4. Wontên ing parêpatan agêng, warga satunggal gadhah swara satunggal, makatên ugi pangrèhing abipraya ugi sami gadhah swara nyatunggal. Manawi petanging swara kapanggih sami kathahipun, wrêdha wisesaning Abipraya utawi sêsulihipun ingkang wênang ngrampungi.

5. Absahipun parêpatan agêng wau botên mawi metang cacahipun warga ingkang dhatêng.

6. Ingkang wênang damêl pranatan sarta lampah-lampahipun paguyuban punika, amung parêpatan agêng, wêwaton swara ingkang kathah piyambak, makatên ugi ewah-ewahanipun.

7. Sadaya bab ingkang dèrèng kalêbêt ing pranatan punika, badhe kapratelakakên wontên ing lampah-lampah. Dene lampah-lampah wau kêdah ingkang botên nyulayani kalihan sasuraosipun [sasurao...]

--- 7 ---

[...sipun] pranatan punika.

Bab: 11

1. Manawi cacahing warganipun paguyuban Băndha Wasana punika kantun: 60, Băndha Wasana kêdah lajêng ngwontênakên parêpatan agêng, ngrêmbag kadospundi prayoginipun.

2. Pranatan punika kauningakakên ing kangjêng parentah agêng, makatên malih manawi ing têmbe wontên ewah-ewahanipun.

Kadamêl wontên ing parêpatan agêng nalika dintên malêm Kêmis, tanggal kaping: 7, Mukaram Jimawal: 1861, utawi kaping: 5/6 Juni: 1930.

Pangrèhing Abipraya:

Wrêdha wisesa, Radèn Mas Arya Padmanagara,

Wrêdha wacaka I. Radèn Ngabèi Sastrasutarma,

Pinisêpuhing wakil Băndha Wasana: Mas Ngabèi Martapraja,

Kumisi ingkang kapatah nglaras: Sastrasutarma, Sastrasuwarna, Sastralêsana

 


Tanggal: Alip: gêgununging pamboja murtining laya (AJ 1827). Tahun AJ 1827 jatuh antara tanggal Masehi: 2 Juni 1897 sampai dengan 21 Mei 1898. (kembali)