Karangpandhan en Srikaton, Padmasusastra, 1898, #200

JudulCitra
Terakhir diubah: 31-08-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

--- 188 ---

Karangpandhan en Srikaton

1. Dhandhanggula

1. kang mangagnya: mrih sarkarèng rawi | jêngira sang: narèswaratmaja | panggagasing sarirane | ngèngêti kalanipun | rancakèng tyas duk anèng ardi | agung dènnya sangsara | ngambah jurang sirung | beda praptane sanggraha | ical sagung rancaka enggar ing galih | marma kinèn amarna ||

2. mring kang wignya têpaning palupi | lêlêpiyan pamardining basa | kang tumulad pagunane | sujana kang wus putus | karsanira kang asma sandi | kaping tri Surakarta | pinardawèng kidung | laksita dènnya cakrama[1] | dhèrèk kang wa: Jêng Gusti Pangran Dipati | Arya Mangkunagara IV ||

3. nalika mring pacangkraman ngardi | Karangpandhan sawetaning praja | kalih dasa pal têbihe | ing nguni yasanipun | swargi Kangjêng Pangran Dipati: | Arya Mangkunagara | kaping [ka...]

--- 189 ---

[...ping] kalihipun | mangkya winangun wus dadya | rakitira kadi puraning maharsi | tuwin pandhita raja ||

4. lawan yasa pacangkraman malih | ing Srikaton namaning aldaka | kidul wetan ing prênahe | mung nêm pal têbihipun | saking wukir ing Pandhanpuri | ing mangke sampun dadya | ngilèn ajêngipun | asri rêngganing suyasa | yeka ingkang badhe pinirsa jêng gusti | lajêng arsa pêpara ||

5. lan jêng tuwan residhèn ing nagri | Surakarta Yekêl asmanira | kang tumuntur ing lampahe | katri putra sang prabu | ingkang sêpuh Jêng Pangran Bèi | myang Pangran Prabuningrat | lawan arinipun | Pangran Kusumadiningrat | wontên malih atmajanira Jêng Gusti | Arya Mangkunagara ||

6. mung sakawan kang sami umiring | Pangran Arya Prabu Prangwadana | Pangran Dayakusumane | kang kalih wus tinuduh | ngrumiyini dhumatêng ardi | Pangran Găndasaputra | lawan arinipun | Pangeran Găndaatmaja | kalih [ka...]

--- 190 ---

[...lih] sami binêbahan mariksani | sagunging pasanggrahan ||

7. lawan kinèn lajêng dhatêng ardi | Seladhukun watêsing Magêtan | amêthuka ing lampahe | residhèn ing Madiun | Kangjêng Tuwan Pèlsêr: kang nami | arsa mring Karangpandhan | panggih ipenipun | residhèn ing Surakarta | mila mangke umangkat nunggil saari | mrih sarêng praptanira ||

8. nahên ingkang mêthuk anèng margi | winursita: Risdhèn Surakarta | kadi sarêng ing lampahe | enjing wanci jam pitu | angkatira saking nagari | anuju ri Anggara | nêmbêlas sitèngsu | wulan Saban Be kang warsa | sinêngkalan: ngèsthi nênga salira ji |[2][3] kang nunggil sakareta ||

9. Kangjêng Gusti Pangeran Dipati: | Arya Mangkunagara: kalawan | Kaptin Noi katigane | sakawan putranipun | kangjêng gusti kang kaping kalih | namarya Brajanata | gangsal putranipun | Jêng Gusti Pangran Dipatya | Arya Mangkunagara: kang wus winuni |

--- 191 ---

Pangran Dayakusuma ||

10. Jêng Pangeran Ngabèi anitih | sanès rata lan Jêng Pangran Arya: | Prabuningrat: katigane | Jêng Pangran Arya Prabu | Prangwadana: malih putra ji | Pangran Sumadiningrat | catur nunggil dunung | wontên malih sanès rata | andhèrèkkên mung badhe dugi bênawi | Pangran Suryadiningrat ||

11. lan ambêkta kalih ingkang rayi | Dèn Mas Suryadarmaja kang nama | Suryadarsana kalihe | têtiga nunggil dunung | wontên malih ingkang umiring | inggih sanès kareta | sira Dyan Tumênggung | Jayasarosa kalawan | Dyan Ngabèi Cakrajaya ingkang nami | lawan Jayasumarja ||

12. tuwin malih sira Angabèi | Martarêja: lan Jayadipraja | sami bêkta ampilane | dene ingkang garubyug | ing kareta ngajêng lan wingking | dragundêr mung sakawan | gangsal tindhihipun | lampahira sampun prapta | jawi kitha ing Jurug kilèn bênawi | têdhak saking kareta ||

--- 192 ---

13. pinêthukkên wadana pulisi | Dèn Mas Arya Sêbrata: kang nama | umarêk sapanêkare | kang sadhiya ing ngriku | kangjêng gusti pangran dipati | lan Risdhèn Surakarta | lajêng tindakipun | dhatêng têpining narmada | nitih palwa nama Sang Nagabasuki | lan sagung para putra ||

14. dyan tumênggung tuwin para mantri | numpak palwa aran: Cakranggana | mudhik ngetan panabrange | prapta babaganipun | gya tumêdhak dhumatêng gisik | tan karsa pinaraka | pasanggrahan agung | lajêng anitih kareta | lan pra putra sadaya ingkang umiring | ri wusira samêkta ||

15. gya nimbali dhumatêng kang rayi | Pangran Suryadiningrat kang măngka | parawira ulunane | tuwin radyan tumênggung | kang pinatuh pinatah patih | sira Jayasarosa | kalihe tinuduh | wangsula marang ing kitha | rumêksaa ing praja lan jroning puri | bawah Mangkunagaran ||

16. ingkang rayi sandika wotsari | tuwin sira Sang Jayasarosa | sumanggêm [su...]

--- 193 ---

[...manggêm] konjêm sêmbahe | saha sakondhangipun | pra wadana panèwu mantri | samyatur pujastawa | tan antara dangu | rinakit rekaning lampah | kang garubyug tuwin wadya kang jajari | samaptaning pêpara ||

17. tandya bidhal lumaris tan aris | nitih rata Kyai Wimbakarya | kapal Sidni pangiride | napas tur pancal panggung | de kang mawor sarata ngarsi | tan ewah rakitira | kadi duk ing wau | miwah kang jajari rata | sumawana: kang garubyug munggèng wuri | sadaya mantri desa ||

18. wimbasara myang kang para langsir | amung catur sangajênging rata | ingkang andhèrèk lampahe | wadana para gunung | samapta gya numpak turanggi | Dyan Mas Arya Sêbrata | yeka tindhihipun | rumêksa jro lumaksana | kang sumambung wurine para pulisi | rata titihanira ||

19. atmajendra Jêng Pangran Ngabèi | jajar lawan Pangran Prangwadana | ingkang wontên ing ngarsane | kang rayi ajêjuluk | Pangran [Pangra...]

--- 194 ---

[...n] Prabuningrat lan malih | Pangran Sumadiningrat | yeka arinipun | sadaya nêdhêng taruna | catur samya pantês sami pêkik-pêkik | siringan warnanira ||

20. sinêru kras lampahira prapti | padhukuhan Jumog wastanira | katon gabag pêthukane | yeka wadana gunung | Radèn Citrapradata nami | rumanti nganti karya | saprikancanipun | Kabupatèn Karanganyar | anggêntosi ampilan kaprabon sami | kang saking jroning praja ||

21. nging jêng gusti pangeran dipati | datan karsa ngèndêlkên wahana | lajêng wau ing lampahe | kunêng ta kang winuwus | Dyan Mas Arya Sêbrata nguni | lawan sakondhangira | wus kalilan wangsul | tan winarna anèng marga | amangsuli jêng gusti pangran dipati | tantara sampun prapta ||

22. Karanganyar ing nalika wanci | pukul sanga antaraning surya | samana kèndêl lampahe | ing ngriku gya pinêthuk | asistène ing Wanagiri | Pan Ordhên namanira | nuju [nu...]

--- 195 ---

[...ju] wontên ngriku | tumut mriksani pradata | manambrama mring wau kang sami prapti | lênggah anèng pandhapa ||

23. kinurmatan ing găngsa angrangin | saanane pantês tan kuciwa | kapiyarsa nêngsêmake | miwah sugatanipun | gung lumintu ganti-gumanti | sabên panti rinêngga | asri yèn dinulu | winangun saananira | amarnani lêlangse linusir-lungsir[4] | wastradi warna tiga ||

24. gêdhah seta rêkta ngrêspatèni | sinangsaya bêbuntaling patra | tumangkar mêkar sêkare | palêngkung dêling wulung | jêng-ajêngan umanjing margi | ingapit dwaja panjang | bêbanjêngan munggul | panjrah ing lêlayu pindha | sambartaka tumêkèng marga marapit | minăngka panêmbrama ||

25. mring pra gusti kang sami ningali | uparêngga rakiting sasana | mangkana ta sêsampune | sunggata praptanipun | wedang-wedang minuman sami | samana sang iswara | asasmitèng wadu | tanggap saratining rata | gya umajêng mring ngajêngan sampun prapti | pangirid [pangi...]

--- 196 ---

[...rid] kuda rêkta ||

26. kapat pisan sami tanah Sidni | sanalika kangjêng sang iswara | kêbut budhal sawadyane | Pan Ordhên gya tinuduh | umiring mor sarata ngarsi | langsir catur ingarsa | kang garubyug pungkur | turăngga awarna-warna | kanthanira katingalan saking têbih | lir srinata pêpara ||

2. Sinom

1. tan alon ing lampahira | ngambah radinan waradin | punika iyasanira | jêng gusti pangran dipati | ping catur kang mandhiri | marmanta iyasèng ngriku | dene margi kang lama | sakalangkung saking rumpil | nut sasêngkaning ardi kèh kang pêparang ||

2. padhas pêpadhane sela | tan sêla pipit marapit | sinampêt gung ingampatan | prandene mêksa mandhêlis | dumadya ing samangkin | jêng gusti ing karsanipun | mahyasa kang radinan | salère lawan kang lami | pinrih aywa sangsaraning lumaksana ||

3. kunêng wau lampahira | rikating carita prapti | madyaning bêbulak [bêbu...]

--- 197 ---

[...lak] tawang | wontên kang cêcadhang margi | Tuwan Kiliyan nami | ing Banyak dènnya dêdunung | kayungyun ngayubagya | mring wong agung kang cangkrami | marma karya têtarub sakadarira ||

4. lêlayu tuwin bandera | palêngkung nglangkahi margi | binulêt bêbuntal patra | patrape nyêkar sinuji | jêjênêng tan rinuji | rêsik pasawanganipun | mangkana rawuhira | residhèn lawan jêng gusti | Tuwan Kliyan gya mêthuk rèh gurawalan ||

5. sumungsung asung sambrama | raharja rawuhing gusti | lan para tamu sadaya | sarampungira sêsanti | sacaraning aprapti | tandya saos asêsugun | sunggata kang minuman | sapanyê[5] minăngka saksi | kayêktène sumungku sungkêming prana ||

6. ing angga rèhning kabawah | rampunging sunggata nuli | sami pamit têtabean | pra tuwan lan para gusti | nitih rata tumuli | sinêrêg turăngga mamprung | tan antara katingal | padhusunan Tawangasri | sinung wisma măngka pakèndêlan [pakèndêla...]

--- 198 ---

[...n] rata ||

7. rontèk rantap kawistara | saantaranirèng margi | ngêngrêng saliring rêrênggan | kawuryan sangkaning têbih | ing têba saksat kadi | kaluwung barung manawung | sapraptanirèng kana | wong agung nulya ngèndêli | saking rata tumêdhak gya sinewaka ||

8. munggwing tarub wêwangunan | siniwèng wadya kang sami | umiring saananira | wau sauruting margi | tuwin ta ingkang saking | Karangpandhan wadya mêthuk | Panèwu Păncarêja | sapanêkarira sami | Karangpandhan rumanti nganti nèng kana ||

9. kanthi wadya patuh désa | dêmang răngga myang patinggi | samapta mawa turăngga | gilir sami ngampil-ampil | ampilan saking nagri | upacaraning kaprabun | myang wadya wimbasara | ingkang badhe anjajari | wus pinatah ngarsaning rata tan têbah ||

10. sakawan mawa bandera | mangkana rata gumanti | pangirid turăngga krêsna | kapat sami saking Sidni | sêsampuning miranti | datan dangu bidhalipun |

--- 199 ---

tan owah lampahira | amung wadya ingkang saking | Karanganyar kalilan wangsul sadaya ||

11. wadya saking Pandhanpura | garubyug wênèh jajari | ing wanci pukul sadasa | kikising gumawang prapti | rakiting upakardi | asri kawuryan wèh yungyun | wau sarawuhira | wong agung dipun urmati | munggang ngangkang mariyêm sangang rambahan ||

12. yeka pakurmatanira | Tuwan Dhabu kang pêpanti | dhusun kitha Kuwadungan | mangkana kang para gusti | lan para tuwan tami | kèndêl ing ngriku cumundhuk | dyan wau têtabean | rampung ingacaran sami | lêlênggahan sinunggata num-inuman ||

13. binoja pinarikrama | sinawung ing sabda manis | tumrah sumrambahing wadya | supênuh tan nguciwani | tantara asêsanti | angunjuk wilujêngipun | wong agung ingkang samya | karsa lêlana ningali | kalangênan sukuning ardi Dumilah ||

14. sawusira kinurmatan | jêng gusti pangran dipati | myang residhèn gya pamitan |

--- 200 ---

bodhol ingurmatan dening | munggang wor găngsa atri | mariyêm munya gumuntur | warnanên Pandhanpura | pra wadya kang amiranti | dupi myarsa swaraning mariyêm munya ||

15. busêkan usrêk kang janma | wor bêkèring turănggatri | kambah-kambah ingkang wadya | prapta badhe aningali | rawuhe kangjêng gusti | jibêk têpining margagung | tan antara katingal | jajaraning rata ngarsi | mawa dwaja: kumêlap lir pritanjala ||

16. sêsêg kang sami mariksa | rêbut ngarsa kang ningali | lanang wadon mawurahan | asora swara gumriwis | mangkana kangjêng gusti | lampahira sampun rawuh | ing pasar Pandhanpura | gègère anggêgêtêri | saking sami sêmune sêngsêm mariksa ||

17. wong agung ingkang lêlana | lêlangên ing Lawu ardi | nitih rata pinandara | ing wadya saurut margi | samana para gusti | lan pra tuwan kang tinamu | akampir lêlênggahan | ing papan kang wus miranti | sabên-sabên dadya tarub pakèndêlan ||

18. asri uparêngganira |

--- 201 ---

munggul balemangu mrêgil | kinêbon binalekambang | kinubêng ing taru rêsmi | sakèhe sarwa sari | pinot-pinèt pênêtipun | tanêman warna-warna | kobis boncis kara kapri | ambaranang kang hèr bèi abra sinang ||

19. pêpak saliring sayuran | ananging datan winilis | cinêndhak ing kandhanira | mangsuli kalanta nguni | rawuhira jêng gusti | pinêthuk ing putranipun | Jêng Pangran Găndatmaja | lawan Tuwan Pogêl nênggih | upsêtraktur sinung rèh tanah Kaduwang ||

20. lawan wontên tuwan-tuwan | bangsaning Walandi prêsil | ingkang nyêpêng ing Gadhungan | anama Tuwan Pan Dhêrpit | lan Tuwan Harlop nênggih | ing Kumuning wismanipun | samya mêthuk nambrama | jêng pangran kang ngacarani | asêsambèn rumanti ngrukti sunggata ||

21. pra wadya kang nambut karya | satataning para tami | inuman mawarna-warna | ing wadhah sarwa gumrining | sagunging para gusti | pra samya karênan ngunjuk | saliring [salir...]

--- 202 ---

[...ing] pasugatan | tanpa kuciwa sadêmi | praptèng măngsa têngange ing wancinira ||

22. marpat rata ngabyantara | apangirid satus janmi | jumbuh warnaning busana | ikêt wulung mawa caping | pinulas mêlês langking | rasukan kuthungan wulung | tinêpi wastra jingga | sabuk kêthelan ngalinthing | bêbêdane jinigrang wangun cincingan ||

23. tur bathikan latar krêsna | obyong saruwale kèksi | gêdhah tinêpi ing rêkta | tinon sing mandrawa kadi | jingga lir wora-wari | mangkana wau wong agung | ngacari para tuwan | sumêngka agraning wukir | nitih rata rantap pangiriding ngarsa ||

24. sagunging kang upacara | ulêse wus dèn rucati | ngiring ngurung-urung rata | arampak rêmpêg lumaris | sadaya para tami | sami nitih ratanipun | amung sang narpatmaja | katiga nitih turanggi | kawangkungên ing tyas dangu anèng rata ||

25. Jêng Pangeran Prangwadana | dumadya kèlu umiring | saari tuwin kang

--- 203 ---

raka | samyamong mundhut turanggi | mangkana kang lumaris | aris myat rarasing ênu | langkung asri kawuryan | rakiting pangupa kardi | margi agêng anggênggêng banderanira ||

26. turut tirahing aldaka | sêsêngkan sinung kêpering | ing ngajêng joging jêjurang | mêne pinapar pinlimping | ampatan pinaradin | ing têpi tarap tinurus | rêgulo seta rêkta | sêla sêsêlinging sari | pinarigi arêgêng sinung bandera ||

27. lêlayu lawan kakăndha | andhêndhêng saengga kadi | rakite pura pêpara | palêngkung kang ngongkang margi | rinênggèng sarwa sari | binuntal-buntal malêngkung | kongkale sawatara | kasiliring marutaris | taru kentar tabêt gandanira kongas ||

28. dumadya kèh kang brêmara | mara marang goning sari | sarana ambarung swara | abra ambêrngêngêng kadi | maharsi asêsanti | sarawuhira wong agung | agraning Pandhanpura | pinaripurna sarwasri | panti-panti ing têpi tinrapan wastra ||

--- 204 ---

29. winarna ciri martiga | gêdhah rêkta seta kèksi | saengga tejaning tirta | umentar atur pêpuji | arjaning kangjêng gusti | tanapi ingkang tinamu | marma nalikanira | rawuh graning Pandhanpuri | para putra satêmah sami asmara ||

3. Asmaradana

1. sarawuhira jêng gusti | praptèng madyaning gapura | kinurmatan găngsa rame | pelog salendro kalawan | Carabalèn myang Monggang | sinarawung barung umyung | mawor garêdêging rata ||

2. myang swaraning turăngga ngrik | kadya giri gara-gara | gumêr gumêrah swarane | pangiriding rata janma | rantapan kawistara | lumaju lajêng jumujug | sangajênging pasanggrahan ||

3. jêng tuwan residhèn aglis | umandhap saking wahana | alon wau ing tindake | mring pataraning pandhapa | kanthèn lan sang iswara | pra tamu sami dumulur | lumêbèng jro pasanggrahan ||

4. lajêng pra samya ningali | rakit rekaning suyasa | sumawana rêrênggane |

--- 205 ---

apèni-pèni maneka | sarwadi sarwa listya | sêmbadane kang mêmatut | patrape kang ngupakara ||

5. karênan ingkang ningali | jêng tuwan residhèn lawan | Tuwan Nowi lan malihe | asistèn ing Wanaarga | nèng ngriku pondhokira | sowang-sowang kamaripun | sampat srining uparêngga ||

6. cinarita kangjêng gusti | tindak anganthi kang putra | atmajendra katigane | pinirsakkên pondhokira | ing prênah tan akiwa | wingking pasanggrahan agung | sinung wisma jêng-ajêngan ||

7. têpang lataring capuri | kang kidul prathisthanira | Pangran Bèi pakuwone | lan kalih pra arinira | sawusira mariksa | papan pasanggrahanipun | gya sami dhèrèk kang uwa ||

8. jêng gusti pangran dipati | tindak pasanggrahan wetan | yeka sabên pakuwone | rawuh kinurmatan găngsa | kang gêndhing puspawarna | sêndhon sêsindhenan barung | ringgit katri nut [nu...]

--- 206 ---

[...t] irama ||

9. mlêbêt lajêng mariksani | uparêngganing suyasa | sumawana pakuwone | kang para putra sadaya | kang pantês tan kuciwa | rampunging pamirsanipun | gya miyos lêngga[6] mandhapa ||

10. kangjêng Pangeran Ngabèi | myang ari kalih tan têbah | lan kang uwa pilênggahe | tuwin pra putra santana | sami sumiwèng ngarsa | nèng ngriku datan adangu | gya tindak pakuwon ngarsa ||

11. lênggahan sajroning loji | ambajêng[7] pra tuwan-tuwan | lan para gusti jèjère | tan dangu saosan prapta | wedang tèh tuwin kahwa | gya larih midêr tumuntur | sumrambah ring para wadya ||

12. kawratan têkan pakathik | sêsambêring andrawina | mawantu-wantu praptane | sunggata maneka warna | kang adi-adi ana | tan akêndhat dhatêngipun | sumalin-salin sumêla ||

13. lêlênggahan sawatawis | lajêng sami jaga-jaga | tumingal sawêwêngkone | wana arga desa-desa | kinèkêr [ki...]

--- 207 ---

[...nèkêr] kawistara | lêngkèh lukiking gêgunung | myang jurang-jurang pêparang ||

14. parang rongkang curi-curi | rêrèjèng kajogan tirta | sumorot kênèng sunare | surya lumèng sing akasa | kasaru praptanira | residhèn nagri Madiun | Tuwan Pèsêr asmanira ||

15. saha pra tuwan kêkalih | Goalsêkil kang satunggal | asistèn ing Magêtane | Tuwan Glimê satunggalnya | kontrolir kang pilênggah | kanthi Bupati Madiun | Tumênggung Sasradiningrat ||

16. tuwin Dyan Mas Adipati | Magêtan Suradiningrat | kang dhèrèkkên ing lampahe | Jêng Pangran Găndasaputra | lan Dyan Mas Wirasmara | kanthi adminisêtratur | Tuwan Pêlo namanira ||

17. ing Srikaton kang jagèni | saha sarerehanira | langsir papat pangarsane | sami anumpak turăngga | kang grêbyêg mantri desa | dalasan patingginipun | praptèng palataran wetan ||

--- 208 ---

18. pan sami umandhap saking | turăngga gya têtabean | bage-binage rawuhe | lan pra tamu tuwan-tuwan | tumulya lêlênggahan | sajroning pakuwon agung | sinugata num-inuman ||

19. watara wanci jam kalih | prasamya lêkas bujana | kêmbul sakêmeja gone | nutug dènnya andrawina | sinêlan imbal sabda | dangu ing antaranipun | luware wong agung sigra ||

20. pamit mring rêsdhèn kêkalih | tuwin para tuwan-tuwan | kondur marang pakuwone | pra gusti saananira | sawusing têtabean | dan sami makuwon sampun | nahên ta ingkang winarna ||

21. sutendra taruna kalih | pamitan dhatêng kang uwa | badhe mirsani rakite | ing bukit tirta nirmala |[8] jêng gusti sukèng driya | amiji

--- 209 ---

mring putranipun | Jêng Pangran Dayakusuma ||

22. dinuk ing sabda tinuding | among umiringa marang | narendra putra kalihe | sinung kanthi mantri desa | aran Păncagêrjita | sabawah panêkaripun | lan nganggoa wimbasara ||

23. kapat tindhihe patinggi | kang putra matur sandika | kunêng wau ta praptane | wanci patêmbayanira | têdhake rajaputra | têtiga wus samya ngumpul | nèng pakuwon ing Ngabeyan ||

24. pra wadya wus amiranti | samapta mawa turăngga | narendratmaja nulyage | tindak dinuluring wadya | Pangran Dayakusuma | kang măngka pamonging laku | tansah cakêt wawan sabda ||

25. jajaran langsir pangarsi | naracak turangganira | kêmbaran bopong ulêse | wau pra gusti têtiga | lampahirèng samarga | tansah lon-lonan kadulu | lêlangên lir alêlana ||

26. samarga-marga ningali | aldaka kang kawistara | ing ênu saantarane | mawarna

--- 210 ---

sêsêngkanira | sawênèh ana arga | tan agêng granira munggul | grêmbêling grumbul kapirsa ||

27. lir gambar cinawi rêmit | rêmu rawat sumamburat | kasiratan ing sorote | surya lumarap ngancala | imbanging arga ana | imalaya amanawung | sinawung ing jaladara ||

28. kapraban wimbaning rawi | sumunar mahasmu jênar | tumeja-teja ujunge | kèksi isthaning prabata | kadya tur panambrama | mring sang katêmbèn andulu | kunêng ta glis praptanira ||

29. ing tirta nirmala wukir | samapta pakuwonira | rakit sauparênggane | palêngkunge ngongkang marga | rinênggèng buntal patra | sinangsayèng taru-taru | tarup têtuwuhanira ||

30. kadya dhepoking maharsi | pasang rakiting suyasa | kinubêng wukir kikise | sukèng tyas satriya tiga | sigra sami mariksa | kaananing ranu-ranu | kagambuh karya usada ||

4. Gambuh

1. purwane kang jinujug | garojogan [garo...]

--- 211 ---

[...jogan] kang nywara gumrujug | lajêng anjog kajogan ujunging wukir | tinaru-taru tinarup | kinubêng-kubêng kinêbon ||

2. umêdal udalipun | santêr sumêntor tirta lumuntur | yèku măngka pasiramaning pra gusti | kinrobong ing wastra pingul | jro jrambah tinrapan êtong ||

3. kumrêcêk kumarucuk | kawikanan ingkang apakantuk | yèn kinarya siram sabên bangun enjing | wèh kyating angga sawêgung | bêbayu pêgêling boyok ||

4. kalamun kêrêp kungkum | balung sungsum sami sêmu tuntum | kêngkêng kiyat ruwat mêmalaning dhiri | larut saliring ngrês linu | barêgas ringase katon ||

5. puniku kandhanipun | kang rumêksa sêndhang kyai dhukun | gusti katri sukèng tyas dèn wursitani | anulya tindak tumurun | anjog dhatêng tirta mandos ||

6. wontên ronge kang sirung | tur gumlêdhêg swaranira umung | toyanira katon cêmêng angêlangit | malênthuk wijiling

--- 212 ---

unthuk | rambasing rêmbês tanpa rob ||

7. ing ngriku răngga dhusun | ingkang jagi samapta gènipun | amiranti obor tuwin ayam alit | kinarya andadar banyu | kamandène kang sayêktos ||

8. ayam kang sinarimpung | pinarakkên ing pipi rong sirung | sanalika kênèng hawaning kang warih | lês anglês jiwangganipun | kêdhap idhêpe kalêson ||

9. ngalumpruk kadi kapuk | gya ngombenan toya tawa tuwuk | silir-silir kasilir nulya ngalilir | pucêting cêcènggèr wutuh | lir ing nguni nulya pêtok ||

10. pinindho pining têlu | tuhu kadi nalika puniku | sukèng driya satriya katri ningali | tumulya malih amundhut | pratăndha kang saking obor ||

11. sinulêd latu murub | pinêrakkên sanalika surud | dupi pinèt tinêbihkên mulad malih | malah ta kadya dinamu | kumantar-kantar mancorong ||

12. pra gusti sukèng kalbu | myat mubyaring obor tan tinunu |

--- 213 ---

anuhoni kontap tibaning pawarti | titikaning para catur | kang lumantar mring kadhaton ||

13. anulya tumaruntun | tumurun jro mring tirta si dhukun | sêndhang kalih kinulah tur pinarigi | bundêr kèdêran kang ranu | udaling tirta tan anggop ||

14. tur wêning umbulipun | kacarita sêndhang kalihipun | tatal lamun kinarya usada sakit | barah rambat katrap bubul | waluya yèn kinum kono ||

15. satriya katri sampun | umariksa kang sêndhang sadarum | sigra kondur dinulur ing para dasih | kadya duk ing tindakipun | kunêng ganti cinariyos ||

16. wau sapungkuripun | gusti katri wontên kang anusul | iswaratma Pangran Găndatmaja nanging | mung lancaran tindakipun | nitih turăngga bêsaos ||

17. tan têbah gya kêpêthuk | lan kang kondur samana wus cundhuk | wusnya bage-binage arjaning margi | jêng pangran umiring wangsul | kondur dhatêng ing pakuwon ||

--- 214 ---

18. kunêng rèhirèng ênu | sêtêngah nêm sampun praptèng Kuwu | adan sami sumiwèng mring Kangjêng Gusti | mung sakêdhap nuntên kondur | sowang-sowang sami ngaso ||

19. praptane pukul pitu | wus marêpat sagunging pra tamu | kangjêng gusti tindak mring sanggrahèng loji | lêlênggahan galdri ngayun | ingkang umajêng mangulon ||

20. antara pukul wolu | kalangênan ingkang sêkar latu | kang tumingal lanang wadon tarap pipit | tata kubêng kalang têpung | tumpa-tumpa kang nênonton ||

21. gumrênggêng gumarumung | gumêr-gumrah gumarêmêng umung | linêkasan wêkas lèr kang sêkar api | drêsing srèng saengga jawuh | wimbuh barondonging êlong ||

22. binarung saking kidul | srèng andêdêl anggayuh mandhuwur | têkèng luhur mêkar tumangkar mawarni | abang biru tuwin pingul | gumêr suraking wong nonton ||

23. sawênèh janma dhusun | kang kêtiban gronjal kagum-kagum | ingkang pêrak kaparak [kapara...]

--- 215 ---

[...k] ing agni ngisis | sinurak saking lor kidul | rame swaranira mawor ||

24. pradăngga amangungkung | slêbêganing kêbogiro barung | barêng găngsa kalênengan munggwing ngarsi | sinênggrang pêpathêtipun | cêp mênêng swaraning uwong ||

25. ginantyan wêdalipun | layangan ting andêdêl mandhuwur | kang tumingal akêplok surak swaratri | kang adoh kumêdah dulu | mènèk wit pucung andongong ||

5. Pocung

1. kang andulu surake mawantu-wantu | sawusira têlas | kalangênan kang kaèksi | salin gêlar tandya lêkas langên swara ||

2. kang ngêngidung tindak-tanduke tan kadung | awilêt lêmbatan | datan kewran mring rêrawit | kadi suling dumêling like mêmêla ||

3. dhasar arum saplak rêsmining raras rum | rumarah ing gita | ginanti cengkok ngrêrêngih | tistis sunya tan ana sora sabawa ||

4. tarlèn amung mirêngkên kang tansah mêlung | lir mêmêling marang | pra taruna kang winasis | têmbang-têmbang [tê...]

--- 216 ---

[...mbang-têmbang] tumibèng tibaning găngsa ||

5. rêrawi jung awijang wêdharing kidung | rêpène ngrêrêpa | pangrapu rêmpuning galih | ngayuh driya mring sagung ingkang miyarsa ||

6. tan adangu gya sami tindak malêbu | jroning pambujanan | lênggah banjêng para gusti | atanapi pra tuwan-tuwan sadaya ||

7. wantu-wantu sunggata prapta lumintu | sêling juk-unjukan | tan sêla salin-sumalin | kang surasa di-adi doh sangkanira ||

8. sru kayungyun kang prapta saking Madiun | sèwu tan anyipta | sakêthi datan andugi | lamun manggih sarwa kadi jroning praja ||

9. kongsi dangu dènira bojana wau | ngiras pagunêman | pranatan kang wus pinasthi | karsanira residhèn ing Surakarta ||

10. tindakipun benjang-enjang wanci bangun | kampir ing Gadhungan | lajêng anjog Tubagiri | kèndêl Sukuh mriksani candhi pancaka ||

11. yèn wus rampung gya têrus margi sêmpurung | jêng gusti ngandika | sakalangkung [sakalang...]

--- 217 ---

[...kung] nyuwawèni | amung kula trus saking ngriki kewala ||

12. lan pra tamu kang andhèrèk mêdal ngriku | amung putra kula | sutendra Pangran Ngabèi | sakadange kêdah andhèrèk paduka ||

13. Pangran Prabu Prangwadana kanthinipun | de pamonging lampah | sutendra pangeran kalih | putra kula Pangeran Dayakusuma ||

14. risdhèn manggut pangèsthining driya pagut | lawan karsanira | jêng gusti pangran dipati | gya luparan[9] dènira sami dhaharan ||

15. mung sapangu pinarakan anèng ngriku | jêng gusti sapala | têtabean minta pamit | para jawi sami umiring sadaya ||

16. praptèng Kuwu sinewakèng para sunu | sutendra têtiga | jajar lan kang wa marapit | Dyan Dipati Madiun lan ing Magêtan ||

17. munggèng ngayun jajar wau lênggahipun | lawan para putra | ing Mangkunagaran tuwin | kang winrêdha Sang Nararya Brajanata ||

18. tan adangu midêr kang larih mawantu | lêlangên suwara |

--- 218 ---

linuding sêsêndhon gêndhing | sinênggakan badhut lawan cêcengkokan ||

19. para tamu myarsa Ni Mbok Arumdalu | dènnya lagu swara | rênyah alus gilig mêthit | amêmêthêt wilêt sajak pasisiran ||

20. datan lugu mung mirip pacaking laku | lageyaning gita | imbal kalawan pun gadhing | nora gandhang gêndhènge wilêt pasaja ||

21. gêndhingipun pêpêthikan saking kidung | mula-mulanira | tèmbang macapat kinanthi | jinangkêpan kêthuk pat lakuning kêndhang ||

22. para badhut kêplok alot manggut-manggut | eca cêcêngkengan | jênak tyase para tami | nging kasaru ing wanci pan sampun măngsa ||

23. lingsir dalu jêng gusti sasmitèng wadu | tanggap pra niyaga | anyênggrang sêsêndhon nami | Sastradatan lajêng dhawah yak-ayakan ||

24. sigra kondur pra tamu mêndhêg tumuntur | mentar sêsowangan | mring kuwunira pribadi | kunêng ratri kawuwusa wanci enjang || [|...]

--- 219 ---

[...|]

25. janma umung kang rumanti karyanipun | kuda tuwin rata | rakiting pêpara mranti | gumarêdêg marpak munggèng palataran ||

26. dyan wong agung ngumpul mring loji sawêgung | Risdhèn Surakarta | pamit tindak ngrumiyini | nitih kuda mudhun ngalèr lampahira ||

27. kang garubyug para pulisi gumrudug | gumrêdêg kalampah | langsir catur munggèng ngarsi | sigêg gantya ingkang kawursitèng kăndha ||

28. ingkang manggung maksih nèng pakuwonipun | jêng gusti kalawan | Residhèn Madiun tuwin | kang kinanthi Dipati Suradiningrat ||

6. Kinanthi

1. kang kinèn sami tumuntur | atmajanira Jêng Gusti | Pangeran Găndaatmaja | lan kang êyang kang wêwangi | Arya Brajanata lawan | Wiraasmara sumiwi ||

2. turăngga rata wus ngumpul | pinrênah plataran ngarsi | wimbasara sikêp dwaja | ingkang badhe anjajari | ampilan wus ngapit rata | rantap pangiride kèksi ||

--- 220 ---

3. satus janma ngajêng pungkur | gumrah swaranira atri | tan antara sang iswara | bidhal kinurmatan dening | pradăngga barung sauran | sora swara gêgêtêri ||

4. lumampah tirah ing gunung | pinapar lêmpar waradin | radinan nikung mangetan | ngampat ngampar sapanginggil | pinggir pinarigi sela | tan sêla rampak marapit ||

5. anjog jurang Seladhukun | siluk bambing sêmu miring | têkèng watês Selasambang | nut imbang malih malipir | lêmpêr lampahe kang rata | datan antara kaèksi ||

6. asri katon kanthanipun | rantap rontèke marapit | kumrap linuding maruta | mirut ing rèh maratani | kadi panjrahing puspita | tumular[10] nêdhêng ngalilir ||

7. linut jaladara têdhuh | praptane mariris aris | mangkana ta lampahira | wong agung kang sampun prapti | gapuraning pacangkraman | pinalêngkung jajar kalih ||

8. urmat kang pradăngga barung | pelog slendro Carabali |

--- 221 ---

awor pangriking turăngga | pating balêkêr kapyarsi | srawungan swaraning janma | wurahan arsa ningali ||

9. rawuh pasanggrahan agung | anggênggêng saengga nagri | rinakit pura pêpara | sangkêp suyasaning ardi | mangilèn ing ajêngira | mangku arga mudhun ardi ||

10. gênêngan guh ana gunung | bawera panduk ing ngaksi | gêgêr pagêr kawistara | watêsing gapura panti | wisma catur bêbanjêngan | jinèjèr ing ngajêng wingking ||

11. pagut èmpèring bêbatur | gêndhèng payone gumrining | ing ngarsa ngiras pandhapa | tuwin suyasa ing wingking | kang têngah kinamar-kamar | măngka unggyaning pra tami ||

12. asri uparêngganipun | pinatut patraping panti | pantês goning lêlêsonan | rêsmining sarwa wêwangi | lumrang gandaning kusuma | winor ing jêbad kasturi ||

13. èmpèr ngarsa pisan sinung | payon galnisir sinami | saka tosan tur santosa | watês blandaring taritis |

--- 222 ---

rinênggèng pot sêsêkaran | tumangkar mêkar găndamrik ||

14. pinlêstèr lir jobin pingul | kajogan ngajêng pandhapi | binêdhah măngka wiwara | jajar katri cinèt wilis | sinami lawan candhela | pêpanilan pinalipit ||

15. bulêt dhêdhasar piningul | palanging têbêng ingukir | pindha jêmparing tumama | tumancêp turut ing pinggir | lêlongkanging kalowongan | ngaluwêng mubêng ngawêngi ||

16. bundêr pinindha sitangsu | umimba katon sapalih | nêb-inêb karepyak rinam | jinumbuh rêngganing sungging | wisma gêng-agêng minăngka | lêlênggahaning pra gusti ||

17. sinung rêsban kursi bangku | minuman mawarni-warni | suyasa kang wuri pisan | piranti goning sêsaji | sajèn rakiting sunggata | di-adi sarwa mêpêki ||

18. anjog ing kajogan pungkur | manguntur mijil sing galdri | pinayon kampung lajuran | têrus mring patirtan wingking | lèr kidul sinung rêrênggan | wisma kampung

--- 223 ---

amarapit ||

19. kang kidul panggenanipun | koki tukang lampu tuwin | pra wadya suba pandaya | godhag wontên wisma malih | mujur mangalèr minăngka | pondhokaning kênèk kusir ||

20. lêt patirtan kang lèr sinung | wisma wangun kampung Bali | balungan balok balaka | ing ngajêng pinagêr ruji | punika pakuwonira | sagunging kang para siwi ||

21. sadasa pas longkangipun | sinung wisma kampung malih | mujur mangilèn naratas | punika ingkang kinardi | patêngganing kalawija | myang santana kang umiring ||

22. kang cakêt pakuwon agung | kinarya goning parabdi | kang sami saos busana | mrih enggale yèn rumanti | lêt pagêring patamanan | ingapit wismagêng kalih ||

23. sami ngilèn ajêngipun | kêmbar rekane kang panti | galnisir taratagira | jinumbuh ing ngajêng wingking | ingkang lèr pakuwonira | jêng gusti pangran dipati ||

24. lan putra jêng pangran prabu | kang kidul pancèn [pa...]

--- 224 ---

[...ncèn] kinardi | pakuwon sang narpatmaja | lawan kang rayi kêkalih | rinêngga ing kêmbang-kêmbang | kinubêng ing taru rêsmi ||

25. sarwasri tanêmanipun | pinagêr ing pancaksuji | prabusèt mênur sridênta | sêkar dangan widasari | saruni lan sumarsana | sumêr gandanira amrik ||

26. puspitanjrah nuksmèng taru | tarap turuting taritis | tinarutus ing brêmara | mara murih goning sari | sarana nandi nèng patra | patraping rèh amarsudi ||

27. rumambat mring pang tumiyung | brangêngêng karêngya kadi | dwijawara mêsu brata | matêk mantrane sêmadi | kasiliring samirana | kokaling satpada ngrêngih ||

28. kèh warnane taru-taru | ingkang tumaruna sami | sêmi sêmune ngrêmbaka | sakubênging wukir-wukir | kanan kèring wuri ngarsa | tan pêgat tinruh ing warih ||

7. Mêgatruh

1. kêbon wingking sinung wisma mujur ngidul | jêng-ajêngan tundha kalih | ginuthêg godhagan têpung | minăngka gèning turanggi | winayu [wina...]

--- 225 ---

[...yu] kambêngan ayom ||

2. sinung marga agêng mring pakuwon agung | anggênggêng kang wancaksuji | anaman ing dêling wulung | madyaning kêstal sinung ting | kêpering têmbing kang êlor ||

3. saking ngriku arga Dumilah kadulu | sawêngkèning têpis iring | parang rong kang sirung-sirung | siluk-siluk sungil-sungil | taru ayom angarongkop ||

4. duk kèdêran jaladara angêndhanu | alamat limut kaèksi | pak-ampak prapta manaput | sampat kongsi saput siti | datan antara tan katon ||

5. sigêg gantya rêngganing pakuwon agung | kawuwusa kang lumaris | ngalèr ngetan marganipun | jêng tuwan residhèn tuwin | tuwan-tuwan sampun rawoh ||

6. sapinggiring lèpèn Dimara pinêthuk | Tuwan Pan Dhêpit lan malih | Tuwan Harlop kanthinipun | wontên saêlèring kali | myang langsir tri dasa kang wong ||

7. dupi sami mandhap sing turangganipun | ganti nitih tandhu

--- 226 ---

kursi | narakarya kang amikul | răngga dêmang kang jagèni | lampahira kinèn alon ||

8. awit lèpèn kèh watune lunyu-lunyu | lêlumutên kanyut dening | wantêring tirta lumuntur | kang lumantar saking wukir | ing sabrang lèr dupi rawoh ||

9. têtabean lan tuwan kalih kang mêthuk | rampung gya anitih malih | turăngga dan budhal kêbut | tan kêbat dènnya lumaris | ningali ardi kang katon ||

10. myang jêjurang pêparang kang sirung-sirung | kang pêrak marga marapit | kunêng pakèwêd ing ênu | ing Gadhungan sampun prapti | kinurmatan găngsa pelog ||

11. ingacaran sami lênggah kursi têpung | sinunggata wedang tuwin | minuman tumrah tumruntun | sêlingan salin-sumalin | mya[11] sêsêgahan tan anggop ||

12. tan adangu dènira kampir ing ngriku | jêng tuwan residhèn aglis | têtabean arsa laju | lajêng mring dhusun Kumuning | tan antara sami bodhol ||

13. kinurmatan [ki...]

--- 227 ---

[...nurmatan] kadi duk ing rawuhipun | pangarsa langsir tan têbih | ing marga datan winuwus | sarawuhirèng Kumuning | urmat gêndhing jangkrikgenggong ||

14. Nyonyah Harlop gurawalan rèh amêthuk | kusung-kusung ngacarani | sadaya kang sami rawuh | ingaturan malbèng loji | lênggahan sami karaos ||

15. sinunggata wedang minuman jumrunuh | dhaharan kang adi-adi | dahat panêmbramanipun | Nyonyah Harlop ing Kumuning | trampil tanggap ing paclathon ||

16. langkung rêna tamu ing sadayanipun | dangu antaraning wanci | duk arsa pamit kêsaru | praptaning riris tan aris | wor lesus mêsês sumêrot ||

17. kongsi dangu drêsing jawah wor lan bayu | dupi têkèng pukul kalih | kesisan ngisis kang mêndhung | sinrang maruta sumilir | kang kalingan sami katon ||

18. kangjêng tuwan rêsidhèn myang para tamu | têtabean minta pamit | mamèt srana mandanayu | kinurmatan [kinurmata...]

--- 228 ---

[...n] găngsa muni | kadi kalanta duk rawoh ||

19. tindakira taruntunan tumaruntun | nut imbang bambing tumaping[12] | tinawang kang siluk-siluk | sêsungiling padhas sêngkil | kèh wrêksa labête kang sol ||

20. tan antara Tubagiri sampun rawuh | sêsêngkaning Sukuh prapti | rakiting marga manikung | nut pêpèrèng iring-iring | sarawuhirèng pakuwon ||

21. kinurmatan swaraning pradăngga umung | sukèng tyas wadya kang nganti | mring jêng tuwan rawuhipun | lajêng sami mariksani | candhi pancakaning layon ||

22. kori pisan kaèksi gapuranipun | sinung kang arca winarni | ing rêrekan baga purus | yeka sangkalanta nguni | kang candhi witira dados ||

23. minggah malih sumêngkèng gapura luhur | pancaka munggul kaèksi | panjrah kang arca kadulu | pinindha-pindha kang warni | pra jawata wingit tinon ||

24. wusnya rampung ningali candhi sawêgung | kèndêl ing pakuwon sami | bojana [bo...]

--- 229 ---

[...jana] saananipun | sarêng praptane kang riris | wor sindhungriwut sumêntor ||

25. ampak-ampak anampêk kongsi ngalimut | limêng katawêngan dening | jaladara midêr têpung | tumumpang ujunging wukir | ing wanci wus lingsir kulon ||

26. dadya dangu kapirangu samya ngrêmbug | golonging karsa wus gilig | lajêng badhe bodholipun | wit lamun katungkèng latri | matis-matistis kuwatos ||

27. kangjêng tuwan gya nitih turangganipun | pra tuwan lan para gusti | dumulur nuting lêlungur | tumurun mring jurang bambing | nut pêpèrèng nikung ngulon ||

28. lalu limut lêlamatan ing pêpêdhut | kadrêsan jawah ngin-angin | lidhah ilat thathit barung | gara-gara kèh dhatêngi | prabawa paragung rawoh ||

29. mawa têdhuh kaluwung ngawêng malêngkung | malang lir amêling margi | mangkana ta lampahipun | lambunging cêmpurung prapti | wijiling baskara katon ||

8. Mijil

1. ragi ngampat marga amalipir | lêmpêr [lê...]

--- 230 ---

[...mpêr] kongsi anjog | Samakade andêdêr lampahe | nging sêsêngkan tan sumêngka kadi | duk ing Tubagiri | kalawan ing Sukuh ||

2. wus kapungkur desa Samakadi | tan antara katon | pakuwon gung munggul banderane | asrêp ing tyas kang samya lumaris | samana kang wanci | andakara surup ||

3. kinurmatan kang pradăngga asri | swaranira mawor | pra turăngga kang prapta sakèhe | kangjêng gusti pangeran dipati | dangu dènnya nganti | nèng pakuwon agung ||

4. dupi rawuh kangjêng tuwan tuwin | tuwan-tuwan alon | mandhap saking turăngga tinampèn | para dêmang răngga myang patinggi | jêng pangran dipati | têtabean mêthuk ||

5. anêmbrama raharjaning margi | ingacaran gupoh | mring pandhapa pinarakan andhèr | wawan sabda wartaning samargi | jêng gusti miyarsi | langkung dènnya ngungun ||

6. bingahing tyas dènira basuki | rawuh ing pakuwon | tan adangu luwaran sakèhe |

--- 231 ---

tuwan-tuwan tuwin para tami | sowang-sowang sami | mring pakuwonipun ||

7. tabuh sapta pra tamu wus sami | sowan mring pakuwon | loji ngajêng ajajar lênggahe | amung Kangjêng Pangeran Ngabèi | kang dèrèng sumiwi | lan sakadangipun ||

8. nulya kangjêng pangeran dipati | miji putra kinon | panggih lawan sutendra katrine | lamun sayah tan susah sumiwi | anglêrêmna sami | ing sariranipun ||

9. duta mêsat tan adangu prapti | sajroning pakuwon | cundhuk lawan kang rayi katrine | alon matur rèhirèng tinuding | Jêng Pangran Ngabèi | mèsêm sarwi matur ||

10. tan rêkaos raosing kang dhiri | myang botên kalêson | mangke kula sumewa èstune | duta raka kinèn ngrumiyini | sapungkure nuli | tumungka ing laku ||

11. Pangran Găndaatmaja gya pamit | mijil sing pakuwon | dupi prapta alon ing ature | saliring rèh dènira tinuding | kang rama miyarsi | langkung

--- 232 ---

rênèng kalbu ||

12. tan adangu atmajendra katri | sumiwèng pakuwon | têtabean lan tuwan residhèn | ingacaran satata nèng kursi | sadangunya sami | tan lyan kang rinêmbug ||

13. dèniranggung sangsaranèng margi | ngambah jurang singgrong[13] | sumêngka ring paranging pêpèrèng | ngiring-iring tumawing ambambing | siluk-siluk sungil | watu-watu lunyu ||

14. tan lêstari lampahing turanggi | anggung kapalorot | kasarakat rongkap kêkambile | akèh tundhan tumundha matindhih | kandhêg dèn gondhèli | bagondhal gumandhul ||

15. samya ngungun kang dèn cariyosi | sukèsmu katonton | dene para wong agung têmahe | kataman ing sangsara samargi | tan antara wanci | mèh pukul sapuluh ||

16. gya bojana mring pandhapa wingking | andrawina kasok | rampung dhahar bubaran sakèhe | para tamu tanapi pra gusti | amakuwon sami | tan winarnèng dalu ||

17. bangun [bangu...]

--- 233 ---

[...n] enjing kang srigunting muni | tuwin paksi jodhog | sata wana njrit pating jagigrèg | myang kênthunging lêsung lamat têbih | binarung swaraning | kang jago kaluruk ||

18. ramya umyung swaraning rarywalit | arsa angon pêthok | marang kandhang agandhang swarane | sigra wadya kang badhe lêladi | ngalilir umijil | saking pondhokipun ||

19. bang-bang wetan mega malang kèksi | rumamyang sumorot | kaprabawan raditya sunare | narawungi langêning wiyati | kartika kalindhih | kucêm warnanipun ||

20. sirêm-surêm[14] taranggana tistis | kasor ingkang sorot | saput siti kawêkton wimbane | pêdhut dhêdhêt ampak-ampak prapti | pêtêng anglimputi | udayaning gunung ||

21. kawaratan ingkang ardi-ardi | mung grane kang katon | tan antara hyang rawi wijile | sumunar ing imbangirèng wukir | tăntra taru rêsmi | kang trêna ing gunung ||

22. usara byor kang nèng taru ruwit | kabaskaran [kabaskara...]

--- 234 ---

[...n] katon | lir sêsotya sumêbar isthane | angrênggani imbange kang wukir | nahan kang miranti | wrahatbala umung ||

23. abusêkan kasêsêg ing wanci | rakiting pirantos | marma gumrah gumuruh swarane | dan[15] sawega bageani karti | rata myang turanggi | wus pinarnah ngumpul ||

24. cakêt anèng ngajênging pandhapi | pangiride katon | satus janma mangkana wiyose | kangjêng gusti pangeran dipati | mring pakuwon loji | lawan para tamu ||

25. taman kêndhat sadhiyan kang prapti | tumrahe tan anggop | sawusira dhaharan sakèhe | Tuwan Residhèn Madiun tuwin | bupati kêkalih | lan asistènipun ||

26. tuwin tuwan kontrolir samya mit | mundur sing Srikaton | datan tumut dhèrèk sapuruge | wit kadangon dènnya tinggal nagri | bok kadukan dening | jêng tuwan guprênur ||

27. kangjêng gusti pangeran dipati | tan antara dhawoh | mring Dyan Bèi

--- 235 ---

Citrapradata ge | sarèhira padha ingsun tuding | umiringa maring | Residhèn Madiun ||

28. mung balia Seladhukun wukir | dan nusula mring ngong | iya marang ing Jumapalane | Dyan Ngabèi sandika umijil | jêng tuwan kang pamit | kantun angkatipun ||

29. tan winarna budhale jêng gusti | ingkang cinariyos | Tuwan Risdhèn Madiun angkate | tabah[16] sapta budhal dèn urmati | pradăngga swaratri | carabalèn umung ||

30. ngambah marga sakiduling wukir | lambunging Srikaton | trus mangetan gya nikung mangalèr | jog radinan ing Pancot manginggil | rikating lumaris | praptèng Seladhukun ||

31. sami kèndêl ngasoni turanggi | lênggahan pakuwon | kinurmatan pradăngga arame | mung sakêdhap tandya bidhal malih | kunêng kang lumaris | wau ta ing pungkur ||

9. Pangkur

1. Dyan Bèi Citrapradata | wangsul saha sakondhangira sami | rêrikatan lampahipun |

--- 236 ---

sigêgên ing samarga | gantya ingkang winursita kandhanipun | residhèn ing Surakarta | kang mangidul lan jêng gusti ||

2. sawadyabala gumêrah | nut têtirah tumêrah golong pipit | ampatan lambunging gunung | lêmpêr èmpèr paparan | iring-iring pinlimping sinung têtanggul | lêlêbak binêkan sela | sinalimut wêdhi krikil ||

3. mandhukul pinapar lêmpar | dadya lêmpêr têdhunan jurang gampimg | agampang tur sinung taru | andhêndhêng witing dhadhap | ronirayom mawèh ayêming wadya gung | nikung ngalèr jog ing arga | gugur gunung Jabalkanil ||

4. laju ngalèr ara-ara | abawera radinan awaradin | trus mangilèn lampahipun | rawuh dhusun Mutihan | wontên tarub kinarakab taru-taru | tiris sinangsayèng mayang | mung atêp payon gumrining ||

5. langse lêlungsiring wisma | paremudha jumbuh lan dwaja sami | palêngkung malang dalanggung | binulêt buntal patra | patrapira [patrapi...]

--- 237 ---

[...ra] lir nganti-anti wong agung | yeka pakurmatanira | Tuwan Robrêtdhabu nami ||

6. jêng gusti sarawuhira | lan residhèn tuwin kang para tami | ingurmatan găngsa barung | mariyêm bal-ambalan | kaping sanga tinundha-tundha tumêdhuh | dhêndhêng kukusing sêndawa | kadya isma[17] nawung siti ||

7. Tuwan Dhabu ing Mutihan | dahat saking noraga dèn têdhaki | pra gusti sadayanipun | katuran lêlênggahan | munggèng tarub kajrambah ginlaran babut | sinugun sinungga-sungga | liningga-lingga dewaji ||

8. pinuji pinuja-puja | ing sunggata sarwadi sarwa rêsik | wèh rêsêping para wadu | ingkang sami tumingal | tan antara sami ingurmatan ngunjuk | sampanyê măngka pratăndha | sumungku sungkêm ing galih ||

9. mring tuwan residhèn lawan | kangjêng gusti pangeran adipati | sawusira sami ngunjuk | gya pamit têtabean | budhal umung urmatan munya abarung | mariyêm matundha-tundha | lumuntur [lumu...]

--- 238 ---

[...ntur] rèh gêgêtêri ||

10. kapungkur dhusun Mutihan | myang Koripan ing Karigêmbong[18] prapti | kèh wadya kang sami mêthuk | saking tanah Kobayan | sang iswara lêstari ing lampahipun | rawuh gudhang Jumapala | ing lampah pra samya kampir ||

11. mariksa pandayèng kahwa | kang binêbak sarana saking warih | pinrih umara maring mul | mulêg mêlak jinăntra | kênèng daya kongkaling untu lumuntur | mêdêd kang barunayantra | lir cakra katiyub ngangin ||

12. alu kongkal ing paekan | gya lumintu nutu gênti nibani | cangkoking kahwa umawut | karênan ingkang mulat | rampung sigra ngaso mring pakuwon agung | kaprênah kidul tan têbah | lawan mul kang dèn priksani ||

13. mangkana rêrêngganira | kang suyasa sauruting taritis | tinratas ing wastra alus | kinampu warna tiga | gêdhah seta rêkta winiru malêngkung | longkange sinung tuwuhan | pisang rosan tuwin cêngkir ||

14. winuwus [winuwu...]

--- 239 ---

[...s] sajroning wisma | wus gumêlar sadêhan amiranti | wedang minuman supênuh | tandya sami bojana | tan adangu lajêng bidhal lampahipun | andêdêr mung saonjotan | dungkap Jumapala prapti ||

15. gumlar rontèk lan bandera | amarêpak maripit margi tirip | tarap ingkang taru-taru | tiris lagya tumruna | bêbanjaran ambanjêng mujur mangidul | palêngkung lêlêng binuntal | patra-patrape maripit ||

16. ngalêmpit mulêt mring saka | sinukarta kakăndha jèjèr kalih | kalawan kang umbul-umbul | têtanggul tinancêban | ruji panjang pinalang ing dêling wulung | sinalimut ron rumamyang | sêlane sinêling-sêling ||

17. pustakane tiris jênar | sru sumunar rawe-rawe malipir | têkèng palêkung[19] ing ngayun | sinung tiyang bandera | agêng munggul kinubêngan ing têtanggul | tinanêman kalamênta | prak lan pagêring capuri ||

18. pradăngga tanggap umunya | buka pathêt manyura gêndhing

--- 240 ---

muni | puspawarna sindhèn barung | ringgit katri tan pêgat | liking suling tiniling mêmalat ing kung | lajêng sami lêlênggahan | pra tamu lan para gusti ||

19. tandya praptaning sunggata | kaldhu laju sumaos kangjêng gusti | tanapi kang para tamu | tumrah wandu-wandawa | andrawina winantu swara raras rum | rumaras srining kalangyan | sindhèn sêsêndhoning gêndhing ||

20. kunêng wau sanalika | Dyan Mas Wirasmara marêk mangarsi | mangwastuti gya umatur | dhuh gusti sang iswara | abdi tuwan juru panitik duk wau | suka uningèng kawula | yèn tanah druju kang wukir ||

21. wontên sima amêmăngsa | tinaliti labete kadi katri | singidan ing siluk-siluk | garumbul kang ngrêmbaka | mung kawan pal watawis ing têbihipun | ing papan tan patos gawat | pakèwêde mung sakêdhik ||

22. jêng tuwan risdhèn miyarsa | langkung suka ngandika mring jêng gusti | saudara lamun sarju | kula ing benjang enjang | kapiadrêng [ka...]

--- 241 ---

[...piadrêng] badhe angawaki tumut | ngitêr sima kang sikara | munggèng jroning jurang trêbis ||

23. ngayubagya kang nèng ngarsa | atmajendra Jêng Pangran Angabèi | kumêdah badhe tumuntur | myang sang iswaraputra | Pangran Prabu Prangwadana kinèn tumut | jêng gusti andikanira | sesuk umiringa kaki ||

24. lan kanthia eyangira | Arya Brajanata kalawan malih | Wirasmara lan Si Pogul | myang Jayawilatikta | kapat sami rumêksaa ing pakewuh | kang wus tau jajah wana | wêruh papaning pawèsthi ||

25. dèn prayitna ywa pêpeka | wana gawat kaliwat gone wêrit | sandika jêng pangran prabu | risdhèn nulya ngandika | lawan Kaptin Noi: sira sesuk esuk | sun kanthi milua marang | pakitêran nora têbih ||

26. kaptin umatur sandika | sigêg wau bujana wus miranti | tandya tindak dalêm pungkur | unggyaning pasunggatan | sadangune nora liya kang rinêmbug | mung badhe tibaning [tiba...]

--- 242 ---

[...ning] karya | pambêrêge benjing enjing ||

27. luware saking bojana | sowang-sowang makuwon para gusti | nihan dupi praptanipun | sontên wanci jam gangsal | tuwan risdhèn miyos mring lesan jinujug | angêlèskên kăntanira | supadi tan mindho kardi ||

28. dadya pra gusti sadaya | kèlu ing tyas sakala angladosi | lesan musthi kăntanipun | pinêlêng-lênge kêna | winatara satus tindak têbihipun | tuhu tan ana kuciwa | kawangwang sami winasis ||

29. surya mèh ngancik acala | sandyakala sumirat sêmu abrit | nulya jêng pangeran prabu | moga mrih karya suka | wraha jagar ingumbar nèng krangkèngipun | ingabên lawan srênggala | kinêplokan para abdi ||

30. sona ngrah wijung rumangsang | langkung rame tinundha binut kalih | cèlèng nyulêng ngisis siyung | amogok mêgap-mêgap | ana asu kêsusu kêsêlak naut | tuna katungka ing kănca | dhinodhos dhase [dha...]

--- 243 ---

[...se] kabalik ||

31. kalengkengan ngathang-athang | gya tinunjang ing rowang saking wingking | pramana dènira naut | githoke wraha kêna | ngringkuk ngringkêl karuna rêna kang dulu | wijung binujêng ing kathah | ingundur kasaput ratri ||

10. Durma

1. tan antara Jêng Pangran Găndaatmaja | mijilkên sêkar api | dhingin wêkas wetan | kang êlong barondongan | tinundha mawanti-wanti | lih kogêl lawan | srèng manrang ing wiyati ||

2. kang tumingal rèntèt têpung akalangan | surak-surak swaratri | lir ruging prabata | tanapi swaranira | pradăngga barung ngurmati | rikalanira | ingumbul sinrang angin ||

3. lamat-lamat kumêlap-kêlap kumêdhap | sakêdhap kêthip-kêthip | ting tinundha-tundha | binandhung bancang tiga | suka pra gusti ningali | kalangyan ingkang | gêgana tinon kadi ||

4. daru midêr ngalitêr ngupaya papat | mangkana para gusti | kondur masanggrahan | anjujug pambojanan |

--- 244 ---

bibare sowangan sami | mring kuwunira | sigêgên duk ing ratri ||

5. praptèng enjang saji[20] wadya ing ngajêngan | banjêng nut pancaksuji | jèjèr bêbanjaran | ana kang jujug papan | kang tumbak ngarangap kèksi | urut sêluran | anut lunguring ardi ||

6. datan kêndhat dalêdêg kang saking wuntat | atarap kêtêp tirip | praptaning turăngga | tuwin warastra dibya | ampilaning para gusti | jibêg nèng ngarsa | mangkana para gusti ||

7. miyos saking pakuwon lajêng panggihan | jêng tuwan risdhèn tuwin | pra tamu sadaya | lênggahan sawatara | wontên dasih tur udani | yèn wus têtela | gèn sima datan sêpi ||

8. risdhèn suka amundhut turangganira | anitih tindak aglis | risang narpatmaja | lan sang iswaraputra | wus sami nitih turanggi | ginarbêg wadya | wandawa tan atêbih ||

9. amung tuwan kaptin ingkang kêdah dharat | nuhoni yèn inpantri | wus tate

--- 245 ---

lumampah | lampahan tigang dina | ugi minggah graning wukir | duk prang nèng Padhang | ing Dhèli tuwin Ngacih ||

10. lampahira tansah amusthi sanjata | sirungan sampun prapti | têtirah ing arga | kèksi kang ngêpung samya | nèng pêpèrèng iring-iring | pêrak pêparang | murih parêking ardi ||

11. tuwan risdhèn mangu ing tyas angandika | mring Tuwan Pogêl wêngis | yèn ingsun uninga | ing papan kang kadyèka | wèhana macan sakêthi | măngsa sudia | dene ta dahat supit ||

12. tuwan kaptin ngrêrêpa alon wacana | dhuh risdhèn sampun runtik | yèn panggenan sima | lir punika kewala | kawical kalangkung gampil | kang sampun limrah | tikêl kalawan ngriki ||

13. langkung sungil langkung siluk langkung pringga | tuwin kang mutawatir | kalamun punika | katimbang sabênira | tan măntra lamun sairib | panggenan sima | sêmuning wana mamring ||

14. tuwan risdhèn gèdhèg-gèdhèg angandika | lah

--- 246 ---

payo mlanggrong sami | sira aja têbah | nunggala lawan ingwang | Pangran Prangwadana tuwin | sawadyanira | dèn parêk anèng ngriki ||

15. lawan ingsun tuwin sang narendratmaja | wit bangêt mutawatir | amung ta Sang Arya: | Brajanata kalawan | Wirasmara dadya kiping | dèn kongsi têpang | lan baris kang ngubêngi ||

16. tan antara kapyarsa sêsurakira | gumêrah wanti-wanti | saking têmbing wetan | kang gosok ngangsêg papan | kèh galagah bosa-basih[21] | lata karungkat | karênggêp rungkap sami ||

17. wrêksa kasol kèlês kabarubah rêbah | pinilês kapalipis | pêpês tarulata | kaidêg dening janma | sima mêmăngsa miyarsi | surak gumêrah | giras kèh janma prapti ||

18. tan antara krodhanggro milar sarosa | sumêbut lir jêmparing | kumilat lumarap | barisan kang miyarsa | surak alok payo nuli | anarajanga | ing kene rêbut pati ||

19. para gusti miyarsa suraking wadya |

--- 247 ---

sigra samya amusthi | kang warastra dibya | rinênggêp asta kiwa | anthuk ingunggahkê[22] sami | ingêmbat-êmbat | tansah tininggil-tinggil ||

20. kang ingajap mung mangke tibaning karya | ywa nganti mindho kardi | suka tinrajanga | sardula gora sabda | kaya pêpêthaning warni | yèn anèng wana | kawarta gêgirisi ||

21. kawarnaa pabarisan Pangabean | tinrajang dèn gêroni | risang narpaputra | tan gugup solahira | ayêm prayitnane kèksi | musthi warastra | dibya tininggil-tinggil ||

22. kang sarnula[23] andêdêr panêmpuhira | sang narpatmaja aglis | ngayati baswara | sima wrin kang warastra | atajêm sampun pinusthi | milar malumpat | binarêng dèn tibani ||

23. warastradi tumamèng têtepongira | nglumbanggro krasa sakit | nulya asingidan | rumasa tan kuwawa | mring pamuking para gusti | lumêbèng guwa | tan ana kang udani ||

24. ingucalan kang galagah pinilêsan | atusan [atusa...]

--- 248 ---

[...n] kang anitik | nut labêting macan | kadi ta wus kabranan | kanggêg kasaput ing ratri | surya mangrangsang | pracima sorot uning ||

25. langkung cuwa pra gusti saananira | tuwin risdhèn miyarsi | swaraning sanjata | myang milare kang sima | sêmu kadugi ing galih | ngandika lawan | gumujêng nolih wingking ||

26. hèh ta Pogul dahat sukane tyas ingwang | mêngko titikên aglis | lamun maksih ana | sesuk sun arsa prapta | Tuwan Pogul turira ris | dhuh kangjêng tun |[24] sayêkti mangke ratri ||

27. sima katri saèstu ngalih panggenan | kawus binujêng janmi | jawi ta ing benjing | praptèng măngsa têrangan | wangsul dhatêng ngriki malih | malah mèt rowang | sakawan gangsal pasthi ||

28. tuwan rismèn[25] langkung cuwaning wardaya | dene kêsaput ratri | gya sami tumêdhak | marang tarub dadakan | bojana lan para gusti | sunggatanira | tan pae duk nèng loji ||

29. sêsadêhan tuwin kang minum-minuman | saji-saji [sa...]

--- 249 ---

[...ji-saji] sumaji | nèng meja tan sêla | residhèn angandika | marang sira tuwan kaptin | lah rasakêna | iki pangran dipati ||

30. bote wana kabèh doyanaku ana | tuwan kaptin mangsuli | kula tan anyana | yèn manggih makatêna | agêng parmane jêng gusti | kalawan tuwan | tuwin mring para tami ||

31. tan winarna jroning dhahar winurcita | kasaru mêndhung prapti | gamêng antariksa | luware dhahar sigra | kondur anitih turanggi | sarawuhira | pinêthuk sabda manis ||

11. Dhandhanggula

1. kangjêng gusti pangeran dipati | siniwakèng madyaning pandhapa | wus dangu ing antarane | ngêntosi praptanipun | ingkang sami bêrêg mring wukir | jêng tuwan risdhèn lawan | sang narendrasunu | rawuh sigra têtabean | sang iswara tanya wartaning wanadri | residhèn awacana ||

2. putra tuwan Jêng Pangran Ngabèi | ingkang sagêd dhawahi sardula | kula mirsa palajênge | saking watawisipun | nandhang

--- 250 ---

kanin tepong kang wingking | nalika ingucalan | dhatêng pra wadyagung | kang nglacak dupi mèh pêrak | nging kasaru kasêlak suruping rawi | ketang pringganing wana ||

3. dadya kanggêg kang samya nênitik | mutawatos tumiyunging warsa | têmahan mundur sakèhe | wadyalit kang angêpung | yèn sampuna kasêlak wanci | kadi ta kang sardula | tamtu kengingipun | wit sampun kataman brana | cuwa kula langkung saking Pangran Bèi | jêng gusti amiyarsa ||

4. kandhanira duk anèng wanadri | langkung ngungun de sima tan kêna | tandya lêlênggahan andhèr | tarlèn ta kang winuwus | masalahe duk anèng ardi | pra wadu myang wandawa | cuwane kêlangkung | gagale sima kruraya | kadi-kadi benjing enjing dèn wangsuli | nanging tan wontên dhawah ||

5. wit kagalih kalamun wus ngalih | ngungsi papan graning arga liya | kawus bali kèh ajrihe | wusana kang rinêmbug | benjang măngsa têrangan malih | badhe tindak [tinda...]

--- 251 ---

[...k] pêpara | mring pakuwon ngriku | de papan langkung prayoga | yèn kinarya bêbêrêg sardula tuwin | amaning wanawasa ||

6. tabah[26] sanga sêkar latu mranti | tan prabeda gêlaring pangreka | kadi tan wontên siwahe | lawan kang wus winuwus | ing ruwiya kalaning ratri | rampunge amariksa | sagung kang pra tamu | taman kêndhat andrawina | pukul sanga bojana sampun miranti | gya awit majêng dhahar ||

7. munggèng meja banjêngan kaèksi | salin-sumalin ladosanira | kang majêng wijang wijile | tan nunggil raosipun | cukat-cakut apil tarampil | angladosi sadêhan | tanna dhompèng laku | wit sinung sêrat pranatan | mrih kawratan pasunggataning pra gusti | titi-tataning meja ||

8. nging jêng gusti pangeran dipati | tan umiring marang pambunan |[27] anyarèhkên sarirane | amung jêng pangran prabu | kang tinuduh minăngka wakil | dangu antaranira | dènnya

--- 252 ---

dhahar kêmbul | tan kêmba imbal wacana | sêsambène sabên myarsakkên kang gêndhing | kang anèng ing pandhapa ||

9. bibar dhahar antaraning wanci | madya ratri samana linilan | lêrêm marang pakuwone | kunêng kalaning dalu | kawuwusa praptaning enjing | wadyakuswa gumêrah | pinarnah kinumpul | rinèh sarekaning karya | kang garubyug pangirid lawan pangarsi | samaptaning pêpara ||

10. para mantri saking Wanagiri | kang gumanti ing pakaryanira | citra pradata sarèhe | rata titihanipun | sang iswara sampun miranti | tuwin turangganira | wandawa myang wadu | ing antara pukul sapta | kangjêng gusti tindak pasanggrahan loji | lajêng sami bojana ||

11. mung sapangu gya sami umijil | mring pandhapa orêg wadyakuswa | budhal ingurmatan dene | găngsa barung manawung | monggang tuwin kang carabali | pangirid satus janma | ngarsa myang ing pungkur | kapungkur ing Jumapala | pêpêlakan lampahira sampun prapti |

--- 253 ---

watêsing Jatipura ||

12. pakuwon gung anggênggêng kaèksi | sinangsaya gumlaring bandera | bawera munggul gudhange | prênah sakilènipun | cakêt lawan trêping capuri | ing ngarsa sinung pasar | têpining margagung | kang anjog marang Kaduwang | sang iswara rawuh kampir nêningali | rakiting pasanggrahan ||

13. găngsa urmat barungan swaratri | janma pasar kasêngsêm mariksa | marang wong agung rawuhe | puyêngan rêbut dhucung | milih papan kapèpèd dening | kang dhrêsêl milu lênggah | umpêl-umpêl umung | mangkana kang pinarakan | nèng pakuwon sinunggata wedang sami | myang roti sêsadêhan ||

14. mung sakêdhap lajêng bidhal malih | trus mangidul gya nikung mangetan | têkèng Wilatung watêse | wontên tuwan kang mêthuk | numpak kuda kêmbar kang warni | agêng myang inggilira | tuwin ulêsipun | iswara duk praptèng kana | tuwan kalih marêk ing rata maripih | nambrama tur raharja ||

--- 254 ---

15. alon matur lan lukita manis | manungsunging wit amba dinuta | mring tuwan Wilatung dene | kayungyun ngayun-ayun | kampirana dhatêng jêng gusti | tuwin ta kangjêng tuwan | risdhèn myang pra tamu | jêng gusti alon ngandika | amangsulti[28] mring tuwan tarimakasih | lawan rênaning driya ||

16. lajêng trus nut têtirah ing ardi | kang radinan waradin mangetan | nikung ngidul èrèng-èrèng | pêpèrèng datan singup | minggah kalèn kalangan ardi | dadya dêdêr kang lampah | tantara kadulu | loji gêng ngongkang jêjurang | pêrak gudhang gêng-gêng kang bandera kèksi | saliring kang rêrênggan ||

17. yeka Brêcakwilatung kang nami | langkung asri rakite kang wisma | arampak pandhak pagêre | dene kang darbe ngriku | Tuwan Isêl ingkang wêwangi | mangkana kang pêpara | wus pêrak mèh rawuh | kinurmatan ing pradăngga | laras slendro suwaranira lir rinding | ngumandhang tibèng jurang ||

18. kang titihan rata sampun prapti |

--- 255 ---

sangajênging loji gya tumêdhak | tuwin jêng tuwan residhèn | lan sagung para tamu | sumana kang para gusti |[29] Tuwan Isêl sakala | gurawalan mêthuk | cundhuk sigra têtabean | ngacarani lênggah mubêng munggèng kursi | sadaya tan lênggana ||

19. Tuwan Isêl dahat sukèng kapti | ingampiran jêng gusti kalawan | residhèn pra tamu kabèh | mangkana gya sêsugun | juk-unjukan anggur sampanyi | wilujêng rawuhira | risdhèn lan wong agung | sawadya saking pêpara | lan minăngka pratăndha sungkêming galih | sampuning sinunggata ||

20. sang iswara lan risdhèn gya pamit | têtabean Isêl aturira | lamun pinarêng ing mangke | kula badhe tumuntur | mring pakuwon nyipêng saratri | lajêng trus ngatêr marang | Wanagiri dunung | jêng gusti mangayubagya | tandya amit budhal ingurmatan kadi | nalika rawuhira ||

21. ngidul ngilèn lampahe lêstari | ratan rata ing saurutira |

--- 256 ---

laju anjog ing ngajênge | gudhang Pêlêm anikung | ngidul anjog Kêmlakamanis | nikung ngering katingal | gudhang gêng amunggul | rinêngga ing sarwa pelag | trus mangidul dêdêr Ngadiraja kèksi | saliring kang rêrênggan ||

22. nikung ngilèn gya mangidul malih | kinurmatan pradăngga sauran | jêng iswara sarawuhe | sami karênan dulu | upakarya rakiting panti | pantaraning kalangyan | sarwasri wèh yungyun | sampat saputing surasa | datan pae lan pakuwon duk ing ngarsi | kang sami rinawuhan ||

23. ascaryambêk kang sami ningali | Ngadiraja tuhu tan kuciwa | bawera munggul papane | kêbon kêmbanganipun | sarwa adi tur pèni-pèni | kang kalèn kêkalangan | lumêkêting taru | tarapte kang têtuwuhan | tuwin pisang sinangsangan rosan cêngkir | rinut ing saka tratag ||

24. lumrah saka sinukarta dening | buntal patra patrape kang warna | kadya [ka...]

--- 257 ---

[...dya] lung tumalèng wite | winantu sêkar mawur | wor gandaning dupa ing panti | kasamia satata | lênggah pandhapagung | tan dangu sunggata prapta | bên-abêning băngsa sênêngkêran sami | tumrah wadu wandawa ||

25. tan adangu Tuwan Isêl prapti | mawa rata rakitan sakawan | lajêng mring ngajêng jujuge | umandhap gya cumundhuk | têtabean wus kinèn linggih | ajajar para putra | tan antara dangu | kang ngrakit boja sunggata | wus samêkta: tandya marêk tur udani | mring kangjêng sang iswara ||

26. kangjêng gusti sigra ngacarani | mring pra tamu ing sadayanira | ing dalêm wingking jujuge | adad bojana kêmbul | lêladosan sami lumadi | minuman sêsêlingan | ing sasênêngipun | saluwaring andrawina | sêsowangan mring pakuwonira sami | sêmune pra taruna ||

12. Sinom

1. kadi karênan umulat | rêngganing pakuwon adi | banar papane warata | sampêt sampekaning panti |

--- 258 ---

pantoge kang capuri | wingking patêgalan agung | watara satus cêngkal | trus mangidul mring wanadri | tarataban ayom kayêman ing wrêksa ||

2. gasik rêsik pinandara | mandera ngidêri bèji | yeka ta pangangsonira | janma Ngadiraja sami | gilir ganti kang prapti | sêsuci myang amèt ranu | sigêg rêngganing sêndhang | dupi praptaning kang wanci | pukul gangsal pra gusti sami sawega ||

3. adrês dhawahe kang warsa | tinut ing maruta ngidit | kongsi suruping raditya | kang riris maksih garimis | dadya kang para gusti | tan sagêd mêng-amêng amung | lêlangên andrawina | anèng madyaning pandhapi | ngiras gunêm badhe kondurira enjang ||

4. residhèn ing karsanira | sapraptaning Wanagiri | badhe kampir dhatêng wana | ambêrêg misayèng rêndhi | jêng gusti nyuwawèni | nanging pênjênênganipun | lajêng mring panambangan | ngiras badhe mariksani | dènnya lesan abdi dalêm sêtabêlan ||

--- 259 ---

5. amung ta sang narpatmaja | katiga kinèn umiring | lan Jêng Pangran Prangwadana | Arya Brajanata tuwin | Tuwan Isêl supadi | wikan talatah ing Kêthu | wus dadi ponang rêmbag | tuwin risdhèn nayogyani | gya langênan ningali sêkar dahana ||

6. nanging kêsaru ing jawah | kèndêle kang sêkar api | nulya tindak abojana | bibar jêng pangran dipati | kondur mung para siwi | ingkang sami maksih kantun | sumiwèng kangjêng tuwan | residhèn dene ta maksih | lêlênggahan sinambi samya kasukan ||

7. kongsi madya ratri lagya | luwaran dènira main | ing dalu tan kawursita | praptèng wanci bangun enjing | gumrah wadya kang manjing | sajroning capuri agung | turăngga tuwin rata | rakiting pêpara mranti | pinapatah dènira badhe lumampah ||

8. marpat madyaning bacira | sawega wadya turanggi | kang sami rumantyèng karya | binantonan ing samargi | mangkana kangjêng gusti | tanapi [tana...]

--- 260 ---

[...pi] pra rajasunu | wus ngumpul pinarakan | madyaning pandhapèng loji | bêbanjêngan kang sami bêkta ampilan ||

9. Ngabèi Jayasarănta | wadana ing Wanagiri | kumpul lan Jayaandaya | Sêmbuyan kang madanani | saha panèwu mantri | rumantya ngampil kaprabun | pangarsa wimbasara | rata rinakit turanggi | sang iswara budhal ingurmatan găngsa ||

10. kadya duk ing rawuhira | rikating lampah gya prapti | bang wetan ingkang narmada | pacangkraman Wanagiri | sinung têtarub asri | munggèng salèring margagung | gênggêng kang wadya tăntra | caos badhe anampèni | kuda rata tanapi kang upacara ||

11. iswara myang para putra | panabrangirèng bênawi | rawuh sakilèn narmada | sinung wismalit amrêgil | yeka pancèn piranti | anganti titihanipun | turăngga tuwin rata | prapta sigra bidhal malih | lampahira laju jujug asistenan ||

12. tan adangu lêlênggahan |

--- 261 ---

sigra sang iswara pamit | laju dhatêng panambangan | mung lawan putra kêkalih | sarêng ta sami nitih | kang satunggal asmanipun | Pangran Găndasaputra | lan rayi ingkang wêwangi | Jêng Pangeran Nararya Gandaatmaja ||

13. lêpas lampahira prapta | unggyaning lesan artlêri | laju dènnya mêmariksa | sareka rakiting kardi | pranawaning pangèsthi | pra prawira isthanipun | dènira amarwasa | kanthaning wèri marapit | sigêg gantya ingkang winursitèng kata ||

14. jêng tuwan residhèn lawan | para taruna winasis | saliring ulah sanjata | arsa mangsah mring wanadri | samapta kang piranti | sacaraning ambêburu | budhal nitih turăngga | wadyalit wus ngumpul munggwing | jroning wana tigang èwu winatara ||

15. tinindhihan dêmang răngga | sawega mawa turanggi | mung patinggi ingkang dharat | tan pêgat karandhat dening | taru rining wanadri | pra gusti sarawuhipun | gya sami minggah marang |

--- 262 ---

panggungan tan patya inggil | nut lêlungur aluran marganing sangsam ||

16. sêdhênge bêndhe tinêmbang | binarung surak swaratri | myang kukuk ambal-ambalan | imbalan mariyêm muni | sakilèning wanadri | têbah kapyarsa jumêglug | kadya paguting yuda | rame rok asilih ungkih | rêbut papan nèng madyaning pabaratan ||

17. gropaking wrêksa kang sêmpal | gêroting taru katarik | kadya têmpuhing warastra | galagah ingkang kaplipis | kaplêpês têmah nipis | pinarusa têmah daut | lata rug samya singsal | sumyaring kisma lir riris | rarasing rèh kadya sumyaring sêndawa ||

18. sangsaya ngangsêg umangsah | wadya tigang èwu mamrih | angrok angrabasèng sangsam | sêmune kadya pêpulih | karêndhi kandhah dening | wadya tigang èwu nêmpuh | binujung salang tunjang | umilar ngalèr malipir | nut pêparang rèng-èrèng ronging jêjurang ||

19. wuwusên kang nèng panggungan | residhèn [re...]

--- 263 ---

[...sidhèn] myang para gusti | myarsa ramening sêsurak | asora swaraniratri | tandya sami amusthi | warastra kunta gêmipun | tininggil munggèng asta | mangkana Jêng Pangran Bèi | tinarajang plajênging karandhi kênya ||

20. ingayatan kuntanira | tan kêna umilar silip | anilap mring pagrumbulan | tan adangu wontên prapti | karêndhi branggah kalih | umijil saking garumbul | gêng inggil katingalan | saking panggung tan atêbih | Jêng Pangeran Ngabèi awas tumingal ||

21. pinapagakên sanjata | barêng milaring karêndhi | marmanta datan pramana | ing brana mung tibèng wuri | pêsate saya kêsit | narendraputra andangu | paran ta dene têka | cabar kuntaningsun iki | ing sabêne nora tau mindho karya ||

22. umatur wadya kang mirsa | gusti kados botên kenging | awit pêsating warastra | sarêng lan milaring rêndhi | amung ta ingkang rayi | Pangran Prabuningrat matur | kangmas watawis kula |

--- 264 ---

kang sangsam punika kêni | dene kèksi sêmu rêmbên plajêngira ||

23. tan dangu wontên kapyarsa | alok elah-welah kêni | baya mati sidubilah | datan pinindho babar ji | mangkana kang udani | pêjahe sangsam rinubung | suka sang narpatmaja | umandhap nitih turanggi | praptanira jêng pangeran angandika ||

24. banjurna marang nagara | aja kongsi nginêp margi | pasrahna pyayi wadana | kang tungguk nèng srimanganti | konjuke sri bupati | lumantar nyai tumênggung | yèn sangsam saka ingwang | sandika ingkang tinuding | pangiride sira Răngga Ngadiraja ||

25. gya winalik gêlarira | gancanging carita kongsi | rambah kaping kalih gènnya | gosok bêrêg ing wanadri | mung Kangjêng Pangran Bèi | kang angsal sadangunipun | kalih kalêbêt jagar | kêsaru ing wanci lingsir | gya bibaran kondur dhatêng asistenan ||

26. rawuh lajêng abojana | bibar gya tabean pamit | nusul [nu...]

--- 265 ---

[...sul] dhatêng Panambangan | sigêg wau kangjêng gusti | sadangunira nganti | kang bêbêrêg mring wanagung | tantara nulya prapta | rata saking Wanagiri | tinitihan jêng pangran lan para tuwan ||

27. rawuh lajêng têtabean | jêng gusti pangran dipati | tanya pawartaning wana | residhèn kang nyariyosi | yèn Kangjêng Pangran Bèi | dhawahe baranggah agung | lajêng kinèn ambêkta | konjuk mring sri narapati | Tuwan Isêl ing Wilatung inggih angsal ||

28. jêng gusti kalangkung suka | mring putra Pangran Ngabèi | sadangune lêlênggahan | tan ana ginunêm malih | amung kalanta nguni | ambêbêrêg mring wanagung | eca imbal wacana | kasaru sirating rawi | amanglarap mèh ngancik graning ancala ||

29. gya dhawuh samêkta rata | pangirid catur turanggi | Sidni napas ulêsira | nèng sabrang lèr dènnya nganti | mangkana kangjêng gusti | nitih palwa nabrang sampun | jêng tuwan risdhèn lawan | para tamu sami nunggil | sabaita [sabai...]

--- 266 ---

[...ta] rawuh brang lèr nitih rata ||

30. budhal kinurmatan găngsa | ginarbêg wadya turanggi | jinajaran wimbasara | tan sarănta sampun prapti | ing Kêpuh dèn urmati | pradăngga rêrênggan agung | tan pae kanthanira | lan kang wus winatwèng ngarsi | sang iswara kèndêl mung ganti turăngga ||

31. ri wusira asamêkta | pangiriding rata aglis | budhal ingurmatan găngsa | ing Sukaharja wus prapti | samadyanirèng margi | sinungan wisma lan tarub | rinênggan olansê plan | kalangse linungsir-lungsir | kang cêcadhang Dyan Bèi Wiryakusuma ||

32. kaliwon ing Sukaharja | bawah dalêm sri bupati | kumêdah atur pahargya | kang sami rawuh cangkrami | nanging ta kangjêng gusti | tan kampir ing tindakipun | marga glis rawuhira | ing Bacêm brang kidul sami | mandhap saking swandana gya nitih palwa ||

33. pêthukan saking sri nata | ing wuri naga basuki | minăngka tumpakanira | pra wadu wandawa dasih |

--- 267 ---

sabrang lèr wus miranti | wadya jroning kitha mêthuk | rata tuwin turăngga | jajaran wira kaplêri | gangsal tindhih iswara sarawuhira ||

34. sabrangan lèring narmada | saratining rata prapti | jêng gusti lan risdhèn nulya | anitih swandana nunggil | sumawana pra gusti | dumulur mring rata pungkur | jujug ing residhenan | lêlênggahan sawatawis | gya konduran para gusti sowang-sowang ||

35. jêng gusti myang para putra | ing sarawuhirèng puri | pinêthuk pra wadyanira | punggawa satriya mantri | gya lênggah ing pandhapi | pinarak kursi baludru | dangu raharjanira | ingkang sami têngga puri | sawusira nindya mantri apratela ||

36. karahayonirèng praja | satêdhakira jêng gusti | cangkrama dhatêng aldaka | tan wontên sangsayèng prapti | sukèng tyas kangjêng gusti | jumênêng gya tindak kondur | umanjing jroning pura | pinêthuk putra myang swami | titi tamat pustakaning pustakarja ||

 


cangkrama. (kembali)
§ = 1808. (kembali)
Tanggal: Anggara (Slasa) nêmbêlas (16) Saban (Ruwah) Be: ngèsthi nênga salira ji (AJ 1808). Tanggal Masehi: Selasa 5 Agustus 1879. (kembali)
linungsir-lungsir. (kembali)
sampanyê. (kembali)
lênggah. (kembali)
ambanjêng. (kembali)
§ Ing ngajêng nama: Pablêngan, kabêkta saking toyanipun asin dados sarêm blêng. (kembali)
luwaran. (kembali)
10 tumuli. (kembali)
11 myang. (kembali)
12 tumamping. (kembali)
13 sigrong. (kembali)
14 surêm-surêm. (kembali)
15 dèn (dan di tempat lain). (kembali)
16 tabuh. (kembali)
17 kisma. (kembali)
18 kali Gêmbong. (kembali)
19 palêngkung. (kembali)
20 jawi. (kembali)
21 bosah-basih. (kembali)
22 ingunggahkên. (kembali)
23 sardula. (kembali)
24 Kurang satu suku kata: dhuh kangjêng tuwan. (kembali)
25 risdhèn. (kembali)
26 tabuh. (kembali)
27 Kurang satu suku kata: tan umiring marang pambujanan. (kembali)
28 amangsuli. (kembali)
29 Kurang satu suku kata: sumawana kang para gusti. (kembali)