Ngadani Bêndungan Tirtaswara, Pigeaud, 1953, #1458

JudulCitra
Terakhir diubah: 09-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ngadani Bêndungan Tirtaswara

1. Sinom

1. ginita sêkar srinata | Jêng Gusti Pangran Dipati | Arya Amangkunagara | ping sakawan kang piniji | ajudhan mirungganing | Nèdêrlan Jêng Sang Aprabu | Ridêr ing Ordhê măngka | Nèdêrlan Sêleyo nami | kolnèl saha komandhan lesiyunira ||

2. ing nagari Surakarta | têlênging karaton Jawi |

--- 2: 7 ---

kang cinitra ari Soma | tri wêlas kang sitarêsmi | Ruwah ing măngsa kalih | taun Dal sangkalanipun | muji mugi luhura | sariranira jêng gusti |[1][2] lêstantuna galih mring kawulanira ||

3. kang asring kirangan têdha | Sêmbuyan kang urut wukir |[3] margi datan antuk toya | kang kinarya têgil sabin | mangkana kangjêng gusti | emut kala taun sèwu | pitung atus kalawan | pitung dasa sirah kalih | maksih nama Nararya Găndakusuma ||

4. kaptin myang ajudhanira | Jêng Gusti Pangran Dipati |

--- 2: 8 ---

Mangkunagara ping tiga | dinuta ngatêr Walandi | Litnan Kolnèl Samawis | Tuwan Bustis namanipun | yeka komandhanira | militèr apdhèling kalih | mring Sêmbuyan dumugi watês Pacitan ||

5. samana sawangsulira | ing Watês kinèn ngêntosi | anèng Kakap tigang dina | tuwan badhe wangsul malih | wau dènnya ngêntosi | salêbêting tigang dalu | yèn siyang alêlana | lêlangên imbanging ardi | amariksa ingkang anèh kawistara ||

6. panuju sawiji dina | mulat luwêng graning ardi | gumrènjèng ing swaranira | saking pangintêning galih |

--- 2: 9 ---

punika èstu warih | grojogan tumibèng kêdhung | ngumandhang kapiyarsa | iline tan katon mijil | duk samana tan ginalih karyanira ||

7. dupi mangke Dèn Mas Arya | Găndakusuma gumanti | panjênênganing kang raka | Jêng Gusti Pangran Dipati | Mangkunagara swargi | ingkang kaping tiga wau | ugi nunggil kang asma | Jêng Gusti Pangran Dipati | Arya Mangkunagara kaping sakawan ||

8. samana wêdaling karsa | anggalih mring wadya tani | ingkang dèrèng angsal toya | Sêmbuyan kang urut wukir | ing mangke kangjêng gusti | dhawuh mring wadananipun |

--- 2: 10 ---

Dèn Mas Wiraasmara | kinèn bubak ardi alit | sakidule margi dhatêng ing Pacitan ||

9. Luwêng Grènjèng wastanira | ing nguni ingkang ginalih | lêbêt wontên toyanira | bokmanawi sagêd mijil | kenging kaangge sabin | dhatêng tiyang dhusun ngriku | samana linaksanan | dhawuhira kangjêng gusti | èstu toya mijil saking jroning guwa ||

10. nanging amblês dhawahira | mring luwêng mili tan mijil | dadya mangke pinêpêtan | kang luwêng dupi wus radin | toya tandya umijil | wêning ngalèbi tumuruh | mring têgal pasabinan | satus bau winatawis |

--- 2: 11 ---

têmah suka kang sami kacakan toya ||

11. Radèn Mas Wiraasmara | tur uninga ing jêng gusti | lamun pambubaking arga | ing grènjèng wus dèn lampahi | sèstu mijil kang warih | tigang kaki wiyaripun | pitung dim kandêlira | kinintên bilih lastari | angalabi sabin gadhu satus karya ||

12. jêng gusti duk amiyarsa | saklangkung sukaning galih | kadugèn pangèsthinira | sigra kinèn animbali | sakèhe kang tuk kardi | para pangagênging dhusun | kang bawah Girităntra | datan lami sampun prapti | Tuwan Santi sêpèktur ing pangkatira ||

--- 2: 12 ---

13. Sêmbuyan lawan Wiraka |[4] rêdi kilèn Selagiri | Tuwan Portir kang minăngka | juru pamadiking warih | ngiras atministratir | Ngeramaka kang dinunung | panèwu Girităntra | Păncasandika Ngabèi | Răngga Grènjèng sabawah rerehanira ||

14. wus kerid nèng ngarsanira | Jêng Gusti Pangran Dipati | Radèn Mas Wiraasmara | kinèn dangu Tuwan Santi | paran tingkahing nguni | duk murwani bubak gunung | kongsi mijil têtoya | aturira Tuwan Santi | sangêt dènnya rêkaos pambubakira ||

15. amargi sadaya sela |

--- 2: 13 ---

parang rèjèng sêngkil curi | galotha tan wontên sêla | mila panambute lami | panuju antuk margi | wontên satunggal kang purun | kabayan narakarya | nekat brangkang anglêbêti | kancanira lajêng purun manjing samya ||

16. pitu lawan rangganira | bêkta colok anggagapi | nurut sapanjanging guwa | dupi judhêg tanpa margi | miyak grojogan kalih | sami mijil saking luhur | nuntên wangsul umêdal | wus waspaos gèn kang gampil | amêdalna toya kang anèng jro guwa ||

17. nulya binêdhah kang arga | sinusuk têmah ngalèbi | dhatêng sabin ara-ara | satus bau winatawis |

--- 2: 14 ---

duk myasa kangjêng gusti | kamantyan ing sukanipun | alon wijiling sabda | Jêng Gusti Pangran Dipati | Wirasmara dhawuhna mring kancanira ||

18. ingkang padha antuk karya | abangêt tarima mami | miwah mring sira priyăngga | apadene Tuwan Santi | kalawan Tuwan Portir | kang waskitha tuking ranu | nulya samya ginanjar | curiga arta hèrloji | myang busana waradin kang antuk karya ||

19. lawan sami winisudha | anyêntèg pangkating linggih | răngga minggah dadya dêmang | patinggi ingkang gumanti | bêkêl minggah patinggi | kabayan bêkêl kang lungguh |

--- 2: 15 ---

wus turut pangkatira | lan rêdi pinaring nami | ingaranan ing bukit Tirtasuwara ||

20. mangkana ing purwanira | duk mirsa ananing warih | tuwin luwêng guwa-guwa | myang sela kang warni-warni | karya ompak pandhapi | ing ngriku jalaranipun | mila ing sapunika | karsa dalêm kangjêng gusti | pra manggala kinèn ngudi tuking toya ||

21. kang supadi mêwahana | upajiwaning wadyalit | lan tan kirang sandhang têdha | jênak dènnya bale panti | rêna mêngku nak rabi | suka têntrêm manahipun | têbih pakarti durta | cêlak kang rahayu budi |

--- 2: 16 ---

têmbe dadya karaharjanirèng praja ||

 


§ Taun Jawi 1807, taun Walandi 1878, wulan Agustus. (kembali)
Tanggal: Soma (Sênèn) tri wêlas (13) Ruwah Dal: muji mugi luhura sariranira jêng gusti (AJ 1807). Tanggal Masehi: Senin 12 Agustus 1878. (kembali)
§ Tlatah Sêmbuyan inggih punika Kabupatèn Wanagiri Mangkunagaran ingkang sisih kidul. (kembali)
§ Tlatah Wiraka inggih punika Kabupatèn Wanagiri ingkang sisih kidul wetan salèripun tlatah Pidêksa. (kembali)