Nyanjata Sangsam
1. Sinom
1. rinêngga atma srinata | Jêng Gusti Pangran Dipati | Nararya Mangkunagara | ping catur ingkang mandhiri | kang lagya mardi siwi | winarah rèh mrih rahayu | Jêng Pangran Prangwadana | kang arsa têmbe gumanti | mrih widada dumadine yogatama ||
2. tumana mring susilarja | arju marta maratani |
--- 2 : 146 ---
sawadya wandu-wandawa | aywa na winalang kapti | myang pinrih pinarsudi | rumakêting kadang karuh | lan malih mêmiluta | lumêkêt susêtyèng budi | dening para atmajendra Surakarta ||
3. kasidaning sih-sinihan | sumrambaha makangsali | tumrap ing praja mandhala | jêjêg arjaning kang bumi | menak sarwa dumadi | dera myat para gung kumpul | sumungku abipraya | mêmayu hayu lêstari | antarane kèh suka manadukara ||
4. nahên wau winursita | kang putra tinuduh maring | pasanggrahan ing Wanarga | bêbêrêg buron wanadri |
--- 2 : 147 ---
myang mamèt ulam kali | lan para atmajèng prabu | tamtuning ri ubaya | jujug myang mangsaning wanci | pangabehan badhe pakumpulanira ||
5. kang minăngka gêgunungan | Jêng Pangeran Angabèi | manggalatmaja iswara | wau praptaning ubanggi | Akad Kaliwon kaping | sadasa Dulkijah taun | Be kang salira mentar | wana iku amarêngi |[1][2] tabuh lima jêng pangran wus pêparentah ||
6. arakit kang palênggahan | pantyalit ngarsèng pandhapi | bangku bundêr munggèng madya | asri kinubêng ing kursi | ngarsa têpyèng pandhapi |
--- 2 : 148 ---
rêspati sinungan babut | ya ta tabuh nêm prapta | para ri kang arsa ngiring | kang ngruhuni Jêng Pangran Natakusuma ||
7. tan dangu ing pêpakira | nèng latar samya pêpanggih | Jêng Pangeran Pakuningrat | katigane ingkang rayi | Jêng Pangran Arya nênggih | Prabuningrat malihipun | Kangjêng Pangeran Arya | Kusumadiningrat tuwin | kang sinêbut Walandi wasta Tuwan Jan ||
8. ngêntosi ing wiyosira | tan antara sigra mijil | jêng pangran sampun siaga | busana cara Walandi | nulya lênggah ing kursi | para ri tata alungguh | anganti praptanira |
--- 2 : 149 ---
têtamu kang arsa mampir | kunêng prapta wanci tabuh madya sapta ||
9. Pangran Prabu Prangwadana | kering ing raka kêkalih | Jêng Pangran Găndasuputra | myang Găndatmaja kang rayi | miwah ari kêkalih | Radèn Mas Subyakta timur | lan Radèn Mas Suprapta | wontên malih kang umiring | măngka pramugari Arya Brajanata ||
10. punika ingkang pêputra | jêng gusti kang kaping kalih | malih prênah ingkang paman | jêng gusti kang kaping katri | nênggih ingkang sêsiwi | Suryadarmaja jêjuluk | wusnya pinêthuk sigra | ngacaran lênggah ing kursi | mubêng tarap tan kari Dyan Wirasmara ||
--- 2 : 150 ---
11. tan dangu sunggata wedang | srutu riwusing lumarih | dungkap wanci tabuh sapta | sigra budhalira sami | sampun ngaturan nitih | rata pangkat juru-juru | sri tinon lampahira | praptèng Bacêm têdhak aglis | Dyan Tumênggung Jayasarosa amapag ||
12. lan Dyan Ariya Sêbrata | wus dangu praptanirèki | angrukti sagung kang palwa | badhe kinarya anitih | nabrang mring wetan kali | mangkana samapta sampun | sinaoskên ing ngarsa | wong agung samya anitih | miwah rata kang amot swandana rata ||
13. ing ranu tan winursita | wus prapta sawetan kali |
--- 2 : 151 ---
kuda pangirid pinasang | tan liru prênahirèki | wong agung tarap sami | jumênêng têpining lurung | kering ing ratanira | kang arsa dipun titihi | mangsah nêngah Jêng Pangran Găndaatmaja ||
14. kadi Radèn Baliputra | tinut ing ari kêkalih | Subyakta lawan Suprapta | Jaya Sarosa pêpatih | Arya Sêbrata wuri | praptèng ngarsa wus atundhuk | pamit arsa wangsula | mring nagri ari kêkalih | miwah Jaya Sarosa Arya Sêbrata ||
15. amungkur basukyèng marga | narimèng sih anganthuki | sawusnya abêbagean | nulya kur-ungkuran sami |
--- 2 : 152 ---
sigra sarêng anitih | tan winarna lampahipun | kang wangsul maring praja | wuwusên kang lumastari | asri tinon wimbuh rêngganirèng marga ||
16. patinggi umbul myang răngga | anggrêbêg samargi-margi | samya anitih turăngga | ing kanan miwah ing kering | ngarsa rolas salangsir | amandhi banderanipun | abaju sangklat rêkta | biru calana mantêsi | acêcaping ijo ginayut taliwang ||
17. ing marga tan winursita | ing dhusun Walang wus prapti | kèndêl sang narpasiwaya | gantyaning kuda pangirid | tan dangu wusnya rakit | sigra wau bidhalipun |
--- 2 : 153 ---
prapta ing Sukaharja | mangkana wong agung sami | têdhak saking rata pinêthukkên marang ||
18. sira Dyan Wiryakusuma | ngaturan laju mring panti | panggubahan madyèng awan | rinêngga sri pinalisir | ring wastra măncawarni | sinamir ron tinatuwuh | umyung pradăngga munya | kunêng ta sang narpasiwi | sampun sami lênggah ing kursi sadaya ||
19. midêr wantu larihira | miwah wadya kang umiring | wus tan ana kêkurangan | sapangkat-pangkatirèki | dangu lêrêpnya nuli | wong agung ing bidhalipun | sarêng anitih rata | saya gung dasih kang ngiring |
--- 2 : 154 ---
wau Radèn Ngabèi Wiryakusuma ||
20. andhèrèkkên sêdyanira | wangsul Panambangan mangkin | ya ta ing Kêpuh wus prapta | aganti kuda pangirid | tan dangu bidhal malih | lêstari ing lampahipun | wus praptèng Panambangan | kèndêl têpining banawi | nèng sabrang lèr samya têdhak saking rata ||
21. sigra anitih giyota | ing sabrang kidul wus prapti | laju minggah pasanggrahan | urmat pradăngga munyatri | sarêng dènira manjing | wisma sri rêngganing wangun | sampun atata lênggah | myang wadya ingkang umiring | wus pinarnah ing sajuru-jurunira ||
22. tan dangu palêrêpira |
--- 2 : 155 ---
mung angunjuk sawatawis | sigra wau bidhalira | karana mèh praptanèki | laladan Wanagiri | kadêrêng asruning kayun | wantu sami taruna | mêmpêng kasudiran mingis | amung sangsam tan lyan dadya ardayèng tyas ||
23. tan winarnèng marga prapta | Wanagiri nuju wanci | marêngi tabuh sawêlas | laju anjujug wanadri | ing kono wus miranti | sanjata miwah kudèku | myang kawula ing desa | kang badhe kinèn angiring | kalih nambang samapta gêgamanira ||
24. nahênta sang siwayendra | tumêdhak saking ratèki | anèng pratêloning marga |
--- 2 : 156 ---
kang mangidul anjog maring | ing pasanggrahan adi | kirang sapal têbihipun | dene kang maring wana | mangetan ujuring margi | sami sapal têbihe ngungkurkên arga ||
2. Pangkur
1. kunêng ta sang narpaputra | ingaturan samya nitih turanggi | sigra sarêng lampahipun | saha bala kumêrap | gunging kuda winatara pitung atus | kumrutug saengga jawah | sri tinon samargi-margi ||
2. yèn ginagas duk samana | kadya Sultan Jayusman Malebari | tinuduh mring ramanipun | miwah pra arinira | lumurug prang gêcak nagri Ngambar Kustup |
--- 2 : 157 ---
Prabu Sêmakun kang măngka | manggala pangirid baris ||
3. punika iribe uga | Arya Brajanata kang mugarèni | tinut sagunging pra sunu | sarèh bawaning wana | amêmatah prayoganing laku-laku | mamrih ing pikantukira | kunêng praptèng prênahnèki ||
4. samya têdhak saking kuda | wus binagi kang para rajasiwi | sajuru-juruning panggung | wusnya ngaturan lênggah | saha dasih kang nămpa sanjatanipun | sampurna pangrakitira | sinasmitan ngati-ati ||
5. nêngna kang sampun prayitna | kawuwusa wadya kang samya giring | mangsah kumrutug anggrêgut | tan pae lan magut prang |
--- 2 : 158 ---
sangkêp sagung gêgaman tan ana kantun | sarwi suraknya wurahan | kadya rubuh ingkang wukir ||
6. miwah bêndhenya angangkang | myang thothongan[3] narunthung barêbêgi | wor bèri bêgor abarung | wuwusên kang atadhah | pratmajendra amusthi sanjatanipun | wau ta pêpanggungira | Jêng Pangeran Angabèi ||
7. mênjangan nênêm kang prapta | narpatmaja awas dènnya ningali | tiniyungkên kuntanipun | mênjangan sru malêsat | kanêm pisan angorèk ngiwa anêmpuh | panggungira Jêng Pangeran | Kusumadiningrat aglis ||
8. angayat kunta baswara | wus tiniban kêna sukune kering | kang têngên tiba gumêbrug |
--- 2 : 159 ---
tangi asru malumpat | mingêr nulak anggêndring palayunipun | ngarsane pêpanggungira | Jêng Pangeran Angabèi ||
9. nanging têbih antaranya | satus sèkêt tindak wataranèki | sigra ingayatan gupuh | wontên dasih turira | adhuh gusti maksih dahat têbihipun | angling sang siwayatmaja | sok uga sun anibani ||
10. sigra tiniban sanjata | sangsaya sru palayunya lir thathit | mangalèr gya kinarutug | sanjata barondongan | taksih gancang mênjangan palajêngipun | saksana tinut ing kathah | patinira dèn gêbugi ||
11. kunêng ta pêpanggungira | narpaputra Jêng Pangran Angabèi |
--- 2 : 160 ---
lagyeca imbalan wuwus | lan dasih nulya ana | sangsam èstri sing kilèn malayu nêmpuh | dupi parêk panggungira | kandhêg palayunirèki ||
12. prayitnèng sang tanayendra | ngayat kunta kang kinarya ing nguni | marwasa baranggah agung | mangkana wus tiniban | kêna tênggokira trus ing têpakipun | gumêbrug tibèng bantala | tangi sru lumayu ngênthir ||
13. narajang panggunganira | narpaputra Jêng Pangran Arya aglis | Kusumadiningrat sampun | nibani kang sanjata | pan kaplorod kabêsèr pok buntutipun | tan kandhêg palajêngira | wantuning wus nandhang kanin ||
14. tan têbih antaranira |
--- 2 : 161 ---
nulya rêbah sangsam wus angêmasi | pinundhut ginotong sampun | prapta soring panggungan | samya têdhak mariksa ing tatunipun | gya parentah kinèn murak | kunêng ta wong agung sami ||
15. bubaran mring pasanggrahan | madyèng wana rinêngga tarub asri | ing kono dhaharan sampun | tabuh ro wancinira | bidhal malih anggiring mring wana Kêthu | nibani ping kalih kêna | ngularan datan kapanggih ||
16. tabuh madya lima bubar | kondur maring pakuwon Wanagiri | pinêthuk ing urmatipun | umyung punang mardăngga | asri tinon rêrêngganing lurung-lurung | tinatirah suji rancang | kasmaran ingkang ningali ||
--- 2 : 162 ---
3. Asmaradana
1. pring wulung ingkang kinardi | pinajupat têngahira | pinalang adêg-adêge | kinêmbang rineka cakra | têpung ing kering kanan | nginggil sinungan palêngkung | sri sinamir janur pita ||
2. cêcagaking pancak suji | rinênggèng ron sêsêkaran | langkung wèh sêngsêm wuryane | miwah marik pinanjêran | rontèk lawan bandera | rolas kaki longkangipun | banjêng praptèng pasanggrahan ||
3. kunêng ta wong agung prapti | pasanggrahan samya têdhak | wus manjing jro pandhapane | ing kursi lênggah atarap | sêsaosan wus aglar |
--- 2 : 163 ---
madyèng pahêman kinêpung | wau ta kang pasanggrahan ||
4. mangalèr ajêngirèki | rineka rakiting jawa | dhapur sêsinom dalême | sinungan kamar sakawan | kinajog jarambahnya | têpung kanan keringipun | jawi brungjung sakanira ||
5. pinlêstèr rata agasik | tinembok pagêring wisma | ingusar anyar tabête | ngarsa sinung paringgitan | kêkalih kamarira | wetan kilèn prênahipun | pinantês sri busananya ||
6. gambar miwah kaca murni | kawacan myang pagulingan | kunêng pandhapa dhapure | joglo gêng balunganira |
--- 2 : 164 ---
wantu parêking wrêksa | kapat sakagurunipun | rêspati sinung bêbuntal ||
7. agêng sapêluk tur gilig | anggubêd rineka sapa[4] | sakawan têpung sirahe | nèng têngah krun gantilannya | istha kadyarsa măngsa | kang sarpa maring damar krun | mangkana salokanira ||
8. têpye sunduk pinalisir | ing wastra bang biru seta | kinaywapu pêpêloke | taritis sinung taratag | tinatuwuh kang saka | ing pisang matêng witipun | raryalit kacaryan mulat ||
9. kalênengannya ngrêrangin | anèng kajogan pandhapa | ringgit wor rêbab swarane |
--- 2 : 165 ---
yayah ngalapêna jiwa | kunêng kang samya lênggah | tan dangu bubaran sampun | kasayahan saking wana ||
10. wus pinarnahakên sami | pakuwone sowang-sowang | narpaputra katigane | ing dalêm pakuwonira | kamar kilèn ing têngah | Jêng Pangran Ngabèi iku | ingkang rayi kilènira ||
11. kamar ingkang nomêr kalih | Jêng Pangran Natakusuma | dene ta kang rayi malèh | Jêng Pangeran Pakuningrat | ing kamar paringgitan | kang wetan pakuwonipun | Jêng Pangeran Prabuningrat ||
12. sisihing raka amrêgil | paringgitan kilèn kamar |
--- 2 : 166 ---
nênggih malih pakuwone | Jêng Pangran Arya Kusuma- | diningrat kilèn prênah | gêdhong longkang nataripun | lan dalêm gung pasanggrahan ||
13. kaputrèn pantêsirèki | upama wong agung praja | dene tan ana korine | Pangran Prabu Prangwadana | nèng dalêm kamar wetan | Pangran Găndasuputrèku | nèng jawi pakuwonira ||
14. Arya Brajanata malih | Tuwan Jan Dyan Wirasmara | sami jawi pakuwone | kunêng wus sami alukar | busana ngenggar-enggar | tabuh sapta malih ngrasuk | busana saparêngira ||
15. sarêng mijil mring pandhapi |
--- 2 : 167 ---
tan ewah ing rakitira | kadya duk wau praptane | munya salendro pelognya | sadasa ringgitira | kinèn sarêng bêksanipun | abarung suka kang mulat ||
16. wong agung eca miyarsi | sarwi ngunjuk sasukanya | kunêng wus dungkap wancine | tabuh kalih wêlas dhahar | nutug dènnya bujana | dangu nulya bubar sampun | makuwon lajêng anendra ||
17. ing dalu datan winarni | rêroncèning pagulingan | kawarnaa ing enjinge | Sênèn tanggal ping sawêlas | tabuh sapta siyaga | angrasuk busana sampun | malih arsa ambêbêdhag ||
--- 2 : 168 ---
18. samêkta wus samya mijil | sigra sarêng budhalira | lan sagung wadyabalane | samya anitih turăngga | sangkêp sagêgamannya | kamot ing turangganipun | enggaling carita prapta ||
19. tan pae lawan duk wingi | barang solahbawanira | malah kang sangsam wêdale | akathah datan petungan | nanging ta bokmanawa | dinanya kang tanpa kantuk | nuju sêpi petangira ||
20. yèn titisirèng pambêdhil | tan owah lan saban-saban | apan iya pratandhane | singa kang tiniban kêna | rinuruh tan kapanggya | marma kukuh dinanipun |
--- 2 : 169 ---
kunêng tabuh kalih wêlas ||
21. kondur saking ing wanadri | praptèng pasanggrahan dhahar | sigra tan dangu bubare | kasaput drês jawahira | wus ngaso masanggrahan | tan winarna roncènipun | tabuh catur sontênira ||
22. angrasuk busana sami | sadaya sampun samêkta | arsa tindak maring lèpèn | mariksa wong ngambil mina | samadya pal têbihnya | mangetan prênahira wus | budhal saha wadyakuswa ||
23. praptèng asistenan mampir | manjing jroning palataran | mangilèn loji ajênge | rakite wêwangun anyar | galdri ngubêngi wisma |
--- 2 : 170 ---
yèn jawi ran jagasatru | sinung hèk wilis cètira ||
24. kunêng asistèn wus mijil | tundhuk sami têtabean | lênggah tan dangu budhale | miyos kori bêbutulan | wingking loji prênahnya | mangetan tan dangu rawuh | ing têpinirèng narmada ||
25. kang palwa sampun cumawis | miwah ta sakwèhning saya | wus samya samapta kabèh | jala jaring myang karakat | sambêr myang sèsèrira | pêcak sandhat anco susuk | silulup gogo lan tangan ||
26. mangkana wong agung sami | jumênêng pinggiring toya | palwa wus sinaosake | sirah naga ngarsa wuntat |
--- 2 : 171 ---
asri sinung bandera | gya nitih sadayanipun | kêkanthèn inggahing palwa ||
4. Kinanthi
1. dhinawuhan adan sampun | tumandang sagung piranti | gumuruh sarêng asurak | kang amèt myang kang ningali | suka myat lumbaning mina | gung-agung sabayi-bayi ||
2. klalèn jambal miwah palung | wagal pacar parmas tagih | rêng-arêng papar saklasa | kutuk rong pêluk gêngnèki | pusuh lêmpuk sênggaringan | urang watang miwah bêthik ||
3. kada granggang jakaripu | badhèr talumpah saupih | atusan mina kang kêna |
--- 2 : 172 ---
kunêng tabuh nêm ka[5] wanci | kondur maring asistenan | ingacaran lênggah sami ||
4. sinambrama ing pangunjuk | tan adangu nulya pamit | enjing bidhal maring praja | asistèn sung arjèng margi | sawusira têtabean | gya budhal sawadyanèki ||
5. praptèng pasanggrahan agung | lajêng lênggah ing pandhapi | anutug kasukanira | dene mung kari saratri | gêndhing miwah langênswara | Kinanthi dèn wolak-walik ||
6. jam kalih wlas dhahar sampun | bibaran samya aguling | ing dalu datan kawarna | ya ta kawuwusa enjing | ri Anggara Paing tanggal |
--- 2 : 173 ---
kalih wlas siyaga sami ||
7. ingundhangan arsa kondur | samêkta sagung piranti | wus pinatah kang lumampah | miwah kang badhe umiring | nèng palwa myang nèng momotan | sampat pamintanirèki ||
8. nihan sawusira ngrasuk | busana wong agung sami | budhal saking pasanggrahan | gumrah sagung kang umiring | sira Dyan Jayasarănta | ondêr rêgèn Wanagiri ||
9. anguntapkên urmatipun | sêdya wangsul ing banawi | ya ta wus praptèng narmada | palwanira wus cumawis | naga sridhahulu sirah | binusanan lir duk wingi ||
10. sutendra ngaturan sampun |
--- 2 : 174 ---
sigra dènira anitih | dene sagung para wadya | kang palwa sampun binagi | wus kamot sadayanira | gya mancal andhandhang malih ||
5. Dhandhanggula
1. silir-silir wong agung amilir | asri bayak lampahing baita | lir pêksi cakarwa langèn | dulur-dulur aluntur | kang gamêlan munya ngrêrangin | ringgit wor swaranira | rinêngwa anganyut | tan têbih palwa swandana | sang siwaya kasukan samargi-margi | mangkana lamun kandhas ||
2. kalih atus janma kang jagani | ngurung-urung nut lampahing palwa | tan kari ing saparane |
--- 2 : 175 ---
lamun kandhas anggêbyur | nyurung ana ingkang anarik | kambanging palwa minggah | lumampah andulur | yèn têlas margèng dharatan | samya minggah ing dhusun amêgat ngarsi | sadangune mangkana ||
3. sangsayagung ing samargi-margi | bawah kang kambah saurutira | bangawan ingagnyan kabèh | mêthuk têpining ranu | marma kêrig têkwan raryalit | kang ngumur limang warsa | kambah anggarubyug | samana panggagasira | kang angripta ya Allah Kang Murbèng Bumi | luwih pamintanira ||
4. kang sinung nikmatirèng kadadin | lawan titah kang sinung sangsara | dene tan ana iribe |
--- 2 : 176 ---
kang luhur samya sinung | mêngku ring rèh kawiryan adi | nir prih rêrêngganing tyas | prapta ing sakayun | kang cilik nandhang sangsara | alpa boga busana langkung panas prih | yayah ing angganira ||
5. yèku pan maksih nandhang kuwatir | bok ginitik marang lurahira | mila sêngkut pratingkahe | karingêtnya kadyadus | kèndêl minggah akêmpis-kêmpis | dhuh babo kang misesa | buwana sawêgung | mugi paringa aksama | maring dasih tuwan ingkang kawlasasih | kunêng ing lampahira ||
6. sang sutendra wau lumastari | samarga-marga tansah kasukan | gumuruh wadya swarane |
--- 2 : 177 ---
yèn tinon esthanipun | kadyatmajèng Janggalamanik | Sang Ino kasatriyan | duk budhalirèku | saking ing candhi Pulo Bang | sakadeyan arsa gêpuk nagri Bali | nitih pun jaladara ||
7. sêngsêm mulat wuryaning pagajih | myang pasêtrèn kèh tanêmanira | têpyèng ranu saurute | kênthang katela jagung | kacang kara miwah kêcipir | kacang cina sêmăngka | kêrai lan timun | jarak jali juwawutnya | mangsanira lagya nêdhêng angundhuhi | marma wèh arsèng driya ||
8. tambah malih sri langên ing pinggir | sêsaosan sagu desa-desa | kang kamargan saurute |
--- 2 : 178 ---
sung măngka bêktinipun | sêsaosan sakadarnèki | winehan ub-auban | wisma esthanipun | ing jro mèsi tumpêng panggang | myang sêmăngka kang palwa gantya nampani | samarga pan mangkana ||
9. miwah kang dadya sukaning galih | kèh kukila têpining udaya | sinanjatan saurute | dêrkuku lan bêrkutut | blêkok jalak miwah gêlathik | trinil grija kuthilang | tèngkèk thênguk-thênguk | kang kêna binujung palwa | anginggiri kalamun tumibèng warih | pambêlah gêbyur sigra ||
10. dupi praptèng manara ningali | lutung kathah nèng sengon kang wrêksa | pating caruwit swarane |
--- 2 : 179 ---
parentah palwanipun | kinèndêlkên palwa wus minggir | sigra kang pratmajendra | tumêdhak sadarum | samya ngasta kang sanjata | Jêng Pangeran Natakusuma nibani | punang lutung aniba ||
11. duk kumleyang linokakên mati | praptèng ngandhap gya tangi jumranthal | kang mulat suka guyune | wor ngungun sarwi jêtung | nora nyana dene ngapusi | tibane duk kumleyang | tingkahe lir lampus | tan wruh tibaning bantala | jaranthalan tumrancag maring wit malih | sabên-sabên mangkana ||
12. nulya ingkang rayi ganti-ganti | nyanjata nanging tan ana kêna | pan amung dadya sukane |
--- 2 : 180 ---
pra wadya kang andulu | ya ta Kangjêng Pangran Ngabèi | rênguning tyas sinamar | de para rinipun | anggung dènnya sinurakan | sigra nyandhak sanjata tiniban kêni | lutung tibèng bantala ||
13. trus lambungira pêjah gumuling | wus pinundhut kamot ing baita | undhang budhal pamilire | wau sang narpasunu | datan kandhêg dènnya lumaris | sarwi adhêdhaharan | nèng palwa anutug | miwah sagung kulawarga | sinambrama tan ana kurang ambukti | tiniti pinariksa ||
14. suka sagung wadya amênuhi | sarwa boga kunêng lampahira | wus prapta ing Kêdhung Banthèng |
--- 2 : 181 ---
kèndêl samya angirup | rumpon tabuh kalih kang wanci | mina mung sawatara | gya bubaran sampun | milir lêstari lampahnya | praptèng Panambangan wanci tabuh katri | laju ing lampahira ||
15. praptèng Lêngking gisik wetan kali | wontên balêkok pinggiring toya | tiga ajajar encoke | ya ta sang narpasunu | awas mulat ngandikèng siwi | lah Kusumadiningrat | pilihên pêksiku | iya padha sinanjata | bêbarêngan kang putra tur sêmbah milih | kang mencok lèr priyăngga ||
16. kang kidul ingaturkên ramèki | mèsêm anganthuki sigra ngayat | sanjata sarêng kalihe |
--- 2 : 182 ---
ingaban munya sampun | blêkok ingkang kidul kapilis | suka sagung tumingal | wimbuh langênipun | nulya pinèt ing baita | sampun katu[6] kang pêksi tinampan aglis | milir malih kang palwa ||
17. wau praptèng Karadenan wanci | tabuh madya nêm kèndêl saksana | angirup malih rumpone | tan patya kèh tukipun | laju budhal palwa umilir | prapta ing pasanggrahan | poncol malih ngirup | mina antuk sawatara | bidhal malih laju milir lumastari | eca lampahing palwa ||
18. tan rêkasa nut ilining warih | ya ta ingkang wanci tabuh madya | astha praptèng Kêdhung Gudèl |
--- 2 : 183 ---
wong agung minggah sampun | pinêthuk ing Radèn Ngabèi | Wiryakusumèng natar | ingaturan laju | mring pakuwon tarub lênggah | saha wadya wus pinrênahakên sami | tinata pangkatira ||
19. asêsugun midêr punang larih | wantu-wantu panêmbramanira | sawusnya dangu lênggahe | ngaturan dhahar sampun | miwah wadya sarêng ambukti | mung pae ênggènira | dhêdhaharan nutug | mangkana wong kang nêningal | tan petungan kêthèn ayutan prasami | busana sarwa endah ||
20. jêjêl tundhung-tumundhung apipit | rêbut ênggèn ajêngkang-jinêngkang | mamrih katon pandulune |
--- 2 : 184 ---
tiba pating gadêbug | tangi wênèh lajêng ambithi | dadya akêkêrêngan | pulisi abikut | pamisahe bokmanawa | ana ingkang anganggo gêgaman sami | dadya tan kobêr mulat ||
21. mawor barung kang pradăngga muni | abusêkan swaraning kang jalma | pating talorong obore | riwut rêngyèng pandulu | kadi lampor wurahan atri | kunêng luwar bojana | sigra budhalipun | wus dadya gusthining lampah | kondurira saking Kêdhung Gudèl nitih | baita sowang-sowang ||
22. wus tan ana langênirèng margi | amung sare ngasokên[7] sarira | wit dahat arip sayahe |
--- 2 : 185 ---
mangkana rinukti wus | pasarean palwa pribadi | nulya sarêng budhalnya | ya ta wus kapungkur | Kêdhung Gudèl tan winarna | kang anendra sakeca nèng palwa milir | tan wrin wijiling arka ||
6. Mijil
1. kunêng gantya lingira ing nguni | wuwusên sang katong | linggar saking praja sabalane | Langênarja wus nyare saratri | wau jêng sang aji | ing dalu awungu ||
2. miyos ing natar nuduh ing dasih | pêpilihan kang wong | manawa prapta ing sawancine | ingkang putra Jêng Pangran Ngabèi | tinimbalan aglis |
--- 2 : 186 ---
pandhapa anjujug ||
3. kawuwusa kang andon aguling | ing Langênarja jog | madya lima ing ngriku wayahe | narpaputra minggah wus apanggih | lan duta narpati | dhinawuhkên sampun ||
4. timbalane kang rama sang aji | sandika gya bodhol | praptèng natar anuju waktune | talingsingan tan panggih sang aji | turing kang pra êncik | ramanta sang prabu ||
5. sare malih kadangon anganti | wau ta sang anom | midêr anèng jro panatarane | byar raina utusan nimbali | kang raka nèng jawi | pangran arya prabu ||
6. dhinawuhkên sandika turnèki |
--- 2 : 187 ---
sigra parêng bodhol | minggah maring jro pasanggrahane | ingacaran minggah ing pandhapi | ngantosi narpati | ing sawungunipun ||
7. tan adangu wungune sang aji | tinimbalan gupoh | Jêng Pangeran Bèi kêkalihe | Pangran Prabu Prangwadana aglis | umanjing jro puri | panggih jêng sang prabu ||
8. sinabdan raharjanirèng margi | tur nuhun magupoh | myang dinangu ing paran tingkahe | matur purwa wasana tan gêmpil | gya tinundhung mijil | sandika wus mêtu ||
9. praptèng jawi pinaringan sami | sunggata sang katong | num-inuman pêpak sawarnine |
--- 2 : 188 ---
miwah dhadharan sampun pinaring | roti martegèki | sardhèn miwah kèju ||
10. myang sêmăngka kinarya lih-olih | ing rata wus kamot | kunêng wus kalilan mantuk kabèh | nêmbah mijil praptèng jawi kori | anitih rata glis | saha wadyanipun ||
11. tan cinatur lampahirèng margi | Pangabean rawoh | tumurun saking ing rata age | tabuh astha enjing ingkang wanci | wus samya umanjing | ngacaran alungguh ||
12. nèng pantyalit sangarsèng pandhapi | wus samya alunggoh | datan owah duk mangkat rakite | num-inuman tan dangu wus mijil | ingacaran sami |
--- 2 : 189 ---
gya sarêng angunjuk ||
13. nulya pamit mantuk mring wismèki | linilan gya bodhol | praptèng jawi gya nitih ratane | kunêng wau Jêng Pangran Ngabèi | dangu sawingkinging | paranta rahayu ||
14. matur wit têdhak praptèng samangkin | tan ana pakewoh | siyang dalu tansah rumêksane | pra santana kang kantun nèng wuri | anggung pamujining | kang maring rahayu ||
1 | § Taun Jawi 1808, taun Walandi 1879, wulan Nopèmbêr. (kembali) § Taun Jawi 1808, taun Walandi 1879, wulan Nopèmbêr. |
2 | Tanggal: Akad (Ngahad) Kaliwon sadasa (10) Dulkijah (Bêsar) Be: salira mentar wana iku (AJ 1808). Tanggal Masehi: Selasa 25 November 1879. Pada bulan Bêsar tahun AJ 1808, hari Ngahad Kaliwon jatuh pada tanggal 15, maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah: Ngahad Kaliwon 15 Bêsar AJ 1808 (Minggu 30 November 1879). (kembali) Tanggal: Akad (Ngahad) Kaliwon sadasa (10) Dulkijah (Bêsar) Be: salira mentar wana iku (AJ 1808). Tanggal Masehi: Selasa 25 November 1879. Pada bulan Bêsar tahun AJ 1808, hari Ngahad Kaliwon jatuh pada tanggal 15, maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah: Ngahad Kaliwon 15 Bêsar AJ 1808 (Minggu 30 November 1879). |
3 | thonthongan. (kembali) thonthongan. |
4 | sarpa. (kembali) sarpa. |
5 | kang. (kembali) kang. |
6 | katur. (kembali) katur. |
7 | ngasokkên. (kembali) ngasokkên. |