Radya Pustaka, Prajakintaka, 1939, #502

JudulCitra
Terakhir diubah: 17-07-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Radya Pustaka, Prajakintaka, 1939, #502: Citra 1 dari 4

Radya Pustaka

I. Kewraning tyas dènnya mrih mêmanis | labaning wong dahat mudha dama | ingampah tan kêni drênge | manguyu wahyèng wahyu | Kangjêng Gusti Pangran Dipati | Arya Mangkunagara | ingkang kaping pitu | mèngêt dènira dinardyan | nora ketang kucêm-kucêm dèn raupi | sêdya tur pudyastawa ||

II. Sukra Paing Sinta windu Adi | măngsa karolas lèk dwi dasastha | Rabingulakir warsa Je | yeka sangkalanipun | luhur mulya sarirèng gusti | utawi ping nêmbêlas | Juni têngranipun | wênganing nala trus rêna | dènnya ngasta pusaranirèng praja di | wus kawan likur warsa ||

--- 221 ---

Radya Pustaka, Prajakintaka, 1939, #502: Citra 2 dari 4

III. prasêdya yu nir salwir pangèsthi | tata têntrêm sapraja raharja | kawula gung alikabèh | samya suka sumungku | layak lamun mangkana dening | pangèsthining wardaya | karêm ngudi kawruh | anggung ulah kabudayan | myang kagunan ginurita sariratri | mrih kamajênganira ||

IV. ulah karawitan lan lêlungit | kasusastran myang salwiring rahswa | pinarsudi sampurnane | katăndhayêktinipun | yèn ing Radya Pustaka kardi | sêsorah sasaminya | migatoskên rawuh | sakalihan ingkang garwa | miyarsakkên kawuryan rênaning galih | kăntra kuwunging nitya

V. malah nalikanira ing nguni | Radèn Purwadarminta sêsorah | babading kasusastrane | jêng gusti karsa usul | trahing sabda aris patitis |

--- 222 ---

Radya Pustaka, Prajakintaka, 1939, #502: Citra 3 dari 4

karya pirênèng prana | tanapi ing dangu | kaparêng têdhak mariksa | pasinaon dhalang kongsi nguningani | bibaring pangajaran ||

VI. pakêmpalan Yafa Insêtitit | kongsi tuwuh ing Sanabudaya | tar lyan sing ada-adane | jêng gusti sang kasumbung | tuhu lamun dahat anggalih | ajênging nungswa băngsa | sapiturutipun | marmanta panuwun amba | wanti-wanti yayah drawayaning warih | ing Suksma sanityasa ||

VII. pajampuwa karsa nugrahani | ring jêng gusti sang maha wibawa | lulus ing kasugêngane | wêwah kamulyan luhung | miwah kaluhuran dhatêngi | krêtarta manubawa | bawani praja yu | panjanging yuswa widada | dadya pandam pangauban garwa siwi | myang sagung brêtyapatya ||

--- 223 ---

Radya Pustaka, Prajakintaka, 1939, #502: Citra 4 dari 4

VIII. gumêbyar lir wimbaning kang rawi | mrabakara dumipèng kanang rat | menak kang dumadi kabèh | ayêm yam-yaming kayun | winêngku tyas pasthika manik | wisunaning tyas sirna | mung bagya rahayu | nartani sapraja wirya | muwah-muwuh nora kurang sandhang bukti | titi [Prajakintaka][1]||

Rn. Ms. Ng. PRODJOKINTOKO
Soerakarta

 


Teks asli berupa tanda tangan Prajakintaka. (kembali)