Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1936

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1923. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
  2. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1924. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
  3. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1925. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
  4. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1926. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
  5. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1927 . Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
  6. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1928. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
  7. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1929. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
  8. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1930. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
  9. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1931. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
  10. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1932. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
  11. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1933. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
  12. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1934. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
  13. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1935. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
  14. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1936. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
  15. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1937. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
  16. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1938. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
  17. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1939. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
  18. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1940. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
Citra

Nutilên Bêstir Pêrgadring

--- 180 ---

Nalika malêm Rêbo tanggal kaping 5 wulan Dulkangidah taun Jimakir ôngka 1866 utawi kaping 29 Januari 1936, Radyapustaka parêpatan pangrèh wontên ing kagungan dalêm gêdhong musium.

Ingkang wontên

1. Pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, 2. Panitra, Radèn Mas Ngabèi Prajakintaka, 3. Panitya, Radèn Tumênggung Suradipura, 4. Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya, 5. Juru rêmbag, Tuwan E. Mudhi.

Ingkang pamit

1. Mudha pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya, 2. Panitya, Radèn Ngabèi Yasawidagda, 3. Panitya, Radèn Ngabèi Dutadilaga.

Ingkang karêmbag

I. Maos pèngêtan parêpatan nalika malêm Jumungah tanggal kaping 14 wulan Rabingulakir taun Jimakir ôngka 1866 utawi kaping 26 Juli 1935 sarampungipun pangarsa naringakên punapa wontên ingkang kirang sarta ingkang lêpat, sarêng sampun botên wontên ingkang matur kirang saha nglêpatakên, lajêng katêtêpakên.

II. Pangarsa anggalih lajêngipun sêsorah ing Radyapustaka angandika bilih ing wulan Dhesèmbêr 1935 ingkang kapêngkêr punika ingkang sêsorah Radèn Kaji Muhkamad Ngadnan bab agami Babil sarta wontênipun madab sakawan, ing wulan Januari punika pancènipun Tuwan Dhoktêr C. Hooykaas bab pilahipun agami Budha dados mahayana, [mahaya...]

--- 181 ---

[...na,] sarta hinayana, namung lajêng pamit amargi sakit, Radyapustaka lajêng nêmbung dhatêng Tuwan T. J. Dahler, supados ambanjêl, namung ugi botên sagêd, panitya Radèn Tumênggung Suradipura kadhawuhan sêsorah punapa prayoginipun, aturipun nyuwun pamit, lajêng dhawuh dhatêng panitra ugi nyuwun pamit, namung lajêng katêtêpakên supados sêsorah bab aluraning para dewa, Tuwan E. Mudhi, kapatah sêsorah bab mitologi, sarta Radèn Kaji Ngadnan kapatah adamêl sajarah Mêsir, dene sanès-sanèsipun badhe kagalih malih.

III. Pangarsa mratelakakên bilih Radyapustaka nampèni sêrat saking panitraning Yapa Insêtitut kanthi sêsorahipun Tuwan Dhoktêr F. D. R. Bosch kados ingkang sampun kakintunakên dhatêng para pangrèh, punika kadospundi sami pamanggihipun, manawi panggalihipun pangarsa piyambak botên kagungan sumêlang, dening musium punika barang wêdalan Surakarta sadaya.

Tuwan E. Mudhi matur, manawi pikajêngipun punika tumrap parluning akathah sae. Radèn Tumênggung Suradipura nyambêti atur, manawi pikajêngipun tumrap parluning akathah lêrês bilih sae, namung manawi ngèngêti nalika Sanabudaya ngrêmbag sêrat-sêrat kala samantên punika tumrap Radyapustaka lajêng ribêt, dhawuhipun pangarsa manawi bab sêrat-sêrat punika karsanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, dene Tuwan Dhoktêr Bosch, malah bokmanawi Tuwan Dhoktêr Bosch saupami dipun jak rêmbagan inggih botên rujuk, Radèn Tumênggung Suradipura matur manawi botên tumrap parluning akathah lajêng paedahipun Radyapustaka kadospundi, dhawuhing [dhawuh...]

--- 182 ---

[...ing] pangarsa paedahipun lajêng nama nyambut damêl sêsarêngan, inggih punika bakunipun manawi makatên pangrèh rak inggih mupakad, namung ricikanipun taksih prayogi kamanah panjang, dene putusanipun badhe kapasrahakên parêpatan agêng, namung Radyapustaka prêlu mangsuli rumiyin dhatêng Sanabudaya amratelakakên manawi badhe karêmbag wontên parêpatan agêng, parêpatan mupakat, pangarsa lajêng dhawuh ing Tuwan E. Mudhi, kapatah mrêtal sêsorahipun TuwakTuwan. Dhoktêr Bosch, badhe kawaos wontên parêpatan agêng, aturipun sandika.

IV. Pangarsa mratelakakên bilih Radyapustaka nampèni sêrat saking Kirtya Bali, wosipun kapurih dados warga, kuntribisi sataun f 2.50, panggalihing pangarsa botên wontên pakèwêdipun, parêpatan mupakat.

V. Pangarsa ngandika, salaminipun jumênêng pangarsa malih punika dèrèng nate parêpatan agêng, mila anggalih badhe parêpatan, namung pancènipun angrêmbag palapuran taun, môngka sampun kasiyarakên sabên taun, dados punapa ingkang kêdah karêmbag, botên wontên ingkang gadhah pamrayogi, putusanipun kaparênging pangarsa saèstu badhe parêpatan agêng, katêmtokakên benjing salêbêtipun wulan Pèbruari tanggal sêpuh, dene ingkang karêmbag

I. Maos pèngêtan parêpatan kapêngkêr.

II. Maos palapuranipun panitra nalika andhèrèk pangarsa jiarah dhatêng pasarean Giri sarta têdhak Madura.

III. Sêsorahipun Tuwan Dhoktêr Bosch.

--- 183 ---

Parêpatan mupakat, wanci jam 1/2 9 parêpatan katutup.

Pangarsa

Panitra

[Grafik]

--- 184 ---

Nalika malêm Sabtu tanggal kaping 21 wulan Rabingulakir taun Alip ôngka 1867 utawi kaping 11 Juli 1936, Radyapustaka parêpatan pangrèh mawi nyêdhahi Argyawandawa Kangjêng Radèn Mas Arya Wuryaningrat sarta warga Radèn Sutapa Adisaputra kalihan Mas Suteja.

Ingkang wontên

1. Pangarsa Gusti Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, 2. Panitra, Radèn Mas Ngabèi Prajakintaka, 3. Panitya, Radèn Tumênggung Suradipura, 4. Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya, 5. Sêdhahan warga, Radèn Sutapa Adisaputra, 6. Sêdhahan warga, Mas Suteja.

Ingkang pamit

1. Mudha pangarsa, Gusti Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya, 2. Panitya, Mas Ngabèi Yasawidagda, 3. Panitya, Radèn Ngabèi Dutadilaga, 4. Sêdhahan Kangjêng Radèn Mas Arya Wuryaningrat.

Ingkang karêmbag

I. Pangarsa paring panarimah dhatêng Radèn Sutapa Adisaputra sarta Mas Suteja anggènipun mrêlokakên dhatêng, lajêng ambikak parêpatan, amratelakakên manawi Radyapustaka anampèni saking pangrèhing Yapa Insêtitut: pranatan lampah- lampahing tal konggrès ing Sanabudaya, kawaos, sarampungipun lajêng kataringakên dhatêng parêpatan Radyapustaka parlu nglampahakên wakil punapa botên, Radèn Sutapa Adisaputra matur Radyapustaka kêdah utusan sarta mawi [ma...]

--- 185 ---

[...wi] udhu rêmbag, bab sapisan punika pakêmpalan B.P. sampun damêl polêg MILO, kawontênanipun nama nyênêngakên, bab kaping kalih punika kala rumiyin pakêmpalan Mardibasa sampun nate ngadani, kala samantên piyambakipun dados warganipun, sarta Martasuwignyan dados pangrèhipun. Mas Suteja nyambêti, bab kaping tiga basa Jawi kangge rêgènsêkap rad, inggih sagêd tumindak, saha sampun wontên pêpiritanipun kagungan dalêm rad bale agung punika inggih ngagêm basa Jawi. Pangarsa anglêrêsakên, putusanipun anglampahakên utusan, ingkang kapatah warga pangrèh Mas Ngabèi Martasuwignya, 2. Warga Radèn Sutapa Radisaputra,Adisaputra. 3. Warga Mas Suteja, sarta lajêng sami kadhawuhan damêl wawasan, benjing malêm Jumungah ngajêng (ping 17 Juli) punika, sasampuna sami rampung dipun tampèni sarta lajêng karêmbag ing parêpatan pangrèh.

II. Pangarsa mratelakakên manawi Radyapustaka nampèni sêratipun Mas Suwandi guru Mangkuyudan, lajêng kawaos, têmbung Mlajêng suraos nyuwun dados warganing pahêman Radyapustaka, sarampungipun lajêng anaringakên ing parêpatan, putusanipun katampèn.

Pangarsa ngandika, manawi ingkang karêmbag sampun têlas, bokmanawi wontên ingkang gadhah rêmbag ingandikakakên mêdharakên.

Radèn Sutapa Adisaputra matur anglapurakên nalika dhatêngi parêpatan rad musium wontên Sanabudaya ing Ngayogyakarta. Malêm Akad sagêd mutus. Anggèning nyambut damêl sêsarêngan musium-musium punika kadhapuk pedhêrasi, [pedhêra...]

--- 186 ---

[...si,] kadosdene pamanggihipun Radyapustaka, utusan Radyapustaka apratela tindak makatên punika minôngka wiwitanipun, manawi sampun tumindak ing têmbe karaosakên, pamanggihipun Radyapustaka punika kacondhongan dening utusan musium Batawi. Dhoktêr Bos anjabêl usul rad musium, enjingipun badhe ngrêmbag bab-bab ingkang prêlu gandhèngipun, wasana utusan lajêng sami kapambêng botên sagêd wangsul dhatêng Ngayogya.

Wanci jam 8 parêpatan katutup.

Pangarsa

Panitra

[Grafik]

--- 187 ---

Nalika malêm Jumuwah tanggal kaping 27 Rabingulakir taun Alip ôngka 1867, utawi kaping 17 Juli 1936, pahêman Radyapustaka parêpatan pangrèh, wontên kagungan dalêm gêdhong musium, anyêdhahi warga Radèn Sutapa Adisaputra sarta Mas Suteja.

Ingkang wontên

1. Pangarsa, Gusti Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, 2. Panitra, Radèn Mas Ngabèi Prajakintaka, 3. Panitya, Radèn Tumênggung Suradipura (Tôndhanagara), 4. Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya, 5. Panitya, Radèn Ngabèi Yasawidagda, 6. Juru rêmbag, Tuwan E. Mudhi.

Ingkang pamit

1. Mudha pangarsa, Gusti Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya, 2. Panitya, Radèn Ngabèi Dutadilaga.

Ingkang karêmbag

1. Maos notilên parêpatan kapêngkêr, 2. Pangarsa mratelakakên manawi badhe nampèni wawasanipun para ingkang tinanggênah andhatêngi parêpatan tal konggrès ing Sanabudaya, lajêng sami ngaturakên sêrat.

1. Radèn Sutapa Adisaputra.

--- 188 ---

2. Mas Ngabèi Martasuwignya, 3. Mas Suteja.

lajêng kawaos

1. Radèn Sutapa Adisaputra, suraos

Ha. Nagari pundi kemawon wiwit pamulangan andhap dumugi pawiyatan luhur sami ngangge basanipun tiyang siti.

Na. Basa Jawi punika kenging dipun wastani basa ingkang jangkêp sarta tata, dados inggih kenging kangge sarana ngudi kawruh wontên ing pamulangan andhap sarta luhur.

Ca. Gêgayutanipun kalihan kawruh technick sapanunggilanipun ingkang aslinipun saking mônca, têmtunipun wontên kêkiranganipun, nanging botên dados pamurunging lampah têmbung-têmbung ingkang botên kenging dipun jawèkakên, kenging dipun lugokakên, ugêr mangrêtos wosipun, kados ta: pit, lokomotip sapanunggilanipun.

Ra. Têmbung-têmbung amônca kasêbut ca, dangu-dangu dados têmbung pitulunganipun tiyang siti.

Wawasan pangajaran

Ha. Pamulangan ôngka II punika botên wontên sambêtanipun, mila kêdah dipun wontênakên pamulangan sambêt (Mulo-Ams) ingkang mawi basa Jawi.

Na. Dumugi sapunika, tiyang Jawi ingkang ngudi kawruh inggil saking pamulangan, [pamulanga...]

--- 189 ---

[...n,] ôngka II kapêksa sinau basa Walandi rumiyin, punika nama ngêcèh-êcèh wêkdal sarta pikiran.

Ca. Ing têmbe mêsthi badhe langkung dipun aosi wêdalan pamulangan MILO Jawi.

Ra. Basa Jawi wontên pamulangan MILO sagêd dados sarana sumêbaripun piwulang basa Jawi umum, sarta sagêd dados pamêcut para sagêd purun ngudi anjawèkakên sêrat-sêrat kawruh mônca.

Wawasan adhêdhasar taal-psychologie

Ha. Basa punika kangge nglairakên pikiran sarta pangunêg-unêging manahing tiyang.

Na. Sêsêrêpan basa, punika thukul sarêng kalihan kamajênganipun tiyang.

Ca. Kamajênganing jiwa, punika gadhah wêwatêkan piyambak-piyambak.

Ra. Rare umur 6 taun, punika ingkang dipun alami basanipun piyambak, manawi dipun sakolahakên ingkang mawi basa mônca, punika kapêksa angewahi sagêdipun runtut, namung wohipun sagêd ugi bingung.

Ka. Bôngsa Jawi ingkang sinau kawruh kilènan mawi sarana basa Walandi, punika botên kurup, amargi wêkdalipun langkung lami, kecalan murnining pikiran.

--- 190 ---

2. Mas Suteja, basa Jawi kangge ing rad-rad punika prayogi sangêt.

3. Mas Ngabèi Martasuwignya, badhe ngajêngakên basa Jawi punika sagêdipun majêng manawi dipun tindakakên.

Sarampunging pamaos lajêng kataringakên ing parêpatan, sadaya sampun sami rujuk, Radèn Ngabèi Yasawidagda namung ngewahi têmbung mucal, supados kasantunan mulang.

Pangarsa dhawuh,

1. Têmbung Radyapustaka, supados dipun wêwahi pangrèh Radyapustaka.

2. Bab basa Jawi kangge wontên rad-rad, punika supados nyukani tôndha yêkti, ing kagungan dalêm rad bale agung punika ugi mawi basa Jawi.

Benjing manawi badhe anggêlarakên, mratelakna sarèhning sêdhahan saking Sanabudaya kaslêpêg, dados Radyapustaka botên sagêd parêpatan agêng, namung karêmbag ing parêpatan pangrèh.

Wanci jam 10 katutup.

Pangarsa

Panitra

[Grafik]