Wicara Kêras, Rêksa Pustaka (A98), akhir abad ke-19, #1061

JudulCitra
Terakhir diubah: 13-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Wicara Kêras

[...][1]

Sêrat Wicara Kêras (Suluk)

--- [0] ---

[...]

--- 1 ---

1. Sinom

1. watêking wicara kêras | susumuking pangucap bêngis |[2] iku nangèkakên napas | setane nuli kêkinthil | pangucap ririh manis | nora tangi napasipun | antêng sarta santosa | setane lumayu ngênthir | pan wus kocap wong sabar ngunjara setan ||

2. budi kang nora sarănta | iku panuntuning eblis | dèn omahakên paragak | pangrasane suwarga di | wong kêna ing jêjail | nora mantêp maring ngèlmu | binedhung brêkasakan | nalare pating saluwir | nora eling lamun titahing Pangeran ||

3. sabab kinarya Kalipah |

--- 2 ---

têgêse mapan gêgênti | têka kurang panggraita | prandene kudu abêcik | apa marganing bêcik | sok buwang sarak tur lêngus | măngsa silih antuka | malah jiniwir ing ciwir | pangrasane dudu gêtih lawan kama ||

4. wus kocap ing dalêm Kuran | pêpacanganing bilai | wong kurang sabar narima | ewan panastèn ing ati | liya jinis upami | yèku bangsane truwèlu | dadra angămbra-ămbra | lali lamun ana pati | utamane wong bêcik anglakonana ||

5. sabarang panggawe arja | tuwin panggawe kang bêcik | anyêgah tingkah kang salah | nora ewa nora jail |

--- 3 ---

saingga wiji-wiji | sayêgti[3] cêpak mèh thukul | kakêmbanging awirya | dudu kêmbanging bilai | dèn waspada wong urip aja sêmbrana ||

6. aja dumèh yèn awirya | anak putune wong mukti | sanadyan mangku nagara | aja sumakean êdir | tan nganggo dugi-dugi | sapa sira sapa ingsun | puniku bêbakalan | atombok kaki lan nini | kang wus bêcik panggonane milu kocap ||

7. sanadyan nora wania | ngarêp garundêl ing wuri | iku watak nganiaya | nora ngeman kaki nini | wong tuwa kang wus mati | katut katunjang pêpisuh | mêmule pêndhak arwah | dadi ilang tanpa

--- 4 ---

kardi | nak putune ting balingkrah nora kaprah ||

8. wong tuwa wajip bêbakal | wong anom darma nglakoni | yèn wong tuwane tan lumrah | turune yêgti nêmahi | sanadyan Kangjêng Nabi | Muhkhamat ingkang rinasul | uwus nayakaning rat | tan kêna sawiji-wiji | suprandene ngetung nistha lan utama ||

9. sabab mikir ing wêkasan | kaya ta ing tanah Jawi | duk Ki Agêng ing Sêsela | asabar tur tèki-tèki | Bundhankajawan nênggih | kang amiwiti mangungkung | kongsi prapta ing Pajang | Kyai Pamanahan ngapdi | Sultan Pajang angganjar bumi Mantaram ||

10. Ngabèi Saloring Pasar | prandene [prande...]

--- 5 ---

[...ne] magsih[4] ngêmohi | tan amilu lara lapa | sadaya pan sami mugti | tan milu mati ragi | mangkruk-mangkruk nêmu kêthuk | Ki Ageng ing Sêsela | pêpaline aprayogi | dèn anggea nora nasar ambêlasar ||

11. malah mulya ing dêlahan | pinuji dadia gusti | asih marang pra ngulama | asih marang pêkir miskin | awèta dèn aubi | tulusa dadi pêpaku | amêngku ing rat Jawa | aja mikir ta ing tai | amikira tulus arjaning nagara ||

12. mokal yèn tan graitaa | nanging kèh padha kasilip | ngaku trahing Brawijaya | ratune ing Majapait | pagene nora sagti |[5]

--- 6 ---

têka sêpi ing rahayu | namung gunane padha | kasukan lali ing dhiri | nora nganggo dêduga lawan prayoga ||

13. yèn ngaku anak pandhita | sayêgti bêtah sêsirih | yèn nora karêm ing tapa | iku lamis nora dhamis | yèn nora bêtah ngêlih | yèku wong angaku-aku | lamun anak bujăngga | yêgti bisa dulit mangsi | ngaku anak sujana nalare liwar ||

14. angaku anak ngulama | têka nora bisa ngaji | yèn angaku anak Cina | pagene nora kêkucir | angaku anak santri | nora bisa maca Khulhu | ngaku putraning nata | pasthi nalare patitis | ngaku anak kaum [kau...]

--- 7 ---

[...m] pasthi bisa dunga ||

15. ngaku anaking panêgar | tan wruh solahe camêthi | yèn ngaku anaking jendral | tan bisa aba prajurit | ngaku anaking mranggi | tan wruh lakuning dur-udur | ngaku anak kêmasan | boboting mas tan udani | ngaku anak pandhe tan wruh noming waja ||

16. ngaku anaking prawira | têka pijêr mangan tangi | ngaku anaking wong desa | dene tan nyangkêlit arit | ngaku anaking tani | têka pijêr kalung kasut | ngaku anaking jêgsa | wicarane tan prayogi | ngaku anak wong praja solahe kiwa ||

17. lamun ora mangkonoa | pasthi liniruning eblis | duk ibune [ibu...]

--- 8 ---

[...ne] pulanglaras | lawan bapakaning nguni | setan ingkang momori | yèn ora iku blêkuthur | marmane karêm sasar | balasar rada mênthalit | sêsetanan anjaili padha băngsa ||

18. mung karêpe dèn alêma | ingaranana wong sigit | talèdhèk ajimprak-jimprak | pangrasane widadari | yèn kasriring[6] sathithik | padha băngsa nuli padu | datan nganggo upama | sêsumbar acêrik-cêrik | yèn wani prang măngsa dadak mangkonoa ||

19. wanine mung padha băngsa | dèn rewangi takrê[7] pati | jamak wong ngaku prawira | kaya Sultan Mangkubumi | atapa tur undhagi | wiwekane pan wus putus | micara tan sikara |

--- 9 ---

pêsaja nalare mintir | lamun aprang padha băngsa datan arsa ||

20. têka nora na sêmbada | carigis namung cariwis | yèn mulat liring wanodya | atine anginthi-inthi | ambêg anglêlanangi | muncu-muncu kaya wudun | buwana ing rat Jawa | anèng sêlaning dariji | mung tumèmpèl anèng ing lambe sadhela ||

21. yèn ana kawulanira | kang sisip nuli dèn incih | yèn marentah padha Jawa | anglir jendral angêjawi | yèn uga dèn waoni | palêthês angêrèt umur | karêpe nora eman | pêsating nyawa lan jisim | pangrasane nora kêna ing duraka ||

22. iku gêdhening duraka | wong

--- 10 ---

sok uga mêmatèni | gêdhe-gêdhening ganjaran | dosa pati dèn uripi | ngapura ing wong sisip | asatar sarta rahayu | ananging pangkat-pangkat | yèn wus katrap dèn anuli | pinanjingna siyasat aywa was-uwas ||

23. mêlang-mêlang kurang rencang | kêna binedhung ing eblis | lamun amangku bicara | kari angêmut dariji | yèn darbe pikir silip | mung kadêrêng kudu bêrung | nora angon ukara | iku wong datanpa kardi | mung pantêse klênthang-klênthang bănda tangan ||

24. kaya alam Wiradigda | lali kalamun wong cili | arsa angowahi adat |

--- 11 ---

ambubrah janji wus dadi | amêmpêng kudu jurit | sêsumbare bisa mabur | saguh bisa malumpat | bêngawane wong Sêmanggi | kabèh obat ing loji pan dadi toya ||

25. lawan ujare wong kathah | kang dadi muride sami | Nurshalèh kalawan Bahman | awisma anèng nagari | padha mêguru sami | nagara iki mèh ajur | kalamun dèn anggêpa | ature marang sang aji | mung dinumuk bêdhahe ngloji ing Sala ||

26. Kandhuruhan Wiradigda | awisma wontên nagari | yèn ora dadi wadana | pasthi darajate ugi | yèn karsane sang aji | karone dadi tumênggung | ing Bantên Balambangan |

--- 12 ---

angumpul Surakartèki | nadyan Bali Sêmbawa Bugis Makasar ||

27. pasthi tundhuk marang Sala | padha saos bulu bêgti | nora lawan pinukul prang | miwah ing Batawi miris | marang Surakartèki | jendrale gawa pisungsung | kalamun padha băngga | măngsa ngowahêna têki | sikêp gêntho kang bêdhah loji Sêmarang ||

28. dene ta kang ahli jăngka | kang aran Radèn Miswani | iku Radèn Wiradigda | anggêpe wus nora gingsir | mulane dèn pêpêtri | ambêlithuk wong angantuk | balilu ing nagara | agawe wutahing gêtih | wêkasane ting clulu sinambêr dhandhang ||

2. Dhandhanggula

1. ilang cinucuk ing dhandhang putih |

--- 13 ---

wus kagawa muluk angêmbara | wong lima iku rowange | pikire ting salithut | kudu nyathut Sultan Giyanti | durung kongsi tumêka | sêlak amêrkungkung | Jêng Sinuhun Kabanaran | wus tatela lamun lêlananging bumi | samêngko durung ngona ||

2. yèn ing kuna akèh kang ngungkuli | jaman mêngko mapan durung ana | prandene kudu mêthènthèng | wani tinandhing saguh | mulane ta ana bopati | aran Sujanapura | bopati ngalindur | karêpe amadhanana | duk timure kaya Sultan Mangkubumi | nama Dèn Mas Sujana ||

3. ting baliyur pikire wong ngutil | iya têka dianggêp nagara | lagi

--- 14 ---

kumbul istijrate | ngèlmu karang kinêlun | dudu ngèlmu ingkang sajati | tur ta măngsa mèmpêra | ki agêng rumuhun | Ngabdul Mukhtiyi ing Karang | mung nalare nalasak saking balasik | rusak angajak-ajak ||

4. saingga wong ngaku trah prajurit | iya nora karêm maring ajar | mung karêp kudu mêthèngkrèng | gumunggung padha batur | durung bisa mithês woh ranti | polahe salingkrangan | kaya wong wus komuk | bêdhah nagara limalas | singa kang wong kapapag dèn panthêlêngi | suprehe[8]

--- 15 ---

sumingkira ||

5. mêmêdèni anggung briga-brigi | pêthanthangan têngahing kalangan | sarwi ngêploki talèdhèk | dudu têngah prang pupuh | pangrasane kaya wong uwis | tanêk jêmagad Jawa | lir Răngga Madiun | ngaku tètèsing prawira | pan kaputu maring ăngga Sokawati | ngaku prajurit nyata ||

6. pan kamantu marang ing sang aji | marma polahipun datan kaprah | sawênang-wênang anggêpe | lali dadining uyuh | lamun badan misih jasmani | batin măngsabodhoa | bok aja adigung | ngandêlakên trah prawira | wong wis utang măngsa wurunga tinagih | ngungsia

--- 16 ---

ngêndi sira ||

7. duk lolose sangking ing nagari | nguntragagên ing nagara liyan | pating bathithit polahe | linurugan lor kidul | pangrasane ambêbayani | dene trahing prawira | lan dadya tatunggul | bopati măncanagara | wêkasane têka angisin-isini | ngucêmakên nagara ||

8. pêpantêse kaya ta ing nguni | Surapati rojèng Pasuruan | raga iku nora tèyèng | mung lamun ana bathuk | kang kalimis alise lancip | dhèwèke apêparap | Janaka Madiun | dudu Janaka Ngamarta | pratandhane nora bisa ngambah langit |

--- 17 ---

lan nora bisa ngilang ||

9. mati siya-siya badannèki | datan kadya Sang Prabu Rawana | nganti tumpês sawadyane | nadyan budine nguthuh | marang wadya ambêke bêcik | jêmbarakên jajahan | mangkono wong punjul | patine pati utama | angurêpi wuwus kang sampun kawijil | ambelani ing bala ||

10. nora kaya răngga tanpa kanthi | ing patine mung siji balaka | karo kalawan badane | bature padha mawut | tanna etung kelangan gusti | ujar sok dèn balengkrah | ing kasuranipun | mulane nora piraa | ing patine kaya wong dhêkêp cêcindhil | mundhak angrowani[...] ||

11. padha kêmba kang

--- 18 ---

sami nglurugi | dening datan ana kara-kara | amarani wong angame | jêbule tanpa kusur | kabèh sami amilu isin | cidra ujaring kuna | lok-loke jumêgur | praptèng wetan Balambangan | lamun răngga bisa mutêr gunung Mrapi | prajurit datan gawa ||

12. wêkasane padha lan kamrêki | patine răngga atêmah nistha | nanging ana utamane | sathithik date lampus | angantêpi ujar kang uwis | kawuwus anèng lesan | lumuh tinalikung | angrikus lir Wiradigda | nora wirang mulat marang bumi langit | wong wus sikêp [si...]

--- 19 ---

[...kêp] punggawa ||

13. têka dadak datan arsa mati | ing jamake nguntala ambêgan | dadi wus cupêt nalare | ilang ing caturipun | miwah Sultan Ngayugya sami | kaliru karsanira | kalimput ing lulut | sok ngaku trah prawira |[9] ingsun iki anak putu Mangkubumi | nanging boya sêmbada ||

14. mung karêpe dhewe dèn ubungi | ngămbra-ămbra nora sawêntara | karêm dunya tanpa gawe | atumpuk ngundhung-undhung | tan karuan makêthi-kêthi | mokal durung mirênga | yèn dunya puniku | siji pancadan utama | ing karone pêpancadan bilai |[10] pratikêl kang misesa ||

15. lamun dunya datan [data...]

--- 20 ---

[...n] mijil-mijil | mlêbu bae têgêse tan ganjar | mring bala kang olah gawe | iku pancadan luput | kurang asih marang ing dasih | ujar asusah-susah | sun ganjar wong iku | sabab wus amangan sawah | iku dunya mundhak angurud-urudi | gêgawa kasusahan ||

16. lan wong bangêt karêm ing pawèstri | wus têtela awit Nabi Adam | prandene ala dadine | gêmpal nugrahanipun | nora pantês nora prayogi | wong karêm marang arta | cahyane jalêbut | nanging iya wênang uga | lamun arta kinarya ambusanani | nagara lawan bala ||

17. lan kinarya awèwèh wong miskin |

--- 21 ---

iku dadi pancadan kamulyan | tan siya-siya badane | watêke dunya iku | lan wong wadon pinêtri-pêtri | doyan marang kiyanat | nêkakakên musuh | sir sok agawe rêkasa | dhêdhêmêne lumuh kalong kudu olih | iku wong karêm dunya ||

18. yèn wus mêndêm tan angetung bêcik | buwang nistha lan madya utama | mung ngetung-etung undhake | doyan kibir têkabur | yèn bênêra Ngayugya dhingin | măngsa nuli bêdhaha | abot sangganipun | sugih băndha sugih putra | myang santana sasat Prabu Kurupati | Ngastina gêgêmpuran ||

19. nadyan kalah nora

--- 22 ---

minggring-minggring | babar pisan utawa mênanga | anggrêgêl ing jajahane | nanging wirang puniku | aja sêpi nalar kang bêcik | ywa buwang kaprawiran | tibane sor unggul | dèn waspada ing lêlewa | ana bênêr wêkasane dadi sisip | iku wong kurang yitna ||

20. lamun uwas-uwas nêniwasi | cincing têlês margigih tan panggah | wigih-wigih pindho gawe | pan wuwus wus kadarus | sampun watak angapirani | yèn wani pan têmênan | aja mundur-mundur | aywa cidra ing ubaya | lah mênênga lamun iya nora wani | aja kokehan ăngka ||

21. caritane ing

--- 23 ---

jaman kariyin | Bratayuda Pandhawa Kurawa | apêrang padha bangsane | nanging karoban mungsuh | wong Pandhawa balane kêdhik | dene bala Kurawa | gumulung kadya lun | lir banjir bandhang lautan | banjir wukir jitus Korawa ngêbyuki | abakuh wong Pandhawa ||

22. parandene Kurawa katitih | iya sangking nalare katimpah | bandhu băndha karatone | dunyane tanpa etung | wong Pandhawa miskin tur langip | balane mung sapala | parandene unggul | sangking kumandêl ing dewa | wong narima sabar tur nora ajail | sartane bêtah tapa ||

--- 24 ---

23. mung anjaluk ing Yang Maha Tinggi | lawas-lawas nuli tinarima | Korawa dadi gêmpure | mêngkono wong linuhung | têtuladan ingkang prayogi | dipun anggea jimat | tuntungna jêjantung | sanadyan iku wong buda | nora nistha aja kaya wong saiki | kranjingan jajalanat ||

24. kabèh ingkang kasurupan eblis | liwar bae ujare wong salat | iku tan ana gawene | wong ngaji Kuran iku | mamah klaras upamanèki | anêmbah ing brahala | kang mangkono iku | yèn dhèwèke misih lumrah | doyan sêga yèn angising mêtu tai | wong pantês [pantê...]

--- 25 ---

[...s] tinabokan ||

25. nora eling ngising mêtu tai | dalan sukêr luwih tan pakra |[11] kaya malekat ujare | wong kumprung andalurung | ngaku dhukun alêngki-lêngki | supaya ginurunan | pamriha yaiku | mung têlêsing gondhangira | kalimising lambe wêtênge malênthi | wong kămpra ngayawara ||

26. eling-eling kabèh wong aurip | aja sira watak jêjailan | amuriha ing bêcike | aja amomor sambu | ing waweka dèn apatitis | lan aywa gêgêmbyakan | angêngumbar sêngung | yèn karêp marang ing suka | sapantêse aja lali ing wêwadi | lan aja bêkakrakan ||

--- 26 ---

27. ingkang rada jinêm lamun linggih | aywa byang-byangan lir wong sakarat | iku tan bêcik dadine | suka-suka tinêmu | wong mangkono iku pan dadi | tontonaning akathah | tur pangrasanipun | dèn êlêma ing sasama | satuhune tan ngrêti uripirèki | dèn aeling wêkasan ||

3. Gambuh

1. kadya ta wus anggambuh | wêwekane măngsa ta kaliru | pangrasane kaya Jêng Sinuhun Giri | rangkêpa karaton sèwu | nora tumpangso tan dhopo ||[12]

2. ngèlmune misih mancur | tur datan suda saringatipun | mokal lamun kalonglongan ingkang adil | yèn [yè...]

--- 27 ---

[...n] misih kaya si kathung | sayêgtine durung ngethor ||

3. kèthèr pating baliyur | mung lambene bae anggadêbus | dèn takoni jangjine sawiji-wiji | ing saure iku êmbuh | dudu anggêp kang sayêgtos ||

4. gorohan bae iku | dudu ngèlmu ingkang satuhu |[13] ngèlmuningsun gumêcos padha prêmati | kari-kari salang surup | wêkasane amaleyot ||

5. ngèlmune durung gathuk | kurang patitis sêlak kasusu | takabure angakah[14] gumêndhung êdir | tatakrama durung pêcus | pangrasane wus agolong ||

6. sarak binuwang sêbrung | batal karam dèn sahakên iku |

--- 28 ---

mung awake dhewe jênêng Maha Sukci | nanging pikire baludhus | iku wong pantês sinotho ||

7. tan etung kudu bêrung | misih dahwèn panastenan iku | lamun ana melik misih kêlip-kêlip | wêkasane nora ngukup | gènèdèng marang gandarwo ||

8. kalimput ing piyangkuh | kaya Kangjeng Sultan Kendhang iku | yèn ajaa kuwal-kuwil mamêdèni | gajêg sida gajêg durung | kaya sinorog ing kanthong ||

9. prandene misih kuwur | kukuh marang dunyane gumandhul | pan wong karêm maring dunya nora bêcik | kadya wong tinuju bingung | têka pijêr dhêlog-dhêlog ||

--- 29 ---

10. lawas gone kêklumpuk | pirang windu kongsi ngundhung-undhung | basa uwis dadi seje kang duwèni | binêskup marang ing mungsuh | kang duwe kari andongong ||

11. kalawan lênguk-lênguk | nora bisa mikir ting calinguk | gêgunane mung bisa padha bisa maoni |[15] anglakoni boya injuh | tinanggorêna tan binjoh ||

12. kasusu kaduk lêngus | sangking dening agêndhung gumagus | Sultan Kedhang[16] yèn tirua Mangkubumi | inggih kang rama rumuhun | pilih tandhing pasthi abot ||

13. sêsangganing prang pupuh | duk alame swargi kang wus surut | lamun aprang lawan budine awêning | kalêthêg mung

--- 30 ---

wong têtêlu | kang dadya kondhang prang pupoh ||

14. prandene amalangkruk | sabab pikire sampun gumathuk | ing budine santosa datan rêrêki | wus wruh wêkasaning dudu | miwah dadining kang ewoh ||

15. patitis yèn tumanduk | nora ladak lamun duwe usul | gendholane mêtu saking dalil kadis | tabêri alênguk-lênguk | ngiling-ilingi parimbon ||

16. putus ambobot laku | bakal nistha utama sor unggul | sadayane sadurunge dèn kawruhi | kêkandhangan angêndhukur | ing mêngko ayote rondhot ||

17. bênêre iku punjul | măngsa kalaha sangking

--- 31 ---

nêm windu | nêdya mêtu sayêgti gedhong[17] nagari | bisa dhungkar gunung Lawu | sabandhoyot wus angradon ||

18. Kumpêni pasthi bingung | nuli ngetung rugi untungipun | yèn angangka budine pating kulithik | ting kalêthêg ngicuk-icuk | bêbujuk kang duwe tabon ||

19. wong Jawa kurang suyut | nalare anggung pating panjêlut | ting kalêthêg ting kadhuwêt amênthalit | bungah yèn ginunggung-gunggung | kaya ancung arêbut gon ||

20. tan wêruh yèn binujuk | nuli bingung tan wruh ing lor kidul | lali lamun padha băngsa wani jurit | dene wong mangkono iku | pantêse mung barang betho ||

--- 32 ---

21. iku wong kumprung pêngung | marma nrajang saluman-salumun | wong mangkono nora pantês dèn bêgtèni | pantêse mung dadi unthul | nèng dalanggung sarwi kesot ||

22. tan wruh yèn kêna ngapus | pangrasane ngêdhangkrang wus punjul | suwe-suwe dèn dhèdhèli êntèk blindhis | êntèk kanthong êntèk kantun | kang duwe kari anjoto ||

23. mung pijêr mingak-minguk | nora mikir wong pating salênggruk | mung pikire was-uwas kaya wong cilik | parandene sring kumrusuk | lir barat nêmpuh pan jatos ||

4. Kinanthi

1. kang kinanthi purwanipun | kentar sabatine sêbit | lir wikara wirantara |

--- 33 ---

mila nalare kasilir | jinujur nora makanjar | tanpa jêjêr mung jêjêrih ||

2. kongas rarasing rum-arum | kawingkis gandanya minging | kawentar raras kawêdhar | ting kalêthêg kurang rêmit | kawilêt ing ulat panas | gugup sêlak nora dadi ||

3. gêtêr patêr kuwatir truh | tan ruruh ngaruh-aruhi | saput sunaring prabawa | kurang pasrah maring takdir | kunyus[18] saputing puspita | tan ajrih malah miranti ||

4. kasandhung anèng pêpundhung | tinujang[19] bajang abajing | sasmita kurang santika | pandhitane wus kaêlik | kacêlik ajulalatan | katula-tula katali ||

5. sinandhung dumèh sog[20] gêndhung | pintêr ngakua

--- 34 ---

ngawaki | jinarah sirna sadaya | binagta[21] maring nagari | tinalikung winarangkan | amêrkungkung nora sêgti ||

6. Kyai Murma ing Kapundhung | ngandêlake duwe aji | Păncasona Dasamuka | wulange sang wre Subali | ujar sok angaku Allah | gandhul-gandhul anèng masjit ||[22]

7. geyong-geyong kadya bubung | ing karêpe nora sisip | yèku akal wong balasak | nadyan para nabi wali | misih kikip luwih samar | ing batine wus ngêngkoki ||

8. aja tiru-tiru iku | Kyai Murma lir wawêri | omahe saijap-ijap | lali kalamun wong cili | arêp angingêri jagat | tanah Jawa dèn dhèwèki ||

--- 35 ---

9. aja na kang milu-milu | ingsun tênunging Kumpêni | kurang sathithik kang alam | panêngah Wiradigdèki | wêkasane anglêmpara | acariwis jaluk dhuwit ||

10. iku wong ahli takabur | labête nora abêcik | bilaèni anggêgawa | sanak tăngga lambung kering | lali titahe Hyang Suksma | badane misih jasmani ||

11. jêr dudu rohkani iku | sok ngumbar hawa lan kibir | anggêgampang ngidak sarak | dadi wong lancang amêncit | tur iku măngsa miriba | kang wêwolu para wali ||

12. nadyan para wali wolu | misih samar luwih kikip | durung karsa anggêgampang | marang saraking jêng nabi | sarak iku pan dêdalan | wahyu nugraha [nu...]

--- 36 ---

[...graha] sayêgti ||

13. yèn aninggala kabêntus | nora wurung bilaèni | kasurang-surang sinêrang | sabab wong kirang prak-ati | tan olih ing prasanakan | mrana mrene pan kacêlik ||

14. nanging kang wus linuhung |[23] parlu takabur lan kibir | ngêjah-êjah ngidak sarak | yèku ambêg kang prêmati | anglakoni ing parentah | kangjêng nabi kang sinêlir ||

15. paribasan kuntul biru | nelata laku kang bêcik | aja pijêr langak-langak | mênèk kasandhung karikil | gudhe pandhak datan ana | karana ta yèn ing batin ||

16. lan bêbasan Singaranu | mung batine bêbayani | nora kêna lêlewaa | kudu awas ing pangègsi[24] | aywa

--- 37 ---

kurang panarima | yèn mêgat roh aja lali ||

5. Mêgatruh

1. nadyan silih bênêra ing ngèlmunipun | yèn sarake dèn owahi | wong pantês dinulang watu | sapuluh sabithi-bithi | iku setan arêraton ||

2. tur ta măngsa tirua Tuwan Sayit Rum | wong kandêl anggêpirèki | ngèlmune barang wus putus | sakèhing manungsa iki | mung bêkakrakan kemawon ||

3. durung pêcus nuli kêsusu alêngus | saengga wong arêp ngabdi | mrayayi ngawula ngratu | durung bisa ika iki | durung potang durung tanggon ||

4. durung abot sêsanggane aprang pupuh | durung kêkaya

--- 38 ---

nagari | durung nglêgakakên kalbu | kalbune sri narapati | anggung wahyune gênêpyok ||[25]

5. nadyan olih sayêgtine misih kêcut | enak kang matêng nèng uwit | upamane durèn kaum | sanadyan ambune wangi | raose adhêm kemawon ||

6. kang utama kang runtuh pribadinipun | pinêsu marang Hyang Widhi | anrima busananipun | mantêp tumêmên ing Gusti | wahyu jumêdhul bêntoyong ||

7. kang rahayu budine aja têkabur | aja dumèh yèn dèn sihi | aja dumèh yèn ginunggung | aja dumèh dèn wêdèni | aja dumèh yèn dèn royom ||

--- 39 ---

8. aja salah wèngwèng wong ngawula ngratu | kang bisa nimpêni wadi | ulapên karsaning ratu | kang tabêri wira-wiri | aseba marang sang katong ||

9. elingêna yèn kêna aja kabacut | yèn polahe nora bêcik | lamun tan kêna iya wus | ana awake pribadi | têka ênêngna kemawon ||

10. aja wani marang ing kancanirèku | karêpe wong siji-siji | jêr nora kêna kinêlun | aja watak mêmaoni | aja ngêgungakên angkoh ||

11. lamun durung kinaruh aja sok umuk | bêcik mênênga kariyin | aja sok angumbar sanggup | manawa [ma...]

--- 40 ---

[...nawa] nora sayêgti | aywa watak anggêdobrol ||

6. Pangkur

1. kawuri sri naranata | pratikêle Suwanda Maèspati | bage sèwu bisa tiru | ngêblêki babar pisan | iku iya arane patih linuhung | yèn mungguh ing tanah Jawa | lir patih ing Ayugyèki ||

2. lah tirunên Danurêrêja |[26] pan sinêbut iku patih linuwih | samya kautamanipun | tan arsa ngambah nistha | yèn micara apatitis nora gangsul | asabar lila ing dunya | momot mêngku ing wadya lit ||

3. sadaya tan sinung rêngat | ing wiweka putus dhasar undhagi | ganthêng kêkêncênganipun | mantêp yèn wus prayoga |

--- 41 ---

nora mingkêt ing wuwus sanajan lampus | wani bicara lan jindral | lamun bênêr tan gumingsir ||

4. lah tirunên Danurêja | yèn ing tanah Jawa kawilang bêcik | wun[27] kêna ingaran punjul | iya Patih Sindurja | yèn ing Surakarta kang ingaran punjul | iya Patih Sindurêja | madya ingkang dèn karêmi ||

5. sumingkir marang ing nistha | kang utama kapurih dèn lêkêti | aganthêng wicaranipun | katari lawan jindral | nuli cêkik nguntal upas lajêng lampus | lumuh kalamun kongsia | rinucat bawatirèki ||

6. sanadyan tèkèng pralaya | lamun misih ingiring bawatnèki |

--- 42 ---

tan ilang budine luhur | ujare wus kinarya | punggawa gêng samya ingaran sadarum | kongsia anêmu nistha | abêsêmakên nagari ||

7. pan wus adat kuna-kuna | yèn punggawa kasêndhu ing prakawis | samya amilalu lampus | wirang yèn cinêngkalak | kaya iku Wiradigda lan Kandhuruh | bêtah saèn doyan wirang | gawe sangaring nagari ||

8. Adipati Pringgalaya | nadyan kasap pikire ambêkicik | yèn nistha bangêt milalu | mati nguntal warangan | duk paroning nagara agawe kisruh | gawe posing ing kapala |

--- 43 ---

Kumpêni akalung sêdhih ||

9. miwah Sultan Kabanaran | yèn bicara lawan srigalayèki | pêpatihe anak prabu | iya măngsa sidaa | apêparon nagara ingsun palaur | omah saluhuring kuda | lalu saba ing wonadri ||[28]

10. ya ta Patih Pringgalaya | mirêng warta kalamun dipun sirik | mring Kumpêni lan Sinuhun | Sultan ing Kabanaran | nuli èngêt ciptane ingkang linuhung | lamun titahing Pangeran | besuk mati mêngko mati ||

11. andadak pikir dadakan | wus pralaya Pringgalaya Dipati | yèku budi kang linuhung | tigas nora was-uwas |

--- 44 ---

eling lamun dadya pêpatihing ratu | lamun kongsia sru nistha | ilang manising nagari ||

7. Dhandhanggula

1. iku ondhe-ondhe ing pêpatih | dene ta mungguh para punggawa | kang bêcik ing caritane | ing nguni kang wus luhung | Surabaya Kyai Dipati | Jangrana Cakraningrat | Madura prajèku | yèku tirunên prayoga | pangwulane miwah kêndêling ajurit | wêweka tur santosa ||

2. bisa ngadêgaken narapati | duk lolos Pangran Pugêr samana | wong loro iku kondhange | putus abobot laku | yèn wus êning tan minggring-minggring | kadya alaming petar | tumênggung têtêlu | Jayaningrat Pakalongan |

--- 45 ---

pan kabesan nênggih marang adipati | Radèn Natakusuma ||

3. yèn gugua katêlu bupati | măngsa sidaa prang duk Pacina | nora bubrah nagarane | mung pikir ala nganggur | kang dèn anggo marang nagari | wong wus padha kapenak | kudu-kudu kuwur | jumrunuh Tirtawiguna | nyênyetani wêwadul marang sang aji | akarya bumi rêngka ||

4. nganggo tombok pêpatihirèki | ketar[29] sangking ing nagara Jawa | kang praja tulus bubrahe | laju darung dêlurung | katawênga dening Kumpêni | kalantur ing pratingkah | dhopo[30] salang surup | kêkalunta [kê...]

--- 46 ---

[...kalunta] kadawa-dawa |[31] yèn ajaa têtumbal ingkang pramati | Sinuhun Kabanaran ||

5. dene katri punggawa anênggih | ingkang samya nganturi prakara | luwih bêcik ing dadine | dèn anggêpa puniku | nora kongsi pating saluwir | ature tan dhinahar | mring pêpatihipun | sadaya samyabêg[32] pêjah | nguntal upas katiga wus samya mati | tan kongsi milu pêrang ||

6. yèku ambêke bupati nguni | padha kandêl-kumandêl ing Suksma | lumrah tan etung patine | arang ingkang baludhus | datan saèn tur idhêp ngisin | akèh tur sugih wirangan |[33] yèn sipat tumênggung | tuladên iku prayoga |

--- 47 ---

yèku nora angucêmakên nagari | lawan malih winarna ||

7. punggawa kang kawilang ing bêcik | Răngga Wirasantika ing Jipang | wong Sokawati wijile | iku budine punjul | kaya Ranggadiningrat nênggih | lawan Suryanagara | Suwandi puniku | yèku ambêke prawira | miwah Radèn Supama prajurit luwih | ladak nora kumêthak ||

8. lamun aprang tan kaèni-èni[34] | sabukane cathok sêt sapisan | rasukan pranakan bae | yèn tinêmpuh ing musuh | dèn rewangi sarwi malangkrik | apanggah nora edah | tur sinambi udut | apuse nèng asta kiwa | ingkang têngên anyêkêl rokokirèki |

--- 48 ---

arang nyandhak gêgaman ||

9. iya Sang Aprabu Parikêsit | iku Radèn Supama Janingrat | Pakalongan nagarane | praptèng sabrang wus kasud | miwah rajèng Malawapati | prawira ing ayuda | apan sudibya nung | awantêr sugih prabawa | asêmbada cucude kapati-pati | sêmbrana tur wiraga ||

10. yèn tinangkil ing wadyanirèki | pira-pira datan kaliwatan | jalêbut ginarap kabèh | akèh samya kapoyuh | yèn wong ampêg kumat kang mêngi | kongsi dadya bayangan | wite mung gumuyu | nora bisa yèn mingkêma | wus tatela Pangran Natakusumèki | wong ladak kuwarisan ||

11. dening punggawa Surakartèki | ingkang

--- 49 ---

sampun prêwira ngayuda | tur datan nistha budine | nênggih kyai tumênggung | Kyai Puspanagara nguni | puniku wijilira | mula-mulanipun | wong sudagaran kewala | ing Garêsik anama juragan Bali | alame Japuspita ||

12. lolos sangking Kartasurèki |[35] juragan Bali kang wis mèlu prang | Jayapuspita akale | lami-lami angrungu | Ki Juragan Bali ambalik | milu wong Kartasura | yudanipun ampuh | katur marang sri narendra | lamun wontên sudagar kêndêl ing jurit | purun mêngsah karaman ||

13. nulya ginanjar nama ngabèi | apêparap Ngabèi Tohjaya | ing Lamongan nagarane | pan gawene wong sèwu |

--- 50 ---

lami-lami ginanjar malih | sabubare Pacina | anama tumênggung | Tumênggung Puspanagara | turun anak putune dadya bupati | lan malih winursita ||

14. Arungbinang kang arabi pêri | iya sang dyah ing Bulukasapta | kêndêl prang entar budine | wiwekane wus putus | apandhega luwih undhagi | yèn prang milu Walănda | Walandane nurut | apa sarèhe Rungbinang | pan linakon tan nganggo sinănggarunggi | Rungbinang luwih akal ||

15. lêpas manawa masang piranti | wêgig lamun masang kamandaka | tan kawêdhar lêlèjême | wani balilu ratu | tan awigih nyidrani janji | yèn masang kêkirihan | lir kaji nêmlikur |

--- 51 ---

yèn amasang ujar gawat | wus prasasat Malaikat Jabarail | arang kadya Rungbinang ||

16. kaya ta Kudanawarsa nênggih | bupati Kamangkunagaran |[36] yèku pantês dadi undhe | mantêp kêndêl prang pupuh | tur rahayu budènirèki | tuhu lamun prawira | Kudanawarsèku | Pangeran Mangkunagara | kondhange mung Kudanawarsa sawiji | kang mèlu lara lapa ||

17. yèn tinitah santana nrêpati | kudu arêp anganggo utama | têbih marang kanisthane | puniku luwih bagus | sampun êdir dir-dirèng dhiri | gêgawa ing nagara | mundhak angrêriwuk | nênulada kang utama | kang abêtah ing lapa miwah sêsirih |

--- 52 ---

aywa kurang panarima |[37]|

18. kang asabar aja sok ajail | kang rahayu kang kaduk prasaja | wong asor luhur wêkase | yèn nganggo kang puniku | yêgti datan kêna ing drêngki | malah nêmu kamulyan | lawan tawas jêbul | yèn mantêp nora was-uwas | apan Allah sipat rahman lan rakhim |[38] yèn têmên tinêmênan ||

19. durakane wong urip puniki | lamun ora kanthia agama | daluya ala budine | lali marang Hyang Agung | nora pantês yèn dèn bêgtèni | nora wênang sinêmbah | wong ala puniku | sanadyan sira bêgtia | yèn wong ngèlmu nyawabi tur abrêkati | kang wus kêna ing lampah ||

20. ukur bisa angaji sathithik | wruh agsararab lawan [lawa...]

--- 53 ---

[...n] Jawa |[39] kaya wus kêna ngèlmune | nuli angaku guru | tur jatine durung udani | lakune durung kêna | slènggrèng kopyah kêthu | nganggo rumpi klambi jubah | êcis têsbèh apan kinarya ling-aling | dènnya mrih kèringana ||

21. poma anggèr dèn angati-ati | èlèhira[40] mrênahakên badan | aja galuwah-galuwèh | ewuh wong urip iku | nora kêna dinurèng ati | seje-sejening rupa | bènèh kawruhipun | datan kêna cinaruba | ing karêpe dhewe-dhewe wong aurip | ala bêcik mênênga ||

22. sapa wêruh batining sujalmi | ingkang bêcik tanapi kang ala | tarkadhang bêcik laire | kinarya sasap iku | ênggonira amrih wêwadi |

--- 54 ---

ala pangarahing tyas | arsa marasadu | supradene[41] tan dèn nyana | sabab iku kinarya ling-aling bêcik | dadi tan kênèng têrka ||

23. nadyan wruha tingkahe wong sisip | lamun dudu kagunganing nata | padha wong cilik kang duwe | api-apia nora wruh |[42] aja biyak wadining jalmi | yèn dudu darbèkira | aja opyak tutur | utamaning wong agêsang | p[...] pira nasabi wadining Gusti | dèn rapêt ja katara ||

24. pan ing mangke akèh wong kang lali | mring sadulur sanak prasanakan | bapa tanapi ibune | sanadyan tunggal biyung | lamun miskin dipun klewani | pantêse wong agêsang | aduwe sadulur |

--- 55 ---

ingkang miskin dèn tulunga | mring kang kuwat ujupna bêgti mring kaki | nini kang wus angajal ||

25. lamun ana kang ginanjar miskin | mring Pangeran aja angrêsula | ing tyas narimaa bae | cêgaha mangan turu | nênuwuna marang Hyang Widhi | amrih têkaning bêgja | lamun tuhu-tuhu | tyasira nora nalimpang | nugrahaning Hyang dhatêng ing lami-lami | lamun wus potang tapa ||

26. wurung tămpa pasthi sida tampi | miskin tapa èstu andarbala | sabab malilit ususe | kang tan wruh titènipun | ingkang padha sugih samangkin | dinalih ngambil setan | apa ana iku | setan bisa awèh dunya | angur aranana sih marmèng Hyang Widhi | iku ingkang sanyata ||

--- 56 ---

27. ingkang duwe bêgja lara pati | apan dudu setan jajalanat | Hyang Suksma ingkang adarbe | marma wong urip iku | aja lali pra sèndhèn Widhi | sabab nora gêgadhah | mung anggadhuh iku | aja sok sing rasa wirya | ujub kibir sumêngah pan nora bêcik | antuk sêsikuning Hyang ||

28. kawruhana sikuning narpati | wong kang ngambah sajroning nagara | elinga marang ratune | aja asring wêwadul | nyandhang nganggo dèn ngati-ati | dèn bisa bobot awak | ing sapantêsipun | kang dèn bisa angon măngsa | aja nêrak larangane ratunèki | kamalon brit larangan ||

29. yèn tinrajang yêgti bilaèni |

--- 57 ---

nora antuk brêkating naredra[43] | basa ratu gung walate | nanging nora na wêruh | walat ingkang awit gumampil | walate badanira | walate wong agung | sabab datan katingalan | wêruhira yèn wis nêmu bilai |[44] dadya katut kewala ||

30. pangrasane wus ta bênêr bêcik | tan angrasa lamun duwe dosa | tur akèh bae lupute | mila ana kasandhung | pan kabêntus ing baluwarti | tiba ing luhur kuda | tiba mènèk kayu | tiba sing luhur wit klapa | kapalindhês kasliyo kalêbèng warih | wênèh tinubruk macan ||

31. pan cinokot ing buron sakalir | wênèh ana kang kinaniaya | marang sapadha-padhane |

--- 58 ---

yèku samar ing ukum | ingkang samya durakèng Widhi | dosa ing ratunira | dosa awakipun | pira-pira wong agêsang | yèn tinanggih[45] dosane duk misih urip | prasasat dèn apura ||

32. dosanira mring Hyang Maha Sukci | pan ingukum anèng alam donya | nuli tobata dèn age | lumrah wong urip iku | iya kêna ing owah gingsir | bubuhaning kawula | iya tuna luput | aja sing mungguh kawula | yèn luputa rêncananing setan eblis | Nabi Adam pan kêna ||

33. tur ênggone nèng jro sawarga di | parandene kêna jajalanat | nanging luhur wêkasane | beda kawula iku | jênêng apês [apê...]

--- 59 ---

[...s] tan kuwat nênggih | pramila rumăngsaa | wong urip puniku | pan dadi kawulaning Hyang | kang wus lali ing nguni mangke dèn eling | aja kongsi dinawa ||

34. yèn tan eling anêmu bilai | yèn wus tumêka musibating Hyang | ngungsia ngêndi parane | sambata bapa biyung | mapan darma kinarya margi | ngungsia ratunira | yèn wus bênêr kokum | nora arsa angapura | yèn ngungsia ing alas iku tan olih | aja kongsi dinawa ||

35. wong kang eling ing budi lêstari | paksi brêkutut upama ika | pinanci gabah banyune | ginuturan ingugung | dèn prih manggung ingkang abêcik | lah iku kawruhana | sêmuning brêkutut | ja katungkul mangan [ma...]

--- 60 ---

[...ngan] nedra[46] | aja pijêr amikir uwohing dami | nyêgaha turu pangan ||[47]

36. tapa iku kang minăngka ragi | saenggane ngèlmu lam-ulaman | sayêgti enak rasane | yèn ora nganggo bumbu | brambang bawang uyah têrasi | dadi adhêm kewala | eca adu bumbu | katêmu rasaning ulam | laos asêm kaluwake aja kèri | yèn sira arsa mindhang ||

37. basa pindhang mrih padhanging ati | laos iku poma dipun awas | kaluwak marang badane | asêm puniku kawruh | ingkang bêcik kudu nglakoni | uyah barambang bawang | tarasi puniku | pêpaesanirèng badan | ala bêcik sadaya sampun mêpêki | luwih pabudinira ||[48]

--- 61 ---

38. batin iku pan minăngka bumi | kang gumêlar anèng alam donya | iya ana sira kabèh | yèn sira ayun wêruh | ing anane Hyang Maha Sukci | lah sira kawruhana | kawula Hyang Agung | aja wani siya-siya | mring umate kanjêng nabi kang sinêlir | iya Nabi Mukhamat ||[49]

39. wontên kikayatira Hyang Widhi | sabakdaning Jêng Nabi Mukhamat | praptaning binjing lamate | ingkang sampun kasêbut | jroning Kitab Mutharal nênggih | mung pêpitu kang êbab | praptaning babêndu | surasanirèng pandhita | gunung padhang pêpitu kinarya yagti | jatine kang sinuda ||

40. basa gunung dhuwur tan mapaki | pandhita têrus yêgti tan samar | tan roro [ro...]

--- 62 ---

[...ro] ing pamawase | ing karsanira Hyang Agung |[50] malaekat kang kinèn ngambil | jroning alam sinuda | kèhe mung pêpitu | bumi gêni angin toya | lan sinuda têmêne wong aprajanji | tan ana warta nyata ||

41. lan sinuda wiranging pawèstri | miwah sinuda barkating Kuran | kitap suda ing bêrkate | ing kono sudanipun | kalipiyoga tan kêna gingsir |[51] angkêr kêmara sirna | jurang gunung gêmpur | kèh udan kang salah măngsa | jaman akir ulihe mring awalnèki | tan pisah kanthi witnya ||

8. Kinanthi

1. ujare pandhita luhur | ing binjang kalamun prapti | ya ing jaman kaliyoga | tan aluwih ing wong sugih | sadaya pan sampun sirna | tan [ta...]

--- 63 ---

[...n] ana ala lan bêcik ||

2. sujana myang para wiku | wong guna pandhita ênting | ilang kasantosanira | tan ana manungsa luwih | sadaya samya noraga | mring wong daniswara yêgti ||

3. daniswara têgêsipun | wong apapat dadi sugih | duk ing jaman kaliyoga | dumadak wong iku sami | kèh wisaya budinira | dadi akèh ingkang lali ||

4. mila sang wiku puniku | samya nir santosanèki | pra raja tan ajrih salah | malah nir luhuring aji | punggawanira sadaya | tan ajrih malah miranti ||

5. anak maring bapakipun | sring ngala-ala tan ajrih | pandhita asiya-siya | kalingan angkara budi | murkane kaliwat-liwat | kasusu karêpirèki ||

--- 64 ---

6. angăngsa durgama di gung | drêngki gung gumunggung dhiri | lamun prapta kaliyoga | tan ana ingkang ngluwihi | santosa prawiranira | kaya wong kang sugih dhuwit ||

7. jaman kaliyoga sèwu | pitung atus amarêngi | mukjijat kèngsêr istijrat | mangunah kèngsêr [...]kir | utama santosa kuntal | kèrêm [...] nèng ijir ||

8. kajujur kojur kabanjur | [...]ne kang ngêngis-êngis | luhur tapa kaprawi[...] | kawignyan lan adi-adi | wus kumpul nuksma ing yatra | rosane tanpa tumandhing ||

9. guna tapa wignya luhur | kang prawira amung dhuwit | marma aji danaraja | punggawa băndha mêdhati | băndha mantri cara Cina | gung-agung awarni-warni ||

10. sarjana pandhita ngêmum | sang

--- 65 ---

sri arya anindhihi | ăntra sarat upajiwa | kakêmbang pundhak[52] kinardi | sasêranan ingathah |[53] kuwur ugêring pangèsthi ||

11. ilu-ilu kapiluyu | olèh ing piyangkuh pingil | pagêsangan ngalam donya | [...]ugêraning urip | ujar niyat tan katêkan | [...] yatraku pasthi ||

12. tan mantês pamitranipun | kèh lawane sring ngewani | kakonang kinadang-kadang | [...] nis swara karsèng Widhi | ngêgêngna sokur panrima | pinrih ywa kukuh nunggangi ||

13. yèn kukuh panunggangipun | dunya kerat bilaèni | nora wurung nêmu papa | wus kinadhalenane[54] blis[55] | yèn sumêlang nyatakêna | kêna ing sapadha mangkin ||

14. jroning kaliyoga sèwu | wusing

--- 66 ---

ênas akèh lali | kèhing budi mamak êdak | panganiayane dadi | dilalah tyase manungsa | kudu sulaya ing batin ||

15. kaya ancung rêbut dhuwur | kang ngandhap kudu ngidêgi | yèn katon kudu alingan | [...] kinarya ngalingi | yèn kawêlèh julalatan | salinthutan kaya dhêmit ||

16. mung karêpe kudu agung | têmah sêsatroning [...]cik | tan etang ing batal karam | sapa wêruha ing benjing | sok uga katurutana | kang dadi cagaking urip ||

17. kerat iku sapa wêruh | wawêkasane wong mati | ujar durung ana jajal | yèn wong mati urip maning | pinêdhêm[56] bosok

--- 67 ---

pasthinya | ajale mulih mring siti ||

18. apan kaprahe wus tamtu | kumpul sarjuning samangkin | sangking karsane Hyang Suksma | piyala pinaring kanthi | setane abêbarisan | anggêgodha rina wêngi ||

19. prabta[57] barêng lan Drona gung | ambu[...]rik sisip | pira-pira angajawa | setan kanthi brana adi | dadi rosa panariknya | arang kang bisa nyabili ||

20. setan anèng kayu watu | alas gunung lan jêladri | guwa jurang wus tan ana | sadaya wus sami ngalih | wus amor ana nagara | manungsane dèn lindhungi ||

21. abêbujuk ngicuk-icuk | nunutan panggawe sisip | akuwur kawur kasoran | panggawene jaman langip |

--- 68 ---

katutuh kapatuh ngalam | saya gung kang setan bêlis ||

22. dadine wong agung-agung | tan ana ngumpuli pikir | têmahira apêpanthan | angugungi karsanèki | pra dipati lan satriya | kang samya olah nagari ||

23. ingkang sami garap kukum | amêmangun lawan adil | nanging adile priyăngga | kang pinasthèkakên ugi | êndi ingkang olah bayar | mung iku kang ngong adili ||

24. kèh mantri ngantuk ngalindur | jêgsa sadayane mantri | dhèmês mêmês manis ulat | pamawase maring jalmi | maring ingkang sinênêngan | tan etung witing prakawis ||

25. mung nyênyuwe pamrihipun | supaya uculing dhuwit | yèn wus ucul sinêmayan | êmpan pamurihe pinrih | pinrih pingilèng paseban |

--- 69 ---

lir wong dagang mring Samawis ||

26. yèn ora olah patuku | têtukon pinrih nyukupi | paseban kinarya dagang | tan wurung ana wong ngutil | sêbrotan tuwin sêlêran | tuwin angapus-apusi ||

27. sabab jro paseban suwung | suwung mantrine tan ngalmi | kang wicaksana tan ana | mila kinandhak[...] | drubigsa pangawak jêgsa | mung gunane jaluk dhuwit ||

28. tinelat mring abdi dhusun | upama udalan kali | kalamun sirahe buthak | pêsthi iline tan wêning | kasaban sadayanira | gunging prakara nikêli ||

29. mantri gununge anyinthung | ngadu-adu mring wong cilik | suprih anaa prakara | ngancas pajêgsan gantungi | patukon like dèn arah | angrêrayah [angrê...]

--- 70 ---

[...rayah] ngrusak dèsi ||

30. têmah raja tatu lampus | nanging nora pinarduli | tata pirukun tan ana | mung dhuwite dèn bêskupi | rupa pari ingusungan | bèbèk pitik dèn cêkêli ||

31. kêbo sapine tinuntun | kanang omah dèn siwêri | pucang tirisan rinusak | wiwit kruwun dèn bêskupi | rinêngkuh sadayanira | enake mung jaluk dhuwit ||

32. pêpati tulus jêpupung | ta [...]tuk ilining pati | kang tatu tan olih to[...] | prakara dèn sêmayani | sanggup malêbu nagara | karêpe nora sayêgti ||

33. rewa-rewa karya umuk | anênanggung lara pati | suprih rêrêming prakara | ingkang samya pepe pinrih | ing karya barang garapan | iring-iring sarta kêmit ||

34. kang tan pepe dadi bingung | ting bilunglungan [bilunglunga...]

--- 71 ---

[...n] golèk dhuwit |[58] ana mênthung ana begal | maling ampak kèh pêpati | saya mêtêngi nagara | tuwin angapus-apusi ||

35. rêrusuh kaworan kisruh | norana kobêr sêsabin | pijêr sami pêpikiran | saênggon-ênggon prakawis | sangsaya mêtêngi susah | solahe dèn nênintêri ||

36. kasêbut ing dhuwur iku | aluwih nora prayogi | kalamun atining jêksa | kaya muni dhuwur iki | jêksa iku wêwakilnya | ing kangjêng sri narapati ||

37. sri narapati puniku | kaliphahira Hyang Widhi | gawe tata pangadilan | pan umating Allah sami | kang padha duwe prakara | pan ratu ingkang ngadili ||

38. dèn ajêjêg adilipun | aja katempelan pamrih | yèn arêp tămpa rêruba | iku kanisthan linuwih | kang dadi pêtênging praja | yèn na jêksa jaluk dhuwit ||

39. atining jêksa kang alus | dèn wingit sasik lan wêning | sarta kang wruh batal karam | sunat pêrlu lawan wajib | utamane dèn elingan |

--- 72 ---

ing siyang kalawan ratri ||

40. kang abênêr adilipun | sarèh kanthi ngati-ati | yèn nibakakên krampungan | nêstiti tibanirèki | gêr gêdhe muni babira | kang têrang gonmu mriksani ||

 


4 halaman kosong. (kembali)
Lebih satu suku kata: sumuking pangucap bêngis. (kembali)
sayêkti (dan di tempat lain). (kembali)
maksih. (kembali)
sakti. (kembali)
kasliring. (kembali)
takêr. (kembali)
suprihe. (kembali)
Kurang satu suku kata: sok ngaku trahing prawira. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: ing karone apêpancadan bilai. (kembali)
11 Kurang satu suku kata: dalan sukêr luwih datan pakra. (kembali)
12 dhompo. (kembali)
13 Kurang satu suku kata: yêkti dudu ngèlmu kang satuhu. (kembali)
14 angangkah. (kembali)
15 Lebih dua suku kata: gêgunane mung padha bisa maoni. (kembali)
16 Kendhang. (kembali)
17 gendhong. (kembali)
18 kumyus. (kembali)
19 tinunjang. (kembali)
20 sok. (kembali)
21 binakta. (kembali)
22 masjid. (kembali)
23 Kurang satu suku kata: nanging kang uwus linuhung. (kembali)
24 pangèksi. (kembali)
25 ginêpyok. (kembali)
26 Lebih satu suku kata: lah tirunên Danurêja. (kembali)
27 wus. (kembali)
28 wanadri. (kembali)
29 kentar. (kembali)
30 dhompo. (kembali)
31 Lebih satu suku kata: kalunta kadawa-dawa. (kembali)
32 samyambêg. (kembali)
33 Lebih satu suku kata: akèh tur sugih wirang. (kembali)
34 kaèsi-èsi. (kembali)
35 Kurang satu suku kata: lolos sangking ing Kartasurèki. (kembali)
36 Kurang satu suku kata: bupati ing Kamangkunagaran. (kembali)
37 Lebih satu suku kata: aywa kurang panrima. (kembali)
38 Kurang satu suku kata: apan Allah sipat rahman lan rakhimi. (kembali)
39 Kurang satu suku kata: wruh aksara Arab lawan Jawa. (kembali)
40 olèhira. (kembali)
41 suprandene. (kembali)
42 Lebih satu suku kata: api-api nora wruh. (kembali)
43 narendra. (kembali)
44 Kurang satu suku kata: wêruhira yèn wis anêmu bilai. (kembali)
45 pinanggih. (kembali)
46 nendra. (kembali)
47 mangan. (kembali)
48 pambudinira. (kembali)
49 Mukhamad (dan di tempat lain). (kembali)
50 Lebih satu suku kata: ing karsaning Hyang Agung. (kembali)
51 Lebih satu suku kata: kaliyoga tan kêna gingsir. (kembali)
52 pudhak. (kembali)
53 Kurang satu suku kata: sasêrananing akathah. (kembali)
54 kinêndhalenan. (kembali)
55 eblis. (kembali)
56 pinêndhêm. (kembali)
57 prapta. (kembali)
58 Lebih satu suku kata: ting bilulung golèk dhuwit. (kembali)