Sedan Danurêja, Kajawèn, 1933, #1474

JudulCitra
Terakhir diubah: 13-06-2015

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Kangjêng Pangeran Arya Adipati Danurêja, Pêpatih Dalêm ing Ngayogyakarta Seda

Kala ing dintên Ngahad jam 5 enjing tanggal kaping 15 wulan puniki,Kangjêng Pangeran Arya Adipati Danurêja,pêpatih dalêm ing Ngayogyakarta seda,jalaran gêrah sampun yuswa,dumugining seda yuswa 66 taun. Ing sadèrèngipun seda, nalika panjênênganipun taksih gêrah, kaparêng nglêrêmakên sarira wontên ing pasanggrahan ing Kaliurang, ngantos sawatawis dangu saha salajêngipun gêrahipun kenging dipun wastani sampun sênggang, saha sampun kondur saking têtirah.Wusana kala ing dintên ingkang kasêbut ing nginggil seda, sumare Imagiri.

Pinanggihipun wontên ing Ngayogyakarta, sedanipun pêpatih dalêm wau nama satunggiling lêlampahan ingkang dados pèngêtaning praja, ugi badhe dados ewah-ewahan praja ing atasing badhe wontênipun pêpatih enggal. Saya malih tumrap Panjênênganipun Kangjêng Pangeran Arya Adipati Danurêja ingkang seda punika, kala sugêngipun [sugêngipu...]

[1313]

[...n] sakalangkung misuwur ing asma, ngantos dumugining diwasa yuswa 64 taun, taksih jumênêng warăngka nata. Malah kala têtêpipun yuswa 64 taun wau mawi pinèngêtan kanthi pahargyan, inggih punika ingkang dipun wastani pahargyan tumbuk yuswa dhawah kala tanggal 26 Sèptèmbêr 1931 utawi kaping 15 Ruwah Je 1863.

Mênggah lêlabêtanipun Kangjêng Pangeran Arya Adipati Danurêja tumraping praja, botên prêlu kapratelakakên kathah-kathah wontên ing ngriki, awit nyatanipun sampun katingal. Ing ngriki prêlu mratelakakên sawatawis ing bab anggènipun asma : Danurêja VII.

Ingkang jumênêng Danurêja I, punika pêpatih dalêm ing Sinuhun Sultan Mangkubumi, saking katarimah lêlabêtanipun, rumiyin nama Radèn Tumênggung Yudanagara, turun Banyumas kaping tiga.

Sasedanipun dipun gêntosi ingkang wayah, nama Radèn Tumênggung Martanagara, lajêng asma Radèn Adipati Danurêja II. Pêparab Seda Kadhaton.

Lajêng dipun gêntosi Mas Riya Mandura, kalêrês ingkang paman Radèn Adipati Danurêja II, nanging botên dipun akêni dening Kumpêni, lajêng dipun gêntosi Radèn Tumênggung Sumadipura, asma Danurêja III.

Lajêng dipun gêntosi Radèn Tumênggung Găndakusuma, putranipun anèm Radèn Adipati Danurêja II. Jêjuluk Radèn Adipati Danurêja IV.

Lajêng kasêlanan sanès turun Banyumas, inggih punika dipun gêntosi Radèn Adipati Danurêja V, wayah Sinuhun Sultan kaping II.

Ingkang sumilih Danurêja V wau, Radèn Adipati Danurêja VI, turunipun Tumênggung Nitinagara.

Wusana sarêng ing taun 1911.ingkang kawisudha dados pêpatih dalêm turun Yudanagara ing Banyumas malih, inggih punika Kangjêng Pangeran Arya Adipati Danurêja ingkang seda punika.

Ing pamuji mugi rohipun ingkang nêmbe seda tinampena wontên pangayunaning Pangeran.