POESTAKARADJA POERWA.

EERSTE DEEL.

Sêrat Pustakaraja Purwa

Jilidan ăngka 1.

Anyariyosakên kala pulo Jawi, Sumatra, Bali tuwin Madura, wiwit dipun dunungi manusa, taun Jawi sirah 1 ing salajêngipun cariyos wontênipun lampahan sadaya, ngantos dumugi taun 309.

Kaêcap ingkang kaping tiga ing pangêcapanipun Pakêmpalan Among Dagang rumiyin nama H. Buning, ing Ngayogyakarta, taun 1912.

--- 1 : [0] ---

Pakêmpalan Among Dagang, rumiyin nama:

H. Buning

Tukang cithak ingkang kawitan ing Ngayugyakarta sarta sampun misuwur ing pundi-pundi nagari saha rêrêgèn mirah piyambak.

Dagang buku warni-warni sarta sadaya pirantos ing panyêratan tuwin pirantos panggambaran, punapadene pirantosing sakolah tuwin kantoran.

Pabrik stèmpêl karèt tuwin kuningan, punapadene cap tăndha asma.

Tukang ngukir damêl gambar klise sarta damêl lis pigurah.

Lêngganan para agung saha para priyantun punapadene kantor guprêmèn.

Kacihna saening pandamêlan, angsal mêdhali tăndha pangalêmbana saking tèntunstèling (tontonan ing alam dunya) ing kitha Amstêrdham.

Tansah anyênyadhang sih wêlinganipun para priyantun utawi sanèsipun, ingkang kaparêng badhe andadosakên cap-capan kados ta: sêrat ulêm-ulêm, pêthuk utawi rêkêning, blangko stat-stat, sêrat pratăndha pêgat utawi nikah sarta sanès-sanèsipun, rêgi kasudakakên langkung mirah sarta saening panggarap tinimbang sanès-sanèsipun, sadaya wêlingan katanggêl saenipun sarta cancut enggal dados tuwin botên badhe anguciwani, punapamalih kenging dangu rêgi rumiyin. Sawarnining pandamêlan cap-capan sadèrèngipun kakintun dhatêng tiyang sanès, kêparênga angintunakên rumiyin dhatêng kula.

Punggawa kula nyambutdamêl wontên satus tiyang kapara langkung sarta mawi 13 masin cithak, satunggal masin panggarisan.

--- 1 : [0] ---

Sêrat Pustakaraja Purwa I.

--- 1 : [0] ---

[...]

--- 1 : [0] ---

Sêrat Pustakaraja Purwa

Jilidan ăngka 1.

Anyariyosakên kala pulo Jawi, Sumatra, Bali tuwin Madura, wiwit dipun dunungi manusa, taun Jawi sirah 1 ing salajêngipun cariyos wontênipun lampahan sadaya, ngantos dumugi taun 309. Babon asli saking sawargi Radèn Ngabèi Rănggawarsita, pujăngga ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat.

Kaêsahan kasusastranipun awêwaton Sêrat Paramasastra dening Ki Padmasusastra.

Kaêcap ingkang kaping tiga ing pangêcapanipun Pakêmpalan Among Dagang rumiyin nama H. Buning, ing Ngayogyakarta, taun 1912.

--- 1 : [0] ---

[...]

--- 1 : 1 ---

Bêbuka.

O ilahèng hong mangarcana mataya awignamastu namasidhi.

Dyan punika rêke bêbukanipun wuryaning Sêrat Pustakaraja, ingkang anyariyosakên uruting lêlampahan ing nuswa Jawi sadaya, kaurutakên kalihan cariyosipun tanah agêng ing Indi, ingkang ing mangke kawastanan tanah Indhustan, utawi Indhu ngajêng, ananging namung kapêndhêtan saking uruting taun Jawi ingkang wontên cariyosipun kemawon. Wondene sangkalanipun taun Jawi punika, kaetang awit tanah Jawi dipun dunungi manusa, inggih punika pangajawinipun Êmpu Sangkala saking tanah Indhustan, ing taun srêngenge winastan taun surya sangkala [sa...]

--- 1 : 2 ---

[...ngkala,] ing taun rêmbulan winastan taun candra sangkala, sarta namanipun taun miturut taun Indhu, kados ta: taun Sambrama, Biswawisu saurutipun ngantos dumugi taun Rudraksa, dèrèng ngangge namanipun taun Ngarab Alip, Ehe saurutipun ngantos dumugi taun Jimakir.

Mênggah pangetangipun taun surya sangkala, amêndhêt saking masa pali, inggih punika ingkang kalampah kala jaman dewa, kados ta: masa kartika, ing mangke saminipun masa kasa, lajêng pusa saminipun masa karo, manggasri: masa katiga, sitra: masa kapat, manggakala: masa kalima, naya: masa kanêm, palguna: masa kapitu, wisaka: masa kawolu, jita: masa kasanga, srawana: masa kasapuluh, padrawana: masa dhastha, asuji: masa saddha. Sabên sampun jangkêp kalih wêlas masa, dados sataun surya sangkala, pangetangipun masa anut lampah utawi cakraning surya, mangidul mangalèripun têpang ing dalêm sataun, punika ingkang kalampah kala jaman Budha.

Wondene pangetangipun taun candra sangkala, amêndhêt saking lampahing rêmbulan, sabên rêmbulan ambabar, inggih punika pêndhak katingaling tanggal, kawastanan sawulan [sawu...]

--- 1 : 3 ---

[...lan,] sabên sampun jangkêp kalih wêlas wulan, dados sataun candra sangkala, punika ingkang kalampah kantos jaman samangke.

Wiyosipun, milanipun sêrat punika dipun wastani Pustakaraja, tgêsipun: pêpakêmipun panjênêngan nata, utawi kenging dipun têgêsi: sêrat raja, amargi dados têtunggul tuwin dados baboning sawarninipun sêrat cariyos Jawi.

Ing mangke amratelakakên ingkang sampun kocap ing salêbêtipun Sêrat Pustakaraja sadaya, punika babaraning cariyosipun, kaperang dados kalih rambahan, ing ngandhap punika pratelanipun.

1. Ingkang saperangan ing wiwitan dipun wastani Sêrat Pustakaraja Purwa, inggih punika anyariyosakên lêlampahan ing dalêm wolung atus taun, etanging taun surya sangkala, awit cariyos ing warsa 1 kantos dumuginipun cariyos ing warsa 800, etanging taun candra sangkala awit cariyos ing warsa 1 kantos dumuginipun cariyos ing warsa 824.

2. Ingkang saperangan malih, dipun wastani Sêrat Pustakaraja Puwara, inggih punika anyariyosakên lêlampahan [lêla...]

--- 1 : 4 ---

[...mpahan] ing dalêm nêm atus taun, etanging taun surya sangkala awit cariyos ing warsa 801 ngantos dumuginipun cariyos ing warsa 1400, etanging taun candra sangkala awit cariyos ing warsa 825 ngantos dumuginipun cariyos ing warsa 1442.

Dene wiyosing Sêrat Pustakaraja Purwa wau, iyasanipun Sri Bathara Aji Jayabaya, nata binathara ing nuswa Jawi ingkang akadhaton nagari Daha inggih ing Mamênang tanah Kadhiri. Bêbukanipun Sri Bathara Aji Jayabaya karsa angadani cariyos, kala Sang Hyang Naradha akalihan Bathara Panyarikan tumêdhak dhatêng ing Mamênang, andhawuhakên cariyos kawontênanipun sadaya lêlampahan ing nuswa Jawi, miturut pemutanipun para dewa, Sri Bathara Aji Jayabaya lajêng adhêdhawah amemuti dhatêng para êmpu, cariyos awit taun surya sangkala sirah 1 dumugi taun 636, lajêng kacundhukakên ing sasuraosipun Sêrat Jitapsara, akalihan Sêrat Jidsaka, panganggitipun Bagawan Palasara ing Ngastina, inggih punika ingkang kasêbut salêbêting sêrat, amratelakakên gancaring sajarah têrah-tumêrahipun para dewa, akalihan tangkar-tumangkare [tangkar...]

--- 1 : 5

[...tumangkaring] manusa salêlampahanipun sadaya, awit saking wasitanipun Dèwi Rukmawati putranipun Sang Hyang Anantaboga, kala awêwarah dhatêng Bagawan Palasara. Cariyos awit taun surya sangkala 637 dumugi taun 800 kacundhukakên akalihan sêrat pemutanipun para panjênêngan ratu tanah Jawi. Sarêng sampun ngalêmpak pratelaning lêlampahan, tuwin aluraning lêluhuripun Sri Bathara Aji Jayabaya, sadaya wau lajêng ingandikakakên nganggit dhatêng Êmpu Jangga ing Mamênang, kababarakên dados sêrat cariyos kakawin mawi sêkar agêng, kawiwitan sêkar prawiralalita, panyêratipun tumrap ing rontal, inggih punika godhong siwalan ingkang taksih nèm, nanging dèrèng ngangge sastra Jawi kados ingkang kalampah ing jaman samangke, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 848 kaetang ing taun candra sangkala 874, punika mawi kapangkat-pangkat dados astha mahkandhêh, tgêsipun, pangkataning cariyos dados wolung bab, sarta kapetang ngayah-ngayuh ing lêlampahan, ing dalêm saêbab-êbabipun, sami kagarba dados anyatus warsa sadaya. Sarêng sampun dados, isinipun [isi...]

--- 1 : 6 ---

[...nipun] cariyos ing dalêm saêbab-êbabipun, lajêng kadhawuhan amerang malih dhatêng para êmpu, kadamêl pralampita sowang-sowang, dados kala samantên, sakathahing êmpu, sami amêthal-mêthal cariyosipun Sêrat Pustakaraja Purwa, pinithatan ing dalêm salampah-lampahan, kadadosakên cariyos alit ugi têmbung kakawin mawi sêkar agêng, ananging pamêthikipun amung sami kapêndhêtan uruting cariyos kemawon, botên mawi kaetang urutipun ing taun, inggih punika ingkang lajêng sumêbar dados sêrat alit têmbung Kawi, mila yèn kaparinci jamaning lêlampahan, urutipun ing taun dados angayah-ngayuh etangipun, ing ngandhap punika pratelaning namanipun sêrat satunggal-tunggal.

Pratama Kandhêh.

Bab kaping 1.

Dipun wastani Sêrat Mahaparwa, inggih punika urutipun lêlampahan ingkang wiwitan, etanging taun surya sangkala awit cariyos ing warsa 1 dumugi cariyos ing warsa 100, etanging taun candra sangkala awit cariyos ing warsa 1, dumugi cariyos ing warsa 103,

--- 1 : 7 ---

ing salêbêtipun Sêrat Mahaparwa wau kaperang dados kalih lampahan.

1. Sêrat Purwapada, wiyosipun, punika cariyos awit pangajawinipun Êmpu Sangkala saking tanah ing Indhustan, akalihan cariyosipun kala ing tanah Jawi kaisèn manusa ingkang wiwitan, ngantos dumuginipun cariyos pambabading wana wukir sadaya. Kaanggit dening Êmpu Satya ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 851, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 877.

2. Sêrat Sabaloka, wiyosipun, punika cariyos awit pandamêling para kabuyutan sadaya, ngantos dumuginipun cariyos dhatênging sakit roga lajêng waluya dening para dewa. Kaanggit dening Êmpu Soda ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 851, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 877.

Dwita Kandhêh.

Bab kaping 2.

Dipun wastani Sêrat Mahadewa, inggih punika uruting lêlampahan ingkang kaping kalih, etanging taun surya

--- 1 : 8 ---

sangkala awit cariyos ing warsa 101 dumugi cariyos ing warsa 200 etanging taun candra sangkala awit cariyos ing warsa 104 dumugi cariyos ing warsa 206 ing salêbêtipun Sêrat Mahadewa wau kaperang dados kalih lampahan.

1. Sêrat Dewa Budha. Wiyosipun, punika cariyos panjênêngan nata Sang Hyang Guru wontên ing Mêdhangkamulan ingkang wiwitan, ajêjuluk Sri Paduka Raja Mahadewa Budha, ngantos dumugi angalih kitha dhatêng ing wukir Maendra lajêng anggêlarakên lêlêrêsan dhatêng sagunging manusa akalihan para sato khewan ingkang sami anuwun adil sadaya. Kaanggit dening Êmpu Padma ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 851, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 877.

2. Sêrat Dewa Raja, wiyosipun, punika cariyos panjênênganipun nata para putranipun Sang Hyang Guru, sami jumênêng nata amăncapraja, ngantos dumugi ing pamuksanipun sadaya. Kaanggit dening Êmpu Sahasrakirana ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 851, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 877.

--- 1 : 9 ---

Trita Kandhêh.

Bab kaping 3.

Dipun wastani Sêrat Maharêsi, inggih punika uruting lêlampahan ingkang kaping tiga, etanging taun surya sangkala, awit cariyos ing warsa 201 dumugi cariyos ing warsa 300, etanging taun candra sangkala, awit cariyos ing warsa 207 dumugi cariyos ing warsa 309 ing salêbêtipun Sêrat Maharêsi wau, kaperang dados kalih lampahan.

1. Sêrat Rêsi Kala, wiyosipun, punika cariyos panjênênganipun nata Sang Hyang Siwah wontên ing Mêdhangsiwanda, ajêjuluk Sri Maharaja Balya, ngantos dumugi cariyos panjênênganipun nata Sang Hyang Kala wontên Mêdhangkamulan, ajêjuluk Sri Maharaja Berawa, kaanggit dening Êmpu Baubajra ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 851, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 877.

2. Sêrat Budha Krêsna, wiyosipun, punika cariyos panjênênganipun nata Sang Hyang Wisnu, wontên ing Mêdhangkamulan ingkang ingalih nama Purwacarita, ajêjuluk Sri Maharaja Budha Krêsna, ngantos dumugi cariyos [cariyo...]

--- 1 : 10 ---

[...s] panjênêngan nata Sang Hyang Rudra, wontên ing Gilingaya, inggih punika ing Gilingwêsi, ajêjuluk Sri Maharaja Dewa Esa. Kaanggit dening Êmpu Kundhala ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 852, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 878.

Caturta Kandhêh.

Bab kaping 4.

Dipun wastani Sêrat Maharaja, inggih punika uruting lêlampahan ingkang kaping sakawan, etanging taun surya sangkala awit cariyos ing warsa 301 dumugi cariyos ing warsa 400, etanging taun candra sangkala awit cariyos ing warsa 310 dumugi cariyos ing warsa 412. Ing salêbêtipun Sêrat Maharaja wau, kaperang dados kawan lampahan.

1. Sêrat Raja Kanwa, wiyosipun, punika cariyos panjênênganipun nata Prabu Pakukuhan, wontên ing Purwacarita, ajêjuluk Sri Maharaja Kano, ngantos dumugi cariyos panjênênganipun nata ingkang rayi Sri Maharaja Kano wontên ing Gilingwêsi, ajêjuluk Prabu Iranya Rudra, inggih punika ingkang kasêbut nama Prabu Hèryana Rudra. Kaanggit dening Êmpu Wisaka [Wisa...]

--- 1 : 11 ---

[...ka] ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 852, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 878.

2. Sêrat Palindriya, wiyosipun, punika cariyos panjênênganipun nata Bagawan Wrahaspati wontên ing Mêdhanggêle, ajêjuluk Prabu Palindriya, ngantos dumugi cariyos panjênênganipun nata Prabu Sitawaka, wontên ing Gilingwêsi. Kaanggit dening Êmpu Sunda ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 852, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 878.

3. Sêrat Silacala, wiyosipun, punika cariyos panjênênganipun nata Prabu Silacala wontên ing Gilingwêsi, inggih punika ingkang kasêbut nama Prabu Watugunung, kala jumênêng ratu binathara. Kaanggit dening Êmpu Artati ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 852, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 878.

4. Sêrat Sumanantaka, wiyosipun, punika cariyos kala Sang Hyang Wisnu dados dhukun, ngantos dumuginipun anyirnakakên Prabu Watugunung. Kaanggit dening [de...]

--- 1 : 12 ---

[...ning] Êmpu Monaguna ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 852, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 878. Ananging dèrèng ngantos dados kasêlak Êmpu Monaguna pêjah kabalabak ing toya, kala samantên rampungipun dados kadumugèkakên dening Êmpu Yogiswara ing Mamênang.

Panca Makandhêh.

Bab kaping 5.

Dipun wastani Sêrat Maharata, inggih punika uruting lêlampahan ingkang kaping gangsal, etanging taun surya sangkala awit cariyos ing warsa 401 dumugi cariyos ing warsa 500, etang ing taun candra sangkala awit cariyos ing warsa 413 dumugi cariyos ing warsa 515, ing salêbêtipun Sêrat Maharata wau, kaperang dados gangsal lampahan.

1. Sêrat Dyitayana, wiyosipun, punika cariyos panjênênganipun nata Sang Hyang Brahma akalihan Sang Hyang Wisnu, sami anggêntosi karatonipun Prabu Watugunung, ngantos dumugi sèrèn dhatêng putra. Kaanggit dening Êmpu Ragadana ing Mamênang, panganggitipun anuju [a...]

--- 1 : 13 ---

[...nuju] ing taun surya sangkala 853, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 879.

2. Sêrat Tritara, wiyosipun, punika cariyos karaton têtiga sarêng sami salampahan, 1. ing Gilingwêsi, 2. ing Purwacarita, 3. ing Wiratha, ngantos dumuginipun sami kagêntosan putra sowang-sowang. Kaanggit dening Êmpu Saloka ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 853, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 879.

3. Sêrat Sindhula, wiyosipun, punika cariyos panjênênganipun nata ingkang putra Prabu Watugunung, wontên ing Mêdhanggalungan, ajêjuluk Sri Maharaja Sindhula, ngantos dumuginipun kagêntosan putra, ajêjuluk Prabu Cingkaradewa. Kaanggit dening Êmpu Sadhara ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 853, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 879.

4. Sêrat Rukmawati, wiyosipun, punika cariyos lêlampahanipun Dèwi Rukmawati, putranipun Sang Hyang Anantaboga, ênggènipun amêmêca saha mitulungi sarana dhatêng sadhengaha ingkang nêdha pitulung. Kaanggit [Kaang...]

--- 1 : 14 ---

[...git] dening Êmpu Sindura ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 853, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 879.

5. Sêrat Srisadhana, wiyosipun, punika cariyosipun lêlampahanipun ingkang putra Prabu Sri Mahapunggung ing Purwacarita, anama Dèwi Sri kalihan Radèn Sadhana, ngantos dumuginipun sami muksa dados widadara-widadari. Kaanggit dening Êmpu Kalangwan ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 853, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 879.

Sad Mahkandhêh.

Bab kaping 6.

Dipun wastani Sêrat Mahatantra, inggih punika uruting lêlampahan ingkang kaping nêm, etanging taun surya sangkala awit cariyos ing warsa 501 dumugi cariyos ing warsa 600, etanging taun candra sangkala awit cariyos ing warsa 516 dumugi cariyos ing warsa 618, ing salêbêtipun Sêrat Mahatantra wau, kaperang dados gangsal lampahan.

1. Sêrat Sri Kala, wiyosipun, punika cariyos panjênênganipun nata Prabu Sri Kala ing Purwacarita [Purwacari...]

--- 1 : 15 ---

[...ta,] kala ambêdhah ing Gilingwêsi sirnanipun Prabu Parikênan, ngantos dumugi sirnanipun Prabu Sri Kala kabêdhah saking Wiratha. Kaanggit dening Êmpu Baradhi ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 853, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 879.

2. Sêrat Raja Watara, wiyosipun, punika cariyos panjênêngan nata binathara dados satunggal wontên ing Wiratha, awit Prabu Basupati ngantos dumugi panjênênganipun Prabu Basukeswara. Kaanggit dening Êmpu Tathakasandi ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 853, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 879.

3. Sêrat Citakaprawa, wiyosipun, punika cariyos lêlampahanipun Rêsi Manumanasa ing Martawu, ngantos dumugi ing pamuksanipun, kaanggit dening Êmpu Jangga ingkang kaping kalih ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 853, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 879.

4. Sêrat Ariwanda, wiyosipun, punika cariyos lêlampahanipun ingkang rayi Prabu Basukêthi ing Wiratha, anama Arya Basukètu, kawakilakên nalikanipun [nali...]

--- 1 : 16 ---

[...kanipun] ingkang raka atêtapa, ngantos rawuhipun Prabu Basukêthi saking patapan. Kaanggit dening Êmpu Panuluh ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 853, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 879.

5. Sêrat Parapatra, wiyosipun, punika cariyos lêlampahanipun Bagawan Palasara, kala anênangis ing dewa badhe sumêrêp pratelanipun ingkang anêdhakakên, ngantos dumugi ing panganggitipun Sêrat Jitapsara akalihan Sêrat Jidsaka, ing salajêngipun, kaanggit dening Êmpu Yogiswara ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 853, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 879.

Sapta Mahkandhêh.

Bab kaping 7.

Dipun wastani Sêrat Mahapatra, inggih punika uruting lêlampahan ingkang kaping pitu, etanging taun surya sangkala, awit cariyos ing warsa 601 dumugi cariyos ing warsa 700, etanging taun candra sangkala awit cariyos ing warsa 617 dumugi cariyos ing warsa 721, ing salêbêtipun Sêrat Mahapatra [Maha...]

--- 1 : 17 ---

[...patra] wau, kaperang dados wolung lampahan.

1. Sêrat Wahanya Purwa, wiyosipun, punika cariyos lêlampahanipun Bagawan Palasara kala kapanggihipun akalihan Dèwi Matsyaganda, ingkang kasêbut nama Dèwi Durgandini, lajêng jumênêngipun nata wontên ing Ngastina, ajêjuluk Prabu Dwipakeswara, ngantos dumugi cariyos panjênênganipun Rêsi Santanu dados parampara. Kaanggit dening Êmpu Tapawangkêng ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 853, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 879.

2. Sêrat Suktinawyasa, wiyosipun, punika cariyos panjênênganipun nata Prabu Krêsna Dwipayana ing Ngastina, ngantos dumugi ambagawan nama Bagawan Byasa. Kaanggit dening Êmpu Widhayaka ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 853, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 879.

3. Sêrat Darmasayara, wiyosipun, punika cariyos lêlampahanipun Prabu Pandhu Dewanata kala dèrèng jumênêng ing Ngastina, dumuginipun krama antuk putri ing Madura, anama Dèwi Kunthi, ngantos jumênêng nata

--- 1 : 18 ---

sinerenan kaprabonipun ingkang rama. Kaanggit dening Êmpu Wira ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 853, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 879.

4. Sêrat Gorawangsa, wiyosipun, punika cariyos garwanipun Prabu Basudewa ing Madura, anama Dèwi Maira kacidra rêsmi dhatêng danawa raja, anama Prabu Gorawangsa, ngantos kagungan putra kakung sinung nama Arya Kăngsa, lajêng kaparingakên dados putranipun angkat Arya Ugrasena. Kaanggit dening Êmpu Barandang ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 853, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 879.

5. Sêrat Kumbayana, wiyosipun, punika cariyos pangajawinipun rajaputra ing Atasangin, anama Bambang Kumbayana, ngantos dumuginipun dados raja pandhita wontên ing Ngastina, anama Dhanghyang Druna. Kaanggit dening Êmpu Braradya ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 853, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 879.

6. Sêrat Wandhalaksana, wiyosipun, punika cariyos lairipun Bima mêdal bungkus, ngantos dumugi ing ruwatipun [ru...]

--- 1 : 19 ---

[...watipun.] Kaanggit dening Êmpu Ragarunting ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 853, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 879.

7. Sêrat Darmamukta, wiyosipun, punika cariyos muksanipun Prabu Pandhu Dewanata ing Ngastina, mêntas anyarèni ingkang garwa Dèwi Madrin ing salêbêtipun amiwaha ingkang rayi Arya Widura, ngantos dumugi cariyosipun Prabu Basudewa ing Madura, kala angramakakên ingkang rayi Arya Prabu Rukma, akalihan Arya Ugrasena. Kaanggit dening Êmpu Mayangga ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 853, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 879.

8. Sêrat Drêtanagara, wiyosipun, punika cariyos panjênênganipun nata Prabu Drêtarasthra ing Ngastina, ngantos dumuginipun sèrèn kaprabon dhatêng ingkang putra. Kaanggit dening Êmpu Wijatmaka ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 853, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 879.

Astha Mahkandhêh.

Bab kaping 8.

Dipun wastani Sêrat Mahadarma, inggih punika uruting lêlampahan [lêla...]

--- 1 : 20 ---

[...mpahan] ingkang kaping wolu, etangipun taun surya sangkala, awit cariyos ing warsa 701 dumugi cariyos ing warsa 800, etanging taun candra sangkala, awit cariyos ing warsa 722, dumugi cariyos ing warsa 824, ing salêbêtipun Sêrat Mahadarma, kaperang dados sangalas lampahan.

1. Sêrat Kurumaka, wiyosipun, punika cariyos panjênêngan nata Prabu Suyudana ing Ngastina, ngantos dumugi icalipun Dèwi Susilawati, kapanggih dening Radèn Pamade. Kaanggit dening Êmpu Muywa ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 853, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 879.

2. Sêrat Smaradahana, wiyosipun, punika cariyos kabêsminipun Bale Gala-gala, ngantos dumuginipun Pandhawa sami suwita dhatêng ing Wiratha. Kaanggit dening Êmpu Salukat ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 853, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 879, ananging dèrèng ngantos dumugi panganggitipun, Êmpu Salukat pêjah, lajêng dipun dumugèkakên dening Êmpu Karmajaya ing Mamênang, dèrèng [dè...]

--- 1 : 21 ---

[...rèng] ngantos rampung Êmpu Karmajaya pêjah, dados rampungipun pisan kadumugèkakên dening Êmpu Jangga ingkang kaping kalih ing Mamênang.

3. Sêrat Ambaralaya, wiyosipun, punika cariyos icalipun putri ing Mandraka, anama Dèwi Erawati, kadhustha ing danawa raja, anama Prabu Rewata, kapanggih dening Wasi Jaladara lajêng kadhaupakên, ngantos dumuginipun Wasi Jaladara jumênêng nata ing Madura, ajêjuluk Prabu Baladewa. Kaanggit dening Êmpu Purusadaka ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 853, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 879.

4. Sêrat Kridha Krêsna, wiyosipun, punika cariyos kramanipun Radèn Narayana antuk Dèwi Jambawati, ngantos dumugi ing salajêngipun. Kaanggit dening Êmpu Jaruyawa ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 853, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 879.

5. Sêrat Kujanakarna, wiyosipun, punika cariyos panjênênganipun nata Prabu Karna wontên ing Ngawangga, anggêntosi karatoning danawa raja anama Prabu [Pra...]

--- 1 : 22 ---

[...bu] Kujanakarna, sutaning Bagawan Stunakarna, raja pandhita danawa ingkang alinton parji kalihan Dèwi Srikandhi, ngantos dumugi cariyos kramanipun Prabu Yudhisthira angsal Dèwi Drupadi, putri ing Pancala, inggih punika ing Campalarêja. Kaanggit dening Êmpu Mudra ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 853, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 879.

6. Sêrat Kujanakrêsna, wiyosipun, punika cariyos panjênênganipun nata Sri Bathara Krêsna wontên ing Dwarawati, anggêntosi karatoning danawa raja anama Prabu Kujanakrêsna. Kaanggit dening Êmpu Mudita ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 853, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 879.

7. Sêrat Partayagnya, wiyosipun, punika cariyos lêlampahanipun Radèn Arjuna kala anggêguru dhatêng Dhanghyang Druna, ngantos dumugi ing salajêngipun. Kaanggit dening Êmpu Wijatmaka ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 853, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 879.

--- 1 : 23 ---

8. Sêrat Manik Arja Purwaka, wiyosipun, punika cariyos lêlampahanipun Radèn Arjuna kala kinêlêm ing samudra dhatêng Kurawa, lajêng kapêndhêt mantu ing Sang Hyang Baruna, antuk Dèwi Manik Arja, ngantos dumugi konduripun dhatêng Ngamarta. Kaanggit dening Êmpu Widhayaka ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 853, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 879.

9. Sêrat Sapanti Parta. Wiyosipun, punika cariyos kramanipun Radèn Arjuna antuk Dèwi Sumbadra, ngantos dumuginipun krama antuk Dèwi Srikandhi. Kaanggit dening Êmpu Kanwa ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 853, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 879.

10. Sêrat Dewaruci, wiyosipun, punika cariyos lêlampahanipun Arya Wrêkodhara kala anggêguru dhatêng Dhanghyang Druna, ngantos dumugi salajênging Bima Suci. Kaanggit dening Êmpu Widhayaka ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 854, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 880.

11. Sêrat Parta Wiwaha dipun wastani Sêrat Wintaraga [Wintara...]

--- 1 : 24 ---

[...ga,] wiyosipun, punika cariyos lêlampahanipun Radèn Arjuna, kala atêtapa wontên wukir ing Endrakila, ngantos dumugi ing salajêngipun kawiwaha wontên ing Suralaya. Kaanggit dening Êmpu Kanwa ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 854, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 880.

12. Sêrat Yudanagara, wiyosipun, punika cariyos lêlampahanipun Sri Bathara Krêsna ing Dwarawati kala malih danawa, lajêng anyipta kadhaton wontên ing wana, asêsilih nama Prabu Yudakala Krêsna, ngantos dumugi cariyosipun Prabu Matswapati ing Wiratha kala angramakakên para putra. Kaanggit dening Êmpu Widhayaka ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 855, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 881.

13. Sêrat Purobaya, wiyosipun, punika cariyos lairipun Radèn Gathotkaca putraning Arya Wrêkodhara saking Dèwi Irimbi, ngantos dumugining Gathotkaca yasa kitha lajêng jumênêngipun nata wontên ing Pringgadani, kasêbut nama Prabu Purobaya. Kaanggit dening Êmpu Panuluh ing Mamênang, panganggitipun anuju

--- 1 : 25 ---

ing taun surya sangkala 855, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 881.

14. Sêrat Bomantara, wiyosipun, punika cariyosing danawa raja ing Trajutiksna, anglurugi ing Suralaya, ngantos dumugi ing pêjahipun lajêng kagêntosan putra ing Dwarawati. Kaanggit dening Êmpu Tathakasandi ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 855, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 881.

15. Sêrat Bomantaka, wiyosipun, punika cariyos lêlampahanipun Prabu Bomaputra ing Dwarati,[1] kala anglurugi ingkang rama, ngantos dumugi ing sedanipun. Kaanggit dening Êmpu Bodhaguna ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 855, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 881.

16. Sêrat Bratayuda, wiyosipun, punika cariyos prangipun Pandhawa kalihan Kurawa, ngantos dumugi salajênging Pandhawa jaya. Kaanggit dening Êmpu Sêdhah ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 855, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 881, ananging dèrèng ngantos rampung panganggitipun,

--- 1 : 26 ---

kasêlak Êmpu Sêdhah antuk dêdukanipun Sri Bathara Aji Jayabaya, pêjah kaluluh ing latu, kala samantên rampungipun dados kadumugèkakên dening Êmpu Panuluh ing Mamênang.

17. Sêrat Karimataya, wiyosipun, punika cariyos pamuksanipun Bagawan Byasa, ngantos dumuginipun cariyosing Pandhawa dana lajêng muksa. Kaanggit dening Êmpu Panuluh kalihan Êmpu Wangkêng ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 855, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 881.

18. Sêrat Darmasarana, wiyosipun, punika cariyos panjênênganipun nata Prabu Parikêsit ing Ngastina, ngantos dumugi ing pamuksanipun. Kaanggit dening Êmpu Tapawangkêng ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 855, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 881.

19. Sêrat Yudayana, wiyosipun, punika cariyos panjênênganipun nata Prabu Yudayana ing Ngastina, ngantos dumuginipun seda kagêntosan putra Prabu Gêndrayana ing salajêngipun jêngkar saking Ngastina. Kaanggit dening Êmpu Kalangwan ing Mamênang, panganggitipun [panganggitipu...]

--- 1 : 27 ---

[...n] anuju ing taun surya sangkala 855, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 881.

Mênggah sanèsipun saking sêrat pêthikaning cariyos ingkang sampun kasêbut ing nginggil sadaya wau punika, akathah kemawon para êmpu ingkang sami amêthal-mêthal malih ing cariyosing Sêrat Pustakaraja Purwa, awit saking kajêngipun piyambak-piyambak, ananging sarèhning botên kalêbêt yasanipun Sri Bathara Aji Jayabaya, dados botên susah kapratelakakên namanipun satunggal-tunggal.

Ing mangke amratelakakên, wiyosing Sêrat Pustakaraja Puwara, iyasanipun Prabu Wijaya ingkang kaping gangsal, nata binathara ing nuswa Jawi, ingkang akadhaton ing nagari Majapait, bêbukanipun Prabu Brawijaya karsa anglêmpakakên cariyos saking pêpakêmipun para panjênêngan nata awit ing karaton Mamênang, dumugi panjênênganipun Prabu Brawijaya kaping gangsal, sarta pakêmipun para êmpu dhomas ingkang sami gadhah sêrat cariyos têtilaraning lêluhuripun piyambak-piyambak. Wontên ingkang sami katanggap kinèn acariyos ing saèngêtipun kemawon, sarêng sampun ngalêmpak [ngalê...]

--- 1 : 28 ---

[...mpak] lajêng ingandikakakên anganggit dhatêng Êmpu Artati, kababarakên dados sêrat cariyos kakawin mawi sêkar agêng, kawiwitan sêkar kuswalalita, panyêratipun inggih tumrap ing rontal, sastranipun sampun angangge sastra Jawi ingkang kaangge ing samangke, urut-urutipun cariyos, anulad kados ingkang sampun kasêbut ing salêbêting Sêrat Pustakaraja Purwa, panganggitapun[2] anuju ing taun surya sangkala 1398, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 1440 dèrèng ngantos dumugi ênggènipan[3] anganggit, lajêng katungka bêdhahipun nagari ing Majapait, Êmpu Artati kesah miruda ambêkta anggit-anggitanipun, kalunta-lunta ngantos dumugi nagari ing Bali, lajêng suwita dhatêng Prabu Dewa Kêtut, ing ngriku Sêrat Pustakaraja Puwara wau dadosipun kadumugèkakên wontên nagari ing Bali, inggih mawi kapangkat-pangkat dados sad mahkandhêh, tgêsipun: pêpangkataning cariyos dados nêm bab, sarta kaetang ngayah-ngayuhing lêlampahan ing dalêm saêbab-êbabipun, sami kagarba dados anyatus warsa sadaya. Dene urut-uruting cariyos ingkang sampun kasêbut ing salêbêting Sêrat Pustakaraja Puwara, punika kala dèrèng [dè...]

--- 1 : 29 ---

[...rèng] kakumpulakên dening Prabu Brawijaya kaping gangsal, sampun wontên pêpangkatanipun namaning sêrat satunggal-tunggal, panganggitipun para êmpu awit saking karsaning ratunipun piyambak-piyambak, minăngka dados sêsambêtanipun dumugining Sêrat Pustakaraja Purwa, ing ngandhap punika namanipun sêrat satunggal-tunggal.

Pratama Kandhêh.

Bab kaping 1.

Dipun wastani Sêrat Mahaparma, inggih punika uruting lêlampahan ingkang wiwitan, etanging taun surya sangkala, awit cariyos ing warsa 801 dumugi cariyos ing warsa 900, etanging taun candra sangkala, awit cariyos ing warsa 825 dumugi cariyos ing warsa 927. Ing salêbêtipun Sêrat Mahaparma wau, isi cariyosing sêrat nêm lampahan kaurutakên kumpulipun dados satunggal, sami iyasanipun Prabu Kusumawicitra ing Mamênang, sarêng sampun jêngkar dhatêng nagari ing Pêngging. Bêbukanipun Prabu Kusumawicitra karsa angadani cariyos punika, kala kalêmpakan para pandhita, ingkang karaosakên risakipun kadhaton ing Mamênang. Dene têka sangêt têmên dêdukaning dewa, botên wontên timbanganipun [ti...]

--- 1 : 30 ---

[...mbanganipun,] aturing para pandhita ing satêngah kados angêngimur susahing galihipun Prabu Kusumawicitra, lêhêng ing Mamênang amung katrajang ing toya kemawon, yèn katimbang kalihan nagarinipun Prabu Purusangkara ing Yawastina, punika kinêlêm babarpisan, ngantos anjêmblong dados samudra, Prabu Kusumawicitra ragi wontên enggaring galihipun, amiyarsa aturing para pandhita makatên wau, nuntên para pandhita ingkang sêpuh-sêpuh sami kinèn acêcariyos ingkang dados bêbuka kêlêmipun nagari ing Yawastina, kadhawahan angurutakên ing saèngêtipun piyambak-piyambak, lajêng kasêratan dhatêng juru panitra, anama pun Kandheya, ing antawis lami ingandikakakên anganggit dhatêng para êmpu kajêjêrakên cariyos kakawin mawi sêkar agêng, lajêng kasambêtan cariyos lêlampahanipun Prabu Kusumawicitra piyambak kala taksih angadhaton wontên ing Mamênang, ing ngandhap punika wijangipun namaning sêrat satunggal-tunggal.

1. Sêrat Budhayana, wiyosipun, punika cariyos awit panjênênganipun nata Prabu Gêndrayana, sajêngkaripun saking Ngastina, jumênêng wontên ing Mamênang, ngantos dumugi ing pamuksanipun, kaanggit dening Êmpu

--- 1 : 31 ---

Mandara ing Pêngging, sutaning Êmpu Salukat ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 919, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 947.

2. Sêrat Sariwahana, wiyosipun, punika cariyos awit panjênênganipun nata Prabu Yudayaka ing Ngastina, lajêng pindhahipun dhatêng dhusun ing Yawa, winastan nagari ing Yawastina, kasêbut nama ing Sradmastina, tgêsipun, ing Ngastina enggal, ngantos seran[4] kaprabon dhatêng ingkang putra, anama Prabu Sariwahana, dumugi ing salajêngipun. Kaanggit dening Êmpu Sindungkara ing Pêngging, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 919, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 947.

3. Sêrat Purusangkara, wiyosipun, punika cariyos lêlampahanipun Prabu Purusangkara ing Yawastina, kala krama antuk putri ing Mamênang, ngantos dumuginipun nagari ing Yawastina, kêlêm anjêmblong dados samudra, kaanggit dening Êmpu Sindungkara ing Pêngging, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 920, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 948.

4. Sêrat Partakaraja, wiyosipun, punika cariyos [ca...]

--- 1 : 32 ---

[...riyos] lêlampahanipun Prabu Widhayana ing Mamênang kala jumênêng ratu binathara, ajêjuluk Sri Bathara Aji Jayabaya, ngantos dumuginipun kagêntosan putra ajêjuluk Prabu Jayaamijaya ing salajêngipun. Kaanggit dening Êmpu Sadha ing Pêngging, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 919, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 947.

5. Sêrat Ajidarma, wiyosipun, punika cariyos lêlampahanipun ingkang putra Prabu Purusangkara jumênêngipun nata wontên ing Malawapati, ajêjuluk Prabu Anglingdarma, inggih Prabu Ksatradarma, ngantos dumugi ing muksanipun. Kaanggit dening Êmpu Wisana ing Pêngging, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 919, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 947.

6. Sêrat Ajipamasa, wiyosipun, punika cariyos lêlampahanipun Prabu Kusumawicitra kala taksih angadhaton wontên ing Mamênang, awit pangêlunipun ing tanah Jawi jumênêng ratu binathara, ajêjuluk Prabu Ajipamasa, dumugi pangalihing namanipun para wukir-wukir, kados ta ing wukir Kandha, ingalih nama ing

--- 1 : 33 ---

wukir Kêndhêng, wukir Maera, nama wukir Anyar, wukir Jamba, nama wukir Bancak, wukir Parsasta, nama wukir Prawata, wukir Nilandusa, nama wukir Wilis, wukir Mèstri, nama wukir Pêndhêm, wukir Udarati, nama wukir Arjuna, wukir Antaga, nama wukir Èngêl, wukir Aswata, nama wukir Pandhan, wukir Maendra, nama wukir Lawu, wukir Candramuka, nama wukir Marawu, katêlah nama wukir Marbabu, wukir Candragêni, nama wukir Marapi, wukir Sodha, nama wukir Sumbing, wukir Sadhara, nama wukir Sundara, wukir Gora, nama wukir Agung, wukir Mambramuka, nama wukir Walahulu sapanunggilanipun ingkang sami ingalih nama, awit kabêkta saking wontên sababipun ing lêlampahan, ngantos ing wêkasan risakipun kadhaton ing Mamênang, Prabu Ajipamasa jêngkar dhatêng Pêngging. Kaanggit dening Êmpu Udaka ing Pêngging, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 919, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 947.

Dwita Kandhêh.

Bab kaping 2.

Dipun wastani Sêrat Maharaka, inggih punika uruting lêlampahan ingkang kaping kalih, etanging taun surya

--- 1 : 34 ---

sangkala, awit cariyos ing warsa 901 dumugi cariyos ing warsa 1000, etanging taun candra sangkala, awit cariyos ing warsa 928 dumugi cariyos ing warsa 1030. Ing salêbêtipun Sêrat Maharaka wau, isi cariyosing sêrat kawan lampahan, kaurutakên kumpulipun dados satunggal, sami yasanipun Prabu Widhayaka ing Mêdhangkamulan. Bêbukanipun Prabu Widhayaka karsa angadani cariyos punika, kala angupadosi talitining para nata ing tanah Jawi, sarêng sampun kapanggih lajêng dipun kalêmpakakên sami kadangu ing aluraning lêluhuripun piyambak-piyambak, wontên ingkang matur gancaripun kemawon, wontên ingkang angaturakên dalah lêlampahanipun, ing nalika punika Prabu Widhayaka lajêng adhêdhawah dhatêng Êmpu Wilasaya sakancanipun, ingandikakakên sami anganggit cariyosipun nagari ing Pêngging, ngantos dumuginipun ing Mêdhangkamulan, nuntên Êmpu Wilasaya sakancanipun sami anganggit piyambak-piyambak, kajêjêrakên cariyos kakawin mawi sêkar agêng, ing ngandhap punika wijangipun namaning sêrat satunggal-tunggal.

1. Sêrat Witaradya, wiyosipun, punika cariyos [cari...]

--- 1 : 35 ---

[...yos] awit panjênênganipun nata Prabu Kusumawicitra, inggih Prabu Ajipamasa, angadhaton wontên ing Pêngging, ngantos dumugi kagêntosan ingkang putra ajêjuluk Prabu Citrasoma ing salajêngipun. Kaanggit dening Êmpu Wilasaya ing Mêdhangkamulan, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 1010, kaetang ing taun candra sangkala 1041.

2. Sêrat Purwanyana, wiyosipun, punika cariyos panjênênganipun nata Prabu Păncadriya ing Pêngging, ngantos dumugi ing pamuksanipun. Kaanggit dening Êmpu Wilasaya ing Mêdhangkamulan, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 1010, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 1041.

3. Sêrat Bandawasa, wiyosipun, punika cariyos panjênênganipun nata Prabu Anglingdriya ing Pêngging, lajêng prang kalihan ing Parambanan ngantos pêjahipun Prabu Baka ing Parambanan, kapêjahan dhatêng wayahing Pêngging anama Radèn Bandung Bandawasa, dumugi ing pamuksanipun Prabu Anglingdriya. Kaanggit dening Êmpu Windudaka ing Mêdhangkamulan, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 1010, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi

--- 1 : 36 ---

1041.

4. Sêrat Dewatacêngkar, wiyosipun, punika cariyos panjênênganipun nata Prabu Dewatacêngkar, wontên ing Mêdhangkamulan, ngantos dumugi ing sirnanipun. Kaanggit dening Êmpu Madura ing Mêdhangkamulan, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 1010, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 1041.

Trita Kandhêh.

Bab kaping 3.

Dipun wastani Sêrat Mahaprana, inggih punika uruting lêlampahan ingkang kaping tiga, etanging taun surya sangkala, awit cariyos ing warsa 1001 dumugi cariyos ing warsa 1100, etanging taun candra sangkala, awit cariyos ing warsa 1031 dumugi cariyos ing warsa 1133. Ing salêbêtipun Sêrat Mahaprana wau, isi cariyosing sêrat gangsal lampahan, kaurutakên kumpulipun dados satunggal, ing ngandhap punika wijangipun namaning sêrat satunggal-tunggal.

1. Sêrat Widhayaka, wiyosipun, punika cariyos lêlampahanipun Prabu Widhayaka ing Mêdhangkamula [Mêdhangkamula...]

--- 1 : 37 ---

[...n,] awit kala taksih alêlana ngantos dumugi jumênêngipun nata, ing salajêngipun kagêntosan putra ing Pêngging, ajêjuluk Prabu Suwelacala. Kaanggit dening Êmpu Madura ing Mêdhangkamulan, awit saking karsanipun Prabu Sri Maha Punggung ingkang kaping kalih, kajêjêrakên cariyos kakawin mawi sêkar agêng, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 1047, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 1079, sêsarênganipun kala samantên Êmpu Sêdhah ing Mêdhangkamulan, kadhawahan amangun cariyosing Sêrat Bratayuda, ingandikakakên mêwahi rumpakaning rêrênggan.

2. Sêrat Danèswara, wiyosipun, punika cariyos lêlampahanipun ingkang putra Prabu Dewatacêngkar, anama Radèn Danèswara, jumênêngipun nata wontên ing Mêdhangkamulan, ajêjuluk Prabu Sri Maha Punggung, ngantos dumugi kagêntosan putraning Prabu Suwelacala, anama Jaka Kandhuyu, jumênêngipun nata ajêjuluk Prabu Sri Maha Punggung kaping kalih. Kaanggit dening Êmpu Madukara ing Mêdhangkamulan, sutaning Êmpu Madura, awit saking karsanipun Prabu Sri Maha Punggung ingkang kaping kalih, kajêjêrakên cariyos kakawin mawi sêkar agêng [a...]

--- 1 : 38 ---

[...gêng,] panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 1048, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 1080.

3. Sêrat Jayalêngkara, wiyosipun, punika cariyos awit panjênênganipun nata Prabu Sri Maha Punggung kaping kalih, ngantos kagêntosan ingkang putra ajêjuluk Prabu Kandhiawan, inggih Prabu Jayalêngkara, ing salajêngipun dumugi risaking Mêdhangkamulan. Kaanggit dening Rêsi Wiratmaka brahmana ing Janggala, awit saking karsanipun Prabu Panji Suryawisesa, Rêsi Wiratmaka ênggènipun amêndhêt cariyos saking Êmpu Wilasaya, ingkang kawartos awèt nèm sarta panjang umuripun, awit dening gadhah musthika pranawa pêparingipun Prabu Widhayaka, kala cariyosipun Êmpu Wilasaya, kaanggit dening Rêsi Wiratmaka kajêjêrakên cariyos kakawin mawi sêkar agêng, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 1116, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 1150.

4. Sêrat Darmakusuma, wiyosipun, punika cariyos panjênênganipun nata Prabu Darmakusuma ing Pêngging, ingkang akêkitha ing Bojanagara, tanah Kêdhu, ngantos [nga...]

--- 1 : 39 ---

[...ntos] dumugi sedanipun wontên wukir ing Gumêlêm, lajêng kagêntosan ingkang putra ajêjuluk Prabu Darmaraja. Kaanggit dening Rêsi Wiratmaka brahmana ing Janggala, inggih ugi ênggènipun amêndhêt cariyos saking Êmpu Wilasaya, saking karsanipun Prabu Panji Suryawisesa, panganggitipun kajêjêrakên cariyos kakawin mawi sêkar agêng, anuju ing taun surya sangkala 1117, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 1151.

5. Sêrat Catur Pandaha, wiyosipun, punika cariyos panjênênganipun nata sakawan sami jumênêng ratu angraja piyambak-piyambak: 1. ing Janggala, 2. ing Kadhiri, 3. ing Ngurawan, 4. ing Singasari, dumugi ing salajêngipun ngantos sami kagêntosan ingkang putra. Kaanggit dening Rêsi Wiratmaka, brahmana ing Janggala, awit saking karsanipun Prabu Panji Suryawisesa, panganggitipun kajêjêrakên cariyos kakawin mawi sêkar agêng, anuju ing taun surya sangkala 1118, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 1152.

Caturta Kandhêh.

Bab kaping 4.

Dipun wastani Sêrat Mahakrama, inggih punika uruting lêlampahan [lêla...]

--- 1 : 40 ---

[...mpahan] ingkang kaping sakawan, etanging taun surya sangkala, awit cariyos ing warsa 1101 dumugi cariyos ing warsa 1200, etanging taun candra sangkala, awit cariyos ing warsa 1134 dumugi cariyos ing warsa 1236. Ing salêbêtipun Sêrat Mahakrama wau, isi cariyosing sêrat kawan lampahan kaurutakên kumpulipun dados satunggal, ananging kapanggihipun ing zaman Majapait, sêrat kawan lampahan wau sarèhning sampun sami kajêjêrakên cariyos kakawin mawi sêkar agêng sarta têngahan, kala samantên sarêng kaurutakên kumpulipun dados satunggal, punika lajêng kajêjêrakên cariyos kakawin santun sêkar agêng sadaya, dipun wastani Sêrat Mahakrama, ing ngandhap punika wijangipun namaning sêrat satunggal-tunggal.

1. Sêrat Suryawisesa, wiyosipun, punika cariyos panjênênganipun nata Prabu Panji Inokartapati ing Janggala, kala jumênêng ratu binathara ajêjuluk Prabu Panji Suryawisesa, ngantos dumugi sèrèn kaprabon dhatêng ingkang putra Radèn Kudalaleyan, ajêjuluk Prabu Suryaamiluhur, lajêng kêlêmipun nagari Janggala, Prabu Suryaamiluhur jêngkar mangilèn dhatêng wukir Walahulu [Wa...]

--- 1 : 41 ---

[...lahulu.] Kaanggit dening Êmpu Widura ing Galuh, awit saking karsanipun Prabu Banjaransari, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 1163, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 1198.

2. Sêrat Raja Sundha, wiyosipun, punika cariyos panjênêngan nata Prabu Suryaamiluhur wontên ing Pajajaran, asasilih jêjuluk Prabu Panji Maesatandrêman, ngantos panjênênganipun nata Prabu Banjaransari wontên ing Galuh, dumugi ing salajêngipun Prabu Banjaransari muksa. Kaanggit dening Êmpu Adilangu ing Pajajaran, awit saking karsanipun Prabu Mundhingsari, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 1194, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 1230.

3. Sêrat Madusudhana, wiyosipun, punika cariyos lêlampahanipun Prabu Madusudhana ing Pêngging, ngantos pamuksanipun wontên ing satêngahing rana aprang kalihan ingkang putra Prabu Madukusuma ing Samapura, dumugi risakipun kitha ing Ngamartalaya tanah ing Samapura, Prabu Madukusuma sirna kabêsmi wontên ing wukir Andong salajêngipun. Kaanggit dening Rêsi Pănca Prabanggana, awit saking wasitanipun Ajar Suwela, panganggitipun anuju [a...]

--- 1 : 42 ---

[...nuju] ing taun surya sangkala 1187, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 1223, sarêng antawis angsal kawan taun dadosing Sêrat Madusudhana, lajêng kapundhut dhatêng Prabu Mundhingsari ing Pajajaran.

4. Sêrat Pănca Prabanggana, wiyosipun, punika cariyos lêlampahanipun Rêsi Pănca Prabanggana ing wukir Suwela awit sadèrèngipun wontên ing Pêngging, ngantos ing salajêngipun dumugi lêlampahanipun Prabu Darmastuti putraning Prabu Dewanjali ing Pêngging. Kaanggit dening Êmpu Artati ing Majapait, awit saking karsanipun Prabu Bratana, wêwinihing cariyos mundhut aturan saking Prabu Brawa ing Pêngging, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 1258, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 1296.

Panca Mahkandhêh.

Bab kaping 5.

Dipun wastani Sêrat Mahakara, inggih punika uruting lêlampahan ingkang kaping gangsal, etanging taun surya sangkala awit cariyos ing warsa 1201 dumugi cariyos ing warsa 1300, etanging taun candra sangkala, awit cariyos ing warsa 1237 dumugi [du...]

--- 1 : 43 ---

[...mugi] cariyos ing warsa 1339, ing salêbêtipun Sêrat Mahakara wau, isi cariyosing sêrat tigang lampahan, kaurutakên kumpulipun dados satunggal, mênggah ingkang kalih lampahan, punika sampun kajêjêrakên cariyos kakawin mawi sêkar agêng sarta têngahan, ingkang salampahan sampun kajêjêrakên cariyos kakawin ananging dèrèng mawi sêkar, kala samantên sarêng kaurutakên kumpulipun dados satunggal, punika lajêng kajêjêrakên cariyos kakawin mawi sêkar agêng sadaya, dipun wastani Sêrat Mahakara, ing ngandhap punika wijangipun namaning sêrat satunggal-tunggal.

1. Sêrat Mundhingsari, wiyosipun, punika cariyos lêlampahanipun Prabu Mundhingsari ing Pajajaran, ngantos dumugi bêdhahipun nagari ing Pajajaran, kabêdhah saking nagari Majapait. Kaanggit dening Êmpu Pararta ing Majapait, awit saking karsanipun Prabu Bratana, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 1259, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 1297.

2. Sêrat Raja Purwaka, wiyosipun, punika cariyos panjênênganipun nata Prabu Bratana wontên ing Majapait, ngantos dumugi ing sedanipun kagêntosan [kagêntosa...]

--- 1 : 44 ---

[...n] ingkang putra, ajêjuluk Prabu Brakumara, kaanggit dening Êmpu Pararta ing Majapait, awit saking karsanipun Prabu Brawijaya kapisan, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 1269, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 1307.

3. Sêrat cêcathêtan pemutaning cariyos saking para êmpu ingkang sami katanggap cariyosipun dening Prabu Brawijaya kaping gangsal, bêbukanipun ingkang kaaturakên, cariyos awit panjênênganipun nata Prabu Brawijaya kapisan, dumugi panjênênganipun nata Prabu Brawijaya kaping 3, ing sapêparênganing lêlampahan kala samantên sami kacariyosakên sadaya, punika lajêng kaurutakên dados satunggal dening Êmpu Artati ing Majapait, cariyos tigang lampahan wau dipun wastani Sêrat Mahakara, inganggit kajêjêrakên cariyos kakawin mawi sêkar agêng, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 1398, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 1440.

Sat Mahkandhêh.

Bab kaping 6.

Dipun wastani Sêrat Mahapara, inggih punika uruting lêlampahan [lê...]

--- 1 : 45 ---

[...lampahan] ingkang kaping nêm, etanging taun surya sangkala, awit cariyos ing warsa 1301 dumugi cariyos ing warsa 1400, etanging taun candra sangkala, awit cariyos ing warsa 1340 dumugi cariyos ing warsa 1442. Ing salêbêtipun Sêrat Mahapara wau, taksih urutipun cêcathêtan pemutaning cariyos saking para êmpu, bêbukanipun awit miyosipun Prabu Brawijaya kaping sakawan, lajêng dumugi jumênêngipun nata, ngantos ing sedanipun kagêntosan putra Prabu Brawijaya kaping gangsal, ing salajêngipun pêparênganing lêlampahan kala samantên sami kacariyosakên sadaya, punika lajêng kaurutakên kumpulipun dados satunggal, dening Êmpu Artati ing Majapait, dipun wastani Sêrat Mahapara, inganggit kajêjêrakên cariyos kakawin mawi sêkar agêng, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 1398, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi 1440.

Sasampunipun kapratelakakên ing pêpangkatanipun namaning sêrat satunggal-tunggal, ing mangke kacariyos kala zaman nagari ing Dêmak, Kangjêng Susuhunan ing Giri ingkang kaping kalih amanggih urut-urutipun cariyosing [cari...]

--- 1 : 46 ---

[...yosing] Sêrat Pustakaraja sadaya wau punika, lajêng kajarwakakên saking basanipun Kawi sarta karampasan lêlaguning sêkar agêng, katata ing sapantês sêmbadaning cariyos satunggal-tunggal, sami kapêndhêt saking watawis kalihan prayoginipun, sarêng sampun kababarakên lajêng kasambêtan cariyos pangajawinipun para wali saking tanah Ngarab, dipun wastani Sêrat Walisana, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 1414, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi taun Wawu angkaning warsa 1457. Wiwit nalika samantên, têtiyang Jawi lajêng ngangge namaning taun miturut basa Ngarab, Alip, Ehe, salajêngipun. Saha lajêng kathah para wali ingkang sami amêthik urut-urutipun cariyosing Sêrat Pustakaraja ingkang sampun kajarwakakên wau, pêpangkataning lêlampahan satunggal-tunggal sami kapêthal dipun anggit dados sêrat jarwa mawi sêkar alit, inggih punika ingkang lajêng sumêbar dados sêrat waosan, ingkang kapanggih ing pawartos sami anganggit kapratelakakên ing ngandhap punika.

1. Susuhunan ing Gunungjati, punika anganggit sêrat cariyosipun nagari ing Pajajaran.

--- 1 : 47 ---

2. Susuhunan Benang, punika anganggit Sêrat Damarwulan. Cariyosipun nagari ing Majapait têngahan, kala zaman nagari ing Mataram kawangun babaring cariyos dening Pangeran Ratu Pêkik ing Surabaya.

3. Susunan Darajat, punika anganggit cariyosipun Jaka Partaka ing dhusun Gadhingan, pêparênganing cariyosipun nagari ing Majapait.

4. Susuhunan Giri kaping kalih, punika anganggit Sêrat Walisana, cariyos pangajawinipun para wali saking tanah Ngarab, pêparênganing cariyosipun nagari ing Majapait.

5. Susuhunan Padusan, punika anganggit cariyosipun Jaka Karèwèt ing dhusun Porong, pêparênganing cariyosipun nagari ing Majapait.

6. Susuhunan Kalinyamat, punika anganggit sêrat cariyosipun Jaka Prabangkara salêbêting nagari ing Majapait.

7. Susuhunan Muryapada, punika anganggit sêrat cariyosipun Jaka Surènggana salêbêting nagari Majapait.

8. Susuhunan Kalijaga, punika anganggit sêrat cariyosipun [ca...]

--- 1 : 48 ---

[...riyosipun] Jaka Sumantri ing Pêngging, kalihan anganggit sêrat cariyosipun Kiyai Sutakara ingkang kasêbut nama Kiyai Sutamicik ing dhusun Jombang, sami pêparênganing cariyosipun nagari ing Majapait.

9. Susuhunan Kudus, punika anganggit sêrat cariyosipun Jaka Bodho ing dhusun Tajug kalihan anganggit sêrat cariyosipun Barukalinthing ing Bahrawa, sami pêparênganing cariyosipun nagari ing Majapait.

10. Susuhunan Gêsêng, punika anganggit sêrat cariyosipun Jaka Sujalma ing dhusun Dhadhapan, pêparênganing cariyosipun nagari ing Majapait.

Mênggah panganggiting para wali wau anjawinipun Sêrat Walisana, botên wontên ingkang mawi katêngêran taunipun kala anganggit sêrat satunggal-tunggal.

Ing sakathahing sêrat cariyos ingkang sampun sami kasêbut ing nginggil sadaya wau punika, kala zaman nagari ing Pajang kasambêtan cariyos awit adêgipun nagari ing Dêmak, ngantos dumugi adêgipun nagari ing Pajang, panganggitipun Pangeran Karanggayam, saking karsanipun Kangjêng Sultan Adiawijaya ing Pajang. Kala anganggit, anuju ing taun surya sangkala 1459, kaetang ing taun [tau...]

--- 1 : 49 ---

[...n] candra sangkala, amarêngi ing taun Dal angkaning warsa 1503.

Sarêng zaman nagari ing Mataram, lajêng kasambêtan cariyos awit adêgipun nagari ing Mataram, dumugi panjênênganipun nata ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma, panganggitipun Tumênggung Jayaprana ing Mataram, panyêratipun tumrap ing dalancang têmbung jarwa sastra Jawi ingkang kaangge ing zaman mangke, awit saking karsa dalêm kaanggit anuju ing taun surya sangkala 1508, kaetang ing taun candra sangkala amarêngi taun Jimakir angkaning warsa 1554, kala samantên awitipun kathah para pujăngga ingkang sami anganggit sêrat têmbung jarwa kasêkarakên alit, inggih lajêng sumêbar dados sêrat waosan, sarêng ing antawis sataun, ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung, karsa angurutakên ugêripun ingkang dados wiwitaning taun Jawi, etanging taun surya sangkala, kaetang ing taun candra sangkala, katata saking urut-urutipun cariyos ingkang sampun sami kasêbut ing sêrat wau, mawi dipun mupakati kalihan suraosipun kitab Musarar babon saking nagari Rum, supados turutipun ingkang dados wiwitaning namanipun taun Jawi, sami

--- 1 : 50 ---

kapratelakakên urut-urutipun sadaya, mufakatipun akalihan suraosing kitab Musarar wau.

Ing sasampunipun angocapakên wijangipun, ing mangke amratelakakên zamanipun tanah Jawi punika dados tri kali, tgêsipun: dados tigang zaman agêng.

1. Zaman ingkang wiwitan dipun wastani zaman Kaliswara laminipun 700 taun surya utawi 721 taun candra, wiyosipun salêbêtipun zaman punika, tanah Jawi kathah ungêl-ungêlan kumaraning jagad, asring wontên kapiyarsa swaraning gara-gara gêtêr patêr dhèdhèt erawati, sarta kathah lêlampahan ingkang elok, awit dening kathah manusa ingkang sumêngka pangawak braja dados dewa, kathah jawata ngejawantah tumêndhak dhatêng ngarcapada.

2. Zaman ingkang têngahan, dipun wastani zaman Kaliyuga, laminipun 700 taun surya, utawi 721 taun candra, wiyosipun salêbêtipun zaman punika, ing tanah Jawi asring wontên barubahing bumi, ngantos bêlah dados pulo alit, sarta sagunging bumi kathah ingkang tuwuh salah kadadèn, awit dening manusa ingkang pêjah kathah sami anitis, ugi taksih

--- 1 : 51 ---

wontên sawatawis lêlampahan ingkang elok.

3. Zaman ingkang wêkasan, dipun wastani zaman Kalisangara, wiyosipun salêbêting zaman punika, ing tanah Jawi kathah jawah salah masa, sarta kathah lèpèn banawi ngalih panggenan, dangu dhatênging kabêgjanipun manusa, angêdhikakên panarima, awit dening tekading manusa sami angugêmi kawruhipun piyambak-piyambak. Salêbêtipun tigang zaman agêng ing nginggil, kaperang-perang malih dados zaman alit, badhe kapratelakakên nunggil cariyos ingkang kawrat ing Sêrat Pustakaraja.

Mênggah wontênipun Sêrat Pustakaraja sadaya wau punika, dumuginipun zaman nagari Surakarta, kawêwahan têrangipun malih dening Radèn Ngabèi Rănggawarsita, pujăngga ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat.

----------

--- 1 : 52 ---

Hongwèhên Pranawasamêh.

Punika pratelanipun uruting lêlampahan ingkang sampun kasêbut salêbêtipun Sêrat Pustakaraja Purwa, babaraning cariyosipun saêbab-êbab, sami kapratelakakên sadaya, ing ngandhap punika ingkang dados bêbukanipun.

Pratamah Kandhêh.

Bab kaping 1.

Amratelakakên babaranipun cariyos Sêrat Mahaparwa, kapêthik dados kalih lampahan, lêlampahan ăngka 1 nama Sêrat Purwapada, kaanggit dening Êmpu Satya ing Mamênang, panganggitipun nalika taun surya sangkala 851, taun candra sangkala 877.

Wiyosipun mênggah ingkang dados bêbuka kacariyosakên [kacariyo...]

--- 1 : 53 ---

[...sakên] rumiyin, tatkala tanah Ngarab nuju zaman kanabean sarta sarengatipun Kangjêng Nabi Ngisa, kacariyos nuswa Jawi dèrèng nama tanah Jawa, saha taksih kêmpal dados satunggal kalihan pulo Sumatra, Madura tuwin Bali, sunya dèrèng dipun dunungi tiyang, anuntên para dewa ingkang sami akahyangan wontên sapucakipun wukir Têngguru tanah Ngindi, ing mangke nama rêdi Imalaya tanah Indhustan, sami ngejawantah dhatêng tanah Jawi, pangagêngipun dewa nama Sang Hyang Manikmaya, inggih Sang Hyang Guru, jumênêng nata angratoni para dewa, sarta pulo wau kanamakakên nuswa Jawa dening Sang Hyang Manikmaya, kabêkta saking wujudipun dawa, nanging kala samantên ingkang mastani sawêg para dewa. Sarêng anggènipun para dewa wontên nuswa Jawi angsal gangsal wêlas warsa, lajêng sami muksa kondur ing kahyangan sapucakipun rêdi Têngguru tanah Indhu, pulo Jawi lajêng sunya kados ingkang wau.

Anuntên kacariyos ing tanah Indhustan, wontên panjênêngan ratu băngsa brahmana, ajêjuluk Prabu Isaka, inggih punika ingkang dipun wastani Ajisaka, Prabu Isaka wau putranipun Prabu Iwaksa inggih Bathara Anggajali, ingkang ibu saking Najran putraning Raja Sarkil [Sar...]

--- 1 : 54 ---

[...kil,] dene Bathara Anggajali putranipun Bathara Ramayadhi, ingkang ugi nama Êmpu Ramadi. Êmpu Ramadi putranipun Sang Hyang Ramaprawa. Sang Hyang Ramaprawa putranipun Sang Hyang Êning, sadhèrèkipun Sang Hyang Tunggal, jumênêngipun nata Prabu Isaka wontên nagari ing Surati, sarêng panjênênganipun angsal 46 warsa, nagarinipun kabêdhah ing mêngsah, Prabu Isaka jêngkar saking praja ngungsi dhatêng wana, lajêng dipun panggihi dening ingkang rama ingkang sampun dados dewa, nama Bathara Anggajali wau, Prabu Isaka winisik ing salwiring lêlampahanipun para dewa sadaya, sarêng sampun katampèn ingkang dados wangsitipun ingkang rama, ing ngriku Prabu Isaka wiwit kapencut darbe kasaktèn kados para dewa, lajêng tinuding ingkang rama, kinèn amratapa wontên pulo dawa ingkang sunya, sarta sampun kaparingan nama nuswa Jawa dening Sang Hyang Guru, Prabu Isaka nuntên mangkat angupados. Botên antawis lami amanggih pulo taksih sunya, kaprênah sakidul wetanipun tanah Indhustan. Kala pangancikipun Prabu Isaka awit saking pasisir lèr, dintên Indhu anuju dintên Budha, wulan Indhu anuju wulan utawi masa kartika salêbêtipun taun Sambrama ing zaman pancamakala antuk 768

--- 1 : 55 ---

warsa, Prabu Isaka lajêng anjajah saubênging pulo sadaya, ngantos dumugi ing wêkas lèr kilèn kidul wetan pisan, sang aprabu langkung ngungun miyat panjanging pulo amargi wiwit ing tanah Acèh dumugi Bali, taksih kêmpal dados satunggal, sarta ing salêbêtipun pulo wau kathah cêcukulanipun jawawut, amirit wontênipun cêcukulan tuwin panjanging pulo, saking panggalihipun Prabu Isaka, sampun cundhuk akalihan anggèning mastani Sang Hyang Guru, kados cariyosipun ingkang rama, amila Prabu Isaka inggih lajêng amastani nuswa Jawa, tgêsipun: tanah jawawut utawi tanah dawa, inggih punika purwanipun pulo Jawi nama tanah Jawa, tuwin sakathahing wukir-wukir lèpèn-lèpèn punapadene wana-wana ingkang kaambah, sami sinungan nama sadaya dening Prabu Isaka, wiwit ingkang dèn anciki winastan ing purwapada.

Kacariyos panjajahipun Prabu Isaka antuk parmaning Suksma amung ing dalêm 103 dintên, sampun atêpung gêlang sadaya, Prabu Isaka lajêng manggèn wontên ing wukir Hyang, inggih punika rêdi Kêndhêng tanah Prabalingga akalihan Basuki, binabadan ginatra utawi rineka

--- 1 : 56 ---

pasraman, duk awit pambabadipun anuju ing dintên Soma tanggal kaping 14, ing masa sitra taksih taun Sambrama, ing nalika punika, Prabu Isaka sêsilih nama Êmpu Sangkala, saha karsa angetang angkaning taunipun dènira têtapa, awit pambabading wukir Hyang ingkang kadamêl wiwitaning taun, dipun wastani taun sangkala, inggih punika kaetang saking masa kartika ing taun Sambrama, etanging taun surya utawi taun candra, mênggahing sangkala sawêg sami taun sirah satunggal, ungêl-ungêlanipun sangkalaning taun, jêbug awuk, tinêngêran angkaning warsa 1, inggih punika purwanipun wontên angkaning taun Jawi, ingkang lajêng kaangge dumugi samangke, saha purwanipun tanah Jawi dipun dunungi manusa.

Kacariyos sarêng Êmpu Sangkala sampun têtêp wontên ing wukir Hyang tansah dènira muja sêmèdi ing sabên dintên agung manungkung amaladi, angêningakên cipta anêgês ing karsanipun kang kawasa.

Ing antawis dintên Êmpu Sangkala kadhatêngan cahya pêthak, ingkang wontên salêbêting cahya katingal pawèstri ayu endah, awêwarah nama Bathari Sri, sarta paring wêwulang salwiring guna pangasihan, miwah pangulahing asmaragama, asmaranada [a...]

--- 1 : 57 ---

[...smaranada,] asmaratura, asmaraturida, asmaranala, Êmpu Sangkala sampun widagda, Bathari Sri lajêng muksa, ing dintên punika Êmpu Sangkala, awit amastani dintên Sri.

Anuntên ing dintênipun malih Êmpu Sangkala kadhatêngan cahya jênar, ingkang wontên salêbêting cahya katingal awarni danawa awêwarah nama Sang Hyang Kala, sarta aparing wêwulang ing salwiring ulah sandi upaya panduking karti sampeka, miwah pasanging pangèdhêpan panglêrêpan ing sapanunggilanipun sadaya, Êmpu Sangkala sampun widagda, Sang Hyang Kala lajêng muksa, ing dintên punika Êmpu Sangkala amastani dintên Kala.

Anuntên ing dintênipun malih Êmpu Sangkala kadhatêngan cahya abrit, ingkang wontên salêbêtipun cahya katingal brahmana, awêwarah nama Sang Hyang Brahma, saha aparing wêwulang ing salwiring pangawikan sumêrêp sadêrêngipun winarah, waspada dhatêng ingkang ghaib-ghaib, utawi ingkang samar-samar, Êmpu Sangkala sampun widagda, Sang Hyang Brahma lajêng muksa, ing dintên punika Êmpu Sangkala amastani dintên Brahma.

Anuntên ing dintênipun malih, Êmpu Sangkala kadhatêngan cahya cêmêng, ingkang wontên salêbêting cahya katingal angrêgêmêng [a...]

--- 1 : 58 ---

[...ngrêgêmêng] kados tiyang jalêr wangun satriya, awêwarah nama Sang Hyang Wisnu, sarta aparing wêwulang salwiring ulah kaprawiran, miwah sakathahing kasantikan, jaya kawijayan sadaya, Êmpu Sangkala sampun widagda, Sang Hyang Wisnu lajêng muksa, ing dintên punika Êmpu Sangkala amastani dintên Wisnu.

Anuntên ing dintênipun malih Êmpu Sangkala kadhatêngan cahya ijêm, mawi ujwala amăncawarni, ingkang wontên salêbêting cahya katingal kados wêwasi, awêwarah nama Sang Hyang Guru, sarta paring wêwulang ing salwiring dhanurwedha utawi ngèlmi kasampurnan miwah panitisan panjing sêraping pêjah, ing kamulyaning sangkan paran sadaya, Êmpu Sangkala sampun widagda, Sang Hyang Guru lajêng muksa, ing dintên punika Êmpu Sangkala amastani dintên Guru.

Anuntên ing dintênipun malih Êmpu Sangkala anata panêmbah gangsal pangkat, ing sabên dintên sapangkat, awit dintên Sri Êmpu Sangkala anêmbah dhatêng Bathari Sri majêng mangetan, dintên Kala anêmbah dhatêng Sang Hyang Kala, majêng ngidul, dintên Brahma anêmbah dhatêng Sang Hyang Brahma, majêng mangilèn, dintên Wisnu nêmbah dhatêng Sang Hyang Wisnu, majêng ngalèr, dintên Guru anêmbah dhatêng Sang Hyang Guru, tumungkul ing pratiwi tumênga

--- 1 : 59 ---

ing akasa makatên ing salaminipun.

Sarêng antawis angsal gangsal wulan, gêntos kacariyos, panjênênganipun ratu ing nagari Rum Turki, kala samantên ajêjuluk Sultan Galbah, karajanipun dumunung ing tanah Brusah salèripun tanah Ngarab, ing mangke kalêbêt wawêngkonipun ing tanah Turki Asiyah, ing nalika punika kangjêng sultan kagungan karsa angisèni tiyang sawatawis pulo ingkang taksih sunya, sarta sampun amidhangêt pawartos, yèn ing nuswa Jawi taksih sunya, kangjêng sultan lajêng utusan angisèni têtiyang kathahipun kalih lêksa semah, jangkêp sapalakartinipun sadaya, winotakên ing baita, lajêng kaangkatakên dhatêng nuswa Jawi, anjujug ing wukir Kandha, ing mangke nama rêdi Kêndhêng, inggih punika rêdi Kêndhêng Surakarta ingkang anjog Surabaya, nanging kala samantên dèrèng nama rêdi Kêndhêng, duk wiwit angancik lajêng ambabadi saurutipun ing wukir Kandha sadaya. Ing nalika dhatêngipun têtiyang Rum wontên ing tanah Jawi, wulan Rum anuju wulan nisan, taun Rum amarêngi 437, etanging taun Adam awit kala Kangjêng Nabi Adam jumênêng kalipatullah dumuginipun tanah Jawi kaisèn tiyang saking Rum ingkang wiwitan, kaetang ing taun srêngenge [srê...]

--- 1 : 60 ---

[...ngenge] angsal 5154 warsa, kaetang ing taun rêmbulan angsal 5306 warsa, pêparênganipun etang Jawi anuju ing masa wisaka, taksih salêbêting taun Sambrama, etanging taun Indhu saking zaman pancala kala angsal 768 warsa, mênggah ing taun surya sangkala tuwin taun candra sangkala, sawêg sami angsal sataun, ungêl-ungêlaning sangkala kunir awuk tanpa dalu, tinêngêran angkaning warsa 1.

Kacariyos kala ing tanah Jawi kadhatêngan sêsakit lajêng pagêblug, tiyang kalih lêksa semah wau sami kaparag ing pagêring, awit saking botên tahan ing hawa panas utawi katarab brakasakan, tuwin minăngsa ing sato galak, kakintên amung kantun kalih èwu semah, ing nalika punika awit ing masa sitra salêbêting taun Biswawisu, etanging taun surya sangkala akalihan taun candra sangkala sawêg sami angsal kalih taun, ungêl-ungêlaning sangkala, kacaksuh ing siluman, tinêngêran angkaning warsa 2.

Kacariyos kala ing tanah Jawi kadhatêngan sêsalad, tiyang kalih èwu semah wau kakintên kantun kalih atus semah, lajêng angumpul dados satunggal wontên ing

--- 1 : 61 ---

ara-ara ingkang kasêbut nama ing Têgal Purama, ing nalika punika awit ing masa palguna salêbêting taun Kalayudi, etanging taun surya sangkala akalihan taun candra sangkala sawêg sami angsal tigang taun, ungêl-ungêlaning sangkala, gêni tiba malêtik ing langit, tinêngêran angkaning warsa 3.

Kacariyos kala tiyang kalih atus semah wau tumpês malih kakintên amung kantun kalih dasa semah, ing ngriku tiyang kalih dasa semah sami kapalajêng numpal kèli ing lautan mantuk dhatêng Rum, atur uninga ing kangjêng sultan, ing nalika punika awit ing masa naya, salêbêting taun Kalakandha, etanging taun surya sangkala akalihan taun candra sangkala sawêg sami angsal kawan taun, ungêl-ungêlaning sangkala, toya muluk ing gêgana, tinêngêran angkaning warsa 4.

Kacariyos kala panjênênganipun Kangjêng Sultan Rum tampi aturing pêpatih, tumpêsipun tiyang ingkang kaisèkakên wontên ing nuswa Jawi, dahat sungkawanipun, lajêng angutus raja pandhita ing Banisrail, anama Ngusman Ngazi, pandhita langkung dibya sakti sarta bijaksana, ingandikakakên numbali pulo ingkang sunya, ambêkta jimat [jima...]

--- 1 : 62 ---

[...t] saking para pandhita sarta para tapa, angkatipun raja pandhita Ngusman Ngazi anumpak baita dinulurakên dening para pandhita para tapa, sadhatêngipun pulo kang sunya inggih tanah Jawi, lajêng anjajah wana wukir, anênitik badhe panggenan pamasangipun têtumbal, kala samantên wulan Rum anuju wulan Tasriniki, etang Jawi nuju masa manggasri, salêbêting taun Rautri, etanging taun surya sangkala kalihan candra sangkala, sawêg sami angsal gangsal taun, ungêl-ungêlaning sangkala tata sunya tanpa barakan, tinêngêran angkaning warsa 5.

Kacariyos raja pandhita ingkang sudibya Ngusman Ngazi, botên kasamaran bilih ing wukir Hyang salêbêting tanah kang sunya, wontên tiyangipun ingkang mangun tapa inggih punika Êmpu Sangkala, ing ngajêng sampun nate puruhita dhatêng Raja Pandhita Ngusman Ngazi wontên ing Banisrail, lajêng pinrêpêkan sarta tinakenan, Êmpu Sangkala anyariyosakên lêlampahanipun ing purwa madya wasana, raja pandhita langkung ngungun, Êmpu Sangkala dhinawuhan badhe winulang malih murih wêwahing guna kasantikanipun, Êmpu Sangkala botên lênggana lajêng umiring lampahipun raja pandhita, kala samantên wulan Rum anuju wulan nisan,

--- 1 : 63 ---

etang Jawi anuju masa wisaka, salêbêtipun taun Dundumi, etanging taun surya sangkala akalihan taun candra sangkala, sawêg sami angsal nêm taun, ungêl-ungêlaning sangkala, anggas pêjah ing awang-awang, tinêngêran angkaning warsa 6.

Kacariyos kala raja pandhita masang têtumbal ing tanah Jawi, pamasangipun têtumbal amaju sakawan, gangsal ing têngah, sasampuning paripurna pamasangipun sowang-sowang gangsal panggenan wau, taksih sami tinuguran dening utusan para tapa gangsal păntha, sarêng dumuginipun ing pêndhak dintên, awit wontên sabawa gumalêgêr asauran lèr kidul wetan kilèn, tuwin ing têngah, botên wontên kèndêlipun ing rahintên dalu swara sora agung anggêgêtêri. Dumuginipun pêndhak dintên malih awit ebah sakathahipun ingkang angkêr-angkêr sadaya, têmahan lindhu agêng prakampita bumi gonjing padhola mangambak-ambak, ing nalika punika akathah wukir agung-agung sami dhungkar, saking mandining têtumbal tumanduk dhatêng sakathahing lêlêmbat brakasakan, dumuginipun ing pêndhak dintên malih, kapiyarsa tangising lêlêmbat brakasakan, ingkang sami kasangsaya kambah ing sêsakit, swaranipun gumuruh gumaludhug, barung kalihan [kaliha...]

--- 1 : 64 ---

[...n] gara-gara gêtêr patêr dhèdhèt erawati guntur kêtug bayu riwut, tăndha kèngsêring lêlêmbat brakasakan agêng alit sadaya, gumuruhing swara kang kapiyarsa sami ngungsi dhatêng samudra kidul. Dados ing dalêm salikur dintên sirêping swara, duta saking Rum sampun sami angumpul dhatêng ing baita lajêng mancal layar mantuk dhatêng ing Rum, Êmpu Sangkala datan kantun, duk kawit pamasangipun têtumbal ing pulo Jawi, wulan Rum anuju ing wulan ayar, taun Rum amarêngi 444, etang Jawi anuju ing masa jita, salêbêtipun taun Triyodhari, etanging taun surya sangkala akalihan taun candra sangkala sawêg sami angsal pitung taun, ungêl-ungêlaning sangkala gora sirna, tinêngêran angkaning warsa 7.

Kacariyos lampahipun para utusan wau, sadhatêngipun ing Rum, raja pandhita bicaksana lajêng sowan ing kangjêng sultan, atur uninga sarèhing dinuta, miwiti malah amêkasi sampun katur sadaya, sarêng kangjêng sultan amiyarsa aturipun raja pandhita, langkung trustha ing galih, raja pandhita lajêng mundur mantuk dhatêng ing Banisrail, Êmpu Sangkala botên kantun. Dumugi Banisrail, Êmpu Sangkala sinung wêwah ing wêwulang malih wimbuh widagda, lajêng

--- 1 : 65 ---

dipun parabi nama Pandhita Ibsak, sang pandhita sudibya sangêt ing asihipun. Botên kacariyos rêroncènipun anggènipun puruhita, Êmpu Sangkala lajêng kautus ing Kangjêng Sultan Rum, angupados tiyang ingkang sami tanah panas, ingandikakakên ambêkta dhatêng nuswa Jawi, Êmpu Sangkala inggih lajêng mangkat kanthi utusan Rum, dhatêng tanah Indhustan saurutipun, mawi amirantos baita ingkang badhe kangge ambêkta tiyang dhatêng nuswa Jawi. Sadumuginipun Indhustan, Êmpu Sangkala lajêng sowan ing Sang Hyang Jagadnata, inggih punika pangagêngipun dewa ingkang dipun pangeran têtiyang Indhu saurutipun, Êmpu Sangkala nyuwun tiyang 20.000 semah, sampun kaparingan sarta kalilan sapanuwunipun, Êmpu Sangkala anampèni tiyang Indhu, tiyang Kêling saking ratunipun ing ngriku, cacah 15.000 semah, sampat sapalakartinipun, sarajakayanipun, sarta sadêdamêlipun, saingon-ingonipun sadaya, katampèn Êmpu Sangkala, winotakên ing baita dados kawan dasa baita, Êmpu Sangkala mawi anganthi ingkang rayi têtiga, Êmpu Bratandang, 2. Êmpu Braruni, 3. Êmpu Braradya. Lajêng mangkat layar mampir ing nuswa Kandhi sakidulipun Indhustan, inggih [ing...]

--- 1 : 66 ---

[...gih] punika tanah nagari Ngalêngka, dunungipun Prabu Dasamuka, nanging kala samantên Prabu Dasamuka dèrèng wontên, ing mangke băngsa Ngarab amastani pulo Selan, băngsa Eropah amastani pulo Selon, wontên ing ngriku Êmpu Sangkala angsal tiyang 2.000 semah, saking Selon mampir ing Siyêm, tanah Indhu wingking, angsal tiyang 3.000 semah, sami sapalakartinipun, gunggung sadaya jangkêp 20.000 semah. Lampahipun baita saking Siyêm lajêng badhe anjujug ing nuswa Jawi wontên sumêlangipun, sarèhning taksih kawistara saking samudra urubing wukir agung-agung nuswa Jawi, saking dene mandining tumandukipun ing têtumbal, dados sakathahing baati[5] dipun jogakên ing nuswa Kancana, inggih punika nuswa Baruni, ing mangke dipun wastani pulo Burneo, ing ngriku pangruktining rêmbag badhe andumipun têtiyang, kapara kapăntha-păntha tuwin angruktèni wêwahipun ing pirantos, dhatêngipun ing nuswa Kancana anuju ing masa asuji salêbêtipun taun Tisimuka, etanging taun surya sangkala akalihan taun candra sangkala sawêg sami angsal wolung taun, ungêl-ungêlaning sangkala, naga murca, tinêngêran angkaning warsa 8.

--- 1 : 67 ---

Kacariyos têtiyang kalih lêksa semah kèndêlipun wontên ing nuswa Kancana, sadasa wulan nuju ing masa srawana lajêng kaangkatakên dhatêng nuswa Jawi sami numpak baita, wontênipun ing samudra amalih lampah, ingkang kalih dasa baita dados tiyang salêksa semah, kèndêl ing pulo Baweyan, prênah salèripun tanah Madura, ingkang kalih dasa baita malih dados têtiyang salêksa semah kèndêl ing nuswa Pawinihan, ing mangke dipun wastani pulo Karimunjawa, salèripun tanah Japara, sarêng kèndêl wontên ing nuswa Baweyan kalihan ing nuswa Pawinihan, kathah tiyang ingkang sami pêjah kenging sêsakit, tuwin kamăngsa ing sato galak, têtiyang ingkang kèndêl ing nuswa Baweyan kantun 8.997 semah, langkung têtiyang 105 ingkang dados dhudha utawi răndha, bojonipun pêjah kajawi rare. Têtiyang ingkang kèndêl wontên ing Pawinihan kantun 2.176 semah, langkung 87 tiyang ingkang dados dhudha utawi răndha, kajawi rare. Kala samantên tiyang ingkang wontên nuswa Pawinihan wau, lajêng sami ngumpul dados satunggal dhatêng ing pulo Baweyan, kaetang tiyang 20.000 semah, dados amung kantun 11.173 semah, langkung dhudha răndha tiyang [ti...]

--- 1 : 68 ---

[...yang] 192 kajawi rare. Nuntên Êmpu Sangkala anglampahakên utusan pados tiyang dhatêng ing nuswa Kancana, inggih ing pulo Burneo kalihan dhatêng ing nuswa Makasar, inggih punika ingkang dipun wastani pulo Sèlèbês, ing nalika punika sarêng kalihan kala pulo Baweyan lajêng binabadan, sami anuju ing masa padrawana, salêbêting taun Dinakara, etanging taun surya sangkala akalihan taun candra sangkala, sawêg sami angsal sangang taun, ungêl-ungêlaning sangkala, cèlèng mati, tiningêran[6] angkaning warsa 9.

Kacariyos kala dhatêngipun têtiyang saking nuswa Kancana kathahipun 6.505 semah, jangkêp sapalakartinipun, nuntên dhatêngipun têtiyang saking nuswa Makasar, kathahipun 2.325 semah, jangkêp ing sapalakartinipun, dhatêngipun sami anjujug ing pulo Baweyan. Kala samantên anuju ing masa manggasri salêbêting taun Sujarha, kaetang saking angkating utusan dumugi ing dhatêngipun, amung antawis kawan wulan, etanging taun sampun asantun warsa.

Ya ta têtiyang ingkang saking nuswa Makasar akalihan kang saking nuswa Kancana wau, wontên ing pulo Baweya [Baweya...]

--- 1 : 69 ---

[...n] lajêng kagunggung dalah ingkang rumiyin dados 20.003 semah, kajawi rare kalihan dhudha răndha, nuntên pinara sakawan, pininta-pinta ingkang badhe kapurugakên mangetan, mangilèn tuwin ingkang badhe wontên ing têngah, sarta ingkang rayi-rayi Êmpu Sangkala, dados pangiriding lampah, sasampuning samakta lajêng kaangkatakên, ingkang kalih duman mangilèn, ingkang saduman mangetan, ingkang saduman malih mangidul badhe anjog ing têngah.

Kawuwusa ing nalika punika ingkang mangilèn kèndêl ing nuswa Pawinihan, lajêng sami ababad-babad, kala kawit pambabadipun anuju ing masa sitra taksih salêbêting taun Sujarha, botên lami lajêng mangkat saking nuswa Pawinihan, dhatêngipun ing tanah Jawi ingkang saduman, kathah tiyang Siyêm, tuwin tiyang nuswa Kancana, anjog ing wukir Rajabasa prênah ing pulo Sumatra, ingkang saduman anjog ing wukir Kandha, inggih rêdi Kêndhêng tanah Rêmbang, ingkang mangidul anjog wukir Kidul tanah Ngayugyakarta, ingkang saduman mangetan, kathah tiyangipun Makasar, anjog ing nuswa Barong tanah Prabalingga, dhatêngipun panggenan namung untap-untapan kemawon, taksih sami salêbêting masa sitra ing taun Sujarha.

--- 1 : 70 ---

Ing ngriku nuntên kaperang pinăntha-păntha, dados kalih dasa păntha, ing sapăntha-panthanipun anyèwu semah sapirantosipun, sarajakayanipun, sadêdamêlipun, saingon-ingonipun sadaya, lajêng pinêncar ingkang mangilèn, ingkang mangetan, tuwin ingkang wontên ing têngah, sampun sami kaprênahakên sowang-sowang. Nuntên sami lêkas babad-babad wana wukir, lajêng sami tata-tata pondhokanipun binanjar-banjar, wontên ingkang lêkas nanêm pantun, jujutan sapanunggilanipun, wiji bêbêktan saking tanahipun piyambak-piyambak, têtiyang Kêling sami ananêm gênitri kalihan kêkêling, kêling punika wiji siwalan ingkang sampun sêpuh. Kala awit dhatêngipun têtiyang wontên ing tanah Jawi lajêng babad-babad saha nênanêm, anuju masa srawana, taksih salêbêting taun Sujarha, etanging taun surya sangkala akalihan taun candra sangkala sawêg sami angsal sadasa taun, ungêl-ungêlaning sangkala, sirna rupaning dhuwur, tinêngêran angkaning warsa 10.

Kacariyos ing nalika punika Êmpu Sangkala amilih têtiyang ingkang undhagi ing guna, angsal tiyang sadasa: 1. nama Êmpu Jangga, 2. Wisaka, 3. Kutasthaka [Kuta...]

--- 1 : 71 ---

[...sthaka,] 4. Malipata, 5. Wishwadhana, 6. Kurmandha, 7. Kusalya, 8. Anuwilipa, 9. Sukskadi, 10. Saradha, punika sami winulang ing cipta sasmitaning zaman satunggal-tunggal, sarta winulang ing etanging taun sangkala, lajêng sami kinèn amêmulang ngiras amaradinakên dhatêng sakathahipun têtiyang ingkang sami abêbadhe babad wana wukir sadaya, sasampuning tiyang sadaya wau sami pinatah-patah panggenanipun sowang-sowang, kajêjêrakên dados puruhita, Êmpu Sangkala sarta para utusan saking Rum sadaya sami layar mantuk dhatêng Rum, ingkang rayi têtiga kinèn mantuk dhatêng Indhu atur uninga ing Sang Hyang Jagadnata punapa kawontênanipun. Kala samantên anuju masa kartika, taksih sarêng sami sawulan kala wukir Kandha inggih rêdi Kêndhêng tanah Surakarta, ingkang anjog ing tanah Rêmbang tuwin Surabaya binabadan malih, saha nuswa Barong tanah Prabalingga binabadan, sami salêbêtipun taun Sadhamuka, etanging taun surya sangkala akalihan candra sangkala sawêg sami angsal sawêlas taun, ungêl-ungêlaning sangkala pring sadhapur, tinêngêran angkaning warsa 11.

Kacariyos ing sapêngkêripun Êmpu Sangkala, para têtiyang ingkang manggèn ing tanah Jawi lêstantun anggènipun [anggèni...]

--- 1 : 72 ---

[...pun] sami babad wana wukir, mênggah wontênipun rêdi agêng ingkang sami wiwit dipun babad sarta dipun dunungi manusa sapisan, ingkang pêrlu kacariyosakên, pratelanipun kados ing ngandhap punika:

Babadipun wukir Rajabasa prênah ing pulo Sumatra, salêbêtipun taun surya tuwin candra sangkala 12.

Babadipun wukir Bangsa sarta wukir Oya inggih punika rêdi Kidul, tanah Ngayugyakarta, salêbêtipun taun surya tuwin candra sangkala 13.

Babadipun wukir Marapi prênah ing pulo Sumatra, salêbêtipun taun surya tuwin candra sangkala 14.

Babadipun wukir Wayang, wukir Tempomas tuwin wukir Papandhayang tanah Prayangan, salêbêtipun taun surya tuwin candra sangkala 15.

Babadipun wukir Endragiri akalihan wukir Mahaimawan, salêbêtipun taun surya tuwin candra sangkala 16.

Babadipun wukir Endrapura prênah ing pulo Sumatra, salêbêtipun taun surya tuwin candra sangkala 17.

Babadipun wukir Sambawa, salêbêtipun taun surya tuwin candra sangkala 18.

Babadipun wukir Mahamèru ing mangke katêlah nama rêdi

--- 1 : 73 ---

Sêmèru, minăngka watêsipun tanah Pasuruan akalihan Prabalingga, salêbêtipun taun surya tuwin candra sangkala 19.

Babadipun wukir Kêlut tanah Kadhiri, salêbêtipun taun surya tuwin candra sangkala 20.

Babadipun wukir Antariya, salêbêtipun taun surya tuwin candra sangkala 21.

Babadipun wukir Nirma, salêbêtipun taun surya tuwin candra sangkala 22.

Babadipun wukir Karang prênah pulo Bali, salêbêtipun taun surya tuwin candra sangkala 23.

Babadipun wukir Sigara, ing mangke nama rêdi Cinggalang prênah ing pulo Sumatra, salêbêtipun taun surya tuwin candra sangkala 24.

Babadipun wukir Paramêsan prênah ing pulo Sumatra, salêbêting taun surya tuwin candra sangkala 25.

Babadipun wukir Wanapanta, salêbêtipun taun surya tuwin candra sangkala 26.

Babadipun wukir Manikmaya akalihan wukir Sakula, salêbêtipun taun surya tuwin candra sangkala 27.

Babadipun wukir Ayang tanah Basuki, ing salêbêtipun taun [ta...]

--- 1 : 74 ---

[...un] surya tuwin candra sangkala 28.

Kacariyos kala babadipun wukir Kamula ing mangke nama rêdi Pangerango utawi rêdi Gêdhe, minăngka watêsipun tanah Prayangan akalihan Bogor, ugi nama Bitênsorêh, lêt pêndhak dintên kalihan pambabadipun, anyarêngi Êmpu Sangkala dhatêng saking Rum, kautus panjênênganipun Kangjêng Sultan ing Rum, ingandikakakên mariksani kawontênanipun têtiyang ingkang tinanêm wontên tanah Jawi, mawi angirid têtiyang Rum kathah, sami ambêkta gêgramèn warni-warni, ingkang ngutus wau nama Kangjêng Sultan Oto, inggih punika putranipun Kangjêng Sultan Galbhah ingkang kagungan karsa angisèni têtiyang pulo Jawi. Sadhatêngipun ing tanah Jawi, Êmpu Sangkala lajêng midêr-midêr mariksani têtiyang ingkang sami babad wana wukir, sarta tinakèkakên kala wiwit pambabadipun satunggal-tunggal, sasampuning têlas pamariksanipun, lajêng amaradinakên gêgramèn saking Rum wau, nuntên sami tinumbas akalihan urup-urupan mas utawi awarni kajêng tuwin musthika, miwah sanèsipun saking punika.

Têtiyang Rum ingkang sami gêgramèn wau, kathah ingkang lajêng karaos tumut dêdunung wontên ing tanah Jawi, sampun [sampu...]

--- 1 : 75 ---

[...n] sami kaprênahakên dening Êmpu Sangkala, sarta pinatah ingkang dados pangagêngipun tiyang saking Rum anama Tamus, kala samantên salêbêting taun Wila, etanging taun surya sangkala akalihan taun candra sangkala sawêg sami angsal sanga likur taun, ungêl-ungêlaning sangkala, dewaning panêmbah, tinêngêran angkaning warsa 29, sarêng taun Sirah 30, Êmpu Sangkala mantuk dhatêng Rum.

Babadipun wukir Maendra, ing mangke nama wukir Lawu, minăngka watêsipun tanah Surakarta, akalihan Madiun, salêbêting taun surya sangkala 30, taun candra sangkala 31.

Kacariyos kala babadipun wukir Candragêni ing mangke nama rêdi Marapi, tuwin babadipun wukir Candramuka, ing mangke nama rêdi Marawu lajêng katêlah nama Mêrbabu, minăngka watêsipun tanah Surakarta akalihan Kêdhu tuwin Samarang, anyarêngi Êmpu Sangkala mekrad saking Rum yuswa 98 warsa, dhatêng ing tanah Awinda, têmbung Ngarab dipun wastani tanah Lulmat, inggih punika jagad pêtêng ingkang botên kasongan ing surya, dumuginipun ing ngriku Êmpu Sangkala angunjuk toya gêsang, têmahan dados nèm malih sarta panjang yuswanipun. Kala mekradipun anuju

--- 1 : 76 ---

masa wisaka, taksih nunggil taun kalihan babadipun wukir Candramuka, Candragêni, salêbêtipun taun Supanu, etanging taun surya sangkala angsal 31 warsa, ungêl-ungêlaning sangkala janma guna muksèng gêgana. Kaetang ing taun candra sangkala angsal 32 warsa, ungêl-ungêlaning sangkala anêmbah gêni malêtik.

Babadipun wukir Murya tanah Japara, salêbêting taun surya sangkala 32, taun candra sangkala 33.

Kacariyos babadipun ing wukir Aswata ing mangke nama rêdi Pandhan, minăngka watêsipun tanah Madiun, akalihan Kadhiri, ing nalika punika wontên satunggalipun tiyang anama pun Wrêka ingkang ababad-babad wontên ing wukir Aswata, amanggih kancana kapêndhêm, tiyang nama pun Minangsa sumêrêp lajêng anêmbung nêdha panduman, pun Wrêka amangsuli, para iku mung wêruh kewala têka anjaluk panduman, mara iya bakal awèh yèn ing samurwate gawene. Pun Minangsa lajêng kesah amêndhêt lêmpung kadamêl arca wangun lêmbu andini, dèrèng ngantos dados, ing ngriku wontên sujana langkung awasta Margana, putranipun puruhita Sang Kutasthaka, Sang Margana atêtakèn karananipun damêl arca, pun Minangsa anyariyosakê [anyariyosakê...]

--- 1 : 77 ---

[...n] ingkang dados sêdyanipun, yèn arca punika kadamêl pola anggènipun badhe anêdha kêncana dhatêng pun Wrêka, awit sampun sagah anyukani yèn samurwating damêlipun, Sang Margana gumujêng sarwi muwus, sira apa wis dadi kawulane Si Wrêka. Wangsulanipun Minangsa, botên suwita. Sang Margana muwus malih, mungguh ujare Si Wrêka kang mangkana iku, tgêse sira kinèn anglakoni apa ing sagawene, ing kono yêkti sira bakal atămpa patuwas ing samurwate. Pun Minangsa amangsuli sarwi asrêng nityanipun, yèn kula kinèn angawula măngsa kalampahana, amargi pun Wrêka băngsa sudra, kula băngsa waswa, ing saèstunipun luhur kula bangsanipun. Sang Margana kèndêl ing saantawis muwus mamardawa: he Minangsa sira apa gêlêm sun wuruk amangsuli ujare Si Wrêka kang mangkono mau. Pun Minangsa sagah anglampahi. Sang Margana lajêng mulang kinèn amangsuli makatên: mara iya arêp anarima ing pawèh para kang sumurup dadining ngabêkti. Pun Minangsa langkung suka lajêng kesah sêdya amanggihi pun Wrêka, Sang Margana andumugèkakên lampahipun. Sarêng pun Minangsa kapanggih kalayan pun Wrêka, anandukakên wuwus kadi wêwulangipun Sang Margana wau, pun Wrêka gumujêng [gu...]

--- 1 : 78 ---

[...mujêng] amargi sampun sumêrêp liding bêbasan makatên punika, tgêsipun: pun Minangsa lumampah dipun pisungsunga kancana sumêrêp dados bêktinipun pun Wrêka, mila pun Wrêka lajêng amangsuli makatên, mulane para bakal tan tămpa, awit mara tanpa kudu angabêkti, karana witing tan tămpa apa-apa iku: saka ing tanpa apa-apa. Pun Minangsa kèndêl amargi botên sumêrêp liding bêbasan makatên punika, ing wêkasan pun Minangsa kesah nêdya amanggihi Sang Margana, ananging botên kapanggih, lajêng marêg dhatêng puruhita Sang Kutasthaka, pun Minangsa tinakenan matur ing wiwitan dumugi ing wêkasan, Sang Kutasthaka gumujêng èsmu wêlas dhatêng pun Minangsa, lajêng sagah amitulungi ing sawatawisipun, pun Minangsa kinèn mantuk rumiyin. Sarêng ing dintênipun malih, Sang Kutasthaka andhatêngakên pun Wrêka, dipun pangandikani makatên: He Wrêka, ingsun atêtakon marang sira, rêsiking sabarang iku saka ing apa. Aturipun pun Wrêka, rêsiking samukawis punika saking rosa, sagêdipun dados rosa saking rêksa-rumêksa. Sang Kutasthaka muwus malih: yèn mangkana ênggonira anêmu kancana iku prayoga suprihên rêsike supaya wuwuha rosaning karsa, dadi

--- 1 : 79 ---

karêksa ing samubarangira, lire kancana iku ing sawatara waratakna marang tăngga pawong mitra kang panuju dadi karêpira. Pun Wrêka matur anayogyani lajêng mantuk, sarêng wontên ing margi aningali pun Minangsa ambucali karikil, tinakenan amangsuli yèn angupadosi pusakanipun awarni musthika rêntah saking kandhutan, sawêg kèndêl pun Minangsa amêndhêt musthikanipun sampun kapanggih lajêng kinandhutan malih, sarta andumugèkakên anggènipun ambucali karikil mawi muwus piyambak: Yèn ora sun buwangi kabèh karikil kang anèng dalan iki, samăngsa musthikaningsun runtuh ing kene manèh mundhak rêkasa ênggon ingsun angulati. Pun Wrêka muwus sarwi gumujêng: Lah iya mangkono Minangsa, mara kang bangêt suka sarta anarima marang para, karana kapanujon têmên dene ora bakal andadèkake rêkasaning laku mara, amarga ilang sangsayane bêlak ingsun ing sikil, sasampunipun makatên, pun Minangsa lajêng kaajak dhatêng wismanipun Wrêka. Sinungan kancana sawawrat, pun Minangsa anampèni langkung trustha ing manah lajêng mantuk. Kala samantên taksih salêbêting masa srawana ing taun Partipa, etanging taun surya sangkala angsal 33 warsa, ungêl-ungêlaning [ungêl-ungêla...]

--- 1 : 80 ---

[...ning] sangkala, wedha tri angambara. Kaetang ing taun candra sangkala angsal 34 warsa, ungêl-ungêlaning sangkala, toya katon ing gêgana.

Babadipun ing wukir Danaraja, tanah pasisir lèr, salêbêting taun surya sangkala 34, taun candra sangkala 35.

Babadipun ing wukir Titisari, kalihan wukir Brangti, salêbêtipun taun surya sangkala 35, taun candra sangkala 36.

Babadipun ing wukir Parimbun, salêbêtipun taun surya sangkala 36, taun candra sangkala 37.

Babadipun wukir Cincora katêlah nama Cikorai, tanah Prayangan, tuwin wukir Ungarang minăngka watêsipun tanah Samarang kalihan Kêdhu, salêbêting taun surya sangkala 37, taun candra sangkala 38.

Babadipun wukir Gora, ing mangke nama rêdi Gêdhe utawi Slamêt, tanah Têgal, salêbêting taun surya sangkala 38, taun candra sangkala 39.

Babadipun wukir Soda, ing mangke nama rêdi Sumbing, akalihan ing wukir Sadhara, ing mangke nama rêdi Sundara, minăngka watêsipun tanah Kêdhu kalihan Banyumas tuwin [tuwi...]

--- 1 : 81 ---

[...n] babadipun ing wukir Rêmame katêlah nama rêdi Crême tanah Crêbon, sami salêbêtipun taun surya sangkala 39, taun candra sangkala 40.

Kacariyos kala babadipun ing wukir Prawa, ing nalika punika wontên satunggalipun jêjaka lola anama pun Pratana griya ing dhusun Kuwala, sukuning wukir Prawa, padamêlanipun amêndhêt kajêng rêrèncèk dhatêng wana, kaurupakên têtêdhan, anuju satunggiling dintên pun Pratana manggih pêndhêman kancana awarni pangangge samapta sami, sarêng kabêkta mantuk, kasumêrêpan dhatêng têtiyang guna awasta pun Sunda, pun Pratana kinèn amangsulna, wuwusipun pun Sunda: He Pratana, kancana iku aran kagunganing dewa, yèn sira ambila sayêkti kêna ing upadrawa. Pun Pratana rumaos ajrih ing dewa, kancana winangsulakên malih dhatêng panggenanipun, lajêng katilar mantuk, tumuntên pun Sunda amêndhêt kancana wau kabêkta mantuk. Sarêng ing antawis dintên, pun Pratana amidhangêt pawartos yèn kancana wau kapêndhêt dhatêng pun Sunda, pun Pratana lajêng amanggihi sarya muwus: Lah Sunda, ujar andika kancana punika kagunganing dewa, yèn ingambil kêna ing upadrawa, punapia ing mangke andika [andi...]

--- 1 : 82 ---

[...ka] alap têka botên wontên kawis-kawis. Wangsulanipun pun Sunda: Sira iku bocah pêngung arane, wruhanira kancana kagunganing dewa, ing mêngko wus pinaringake maring ingsun. Pun Pratana kèndêl lajêng kesah, angêmu sungkawa, ngantos kapati brata angêngirangi têdha sarta tilêm, kathah-kathah panalangsanipun dhatêng ing dewa, dene rumaos dipun kaot kalihan pun Sunda sarta samining tumitah. Sarêng ing antawis dintên malih wontên parmanipun dewa, ing sanalika pun Pratana angsal pambudi lajêng amêndhêt wuluh kadamêl sarananing pangrekadaya, amarêngi ing dalu pun Pratana dhatêng wismanipun pun Sunda, punang wuluh kasalabokakên sêlaning pagêr wisma, nuntên pun Pratana anywara lantaran wuluh makatên wuwusipun: Hèh yogyaning ulun Sang Sunda, ingsun dewa anganglang jagad, gon ingsun tumêdhak iki angêmban timbalaning Hyang Wisesa, kinèn apêpoyan maring sira, yèn sira arsa rahayu ing sapandhuwure, jêjaka lola aran Pratana, iku alapên mantu dhaupna lawan sutanira wadon kang aran Si Kayên, yèn sira ora anglakoni yêkti bakal karusakan. Sarêng pun Sunda amidhangêt swara makatên kamanah wangsiting dewa satuhu, sakalangkung gêtêring manah, enjing apirêmbagan [a...]

--- 1 : 83 ---

[...pirêmbagan] kalihan para kadang kadeyanipun, ananging botên wontên ingkang mangayubagya, amargi pun Pratana wau rare nistha papa, mila pun Sunda kèndêl botên darbe pamanah dhatêng pun Partana. Dumadakan ing nalika punika wontên brahmana saking wukir Aswata, anama Bathara Marganda, kampir dhatêng dhusun ing Kuwala anjujug wismanipun Pratana, sinugun-sugun, Brahmana Marganda aningali dhatêng pun Pratana kawistara ing sêmu yèn angêmu sungkawa, lajêng atêtakèn ingkang dados darunanipun, pun Pratana anyariyosakên saking wiwit tatkala amanggih kancana dumugi ing wêkasanipun. Brahmana Marganda sarèhning rumaos kapotangan saking panyugata, dados sagah adamêl pamrayogi, lajêng amanggihi dhatêng pun Sunda, kaprayogèkakên amêndhêta mantu dhatêng pun Pratana, amargi rare punika kêkasihing dewa, pun Sunda mituhu ingkang dados pamrayoginipun Brahmana Marganda, enggaling cariyos pun Pratana sampun kaambil mantu angsal pun Kayên, sarta mawi kabêktanan busana kancana maneka-warni, andadosakên ing kacêkapanipun, kala samantên anuju ing masa srawana, salêbêting taun Nantêna, etanging taun surya sangkala angsal 40

--- 1 : 84 ---

warsa, ungêl-ungêlaning sangkala, sating samudra. Kaetang ing taun candra sangkala angsal 41 warsa, ungêl-ungêlaning sangkala janma suci.

Babadipun wukir Antaga, inggih wukir Èngêl, salêbêtipun taun surya sangkala 41, taun candra sangkala 42.

Babadipun wukir Brahma, tanah Pasuruan, kalihan babading wukir Rawun, tanah Banyuwangi, salêbêting taun surya sangkala 42, taun candra sangkala 43.

Babadipun wukir Kusara, salêbêtipun taun surya sangkala 43, taun candra sangkala 44.

Babadipun wukir Saptarga, inggih rêdi Martawu utawi Dièng tanah Bagêlèn ingkang sisih lèr, salêbêtipun taun surya sangkala 44, taun candra sangkala 45.

Babadipun wukir Udarati, ing mangke nama rêdi Arjuna tanah Pasuruan, salêbêtipun taun surya sangkala 45, taun candra sangkala 46.

Babadipun wukir Syakola, salêbêtipun taun surya sangkala 46, taun candra sangkala 47.

Babadipun wukir Mambramuka, inggih wukir Ala Ulu, ing mangke nama rêdi Kumbang, salêbêting taun surya sangkala

--- 1 : 85 ---

47, taun candra sangkala 48.

Babadipun wukir Nilandusa, ing mangke nama rêdi Wilis, minăngka watêsipun tanah Madiun kalihan Kadhiri, salêbêtipun taun surya sangkala 48, taun candra sangkala 49.

Babadipun wukir Kulamba, salêbêtipun taun surya sangkala 49, taun candra sangkala 50.

Babadipun wukir Batukandha, ing mangke nama rêdi Karang tanah Bantên, salêbêtipun taun surya sangkala 50, taun candra sangkala 51.

Babadipun wukir Batuwara, ing mangke nama rêdi Pulosari, tanah Bantên, salêbêtipun taun surya sangkala 51, taun candra sangkala 52.

Babadipun wukir Kapi, prênah kilèning Bantên wetaning Sumatra, samangke sampun dados sagantên, salêbêtipun taun surya sangkala 52, taun candra sangkala 53.

--- 1 : 86 ---

Panunggilanipun.

Bab 1.

Lêlampahan ăngka 2 nama Sêrat Sabaloka, kaanggit Êmpu Sodha ing Mamênang, panganggitipun nalika taun surya sangkala 851, taun candra sangkala 877.

Wiyosipun, mênggah bêbukanipun ingkang kacariyosakên, ing nalika punika têtiyang ing nuswa Jawi, inggih punika kalêbêt pulo Sumatra, Bali, Madura, sampun sami têtêp rahayu tangkar-tumangkar, botên sami kapetang kalongipun ingkang pêjah sêpuh tuwin sêsakitên. Saha kathah têtiyang dhatêng saking mănca sami tumut dêdunung wontên tanah Jawi, dene ênggènipun sami amakarangan, amadhêkahan wontên ing wukir miwah wontên ing ngare sami gêmah arja sadaya, namaning dhusun akathah ingkang sami kabêkta utawi manut namanipun ingkang abêbadhe, kados ta: ing kina wontên dhusun nama Ingsalinga, punika kabêkta saking ingkang abêbadhe nama pun Salinga, sanèsipun punika karoncèn yèn kagancarna sadaya, ing ngriku têtiyang Jawi tumuntên sami wiwit ayasa kabuyutan, inggih punika panggenanipun anêmbah dhatêng panutanipun [panu...]

--- 1 : 87 ---

[...tanipun] piyambak-piyambak, kala samantên etanging surya sangkala 52 warsa, ungêl-ungêlaning sangkala, panêmbahing driya. Kaetang taun candra sangkala 53 warsa, ungêl-ungêlaning sangkala, katon tataning gêgana.

Kacariyos salêbêtipun taun candra sangkala ăngka 54, 55, 56 tuwin 57 têtiyang Jawi sami damêl kabuyutan wontên ing wukir-wukir, tanahipun piyambak-piyambak.

Babadipun wukir Pasasta, ing mangke nama rêdi Prawata, tanah pasisir lèr, salêbêtipun taun surya 57, taun candra 58.

Ing salêbêtipun taun candra sangkala, ăngka 59, 60, 61, 62, 63, têtiyang Jawi sami adamêl kabuyutan wontên ing wukir-wukir.

Ing salêbêtipun taun candra sangkala 64, têtiyang Jawi sami damêl pasetran, kadamêl panggenan wangkening tiyang pêjah dipun wastani ara-ara pitara.

Ing sêlêbêtipun taun candra sangkala 65, 66, 67, 68, 69, têtiyang Jawi sami adamêl kabuyutan wontên ing wukir-wukir.

Kacariyos kala dadosipun kabuyutan ing wukir [wu...]

--- 1 : 88 ---

[...kir] Manikmaya. Tunggil warsa ing dhusun Gotara sukuning wukir Maera, inggih punika wukir Anyêr tanah Bantên, wontên tiyang pandaya wasta pun Iramba, inggih punika tiyang juru amisaya ulam toya, sawêg mantuk mêntas angambil mina, uninga wontên sarpa badhe kamăngsa garudha, pun Iramba sumêlang manawi garudha wau anambêr minanipun, dados alok-alok swara sora makatên: ulup-ulup, tgêsipun: liwat-liwat, garudha ajrih lajêng muluk angumbara. Nuntên pun Iramba santun paningal, saubênging wana wau katingal praja, puranipun sarwa kancana sadaya, ing ngriku wontên katingal kadi rajaputra ginarêbêg ing wadyabala, amarpêki dhatêng pun Iramba sarwi angandika: Ingsun iki rumasa kapotangan urip sayêkti, wajib malês marang kadarmanira, lah payo sira ingsun irid sowan marang ngarsane kangjêng rama ji, sira bakal anampani ganjaran agung. Pun Iramba lajêng andhèrèk kemawon, wontên margi dipun wangsit dhatêng rajaputra, ing mêngko yèn sira pinaringan ganjaran rajabrana, aywa sira tampani, mundhak rêkasa ing pangrêksanira, têmah akarya sangsaya, sira mung nyuwuna cêpu watu kewala yêkti dadi ing kabêgjanira têmah

--- 1 : 89 ---

karya suka raharja, aturipun pun Iramba inggih badhe amituhokakên. Sarêng rajaputra dumugi ngarsanipun ingkang rama, matur yèn punika ingkang ananggulang bêbaya. Ingkang rama badhe amaringi rajabrana dhatêng pun Iramba, ananging botên dipun tampèni, pun Iramba nyuwun cêpu sela kemawon, sang ratu gumujêng sarwi amaringakên cêpu sela, sarêng sampun katampèn, pun Iramba kalilan mantuk, nalika lampahipun pun Arimba[7] dèrèng têbih, pun Iramba wangsul paningalipun, kadhaton musna lajêng katingal wana malih. Sarêng ngajêngakên dumugi ing Gotara, pun Iramba sumêrêp tiyang wasta pun Kusala, nuju angundhuh nèli, inggih punika kamlaka manis, pun Iramba nêdha dipun sukani sadasa iji, kalêbêtakên ing cêpu tinutup lajêng kabêkta mantuk. Dumuginipun ing wisma nèli badhe kasukakakên semahipun awasta Kèn Andari, sarêng cêpu kabikak, nèli santun warni dados kancana sadaya, pun Iramba sarta Kèn Andari sami suka ngungun, kala samantên pun Iramba lajêng sumêrêp kawasanipun cêpu punika, singa ingkang kalêbêtakên, lajêng dados kancana, mila têmahan andadosakên kabêgjanipun pun Iramba botên kawistara. Ing nalika punika nuju ing masa [ma...]

--- 1 : 90 ---

[...sa] srawana salêbêtipun taun Tisimuka, etanging taun surya sangkala angsal 68 warsa, ungêl-ungêlaning sangkala, naga amăngsa boma. Kaetang ing taun candra sangkala 70 warsa, ungêl-ungêlaning sangkala, sirnaning wiku.

Kacariyos pandamêlipun kabuyutan wukir Karang pulo Bali, nuju ing masa palguna. Tunggil warsa wontên tiyang kirata ing dhusun Gotara awasta pun Kusala, inggih punika tiyang juru ambêburu sato wana, ingkang gagriya botên têbih kalihan griyanipun pun Iramba, amidhangêt pawartos, yèn kasugihanipun pun Iramba punika, awit mêntas têtapa wontên ing pêpèrèng salèring Gotara, pun Kusala darbe pamèri dhatêng ing dewa, lajêng anglampahi cêgah nêdha angirang-ngirangi tilêm wontên ing pêpèrèng punika, sarêng angsal pêndhak dintên, ing nalika punika wontên taksaka amurugi, pun Kusala kagèt, punang taksaka lajêng pinupuh ngantos kabranan, nanging botên pêjah, nuntên katingal praja gung puranipun sarwa kancana sadaya, ing ngriku pun Kusala cinêpêng ing têtiyang kathah winayungyung sarta dipun gêbagi, wuwusipun ingkang sami anggêbagi makatên: Lah iki paukumanira [paukuma...]

--- 1 : 91 ---

[...nira] gonira anggitik abdi panakawan tanpa dosa. Pun Kusala botên sagêd amangsuli, saking sangêting sakit kadrêsan ing pamupuh, ngantos anglêmpuruk sirna kadayanipun satêngah kantaka. Ya ta kapiyarsa wontên ingkang muwus makatên: Lah uwisana ênggonira anggêbugi, karana iku wus angêmasi, sarêng katilar dening ingkang anggêbagi, pun Kusala katingal dipun pulasara ing tiyang agêng inggil, inggih punika gandarwa sarwi muwus makatên: Marmane wong arêp anêniru iku kudu andalingake pangrungu lan amaspadakake pandulu, kabukane sêka ing dêduga lan prayoga akanthi nganggo watara, he Kusala, wruhanira ingsun iki gandarwa atêtulung mulasara gonira nandhang kalaran, marmane ingsun tulungi, amarga sira kêrêp agawe bungahe atiningsun, sabên sira ambêbêdhag sato alas mêmurak sato anganggo wadal, ana ing jêjurang kene, dadi mêmangsaningsun, ing mêngko ingsun malês marang sih kadarmanira, sira ingsun gawe rosa kang kaya rosaning gandarwa. Sasampunipun makatên, pun Kusala dipun tangèkakên kasêbul êmbun-êmbunanipun, garegah tangi lajêng byar katingal wana, gandarwa anywara malih: Sapira ing karosanira iku isih

--- 1 : 92 ---

kêna ing sayah, prayoga angupayaa kang dadi saranane ora kêna ing sayah, pucaking wukir Maera iki ana nadi lingga katindhihan watu kumalasa. Satamating ujaripun swara pun Kusala lajêng sumêngka ing wukir, dumuginipun ing pucak, wontên sela kumalasa jinunjung kenging kalayan gampil, ing ngriku pun Kusyala amanggih musthika satunggal lajêng kinandhut, sampun kakintên yèn punika nadi lingga, tgêsipun: musthikaning bayu. Sarêng pun Kusala tumurun saking pucaking wukir, uninga yèn pun Iramba angusung sela badhe kangge abahan balunganing wisma, tiningalan sangêt rakaos ing pangusungipun, lajêng dipun tulungi dhatêng pun Kusala, botên rêkaos ing pambêktanipun, pun Iramba langkung narima lajêng angulungi pêputhon kancana satangkêp, tinampèn dhatêng pun Kusala kabêkta mantuk, ing nalika punika, pun Kusala kasusra yèn karosanipun anglangkungi ing têtiyang kathah, sarta botên kenging sayah, dados pasambatan, ing wêkasan andhatêngakên kabêgjanipun. Kala samantên anuju ing masa srawana, salêbêtipun taun Dinakara, etanging taun surya sangkala angsal 69 warsa, ungêl-ungêlaning sangkala, trus rasa. Kaetang ing taun candra sangkala angsal 71, ungêl-ungêlaning [ungê...]

--- 1 : 93 ---

[...l-ungêlaning] sangkala ikuning turăngga.

Kacariyos salêbêtipun taun candra sangkala 72, 73, 74, 75, 76, têtiyang Jawi sami adamêl kabuyutan wontên ing wukir-wukir tanahipun.

Kacariyos têtiyang Jawi sami adamêl pasetran malih, ingkang agêng piyambak dipun wastani ara-ara birastana, inggih punika pancèn panggenan layoning para agêng, pandamêlipun anuju ing masa manggasri.

Tunggil warsa têtiyang Jawi sami andamêl lêluwêng, inggih ugi kaangge panggenan wangkening tiyang pêjah, dipun wastani luwêng tunggara, wontên ingkang winastan luwêng tinghas, luwêng dharampalan, luwêng sambura, luwêng pitra, luwêng sanggora, akathah warninipun, pandamêlipun anuju ing masa sitra, sami salêbêtipun taun Prapawa, etanging taun surya sangkala angsal 75 warsa, ungêl-ungêlaning sangkala, tataning prawata. Kaetang ing taun candra sangkala angsal 77 warsa, ungêl-ungêlaning sangkala, pandhita kaswarèng doh.

Kacariyos salêbêtipun ing taun candra sangkala 78, 79, 80, 81, 82, 83, 84, 85, 86, 87, 88, 89, 90, 91, 92,

--- 1 : 94 ---

93, 94, 95, 96, 97, 98, 99, 100, 101, 102, têtiyang Jawi taksih sami adamêl kabuyutan wontên ing wukir tanahipun.

Kacariyos têtiyang Jawi sami kambah ing sêsakit roga, lajêng wontên swara kapiyarsa, kinèn sami anêbut, ya Bathara Maha Dewa Budha, botên lami sêsakit roga wau sirêp, ing nalika punika awit masa manggakala, salêbêtipun taun Nantêna, etanging taun surya sangkala angsal 100 warsa, ungêl-ungêlaning sangkala, barakan angrusak janma. Kaetang ing taun candra sangkala angsal 103 warsa, ungêl-ungêlaning sangkala, katon rusaking bumi.

Kacariyos salêbêtipun 100 warsa ing taun surya, utawi 103 warsa ing taun candra wau, têtiyang ing nuswa Jawi, inggih punika kalêbêt pulo Sumatra, Bali tuwin Madura, sampun lêstantun anggènipun sami dêdunung, sarta sampun sami adamêl griya, ingkang kadamêl pirantos sela, dèrèng wontên griya balungan kajêng mawi wêwangunan kados zaman sapunika, têtanêman inggih sampun kathah maneka-warni, ananging kala samantên dèrèng wontên tata cara, sarta dèrèng wontên panjênêngan [panjê...]

--- 1 : 95 ---

[...nêngan] nata ingkang wajib amranata saha murba amisesa, ing para kawula sadaya. Mila salêbêtipun 103 warsa wau, dipun wastani jaman kukila, tgêsipun: jaman pêksi, awit lampah panggêsanganipun tiyang taksih kados pêksi, sami rêbat-rinêbat, pundi ingkang rosa inggih mênang.

----------

Dwita Kandhêh.

Bab 2.

Babaranipun cariyos Sêrat Maha Dewa, kapêthik dados kalih lampahan, lêlampahan ăngka: 1. Nama Sêrat Dewa Budha, kaanggit Êmpu Padma ing Mamênang, panganggitipun nalika taun surya sangkala 851, taun candra sangkala 877.

Wiyosipun, mênggah ingkang dados bêbuka kacariyosakên, ing salêbêtipan[8] taun Wijaya, etanging taun surya sangkala 101 tinêngêran janma barakan Budha. Kaetang ing taun candra sangkala 104 tinêngêran dadi dhêdhuwuraning janma.

--- 1 : 96 ---

Amarêngi masa manggasri, kacariyos para dewa ingkang kahyangan ing tanah Indi, ing mangke dipun wastani tanah Indhustan, sarêng angejawantah tumêdhak dhatêng ngarcapada tanah Jawi, sami anama rêsi, pangagêngipun Sang Hyang Jagadnata anama Rêsi Maha Dewa Budha, lajêng dados uyun-uyunanipun tiyang kathah sami anêbut jawata, tgêsipun: guruning tanah Jawi, awit ing nalika punika para dewa anggêlarakên guna kasantikanipun, inggih punika purwaning para dewa mawi kasêbut jawata.

Ing salêbêtipun taun Jayyaha, etanging taun surya sangkala 102 tinêngêran carana tanpa rupa. Kaetang ing taun candra sangkala 105 tinêngêran tata barakaning janma.

Amarêngi masa kartika, kacariyos Rêsi Maha Dewa Budha, amatah panggenaning para rêsi, wontên ingkang kapatah minăngka jawataning tanah wetan, wontên ingkang kapatah dados jawataning tanah kidul, wontên ingkang kapatah dados jawataning tanah kilèn, wontên ingkang kapatah dados jawataning tanah lèr, Rêsi Maha Dewa Budha piyambak minăngka jawataning tanah têngahan. Ing nalika punika Rêsi Maha Dewa Budha, lajêng iyasa candhi dumunung sakilènipun [sa...]

--- 1 : 97 ---

[...kilènipun] wukir Căndramuka inggih Căndragêni, ingkang kadamêl sela langkung agêng inggil, selanipun amăncawarni, sarwa pelag pikantuk ing wangun, dipun wastani candhi Marabudha, inggih punika ingkang nama candhi Barabudhur tanah Kêdhu, mênggah candhi wau kadamêl panggenan pamujan. Para rêsi inggih lajêng sami angadêgakên candhi wontên tanahipun piyambak-piyambak, kabuyutanipun tiyang Jawi ingkang dumunung ing wukir-wukir, kathah ingkang dipun upakara winangun candhi, pratelanipun kados ing ngandhap punika:

Ing salêbêtipun taun candra sangkala 106, 107, 108, 109, 110, 111, 112, 113, 114, para rêsi sami iyasa candhi.

Antawis ing dalêm tigang taun botên wontên ingkang kacariyosakên, sarêng andungkap kawan taun, cariyosipun kados ing ngandhap punika:

Ing salêbêtipun taun candra sangkala 118, 119, 120, 121, 122, 123, 124, 125, 126, 127, 128, 129, 130, para rêsi sami iyasa candhi.

Antawis ing dalêm kalih taun botên wontên ingkang [ing...]

--- 1 : 98 ---

[...kang] kacariyosakên, sarêng andungkap angsal tigang taun, cariyosipun ing ngandhap punika:

Ing salêbêtipun taun candra sangkala 133, 134, 135, 136, 137, para rêsi sami iyasa candhi.

Antawis ing dalêm kalih taun botên wontên ingkang kacariyosakên, sarêng andungkap angsal tigang taun, cariyosipun kados ing ngandhap punika:

Ing salêbêtipun taun candra sangkala 140, 141, 142, para rêsi sami iyasa candhi.

Ing salêbêtipun taun Prasutpadi, etanging taun surya sangkala 139 tinêngêran gatra ujwalaning bumi. Kaetang ing taun candra sangkala 143 tinêngêran atri caturing janma.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos ing nalika punika, Rêsi Maha Dewa Budha anggêlarakên puja, tgêsipun, wisesa ingkang mêdal saking pangawasanipun piyambak, para rêsi akalihan sagunging manusa miwah sato khewan, ibêr-ibêran sami angèstokakên sadaya.

Ing salêbêting taun Anggila, etanging taun surya sangkala 140 tinêngêran barakan warnaning janma. Kaetang [Kae...]

--- 1 : 99 ---

[...tang] ing taun candra sangkala 144 tinêngêran yoga dadi raja.

Amarêngi masa kartika, kacariyos ing nalika punika, Rêsi Maha Dewa Budha jumênêng nata binathara, angratoni sakutu-kutu wong alang taga, tgêsipun sakutu: sakathahing gêgrêmêtan.Tgêsipun wong: sakathahipun manusa. Tgêsipun alang: sakathahipun ibêr-ibêran. Tgêsipun taga: sakathahipun ingkang rumangkang. Rêsi Maha Dewa Budha, ajêjuluk: Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha, ayasa kitha wontên sukuning wukir Kamula sisih lèr, winastan nagari Mêdhangkamulan, inggih punika Mêdhangkamulan ingkang sapisan, mênggah rêdi Kamula wau, ing mangke nama rêdi Pangerango utawi rêdi Gêdhe, watêsipun tanah Prayangan, akalihan Bogor ingkang ugi nama Bitênsorêh, lajêng damêl pêpatih nama Rêsi Naradha, punggawanipun para rêsi sadaya, dados anggènipun Rêsi Maha Dewa Budha angejawantah dhatêng tanah Jawi etangipun sampun 40 taun candra sawêg jumênêng nata, inggih punika purwanipun tanah Jawi wontên panjênêngan nata tuwin patih.

Ing salêbêting taun Istrimuka, etanging taun surya [sur...]

--- 1 : 100 ---

[...ya] sangkala 141 tinêngêran tunggal warna rupa. Kaetang ing taun candra sangkala 145 tinêngêran tata wahananing bumi.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos ing nalika punika kabuyutan ing wukir Wasya kaupakara winangun candhi.

Amarêngi masa srawana, taksih tunggil warsa ing salêbêting taun Istrimuka, kacariyos ing nalika punika wontên tiyang wuta marêk ing ngarsanipun Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha, dinangu nama sarta ingkang dados sêdyanipun. Atur wangsulanipun: Dhuh pukulun, nama kawula pun Sena ing dhusun Sardha, kamipurun matur ing panjênêngan paduka, punapa pikantukipun, dene dewa kang maha kawasa anitahakên tiyang ina alit mila kados kawula punika, yèn botên wontên pikantukipun, saèstu kenging dipun wastani kirang kawasa, dene botên sagêd anitahakên jangkêp. Pangandikanipun Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha: dewa iku asipat murah lawan asih, ing mêngko paran kang dadi sêdyanira, sayêkti tinurutan. Pun Sena umatur: Pukulun, kawula anyuwun netra wiyar paningal ingkang bawera. Sarêng sanalika netranipun pun Sena kalih pisan dados langkung wiyar [wi...]

--- 1 : 101 ---

[...yar] botên limrah kalihan sasamining tiyang, saubênging muka mèh dados netra sadaya. Pun Sena gumujêng suka sarya matur: Dhuh dewa kang minulya ing mangke kawula awit uninga ing gumêlaring jagad awarni-warni, ingkang nama pêthak jêne abrit cêmêng ijêm sapanunggilanipun katingalan sadaya. Sawêg dumugi samantên aturipun, pun Sena anjungkêl sarya sêsambat sakit netranipun, amargi nalika punika anuju wontên prahara lesus lêbu sumawur anampêg dhatêng netranipun pun Sena, sêsambatipun: Adhuh dewa kang kawasa, mugi maringana netra ciyut kewala, sarêng ing sanalika pun Sena netranipun langkung ciyut amung salènging dom. Pun Sena andangèngèk sarya matur: adhuh dewa ing mangke netra kawula sampun botên sumêlang yèn kalilipana, ananging paningal kawula têka anyalingup anglangut makatên, sawêg dumugi samantên aturipun, pun Sena kagèt guragapan lajêng dhawah, amargi ing nalika punika nuju jawah amarêngi wontên calèrèt barungan, gêbyaripun tansah tumanduk dhatêng netranipun pun Sena, mila pun Sêna gugup aturipun anuwun kawangsulna netranipun kados ingkang wau-wau. Sarêng ing sanalika pun Sena netranipun wangsul kados lami dados wuta malih,

--- 1 : 102 ---

lajêng matur ingkang dados sababipun, Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha angandika: He Sena, iku kayumana sêka ing wuwusira dhewe, dadi anandhakake yèn pasthèning dewa iku, ora kêna kinăntha, pun Sena karuna amiduwung ing manah. Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha kamiwêlasên, lajêng amaringi pitulung kalihan sabda kawasa, pangandikanipun: He Sena, yèn wong wuta cilik mula iku trakadhang ana pitulunging dewa pinaringan kawaspadan nindita ing sajroning cipta, iya iku awas tanpa pandulu, wêruh sadurunge winarah. Têlasing panabda ing sanalika punika pun Sena anampèni parmaning dewa ingkang makatên wau, sarêng mantuk lajêng kasusra yèn pun Sena waskitha ing cipta sasmita, bijaksana dhatêng kawruh ingkang samar, sagêd animpuna ing panalika, kathah tiyang ingkang sami nêdha pitulungan, ing wêkasan andhatêngakên kabêgjanipun.

Wiwit nalika samantên, têtiyang ing sapulo Jawi sampun waradin sami angangge agami Budha, nyêbut ya Bathara Maha Dewa Budha, anganggêp bilih para dewa ingkang kawasa damêl cupêt panjanging lêlampahan, sarta patrap pangangge tata cara padatanipun tiyang Jawi, sadaya sami anut [a...]

--- 1 : 103 ---

[...nut] ing sarèhipun para dewa, inggih punika purwanipun tanah Jawi wontên sêmbah, saha purwanipun tiyang Jawi sumêrêp tata, ananging patraping sêmbah kala samantên, kuncuping asta dipun dunungakên ing êmbun-êmbunan, dèrèng wontên sêmbah kuncuping asta kadunungakên ing grana kados sapunika.

Ing salêbêtipun taun Pawa, etanging taun surya sangkala 142, tinêngêran boja amarna rupa. Kaetang ing taun candra sangkala 146, tinêngêran mobah pakartining janma.

Amarêngi ing masa kartika, kacariyos ing nalika punika, Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha karsa ayasa prasadarga, tgêsipun: kadhaton dumunung sapucaking wukir, inggih ing wukir Kamula, langkung asri kawuryan uparêngganipun.

Ing salêbêting taun Ipa, etanging taun surya sangkala 143, tinêngêran wêlut dadi janma. Kaetang ing taun candra sangkala 147, tinêngêran swara warna tunggal.

Amarêngi masa manggasri kacariyos ing nalika punika Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha, karsa ayasa sadarpyata,

--- 1 : 104 ---

tgêsipun: pasewakan nêm ênggèn, 1. wontên ing tanah ngare salêbêting nagari, punika panggenan manawi siniwi ing sagung para bangsaning manusa, 2. wontên satêngahing wana, punika panggenan manawi siniwi ing sagung para bangsaning sato khewan, 3. wontên sapucaking wukir ingkang inggil piyambak, punika panggenan manawi siniwi ing sagung para bangsaning ibêr-ibêran, 4. wontên têpining samudra ingkang parêk kalihan sawanganing banawi, punika panggenan manawi siniwi ing sagung para bangsaning bêbujêngan toya, 5. wontên ing guwa gêgana ingkang urut iring-iringing jêjurang, punika panggenan manawi siniwi ing sagung para bangsaning raksasa diyu ditya pisaca, 6. wontên ing tanah rêrancah ingkang aparêk kalihan êmbêl-êmbêl, punika panggenan manawi siniwi ing sagung para bangsaning gêgrêmêtan. Sadaya wau sami rinakit păncaniti, inggih punika ênggèn pêpangkatan gangsal: 1. pangkat panggenaning ratu, 2. pangkat panggenaning patih, 3. pangkat panggenaning brahmana, 4. pangkat panggenaning senapati, 5. pangkat panggenaning jaksa, sarta mawi kauparêngga ing sapangkat-pangkatipun, inggih punika purwanipun wontên senapati tuwin jaksa, saha purwanipun panjênêngan nata Jawi mawi miyos sinewaka.

--- 1 : 105 ---

Ing salêbêting taun Tadu, etanging taun surya sangkala 144, tinêngêran suci warnaning bumi. Kaetang ing taun candra sangkala 148, tinêngêran sarira roga anunggal barakan.

Amarêngi ing masa padrawana, kacariyos ing nalika punika Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha nuju sinewaka ing wadyabala manusa, andhawuhakên pangandika cêcangkriman ingkang kawasita ing dalu makatên:

1. luhur ingkang angungkuli wukir

2. wiyar ingkang angungkuli samudra

3. padhang ingkang animbangi raintên

4. radin ingkang nyamèni tanah lêta

Sakathahipun ingkang sewaka sami botên sagêd anarbukani, Rêsi Naradha umatur manawi ratuning gandarwa misuwur sagêd cêcangkriman, lajêng dhawah kinèn nimbali, wangsulaning gandarwa lênggana, amargi dede bangsaning manusa, angakên bangsaning sato khewan, yèn anuju pasewakaning para sato khewan sagah sowan, katur ing Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha, karsa anyarantosakên.

Sanèsipun ing dintên, Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha, sinewaka ing para sato khewan, dhawah kinèn [kinè...]

--- 1 : 106 ---

[...n] animbali gandarwa, wangsulanipun dede bangsaning sato khewan, angakên bangsaning ibêr-ibêran, yèn panuju sewakaning ibêr-ibêran sagah sowan, katur ing Sri Paduka Raja Maha Dewa Buda inggih sinarantosakên.

Sanèsipun dintên malih Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha sinewaka ing para ibêr-ibêran, gandarwa tinimbalan taksih mopo, wangsulanipun dede bangsaning ibêr-ibêran, angakên bangsaning bêbujêngan toya, yèn anuju pasewakaning para bêbujêngan toya sagah sowan, katur ing Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha inggih sinarantosakên malih.

Sanès dintên malih Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha, sinewaka ing para bêbujêngan toya, gandarwa tinimbalan inggih dèrèng purun sowan, wangsulanipun dede bangsaning bêbujêngan toya, angakên bangsaning raksasa, yèn anuju pasewakaning para raksasa sagah sowan, katur ing Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha inggih taksih karsa anyarantosakên.

Sanèsipun dintên malih Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha sinewaka ing para raksasa, gandarwa tinimbalan inggih taksih mopo malih, wangsulanipun dede bangsaning raksasa [ra...]

--- 1 : 107 ---

[...ksasa,] angakên bangsaning gagrêmêtan, yèn anuju pasewakaning para gagrêmêtan sagah sowan, katur ing Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha inggih taksih sinarantosakên.

Sanèsipun dintên malih Sri Paduka Raja Maha Dewa Buda sinewaka ing para gagrêmêtan, gandarwa tinimbalan inggih mêksa dèrèng purun, wangsulanipun dede bangsaning gagrêmêtan, angakên bangsaning janma, yèn anuju pasewakaning janma sagah sowan, katur ing Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha èsmu duka, dene gandarwa tansah madayèng atur botên wontên ing wasananipun.

Ing satunggalipun dintên, karsa sinewaka wontên têpining samudra amêpakakên sakathahing sakutu-kutu wong alang taga sadaya, gandarwa kapêksa tinimbalan, yèn botên purun sowan badhe kenging sapudhêndha anêmahi upadrawa, gandarwa gumujêng suka lajêng sowan sawadyanipun para gandarwa sadaya. Dumuginipun ing ngarsa nata, Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha angandika èsmu rêngu ing netya: He gandarwa, apa karananira sira ingsun timbali tansah ingan angayawara pangakunira ing băngsa, lah samêngko iki padha pêpakan kabèh, êndi ta kang

--- 1 : 108 ---

sira pilih ing pangakunira băngsa apa. Ratuning gandarwa alon aturipun sarwi gumujêng: Dhuh pukulun, punapa panjênêngan paduka kasupèn, kala rumiyin panjênêngan paduka sampun karsa angakên mitra ing kawula, manawi kawula punika kaakên mitra paduka, saèstunipun kawula inggih dados băngsa paduka, anunggil bangsaning para jawata sadaya. Satêlasing aturing gandarwa, Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha amangsuli pangandika èsmu gumujêng, kawistara ragi wontên lilihing ing dukanipun: He gandarwa, panjênênganingsun iya èngêt yèn sira dadi pawong mitraningsun, ananging sira ing mêngko ingsun arani bangsaning candhala, dene sira têka wani ambadal dhawuh timbalan ingsun, ewa mangkana panjênênganingsun kagungan cêcangkriman kang kawasita sajroning wêngi, yèn sira bisa anabuka[9] yêkti ingsun apura, yèn sira ora bisa narbukani, masthi ingsun pidana ing guntur wisesa, cêcangkriman ingsun kang kawasita mangkene:

1. luhur kang angungkuli wukir

. jêmbar kang angluwihi sagara

3. padhang kang animbangi raina

4. rata kang amadhani tanah lêta

--- 1 : 109 ---

aturing gandarwa: Pukulun, saking pamanggih kawula, luhur ingkang angungkuli wukir punika, ratu ingkang amaradinakên dana. Wiyar ingkang anglangkungi sagantên punika, ratu ingkang anggêlarakên paramarta. Padhang ingkang animbangi raintên punika, ratu ingkang anglampahakên pariksa. Radin ingkang anyamèni tanah lêta punika, ratu ingkang anglimrahakên guna. Ewasamantên kirang langkungipun pambatang kawula, kawula anyumanggakakên ing sri pukulun, ingkang saèstu sampun langkung waskitha. Ya ta Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha, sarêng amiyarsa atur pambatangipun gandarwa, têka andadosakên parênging panggalih, gandarwa lajêng kamijèkakên pêthal saking para băngsa sadaya.

Antawis ing dalêm sataun botên wontên ingkang kacariyosakên, sarêng andungkap kalih taun, cariyosipun kados ing ngandhap punika:

Ing salêbêting taun Wakdaniya, etanging taun surya sangkala 146, tinêngêran anggas marna rupaning swarga. Kaetang ing taun candra sangkala 150, tinêngêran sirna wisayaning bumi.

Amarêngi masa kartika, kacariyos ing nalika punika [pu...]

--- 1 : 110 ---

[...nika] Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha, karsa ngalih kitha dhatêng ing wukir Maendra, lajêng ayasa kadhaton, wangun kaswargan rineka ing Tejomaya, ing Argadumilah, ing Jonggringsalaka, ing Paparyawarna, saisèn-isènipun sadaya, sinungan bale martyukundha, bale marakata, miwah kori sela matangkêb, tuwin wot ogal-agil, sangkêp botên wontên kalangkungan, nuntên para rêsi punggawa sami ayasa padalêman sowang-sowang, botên têbih kalihan kadhaton, warni-warni ing wêwangunanipun, kala samantên taksih winastan nagari ing Mêdhangkamulan, dados anggènipun Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha jumênêng nata akêkitha wontên ing Mêdhangkamulan tanah Bogor amung 5 taun, lajêng ngalih dhatêng wukir Maendra ing mangke nama rêdi Lawu minăngka watêsipun tanah Surakarta akalihan Madiun.

Ing salêbêting taun Pramadi, etanging taun surya sangkala 147, tinêngêran sabda wahana tunggal. Kaetang ing taun candra sangkala 151, tinêngêran rupaning wisaya wungkul.

Amarêngi masa palguna, kacariyos ing nalika punika wontên sarpa marêk ing Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha [Bu...]

--- 1 : 111 ---

[...dha,] anuwun adil awit kapaeka dhatêng paksi gagak, dinangu ingkang dados mula bukanipun, aturipun sarpa: Dhuh pukulun, ingkang wau kawula anglampahi têtapa, ing antawis lami dipun panggihi dening paksi gagak, atêtakèn ingkang dados sêdya kawula, kawula amangsuli yèn ingkang kawula tapani punika wisa kawula supados mandia, paksi gagak ambatang bilih cabar, awit wisa punika kawon dening marta, wangsulan kawula: Karana Sang Hyang Jagdnata, anglimputi ing ala ayu, ana wisa dadi marta, ana marta dadi wisa, alahne kăndha dening tăndha, alahne tăndha dening nyata. Wangsulanipun paksi gagak: Yèn mangkana ingsun arsa wruh ing yêktine, iki ana pangantèn arêp angarak, dilatên tapaking pangantèn sakarone, yèn padha mati ingsun apitaya. Kawula amangsuli malih: boya ana ala tumama ing abêcik, tumamane yèn dèn kawiti, katrimane mung amalêsi, paksi gagak lajêng kesah, botên dangu wangsul, awêwarti yèn kawula badhe kapurak, awit kadamêl wadal dhauping pangantèn. Wangsulan kawula: Apa ana amidana tanpa dosa. Paksi gagak amangsuli: Ulêsing awakira amadhani [a...]

--- 1 : 112 ---

[...madhani] panganggoning pangantèn. Ing ngriku madêg suraning manah kawula lajêng kesah ngupados pamikaraning bêbaya, pamanggihing pambudi amung pangantèn ingkang amba ănta-ănta, ing nalika punika kawula dhatêng panggenanipun ingkang amiwaha, kawula andilat tapaking pangantèn, lajêng wangsul dhatêng patapan malih panggih kalihan paksi gagak, kawula wartosi yèn tapaking pangantèn sampun kawula dilat, kapasthèkakên anggagrak sakala kuwandanipun, paksi gagak lajêng kesah, wangsulipun awêwarti yèn pangantèn taksih gêsang, kawula mangsuli yèn yêktos pêjah awit kapirêng swaraning tangis. Wangsulaning paksi gagak: Ika dudu swaraning tangis, kang kapiyarsa swaraning wong amboga andrawina. Kawula lajêng kèndêl amiduhung ing manah, paksi gagak kesah, ing nalika punika wisa kawula lajêng kawula bagi-bagi dhatêng sakathahing sarpa, amung sarpa jalêr botên kaduman wisa, dados wêwadhahipun kemawon, sarêng wisa sampun têlas, kawula uninga ing yêktosipun yèn pangantèn pêjah, mila kawula lajêng amarêk ing ngarsa paduka anuwun adil, têlas aturing sarpa. Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha animbali paksi gagak ingkang tinarka amaeka, sarêng prapta dipun dangu botên angakêni [a...]

--- 1 : 113 ---

[...ngakêni] bilih maeka, ananging kawawas ing cipta sasmita kawistara doraning paksi gagak. Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha lajêng andhawakên sabda: He sarpa, ing mêngko sira ingsun arani sarpa sawa, dening sasat dadi wangke ênggonira kaelangan wisa, awit ing dina iki sira ingsun gadhuhi marta, lan ing wuri-wuri sira dadi tandhaning kamulyan, gagak dadia tandhaning karusakan, singa kang katêkan sarpa sawa tăndha antuk kamulyan, singa kang katêkan gagak, tăndha bakal karusakan. Sarpa sawa langkung bingah lajêng kamijèkakên têngga kaswargan. Wiwit nalika samantên, têtiyang Jawi sami angèstokakên sabdanira Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha. Inggih punika purwanipun tiyang Jawi sami amastani, bilih kadhatêngan gagak ingkang tansah mungêl, ngalamat badhe manggih karisakan, utawi kapêjahan, bilih kadhatêngan sawêr sawa, ngalamat badhe manggih kabêgjan.

Ing salêbêting taun Wikrama, etanging taun surya sangkala 148, tinêngêran brahmana marna rupa. Kaetang ing taun candra sangkala 152, tinêngêran anêmbah warastraning rat.

Amarêngi masa sitra, kacariyos ing nalika punika [puni...]

--- 1 : 114 ---

[...ka,] Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha aningali teja angkara-kara, kaprênah têlênging samudra kidul, sarêng kapariksa ingkang amawa teja wau ditya têtapa, lajêng ginunturan kalayan guntur latu, guntur wedang, guntur toya, guntur angin, guntur sela, sakathahing guntur sadaya botên wontên tumama, lajêng pinarêpêkan dinangu nama lan sêdyanipun. Aturipun ditya băngsa brahmana nama Bagawan Danu, sêdyanipun sagêda dados rêsi anunggila para jawata, ing nalika punika lajêng kabêkta dhatêng kadhatonipun Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha. Ya ta kawuwusa sakathahing anak putunipun Bagawan Danu ingkang kasêbut para danawa sami kalintu ing panampinipun, kakintên Bagawan Danu sirna kagunturan dening para jawata, mila ratuning danawa anama Raja Danuka, ingkang akêkitha ing guwaning rêdi Gobraja, rêmbag sawadyabala danawa, badhe angrabasa kadhatonipun Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha, sasampuning samapta lajêng mangkat. Mangkana Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha amiyarsa lajêng adhêdhawah mêthukakên, nanging para jawata para rêsi sami kasêsêr. Bagawan Danu sumêrêp lajêng nyapih dhatêng anak putunipun, para danawa uninga tumuntên matur dhatêng Raja Danuka, ing ngriku Raja

--- 1 : 115 ---

Danuka enggal mantuk dhatêng prajanipun, para danawa sami wangsul dhatêng dhangkanipun sowang-sowang. Amung wontên danawa satunggal anama Sang Gopatana, gadhah anak kêkalih, ingkang sêpuh nama Cingkarabala, ingkang anèm nama Balaupata, kalih pisan sami patutan saking widadari Dèwi Amatri, putraning Sang Hyang Triyata. Wau ta danawa Sang Gopatana, tuwin anakipun kêkalih sami nungkul, katur dhatêng Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha, Sang Gopatana, Sang Cingkarabala, Sang Balaupata, sami kinèn ajagi pura, sarta sami pinaringan pangawasa.

Taksih tunggil warsa, anuju masa srawana, kacariyos Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha, ing nalika punika karsa dhêdhawah iyasa dêdamêling para jawata, warni cakra, kunta, katana, cundha, sarata, kalaka, sakri, nagapasa, sanggali, cundrik, patrêm, curiga dhapur pasupati, dhapur lar ngatap, ingkang damêl Êmpu Ramadi, ingkang ugi nama Bathara Ramayadhi, inggih punika purwanipun ing tanah Jawi wontên dêdamêl warni dhuwung.

Ing salêbêtipun taun Wila, etanging taun surya sangkala 149, tinêngêran trustha pakartining janma. Kaetang ing taun candra sangkala 153, tinêngêran

--- 1 : 116 ---

uninga tataning bumi.

Amarêngi masa pusa, kacariyos ing nalika punika, Bathari Uma tumêdhak saking kahyangan kadewatan ing tanah Indhustan, dhatêng ngarcapada tanah Jawi amancala warni jalu, para widadari sami umiring bela malih warni jalu sadaya, anjog ing wukir Kamula ingkang sapunika nama rêdi Pangerango utawi rêdi Gêdhe. Lajêng jumênêng nata wontên Mêdhangkamulan, tilas kithanipun Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha, Bathari Uma anama Sri Maha Bathara Raja Durga, Dèwi Sati dados pêpatih anama Raja Satya. Sarêng sampun amêmatah wadya punggawa lajêng dhawah angirup-irup, tiyang tanah kilèn sadaya kathah ingkang anungkul, awit sami ajrih ing pangabaraning kamayan warni-warni. Botên antawis lami kapiyarsa saking wukir Maendra, Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha sampun anglampahakên punggawa ingkang kinèn anglurug, sarêng campuh ing prang sami katitih. Nuntên Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha tumindak piyambak anyarirani yuda, wadya punggawa ing Mêdhangkamulan sami larut datan măngga puliha, kathah ingkang muksa dados widadari malih. Sri Maha Bathara Raja Durga mangsah ing rana, angabên kasantikan kalihan Sri Paduka [Pa...]

--- 1 : 117 ---

[...duka] Raja Maha Dewa Budha, gêntos unggul gêntos katitih, dangu-dangu Sri Maha Bathara Raja Durga kenging prabawa pajalêranipun sumêbut, lajêng wangsul warni Bathari Uma malih langkung merang tumungkul kadi mamursita. Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha sarêng uninga ingkang garwa sangêt gêgêtuning galih, lajêng andangu ing karananipun, aturipun Bathari Uma: Pukulun, kawula amung anglampahi saking pratikêlipun Lêmbu Andini, kawula kinèn anusul dhatêng ngarcapada tanah Jawi, maliha warni jalêr angayonana tandhing kasaktèn kalihan paduka. Duk miyarsa Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha gumujêng èsmu rêngu dhatêng Lêmbu Andini, lajêng cinipta ing sanalika dhatêng, Lêmbu Andini langkung ajrih rumaos angsal kalêpatan, dinangu tanpa matur lajêng kaupadrawa dados wangkawa. Samuksanipun Lêmbu Andini, Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha èsmu miduhung ing galih, botên dangu kondur ingkang garwa kabêkta dhatêng wukir Maendra, sarta ingalih nama Bathari Maèswari Parwati.

Ing salêbêting taun Sitrapanu, etanging taun surya sangkala 150, tinêngêran barakaning wisikan tunggal. Kaetang ing taun candra sangkala 154, têningêran[10] dadi marganing rupa.

--- 1 : 118 ---

Amarêngi masa manggasri, kacariyos ing nalika punika Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha, adhêdhawah dhatêng para punggawa kinèn sami angupados lêmbu ingkang kados Lêmbu Andini. Nuntên danawa Sang Gopatana matur yèn gadhah anak warni lêmbu jalêr, nanging botên mêdal saking Dèwi Amatri, êmbokipun têdhaking jantaka, ing mangke sawêg tapa lêlawung wontên ing wana, Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha amiyarsa langkung suka lajêng utusan angupadosi. Sarêng kapanggih punang lêmbu ginunturan, ananging sakathahing guntur botên wontên ingkang tumama, para utusan kawêlèh lajêng sami mantuk. Nuntên Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha tumêdhak piyambak, kadhèrèkakên ing wadya punggawa para rêsi amung sawatawis, sarawuhipun panggenaning lêmbu andhawahakên guntur wisesa, ananging mêksa botên tumama. Mangkana Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha lajêng anantang anguman-uman dhatêng lêmbu, ing ngriku lêmbu madêg suraning driya lajêng anarajang purun, tinanggulang dening Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha langkung rame sami ngabên kasantikan. Dangu-dangu lêmbu kasoran lajêng kenging tinitihan, kabêkta kondur dhatêng wukir Maendra, pinaringan nama Lêmbu Andana, botên lami dipun lih nama Lêmbu Andini, ing satêngah [satê...]

--- 1 : 119 ---

[...ngah] kados dipun èstrèkakên dening kenging katitihan.

Antawis ing dalêm kawan taun botên wontên ingkang kacariyosakên, sarêng andungkap gangsal taun, cariyosipun kados ing ngandhap punika:

Ing salêbêting taun Sarwasiti, etanging taun surya sangkala 155, tinêngêran panca buta tunggal kamuksan. Kaetang ing taun candra sangkala 160, tinêngêran barakan ebahing janma.

Amarêngi masa wisaka, kacariyos ing nalika punika Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha nuju siniwi ing sato khewan, wontên kuwuk anuwun adil, botên suka botên anarima awit juburipun kasêsêlan kambêngan dhatêng pêksi cabak. Nuntên pêksi cabak dinangu, awit milanipun, aturing pêksi cabak: Dhuh pukulun, ing nalika kawula sami jagi rumêksa kagungan panjênêngan paduka kalpataru, pun kuwuk angajak bêtah-bêtahan mêlèk, pundi ingkang kawon dipun pidana, ing wasana pun kuwuk kawon, mila juburipun kawula sêsêli kambêngan, sumêrêp dados pidananipun. Pun kuwuk dipun dangu aturipun yêktos makatên ingkang dados bêbukanipun ing nalar [na...]

--- 1 : 120 ---

[...lar,] ing nalika punika pun kuwuk pinaringan sabda nastawa, tgêsipun: bêtah mêlèk, nanging botên kalilan angambah salêbêting pura kaswargan, pêksi cabak pinaringan sabda nistrawa, tgêsipun: botên bêtah mêlèk, nanging taksih kalilan angambah salêbêting pura kaswargan.

Ing salêbêting taun Sarwadari, etanging taun surya sangkala 156, tinêngêran rasaning gati tunggal barakan. Kaetang ing taun candra sangkala 161, tinêngêran janma anggonjing bumi.

Amarêngi masa kartika, kacariyos ing nalika punika Si[11] Paduka Raja Maha Dewa Budha, nuju siniwi ing kêkutu, wontên kalabang anuwun adil, awit netranipun cinuplak dhatêng niantih. Nuntên niantih dipun dangu awit milanipun, aturipun makatên: Dhuh pukulun, kawula punika, katiga sanak, sadhèrèk kawula ingkang sêpuh anggang-anggang, panêngah wanutru, wuragilipun kawula, ananging ing ngajêng kawula kabucal dhatêng sadhèrèk, amargi lèndhi, mênggah bedhangan kawula kamăngga, katèl, kamlandhingan, kalabang, sanèsipun punika akathah ingkang sami rêmên dhatêng kawula, ananging dununging

--- 1 : 121 ---

sih kawula amung dhatêng kamăngga. Sarêng anuju satunggiling masa wontên pamiwahan, pun muring badhe dhaup kalihan kinjêng dom, kawula badhe ningali pangantèn, pun kamăngga kawula kèn angatêrakên lênggana, wangsulanipun botên sumêrêp ing margi awit netranipun bawur kalih pisan, kawula kinèn angupadosakên netra ingkang botên bawur. Kawula sagah lajêng kesah amanggihi kalabang, sasampunipun pêpasihan kalihan kawula, pun kalabang badhe tilêm, lajêng kawula cuplak netranipun kalih pisan, katampèn dhatêng pun kamăngga, nanging pun kamăngga taksih dèrèng purun angatêrakên. Kawula kinèn angupados netra malih, kawula inggih sagah, ngantos kalampahan kawula angsal anyuplaki netra kathah, netraning lintah, bongkang êrang, cacing kalung, anggang-anggang, amung kenging satunggil netranipun, ingkang satunggil kenging karêbat malih dhatêng pun anggang-anggang, lajêng dinèkèk wontên ing tênggok. Sarêng kawula sampun angsal netra kathah, lajêng dipun trapakên dados netranipun kamăngga, kala samantên kamăngga bingah lajêng purun angatêrakên, suprandosipun taksih gungan anêdha tuntun, têlas aturing niantih. Nuntên kamăngga dinangu inggih ngakêni [nga...]

--- 1 : 122 ---

[...kêni] kados aturing niantih wau. Ing nalika punika Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha lajêng amaringi sabda: Kalabang sinabdan awas wontên ing pêpêtêngan, sagêd andêdulu kados wontên ing pêpadhangan, niantih sinabda apês suku tanganipun. Kamăngga sinabda bawur wontên ing pêpadhang kados ulaping netra andulu surya, sagêdipun aningali sinabda anut ing masa, yèn masa kartika, netranipun ingkang kenging kadamêl aningali amung 1, masa pusa 2, masa manggasri 3, masa sitra 4, masa manggakala 5, masa naya 6, masa palguna 7, masa wisaka 8, masa jita 9, masa srawana 10, masa padrawana 11, masa asuji netranipun 12, dene ingkang sami kecalan netra cinuplak ing niantih, lintah, bongkang sapanunggilanipun wau, sami pinaringan sabda rosa santika angganipun.

Antawis ing dalêm gangsal taun botên wontên ingkang kacariyosakên, sarêng andungkap angsal nêm taun, cariyosipun kados ing ngandhap punika:

Ing salêbêting taun Jayyaha, etanging taun surya sangkala 162, tinêngêran katingal pangrasaning janma.

--- 1 : 123 ---

Kaetang ing taun candra sangkala 167, tinêngêran swara karêngèng jagad.

Amarêngi masa palguna, kacariyos ing nalika punika, Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha, ayasa tabuhan, dipun wastani tabuhan lokananta, inggih punika purwanipun tanah Jawi wontên găngsa, iyasanipun dewa ingkang sapisan.

Ing salêbêtipun taun Manmata, etanging taun surya sangkala 163, tinêngêran wedhaning masa Budha. Kaetang ing taun candra sangkala 168, tinêngêran angèsthi rasaning janma.

Amarêngi masa sitra, kacariyos ing nalika punika Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha ayasa mandhalasana, inggih punika ênggèn palenggotbawan, mênggah lenggot bawa punika, tgêsipun: lenggot, jogèt. Bawa, swara. Dados panggenanipun para dewa bilih karsa andrawina bêbêksan, ingkang ungêling găngsa mawi binarung ing swara, inggih punika purwanipun tanah Jawi wontên bêksan.

Ing salêbêting taun Tunmuki, etanging taun surya sangkala 164, tinêngêran karya obahing jêjanma [jê...]

--- 1 : 124 ---

[...janma.] Kaetang ing taun candra sangkala 169, tinêngêran rudra anggana rupa.

Amarêngi masa kartika, kacariyos ing nalika punika Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha nuju siniwi ing para wadya manusa, wontên tiyang têtiga marêk mangarsa, dinangu ingkang satunggal wasta pun Srêta, satunggalipun wasta pun Sadha, satunggalipun malih wasta pun Hurna, saking dhusun ing Sandêla, sutaning Brahmana Sidhi, tiyang têtiga punika sami anuwun warisan têtilaraning bapakipun ingkang gumantung wontên ing Sang Mudita, pangagêngipun ing Sandêla. Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha lajêng dhawah animbali Sang Mudita, botên antawis dangu dhatêng, kadhawahan kinèn ambagi têtilaraning Brahmana Sidhi dhatêng anakipun têtiga. Aturipun Sang Mudita: Pukulun, kawula botên sagêd ambagi manawi dèrèng kapanggih sababipun ingkang dados wawêlinging Brahmana Sidhi kala badhe pêjah, dene wêlingipun: anak katiga pisan botên angsal panduman, punika kadospundi tgêsipun, wontên wêwêlingan makatên. Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha kèndêl èsmu kawêkèn ing galih, andangu para rêsi miwah para jawata, botên wontên ingkang sagêd amanggih pambudi. Kala samantên [samantê...]

--- 1 : 125 ---

[...n] ratuning gandarwa nuju tumut sewaka, bêbisika kaaturan nimbali tiyang dhusun ing Sandêla kang sêpuh-sêpuh, yèn sampun dhatêng kadangu piyambak-piyambak. Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha lajêng dhawah kinèn animbali têtiyang dhusun ing Sandêla, botên antawis dangu tiyang Sandêla têtiga dhatêng, ratuning gandarwa dhinawuhan amariksa, anuntên kadangu saking satunggal-tunggal. Sarêng sampun dumugi anggènipun andangu, ratuning gandarwa umarêk ing Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha, aturipun: Pukulun, pikantukipun ing papriksan, anak ingkang kaping sapisan pun Srêta, punika anak kuwalon, anak ingkang kaping tiga pun Hurna, punika anak cêloran. Awit saking punika pukulun, mênggah liding wêlinganipun Brahmana Sidhi ingkang kawisikakên dhatêng pun Mudita, saking pamanggih kawula, tgêsipun, anak ingkang kaping tiga akalihan anak kaping sapisan, sami botên angsal panduman raja darbèkipun Brahmana Sidhi, karantên lare kêkalih wau sanès anakipun, dados ingkang têtela kaakên anakipun Brahmana Sidhi piyambak, amung anak ingkang kaping kalih pun Sadha, têtêp anggadhahi raja darbe têtilaraning bapakipun. Dene raja darbe têtilaranipun [têtilarani...]

--- 1 : 126 ---

[...pun] Lagni piyambak, ing sawontênipun, punika kenging kapara tiga, dhatêng pun Srêta, dhatêng pun Sadha, dhatêng pun Hurna, samantên punika anjawi saking karsa paduka nata. Ya ta mangkana, Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha sarêng amiyarsa ing aturipun ratuning gandarwa dahat suka ing galih, tuwin kang asewaka sami mangayubagya sadaya, lajêng kadhawahakên dhatêng Sang Mudita kinèn ambagi raja darbe têtilaranipun Brahmana Sidhi, kalihan têtilaraning Lagni, ingkang anama gana-gini sagananipun pisan, Sang Mudita matur sandika lajêng sami kalilan mantuk, dalah têtiyang ing Sandêla sadaya. Sarêng bibaring pasewakan, Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha ngandika rêraosan kalihan Patih Rêsi Naradha, yèn upami wontêna drigama basa malih ingkang kados wêwêlingipun Brahmana Sidhi punika, Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha sampun kadugi sagêd anarbuka piyambak, aturing Rêsi Naradha inggih kasinggihan, dene sampun amanggih pêpiritan.

Botên watawis lami Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha nuju miyos sinewaka wontên drigama basa kados ingkang sampun kalampahan, purohita ing Waladana, anama Sri Tristha, semahipun anama Wagmi, darbe anak [ana...]

--- 1 : 127 ---

[...k] kêkalih sami èstri, ingkang sêpuh anama Parmi, ingkang nèm anama Parmani, Sang Tristha punika darbe sêsotya cundhamani kaangge cêcundhuk wontên ing gêlung, sarêng Sang Tristha pêjah, cundhamani wau dados rêrêbatan, pun Parmi kalihan pun Parmani kêdah anggadhahi, biyungipun ingkang anama Wagmi bingung kawêdhêngan. Saking sangêting rudatin ing dalu angsal wangsiting Sang Tristha makatên: anak salah sawiji ora anduwèni. Pun Wagmi sangsaya kodhêng dados marêk dhatêng pasewakan, angaturakên cundhamani saanakipun kêkalih, wit mulanipun dumugi ing wêkasan angsal wasit,[12] sampun kaaturakên sadaya. Mangkana Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha botên andungkap wardining wangsit makatên punika, mila sangêt analăngsa ing galih, rumaos angsal sêsikuning Sang Hyang Wisesa, ênggènipun kadugi sagêd anarbuka wardining drigama basa, ingkang kados wêlinging Brahmana Sidhi wau. Rêsi Naradha sumêrêp ing sêmunipun Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha, yèn botên andungkap, nuntên anglampahakên utusan piyambak, kinèn animbali kamisêpuhipun dhusun ing Waladana, tuwin tăngga tapalihipun pun Wagmi, sarêng sampun dhatêng anuntên kapariksa saking satunggal-tunggal [satungga...]

--- 1 : 128 ---

[...l-tunggal.] Sarampungipun ing pandangu, pikantukipun ing papriksan, anak ingkang satunggal pun Parmi punika anak cêloran, jalaran pun Wagmi angsalipun puruhita Sang Tristha sampun wawrat botên kinantên ingkang ngêtêngi, dene wontênipun pun Parmani, Wagmi sampun dados semahipun Sang Tristha, têtêp anakipun Sang Tristha piyambak, dados liding wangsitipun Sang Tristha ingkang makatên wau, tgêsipun: pun Parmi botên wajib anggadhahi. Mila pun Wagmi lajêng kadhawahan ingkang kalêrês anggadhahi cundhamani punika pun Parmani, pun Wagmi amituhu lajêng bibaran ing pasewakan. Inggih punika purwanipun panjênêngan Ratu Jawi, bilih miyos sinewaka mawi amriksa andhawuhakên karampunganipun prakawis, saha bilih prakawis pêtêng mawi anindakakên papriksan dhatêng tăngga tapalihipun ingkang prakawisan.

Salêbêting taun Yiwolambi, etanging taun surya sangkala 165, tinêngêran buta măngsa janma. Kaetang ing taun candra sangkala 170, tinêngêran rusak goraning bumi.

Amarêngi masa manggakala, kacariyos ing nalika punika Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha, ing dalu supêna manggih

--- 1 : 129 ---

sêsotya maniara, sarêng enjingipun amanggih maniara wontên pucaking wukir Maendra salêbêting tejomaya, mila lajêng undhang anduradarsihakên supêna upami supêna adus: tangining tilêm kadhawahan adus, sasaminipun ingkang kados makatên. Ing nalika punika ingkang kaduradarsihan sami sungkawa, karantên yèn wontên ditya supêna măngsa janma, lajêng dipun duradarsihi janma wau kadhawahan măngsa, têmahan andadosakên sangsayanipun ingkang kèpi wontên salêbêting supênan.

Ing salêbêting taun Wulambi, etanging taun surya sangkala 166, tinêngêran anggas angobahakên bumi. Kaetang ing taun candra sangkala 171, tinêngêran tunggal swaraning janma.

Amarêngi masa naya, kacariyos ing nalika punika ing salêbêting kitha wontên tiyang awasta Jaka Pramadha anaking Nangkoda Kèstu, supêna rabi angsal anaking Janggan Salwa, kang anama Kèn Kintya, Jaka Pramadha anggêgubêl dhatêng bapakipun supados anduradarsihêna supênanipun, Nangkoda Kèstu lajêng amanggihi dhatêng Janggan Salwa, sanjang yèn anakipun supêna rabi angsal Kèn Kintya, pamurihing Nangkoda Kèstu prayogi kaduradarsihakên,

--- 1 : 130 ---

wangsulaning Janggan Salwa: Mênggah karsa andika ingkang makatên wau, inggih kapasangyogi, wau enjing anak kula Kèn Kintya sanjang supêna dipun sukani kancana sakati dhatêng semah andika Kèn Sati, punika inggih prayogi kaduradarsihi. Nangkoda Kèstu kèndêl lajêng pamit mantuk, ing wêkasan sowan dhatêng pasewakan. Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha anuju sinewaka, Nangkoda Kèstu matur yèn anakipun wasta Jaka Pramadha supêna rabi angsal anakipun Janggan Salwa kang anama Kèn Kintya, rêmbag dipun duradarsihi, Janggan Salwa awrat. Nuntên Janggan Salwa katimbalan, dhinawuhan anduradarsihi anakipun èstri kang anama Kèn Kintya, dhaup kalihan Jaka Pramadha. Aturipun Janggan Salwa, inggih sandika anggêr supênaning anakipun èstri dipun duradarsihi. Kadangu mênggah supênanipun, Janggan Salwa matur yèn anakipun èstri supêna dipun sukani kancana sakatos dhatêng semahipun Nangkoda Kèstu kang anama Kèn Sati. Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha, kèndêl sakêdhap anggosthi salêbêting galih, tumuntên andhawuhakên pangandika: He, Janggan Salwa, sira kabênêr anglilakake sutanira wadon ingkang aran Kèn Kintya, dhinaupake [dhinaupa...]

--- 1 : 131 ---

[...ke] antuk sutane Nangkoda Kèstu kang aran Jaka Pramadha, Nangkoda Kèstu kabênêr awèh kancana saparoning kati marang sira, karana sira kadhihinan tutur, kalihipun anyandikani lajêng bibaran ing pasewakan.

Ing salêbêtipun taun Wikari, etanging taun surya sangkala 167, tinêngêran swara karêngèng janma. Kaetang ing taun candra sangkala 172, tinêngêran panêmbahing pandhita raja.

Amarêngi masa srawana, kacariyos ing nalika punika wontên raksasa anama Atmira, darbe suta èstri rasêksi nama Wakri, supêna dados garwanipun Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha, Wakri anggubêl dhatêng bapakipun, supados dipun duradarsihêna. Lajêng sami sowan ing Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha. Sang Raksasa Atmira angaturakên supênaning Wakri, sarta anyuwun lumampahipun duradarsihi. Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha ngandika: He, Raksasa Atmira, ingsun iya ngimpi anggarwa rasêksi aran Wakri, nanging laju ingsun tarimakake buta Si Cingkarabala, Wakri anarimah sampun kaangkah garwa sakêdhap lajêng katarimakakên ing danawa Sang Cingkarabala, langkung dènira sih-sinihan.

--- 1 : 132 ---

Ing salêbêting taun Sarwari, etanging taun surya sangkala 168, tinêngêran naga angebahakên bumi. Kaetang ing taun candra sangkala 173, tinêngêran tri swaraning janma.

Wartosipun ing salêbêting taun punika, akathah kemawon ingkang sami dêrdah duradarsihi supênan, ananging karoncèn yèn kapratelakakên cariyosipun satunggal-tunggal. Amung kala amarêngi masa sitra, kacariyos ing nalika punika wontên sima anuwun adil, awit supêna măngsa kidang sarêng badhe dipun duradarsihi pun kidang lênggana, amawi tăndha mungêl sumêngèr, wicantênipun: wus mari awit sêka karsaning dewa. Ing nalika punika kidang ingkang badhe dipun măngsa dening sima wau katimbalan, sarêng dumugi ing ngarsanipun Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha, pun kidang dipun dangu sababipun lênggana, aturipun kidang awit saking pakènipun lutung, pun lutung mawi amratelakakên yèn dhawahing undhang wau sampun mantun, pun lutung lajêng dipun timbali sasowanipun lajêng kadangu, aturipun yêktos ambujuk lênggana dhatêng pun kidang saha awêwarti yèn dhawahing undhang sampun mantun, awit makatên punika katarik dening pangowêlipun gadhah pawong

--- 1 : 133 ---

mitra pun kidang. Kala samantên pun lutung sinalokan: wong owêl awêkasan tambêl sarta kasabdakakên ing saturun-turunipun wadal satunggal-satunggal sabên taun, kapancèkakên dados têdhanipun ing sima.

Ing salêbêting taun Pilapawa, etanging taun surya sangkala 169, tinêngêran dewa rêtu nunggal kamuksan. Kaetang ing taun candra sangkala 174, tinêngêran wahananing wiku tunggal.

Amarêngi măngsa manggasri, kacariyos ing nalika punika, wontên bunglon julig ing budi, rumaos wêlas dhatêng sasaminipun titah ingkang sami kasangsaran, jalaran duradasihi ing supênan, bunglon gadhah budidaya murih icaling lêlampahan wau, enggal umarêk ing Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha, aturipun: Dhuh pukulun, kang binathara ing jagad, kang rinaja-raja para jawata, ingkang satuhu asih mirah dhatêng titahipun, kawula akumapurun saos unjuk ing pada sri pukulun, kalawau dalu kawula supêna katariman pramèswari sri pukulun, anêtêpi dhawuh pangandika nata, ing mangke kawula nyuwun badhe anduradarsihi. Mugi-mugi linêpatna ing bêbêndu tulah sarik, dene titah sri pukulun kados [kado...]

--- 1 : 134 ---

[...s] kawula kumapurun saos unjuk ingkang kados makatên, amargi saupami botên umatura sawantahipun, ajrih bilih anêmahi sapudhêndhaning dewa. Ya ta Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha dupi amiyarsa aturipun bunglon, èsmu merang lajêng muksa saha garwa, miwah sagunging para jawata, para rêsi akathah ingkang sami bela muksa: kondur dhatêng kahyangan kadewatan malih, inggih punika pucaking wukir Têngguru tanah Indhustan. Dados anggènipun Sang Hyang Jagadnata jumênêng nata ngadhaton sapucaking wukir Maendra laminipun sampun 24 taun, kadhaton Mêdhangkamulan ingkang dumunung ing wukir Maendra, lajêng risak botên wontên ingkang jumênêng nata malih.

Amarêngi masa sitra taksih tunggil warsa salêbêting taun Pilapawa.

Kacariyos ing nalika punika, têtiyang ing tanah Jawi sadaya, sami amuja samèdi anênuwun wontêna panjênêngan ratu malih, ingkang supados andadosakên karta raharjaning jaman, amargi samuksanipun Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha, botên wontên ingkang ngasta lêlêrêsan.

--- 1 : 135 ---

Panunggilanipun.

Bab 2.

Lêlampahan ăngka 2 nama Sêrat Dewaraja, kaanggit dening Êmpu Sahasrakirana ing Mamênang, panganggitipun nalika taun surya sangkala 851, taun candra sangkala 877.

Wiyosipun, mênggah bêbukanipun ingkang kacariyosakên, ing salêbêtipun taun Subakarti, etanging taun surya sangkala 170, tinêngêran barakan swaraning janma. Kaetang ing taun candra sangkala 175, tinêngêran pănca pandhita angratoni wiyat.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos ing nalika punika, Sang Hyang Jagadnata adhêdhawah dhumatêng ingkang putra 5 sami ingandikakên angratoni manusa ing tanah Jawi, para putra 5 angèstokakên, lajêng tumêdhak angejawantah dhatêng tanah Jawi jumênêng nata amăncapraja.

1. Sang Hyang Sambo, ajêjuluk Sri Maharaja Maldewa, yasa kitha prênahing wukir Rajabasa, winastan nagari Mêdhangprawa, mênggah nagari Mêdhangprawa tuwin rêdi Rajabasa wau [wa...]

--- 1 : 136 ---

[...u] dumunung wontên salêbêting pulo Sumatra.

2. Sang Hyang Brahma, ajêjuluk Sri Maharaja Sundha, yasa kitha prênahing wukir Maera inggih wukir Anyar, winastan nagari ing Mêdhanggili, mênggah nagari ing Mêdhanggili tuwin rêdi Anyar wau, dumunung salêbêtipun tanah Bantên. Inggih punika purwanipun tanah Bantên saurutipun dipun wastani tanah Pasundhan, kabêkta saking jêjulukipun ingkang jumênêng nata.

3. Sang Hyang Endra, ajêjuluk Sri Maharaja Sakra, yasa kitha prênah wontên ing wukir Mahamèru, winastan nagari ing Mêdhanggana, mênggah nagari ing Mêdhanggana tuwin rêdi Mahamèru wau, dumunung salêbêtipun tanah Prabalingga, rêdi Mahamèru lajêng katêlah nama rêdi Sêmèru.

4. Sang Hyang Wisnu, ajêjuluk Sri Maharaja Suman, yasa kitha prênahing wukir Gora, winastan nagari ing Mêdhangpura, mênggah nagari ing Mêdhangpura tuwin rêdi Gora wau, dumunung salêbêting tanah Têgal, rêdi Gora lajêng nama rêdi Slamêt, utawi dipun wastani rêdi Gêdhe.

5. Sang Hyang Bayu, ajêjuluk Sri Maharaja Bima, yasa kitha prênahing wukir Karang, winastan nagari ing Mêdhanggora, mênggah nagari ing Mêdhanggora tuwin rêdi Karang wau, dumunung [du...]

--- 1 : 137 ---

[...munung] wontên salêbêtipun Pulo Bali.

Ing nalika punika ratu gangsal sami angraja piyambak-piyambak, patrapipun amêmitran kemawon, botên wontên ingkang ngêrèh utawi karèh, sarta sami nata agami ing talatahipun sowang-sowang, wondene patrap pandamêlipun kadhaton, saha anggèning miyos sinewaka, botên siwah kadosdene jumênêngipun Ratu Sang Hyang Jagadnata.

Ing salêbêting taun Sabakarti, etanging taun surya sangkala 171, tinêngêran rupa rêsi nunggal barakan. Kaetang ing taun candra sangkala 176, tinêngêran karênga sukaning bumi.

Amarêngi masa sitra, kacariyos ing nalika punika wontên jawata têtiga sami tumêdhak angejawantah dados rêsi, 1. Bathara Wandha, anama Rêsi Atrakelasa, inggih punika putranipun Sang Hyang Rêsi Brahmastya, Sang Hyang Rêsi Brahmastya putraning Sang Hyang Pancarêsi, Sang Hyang Pancarêsi putraning Sang Hyang Darmajaka, Sang Hyang Darmajaka putraning Sang Hyang Nurasa.

2. Bathara Langsur, nama Rêsi Drastha.

3. Arining Bathara Langsur, nama Bathara Singajalma, sarêng [sa...]

--- 1 : 138 ---

[...rêng] dados rêsi anama Rêsi Kusamba, kalih pisan sami putraning Sang Hyang Citragotra, Sang Hyang Citragotra punika ingkang raka Sang Hyang Rêsi Brahmastya. Kala samantên rêsi têtiga lajêng sami amêmulang ayuning panata agama satunggal-tunggal, dhatêng rèhipun para nata amăncapraja.

Ing salêbêting taun surya sangkala 172, taun candra sangkala 177, kabuyutan ing wukir Kusara kaupakara winangun candhi, winastan candhi Gopa.

Salêbêting taun Ananda, etanging taun surya sangkala 173, tinêngêran gunaning rêsi tunggal. Kaetang ing taun candra sangkala 178, tinêngêran sariraning pandhita raja.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos ing nalika punika wontên jawata sakawan tumêdhak sami dados rêsi.

1. Bathara Kulika, nama Rêsi Prawa, inggih punika putranipun Sang Hyang Sanggana, Sang Hyang Sanggana putraning Sang Hyang Êning, Sang Hyang Êning putraning Sang Hyang Wênang, dados arining Sang Hyang Tunggal.

2. Bathara Suksena, nama Rêsi Boma.

3. Bathara Suksrana, nama Rêsi Bana, punika sami putraning Sang Hyang Nihoya, Sang Hyang Nihoya arining

--- 1 : 139 ---

Sang Hyang Sanggana.

4. Bathara Gangga, nama Rêsi Kosara, punika putraning Sang Hyang Eramaya, Sang Hyang Eramaya arining Sang Hyang Nitoya, kala samantên rêsi sakawan lajêng sami anggêlarakên suraosing agami satunggal-tunggal, dhatêng bawahipun para nata amăncapraja.

Ing salêbêting taun surya sangkala 174, taun candra sangkala 179 kabuyutan ing wukir Maha Himawan kaupakara winangun candhi winastan candhi Watrika.

Ing salêbêting taun surya sangkala 175, taun candra sangkala 180 kabuyutan ing wukir Kulamba kaupakara winangun candhi winastan candhi Ngrêtkaca.

Antawis ing dalêm kawan taun botên wontên ingkang kacariyosakên, sarêng andungkap gangsal taun, cariyosipun kados ing ngandhap punika:

Ing salêbêtipun taun Rudraksa, etanging taun surya sangkala 180, tinêngêran barakaning sarira raja. Kaetang ing taun candra sangkala 185, tinêngêran tata samadyaning bumi.

Amarêngi masa wisaka, kacariyos ing nalika punika, Rêsi Atrakelasa dhatêng nagari ing Mêdhangprawa prênah

--- 1 : 140 ---

pulo Sumatra, lajêng kadadosakên pêpatihipun Sri Maharaja Maldewa, inggih Sang Hyang Sambo.

Ing salêbêting taun surya sangkala 181, taun candra sangkala 186, kabuyutan ing wukir Syakola, kaupakara winangun candhi winastan candhi Saradi.

Ing salêbêting taun Biswawisu, etanging taun surya sangkala 182, tinêngêran kalih kasarirèng raja. Kaetang ing taun candra sangkala 187, tinêngêran rêsi murti rupa boma.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos ing nalika punika, kabuyutan ing wukir Bangsa, kaupakara winangun candhi, winastan candhi Ugra.

Amarêngi masa naya, taksih salêbêting taun Biswawisu ing nginggil, kacariyos ing nalika punika Rêsi Drastha kalihan Rêsi Kusamba, sami dhatêng ing nagari Mêdhanggili tanah Bantên, kalih pisan lajêng kadadosakên pêpatihipun Sri Maharaja Budha, inggih Sang Hyang Brahma.

Ing salêbêting taun Kalayudi, etanging taun surya sangkala 183, tinêngêran gunaning brahmana raja. Kaetang ing taun candra sangkala 188, tinêngêran brahmana kasarira ing ratu.

--- 1 : 141 ---

Amarêngi ing masa palguna, kacariyos ing nalika punika, Rêsi Prawa dhatêng ing nagari Mêdhanggana tanah Prabalingga, lajêng kadadosakên pêpatihipun Sri Maharaja Sakra, inggih Sang Hyang Endra, dipun lih nama Rêsi Kapila.

Amarêngi masa wisaka, taksih tunggil warsa ing salêbêting taun Kalayudi, kacariyos ing nalika punika, Rêsi Boma kalihan Rêsi Bana, sami dhatêng ing nagari Mêdhanggora prênah pulo Bali, Rêsi Boma lajêng kadadosakên patihipun Sri Maharaja Bima, inggih Sang Hyang Bayu, Rêsi Bana kadadosakên purohita, kasêbut Gunawan, inggih punika guru ingkang ngulah budi.

Ing salêbêting taun Kalakandha, etanging taun surya sangkala 184, tinêngêran pakartining naga bumi. Kaetang ing taun candra sangkala 189, tinêngêran trus naga narendra.

Amarêngi masa manggakala, kacariyos ing nalika punika wukir Candragêni inggih punika Marapi, mungêl jumêgur ngèbêki bumi, lajêng murub angkara-kara, ngantos ing dalêm kawan dasa dintên laminipun. Sasampuning sirêp, Sri Maharaja Suman inggih Sang Hyang Wisnu utusan amariksa, sarêng pinariksa kabuyutan ing wukir wau sirna,

--- 1 : 142 ---

panggenaning kabuyutan dhungkar dados kawah umob mawalikan, lajêng kaupakara dipun pêndhêti walirangipun.

Amarêngi masa palguna, taksih tunggil warsa ing nginggil, kacariyos ing nalika punika Rêsi Kosara dhatêng nagari Mêdhangpura tanah Têgal, lajêng kadadosakên pêpatihipun Sri Maharaja Suman, inggih Sang Hyang Wisnu.

Ing salêbêting taun Rautri, etanging taun surya sangkala 185, tinêngêran buta murti wani mati. Kaetang ing taun candra sangkala 190, tinêngêran sirna ragoning bumi.

Amarêngi masa jita, kacariyos ing nalika punika, nagari ing Mêdhanggili tanah Bantên, kadhatêngan mêngsah ditya raja saking nagari ing Lêngkapura, nama Raja Iranyakasipu, kalihan raja ditya saking Kasipura nama Raja Iranyawrêka, kalêrês arining Raja Iranyakasipu, dhatêngipun ambêkta wadyabala tanpa wicalan, mênggah nagari Lêngkapura wau, inggih punika tanah Ngalêngka, ing mangke kawastanan pulo Selon. Sri Maharaja Sundha inggih Sang Hyang Brahma lajêng nyuruhi ingkang raka ingkang rayi, sami dhatêng sawadyabalanipun sadaya, ing antawis dintên lajêng campuh prang, nanging wadyabalanipun para nata Jawi sami kasêsêr.

--- 1 : 143 ---

Nuntên pêksi garudha titihanipun Sri Maharaja Suman, inggih Sang Hyang Wisnu nama Pêksi Briawan, tinuduh kinèn mangsah prang, ing ngriku wadyabala ing Lêngkapura ing Kasipura, sami katitih sarta kathah ingkang kasambut, nuntên Ditya Raja Iranyakasipu kalihan Ditya Raja Iranyawrêka, sami mangsah angawaki prang, Sang Paksi Briawan dipun but kalih kawon kapalajêng, nuntên Sri Maharaja Suman inggih Sang Hyang Wisnu krodha malih sima pêthak anama Narasingha umangsah prang, wêkasan Ditya Raja Iranyakasipu kalihan Ditya Raja Iranyawrêka, sami pêjah kasambut ing rana. Nuntên sutaning Ditya Raja Iranyakasipu nama Ditya Banjaranjali mangsah pêpulih, kang amêthukakên prang Sang Paksi Briawan, ramening prang wêkasan Ditya Banjaranjali kapikut lajêng têluk, sima pêthak sampun warni Raja Suman malih. Nuntên ratu gangsal sami kalêmpakan, Ditya Banjaranjali dinangu ingkang dados sababipun anglurug tanpa kramaning narendra. Aturing Ditya Banjaranjali: Pukulun, saking kadarpaning manah ênggènipun karsa amikramakakên putra, inggih kawula punika ingkang badhe dipun dhaupakên kalihan putri ing Mêdhanggili, awit dening putri ing Mêdhanggili kang anama Dèwi Brahmani, punika [pu...]

--- 1 : 144 ---

[...nika] kaloka saking sabrang yèn anglangkungi endahipun, angungkuli adhi kawula èstri kêkalih kang awasta Dèwi Kasipi, Dèwi Kistapi. Pangandikanira Sri Maharaja Sundha inggih Sang Hyang Brahma: He, Banjaranjali, kadangira wadon iku apa warna manusa, apa warna ditya. Aturipun Ditya Banjaranjali: Inggih warni manusa, karantên ibunipun anama Dèwi Nariti, putrinipun Prabu Nasa ing Banapura, kawarti têdhaking manusa, Sri Maharaja Sundha angandika malih: Yèn mangkono Banjaranjali, sadulurira iku têkakna ing nagara Mêdhanggili kene, manawa bisa têka măngka têmên rupa manusa endah, sira iya bakal ingsun dhaupake karo putraningsun Dèwi Brahmani, Ditya Banjaranjali matur sandika lajêng mêsat angambara. Sapêngkêring Ditya Banjaranjali, Sri Maharaja Suman inggih Sang Hyang Wisnu, atur sasmita dhatêng ingkang raka Sri Maharaja Sundha inggih Sang Hyang Brahma: Kakang prabu wohing kajêng sriputa badhe kaparag ing ama, wontên ingkang anyirnakakên ama, yêkti badhe amanggih nugraha. Sri Maharaja Sundha anyandhak ing sasmita punika, dados rumaos kuciwa ing sêmu, nanging amangsuli pangandika sasmita: Yayi prabu kucing anyirnakakên tikus [tiku...]

--- 1 : 145 ---

[...s] kang ana ing lumbung, ora bungah yèn ginanjara pari, sayêkti kudu anjaluk daging. Sri Maharaja Suman sampun anyandhak ing sasmita punika, Sang Paksi Briawan tinimbalan dhatêng sampun awarni manusa bagus. Sri Maharaja Sundha andangu dhatêng ingkang rayi: Yayi prabu kang prapta ana pungkuranira iku sapa. Sri Maharaja Suman amatur: Punika Paksi Briawan. Sri Maharaja Sundha ngungun, ananging bêbasan sabda pandhita ratu, botên kenging yèn angoncatana, dados angandika dhatêng ingkang rayi yayi Prabu Suman, manawa Ditya Banjaranjali boya têka, Dèwi Brahmani iya ingsun dhaupakên antuk Manuk Briawan, yèn Ditya Banjaranjali têka, Manuk Briawan ingsun trimani arine Dèwi Brahmani kang aran Dèwi Brahmani Sri, Sri Maharaja Suman mangayubagya. Sarêng pêndhak dintên, Ditya Banjaranjali dhatêng sarta ambêkta Dèwi Kasipi tuwin Dèwi Kistapi, nuntên Ditya Banjaranjali kadhaupakên antuk Dèwi Brahmani, Sang Paksi Briawan kadhaupakên antuk Dèwi Brahmani Sri, Ditya Banjaranjali lajêng kinèn sumilih ing kapraboning ramanipun, wontên nagari Lêngkapura, nama Raja Ditya Banjaranjali, Sang Paksi Briawan kinèn angratoni sakathahing [saka...]

--- 1 : 146 ---

[...thahing] paksi sadaya, pinaringan nama Raja Winata, sasampunipun makatên, para ratu sami kondur dhatêng prajanipun sowang-sowang.

Ing salêbêting taun Dundumi, etanging taun surya sangkala 186, tinêngêran rêtuning brahmana tunggal kamuksan. Kaetang ing taun candra sangkala 191, tinêngêran rupa anrusing bumi.

Amarêngi masa padrawana, kacariyos putranipun Sri Maharaja Sundha kathahipun 20 iji, putra putri kasêbut dèwi, nurutakên wiwit kala Sang Hyang Wênang, apêputra putri, kaparingan sasêbutan dèwi, amila sadaya garwa tuwin putra dewa ingkang miyos putri, sêsêbutanipun dèwi. Dene putranipun kakung kaparingan sêsêsêbutan[13] radèn, tgêsipun: sêsotya kang adi, dados ingkang nama radèn punika putranipun dewa ingkang ngejawantah jumênêng nata. Ing salajêngipun, putranipun para ratu kina ing tanah Jawi, ingkang kakung kasêbut radèn, ingkang putri kasêbut dèwi, inggih punika purwanipun wontên sêsêbutan radèn akalihan dèwi. Mênggah pratelan namaning putra kados ing ngandhap punika:

1. Radèn Maricibrahma, 2. Radèn Naradhabrahma, sami saking

--- 1 : 147 ---

garwa Dèwi Saci. 3. Radèn Brahmanasa, 4. Radèn Brahmadewa, 5. Radèn Brahmanaraja, 6. Radèn Brahmanakandha, 7. Radèn Brahmanarêsi, sami saking garwa Dèwi Saraswati. 8. Dèwi Brahmani angsal Prabu Banjaranjali, ratu danawa ing nginggil, 9. Dèwi Brahmani Sri, angsal Prabu Winata ratu paksi ing nginggil, 10. Radèn Brahmaniskala, 11. Radèn Brahmanityasa, 12. Radèn Brahmaniyara, 13. Dèwi Brahmaniyari, 14. Dèwi Brahmaniyodi, 15. Radèn Brahmaniyama, 16. Radèn Brahmaniyata, 17. Dèwi Brahmaniyati, 18. Dèwi Brahmaniyuta, 19. Dèwi Drêsanala, 20. Dèwi Drêsawati, sami saking garwa Dèwi Rarasati, ing nalika punika para putra kakung ing Mêdhanggili, sami anênuwun Dèwi Kasipi Dèwi Kistapi, ingkang sami gadhah panuwun dhatêng ingkang rama: 1. Radèn Maricibrahma, 2. Radèn Naradhabrahma, 3. Radèn Brahmanasa, 4. Radèn Brahmanadewa, 5. Radèn Brahmanaraja, 6. Radèn Brahmanakandha, 7. Radèn Brahmanarêsi, 8. Radèn Brahmaniskala, 9. Radèn Brahmanityasa. Sri Maharaja Sundha inggih Sang Hyang Brahma langkung kewran ing galih, dene pawèstri kêkalih

--- 1 : 148 ---

dipun suwun putra sanga, saking sangêting sungkawa, Sri Maharaja Sundha lajêng amurwèng ăngga, anêgês ing karsanipun kang kawasa, nuntên wontên pustaka rêntah saking gêgana, aciri sastra sasmita. Sri Maharaja Sundha lajêng animbali para putra kadhawahan sami angungêlakên cirining pustaka, para putra ingkang wêwolu sami botên wontên ingkang sagêd angungêlakên, amung Radèn Brahmanityasa piyambak ingkang sagêd angungêlakên, mênggah ungêlipun makatên: diyaèng diyandarya. Kang rama dhawah kinèn anêgêsi, ananging Radèn Brahmanityasa botên sagêd anjarwani, kala samantên wontên putra saking garwa Dèwi Rarasati, anama Radèn Brahmaniyama, kalêrês ingkang rayi Radèn Brahmanityasa, botên darbèni panuwun dhatêng pawèstri kêkalih wau, punika Radèn Brahmaniyama kadhawahan ingkang rama yèn sagêd amardèni cirining pustaka, ing ngriku Radèn Brahmaniyama lajêng anêgêsi makatên: pawèstri kawêngku wiyaring manah. Sri Maharaja Sundha sumêrêp ing basa sasmita makatên punika, pundi ingkang kathah kagunanipun sarta angagungakên ambêk palamarta, punika ingkang pantês amêngkoni Dèwi Kasipi Dèwi Kistapi. Sarèhning para putra wau ingkang kalêbêt sugih

--- 1 : 149 ---

guna paramarta amung kêkalih, dados karsanipun Sri Maharaja Sundha, Dèwi Kasipi kaparingakên Radèn Brahmanityasa, Dèwi Kistapi kaparingakên Radèn Brahmaniyama, para putra ingkang wêwolu sami merang lajêng muksa dados dewa malih kasêbut nama sang hyang sadaya.

Ing salêbêting taun Triyodari, etanging taun surya sangkala 187, tinêngêran pandhita angèsthi sura. Kaetang ing taun candra sangkala 192, tinêngêran paksa anrusing bumi.

Amarêngi masa manggakala, kacariyos ing nalika punika, anak putunipun Bagawan Danu inggih punika para danawa, sami kalêmpakan wontên ing Gobraja, Danawa Raja Danuka kaaturan uninga dhatêng ingkang rayi Danawa Sang Keswaraja, yèn para danawa akathah ingkang pêjah dipun sikara ing para rêsi, kawarti saking pakènipun para nata gangsal, mila Raja Danuka sangêt dukanipun, lajêng golong ing rêmbag sêdya badhe anyirnakakên para nata gangsal kang amăncapraja. Sasampuning samapta sami mangkat angirid para danawa tanpa wicalan, ingkang kalurugan rumiyin nagari ing Mêdhanggana, inggih punika ing wukir Mahamèru, dhatêngipun lajêng angagètakên,

--- 1 : 150 ---

Sri Maharaja Sakra inggih Sang Hyang Endra, sagarwa putra miwah sawadya kawur sami kapalajêng saking kitha. Ya ta Patih Rêsi Kapila èngêt yèn darbe pawong mitra rewănda Sang Malawapati, nuntên Rêsi Kapila amanggihi katantun pinèt sraya sagah, rewănda Malawapati lajêng anglêmpakakên anak putu saha kulawangsanipun sadaya, antawis dintên lajêng mangsah prang rame gêntos unggul gêntos katitih, ing wêkasan para danawa kasêsêr kathah ingkang kasambut ing prang, Raja Danuka kalihan Sang Keswaraja sami mangsah pêpulih angamuk punggung, akathah rewănda ingkang pêjah. Nuntên rewănda Malawapati angêdalakên pangabaran bayu rota, tgêsipun: angin ingkang langkung santêr, ing ngriku para danawa sami sirna sadaya. Katur dhatêng Sri Maharaja Sakra langkung trustha ing galih, ing nalika punika rewănda Malawapati, lajêng kadadosakên punggawa wontên ing Mêdhanggana.

Amarêngi masa srawana, taksih tunggil warsa, ing salêbêting taun Triyodari, kacariyos ing nalika punika, Sri Maharaja Sakra awit karsa amangun kitha kadamêl kitha Gara, kori sakèthèng maju sakawan, abêbiting mawi jagang sarta kapurancang, kadhaton munggul wontên pucaking

--- 1 : 151 ---

wukir Mahamèru langkung asri kawuryan.

Ing salêbêting taun Tisimuka, etanging taun surya sangkala 188, tinêngêran brahmana wolu tunggal kamuksan. Kaetang ing taun candra sangkala 193, tinêngêran wêlut anglèng ing siti.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos ing nalika punika, Sri Maharaja Sakra karsa yasa kêkojor, rinakit durgama rungsit dados kawan panjuru, wontên sukuning wukir Mahamèru.

Amarêngi masa padrawana, taksih tunggil warsa ing salêbêting taun Tisimuka, ing nalika punika kabuyutan ing wukir Parsasta inggih punika rêdi Prawata, kaupakara winangun candhi winastan candhi Gowindra.

Amarêngi masa asuji, inggih taksih tunggil warsa ing salêbêting taun Tisimuka, kacariyos ing nalika punika, kabuyutan ing wukir Udarati inggih punika rêdi Arjuna, kaupakara winangun candhi winastan candhi Briku.

Ing salêbêting taun Dinakara, etanging taun surya sangkala 189, tinêngêran gatra samadyaning bumi. Kaetang ing taun candra sangkala 194, tinêngêran karya trusthaning janma.

--- 1 : 152 ---

Amarêngi masa palguna, kacariyos ing nalika punika, para nata amăncapraja sami kalêmpakan wontên ing kithanipun Sri Maharaja Sakra, akasukan lenggot bawa, inggih punika andrawina bêksan tinabuhan ing găngsa lokananta mawi binarung ing swara. Sabibaring palenggotbawan, sami anggalih tingkahing kasaktèn miwah kadigdayan jaya kawijayan, sampun ngantos wontên kang nyênyami, saisining jagad traya sadaya sami kuciwaa, para nata gangsal sami wulang-winulang rasèh-rinasehan. Ing nalika sawêg eca dènira sami angraosakên lampahing kasantikan, nuntên wontên cahya ngadêg samadyaning pahêman, katingalan sangsaya panjang, para nata gangsal sami kagyat, pangandikanipun: Lah apa iki kang katon têka luwih elok. Pangandikaning para nata makatên wau sami maras ing galihipun, lajêng sami anggaragèh astanipun kiwa têngên anggayuh cahya, ananging punang cahya sangsaya inggil, katingalan ngantos sadêdêg, para nata gangsal sami cuwa ing galih agarêgêtên, lajêng sami jumênêng arsa nyandhak uluking cahya, ing ngriku punang cahya sangsaya manginggil bêblês dhatêng gêgana. Para nata gangsal sami bramantya umêsat ing gêgana, miwah [mi...]

--- 1 : 153 ---

[...wah] para rêsi sewa sogata sami tumutur sadaya sami anyakra tuwin jêmparing dhatêng cahya punika, nanging botên wontên kang ngalêbda karya, jêmparingipun sami kawangsul, ngantos dangu dènira sami amrih pamunahing cahya tansah karepotan. Sri Maharaja Suman lajêng tiwikrama dados waraha pindha wukir gêngipun, tumêdhak lajêng andhungkiri siti, karsanipun yèn tan kapanggih bungkahi cahya arsa kaulah-ulah supados rêbah, sarêng dumugi sadhasaring siti kaosak-asik tanpa wontên labêtipun wêkasing cahya wau. Mangkana Sri Maharaja Sundha, sarêng ingkang rayi Sri Maharaja Suman amblês ing bumi, Sri Maharaja Sundha lajêng tiwikrama dados pêksi ulung muluk angambara wêkasan angungkuli pucaking cahya, punang cahya sinambêr binêlah ing suwiwi lajêng sirna botên katingalan. Nuntên kawistara prananing cahya wontên ing samudra, atêmahan toyanipun umob mawalikan kadi kinêbur, burbuwah syuh sumamburating ngambara yayah angêlêm jagad traya, Sri Maharaja Sundha botên kewran dènira angungsir angosak-asik salêbêting samudra. Wêkasan kapanggih kalihan ingkang rayi Sri Maharaja Suman sampun mantun awarni waraha, Sri Maharaja Sundha lajêng mantun awarni pêksi

--- 1 : 154 ---

ulung, ing ngriku sami wartos-winartosakên ing sasolahipun, nuntên sami amurwèng ăngga anêgês karsa, anungku samèdi êning, cipta amêngku sawêngkoning jagad traya. Botên antawis dangu wontên katingalan pawèstri ayu endah, dinangu namanipun, matur yèn dewataning bumi anama Dèwi Pratiwi, dinangu malih, manawi sumêrêp ing bêbuka utawi kadadosaning cahya wau. Aturipun: Pukulun, punika cahyaning lingga manik ingkang manggèn dhasaring bumi, ing kina kagunganipun Sang Hyang Wisesa, milanipun lingga manik angêdalakên cahya anggayuh ing bomantara, punika dados pratăndha yèn para jawata badhe uru-ara sami sulaya ing galih, sami suwela ing pangandika, têmah dhompo ing pratingkah, rêsah pranataning lampah dados sami rêbat ambawani bawana wontên ing ngarcapada. Wêkasan sirêping cahya saking panjênêngan paduka sakalihan, punika amratandhani yèn panjênêngan paduka sakalihan badhe sami dados pamungkas ambawani bawana, amimbuhi wimbaning kawibawan wontên ing ngarcapada, ngantos têdhak-tumêdhak ingkang jumênêng nata amung saking têrah panjênêngan paduka sakalihan, têlas aturipun Dèwi Pratiwi nata sakalihan [sakaliha...]

--- 1 : 155 ---

[...n] sami suka ing galih. Nuntên Sri Maharaja Sundha angambil lingga manik ingkang wontên sadhasaring bumi, Dèwi Patiwi[14] lajêng kagarwa Sri Maharaja Suman, angalih nama Dèwi Sriwasudari, sasampunipun makatên, lajêng sami kondur dhatêng prajanipun sowang-sowang.

Ing salêbêting taun Sujarha, etanging taun surya sangkala 190, tinêngêran sunya ragoning bumi. Kaetang ing taun candra sangkala 195, tinêngêran pănca trusing lêmah.

Amarêngi masa palguna, kacariyos ing nalika punika kabuyutan ing wukir Antaga kaupakara winangun candhi winastan candhi Pulung.

Ing salêbêting taun Sadhamuka, etanging taun surya sangkala 191, tinêngêran rupa gatraning bumi. Kaetang ing taun candra sangkala 196, tinêngêran karênga trusthaning janma.

Amarêngi masa pusa, kacariyos ing nalika punika, wontên tiyang barèti, inggih punika tiyang ngèbèr awasta Kodeya, awisma ing Kotara, paminggiring praja ing Mêdhangpura, pun Kodeya wau nuju kêkesahan dhatêng Mêdhanggili awade pêpêlikan, mondhok wontên [wontê...]

--- 1 : 156 ---

[...n] griyaning pawong mitranipun, awasta Puyika, salêbêting praja Mêdhanggili. Sarêng ing antawis dintên, pun Kodeya kaapus krama dhatêng pun Puyika, gêgramènipun ingkang awarni pêpêlikan wau adat ingkang sampun kalampahan inggih pun Puyika ingkang nyadèkakên, pêpajênganipun kalihan urupan ing samurwating pangaos. Ananging nalika pun Puyika nêdya amasang dirgama, pangaosing pêpêlikan katêdha urupipun, pun Puyika amangsuli yèn sampun cubak kalihan prabeyane anggènipun anyugata sarta angabiwadha paksi bêrkutut têlas 10 iji, ing dalêm paksi bêrkutut satunggil, pangaos wawrat kancana sêpuh satail, kapal kiratha satunggal, inggih punika kapal jagi kadamêl bujung sato wana, pangaos wawrat 10 katos kancana sêpuh. Uwos kajêng lisah kambangan, ayam sabubunipun tuwin têtêdhan sapanunggilanipun kagarba pangaos 10 katos kancana sêpuh, kaetang gunggungipun sadaya dados 21 katos wawrating kancana sêpuh, pêpêlikanipun pun Kodeya amung wawrat 22½ katos, dados kantun ingkang 1½ katos, sampun tumănja wontên ing urupan musthika

--- 1 : 157 ---

kala rumuhun. Sarêng sampun kawangsulan makatên, pun Kodeya botên suka botên narima, ngantos kalampahan sowan dhatêng păncaniti amilênggahakên ing uduripun, ananging kadamêl kawon. Mila pun Kodeya enggal mantuk lajêng matur dhatêng Sri Maharaja Suman, inggih Sang Hyang Wisnu, ing ngriku Sri Maharaja Suman anglampahakên punggawa Rêsi Isthira, kautus minta lêrês dhatêng Sri Maharaja Sundha inggih Sang Hyang Brahma ing Mêdhanggili, ananging botên angsal damêl. Kala samantên Sri Maharaja Suman sêdya angupados wêwalêsan kemawon, sampun kadhawuhakên dhatêng wadya ing Mêdhangpura sadaya, kinèn sami ambudi pasanging paekandaya.

Amarêngi masa sitra, taksih tunggil warsa ing salêbêting taun Sadhamuka, kacariyos ing nalika punika, wontên tiyang kiratha ing Mêdhanggili, inggih punika juru abêbujêng sato wana utawi gêrma, wasta pun Pastima, nuju ambêbêdhag amêmikat dhatêng wana lawan sarencangipun băngsa tuwaburu sadaya. Kala samantên pun Pastima pisah kalihan rencangipun, amargi ambujêng kidang wulung, kalunta-lunta ngantos dumugi têpis-wiringipun nagari ing Mêdhangpura, ananging kidang wulung lajêng botên kantênan purugipun.

--- 1 : 158 ---

Pun Pastima kèndêl sarta anênulup pêksi, wontên paksi dêrkuku pêthak katulup lêpat, sarêng mabur lajêng dipun têtukung sabên mencok katulup lêpat malih, dados tansah katukung ing sapurugipun. Anuntên wontên tiyang karumba ing Mêdhangpura, inggih punika tiyang juru amêndhêt jangan rambanan ing wana, wasta pun Salibana, nuju arêramban lawan sarencangipun, pun Salibana sumêrêp yèn wontên tiyang anênukung paksi dêrkuku pêthak, tinakenan angakên tiyang kiratha saking Mêdhanggili, ing purwa wasananipun sampun kacariyosakên sadaya. Pun Salibana sarèhne sampun angsal parentah kalilan adamêl pasangan paekandaya dhatêng têtiyang ing Mêdhanggili, pun Pastima lajêng dipun palècèti ngantos balindhis, ujaripun Salibana makatên: Rahayune dêrkuku putih ora mati, upama matia sayêkti têtumpêsan wong sadesa Kamban iki, karana dêrkuku putih nyawane wong sadesa kabèh. Pun Pastima, lumajêng sowan dhatêng păncaniti ing Mêdhangpura anuwun lêrês, ananging kadamêl kawon, pun Pastima enggal mantuk lajêng matur dhatêng Sri Maharaja Sundha inggih Sang Hyang Brahma, ing ngriku Sri Maharaja Sundha anglampahakên pêpatih Sang Rêsi Kuramba,

--- 1 : 159 ---

kautus aminta lêrês dhatêng ing Mêdhangpura, ananging botên angsal damêl, Sri Maharaja Sundha rumaos kawalêsan, prakawisipun pun Kodeya rumiyin.

Antawis ing dalêm sataun botên wontên ingkang kacariyosakên, sarêng andungkap angsal kalih taun, cariyosipun kados ing ngandhap punika:

Ing salêbêting taun Jagalogêna, etanging taun surya sangkala 193, tinêngêran murub mukaning janma. Kaetang ing taun candra sangkala 199, tinêngêran anrus babahaning bumi.

Amarêngi masa wisaka, kacariyos ing nalika punika, para nata gangsal kalajêng sami sulaya saking wadyabalanipun kathah ingkang păncabakah, wontên kang rêbat pasitèn, wontên kang rêbat èstri, wontên kang rêbat arta rukmi, wontên kang rêbat kawruh, wontên kang rêbat unggul, atêmahan dados păncakara, kathah sami paprangan ing dhusun tuwin nagari. Para nata gangsal, silir pranatanipun, sami rêbat lêrês anglêrêsakên wadyanipun piyambak, ananging karoncèn manawi kacariyosna satunggal-tunggal, ing nalika punika sangêt rêtunipun ing tanah Jawi, kathah prakawis botên kapranata.

--- 1 : 160 ---

Ing salêbêting taun Kilaka, etanging taun surya sangkala 194, tinêngêran pakartining dewa ratu. Kaetang ing taun candra sangkala 200, tinêngêran boma sunya paksa muksa.

Amarêngi masa srawana, kacariyos ing nalika punika, para putranipun Sang Hyang Ismaya sami tumurun angejawantah dados brahmana, Sang Hyang Ismaya wau ingkang raka Sang Hyang Girinata, putra ingkang tumurun sanga: 1. Sang Hyang Wungkuam, anama Brahmana Raja Wedha, 2. Sang Hyang Siwah, nama Brahmana Raja Bahlika, 3. Sang Hyang Wrahaspati, nama Brahmana Raja Tristha, 4. Sang Hyang Yamadipati, nama Brahmana Raja Graksa, 5. Sang Hyang Surya, nama Brahmana Raja Grisma, 6. Sang Hyang Candra, nama Brahmana Raja Walanta, 7. Sang Hyang Kuwera, nama Brahmana Raja Ima, 8. Sang Hyang Tamburu, nama Brahmana Raja Patut, 9. Sang Hyang Kamajaya, nama Brahmana Raja Tadhi, wontên malih dewa Sang Hyang Mahyanti, nama Brahmana Raja Yukta. Pangejawantahipun dewa sadaya wau, arsa anyapih ingkang sami păncakara, dhatêngipun sami anjujug wontên wukir Maendra. Sarêng ing antawis dintên para nata gangsal sami angsal wangsit, kinèn dhatêng ing wukir Maendra, wontên [wontê...]

--- 1 : 161 ---

[...n] brahmana sadasa ingkang badhe anyirêp rêtuning janma, angarah arjanipun bumi. Para nata gangsal inggih sami têdhak ing wukir Maendra, kapanggih para brahmana lajêng sinungan sasmita makatên: badan kawisesa dening manah, manah kawisesa dening nyawa, nyawa kawisesa dening dewa. Para nata gangsal sampun tampi sasmita makatên wau, dados sami rumaos ing kalêpatanipun, gènipun amêngku bala, dene kakirangan ing pangrèhipun dènira anata aniti amariksa amisesa, măngka panggalihipun para nata, bala punika kawisesa dening ratu, ratu kawisesa dening adil, adil kawisesa dening bijaksana, sasampunipun makatên, para brahmana sadaya wau sami adamêl pasanggiri ukara mantra: a i e u o, punika cipta sasmitaning ukara mantra, para nata gangsal sami kinèn andadosakên ungêl satunggal, pundi ingkang sagêd, punika badhe kawasa angratoni jagad, nanging para nata gangsal botên wontên ingkang lêbda karya, wêkasan sami pinerang karatonipun, pinatah sowang-sowang. Sri Maharaja Maldewa inggih Sang Hyang Sambo ingkang jumênêng ing Mêdhangprawa tanah Sumatra, lajêng kinèn angratoni sagunging ibêr-ibêran [ibêr-i...]

--- 1 : 162 ---

[...bêran,] ingalih nama Sri Maharaja Kagapati. Sri Maharaja Sundha inggih Sang Hyang Brahma ingkang jumênêng ing Mêdhanggili tanah Bantên, lajêng kinèn angratoni sagunging manusa kalihan raksasa, ingalih nama Sri Maharaja Prajapati. Sri Maharaja Sakra inggih Sang Hyang Maendra, ingkang jumênêng ing Mêdhanggana, wukir Sêmèru tanah Prabalingga, lajêng kinèn angratoni sagunging jawata kalihan para rêsi, ingalih nama Sri Maharaja Surapati. Sri Maharaja Suman inggih Sang Hyang Wisnu, ingkang jumênêng ing Mêdhangpura tanah Têgal, lajêng kinèn angratoni sagunging buron toya, ingalih nama Sri Maharaja Matswapati. Sri Maharaja Bima inggih Sang Hyang Bayu, ingkang jumênêng ing Mêdhanggora tanah Bali, lajêng kinèn angratoni sagunging sato khewan, ingalih nama Sri Maharaja Mrêgapati, nuntên para nata gangsal sami kondur dhatêng prajanipun sowang-sowang, para brahmana sami muksa dados dewa malih, amung kantun Brahmana Raja Bahlika, kang arsa anggêlarakên wêwulang.

Kacariyos wiwit salêbêtipun taun surya sangkala 194, taun candra sangkala 200, ingkang jumênêng nata angratoni manusa ing tanah Jawi sawêwêngkonipun sadaya, inggih punika kalêbêt pulo Sumatra Bali tuwin [tuwi...]

--- 1 : 163 ---

[...n] Madura, namung satunggal panjênênganipun Sri Maharaja Prajapati, inggih Sang Hyang Brahma.

Kacariyos lêlampahanipun Brahmana Raja Bahlika anggènipun anggêlarakên wêwulang, sabên wontên ingkang sampun kawulang salwiring kasaktèn miwah pangawikan, punika panganggêpipun sami ambathara, lajêng suwita dhatêng Brahmana Raja Bahlika. Sarêng sampun kathah manusa lan raksasa miwah sato khewan, ingkang suwita sarta angèstokakên ing wêwulang wau, Brahmana Raja Bahlika lajêng arêraton wontên wukir Maendra, asêsilih nama Sri Maharaja Balya, anggênggèni tilas kadhatonipun Sri Paduka Raja Maha Dewa Budha ing nguni, winastanan kitha Mêdhangsiwanda, dados ing nalika punika, tanah Jawi lajêng wontên panjênêngan ratu kêkalih ingkang ngratoni manusa.

Ing salêbêting taun Prapawa, etanging taun surya sangkala 195, tinêngêran ditya rinago ing janma. Kaetang ing taun candra sangkala 201, tinêngêran janma tanpa netra.

Amarêngi masa asuji, kacariyos nagari Mêdhanggili tanah Bantên, ing nalika punika wontên tiyang jalêr wadyanipun Sri Maharaja Prajapati inggih Sang Hyang Brahma, anama [a...]

--- 1 : 164 ---

[...nama] Nadrika, semahipun pêjah kamăngsa ing ditya, lajêng matur nuwun adil dhatêng Sri Maharaja Prajapati. Pangandikanipun Sri Maharaja Prajapati: Sira apa wêruh arane ditya kang amăngsa. Pun Nadrika matur yèn botên sumêrêp. Sri Maharaja Prajapati angandika malih: Ora tumindak yèn ora wêruh araning ditya kang amăngsa, ingsun mung amrayogakake sira rabia manèh kewala. Pun Nadrika langkung susah lajêng mundur, ing antawis dintên kesah dhatêng wukir Maendra matur ing Sri Maharaja Balya. Sri Maharaja Balya amaringi wangsit makatên: măngsa kala, tgêse sabarang kang amăngsa iku patine kêna ing kala. Pun Nadrika lajêng kaparingan rontal, sasuwir rinajah sangkali, kinèn amasang ing prênah kang asunya. Pun Nadrika lajêng mantuk, punang rontal sampun kapasang ing panggenan suwêng botên dangu wontên raksasa satunggal anama Srênggampa, badhe angupados mêmangsan, sarêng wontên panggenan pamasanging rontal wau, Raksasa Srênggampa ambruk botên sagêd ebah, pun Nadrika sumêrêp lajêng ginutukan sela, Raksasa Srênggampa pêjah. Ing sapêjahipun Raksasa Srênggampa, pun Nadrika rumaos ajrih yèn kawisesa nagari, dene amêjahi ditya [di...]

--- 1 : 165 ---

[...tya,] lajêng kesah suwita dhatêng Mêdhangsiwanda, inggih ing wukir Maendra.

Ing salêbêting taun Iwa, etanging taun surya sangkala 196, tinêngêran oyag gapuraning ratu. Kaetang ing taun candra sangkala 202, tinêngêran karoya sêmpal pangnya.

Amarêngi masa srawana, kacariyos ing nalika punika, nagari Mêdhanggora tanah Bali, wontên anak banthèng kamăngsa sima, banthèng lajêng anuwun adil dhatêng Sri Maharaja Mrênggapati, inggih punika Sang Hyang Bayu, kadhawahan makatên: Anakira dèn măngsa ing macan, sira amalêsa măngsa anaking macan. Aturing banthèng botên doyan amăngsa sima. Sri Maharaja Mrênggapati angandika malih: Yèn sira ora doyan amăngsa macan iya uwis narimaa kewala, banthèng susah lajêng mundur, ing antawis dintên lajêng dhatêng ing Mêdhangsiwanda inggih ing wukir Maendra, matur ing Sri Maharaja Balya inggih punika Brahmana Raja Bahlika, ing ngriku banthèng lajêng sinabdan kadunungan karosan, supados sagêda anêmbadani karosaning sima, sarta winangsit yèn sungunipun punika minăngka dêdamêl, banthèng anggraita lajêng

--- 1 : 166 ---

mundur dhatêng wana, angadhang-adhang wontên margining sima, ing sabên wontên sima ingamuk purun, sinundhangan ingundha-undha, punang sima kawus-kawus ing salaminipun ajrih dhatêng banthèng.

Amarêngi masa asuji, taksih tunggil warsa ing salêbêting taun Iwa, kacariyos ing nalika punika, kabuyutan ing wukir Nilandusa inggih rêdi Wilis tanah Madiun, kaupakara winangun candhi, winastan candhi Krêsna.

Ing salêbêting taun Culika, etanging taun surya sangkala 197, tinêngêran swara anrus pratala. Kaetang ing taun candra sangkala 203, tinêngêran katon muksa kapêksa.

Amarêngi masa palguna, kacariyos ing nalika punika, nagari ing Mêdhangpura tanah Têgal, wontên ratuning mina, matur ing Sri Maharaja Matswapati inggih Sang Hyang Wisnu, yèn balanipun mina kathah ingkang pêjah sami katêdha ing paksi, Sri Maharaja Matswapati, ingaturan amilênggahakên dhatêng ingkang raka Sri Maharaja Kagapati inggih Sang Hyang Sambo, ing Mêdhangprawa tanah Sumatra. Sri Maharaja Matswapati angandika: Sira amalêsana mangan manuk kewala. Aturipun ratuning mina: Kadospundi anggèn [ang...]

--- 1 : 167 ---

[...gèn] kawula sagêd amalês, sarèhning botên wontên mina ingkang sagêd mabur. Pangandikanipun Sri Maharaja Matswapati: Yèn mangkana durung kêna pinikir prakara iku, awit bangsanira mina padha apês ora nana kang kawasa angambah ing gêgana. Ratuning mina kèndêl èsmu sungkawa, lajêng anênuwun ing dewa sagêda kaparingan adil.

Botên watawis lami, Sri Maharaja Balya inggih Brahmana Raja Bahlika nuju amêng-amêng pinggiring toya, ratuning mina matur anuwun adil, yèn balanipun sami katêdha ing paksi. Nuntên Sri Maharaja Balya amaringi sarana warni lisah supados sampun kenging katêdha ing paksi, lisah lajêng katampèn dening ratuning mina lajêng pinandum-pandum, ananging pambaginipun botên waradin, wontên ingkang angsal, wontên ingkang botên kawaradinan. Ya ta Sri Maharaja Matswapati inggih Sang Hyang Wisnu, sarêng amiyarsa yèn sagunging mina sami sinungan sarana dhatêng Sri Maharaja Balya, Sri Maharaja Matswapati merang rumaos kaungkulan luhuring panggalih, ing wêkasan lajêng muksa kondur ing kahyangan kadewatan, tanah Indhustan, dados Sang Hyang Wisnu malih. Etang anggènipun Sang Hyang Wisnu angejawantah jumênêng nata wontên tanah Jawi, laminipun [la...]

--- 1 : 168 ---

[...minipun] 27 taun, kitha ing Mêdhangpura tanah Têgal, lajêng risak botên wontên ingkang jumênêng ratu malih.

Ing salêbêting taun Pramaduda, etanging taun surya sangkala 198, tinêngêran kèsthi trusthaning ratu. Kaetang ing taun candra sangkala 204, tinêngêran warna muksa kasikara.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos ing nalika punika, nagari ing Mêdhangpura tanah Têgal, kabawah dhatêng Mêdhanggili tanah Bantên, nuntên Rêsi Drasta katanêm dados pangagêng wontên ing Mêdhangpura tanah Têgal, botên lami muksa lajêng kagêntosan Rêsi Kuramba.

Ing salêbêting taun Prasudpadi, etanging taun surya sangkala 199, tinêngêran gatra gapuraning ratu. Kaetang ing taun candra sangkala 205, tinêngêran kalima muksa kapêksa.

Amarêngi masa sitra, kacariyos ing nalika punika, Sri Maharaja Balya inggih Brahmana Raja Bahlika tansah amitulungi dhatêng sagunging kang kasusahan, ingkang kapitulungan wau lajêng kabala ing Sri Maharaja Balya. Sarêng Sri Maharaja Kagapati inggih Sang Hyang Sambo, kalihan Sri Maharaja Prajapati inggih Sang Hyang Brahma, tuwin Sri Maharaja [Mahara...]

--- 1 : 169 ---

[...ja] Mrênggapati inggih Sang Hyang Bayu, sami amiyarsa langkung merang rumaos kaungkulan bijaksana, ing wêkasan sami muksa, kondur ing kahyangan kadewatan tanah Indhustan, dados dewa malih. Etang anggènipun Sang Hyang Brahma, Sang Hyang Sambo, Sang Hyang Bayu, sami angejawantah jumênêng nata wontên tanah Jawi, laminipun sami 29 taun, kitha ing Mêdhangprawa tanah Sumatra, Mêdhanggili tanah Bantên, Mêdhanggora tanah Bali, lajêng risak botên wontên ingkang jumênêng ratu malih.

Sri Maharaja Balya lajêng amarentah sagunging manusa, sakutu-kutu wong alang taga, amung para jawata ingkang taksih têtêp dipun ratoni ing Sri Maharaja Surapati, kadhaton lêstantun wontên wukir Mahamèru, dipun lih nama Suralaya, Sri Maharaja Surapati ajêjuluk Sang Hyang Surapati, ingkang ugi nama Sang Hyang Endra. Inggih punika purwanipun kahyangan utawi karatonipun Sang Hyang Endra, kawastanan Suralaya.

Ing salêbêting taun Anggila, etanging taun surya sangkala 200, tinêngêran tanpa barakan paksa muksa. Kaetang ing taun candra sangkala 206, tinêngêran anggas mati kasikara.

--- 1 : 170 ---

Amarêngi masa sitra, kacariyos ing nalika punika, Sang Hyang Kala tumurun dhatêng ngarcapada, anjujug wontên têlênging samudra, amêmăngsa ulam toya. Ya ta dewataning samudra ingkang anama Sang Hyang Gangga matur dhatêng Sang Hyang Kala, yèn saisining samudra kalangkung kawlasarsa, dene kamăngsa tanpa dosa, Sang Hyang Kala kaprayogèkakên amêmăngsa isining dharatan kemawon, punika kathah ingkang anandhang dosa dhatêng dewanipun. Sang Hyang Kala angandika: sagung bêburoning banyu iku wênang winisesa tanpa dosa. Sang Hyang Gangga kèndêl lajêng kesah, sarêng ing antawis dintên angsal pambudi lajêng wangsul matur dhatêng Sang Hyang Kala malih: Dhuh pukulun, kawula kamipurun atêtanya, purwaning tumitah punika punapa kenging kawastanan bangsaning dumados. Wangsulanipun Sang Hyang Kala: Asal kamulaning tumitah iku mêsthi kêna dèn arani bangsaning dumadi. Sang Hyang Gangga gumujêng sarwi matur malih: Dhuh dhuh pukulun, kawarti kala ing kina panjênêngan paduka dumados saking salêbêting samudra, yèn makatên isèn-isèning samudra sadaya punika dados băngsa paduka, punapa pikantukipun panjênêngan paduka têka kolu amăngsa sami băngsa. Sang Hyang Kala merang rumaos [ru...]

--- 1 : 171 ---

[...maos] kaluhuran sabda, ing wêkasan lajêng muksa wangsul dhatêng kahyanganipun malih.

Kacariyos, wiwit taun surya ăngka 101 dumugi ăngka 200, taun candra wiwit ăngka 104 dumugi ăngka 206 dipun wastani jaman Budha. Wiyosipun ing nalika punika, wiwitipun têtiyang Jawi waradin manjing agami Budha, anut sarengatipun para dewa.

----------

Trita Kandhêh.

Bab 3.

Babaranipun cariyos Sêrat Maharêsi, kapêthik dados kalih lampahan, lêlampahan ăngka 1. nama Sêrat Rêsi Kala, kaanggit Êmpu Baubajra ing Mamênang, panganggitipun nalika taun surya sangkala 851, taun candra sangkala 877.

Wiyosipun, mênggah ingkang dados bêbuka kacariyosakên ing salêbêtipun taun Istrimuka, etanging taun surya sangkala 201, tinêngêran janma ambubrah [ambu...]

--- 1 : 172 ---

[...brah] panêmbah. Kaetang ing taun candra sangkala 207, tinêngêran pandhita muksa kapêksa.

Amarêngi masa sitra, kacariyos ing nalika punika Sang Hyang Kala tumurun dhatêng ngarcapada, sarêng Sang Hyang Antaga tumurun angêmbani Sang Hyang Kala, tumêdhakipun wau angsal wêwênang saking Sang Hyang Guru, pinaringan pêpancèn ingkang dados mêmangsanipun. Ing watawis dintên Sang Hyang Wisnu tumurun, kalihan ingkang rayi Sang Hyang Mahadewa, Sang Hyang Cakra, Sang Hyang Asmara, sarêng Sang Hyang Ismaya tumurun angêmbani Sang Hyang Wisnu kalihan ingkang rayi têtiga wau, nuntên Sang Hyang Wisnu ngruwat sakathahipun ingkang pinanci dados mêmangsanipun Sang Hyang Kala, ing ngandhap punika pratelanipun ingkang sami dipun ruwat sadaya.

1. Ontang-anting, inggih punika rare tanpa kadang bapa biyung.

2. Kadhana-kadhini, sadhèrèk kêkalih sami èstri.

3. Kêmba,[15] rare mêdal sarêng sadintên, jalêr sami jalêr, èstri sami èstri.

4. Dhampit, rare mêdal sarêng jalêr kalihan èstri.

--- 1 : 173 ---

5. Gondhang kasih, rare mêdal kêmbar ingkang satunggal bule, ingkang satunggal cêmêng.

6. Tawang gantungan, rare kêmbar wêdalipun sarênti mawi antawis dintên.

7. Sakrêndha, rare mêdal kêkalih utawi tiga tunggil sabungkus wêdalipun sarêng.

8. Wungkus, rare mêdal bungkus.

9. Wungkul, rare mêdal tampa ari-ari.

10. Tiba sampir, rare mêdal kalung usus.

11. Tiba ungkêr, rare mêdal kagubêd ing usus, utawi wêdalipun mawi sêsakitên botên sagêd anangis.

12. Jêmpina, rare mêdal dèrèng mangsanipun, kadosta: mêdal pitung wulan utawi mêdal wolung wulan.

13. Margana, rare mêdal saba paran.

14. Wahana, rare mêdal ing paramean.

15. Julungwangi, rare mêdal malêthèk surya.

16. Julungsungsang, rare mêdal wanci têngange.

17. Julungsarab, rare mêdal ngajêngakên sêrap surya.

--- 1 : 174 ---

18. Julungpujud, rare mêdal sêrap surya.

19. Sêkar sapasang, sadhèrèk kalih sami èstri.

20. Ugêr-ugêr lawang, sadhèrèk kalih sami jalêr.

21. Sêndhang kapit pancuran, sadhèrèrèk tiga, jalêr kêkalih, èstri satunggal.

22. Pancuran kapit sêndhang, sadhèrèk tiga, jalêr satunggal, èstri kêkalih.

23. Sarămba, sadhèrèk sakawan jalêr sadaya.

24. Sarimpi, sadhèrèk sakawan èstri sadaya.

25. Pancala putra, sadhèrèk gangsal jalêr sadaya.

26. Pancala putri, sadhèrèk gangsal èstri sadaya.

27. Pipilan, sadhèrèk gangsal, èstri sakawan jalêr satunggal.

28. Padangan, sadhèrèk gangsal, jalêr sakawan èstri satunggal.

29. Siwah, rare salewah.

30. Krêsna, tiyang cêmêng mulus.

31. Wungle, tiyang bule.

32. Walika, tiyang bajang.

33. Wungkul, tiyang wungkuk sangkaning rare.

--- 1 : 175 ---

34. Dhêngkak, tiyang bucu ing ngajêng.

35. Butun, tiyang bucu ing wingking.

36. Wujil, tiyang cebol.

Anjawi saking punika wontên ingkang dipun ruwat malih, amargi dados pangayam-ayaming galihipun Sang Hyang Kala, ing ngandhap punika pratelanipun sadaya. 1. Kontêning wisma utawi candhela taksih mênga nuju ing wêdaling sandyakala, inggih punika angajêngakên sêraping surya, 2. wisma tanpa tutup keyong, 3. made tanpa lingkaban, inggih punika ambèn tanpa gêlaran, 4. pajangan tanpa samir, 5. kasur tanpa pramada, 6. wêwadhah tanpa tutup, 7. lumbung tanpa dhêdhasar, 8. sumur wontên ing ngajêngan lêrês, 9. sumur wontên ing wingking lêrês, 10. pawon majêng mangetan, 11. pawon majêng mangalèr, 12. siti pemahan miring, 13. pawuhan acêlak wisma, 15.[16] tiyang ngrêbahakên dandang wontên ing padangan, 16. tiyang atrap dandang ing pawon dèrèng amususi uwos, 17. tiyang anugêlakên pipisan utawi gandhik, 18. tiyang mêmipis kapêndhêt ing ngajênging gandhik utawi dèrèng rumantos racikanipun sampun anglumahakên [anglumaha...]

--- 1 : 176 ---

[...kên] pipisan, 19. tiyang mêmipis majêng mangalèr utawi majêng mangidul, 20. tiyang botên dêdupa, 21. tiyang botên nate sêsawur, 22. tiyang botên nate têtawur, 23. tiyang botên nate lêlabuh, 24. tiyang botên nate sêsaji, 25 tiyang botên nate mêmule, 26. tiyang botên nate ngengehan kados ta: tiyang nutu botên tilar wos ing lêsung, sasaminipun ingkang makatên, 27. tiyang botên nate anênapu, 28. tiyang anênapu ing dalu, 29. tiyang anênapu uwuhipun kabêsmi, 30. tiyang ngandhêgakên uwuh, 31. tiyang kêkêlut sinjang, 32. tiyang ambucal uwuh ing longan, 33. tiyang ambucal uwuh saking candhela, 34. tiyang kêkêlut asta, 35. tiyang carobo, 36. tiyang têtoyan utawi wawratan ing wisma, 37. tiyang têtoyan ing wadhah, 38. tiyang têtoyan ing margi, 39. tiyang asring wêwuda, 40. tiyang angadêg têngahing kontên, 41. tiyang gandhulan kontên, 42. tiyang lênggah pipining kontên, 43. tiyang asring săngga uwang, 44. tiyang asring ngore rambut, 45. tiyang kêkêmul sinjang, 46. tiyang asring èdhèg suku, 47. tiyang singsot, 48. tiyang

--- 1 : 177 ---

anjêthuti dariji ing dalu, 49. tiyang ngêthoki kuku ing dalu, 50. tiyang nugêli kuku kacakotan ing untu, 51. tiyang sogok untu ing kuku, 52. tiyang sugih supaos, 53. tiyang andorani darbèkipun, 54. tiyang ambêsmi rambut, 55. tiyang ambêsmi bêbalung, 56. tiyang ambêsmi kulit bawang, 57. tiyang ambêsmi kajêng kelor, 58. tiyang ambêsmi kulikaning dhadhap, 59. tiyang ambêsmi galar, 60. tiyang ambêsthi munthu miwah enthong utawi irus, 61. tiyang ambêsmi sapu gêrang, 62. tiyang ambucal tuma gêsang, 63. tiyang ambucal sarêm, 64. tiyang ambucal duduh jangan, 65. tiyang ambucal kokoh, 66. tiyang mènèk ing wanci têngange, 67. tiyang mêmènèk sampun mudhun dipun wangsuli mènèk malih, 68. tiyang tilêm enjing, 69. tiyang tilêm ing wanci têngange, 70. tiyang tilêm sêrap surya, 71. tiyang tilêm ing waton ambèn, 72. tiyang tilêm brungkus dalamakan, 73. tiyang tilêm mawi rasukan, 74. tiyang ngêbuk wêtêng ing dalu, 75. tiyang anatabakên ing wêwadhah, 76. tiyang nêdha ajang godhong pisang pucukan, 77. tiyang nêdha sarwi têtilêman, 78. tiyang nêdha kalayan lumampah, 79. tiyang nêdha sarwi [sar...]

--- 1 : 178 ---

[...wi] ngore rambut, 80. tiyang nêdha sêkul taksih panas, 81. tiyang nêdha dalu tanpa dilah, 82. tiyang nêdha wontên ing griya suwêng, 83. tiyang nyinggahakên ajang botên ingasahan, 84. tiyang amadhangakên sêkul, 85. tiyang simpên sêkul aking, 86. tiyang nêdha wontên ing patilêman, 87. tiyang mêntas nêdha tanpa wisuh, 88. tiyang asring dhidhis, 89. tiyang petan ing dalu, 90. tiyang metani rabinipun, 91. tiyang asring dhedhe, 92. tiyang angandhangi rajakaya pitik iwèn wontên salêbêting griya, 93. patarangan wontên salêbêting griya, 94. tiyang lênggah ing bantal, 95. tiyang usap-usap rai ing sinjang utawi rasukan, 96. tiyang usap-usap lambe ing sinjang, 97. tiyang nêdha dèrèng wisuh kausapakên ing sinjang, 98. tiyang mêntas nêdha ingkang mawi suru godhong surunipun botên kasuwèk, 99. tiyang nguculi wêwungkusan kasuwèk kemawon, 100. tiyang ngiling lisah calupak sami calupak, 101. tiyang ngungalakên dilah ing dariji, 102. tiyang ngungalakên dilah ing gagang sêdhah, 103. tiyang ngangge ucêng-ucêng têgêsan, 104. tiyang amangsuli sisanipun piyambak, 104.[17] tiyang mêmantu dhatêng pawon, 106.

--- 1 : 179 ---

tiyang anglela-lela anak ing dalu, 107. tiyang ngambung anak kang sawêg tilêm, 108. tiyang èstri sawêg wawrat angêngandhut utawi anggêgembol, 109. tiyang èstri wawrat lênggah ing tampah utawi ing lumpang, 110. tiyang simpên sela cêndhani wontên ing griya botên kabuntêl, 111. tiyang ngêgarakên songsong wontên ing griya, 112. tiyang ngungêlakên drêmenan wontên ing griya, 113. tiyang ngadêgakên sapu wontên ing griya, 114. tiyang ngadêgakên gulungan lante wontên ing griya, 115. tiyang nguwuh bapa babu kasêbut namanipun, 116. tiyang nglangkahi gagang kelor, 117. tiyang ngrêbêgakên lantingan wontên ing gênthong, 118. tiyang ngiling toya lantingan sami lantingan, 119. tiyang amastani apu ing dalu, dipun wastani ênjêt, 120. tiyang ngilo kalihan gumujêng, 121. tiyang gitês lingsa wontên ing sirah, 122. tiyang anggarap padamêlan kasar ngantos sêrap surya dèrèng bibar, 123. tiyang anggarap padamêlan ing malêm Jumungah, 124. tiyang mêmantu ambucal wuhipun ing griya, 125. tiyang idu ing ilo-ilo dilah, 126. tiyang angangge tratag tilas gêdhèg [gê...]

--- 1 : 180 ---

[...dhèg] griya, 127. tiyang nyambêl dipun toyani duduh jangan, 128. tiyang kêlan godhong lombok, 129. tiyang adang kukusanipun kaêtrap ing kêndhil, 130. tiyang nanêm pisang wontên ing ngajêngan, 131. tiyang nanêm lung-lungan wontên ing ngajêngan, 132. tiyang ngangge griya bang-bangan, 133. tiyang ngangge tilas griya tilas sanggar utawi cungkup, 134. tiyang ngangge griya tilas bango utawi kandhang pawon kontên, 135. tiyang adêdupa ing malêm Sukra Manis kalihan malêm Sukra Wage, 136. tiyang ngadêgakên griya mănggasesa inggih punika êmpyak kang sasih[18] sampun minggah kang sasisih ngantos dintênipun malih, 137. tiyang ngangge dandosan dêling wongwang inggih punika sadaya ingkang pinanci dados arad-aradanipun Sang Hyang Kala.

Mênggah pangandikanipun Sang Hyang Jagadnata dhatêng Sang Hyang Kala makatên: He, Kala wong kang mangkana kabèh ingku[19] yèn katungkul sira mangsanên badane, yèn laksana mangsanên bêgjane, tgêse pêpêtên sandhang pangane, yêkti kêna sira arad ing wêkasane, ananging kang santosa budine, ora kêna winisesa ing salawase. Sarêng Sang Hyang Jagadnata mêntas angandika makatên rumaos kaduwung,

--- 1 : 181 ---

cipta têlas manusa ing ngarcapada, mila Sang Hyang Wisnu enggal kadhawuhan tumurun, angruwat sakathahipun têtiyang ingkang kasêbut wau sadaya. Ing nalika punika Sang Hyang Kala kawêlèh-wêlèh dènira badhe mêmăngsa, awit sampun sami karuwat dhatêng Sang Hyang Wisnu, sarta tiyang ingkang mêntas sami karuwat, dhinawuhan angungêlakên rajah kala cakra ingkang wontên ing jajanipun Sang Hyang Kala, punika minăngka panulaking rancananipun Sang Hyang Kala, kados ingkang kasêbut wontên ing lêlagoning sêkar 16 prawiralalita, ungêlipun makatên, yama raja jara maya yama rani nira maya (yasi lapa pala siya, yami doro rodo miya), yami dosa sado miya, yada yuda dayu daya (yasi yaca caya siya, yasi hama maha siya. Tgêsipun: hèh pagrancana maria luwih, hèh kang anêkani ilanga kaluwihanira), hèh kang awèh luwe amarêgana, hèh kang awèh malarat, anyukupêna, (hèh kang anyikara maria nangsaya, hèh kang amêrangi laruta kuwatira), hèh kang para cidra kogêl wêlasa, hèh kang dadi ama: yogya asiha.

Kalayan malih sami dhinawuhan anglampahi ulah brata gangsal prakawis kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika [pu...]

--- 1 : 182 ---

[...nika:]

1. siyam, awit ing sabên sêrap surya dumugi ing wanci têngange

2. mêlèk, awit ing sabên bangun enjing, ngantos ing raintênipun dumugi sirêp tiyang, yèn badhe tilêm ing wanci sirêp tiyang punika mawi adus, tangining tilêm ing wanci bangun enjing punika lajêng adus, nuntên lumampah-lumampah ing sakuwawinipun

3. ambisu, awit ing sabên tangi tilêm bangun enjing punika ngantos dumugi wêdaling surya, salêbêting ambisu wau sarwi amêsu budi anyipta rahayuning badan

4. wahdat, ing sabên satus dintên kengingipun sanggama, yèn botên kuwawi satus dintên, ing dalêm kawan dasa dintên

5. sabar ing salami-laminipun.

Pangandikaning Sang Hyang Wisnu lampah gangsal prakawis punika, dados pangruwataning papa citraka, anuwuhakên bagya raharja, sarêng têtiyang sadaya wau sampun sami anglampahi ulah brata makatên, Sang Hyang Kala ajrih anyêlaki. Nuntên Sang Hyang Antaga amanggihi Sang Hyang Ismaya, minta ingkang sampun kapancèkakên dados mêmangsaning

--- 1 : 183 ---

Sang Hyang Kala, wangsulanipun Sang Hyang Ismaya, kakang Antaga, sabarang lêlara iku yèn wus waluya dening usada, bêcik tulusa rahayu, Sang Hyang Antaga merang lajêng muksa, ing nalika punika Sang Hyang Kala lêstantun botên angsal mêmangsan botên sagêd angêngarad, lajêng pakumpulan kalihan para lêlêmbat brakasakan, sagunging lêlêmbat brakasakan sadaya sampun sami angidhêp dhatêng Sang Hyang Kala, nuntên Sang Hyang Wisnu muksa kalihan ingkang rayi-rayi tuwin Sang Hyang Ismaya. Kalanipun awit sami tumurun dumugi rampunging pangruwat ing dalêm satus dintên, tumurunipun anuju ing masa sitra, rampunging pangruwat anuju ing masa palguna, amila padatanipun tiyang Jawi, bilih angrêbahakên dandang tuwin nugêlakên pipisan, punapadene bilih rare ontang-anting sapanunggilanipun, mawi karuwat sarana nanggap ringgit purwa, inggih punika ingkang dados purwanipun.

Sarêng ing masa wisaka, taksih salêbêting taun Istrimuka, kacariyos ing nalika punika, Sang Hyang Kala anggêlarakên kasaktèn, kathah têtiyang puruhita lajêng sami sumawita, nuntên Sang Hyang Kala anata agami, anyirêp agami gangsal ingkang sampun kalampah kangge ing kathah [ka...]

--- 1 : 184 ---

[...thah,] kados ta: agami Sambo, agami Brahma, agami Endra, agami Wisnu, agami Bayu, ing ngriku lajêng kathah têtiyang ingkang ambucal agaminipun lami, sami angangge agami Kala, amung ingkang santosa taksih sami ngangge agaminipun sowang-sowang.

Ing salêbêting taun Pawa, etanging taun surya sangkala 202, tinêngêran anêmbah tanpa asta. Kaetang ing taun candra sangkala 208, tinêngêran èsthi sirnaning dhêsthi.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos ing nalika punika Sang Hyang Kala ayasa candhi wontên salêbêting samudra kidulipun pulo Jawi, winastan candhi Kamale, inguparêngga langkung asri kawuryan.

Ing salêbêting taun Ipa, etanging taun surya sangkala 203, tinêngêran uninga barakaning panêmbah. Kaetang ing taun candra sangkala 209, tinêngêran gapura tanpa timbang.

Amarêngi masa manggakala, kacariyos ing nalika punika, Sang Hyang Kala ayasa candhi wontên satêpining samudra, wangun kados gapura minăngka kontênipun dhatêng candhi Kamale winastan candhi Kalaka.

--- 1 : 185 ---

Ing salêbêting taun Tadu, etanging taun surya sangkala 204, tinêngêran warna tanpa boja. Kaetang ing taun candra sangkala 210, tinêngêran patining janma kacaksuh.

Amarêngi masa sitra, kacariyos ing nalika punika, Sang Hyang Kala ayasa candhi wontên ing wana Tulyan, salèring wukir Maendra inggih rêdi Lawu tanah Surakarta, kiwa têngêning candhi sinungan bale pacrabakan, sarêng dados winastan candhi Sali.

Ing salêbêting taun Iswara, etanging taun surya sangkala 205, tinêngêran tata barakaning panêmbah. Kaetang ing taun candra sangkala 211, tinêngêran rupa kênya kasikara.

Amarêngi masa kartika, kacariyos ing nalika punika, têtiyang ingkang sampun anut agaminipun Sang Hyang Kala sami ayasa candhi, wontên sangajênging candhi Sali, winastan candhi Mali.

Amarêngi masa srawana, taksih tunggil warsa ing salêbêting taun Iswara, kacariyos nagari ing Mêdhangsiwanda, Sri Maharaja Balya ing nalika punika, amiyarsa ujaring pawartos, yèn ing wana Tulyan wontên purohita [purohi...]

--- 1 : 186 ---

[...ta] langkung dibya sakti, malah anggêlarakên agami enggal, Sri Maharaja Balya anglampahakên duta Sang Rêsi Kuramba ing Mêdhangpura, kinèn animbali purohita saha siswanipun ingkang sami anut sadaya, dumugi ing wana Tulyan, Rêsi Kuramba tanpa lêbda karya, awit katitih ing wicara katindhih ing pangaribawa, dados wangsul matur yèn botên angsal damêl, malah kathah pangalêmbananipun dhatêng Sang Hyang Kala. Sri Maharaja Balya langkung duka, Rêsi Kuramba inguman-uman têmah muksa dados bathara singa janma malih, Sri Maharaja Balya langkung amiduhung ing galih awêkasan lilih dukanipun.

Ing salêbêting taun Wakdaniya, etanging taun surya sangkala 206, tinêngêran rasa barakan kêmbar. Kaetang ing taun candra sangkala 212, tinêngêran kalih tunggal boja.

Amarêngi masa sitra, kacariyos ing nalika punika, Sri Maharaja Balya amanggihi Sang Hyang Kala, awit sangsaya kayungyun ujaring pawartos, sarêng sampun kapanggih lajêng angabên kasaktèn, Sri Maharaja Balya kasoran, ing wêkasan lajêng puruhita anut ing agaminipun Sang Hyang Kala, mantun angangge agami Brahma, nuntêk [nu...]

--- 1 : 187 ---

[...ntêk][20] Sang Hyang Kala ingangkah kadang anèm satuhu angiras minăngka guru, lajêng kabêkta dhatêng Mêdhangsiwanda kadadosakên patih, nama Guruwinda, ajêjuluk Siwandakara. Ya ta Sri Maharaja Balya lajêng angêlar jajahaning agami, ngantos dumugi ing tanah sabrang kathah ingkang sami anut agami Kala, awit ing waktu punika agami Kala wontên ingkang mastani agami Siwah, kabêkta saking waradinipun ing agami saking Sri Maharaja Balya, inggih Sang Hyang Siwah.

Ing salêbêting taun Pramadi, etanging taun surya sangkala 207, tinêngêran swara amêlingi karna. Etanging taun candra sangkala 213, tinêngêran trining bumi kacaksuh.

Amarêngi masa wisaka, kacariyos ing nalika punika, para ditya raksasa gandarwa danawa sami suwita dhatêng Mêdhangsiwanda, pangagêngipun anama Raja Waka, kalihan Raja Citraksa.

Ing salêbêting taun Wikrama, etanging taun surya sangkala 208, tinêngêran brahmana sirna kadhêsthi. Kaetang ing taun candra sangkala 214, tinêngêran yoga wani kapêksa.

--- 1 : 188 ---

Amarêngi masa naya, kacariyos ing nalika punika, Sri Maharaja Balya utusan ambêdhah ing Suralaya, awit dening Sri Maharaja Balya kinèn anut agami Endra sangêt lênggana, malah Sang Hyang Surapati kinèn anut agami Kala, kalajêngipun padudoning karsa, Sang Hyang Surapati andhawahakên guntur wisesa, mila Sri Maharaja Balya madêg suraning driya, lajêng utusan anglurugi ing Suralaya, têtindhihing ayuda Patih Bathara Siwandakara, akalihan Raja Waka miwah Raja Citraksa. Dumugi ing Suralaya, para rêsi sewa sogata tuwin para jawata amêthukakên prang sami kasêsêr, rewănda Malawapati pêjah dening Bathara Siwandakara, para jawata lajêng sami angêkêp wontên salêbêting kitha, nuntên ing Suralaya dipun kêpang dhatêng wadya ing Mêdhangsiwanda.

Ing salêbêting taun Wila, etanging taun surya sangkala 209, tinêngêran trus sirnaning dhêsthi. Kaetang ing taun candra sangkala 215, tinêngêran warastraning rat sinêmbah.

Amarêngi masa kartika, kacariyos ing nalika punika, Sang Hyang Surapati angarsakakên yasa dêdamêling para jawata, nuntên angêmpalakên para jawata ingkang sami

--- 1 : 189 ---

sagêd pandhe tosan, angsal jawata gangsal wêlas, 1. Bathara Ramayana, 2. Bathara Ramakandhi, 3. Bathara Ramakandheya, têtiga punika sami arining Bathara Ramayadhi, inggih punika ingkang sinêbut nama Êmpu Ramadi, putraning Sang Hyang Ramaprawa, Sang Hyang Ramaprawa putraning Sang Hyang Êning, Sang Hyang Êning putraning Sang Hyang Wênang, 4. Bathara Isakandhi putraning Bathara Ramayadhi, 5. Bathara Ramadewa, 6. Bathara Dewayana, 7. Bathara Widhayana, tiga punika putraning Bathara Ramayana, 8. Bathara Kandhiam, 9. Bathara Kandhiawa, kalih punika sami putraning Bathara Ramakandhi, 10. Bathara Ramabadha, 11. Bathara Janabadha, 12. Bathara Endrabadha, 13. Bathara Irabadha, 14. Bathara Amindhabadha, 15. Bathara Sakandrabadha, nênêm punika sami putraning Bathara Ramakandheya. Sarêng sampun rumantos ing pirantosipun lajêng sami karya dêdamêl, ingkang warni jêmparing, tomara, dhêdhali, nanggala, sali, druwasa, trisula, candrasa, ardacandra, candra purnama, martyajiwa, limpung, tuhuk, parasu, ingkang kawarni dhuwung dhapur surèngpati, kalihan dhapur curiga.

Ing salêbêting taun Sitrapanu, etanging taun [tau...]

--- 1 : 190 ---

[...n] surya sangkala 210, tinêngêran tanpa rupa panêmbahing kamuksan. Kaetang ing taun candra sangkala 216, tinêngêran rasa tunggal kacaksuh ing langit.

Amarêngi masa sitra, kacariyos ing nalika punika, para jawata sami karya dêdamêl malih, awarni duduk, boji, musala, musara, lori, bajra, gandhi, palu, piling, puthu, calum, sadhaka, baradhi.

Sarêng masa manggakala, ing nalika punika Bathara Siwandakara sumêrêp yèn para jawata sami yasa dêdamêl warni-warni, lajêng amasang sêsirêp kamayan, angicalakên mandining dêdamêl sadaya. Sang Hyang Bayu sumêrêp yèn kang mawa damêl makatên punika Sang Hyang Kala, dipun kintên sampun kawit prang cidra, wênang yèn kawisesa, mila Sang Hyang Bayu lajêng andhatêngakên angin agêng, prahara gora riwut păncawora tarik, Bathara Siwandakara saha wadya sami katub ing samirana kabuncang dhawah ing Mêdhangsiwanda. Sri Maharaja Balya kagyat atêtanya, Bathara Siwandakara wêwarti saking wiwitan dumugi ing wêkasan. Nuntên Sri Maharaja Balya animbali ingkang putra mantu anama Êmpu Wiswakadi, inggih punika Bathara Hèrmadi, putraning Bathara Eradrastha, Bathara Eradrastha putraning Sang Hyang Eramana [Era...]

--- 1 : 191 ---

[...mana,] Sang Hyang Eramana putraning Sang Hyang Êning. Êmpu Wiswakadi wau kadhawahan yasa dêdamêl, Êmpu Wiswakadi lajêng tumandang kalayan ingkang rayi nama Êmpu Wiswakarma, Êmpu Wiswakarma punika Bathara Hèrmaya, inggih sami putraning Bathara Eradrastha, kala samantên Êmpu Wiswakadi kalihan Êmpu Wiswakarma, awit pandamêlipun awarni gada, bindi, badhama, dhêndha, krêtala, alu-alu, alugora. Duk nagari Mêdhangsiwanda yasa dêdamêl, anyarêngi kala para jawata sami anyidhikara dêdamêl ingkang kasirêp kamandènipun dhatêng Bathara Siwandakara wau, supados wangsula kamandènipun malih, ing nalika punika inggih sami salêbêting masa manggakala.

Ing salêbêting taun Supanu, etanging taun surya sangkala 211, tinêngêran janma rupa kêmbar. Kaetang ing taun candra sangkala 217, tinêngêran prawata suta kapêksa.

Amarêngi masa palguna, kacariyos ing nalika punika, para jawata sami yasa dêdamêl malih, awarni sarampang, busur, gayur, salukun, cacap, calimprit, berang, rajang, tamsir, kanjar, karsula, salemuka, lohitamuka.

--- 1 : 192 ---

Amarêngi masa wisaka, kacariyos ing Mêdhangsiwanda awit yasa dêdamêl malih, awarni barandang, kalawahi, taladhak, tarantang, luyang, ingkang awarni dhuwung dhapur jalak.

Ing salêbêting taun Taruna, etanging taun surya sangkala 212, tinêngêran kalih tunggal panêmbah. Kaetang ing taun candra sangkala 218, tinêngêran naga rupa boja.

Amarêngi masa wisaka, kacariyos ing nalika punika, wontên ratuning lêlêmbut ingkang akadhaton têlênging samudra, pawèstri kêkalih kakang adhi, ingkang sêpuh nama Dèwi Adiyana, ingkang anèm nama Dèwi Adiyati, sakalihan sami dhatêng Mêdhangsiwanda, kapanggih kalihan Sri Maharaja Balya, inggih Sang Hyang Siwah, sami matur anuwun wêwulang lampahing agami lajêng sami winulang. Sasampuning putus pangulahing agami kalih pisan, nuntên Sri Maharaja Balya ingaturan dhatêng kadhatonipun, supados karsa amranata waradinipun agami Siwah, dhatêng ing talatahipun dèwi sakalihan, Sri Maharaja Balya panuju ing galih, lajêng sami mangkat akalihan Patih Bathara Siwandakara, dumugi kadhatonipun dèwi sakalihan [saka...]

--- 1 : 193 ---

[...lihan,] Sri Maharaja Balya saha Bathara Siwandakara, sakalangkung sami sinuba-suba dhatêng dèwi sakalihan wau. Nuntên Sri Maharaja Balya kalihan Bathara Siwandakara sami nata agami dhatêng para lêlêmbut sadaya, sasampuning waradin sami anut, nuntên Dèwi Adiyana kagarwa Sri Maharaja Balya, Dèwi Adiyati kagarwa dhatêng Bathara Siwandakara, nanging taksih wontên ing têlênging samudra kemawon.

Antawis ing dalêm nêm taun botên wontên ingkang kacariyosakên, sarêng andungkap angsal pitung taun, cariyosipun kados ing ngandhap punika:

Ing salêbêting taun Karêha, etanging taun surya sangkala 219, tinêngêran trusthaning janma nêmbah ing kamuksan. Kaetang ing taun candra sangkala 225, tinêngêran tata bojaning panêmbah.

Amarêngi masa sitra, kacariyos ing nalika punika, Bathara Siwandakara, matur dhatêng Sri Maharaja Balya, sarèhning gènipun wontên ing kadhaton samudra sampun lami, ngantos ing dalêm pitung taun, Sri Maharaja Balya dipun aturi kondur dhatêng Mêdhangsiwanda, awit manawi dados sandeyaning wadyabala, kalihan [kaliha...]

--- 1 : 194 ---

[...n] rêmbag badhe ambêdhah ing Suralaya, Sri Maharaja Balya dipun aturi nyarirani piyambak, sarta kadhèrèkakên para ratuning lêlêmbut sadaya kadhawahana kêrigan. Ya ta Sri Maharaja Balya sarêng amidhangêt aturing ingkang rayi panuju ing galih, lajêng sami pamit dhatêng ingkang garwa yèn arsa kondur dhatêng Mêdhangsiwanda, sarta ingkang garwa dhinawuhan angêriga para ratuning lêlêmbut sadaya, yèn ing samasa-masa badhe ambêdhah ing Suralaya sampuna sami mirantos, dèwi sakalihan matur sandika, Sri Maharaja Balya kalihan Bathara Siwandakara lajêng mangkat. Sarêng dumugi ing têpining samudra, kacariyos nalika punika, Sang Hyang Brahma Sang Hyang Wisnu nuju tumêdhak dhatêng ngarcapada tanah Jawi, Sang Hyang Brahma dados banthèng, Sang Hyang Wisnu mindha rare bajang angèn banthèng, panggih kalihan Sri Maharaja Balya wontên têpining samudra, tinakenan ing sangkan paran miwah sêdyanipun, wangsulaning rare bajang, sangkanipun saking gêgana, purugipun badhe dhatêng samudra, sêdyanipun badhe anyirnakakên Sri Maharaja Balya. Wangsulanipun Sri Maharaja Balya: Apa kang dadi kasaktènira. Rare bajang amangsuli: Mungguh kasaktèn iku anèng ngisoring katarima. Nuntên Sri Maharaja Balya kalihan Bathara [Ba...]

--- 1 : 195 ---

[...thara] Siwandakara sami angêdalakên kasaktèn pangabaran warni-warni, rare bajang animbangi sami angabên kasaktèn pangabaran, nanging kasaktènipun Sri Maharaja Balya kalihan Bathara Siwandakara tansah kuciwa. Ing ngriku Sri Maharaja Balya inggih Sang Hyang Siwah, kalihan Bathara Siwandakara inggih Sang Hyang Kala, langkung duka lajêng sami tiwikrama, sakalihan angadêg wontên têlênging samudra, murda yayah sundhuling ngakasa, lir pangawak sèwu wukir, asta tanpa wicalan, sami anyêpêng dêdamêl warni-warni, sarta pêtak swara goraya kadi angèbêki jagad. Rare bajang botên mawi kagawokan, lajêng animbangi tiwikrama, ngadêg ing pratiwi suku amblês kadi dumugi dhasaring bumi, murda yayah anrus ing akasa lir pangawak triloka, asta kadi angèbêki jagad, katingal nyêpêng surya wulan. Nuntên banthèng triwikrama dados latu ugi kadi angèbêki jagad, ambêsmi kadhatonipun para ratuning lêlêmbut, têmah toyaning samudra umob mawalikan. Sri Maharaja Balya miwah Bathara Siwandakara sami sungkawa suku karaos panas, sariranipun kados binalangan lintang saking langit, sakalihan rumaos merang lajêng sami muksa dados dewa malih. Etang anggènipun [ang...]

--- 1 : 196 ---

[...gènipun] Sang Hyang Siwah ngejawantah jumênêng nata wontên tanah Jawi, laminipun 25 taun, nuntên Dèwi Adiyana kalihan Dèwi Adiyati, sami atawan-tawan tangis marêk angrapu dhatêng Sang Hyang Brahma kalihan Sang Hyang Wisnu, sarêng sirêping triwikramanipun sakalihan, wêkasan sami waluya warna sajati, nuntên Dèwi Adiyana kagarwa ing Sang Hyang Brahma, Dèwi Adiyati kagarwa ing Sang Hyang Wisnu, mila awit kala samantên wontên dewa ingkang dipun wastani dewa băngsa apsara, tgêsipun: asal saking uruhing toya, inggih punika kadadosan saking kurudaning kama, mênggah dewa ingkang winastan băngsa apsara wau warni-warni, wontên yoganipun Sang Hyang Siwah akalihan Sang Hyang Kala, wontên yoganipun Sang Hyang Brahma kalihan Sang Hyang Wisnu. Kados upaminipun kala ing jaman kina wontên ulam samudra ingkang dipun wastani ulam băngsa jita, tgêsipun: têdhak, inggih punika kadadosan saking korudaning kamanipun Sang Hyang Kala, ing salaminipun wontên salêbêting samudra, jumênêng Bathara Kamale, awit saking punika purwanipun. Sasampunipun paripurna, Sang Hyang Brahma tumêdhak dhatêng Mêdhangsiwanda jumênêng nata anggêntosi karatonipun Sri Maharaja [Ma...]

--- 1 : 197 ---

[...haraja] Balya, inggih Sang Hyang Siwah, ajêjuluk Sri Maharaja Budhawaka, wadyabala ing Mêdhangsiwanda botên wontên ingkang cawêngah, sami anut amituhu sadaya, inggih punika anggènipun Sang Hyang Brahma jumênêng nata wontên tanah Jawi ingkang kaping kalih. Dene Sang Hyang Wisnu têtêp angratoni sagunging lêlêmbut, sarta agaminipun para lêlêmbut sami kasantunan agaminipun Sang Hyang Wisnu sadaya, wêkdal punika panjênêngan ratu agêng tanah Jawi, kalêbêt pulo Sumatra, Bali, Madura, inggih amung satunggal Sri Maharaja Budhawaka.

Ing salêbêting taun Antêna, etanging taun surya sangkala 220, tinêngêran sirna agamaning panêmbah. Kaetang ing taun candra sangkala 226, tinêngêran obahing asta kalih.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos ing nalika punika, Sang Hyang Endra dhinawuhan dhatêng Sang Hyang Girinata kinèn ayasa kahyangan rineka ing tejomaya.

Ing salêbêting taun Wijaya, etanging taun surya sangkala 221, tinêngêran rupa kalih paksa malêtik. Kaetang ing taun candra sangkala 227, tinêngêran pandhita paksa sinêmbah.

--- 1 : 198 ---

Amarêngi masa palguna, kacariyos ing nalika punika, Sang Hyang Endra dhinawuhan dhatêng Sang Hyang Girinata malih, kinèn ayasa kahyangan rineka ing Argadumilah, ing Jonggringsalaka, ing Paparyawarna, botên lami lajêng dados sampêt sauparêngganipun.

Amarêngi masa wisaka, taksih tunggil warsa ing salêbêting taun Wijaya, kacariyos ing nalika punika, Sang Hyang Kala tumurun malih, lajêng jumênêng nata ajêjuluk Sri Maharaja Berawa, adamêl kitha wontên ing wana Tulyan, winastan ing Mêdhangkamulan, inggih punika Mêdhangkamulan kaping kalih, dumunung salèripun rêdi latu tanah Surakarta, botên lami Sang Hyang Antaga tumurun malih, lajêng dados pêpatihipun Sri Maharaja Berawa, anama Patih Sarahita. Wêkdal punika panjênêngan ratu agêng ing tanah Jawi wontên kêkalih, ing Mêdhangsiwanda, kalihan Mêdhangkamulan kaping kalih.

Salêbêting taun Jayaha, etanging taun surya sangkala 222, tinêngêran panêmbahing asta kalih. Kaetang ing taun candra sangkala 228, tinêngêran naga paksa sikara.

Amarêngi masa kartika, kacariyos ing nalika punika [puni...]

--- 1 : 199 ---

[...ka,] putraning Bathara Isaka têtiga sami suwita dhatêng Mêdhangkamulan, awit sami kapencut ing kasaktènipun Sri Maharaja Berawa: 1. Bathara Sukskadi, 2. Bathara Raksakadi, 3. Bathara Rasikadi, sarêng dumugi ing Mêdhangkamulan, katiga pisan sami kanggêp pasuwitanipun dhatêng Sri Maharaja Berawa.

Ing salêbêting taun Manmata, etanging taun surya sangkaka[21] 223, tinêngêran guna dhêsthi nêmbah ing gêgana. Kaetang ing taun candra sangkala 229, tinêngêran rudra kalih kêmbaring barakan.

Amarêngi masa pusa, kacariyos ing nalika punika putraning Bagawan Danu, nama Raja Danupaya kalihan arinipun èstri nama Dèwi Danupadi, saha wadyabala danawa sadaya, sami anglurug dhatêng Mêdhangkamulan, sêdya angayoni ing kasaktènipun Sri Maharaja Berawa, ing wêkasan Raja Danupaya kawon lajêng suwita langkung kanggêp kinasihan, anuntên Dèwi Danupadi kagarwa dhatêng Sri Maharaja Berawa, ingalih nama Dèwi Durga. Botên antawis lami sakathahing sato wana sami dhatêng Mêdhangkamulan angamuk punggung sura tan taha, awit ingkang wau sami kabala dhatêng Raja Danupaya, dados sami amurinani [amuri...]

--- 1 : 200 ---

[...nani] ing ratunipun, ananging sarêng sinapih dhatêng Raja Danupaya sagunging sato wana sami darana sadaya, ing ngriku lajêng kabala dhatêng Sri Maharaja Berawa.

Ing salêbêting taun Tunmuki, etanging taun surya sangkala 224, tinêngêran warna bau anyikara wiyat. Kaetang ing taun candra sangkala 230, tinêngêran tanpa latu paksa malêtik.

Amarêngi masa wisaka, kacariyos ing nalika punika, para danawa ing Mêdhangsiwanda sami amiruda lajêng suwita dhatêng ing Mêdhangkamulan, nuntên Sri Maharaja Berawa rêmbag badhe ambêdhah ing Mêdhangsiwanda, Bathara Sukskadi sakadangipun dhinawuhan sami ayasa dêdamêling prang, nurun sawarnining dêdamêl ingkang sampun kasêbut ing ngajêng sadaya, sarta wiwit amêwahi yasa dêdamêl awarni tunggara, cingkara, sudhana, suwadana, ingkang awarni dhuwung dhapur kalamisani, kalihan dhapur pulana.

Ing salêbêting taun Yiwolambi, etanging taun surya sangkala 225, tinêngêran buta kalih paksa rumusak. Kaetang ing taun candra sangkala 231, tinêngêran tunggal gunaning panêmbah.

Amarêngi masa wisaka, kacariyos ing nalika punika [puni...]

--- 1 : 201 ---

[...ka,] kahyanganipun Sang Hyang Endra, ing Tejomaya winangun rêrêngganipun sarwa seta, ing Argadumilah winangun sarwa jênar, ing Jonggringsalaka winangun sarwa abrit, ing Paparya winangun sarwa cêmêng.

Amarêngi masa jita, taksih tunggil warsa ing salêbêting taun Yiwolambi, kacariyos ing nalika punika, Sri Maharaja Berawa wiwit yasa dêdamêl malih awarni kurandha, arpasa, căndhaberawa, wiswapracăndha, kalabraja.

Ing salêbêting taun Wulambi, etanging taun surya sangkala 226, tinêngêran ebahing dhêsthi paksa angrusak. Kaetang ing taun candra sangkala 232, tinêngêran sikara anaut bau.

Amarêngi masa srawana, kacariyos ing nalika punika, Sri Maharaja Berawa anglurug dhatêng Mêdhangsiwanda sawadyabala kêbut, dumugi ing Mêdhangsiwanda prang rame, awêkasan wadya ing Mêdhangsiwanda kalindhih, Sri Maharaja Budhawaka kèngsêr dhatêng Mêdhanggili saha wadya sasesaning pêjah, nuntên ing Mêdhanggili dipun lih nama ing Gilingaya, mênggah nagari Gilingaya wau, dumunung ing tanah Prayangan. Sri Maharaja Budhawaka lajêng adamêl pêpatih nama Suwedha [Suwe...]

--- 1 : 202 ---

[...dha,] sutaning Sudhana, Sudhana sutaning Wishwadhana, Wishwadhana punika sakabating Êmpu Sangkala. Sabêdhahipun nagari Mêdhangsiwanda, Sri Maharaja Berawa kondur dhatêng Mêdhangkamulan, lulus panjênênganira nata botên wontên ingkang anukarta, nagari Mêdhangsiwanda lajêng risak botên wontên ingkang jumênêng ratu malih.

Antawis ing dalêm 2 taun, botên wontên ingkang kacariyosakên, sarêng andungkap angsal tigang taun, cariyosipun ing ngandhap punika:

Ing salêbêting taun Pilapawa, etanging taun surya sangkala 229, tinêngêran gapura kalih kêmbar. Kaetang ing taun candra sangkala 236, tinêngêran oyage wedha kapêksa.

Amarêngi masa wisaka, kacariyos ing nalika punika, Sang Hyang Endra karsa yasa kalpataru sakêmbaran, winangun kajêng dewandaru kajêng jayandaru, lajêng kaprênahakên wontên têngahing paparyawarna, supados amrabanana saubênging paparyawarna sadaya, inggih punika purwanipun satêngahing alun-alun mawi dipun tanêmi waringin kurung.

Ing salêbêting taun Subakarti, etanging taun surya [sur...]

--- 1 : 203 ---

[...ya] sangkala 230, tinêngêran boma katon boja. Kaetang ing taun candra sangkala 237, tinêngêran swara tri ing karna.

Amarêngi masa palguna, kacariyos ing nalika punika, Sang Hyang Endra karsa yasa maharpatan, winangun bale marcukundha bale marakata.

Ing salêbêting taun Sabakarti, etanging taun surya sangkala 231, tinêngêran rupa wedhaning panêmbah. Kaetang ing taun candra sangkala 238, tinêngêran naga katingal boja.

Amarêngi masa kartika, kacariyos ing nalika punika, Sang Hyang Endra karsa yasa nadisara, inggih punika banawi agêng angubêngi maharpatan.

Ing salêbêting taun Aciya, etanging taun surya sangkala 232, tinêngêran panêmbahing guna dhêsthi. Kaetang ing taun candra sangkala 239, tinêngêran wiwara katon kêmbar.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos ing nalika punika, Sang Hyang Endra karsa yasa bukur pangarib-arib, winangun kori sela matangkêb, wontên ing satêpining nadisara ingkang kidul.

--- 1 : 204 ---

Antawis ing dalêm 4 taun, botên wontên ingkang kacariyosakên, sarêng andungkap 5 taun, cariyosipun ing ngandhap punika:

Ing salêbêting taun Pilawangga, etanging taun surya sangkala 237, tinêngêran goraning agni carana. Kaetang ing taun candra sangkala 244, tinêngêran wedang dadi sikara.

Amarêngi masa manggakala, kacariyos ing nalika punika, Sang Hyang Endra karsa yasa manipapa, anulad êndhut balêgdaba, kawah căndradimuka.

Ing salêbêting taun Saumiya, etanging taun surya sangkala 238, tinêngêran sarira tri binoja. Kaetang ing taun candra sangkala 245, tinêngêran marga yoganing suku.

Amarêngi masa sitra, kacariyos ing nalika punika, Sang Hyang Endra karsa yasa sumur golang-galing, winangun wot ogal-agil.

Antawis ing dalêm 6 taun, botên wontên ingkang kacariyosakên, sarêng andungkap angsal pitung taun, cariyosipun ing ngandhap punika:

Ing salêbêting taun Rautri, etanging taun surya sangkala [sa...]

--- 1 : 205 ---

[...ngkala] 245, tinêngêran tata kartining panêmbah. Kaetang ing taun candra sangkala 252, tinêngêran bojaning buta kacaksuh ing siluman.

Amarêngi masa manggakala: kacariyos ing nalika punika, Sri Maharaja Berawa rêmbag arsa ambêdhah ing Suralaya, kapambêngan dhatêng Bathara Sukskadi, Bathara Raksakadi, Bathara Sikadi, Sri Maharaja Berawa duka, Patih Sarahita anglêrêsakên dènira mambêngi jawata têtiga wau, Sri Maharaja Berawa sangsaya ing dukanipun, jawata têtiga katundhung saking Mêdhangkamulan lajêng kesah, Patih Sarahita ing nalika punika rumaos botên sagêd amomong dhatêng Sri Maharaja Berawa, lajêng muksa dados Sang Hyang Antaga malih. Nuntên Sang Hyang Wisnu prapta mindha brahmana, nama Brahmana Kèstu, amambêngi ingkang dados karsanipun Sri Maharaja Berawa, nanging Sri Maharaja Berawa botên kenging kapambêngan, lajêng prang catur cêcangkriman, kalayan Brahmana Kèstu, Sri Maharaja Berawa kagungan cêcangkriman kinèn ambatang dhatêng Brahmana Kèstu, yèn kabatang inggih sande dènira ambêdhah ing Suralaya, yèn botên kabatang siyos ambêdhah ing Suralaya. Cêcangkrimanipun Sri Maharaja Berawa, kasêbut wontên lêlagoning [lê...]

--- 1 : 206 ---

[...lagoning] sêkar 16 prawiralalita, ungêlipun makatên: tuwuh doning mudra tirta, setati kang purwandaya (mapatra pita laksmita, sirang puspa maha rakta) mangbapte kang pala krêsna, mèsi nanda mancawarna (masa drasa marta wiswa, taman kêna pisahahna. Tgêsipun: ênggèning tumuwuh têlênging toya, pêthak ingkang wit,) godhong jênar sumunar, ingkang sêkar langkung abrit (anêdhêng ingkang woh cêmêng, isi sêsotya amănca warni) raos nênêm prakawis dados jampi dados wisa, botên kenging kapisahakên. Pambatangipun Brahmana Kèstu makatên: tuwuhing pramana wontên ing budi, witing pramana suci, godhongipun birai, sêkaripun duka, wohipun santosa, isi păncandriya apangraos nênêm, wêdalipun yèn sae dados marta, yèn awon dados wisa, nanging botên kenging pisah, yèn pisaha anêmahi wêkasan. Sarêng sampun kabatang makatên, Sri Maharaja Berawa rumaos kawon, lajêng kalungsur karatonipun, pinatah angratoni lêlêmbut, kinèn akêkitha wontên wana ing Krêndhayana, inggih ing Krêndhawahana rêdi Kêndhêng prênah salèripun nagari Surakarta, Sri Maharaja Berawa botên suwala lajêng mangkat [mangka...]

--- 1 : 207 ---

[...t,] etang anggènipun Sri Maharaja Berawa, inggih Sang Hyang Kala jumênêng nata wontên tanah Jawi, laminipun 25 taun. Brahmana Kèstu inggih Sang Hyang Wisnu, lajêng jumênêng nata anggêntosi Sri Maharaja Berawa jêjuluk Sri Maharaja Budha Krêsna, nuntên ing Mêdhangkamulan dipun lih nama ing Purwacarita, inggih punika anggènipun Sang Hyang Wisnu jumênêng nata kaping kalih wontên ing tanah Jawi.

----------

Panunggilanipun.

Bab 3.

Lêlampahan ăngka 2 nama Sêrat Budha Krêsna, kaanggit Êmpu Kundhala ing Mamênang, panganggitipun nalika taun surya sangkala 852, taun candra sangkala 878.

Wiyosipun mênggah ingkang dados bêbuka kacariyosakên, ing salêbêting taun Dundumi, etanging taun surya sangkala 246, tinêngêran anggana warna boja. Kaetang ing taun candra sangkala 253, tinêngêran katon tataning panêmbah.

--- 1 : 208 ---

Amarêng masa kartika, kacariyos ing nalika punika, Bathara Sukskadi, Bathara Raksakadi, Bathara Rasikadi, sami suwita dhatêng Gilingaya, kanggêp pangawulanipun dhatêng Sri Maharaja Budhawaka, anggung tinantun-tantun bab lampahing praja.

Ing salêbêting taun Triyodari, etanging taun surya sangkala 247, tinêngêran rêsi karya panêmbah. Kaetang ing taun candra sangkala 254, tinêngêran dadi gatining boja.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos ing nalika punika, Sri Maharaja Budha Krêsna karsa yasa candhi pamursitan, wontên salêbêting nagari, winastan candhi Narawata.

Ing salêbêting taun Tisimuka, etanging taun surya sangkala 248, tinêngêran brahmana karya panêmbah. Kaetang ing taun candra sangkala 255, tinêngêran buta anata carana.

Amarêngi masa kartika, kacariyos ing nalika punika, Sri Maharaja Budha Krêsna, karsa yasa sanggar palanggatan, winastan sanggar Waranawata.

Amarêngi masa sitra, taksih tunggil warsa ing salêbêting taun Tisimuka, kacariyos nagari ing Gilingaya

--- 1 : 209 ---

ing nalika punika putrinipun Sri Maharaja Budhawaka ingkang saking garwa Dèwi Rarasati, anama Dèwi Brahmaniyari, murca tanpa karana, kaupadosan botên kapanggih, lajêng kasayêmbarakakên, sintên kang amanggihêna badhe kadhaupakên. Nuntên Bathara Sukskadi matur yèn uninga panggenanipun, wontên salêbêting yamani, Bathara Sukskadi dhinawuhan kinèn amurugi, aturipun botên sagêd, awit botên sumêrêp marginipun. Nuntên Bathara Raksakadi matur yèn sumêrêp marginipun, saking lak-lakaning Sang Hyang Anantaboga, Bathara Raksakadi dhinawuhan kinèn andhatêngêna, aturipun botên sagêd, awit ajrih dhatêng Sang Hyang Anantaboga. Nuntên Bathara Rasikadi matur yèn kadugi andhatêngakên, lajêng linilan mangkat. Dumugi ing ngarsanipun Sang Hyang Anantaboga, Bathara Rasikadi matur anuwun margi badhe amêndhêt Dèwi Brahmaniyari ingkang wontên salêbêting yamani. Pangandikanipun Sang Hyang Anantaboga: Lah iya dhasar ingsun kang anyingêdake, arsa ingsun palakramakake antuk putraningsun Bathara Basuki, ewasamono sarèhning sira wêruh yèn ana sajroning yamani, iya ingsun paringake manawa sira bisa angajar pratingkahing prang marang [ma...]

--- 1 : 210 ---

[...rang] putraningsun Bathara Basuki, Bathara Rasikadi kadugi yèn amung amêmulang kemawon. Nuntên Bathara Basuki katimbalan sampun prapta, ing ngriku Bathara Rasikadi lajêng amêmulang pratingkahing ayuda, ngantos rame asilih-ungkih, dangu-dangu dados prang sayêktos, ananging Bathara Basuki sêmunipun ragi karepotan, mila Sang Hyang Anantaboga nyapih sarwi angandika makatên: He kulup, saka panawang ingsun Bathara Basuki ing mêngko wus pralêbda ing ayuda, dadi wus sêdhêng ênggonira ajar-ajar prang prayoga padha suwuk. Ing ngriku kang aprang lajêng sami kèndêl, nuntên Dèwi Brahmaniyari kaparingakên dhatêng Bathara Rasikadi, sarta winisik sajati yèn Dèwi Brahmaniyari punika pinusthi dados jodhonipun Bathara Rasikadi, sasampunipun makatên, Bathara Rasikadi linilan mantuk lajêng mangkat, ing saantawis dintên dumugi ing Gilingaya angaturakên Dèwi Brahmaniyari, Sri Maharaja Budhawaka langkung suka. Ya ta ing nalika punika jawata têtiga wau sami anuwun ingkang dados sayêmbara nata, awit uninganipun saking Bathara Sukskadi, sumêrêp ing margi saking Bathara Raksakadi, dhatêngipun saking Bathara Rasikadi, Sri Maharaja Budhawaka kawêkèn ing galih, dene putri

--- 1 : 211 ---

satunggal dipun suwun jawata têtiga, dados dhawah sumados yèn sawêg kagalih. Nuntên wontên danawa èstri dhatêng anjog saking awiyat, dinangu nama tuwin pinăngka miwah sêdyanipun, aturipun wasta Pisaci, saking nagari ing Prajantaka tanah Sabrang, dinuta ing ratunipun nama Prabu Jambuwana, ing ngajêng nagarinipun kaparag ing pagring agêng, Prabu Jambuwana antuk wangsit kinèn krama putri ing Gilingaya, sawarni-warninipun anggêr putri ing Gilingaya, saèstu dados sarana waluyaning nagari. Ing ngriku Sri Maharaja Budhawaka rumaos antuk kaladesa ingkang dados kewraning galih, pangandikanipun sagah badhe maringi putri, manawi Prabu Jambuwana sagêd amadhangakên pêtênging galih, ingkang dados sungkawanipun sampun kadhawahakên sadaya, upami Prabu Jambuwana sagah, kinèn dhatênga ing Gilingaya pribadi, Ditya Pisaci pamit linilan. Botên lami Prabu Jambuwana dhatêng, lajêng kadangu ingkang dados kasagahanipun, aturipun makatên: Juwitaning jiwita, tgêsipun: èstrining nyawa, bêbasan makatên punika kajêngipun, pawèstri ingkang dados sayêmbara wau kadarbe dhatêng ingkang atoh jiwa, dene ingkang dipun wastani atoh jiwa punika inggih ingkang

--- 1 : 212 ---

sagêd andhatêngakên, mêndhêt saking panggenanipun, ingkang uninga panggenanipun utawi ingkang têdah marginipun, punika kalêrês antuk lintu siti, karantên pawèstri punika timbangipun siti, têlas aturipun Prabu Jambuwana, Sri Maharaja Budhawaka langkung suka. Nuntên Dèwi Brahmaniyari kadhaupakên antuk Bathara Rasikadi, Bathara Sukskadi akalihan Bathara Raksakadi sami kaparingan lênggah nagari, cêlak kalihan ing Gilingaya, Bathara Sukskadi kaparingan nagari Citraya, Bathara Raksakadi kaparingan nagari Wageswara, Prabu Jambuwana tinariman putri nata, arining Dèwi Brahmaniyari, nama Dèwi Brahmaniyodi, saantawis dintên lajêng kabêkta mantuk dhatêng ing Prajantaka.

Antawis ing dalêm 3 taun botên wontên ingkang kacariyosakên, sarêng andungkap angsal kawan taun, cariyosipun ing ngandhap punika:

Ing salêbêting taun Sadhamuka, etanging taun surya sangkala 251, tinêngêran rupa buta nêmbah ing wiyat. Kaetang ing taun candra sangkala 259, tinêngêran trusthaning buta dhêsthi.

Amarêngi masa padrawana, kacariyos ing nalika

--- 1 : 213 ---

punika dadosipun kitha ing Krêndhayana, prênah salèripun nagari Surakarta, inggih punika kahyanganipun Sang Hyang Kala, winangun kaswargan, winastan kahyangan ing Setragandamayi.

Antawis ing dalêm sataun, botên wontên ingkang kacariyosakên, sarêng andungkap angsal kalih taun, cariyosipun ing ngandhap punika:

Ing salêbêting taun Jagalogêna, etanging taun surya sangkala 253, tinêngêran agni wisaya paksa malêtik. Kaetang ing taun candra sangkala 261, tinêngêran janma angobahakên panêmbah.

Amarêngi masa wisaka, kacariyos ing nalika punika, Raja Ditya Prabu Jambuwana sowan dhatêng Gilingaya, ambêkta wadyabala danawa tanpa wicalan, dhatêngipun ing Gilingaya, awit asring kacariyosan dhatêng ingkang garwa, ing lêlampahanipun kang rama Sri Maharaja Budhawaka, anggènipun kalindhih prang kalihan raja ditya ing Purwacarita, Raja Ditya Prabu Jambuwana rumaos murina. Sadumuginipun ing Gilingaya, matur dhatêng Sri Maharaja Budhawaka, anuwun pamit badhe anglurug dhatêng Purwacarita, linilan mangkat sarta binêktanan punggawa

--- 1 : 214 ---

ing Gilingaya sawontênipun, kalayan kabêktanan dêdamêl warni tuhuk anama salad. Dumugi ing Purwacarita campuh prang rame, nanging wadyabalanipun Raja Ditya Prabu Jambuwana kasor kathah ingkang sami pêjah, Prabu Jambuwana ngantêp prang nyarirani piyambak, wadyabala ing Purwacarita sami kawon kapalajêng, wontên kang kacandhak pêjah. Sri Maharaja Budha Krêsna lajêng mênthang sanjata cakra, Prabu Jambuwana kenging sanjata cakra botên tumama nanging kumbul ing tawang, wadyabala ing Gilingaya uninga lajêng sami lumajêng asasaran mantuk dhatêng Gilingaya, matur dhatêng Sri Maharaja Budhawaka inggih Sang Hyang Brahma. Ing ngriku sarêng Sri Maharaja Budhawaka amidhangêt aturing wadya ingkang kapalajêng, langkung bramantyanipun, murina dhatêng putranipun mantu, lajêng undhang samapta ing ayuda, manawi arsa nyarirani piyambak, anglurug dhatêng Purwacarita, nanging badhe yasa dêdamêl rumiyin. Nuntên Bathara Rasikadi dhinawuhan ayasa dêdamêl, Bathara Rasikadi matur sandika lajêng tata-tata ing pirantosipun, sasampunipun rumantos, lajêng kawit ayasa dêdamêl, nurun sawarninipun dêdamêl kang sampun dados, sarta ayasa dêdamêl awarni brahmastra, kalihan yasa dhuwung dhapur tilam upih, tuwin dhapur balebanh [ba...]

--- 1 : 215 ---

[...lebang.] Sarêng sampun sami dados, katur ing Sri Maharaja Budhawaka langkung suka, Bathara Rasikadi lajêng pinaringan nama Êmpu Brahmadi, yasanipun dhuwung ingkang dhapur tilam upih pinaringan nama jaka piturun, ingkang dhapur balebang pinaringan nama dewa pamunah, yasanipun tuhuk pinaringan nama tundhung mungsuh, dipun damêl kêkêmbaranipun tuhuk lami kang anama salad, yasanipun cundrik pinaringan nama badhèr, yasanipun gada pinaringan nama bajra panwuh, yasanipun salukun pinaringan nama panggirin, yasanipun warastra pinaringan nama panuluh, anjawi saking punika kathah ingkang botên kaparingan nama, nuntên ing antawis dintên Êmpu Brahmadi jinunjung dados pêpatih pinaringan nama Patih Brahmakadhali, anisihi Patih Suwedha. Sri Maharaja Budhawaka lajêng undhang nglurug dhatêng Purwacarita, Patih Brahmakadhali tinanggênah kinèn atêngga praja, Patih Suwedha andhèrèk. Dumugi ing Purwacarita, Sri Maharaja Budhawaka inggih Sang Hyang Brahma, lajêng angêpang kitha, Sri Maharaja Budha Krêsna inggih Sang Hyang Wisnu, amêthukakên prang rame gêntos kalindhih, ing nalika punika botên kêndhat ing sabên dintên apêpêrangan.

Ing salêbêting taun Kilaka, etanging taun surya

--- 1 : 216 ---

sangkala 254, tinêngêran wahananing gati paksa muksa. Kaetang ing taun candra sangkala 262, tinêngêran kalih agana boja.

Amarêngi masa kartika, kacariyos ing nalika punika, ingkang raka Sang Hyang Girinata nama Sang Hya[22] Rudra tumurun angejawantah, arsa anyapih ingkang sami prang, têdhakipun anjujug pabarisan ing Gilingaya, amanggihi dhatêng Sri Maharaja Budhawaka, adhêdhawah kinèn mantuk dhatêng ing Gilingaya, awit lêpat ing lampah, tuna ing panyana, kêkirangan titi pariksa, mênggah ingkang dados ratu ing Purwacarita dipun nyana taksih Sri Maharaja Berawa, wêkasan dede, ing mangke sajatosipun ingkang jumênêng nata ing Purwacarita, Sang Hyang Wisnu nama Sri Maharaja Budha Krêsna. Sri Maharaja Budhawaka sarêng sampun kadhawahan dhatêng Sang Hyang Rudra langkung amiduhung, lajêng dhawah ambibarakên kang sami ngêpang kitha, sarêng bala sampun ngalêmpak, Sri Maharaja Budhawaka kondur dhatêng Gilingaya, Sang Hyang Rudra muksa malih. Ya ta Sri Maharaja Budhawaka sarawuhipun ing Gilingaya, sangsaya rumaos lisêm[23] dhatêng ingkang rayi Ang[24] Hyang Wisnu, lajêng sèrèn kaprabon dhatêng putra mantu kang anama Patih Brahmakadhali, pinaringan nama Prabu Brahmakadhali [Brahma...]

--- 1 : 217 ---

[...kadhali.] Antawis dintên Sri Maharaja Budhawaka muksa dhatêng kahyangan, kasêbut nama Sang Hyang Brahma malih, dados anggènipun Sang Hyang Brahma ngejawantah jumênêng nata ingkang kaping kalih wontên tanah Jawi, laminipun 36 taun.

Ing salêbêting taun Prapawa, etanging taun surya sangkala 255, tinêngêran marganing kawisaya kalih. Kaetang ing taun candra sangkala 263, tinêngêran wedha ngrasa sinikara.

Amarêngi masa pusa, kacariyos ing nalika punika, Bathara Sukskadi kalihan Bathara Raksakadi, sami kesah saking nagarinipun, awit rumaos lingsêm dene kadangipun nèm jumênêng nata, Bathara Sukskadi lajêng suwita dhatêng Purwacarita, Bathara Raksakadi dhatêng sabrang tanah Indhustan, lajêng jumênêng nata wontên ing Kasi.

Ing salêbêting taun Iwa, etanging taun surya sangkala 256, tinêngêran rarasing tata kêmbar. Kaetang ing taun candra sangkala 264, tinêngêran warna angobahakên netra.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos ing nalika punika, ing Kaendran kadhawahan mulat, tgêsipun:

--- 1 : 218 ---

cahya pindha sêsotya adi, nuntên sami pinuja sinidhikara dening para jawata, dados widadari pêpitu: 1. winastan Dèwi Supraba, 2. Dèwi Wilotama, 3. Dèwi Siki, 4. Dèwi Surendra, 5. Dèwi Gagarmayang, 6. Dèwi Irim-irim, 7. Dèwi Tunjungbiru. Para widadari pêpitu wau lajêng sami kinèn taya, tgêsipun: angigêl sarwi angidêri sagantên agêng ing Suralaya mubêng kaping tiga, nuntên kinèn ambadhaya, tgêsipun: jajar-jajar sarwi bêksa sarta tinabuhan kidung. Ing nalika punika para jawata kathah ingkang sami kawismaya, tgêsipun: kasmaran gawok dènira aningali, saking kacaryanipun. Ing ngriku Sang Hyang Brahma andadak catur netra, Sang Hyang Endra andadak netra satus, akathah para jawata ingkang andadak catur netra miwah tri netra wontêning ngarsa, munggwing jêjuluk kang satunggal supados sami wiyara ing paningalipun, inggih punika purwanipun tanah Jawi wontên badhaya, nanging kala samantên badhaya wau sawêg kagêm wontên Kaendran kemawon, dèrèng kagêm panjênêngan ratu Jawi.

Ing salêbêting taun Cukila, etanging taun surya sangkala 257, tinêngêran suka tataning panêmbah [panê...]

--- 1 : 219 ---

[...mbah.] Kaetang ing taun candra sangkala 265, tinêngêran gatining rasa kapêksa.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos ing nalika punika, nagari Purwacarita kadhawahan aya, tgêsipun: tosan adi, nuntên dipun wastani dhatêng Sri Maharaja Budha Krêsna, kawastanan tosan padma, awit warninipun kados sêkar padma, lajêng kinarya dêdamêl, Bathara Sukskadi ingkang dhinawuhan andamêl, nurun sawarninipun dêdamêl kang sampun kasêbut ing ngajêng sadaya, sarta yasa dêdamêl awarni padma, akalihan yasa dhuwung sakawan: 1. dhapur buntala, 2. dhapur urap-urap, 3. dhapur sêpang, 4. dhapur sumpana lêrês. Sasampunipun sami dados, Bathara Sukskadi pinaringan nama Raja Siptagati, angrèh sagunging para êmpu sadaya, botên lami nuntên kajunjung dados pêpatih.

Ing salêbêting taun Pramaduda, etanging taun surya sangkala 258, tinêngêran sarira tinata boja. Kaetang ing taun candra sangkala 266, tinêngêran karasa oyag kapêksa.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos para widadari kasapta wau sami akêthik waja.

--- 1 : 220 ---

Ing salêbêtipun taun Prasutpadi, etanging taun surya sangkala 259, tinêngêran trus marganing panêmbah. Kaetang ing taun candra sangkala 267, tinêngêran swara karêngèng ing karna.

Amarêngi masa pusa, kacariyos para widadari kasapta sami karsa lathi, ingkang kadamêl tunjung lan wohing jaha.

Ing salêbêting taun Anggila, etanging taun surya sangkala 260, tinêngêran barakan rasaning karna. Kaetang ing taun candra sangkala 268, tinêngêran murti karêngèng talingan.

Amarêngi masa kartika, kacariyos para widadari kasapta sami atindhik karna.

Ing salêbêting taun Istrimuka, etanging taun surya sangkala 261, tinêngêran tunggal pangrasa kalih. Kaetang ing taun candra sangkala 269, tinêngêran rudra obah paksa muksa.

Amarêngi masa sitra, kacariyos para widadari kasapta sami mucang, tgêsipun: mamah-mamah jambe, kadamêl jampi waja.

Anuju ing masa palguna tunggil warsa ing nginggil, para widadari kasapta karsa angadani wanguning ukêl, ukêl sangkon [sangko...]

--- 1 : 221 ---

[...n,] ukêl kêkêling, ukêl songèr, ukêl sanggul, ukêl moga, ukêl mênggêp, ukêl turidan, ukêl bangkêlung, ukêl prabakeswa, ukêl patawèri, ukêl supit urang, ukêl tunjung mas, ukêl lamongan, ukêl mandradari. Inggih punika purwanipun wontênipun tiyang Jawi mawi tatah untu, sisig, tiyang èstri tindhik, tuwin nata gêlunging rema, anulad para widadari suralaya.

Kacariyos tunggil warsa Istrimuka kasêbut ing nginggil, Patih Suwedha ing Gilingaya sowan dhatêng Purwacarita, kautus ing Prabu Brahmakadhali, kinèn matur dhatêng Sri Maharaja Budha Krêsna, yèn Prabu Brahmakadhali badhe anuwun sajatining sri, upami kaparêng, Prabu Brahmakadhali badhe sowan piyambak. Ing ngriku Sri Maharaja Budha Krêsna langkung duka, salah pandalihipun, dipun nyana Prabu Brahmakadhali badhe anuwun garwa nata, Patih Suwedha katundhung mantuk, sarta winêling yèn badhe utusan dhatêng Gilingaya. Sapêngkêring Patih Suwedha, Sri Maharaja Budha Krêsna utusan punggawa kêkalih: 1. Bathara Suksena, 2. Bathara Suksrana, kalih pisan sami putranipun Sang Hyang Nioya, Sang Hyang Nioya putraning [pu...]

--- 1 : 222 ---

[...traning] Sang Hyang Êning, punggawa kêkalih wau sami dhinawuhan kinèn ambêdhah nagari Gilingaya, angkatipun saking Purwacarita, ambêkta bala tanpa wicalan, kala samantên nuju ing masa jita.

Ing salêbêting taun Pawa, etanging taun surya sangkala 262, tinêngêran bau obah kacaksuh. Kaetang ing taun candra sangkala 270, tinêngêran patining rêsi paksa muksa.

Amarêngi masa manggakala, kacariyos kala samantên dadosipun prang agêng ing Gilingaya lan ing Purwacarita, gêntos lurug-linurugan, pêjahipun Patih Suwedha.

Ing salêbêting taun Ipa, etanging taun surya sangkala 263, tinêngêran katon anggana rêngganing kamuksan. Kaetang ing taun candra sangkala 271, tinêngêran raja pandhita paksa muksa.

Amarêngi masa palguna, kacariyos Prabu Brahmakadhali kasambut ing ayuda lajêng muksa, wadyabala ing Gilingaya sasesaning pêjah sami têluk dhatêng Purwacarita, etang anggènipun Prabu Brahmakadhali jumênêng nata laminipun 9 taun.

Kacariyos Sang Hyang Rudra, putranipun sêpuh Sang Hyang

--- 1 : 223 ---

Tunggal, dados ingkang raka Sang Hyang Girinata, tumurun angejawantah dados brahmana, nama Brahmana Dewa Esa, amanggihi dhatêng Sri Maharaja Budha Krêsna, Brahmana Dewa Esa angerang-erangi yèn bêbukaning prang punika Sri Maharaja Budha Krêsna kang lêpat, awit kalintu sêrêp ing pandalih, Prabu Brahmakadhali badhe anuwun sajatining sri punika, tgêsipun: badhe anuwun wêwulang jatining ngèlmi karaton, pandalihipun Sri Maharaja Budha Krêsna, dipun nyana yèn Prabu Brahmakadhali badhe anuwun garwa nata. Sarêng Sri Maharaja Budha Krêsna amiyarsa ing pangerang-erangipun Brahmana Dewa Esa, sakalangkung pamiduhungipun, salêbêting galih rumaos kalingsêman, lajêng muksa dados Sang Hyang Wisnu malih, etang anggènipun Sang Hyang Wisnu jumênêng nata ingkang kaping kalih wontên ing tanah Jawi, laminipun 19 taun, nagari Mêdhangkamulan kaping kalih inggih Purwacarita, lajêng risak botên wontên ingkang jumênêng ratu malih.

Ing salêbêting taun Tadu, etanging taun surya sangkala 264, tinêngêran dadi rasaning panêmbah. Kaetang ing taun candra sangkala 272, tinêngêran sukuning pandhita sinêmbah.

--- 1 : 224 ---

Amarêngi masa manggasri, kacariyos ing nalika punika, Brahamana Dewa Esa lajêng jumênêng nata agêng wontên ing Gilingaya, tanah Prayangan, tilas karatonipun Prabu Brahmanakadhali, ajêjuluk Sri Maharaja Dewa Esa. wêkdal punika panjênêngan ratu agêng ing tanah Jawi satalatahipun, inggih punika kalêbêt pulo Sumatra. Bali sarta Madura, amung satunggal Sri Maharaja Dewa Esa.

Antawis ing dalêm 3 taun, botên wontên ingkang kacariyosakên, sarêng andungkap angsal 4 taun, cariyosipun ing ngandhap punika:

Ing salêbêting taun Wikrama, etanging taun surya sangkala 268, tinêngêran brahmana angraras panêmbah. Etanging taun candra sangkala 276, tinêngêran rasa gora kacaksuh.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos Sang Hyang Kamajaya, karsa anggantèn warni tiga, wohan, gambir, apu, supados angabritakên lathi, lajêng tinulad ing para dewa sadaya.

Amarêngi masa srawana, tunggil warsa Sang Hyang Nioya tumurun angejawantah dados raja pandhita, nama Rêsi [Rê...]

--- 1 : 225 ---

[...si] Wiloda, suwita dhatêng Gilingaya, lajêng kadadosakên pêpatih.

Ing salêbêting taun Wila, etanging taun surya sangkala 269, tinêngêran trustha rarasing karna. Kaetang ing taun candra sangkala 277, tinêngêran swara muni ing talingan.

Amarêngi masa sitra, kacariyos ing nalika punika, Sang Hyang Endra amangun găngsa lokananta, saking dhawahipun Sang Hyang Girinata.

Antawis ing dalêm 9 taun, botên wontên ingkang kacariyosakên, sarêng andungkap angsal 10 taun, cariyosipun ing ngandhap punika:

Ing salêbêting taun Karêha, etanging taun surya sangkala 279, tinêngêran babahaning swara angrênggani swarga, kaetang ing taun candra sangkala 287, tinêngêran swara matênggèng karna.

Amarêngi masa kartika, kacariyos Sang Hyang Endra karsa yasa tabuhan, winastan tabuhan surendra, inggih punika ingkang dipun wastani gamêlan surendro, ing nalika samantên ricikanipun amung gangsal prakawis: 1. gêndhing, tgêsipun rêbab, 2. kala, tgêsipun kêndhang,

--- 1 : 226 ---

3. săngka, tgêsipun êgong, 4. pamatut, tgêsipun kêthuk, 5. sauran, tgêsipun kênong, inggih punika purwanipun tanah Jawi wontên găngsa surendro.

Antawis ing dalêm kalih taun botên wontên ingkang kacariyosakên, sarêng andungkap angsal tigang taun, cariyosipun ing ngandhap punika:

Ing salêbêting taun Jayaha, etanging taun surya sangkala 282, tinêngêran bojaning sarira sinêmbah. Kaetang ing taun candra sangkala 290, tinêngêran sirnaning guwa kacaksuh.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos kala samantên Sang Hyang Endra ayasa talaga wontên ing Suralaya, winastan talaga Nurcahya, inggih punika ingkang dipun wastani talaga Warna, yèn kadamêl siram ambagusakên warni.

Ing salêbêting taun Manmata, etanging taun surya sangkala 283, tinêngêran gunaning brahmana sinêmbah. Kaetang ing taun candra sangkala 291, tinêngêran janma trustha anêmbah ing wiyat.

Amarêngi masa kartika, Sri Maharaja Dewa Esa, amerang karatonipun, kapandum dados nênêm, ingkang saduman dipun ratoni piyambak, ingkang gangsal duman kaparingakên [kaparinga...]

--- 1 : 227 ---

[...kên] dhatêng putra, ing ngandhap punika pêperanganing karaton. 1. Sri Maharaja Dewa Esa, angratoni têtiyang agami Brahma, 2. ingkang angratoni têtiyang agami Kala, putra sêpuh nama Prabu Isru, 3. ingkang angratoni têtiyang agami Bayu, arining Prabu Isru, nama Prabu Iramba, 4. ingkang angratoni têtiyang agami Wisnu, arining Prabu Iramba, nama Prabu Arnidha, 5. ingkang angratoni têtiyang agami Endra, arining Prabu Arnidha, nama Prabu Agina, 6. ingkang angratoni têtiyang agami Sambo, arining Prabu Agina, nama Prabu Rugistha, nanging sadaya wau taksih sami sumiwi dhatêng ingkang rama, sarta taksih nunggil sapraja wontên ing Gilingaya.

Ing salêbêting taun Muki, etanging taun surya sangkala 284, tinêngêran pakartining brahmana amboja. Kaetang ing taun candra sangkala 292, tinêngêran sikaraning gapura tinêbah.

Amarêngi masa kartika, kacariyos Rêsi Radhi inggih punika Sang Hyang Surya, inggih Sang Hyang Prawa, putranipun Sang Hyang Maya, angidêri wana wukir lajêng dados paguroning têtiyang kathah, kasêbut puruhita.

Antawis ing dalêm 3 taun, botên wontên [wo...]

--- 1 : 228 ---

[...ntên] ingkang kacariyosakên, sarêng andungkap angsal 4 taun, cariyosipun ing ngandhap punika:

Ing salêbêting taun Sarwari, etanging taun surya sangkala 288, tinêngêran brahmana ngèsthi panêmbah. Kaetang ing taun candra sangkala 296, tinêngêran măngsa kasanga amanglar.

Amarêngi masa kartika, kacariyos kala samantên Rêsi Radhi yasa padhepokan wontên ing wukir Tasik, lajêng anganggit dintên gangsal, Lêgi, Paing, Pon, Wage, Kaliwon, sarêng kalihan panganggitipun masa kalih wêlas, namaning masa pali ingkang miturut basa Indhu kaangge taun srêngenge karangkêpan nama malih, kados ta: masa kartika dèn wastani masa kasa, pusa: dèn wastani masa karo, manggasri: dèn wastani masa katiga, sitra: dèn wastani masa kapat, manggakala: dèn wastani masa kalima, naya: dèn wastani masa kanêm, palguna: dèn wastani masa kapitu, wisaka: dèn wastani masa kawolu, jita: dèn wastani masa kasanga, srawana: dèn wastani masa kasapuluh, padrawana: dèn wastani masa dhastha, asuji: dèn wastani masa sadha, masa anggitanipun Sang Hyang Surya wau, dipun wastani masa prawa. Kalayan malih anganggit masa kalaning warsa,

--- 1 : 229 ---

tuwin anganggit namaning lintang ingkang dados margining surya, candra, kasêbut nama Sêrat Dyamasastra, inggih punika purwanipun têtiyang Jawi angangge etang pêkênan Lêgi, Paing, saurutipun, tuwin ngangge etang masa kasa, karo, saurutipun, ananging kala samantên têtiyang Jawi inggih taksih ngangge etang rangkêpan masa pali.

Antawis ing dalêm 2 taun, botên wontên ingkang kacariyosakên, sarêng andungkap angsal 3 taun, cariyosipun ing ngandhap punika:

Ing salêbêting taun Sabakarti, etanging taun surya sangkala 291, tinêngêran janma sasanga sinêmbah. Kaetang ing taun candra sangkala 299, tinêngêran trus ragoning panêmbah.

Amarêngi masa kartika, kacariyos Bathara Panyarikan tumurun angejawantah dados brahmana, nama Brahmana Srita, tumurunipun wontên ing sabrang tanah Indhustan, lajêng angajawi, akanthi brahmana saking sabrang wêwolu: 1. Brahmana Satya, 2. Brahmana Walmikya, 3. Brahmana Lodha, 4. Brahmana Agdisti, 5. Brahmana Kiratha, 6. Brahmana Isthira, 7. Brahmana Sitodha, 8.Brahmana Waswa, dhatêngipun ing tanah Jawi lajêng anggêlarakên [anggêlarakê...]

--- 1 : 230 ---

[...n] sastra wujudipun makatên: p 8 b * m , c C j J v , q Q d D ! , t # f F n , k @ g & z , y r l w , s $ S a , A I E O U x 2 . Inggih punika purwanipun wontêning sastra ingkang wiwitan, kaangge têtiyang ing tanah Jawi.

Amarêngi masa palguna, etanging taun surya sangkala taksih angsal 291, tinêngêran rupa dewa sinêmbah. Kaetang ing taun candra sangkala sampun angsal 300, tinêngêran barakaning gêgana katon sunya.

Kacariyos kala samantên Sang Hyang Wisnu anitis dhatêng putranipun Sri Maharaja Dewa Esa ingkang sumêndhi, nama Radèn Jaka Pakukuhan, lajêng dados uyun-uyunaning têtiyang kathah.

Antawis ing dalêm 7 taun, botên wontên ingkang kacariyosakên, sarêng andungkap angsal 8 taun, cariyosipun ing ngandhap punika:

Ing salêbêting taun Sadharuna, etanging taun surya sangkala 299, tinêngêran wiwaraning guwa rinêngga. Kaetang ing taun candra sangkala 308, tinêngêran liman pêjah ing wantilan.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos ing nalika punika,

--- 1 : 231 ---

Radèn Jaka Pakukuhan tinundhung dhatêng kang rama, lajêng kesah saking Gilingaya, akalihan ingkang rayi wuragil, nama Radèn Jaka Puri, anjog ing wukir Tasik kapanggih lan Rêsi Radhi lajêng puruhita, Radèn Jaka Pakukuhan winulang salwiring kagunan sadaya sampun widagda, nuntên Radèn Jaka Pakukuhan arêraton wontên ing wukir Tasik, saubênging wukir Tasik binabadan ginatra kitha, winastan ing Tasikmadu, nuntên Dèwi Manis putranipun Rêsi Radhi kagarwa.

Ing salêbêtipun sataun, botên wontên ingkang kacariyosakên.

Kacariyos wiwit taun surya ăngka 201, dumugi ăngka 300, taun candra wiwit ăngka 206 dumugi ăngka 309, dipun wastani jaman brawa, wiyosipun ing masa punika kathah para dewa angejawantah jumênêng nata sowang-sowang, jamaning ratu satunggal-tunggalipun sami winastan jaman arcana amargi ing nalika punika sami mangsanipun anata panêmbah dhatêng dewa.

Dumugi samantên têlasipun cariyos bab kaping 3 ing Sêrat Pustakaraja Purwa, lajêng nyandhak cariyos bab kaping 4, ingkang badhe kocap ing Sêrat Pustakaraja Purwa jilidan ăngka 2.

--- 1 : [0] ---

[...]

--- 1 : [0] ---

[Iklan]

--- 1 : [0] ---

[Iklan]


Dwarawati (kembali)
Dwarawati
panganggitipun (kembali)
panganggitipun
ênggènipun (kembali)
ênggènipun
sèrèn (kembali)
sèrèn
baita (kembali)
baita
tinêngêran (kembali)
tinêngêran
Iramba (kembali)
Iramba
salêbêtipun (kembali)
salêbêtipun
anarbuka (kembali)
anarbuka
10 tinêngêran (kembali)
tinêngêran
11 Sri (kembali)
Sri
12 wangsit (kembali)
wangsit
13 sêsêbutan (kembali)
sêsêbutan
14 Pratiwi (kembali)
Pratiwi
15 Kêmbar (kembali)
Kêmbar
16 Seharusnya no. 14 dan seterusnya. (kembali)
Seharusnya no. 14 dan seterusnya.
17 105. (kembali)
105.
18 sasisih (kembali)
sasisih
19 iku (kembali)
iku
20 nuntên (kembali)
nuntên
21 sangkala (kembali)
sangkala
22 Hyang (kembali)
Hyang
23 lingsêm (kembali)
lingsêm
24 Sang (kembali)
Sang