Sajarah Narendra Ing Tanah Jawi, Darmasubita, 1928, #783

JudulCitra

Sêrat Sajarah Dalêm para Panjênênganipun Narendra ing Tanah Jawi

--- 0 ---

Kaimpun dening Raden Darma Subita

Kawêdalakên sarta kasade dening S. H. Tiyasa Surakarta 1859

Kaêcap ing Pangêcapan N.V. Budi Utama ing Surakarta 1859-1928.

--- 3 ---

1928

Sajarah dalêm para panjênênganing nata ingkang jumênêng ing tanah Jawi, wiwit Sang Hyang Bathara Guru dumugi Saandhaping Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 10 jumênêng ing nagari Surakarta.

Kaimpun dening Radèn Darma Subita, abdi dalêm jajar nirbita kaparak kiwa, mêndhêt saking suraosipun Sêrat Paramayoga, utawi Sêrat Pustakaraja, sapiturutipun, karanganipun suwargi Radèn Ngabèi Rănggawarsita, prayagung kaliwon pujăngga ing karaton dalêm Surakarta, Radèn Ngabèi Rănggawarsita, ngimpun saking Sêrat Pustaka Rajapurwa, iyasanipun Sri Bathara Aji Jayabaya, nata binathara ing nuswa Jawa, ingkang angadhaton nagari Mamênang (Daha), tanah Kadhiri, bêbukanipun ngadani cariyos punika, nalika karawuhan Sang Hyang Naradha, utawi Sang Hyang Panyarikan, [Panya...]

--- 4 ---

[...rikan,] Sri Bathara Aji Jayabaya kadhawuhan amèngêti kawontênanipun sadaya lêlampahan ing nuswa Jawa, miturut pemutanipun para dewa, Sri Bathara Aji Jayabaya lajêng adhêdhawah dhumatêng para êmpu (para pujăngga), supados amèmuti, kacundhukakên kalihan suraosipun Sêrat Jitapsara, tuwin Sêrat Jidsaka, anggitanipun Risang Bagawan Palasara, ing nagari Ngastina, wontênipun nganggit sêrat kêkalih wau, awit saking wasitanipun Dèwi Rukmawati, putranipun Sang Hyang Anantaboga, sarêng sampun ngalêmpak, lajêng kadhawuhan nganggit, ingkang kadhawuhan nganggit nama Êmpu Jangga ugi ing nagari Mamênang, ing ngriki amung kula pêthik bakuning cariyos, inggih punika anyariyosakên urutipun para panjênêngan dalêm nata ingkang jumênêng narendra ing tanah Jawi, kawiwitan Sang Hyang Bathara Guru sapangandhap, dumugi Saandhaping Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 10 jumênêng nagari Surakarta, ing ngriki mawi kapêthikakên minăngka tăndha pasêksèn sawatawis.

Titimasa pangimpun, nalika taun candrasangkala 1858, tinêngêran salira tinata mangèsthi nata

--- 5 ---

Bêbuka

Wiyosipun, mênggah ingkang dados bêbuka kacariyosakên, kalihan cêkakan, nalika ing tanah Ngarab, jamanipun Kangjêng Nabi Ngisa, ing nuswa Jawa dèrèng nama tanah Jawa, taksih kêmpal nunggil sapulo kalihan Sumatra, Madura, saha Bali, ing ngriku taksih sonya, dèrèng wontên sujanma ingkang dêdunung, wontênipun amung thêthukulan jawawut, kacariyos, nalika panjênênganipun para dèwa ingkang sami kahyangan wontên sapucaking wukir Têngguru, ing tanah Ngindi, ing sapunika nama ardi Imalaya, tanah Indhustan, nalika campuh prang kalihan Kangjêng Nabi Ngisa, para dewa kasêsêr yudanipun, sami kaplajêng angungsi dhatêng pulo sonya, pangagêngipun Sang Hyang Bathara Guru, wontên ing pulo sonya wau Sang Hyang Bathara Guru jumênêng nata, angratoni para dewa, pulo lajêng kanamakakên nuswa Jawa, utawi tanah Jawa, mila nama makatên kapirit kawontênanipun ing pulo ngriku langkung panjang thêthukulanipun jawawut, ananging kala samantên ingkang mastani nuswa Jawa utawi tanah Jawa, sawêg panjênênganipun para dewa, panjênênganipun para dewa wontên ing ngriku laminipun antawis 15 warsa, mirêng pawartos manawi Kangjêng Nabi Ngisa seda, Sang Hyang Bathara Guru tuwin panjênênganipun [panjênêng...]

--- 6 ---

[...anipun] para dewa lajêng wangsul kondur dhatêng Indhustan, akahyangan malih kados ing nguni-uni.

Gêntos kacariyos, ing tanah Indhustan wontên satunggaling narendra băngsa brahmana, nagari ing Surati, jêjulukipun narendra Prabu Isaka (Ajisaka), kalêrês lênggahipun Sang Hyang Êning, sadhèrèkipun sêpuh Sang Hyang Tunggal. Prabu Isaka jumênêng nata 46 warsa, nagari kabêdhah dening mêngsah, prabu Isaka kalolos saking praja tanpa wadyabala, sarêng dumugi ing wana dipun panggihi kalihan ingkang rama jêjuluk bathara Anggajali inggih Êmpu Anggajali, Prabu Isaka kadhawuhan tapa utawi damêl patilasan dhumatêng pulo Dawa taksih sonya, ingkang sampun nama nuswa Jawa, Prabu Isaka mituhu dhawuhing rama, saksana pangkat dhatêng nuswa Jawa, enggaling cariyos sampun dumugi nuswa Jawa, ing ngriku têmên mênawi sonya, botên wontên barang-barang kajawi thêthukulan Jawawut, Prabu Isaka anggèning jajah nuswa Jawa saking parmaning ingkang Maha Kuwasa namung 103 dintên pulo sampun kêmput, sadaya ingkang kaambah wukir-wukir lèpèn-lèpèn sami kasinungan nama, Prabu Isaka lajêng dumunung wontên wukir Hyang, ing sapunika nama wukir Kêndhêng tanah Prabalingga utawi Basuki, asêsilih nama Êmpu Sangkala, wontên ing ngriku lajêng nganggit taun candrasangkala, miturut lampahipun sasangka, kangge

--- 7 ---

titimasa pangèngêt-èngêt, ingkang kangge kawitan nalika babadipun wukir Hyang (wukir Kêndhêng), taun candrasangkala 1 tinêngêran jêbug awug, inggih punika wiwitipun ing tanah Jawi wontên sêngkalan angka taun, Êmpu Sangkala têtêp dêdunung wontên ing ngriku, amung tansah muja sêmèdi anêgês[1] karsane ingkang Maha Kuwasa, inggih punika tapa, dumugi antawis angsal 5 wulan.

Gêntos kacariyos, kawarnaa ing nagari Satambul, ingkang jumênêng nata jêjuluk Sultan Galbah. Sang nata karsa angisèni tiyang dhatêng pulo ingkang taksih suwung. Sri sultan midhangêt bilih ing nuswa Jawa taksih sonya, lajêng dhawuh supados kaisenan tiyang, kathahipun 20.000, kalih lêksa semah. Enggaling cariyos, tiyang samantên wau wontên ing tanah Jawi pamanggènipun kaparênca. Antawis angsal sataun, candrasangkala 2 tinêngêran kacaksuhing[2] seluman, tiyang kantun 200; kalih atus semah, taun candrasangkala 3 tinêngêran gêni tiba malêtik ing langit. Tiyang kantun 20, kalih dasa semah, tiyang samantên wau giris manahipun, sami kapalajêng numpal kèli wangsul dhatêng nagari Satambul, lajêng kauningan sri sultan. Sri sultan langkung sungkawa, lajêng angutus raja pandhita ing nagari Banisrail ngulama agami Ngisa, jêjuluk Pandhita Ngusman Ngaji supados anumbali [anumba...]

--- 8 ---

[...li] pulo sonya wau. Sang pandhita sandika lajêng pangkat, taun candrasangkala 4 tinêngêran toya muluk ing gêgana, sang pandhita sampun dumugi ing tanah Jawi, taun candrasangkala 5 tinêngêran tata sonya tanpa barakan, sang pandhita kapanggih kalihan Êmpu Sangkala, sang pandhita sampun waspada dhatêng Êmpu Sangkala, amargi sampun dados muridipun, Êmpu Sangkala ugi botên kasamaran bilih punika gurunipun. Sang pandhita andangu mulabukanipun, dene wontên ing pulo sonya. Êmpu Sangkala matur purwa madya dumugi wusana. Sang pandhita langkung ngungun. Taun candrasangkala 6 tinêngêran anggas pêjah ing tawang, inggih punika pêpanggihanipun Risang Pandhita Ngusman Ngaji kalihan Êmpu Sangkala, taun candrasangkala 7 tinêngêran gora sirna, Sang pandhita amasang tumbal, botên dangu lajêng wontên swara gêgêtêri sundhul ing akasa, ngatawisi bilih katarima isaratipun. Sang pandhita lajêng wangsul dhatêng nagari Satambul. Êmpu Sangkala kinèn andhèrèk, sadumuginipun ing nagari Satambul, sang pandhita ngaturakên mulabukanipun kautus utawi ngaturakên Êmpu Sangkala. Sri sultan langkung sukaning galih, Êmpu Sangkala kaparingan nama Pandhita Iksak, lajêng kautus pados tiyang kangge isèn-isèn ing tanah Jawi, Sang Pandhita Iksak sandika lajêng mangkat, ing sarèhning Risang Pandhita Iksak wau darahing dewa, lajêng sowan [so...]

--- 9 ---

[...wan] ing Hyang Bathara Guru dhatêng ing Indhustan, parlu nyuwun tiyang badhe kadunungakên wontên ing tanah Jawi. Sang Hyang Bathara Guru amarêngakên, lajêng maringi tiyang băngsa Kêling kathahipun 15.000 salêksa gangsal èwu semah, Sang Pandhita Iksak lajêng angajak para sadhèrèkipun ambêkta tiyang kêling samantên wau dhumatêng ing tanah Jawi, ananging lampahipun kampir dhatêng pulo Selan, ingkang salajêngipun dados nagari Ngalêngka, kratonipun Prabu Dasamuka, pikantuk tiyang 2000 kalih èwu semah, kampir malih dhatêng Siyêm, tanah Hindhu wingking, pikantuk tiyang 3.000 tigang èwu semah, sadaya gunggung tiyang 20.000 kalih lêksa semah. Sadumuginipun ing tanah Jawi tiyang samantên wau kabage-bage pamanggènipun. Taun candrasangkala 8 tinêngêran naga murca, tiyang 20.000 kalih lêksa semah têtêp dumunung ing tanah Jawi. Enggaling cariyos, antawis dasanan taun ing tanah Jawi sampun kathah tiyang ingkang dêdunung, ananging taksih rêsah, amargi dèrèng wontên ingkang mranata, kawastanan jaman kukila, amung tansah rêrayahan anggèning pados têtêdhan sapiturutipun. Pundi ingkang rosa inggih kathah kauntunganipun. Tanah Jawi sampun dumugi taun candrasangkala 104 tinêngêran dadi dhêdhuwuraning janma.

Gêntos kacariyos, kawarnaa para dewa ingkang akahyangngan [akahyang...]

--- 10 ---

[...ngan] ing tanah Ngindi, samangke kawastanan tanah Indhustan, sami angejawantah tumêdhak ing tanah Jawi, sadaya nama Rêsi, pangagêngipun Sang Hyang Bathara Guru, ajêjuluk Rêsi Mahadewa Budha wontên ing tanah Jawi. Para dewa lajêng sinêbut jawata, têgêsipun guruning tanah Jawa, amargi para dewa anggêlar kasantikanipun utawi kawruh warni-warni, tiyang satanah Jawi lajêng sami sumungkêm dhumatêng para dewa. Taun candrasangkala 105 tinêngêran tata barakaning janma, Rêsi Mahadewa Budha amatah pamanggènipun para rêsi, wontên ing keblat sakawan, wetan, lèr, kilèn, tuwin kidul, sami sinêbut jawata, kadhawuhan anggêlar kasantikanipun, supados para sujanma sami sumuyut. Rêsi Mahadewa Budha dados jawataning têngah, lajêng yasa candhi dumunung wontên sakilèning wukir Candramuka utawi wukir Candragêni ing tanah Kêdhu, winastan candhi Marabudha, kalanturipun nama candhi Barabudhur, para jawata keblat sakawan sami yasa candhi piyambak-piyambak.

Amarêngi taun candrasangkala 144 tinêngêran yoga dadi raja, Rêsi Mahadewa Budha jumênêng nata binathara, angratoni sakutu-kutu wong alang taga. Sakutu-kutu têgêsipun sadaya gêgrêmêtan, wong têgêsipun sadaya manungsa, alang têgêsipun sadaya ibêr-ibêran, taga têgêsipun sadaya rumangkang, ajêjuluk Sri Maharaja Dewa [De...]

--- 11 ---

[...wa] Budha, karaton nama nagari Mêdhangkamulan, kalêrês sukuning wukir Kamula ingkang sisih lèr, sapunika kawastanan gunung Gêdhe utawi ardi Pangerango, watês tanah Priyangan sakilèn Bogor, ingkang nama Bètênsorêh. Rêsi Naradha minăngka patih, inggih punika wiwitipun ratu tanah Jawi.

Taun candrasangkala 150 tinêngêran sirna wisayaning bumi, Sri Maharaja Dewa Budha pindhah kadhaton dhatêng ardi Mahendra, ing samangke nama ardi Lawu, kadhaton winastan kaswargan, rineka tejamaya, ngarga dumilah, jonggring salaka, mawi bangsal marcukundha, utawi bale marakata, mawi wot ogal-agil. Dados anggènipun jumênêng wontên Mêdhangkamulan amung 5 utawi 6 taun, lajêng pindhah dhumatêng ardi Mahendra. Sri Maharaja Dewa Budha lajêng yasa dêdamêling prang kangge praboting praja, kadosta cakra, kunta, katana, cundha, saraba, kalaka, sagri, nagapasa, sangkali, cundrik, patrêm, tuwin dhuwung dhapur pasupati, dhapur lar ngatap, Êmpu Bathara Ramayadi inggih punika wiwitipun ing tanah Jawi wontên dêdamêl prang saha dhuwung sêsaminipun.

Taun candrasangkala 167 tinêngêran swara karêngèng jagad, Sri Maharaja Dewa Budha yasa têtabuhan Lokanănta, inggih punika wiwitipun ing tanah Jawi wontên têtabuhan găngsa.

--- 12 ---

Taksih nunggil warsa, Sri Maharaja Dewa Budha yasa mandhala, inggih punika papan panggenan lenggot bawa, lenggot têgêsipun jogèt, bawa têgêsipun swara, ing tanah Jawi wiwitipun wontên jogèt tinabuhan gangsa mawi sêndhon sêsaminipun.

Sri Maharaja Dewa Budha anggèning jumênêng nata wontên ing ardi Mahendra tanah Jawi laminipun 25 warsa, lajêng muksa dalah para dewa sadaya wangsul akahyangan dhatêng Indhustan malih. Pamuksanipun wau amargi kewran anggèning ngadili bab anduradasih. Kadhaton ardi Mahendra lajêng risak utawi botên wontên ingkang jumênêng nata. Ing tanah Jawi lajêng rêsah malih. Para sêpuh-sêpuh satanah jawi sami muja sêmèdi anyênyuwun dhumatêng ingkang Murbèng Dumados, ing tanah Jawi supados wontêna ratu malih.

Taun candrasangkala 175 tinêngêran panca pandhita angratoni wiyat, Sang Hyang Bathara Guru adhêdhawuh dhumatêng putra 5 iji. 1. Sang Hyang Bathara Sambo, 2. Sang Hyang Bathara Brahma, 3. Sang Hyang Bathara Endra, 4. Sang Hyang Bathara Wisnu, 5. Sang Hyang Bathara Bayu, sami kadhawuhan angejawantah jumênêng nata wontên ing tanah Jawi amêncarna agaminipun piyambak-piyambak, tanah Jawi supados botên rêsah. Putra 5 sami angèstokakên.

--- 13 ---

Taksih nunggil warsa Sang Hyang Bathara Sambo jumênêng nata, jêjuluk Prabu Sri Maharaja Maldewa, kadhaton ing nagari Mêdhangprawa (pulo Sumatra), Sang Hyang Bathara Brama jumênêng nata jêjuluk Prabu Sri Maharaja Sundha, kadhaton ing nagari Mêdhanggili (tanah Bantên), inggih punika wiwitipun tanah Bantên sinêbut tanah Pasundhan. Kabêkta saking asmanipun ingkang jumênêng nata, Sang Hyang Bathara Endra jumênêng nata jêjuluk Prabu Sri Maharaja Sakra, kadhaton ing nagari Mêdhanggana (tanah Prabalingga). Sang Hyang Bathara Wisnu jumênêng nata jêjuluk Prabu Sri Maharaja Suman, kadhaton ing nagari Mêdhangpura (tanah Têgal). Sang Hyang Bathara Bayu jumênêng nata jêjuluk Prabu Sri Maharaja Bima, kadhaton ing nagari Mêdhanggora (pulo Bali). Narendra gangsal wau botên rèh kinêrèh. Tindakipun amung mêmitranan kemawon, dhasar sadhèrèk kakung piyambak, lajêng sami amêncarakên agami Budha, miturut agamanipun ingkang jumênêng nata, inggih punika wiwitipun tanah Jawi wontên agama warni gangsal. 1. Agama Sambo, 2. Agama Brahma, 3. Agama Endra, 4. Agama Wisnu, 5. Agama Bayu. Ing tanah Jawi lajêng katingal tata têntrêm raharja gêmah ripah loh jinawi.

Taun candrasangkala 191 tinêngêran rupa anrusing bumi. Sri Maharaja Sundha (Hyang Brahma) sampun pêputra 20

--- 14 ---

iji, putra ingkang putri sinêbut Dèwi, nurutakên nalika Sang Hyang Wênang pêputra putri, kaparingan sasêbutan Dèwi, amila sadaya garwa tuwin putraning dewa sinêbut Dèwi. Putra ingkang miyos kakung kaparingan sasêbutan Radèn.

Taun candrasangkala 199 tinêngêran anrus babahaning gêni. Para panjênênganipun narendra 5 sami sulaya, jalaran saking para wadyabalanipun piyambak-piyambak. Ing adhusun-dhusun sami paprangan, para narendra 5 lajêng silir pranatanipun anggèning nglêrêsakên wadyabalanipun piyambak-piyambak.

Taun candrasangkala 200 tinêngêran tanpa samaring paningal. Putranipun Sang Hyang Ismaya (Sêmar) ingkang 9 iji sami angejawantah dhatêng tanah Jawi mindha Brahmana. 1. Hyang Wungku Am nama Brahmana Rajawedha, 2. Hyang Siwah, nama Brahmana Rajasahlika, 3. Hyang Wrahaspati, nama Brahmana Rajatristha, 4. Hyang Yamadipati nama Brahmana Graksa, 5. Hyang Surya, nama Brahmana Rajagrisma, 6. Hyang Candra, nama Brahmana Rajawalanta, 7. Hyang Kuwera, nama Brahmana Rajaima, 8. Hyang Tamburu, nama Brahmana Rajapatuk, 9. Hyang Kamajaya, nama Brahmana Rajatadhi. Sadaya wau karsa nyapih ingkang sami pancakara, dhatêngipun para brahmanaraja anjujug ardi Mahendra (gunung Lawu).

--- 15 ---

Kawarnaa narendra 5 ingkang sami pasulayan sami angsal wangsit supados dhatêng ardi Mahendra, amargi ing ardi ngriku wontên brahmanaraja ingkang badhe nyirêp rêtuning sujanma, angangkah arjaning bumi. Para narendra 5 lajêng sami tumêdhak dhatêng ardi Mahendra. Enggaling cariyos para narendra 5 sampun pêpanggihan kalihan para brahmanaraja, para brahmanaraja lajêng angsung sasmita dhumatêng narendra 5 makatên. Badan kawisesa dening manah, manah kawisesa dening nyawa, nyawa kawisesa dening dewa. Para narendra 5 tampi sasmita makatên lajêng sami ngrumaosi kalêpatanipun anggènipun mranata dhatêng wadyabala, ing măngka pangèsthinipun para narendra 5 bala kawisesa dening ratu, ratu kawisesa dening adil, adil kawisesa dening bijaksana. Sasampunipun makatên para brahmanaraja adamêl pasang giri ukara mantra a i e o u. Para narendra sami kinèn andadosakên ungêl satunggal, pundi ingkang sagêd punika badhe kawasa angratoni sajagad. Para narendra 5 botên wontên ingkang sagêd. Wêkasanipun para narendra 5 kaperang, Sri maharaja Maldewa (Hyang Sambo) angratoni sadaya ibêr-ibêran, jêjuluk Sri Maharaja Kalapati, Sri Maharaja Sundha (Hyang Brahma) ngratoni sadaya manungsa tuwin rasêksa, jêjuluk Sri Maharaja Prajapati, Sri Maharaja [Ma...]

--- 16 ---

[...haraja] Sakra (Hyang Endra) ngratoni para jawata sarta para rêsi, jêjuluk Sri Maharaja Surapati. Sri Maharaja Suman (Hyang Wisnu) ngratoni sadaya buron toya, jêjuluk Sri Maharaja Matsyapati, Sri Maharaja Bima (Hyang Bayu) ngratoni sagunging sato kewan, jêjuluk Sri Maharaja Mrêggapati. Para narendra 5 langkung nuwun, lajêng kondur dhatêng prajanipun piyambak-piyambak anindakakên sadaya wêwarahipun para brahmanaraja, para brahmanaraja ugi lajêng muksa dados dewa wangsul dhatêng Indhustan. Amung Brahmanaraja Bahlika (Hyang Siwah) taksih kantun wontên ing tanah Jawi badhe anggêlarakên piwulang.

Kacariyos, lampahipun Sang Brahmanaraja Bahlika anggènipun anggêlar piwulang, sadaya ingkang winulang salwiring kasêktèn miwah pangawikan, panganggêpipun sami ambathara, lajêng sami suwita dhumatêng sang brahmanaraja, botên dangu sadaya para manungsa, para rasêksa tuwin para sato kewan kathah ingkang suwita dhumatêng Sang Brahmanaraja Bahlika.

Nunggil taun candrasangkala 200 tinêngêran tanpa samaring paningal, Risang Brahmanaraja Bahlika jumênêng nata wontên ardi Mahendra, jêjuluk Sri Maharaja Balya, nagari winastan Mêdhangsiwanda, lajêng anggêlar agama Siwah, Sri Maharaja Balya tansah amitulungi karibêdaning titah. Para narendra [na...]

--- 17 ---

[...rendra] 4 sami lingsêm. 1. Sri Maharaja Kalapati, 2. Sri Maharaja Prajapati, 3. Sri Maharaja Matsyapati, 4. Sri Maharaja Mrêggapati, ing wêkasan sarêng muksa wangsul dhatêng Indhustan dados dewa malih, kadhaton lajêng sami risak, amung Sri Maharaja Surapati (Hyang Endra) taksih lastari angratoni para jawata, kadhaton santun nama Suralaya.

Taun candrasangkala 215 tinêngêran warastraning rat sinêmbah. Sri Maharaja Surapati prang kalihan Sri Maharaja Balya. Sri Maharaja Surapati yasa dêdamêl prang warni: jêmparing, tomara, dhêdhali, nanggala, sali, druwasa, trisula, candrasa, arda, candra, candra purnama, martyajiwa, limpung, tuhuk, parasu, dhuwung dhapur surèngpati tuwin dhapur curiga. Sri Maharaja Balya ugi yasa dêdamêl prang warni: gada, bindi, badhama, gêntha, krêttala, alu-alu, alugora, dhuwung dhapur jalak. Patihipun Sri Maharaja Balya Sang Hyang Bathara Kala. Pêrangipun langkung rame dèrèng wontên ingkang kasoran. Sarêng patihipun Sri Maharaja Balya Sang Hyang Bathara Kala nama Patih Siwandakara, agami Siwah ical, lajêng santun agama Kala.

Kacarita, Sang Hyang Bathara Brahma saha Sang Hyang Bathara Wisnu sami ngejawantah dhatêng tanah Jawi malih, ngabên kasantikan tuwin kagunan kalihan Sri Maharaja Balya utawi kalihan Patih Siwandakara. [Siwanda...]

--- 18 ---

[...kara.] Sri Maharaja Balya tuwin Patih Siwandakara kasoran, lajêng muksa dados dewa malih wangsul dhatêng Indhustan.

Taun candrasangkala 226 tinêngêran obah ngasta kalih, Sang Hyang Bathara Brahma gumanti nata ing Mêdhangsiwanda, jêjuluk Sri Maharaja Budhawaka.

Nunggil warsa, Sri Maharaja Surapati yasa kahyangan Tejomaya.

Taun candrasangkala 227 tinêngêran pandhita paksa sinêmbah, Sri Maharaja Surapati yasa kahyangan Rineka Ngarga Dumulah,[3] Jonggringsalaka, Paparyawarna, sadaya wau saking dhawuhipun Sang Hyang Bathara Guru.

Nunggil warsa, Sang Hyang Bathara Kala ngejawantah malih, lajêng jumênêng nata wontên ing nagari Mêdhangkamulan, dados Mêdhangkamulan kaping 2, jêjuluk Sri Maharaja Berawa. Ing wêkdal wau tanah Jawi wontên karaton 2, Mêdhangsiwanda akalihan Mêdhangkamulan kaping 2.

Taun candrasangkala 230 tinêngêran tanpa latu paksa malêtik, Sri Maharaja Berawa arsa ambêdhah nagari Mêdhangsiwanda, yasa dêdamêl prang nurun ingkang sampun utawi anambahi yasa dêdamêl warni: tunggara, cingkara, sudhana, supadana, dhuwung dhapur kalamisani akalihan dhapur pulana, nunggil warsa yasa dêdamêl malih warni: kurandha, arpasa, căndhaberawa, [căndha...]

--- 19 ---

[...berawa,] wiswa pracondha, kalabraja.

Taun candrasangkala 232 tinêngêran sikara anaut bau. Sri Maharaja Berawa anglurug prang dhatêng nagari Mêdhangsiwanda, lajêng campuh prang, Sri Maharaja Budhawaka narendra ing Mêdhangsiwanda kasêsêr yudanipun. Lajêng oncat saking praja pindhah kadhaton dhatêng Gilingaya tanah Prayangan. Sabêdhahipun nagari Mêdhangsiwanda, Sri Maharaja Berawa kondur dhatêng nagari Mêdhangkamulan. Nagari Mêdhangsiwanda risak botên wontên ingkang jumênêng nata malih.

Taun candrasangkala 236 tinêngêran oyage wedha kapêksa. Sri Maharaja Surapati yasa kalpataru sakêmbaran, winangun kajêng Dewandaru kajêng Jayandaru, lajêng kapêrnahakên wontên têngahing paparyyawarna, inggih punika wiwitipun karaton tanah Jawi mawi katanêman waringin kurung sakêmbaran.

Taun candrasangkala 252 tinêngêran bujaning buta kasuhhing seluman. Sri Maharaja Berawa arsa ambêdhah ing Suralaya, patih saha para êmpu sami amambêngi, ananging tanpa guna, malah sami tinundhung.

Nunggil warsa, Sang Hyang Bathara Wisnu ngejawantah malih mindha brahmana, nama Brahmana Kèstu, amambêngi karsanipun Sri Maharaja Berawa, lajêng ngabên kasantikan, Sri Maharaja Berawa kalindhih.

--- 20 ---

Karaton karêbat dening risang Brahmana Kèstu, sarta lajêng jumênêng nata, jêjuluk Sri Maharaja Budha Krêsna, nagari santun nama Purwacarita. Sri Maharaja Berawa kadhawuhan angratoni lêlêmbat, kadhaton ing Krêndhayana, sapunika kalantur nama Krêndha Wahana, lêrêsipun salèring karaton Surakarta.

Taun candrasangkala 261 tinêngêran janma ngobahakên panêmbah. Sri Maharaja Budhawaka nglurug prang dhatêng nagari Purwacarita, kakintên ingkang dados ratu Sang Hyang Bathara Kala. Sri Maharaja Budhawaka yasa dêdamêl warni: bramastra, dhuwung dhapur tilam upih, akalihan dhuwung dhapur balebang, ingkang dhapur tilam upih kaparingan nama Jaka Piturun, ingkang dhapur balebang kaparingan nama Pamunah. Sri Maharaja Budhawaka salêbêtipun prang, uninga manawi mêngsahipun wau Sang Hyang Bathara Wisnu, ing têmahan gêtun kaduwunging galih, pêrang kabibarakên, lajêng kondur angadhaton sèlèh kaprabon dhumatêng putra mantu ingkang dados patihipun piyambak, nama patih Brama Kadhali. Sri Maharaja Dewabudha muksa dados dewa malih.

Taun candrasangkala 262 tinêngêran kalih agana boja. patih Brama Kadhali jumênêng nata ing nagari Gilingaya kaping 2, jêjuluk Prabu Brama Kadhali.

Taun candrasangkala 265 tinêngêran gatining rasa kapêksa. Sri Maharaja Budha Krêsna kadhawuhan tosan adi,

--- 21 ---

lajêng kangge dhuwung 1. Dhuwung dhapur buntala, 2. Dhuwung dhapur urap-urap, 3. Dhuwung dhapur sêpang, 4. Dhuwung dhapur sumpana lêrês.

Taksih nunggil warsa, Sri Maharaja Budha Krêsna sêling sêrêp kalihan Prabu Brama Kadhali dados prang. Prabu Brama Kadhali kasoran lajêng muksa. Sang Hyang Bathara Rudra tumurun mindha brahmana, nama Brahmana Dewa Esa, amêlèh-mêlèhakên dhatêng Sri Maharaja Budha Krêsna anggènipun prang kalihan Prabu Brahma Kadhali. Sri Maharaja Budha Krêsna ngrumaosi bilih lêpat, lajêng muksa dados dewa.

Taun candrasangkala 272 tinêngêran sukuning pandhita sinêmbah. Brahmana Dewa Esa jumênêng nata wontên ing nagari Gilingaya kaping 3, jêjuluk Sri Maharaja Dewa Esa.

Taun candrasangkala 287 tinêngêran swara matênggèng karna. Sri Maharaja Surapati yasa têtabuhan surendra, kalanturipun nama gangsa raras sulendro.

Taun candrasangkala 296 tinêngêran măngsa kasanga amanglar. Sang Hyang Bathara Surya ngejawantah dhatêng tanah Jawi amindha rêsi, nama Rêsi Radhi, angidêri wana wukir lajêng dados paguronipun tiyang kathah, sinêbut puruhita, sang Rêsi Radhi lajêng anganggit dintên 5, inggih punika: Lêgi, Pahing, Pon, Wage, Kliwon, utawi măngsa 12.

--- 22 ---

Taun candrasangkala 308 tinêngaran liman pêjah ing wantilan. Radèn Jaka Pakukuh akalihan rayi Jaka Puring sami putranipun Sri Maharaja Dewa Esa sami katundhung saking praja. Sakesahipun saking praja Radèn Jaka Pakukuh jumênêng nata wontên wukir Tasik, kadhaton nama Tasikmadu. Rayi minăngka patih. Samuksanipun ingkang rama, lajêng gumanti lênggahing rama, jêjuluk Sri Maharaja Kano. Nagari Purwacarita kaping 2 patihipun lastari ingkang rayi, nama patih Jaka Puring. Sri Maharaja Kano wau wiwit titisipun Sang Hyang Bathara Wisnu wontên ing tanah Jawi. Sri Maharaja Kano lajêng anata wijang-wijangipun agama Budha, kaparingan gangsa sulendro saking Suralaya. Sri Maharaja Kano lajêng amêwahi gambang tuwin kêmpul saha nganggit gêndhing agêng sêkar agêng, ambangun paramasastra, bausastra, sêkar kawi sasaminipun, ing nguni anggitanipun Sang Brahmana Srita, inggih punika Sang Hyang Bathara Panyarikan. Lajêng yasa têtêngêripun prang 1. Kêndhang, 2. Gong, 3. Gubar, 4. Bairi,[4] 5. Puksur, 6. Gurnang, 7. Thong-thong, 8. Grit, 10. Têtêg, 10. Maguru gangsa, lajêng tinulad para narendra satanah Jawi, sabên mangkat prang sami têtêngêr kados kasbut sadaya wau.

Kados sampun cêkap kangge pasêksèn bilih panjênênganipun para Dewa wiwit Sang Hyang Bathara Guru sapangandhap sami jumênêng

--- 23 ---

nata wontên ing tanah Jawi. Ing samangke anglajêngakên sajarahipun panjênêngan dalêm nata ingkang jumênêng ing tanah Jawi, ananging amung cêkakan, tăndha pasêksèn botên kacariyosakên, amargi langkung panjang, andadosna kauninganipun para ingkang sami kaparêng maos saha ingkang mirêngakên.

Putranipun mantu Sri Maharaja Kano pêparab Radèn Turunan, gumanti nata kalênggahanipun mara sêpuh ing Purwacarita kaping 3, jêjuluk Prabu Kandhihawa, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 348 tinêngêran ngèsthi sucining nala.

Taksih nunggil warsa, Patih Jaka Puring sadhèrèkipun Sri Maharaja Kano ugi jumênêng nata wontên ing nagari Gilingwêsi, jêjuluk Prabu Hèryanarudra.

Putranipun Prabu Kandhihawa ing Purwacarita, pêparab Radèn Rêspati, jumênêng nata wontên ing nagari Mêdhangkamulan kaping 3 jêjuluk Prabu Palindriya. Jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 371 tinêngêran sujanma mring ngardi brama.

Dèwi Sinta (Basundari) putrinipun Sang Hyang Anantaboga, jumênêng nata ing nagari Gilingwêsi kaping 2, jêjuluk Prabu Sitawaka, jujênêngipun[5] amarêngi taun candrasangkala 385 tinêngêran pandhawa ngèsthi guna.

--- 24 ---

Radèn Watugunung putranipun Prabu Palindriya jumênêng nata wontên ing nagari Mêdhangkamulan kaping 4, jêjuluk Prabu Watugunung, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 391 tinêngêran sujanma kalêbèng agni.

Sang Hyang Bathara Wisnu jumênêng nata wontên ing nagari Mêdhanggêle, jêjuluk Prabu Satmata, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 392 tinêngêran tumontoning gapura tri.

Sang Hyang Bathara Brahma jumênêng nata wontên ing nagari Gilingwêsi, jêjuluk Prabu Brahmaraja. Jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 430 tinêngêran sirna tumingaling samodra.

Taksih nunggil warsa, Sang Hyang Bathara Wisnu jumênêng nata malih wontên ing nagari Mêdhenggêle kaping 2, jêjuluk Prabu Wisnupati.

Putranipun Prabu Brahmaraja jumênêng nata ing Gilingwêsi kaping 2, jêjuluk Prabu Brahmanaraja. Jumênêngipun amarêngi ing taun candrasangkala 451 tinêngêran sujanma lima catur.

Taksih nunggil warsa, putranipun Prabu Wisnupati kêkalih sami jumênêng nata. Ingkang sêpuh jêjuluk Prabu Sri Mahapunggung, nagari Purwacarita kaping 4, ingkang anèm jêjuluk Prabu Basurata, nagari ing Wiratha.

Putranipun Prabu Watugunung jumênêng nata ing nagari Mêdhanggalungan, jêjuluk Prabu Sindhula (Prabu Gotaka) jumênêngipun [jumê...]

--- 25 ---

[...nêngipun] amarêngi taun candrasangkala 460 tinêngêran tanpa obah ing jaladri.

Putranipun Prabu Sindhula pêparab Radèn Sadewa, jumênêng nata ing nagari Mêdhangkamulan kaping 5, jêjuluk Prabu Cingkaradewa (Prabu Purwacandra), jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 475 tinêngêran buta nabda wau dadi.

Putranipun Prabu Sri Mahapunggung pêparab Radèn Wandhu, jumênêng nata ing Purwacarita kaping 5, jêjuluk Prabu Sri Mahawan, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 477 tinêngêran kaswarèng pandhita suci.

Putranipun Prabu Brahmanaraja pêparab Radèn Tritrustha, jumênêng nata ing Gilingwêsi kaping 3, jêjuluk Prabu Bramasatapa, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 478 tinêngêran murti swaraning pakarti.

Putranipun Prabu Basurata pêparab Radèn Bramaneka, jumênêng nata ing Wiratha kaping 2, jêjuluk Prabu Basupati, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 488 tinêngêran basumurti dadi barakan.

Brahmana Wisaka saking Indhustan sumêla jumênêng nata ing nagari Mêdhangkamulan kaping 6, jêjuluk Prabu Wisaka, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 512 tinêngêran panêmbahing janma tinata.

--- 26 ---

Putranipun Prabu Sri Mahawan ingkang sêpuh pêparab Radèn Wandawa, jumênêng nata ing nagari Mêdhangkamulan kaping 7, jêjuluk Prabu Sri Wahana, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 514 tinêngêran karya raja marganing muksa.

Putranipun Prabu Bramasatapa jumênêng nata ing nagari Gilingwêsi kaping 4, jêjuluk Prabu Parikênan, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 515 tinêngêran gumuling kisma marganing muksa.

Putranipun Prabu Sri Mahawan ingkang anèm pêparab Radèn Wahyana, jumênêng nata ing Purwacarita kaping 6, jêjuluk Prabu Sri Kala, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 516 tinêngêran obah rupaning gati.

Putranipun Prabu Basupati jumênêng nata ing Wiratha kaping 3, jêjuluk Prabu Basumurti, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 541 tinêngêran narendra cature wigati.

Arinipun Prabu Basumurti jumênêng nata ing Wiratha kaping 4, jêjuluk Prabu Basukèsthi, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 543 tinêngêran kagunan dadi piranti.

Putranipun Prabu Basukèsthi jumênêng nata ing Wiratha kaping 5 jêjuluk Prabu Basukèswara, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 572 tinêngêran sikara sabdaning

--- 27 ---

rasêksa.

Putranipun Prabu Basukèswara jumênêng nata ing Wiratha kaping 6, jêjuluk Prabu Basukêthi, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 571 tinêngêran janma trusthèng wisik.

Bagawan Palasara jumênêng nata ing nagari Ngastina, jêjuluk Prabu Dipakèswara, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 640 tinêngêran sirna caturing mêmanis.

Bagawan Santanu jumênêng nata ing Ngastina kaping 2 jêjuluk Prabu Santanu, sinêbut Parampara, têgêsipun pandhita raja, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 658 tinêngêran ngèsthi tataning mêmanis.

Nunggil warsa, putranipun Prabu Basukèswara pêparab Radèn Durgandana jumênêng nata ing Wiratha kaping 7, jêjuluk Prabu Matswapati.

Putranipun Prabu Dipakèswara pêparab Radèn Byasa jumênêng nata ing Ngastina kaping 3, jêjuluk Prabu Krêsna Dwipayana, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 665 tinêngêran barat ngobahake mêmanis.

Putranipun Prabu Krêsna Dwipayana pêparab Radèn Pandhu, jumênêng nata ing Ngastina kaping 4, jêjuluk Prabu Pandhu Dewanata, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 686 tinêngêran obah ngèsthi mêmanis.

--- 28 ---

Raka Prabu Pandhu Dewanata pêparab Bêgawan Dhêstharata jumênêng nata ing Ngastina kaping 5, jêjuluk Prabu Dhêstharata, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 710 tinêngêran nêngèng candraning ardi.

Putranipun Prabu Dhêstharata pêparab Radèn Jayapitana jumênêng nata ing Ngastina kaping 6, jêjuluk Prabu Suyudhana, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 716 tinêngêran ebah bumi kasapta.

Putranipun Prabu Pandhu Dewanata jêjuluk Prabu Yudhisthira narendra ing Ngamarta, jumênêng nata binathara ing nagari Ngastina kaping 7, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 755 tinêngêran pandhawa lima manabda.

Radèn Parikêsit putranipun Radèn Angkawijaya kang wayah Radèn Janaka, jumênêng nata ing Ngastina kaping 8, jêjuluk Prabu Dipayana, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 760 tinêngêran samar oyaging ancala.

Putranipun Prabu Dipayana jumênêng nata ing Ngastina kaping 9 jêjuluk Prabu Yudayana, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 796 tinêngêran lindhu têrusan prawata.

Putranipun Prabu Yudayana jumênêng nata ing Ngastina kaping 10, jêjuluk Prabu Gêndrayana, jumênêngipun amarêngi [a...]

--- 29 ---

[...marêngi] taun candrasangkala 799 tinêngêran trusing gapura pitu, jumênêng angsal 25 warsa kalungsur anggèning jumênêng nata, lajêng angadhaton wontên ing nagari Mamênang (Daha) tanah Kadhiri.

Ari Prabu Gêndrayana pêparab Radèn Sudarsana, jumênêng nata ing Ngastina kaping 11 jêjuluk Prabu Yudayaka, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 824 tinêngêran catur tumingaling ngèsthi.

Putranipun Prabu Gêndrayana pêparab Radèn Narayana, jumênêng nata ing Mamênang kaping 2, jêjuluk Sri Bathara Aji Jayabaya, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 839 tinêngêran têrusing gapura wolu.

Putranipun Prabu Yudayaka pêparab Radèn Kijing Wahana, jumênêng nata ing Ngastina kaping 12, jêjuluk Prabu Sari Wahana, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 840 tinêngêran tanpa caturing pangèsthi, nagari lajêng santun nama Yawastina. Antawis 8 warsa pindhah kadhaton dhumatêng ing Malawapati, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 848 tinêngêran ngèsthi caturing brahmana.

Putranipun Prabu Sari Wahana kêkalih sami jumênêng nata. Ingkang sêpuh jêjuluk Prabu Aji Darma, ing nagari Malawapati, ingkang anèm jêjuluk Prabu Astra Darma, ing nagari Ngastina [Ngasti...]

--- 30 ---

[...na] kaping 13. Jumênêngipun narendra 2 amarêngi taun candrasangkala 860 tinêngêran tan paras ring pakewuh.

Putranipun Sri Aji Jayabaya jumênêng nata ing Mamênang kaping 3, jêjuluk Prabu Jayamijaya, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 883 tinêngêran gunaning brahmana astha.

Putranipun Prabu Jaya Amijaya, jumênêng nata ing Mamênang kaping 4, jêjuluk Prabu Jayamisena, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 890 tinêngêran sirnaning gapura wolu.

Nunggil warsa, putranipun Prabu Ajidarma jumênêng nata ing Malawapati kaping 3 jêjuluk Prabu Angling Darma.

Putranipun Prabu Angling Darma kêkalih sami jumênêng nata, ingkang sêpuh jêjuluk Prabu Angling Kusuma, nagari Bojanagara, ingkang anèm jêjuluk Prabu Danurwenda, nagari Kartanagara, jumênêngipun narendra 2 amarêngi taun candrasangkala 933 tinêngêran tumingaling wêlut sanga.

Putranipun Prabu Angling Kusuma jumênêng nata ing Malawapati kaping 4, jêjuluk Prabu Danukusuma, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala nunggil warsa 933.

Putranipun Prabu Jayamisena jumênêng nata ing Mamênang kaping 5, jêjuluk Prabu Kusumawicitra, jumênêngipun amarêngi [a...]

--- 31 ---

[...marêngi] taun candrasangkala 943 tinêngêran uninga kartining gapura. Antawis 20 warsa pindhah kadhaton dhatêng Pêngging, amarêngi taun candrasangkala 953 tinêngêran katon lima êlènging gangsir.

Putranipun Prabu Kusumawicitra jumênêng nata ing Pêngging kaping 2, jêjuluk Prabu Citrasoma, jumênêngipun nunggil warsa 953.

Putranipun Prabu Citrasoma jumênêng nata ing Pêngging kaping 3, jêjuluk Prabu Pancadriya, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 961, tinêngêran bumi obah ping sanga.

Putranipun Prabu Pancadriya jumênêng nata ing Pêngging kaping 4, jêjuluk Prabu Angling Driya, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 982, tinêngêran sikara hastha babahan.

Taun candrasangkala 999 tinêngêran gapura bolong sanga, wontên ingkang nimbangi jumênêng nata, kadhaton ing Galuh, jêjuluk Prabu Sindhula.

Taun candrasangkala 1000 tinêngêran sirnèng gêgana nir sitarêsmi, wontên ingkang nimbangi jumênêng nata malih ratu danawa, jêjuluk Prabu Karungkala.

Prabu Angling Driya sèlèh kaprabon dhumatêng putra mantu, jêjuluk Prabu Darmamaya[6] ing Pêngging kaping 5, jumênêngipun amarêngi [ama...]

--- 32 ---

[...rêngi] taun candrasangkala 1019 tinêngêran trusing ati nir sêdyane.

Prabu Angling Driya jumênêng nata malih ing Pêngging kaping 6, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1020 tinêngêran nir sêmbah nêngèng sujana.

Putranipun Prabu Sindhula jumênêng nata ing Mêdhangkamulan kaping 8, jêjuluk Prabu Dewata Cêngkar, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1023 tinêngêran wêlut kalih sirnèng êndhut.

Brahmana Ajisaka jumênêng nata ing Mêdhangkamulan kaping 9 jêjuluk Prabu Widhayaka, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1030 tinêngêran tanpa kukus tumênga ing sasi.

Putranipun Prabu Angling Driya kêkalih sami jumênêng nata, ingkang sêpuh jêjuluk Prabu Suwelacala ing Mêdhangkamulan kaping 10, ingkang anèm jêjuluk Prabu Pandayanata ing Pêngging kaping 7, jumênêngipun narendra 2 amarêngi taun candrasangkala 1044 tinêngêran sucining tirta tumêngèng rupa.

Putranipun Prabu Dewata Cêngkar pêparab Radèn Danèswara, jumênêng nata ing Purwacarita kaping 7, jêjuluk Prabu Sri Mahapunggung, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1046 tinêngêran rasèng toya tan anunggal.

--- 33 ---

Putranipun Prabu Suwelacala pêparab Radèn Jaka Kandhuyu, jumênêng nata ing Purwacarita kaping 8 jêjuluk Prabu Sri Mahapunggung, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1061 tinêngêran janma ngrasa nir budi.

Putranipun Prabu Sri Mahapunggung, pêparab Radèn Kandhihawan, jumênêng nata ing Mêdhangkamulan kaping 11, jêjuluk Prabu Jayalêngkara, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1084, tinêngêran catur ngèsthi nir karsa.

Watawis 13 warsa, rayi jumênêng nata ing nagari Majapura, jêjuluk Prabu Tejalêngkara, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1097 tinêngêran puji trus ngarsèng gusti.

Putranipun Prabu Jayalêngkara Mêdhangkamulan kaping 11 pêparab Radèn Lêmbu Subrata, jumênêng nata ing nagari Jênggalamanik, jêjuluk Prabu Rêsi Gathayu, jumênêngipun nunggil warsa 1097.

Putranipun Prabu Tejalêngkara jumênêng nata ing Majapura kaping 2, jêjuluk Prabu Tejangkara, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala1100 tinêngêran tumêngèng wiyat basonta siki.

Putranipun Prabu Rêsi Gathayu 5 iji sami jumênêng nata, pambajêng putri, jumênêng raja pandhita ing Pucangan, jêjuluk Dèwi [Dè...]

--- 34 ---

[...wi] Kilisuci, panênggak kakung, jumênêng nata ing Jênggalamanik kaping 2, jêjuluk Prabu Lêmbu Amiluhur, pamadya kakung, jumênêng nata ing Kadhiri, jêjuluk Prabu Lêmbu Pêtêng, sumêndhi kakung, jumênêng nata ing Ngurawan, jêjuluk Prabu Lêmbu Mangarang, waruju kakung, jumênêng nata ing Singasari, jêjuluk Prabu Lêmbu Mijaya. Jumênêngipun narendra 5 amarêngi taun candrasangkala 1119 tinêngêran trusthèng nata nunggal bathara.

Putranipun Lêmbu Amiluhur pêparab Radèn Panji Inokartapati, jumênêng nata ing Jênggalamanik kaping 3, jêjuluk Prabu Surya Amisesa, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1144 tinêngêran dadining catur nunggal sajuga.

Putranipun Prabu Surya Amisesa pêparab Radèn Kuda Laleyan, jumênêng nata ing Jênggalamanik kaping 4, jêjuluk Prabu Surya Amiluhur, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1161 tinêngêran bumi obah sajagad wiryawan, jumênêng sawarsa kadhaton pindhah dhumatêng ing Pajajaran. Sang nata ajêjuluk Prabu Panji Maesa Tandrêman, amarêngi taun candrasangkala 1162, tinêngêran sikara angobahake wong sanagara.

Putranipun Prabu Panji Maesa Tandrêman jumênêng nata ing Pajajaran kaping 2, jêjuluk Prabu Banjaransari, jumênêngipun [jumênêngi...]

--- 35 ---

[...pun] anyarêngi taun candrasangkala 1183 tinêngêran tri murti nunggal atma.

Putranipun Prabu Banjaransari jumênêng nata ing Pajajaran kaping 3, jêjuluk Prabu Purbasapala, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1216 tinêngêran rasèng driya nêmbah bapa.

Putranipun Prabu Purbasapala jumênêng nata ing Pajajaran kaping 4, jêjuluk Prabu Dewa Mantala, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1234 tinêngêran dadiningsun nêmbah ing suksma.

Ingkang paman prabu Dewa Mantala jumênêng nata ing Pajajaran kaping 5, jêjuluk Prabu Mundhingsari, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1241, tinêngêran janma catur nêmbah bapa.

Putranipun Prabu Mundhingsari jumênêng nata ing Pajajaran kaping 6, jêjuluk Prabu Gandakusuma, dumênêngipun[7] amarêngi taun candrasangkala 1250 tinêngêran tan sangsaya sêmbahing bapa.

Putranipun Prabu Gondakusuma pêparab Radèn Siyung Wanara, jumênêng nata ing Pajajaran kaping 7, jêjuluk Prabu Raja Sakti, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1283 tinêngêran tri murti nêmbah bapa.

--- 36 ---

Raka Prabu Raja Sakti jumênêng nata ing Pajajaran kaping 8 jêjuluk Prabu Bratana, kadhaton lajêng pindhah dhumatêng Majapahit, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1284 tinêngêran catur ngèsthi nêmbah bapa.

Putranipun Prabu Bratana jumênêng nata ing Majapahit kaping 2 jêjuluk Prabu Bramakumara, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1299 tinêngêran bolong sanga nêmbah raja.

Putranipun Prabu Bramakumara jumênêng nata ing Majapahit kaping 3, jêjuluk Prabu Brawijaya, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1301 tinêngêran paksi muluk uningèng janma.

Putranipun Prabu Brawijaya putri jumênêng nata ing Majapahit kaping 4 jêjuluk Ratu Ayu, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1316 tinêngêran karasèng driya wedhaning nata.

Ari Prabu Brawijaya jumênêng nata ing Majapahit kaping 5, jêjuluk Prabu Wijaya kaping 2, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1320 tinêngêran sirnèng ngasta kumukusing bumi.

Putranipun Prabu Brawijaya kaping 2 jumênêng nata ing Majapahit kaping 6, jêjuluk Prabu Wijaya kaping 3, jumênêngipun [jumê...]

--- 37 ---

[...nêngipun] amarêngi taun candrasangkala 1356 tinêngêran karasèng siyung puyikaning bumi.

Putranipun Prabu Brawijaya kaping 3 jumênêng nata ing Majapahit kaping 7 jêjuluk Prabu Brawijaya kaping 4, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1371 tinêngêran lèk sabda guna purun.

Putranipun Prabu Brawijaya kaping 4 jumênêng nata ing Majapahit kaping 8 jêjuluk Prabu Brawijaya kaping 5, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1375 tinêngêran panca pandhita kagunane nyata.

Putranipun Prabu Brawijaya kaping 5 pêparab Radèn Patah, jumênêng ing Dêmak, jêjuluk Adipati Bintara, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1404 tinêngêran suci tan cinatur bêcike. Sabêdhahipun ing Majapahit kaping 8, risang Adipati Bintara lajêng jumênêng nata ing nagari Dêmak, jêjuluk Kangjêng Sultan Syah Ngalam Akbar, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1440 tinêngêran kang cinatur sucining nabi.

Putra dalêm Kangjêng Sultan Dêmak jumênêng nata ing Dêmak kaping 2, Jêjuluk Kangjêng Sultan Syah Ngalam Akbar kaping 2, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1445 tinêngêran marganing suci tumutur nabi.

Rayi dalêm Kangjêng Sultan Dêmak kaping 3 jumênêng nata ing Dêmak [Dêma...]

--- 38 ---

[...k] kaping 3, jêjuluk Kangjêng Sultan Syah Ngalam Akbar kaping 3, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1447 tinêngêran wiku catur tumuturing nata.

Kangjêng Susuhunan Giri jumênêng nata ing Dêmak kaping 4, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala1480 tinêngêran tanpa ngèsthi catur bêcik.

Radèn Jaka Tingkir jinunjung kajumênêngakên nata dening para Wali angadhaton ing nagari Pajang, jêjuluk Kangjêng Sultan Hadiwijaya, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1503, tinêngêran dahana muluk barat nêmpuh wani.

Putra dalêm mantu Kangjêng Sultan Hadiwijaya jumênêng nata ing Pajang kaping 2, jêjuluk Kangjêng Sultan Ngawantipura, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1536 tinêngêran oyag katongton sangsayaning nata.

Putra dalêm Kangjêng Sultan Hadiwijaya jumênêng nata ing Pajang kaping 3, jêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Prabu Wijaya, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1537 tinêngêran pandhita uninga marganing tunggal.

Kangjêng Panêmbahan Senopati jumênêng nata ing nagari Mataram, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1540 tinêngêran sirna caturing rasêksa raja.

Putra dalêm Kangjêng Panêmbahan Senopati jumênêng nata ing

--- 39 ---

Mataram kaping 2, jêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Adi Prabu Nyakrawati, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1543 tinêngêran katon suci tataning praja.

Putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Adi Prabu Nyakrawati jumênêng nata ing Mataram kaping 3, jêjuluk Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1553 tinêngêran katon mingis-mingis pusakaning nata.

Putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung jumênêng nata ing Mataram kaping 4, jêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1568 tinêngêran ngèsthi obah angining bumi.

Putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat ingkang anèm asma Kangjêng Gusti Pangeran Pugêr, jumênêng nata ing Mataram kaping 5, jêjuluk Kangjêng Susuhunan Ngalaga, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1600 tinêngêran nir samar obahing jagad.

Putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat ingkang sêpuh asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, jumênêng nata ing Mataram kaping 6, jêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat kaping 2, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1603 tinêngêran guna nir karasèng ratu.

--- 40 ---

Putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat kaping 2 jumênêng nata ing Mataram kaping 7, jêjuluk Ingkang Sinuhun Mangkurat kaping 3 karan Sinuhun Mangkurat Êmas, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1627 tinêngêran wiku nêmbah karasèng driya.

Kangjêng Gusti Pangeran Pugêr kaping 2 jumênêng nata ing nagari Kartasura, jêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1630 tinêngêran nir guna karasèng aji.

Putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana jumênêng nata ing Kartasura kaping 2 jêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat kaping 4, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1643 tinêngêran gunaning catur rasa janma.

Putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat kaping 4 jumênêng nata ing Kartasura kaping 3, jêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 2, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1651, tinêngêran janma lima ngrasa wani.

Radèn Mas Garêndi sumêla jumênêng nata ing Kartasura kaping 4, jêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat kaping 5 karan Mangkurat Kuning, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala [candrasang...]

--- 41 ---

[...kala] 1667 tinêngêran sabda obah karasèng bumi.

Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 2 wangsul jumênêng nata ing Kartasura kaping 5, amarêngi taun candrasangkala 1668 tinêngêran ngèsthi rasa karasèng purus, 4 warsa pindhah kadhaton dhumatêng Surakarta, amarêngi taun candrasangkala 1671 tinêngêran janma sapta ngrasa wani.

Putra dalêm kaping 2 jumênêng nata ing Surakarta kaping 2, jêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 3, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1675 tinêngêran buta sapta ngrasa tunggal.

Putra dalêm kaping 3 jumênêng nata ing Surakarta kaping 3, jêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 4, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1714, tinêngêran sucining tyas sabda yêkti.

Putra dalêm kaping 4 jumênêng nata ing Surakarta kaping 4, jêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 5, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1748, tinêngêran ngèsthi catur sabda bêcik.

Putra dalêm kaping 5 jumênêng nata ing Surakarta kaping 5, jêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 6, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1751 tinêngêran janma lima nabdèng ratu.

--- 42 ---

Ingkang paman kaping 6 asma Kangjêng Gusti Pangeran Purubaya, jumênêng nata ing Surakarta kaping 6, jêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 7, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1757 tinêngêran nabdèng diyu tutur arja.

Raka dalêm kaping 7 asma Kangjêng Gusti Pangeran Angabèi jumênêng nata ing Surakarta kaping 7, jêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 8, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1786 tinêngêran rasa ngèsthi nabdèng sunu.

Putra dalêm kaping 6 asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom jumênêng nata ing Surakarta kaping 8, jêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 9, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1790 tinêngêran nênga trus sabdaning nata.

Putra dalêm kaping 9 asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom jumênêng nata ing Surakarta kaping 9, jêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 10, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 1822 tinêngêran asta nêmbah ngèsthi nata.

Tamat.

--- 43 ---

Nuwun kasbut sadaya wau, kula (Darma Subita) sakalangkung anêmênakên wêwaton tăndha pasêksèn langkung kathah, kenging kanyatakakên ingkang langkung gampil kangge tăndha pasêksèn, ambokmanawi panjênêngan priyantun Surakarta sadaya, kathah ingkang sampun uninga, bilih wontên dhuwung dhapur makatên punika lajêng sagêd mastani bilih yasanipun Bathara Anu utawi Prabu Anu, ugi sami narendra ing tanah Jawi, ing karaton Surakarta sapriki taksih anglêluri sadaya patilasan langkung-langkung dhuwung sêsaminipun.

Rampunging panyêrat katitimasan kaping 27 wulan Jumadilawal Jimakir 1858.

Darma Subita.


manêgês. (kembali)
manêgês.
caksuh = mata = 2. (kembali)
caksuh = mata = 2.
Dumilah. (kembali)
Dumilah.
Bèri. (kembali)
Bèri.
jumênêngipun. (kembali)
jumênêngipun.
Damarmaya. (kembali)
Damarmaya.
jumênêngipun. (kembali)
jumênêngipun.