Ringkêsan Babad Rasul, M. Ten Bouwheuijs, 1929, #109

JudulCitra
Terakhir diubah: 18-10-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie B No. ... Babad Rasoel ... Harga f0,35

Sêrat Ringkêsan Babad Rasul

Babon saking buku têmbung walandi karanganipun Tuwan M. TEN BOUWHEUIJS Leeraar G.H.B.S 5J.C. en Leeraar Gem Cursus voor Hoofd Onderwijêer (es) te Utrecht.

Anyariyosakên lêlampahanipun Salalahu Ngalaihi Wasalam Gusti Kanjêng Nabi Muhamad, wiwit timur dumugi sumiwinipun ing pangayunaning Hyang Maha Sukci: jumênêng rasul.

Citakan ke IV.

Diterbitkan dan dijual oleh: Boekhandel TAN KHOEN SWIE KEDIRI 1929

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Harga f0,35

Sêrat Ringkêsan Babad Rasul

Babon saking buku têmbung walandi karanganipun Tuwan M. TEN BOUWHUIJS Leeraar G.H.B.S 5J.C. en Leeraar Gem. Cursus voor Hoofd Onderwijzer (es) te Utrecht.

Anyariyosakên lêlampahanipun Salalahu Ngalaihi Wasalam Gusti Kanjêng Nabi Muhamad, wiwit timur dumugi sumiwinipun ing pangayunaning Hyang Maha Sukci: jumênêng rasul.

Citakan ke IV.

Diterbitkan dan dijual oleh: Boekhandel TAN KHOEN SWIE KEDIRI

--- [0] ---

Tuan TAN KHOEN SWIE

[Grafik]

Ini kitab diperlindungi hak pengarang Stb. tahun 1912 No. 600 fatsal 11. Syah kalau ada tanda tangannya si penerbit sebagi dibawah ini.

[Tanda tangan Tan Khoen Swie]

--- 3 ---

Bêbuka.

Kawrat ing bêbukanipun buku Sêmbahyang, kula sampun angaturakên bilih anggèn kula angadani ngêdalakên buku Sêmbahyang wau sayêktosipun muhung kula angge mitulungi dhatêng para sadhèrèk Islam ingkang kêpengin ngibadah botên kasêmbadan. Wontênipun makatên amargi saking ngèngêti kajêngipun pakêmpalan sarekat Islam. Ing sawêdalipun buku Sêmbahyang, kula purun anamtokakên, para sadhèrèk ingkang amaos, ugêr kaparêng anglampahi, tamtu sampun lajêng sagêd anindakakên piyambak botên sarana dipun tuntun ing liyan, awit pangraos kula, buku wau sampun amêpêki ing kaparluwanipun. Ananging nadyan makatên, sarèhning jamanipun samangke punika cinariyos sampun sanès gugon tuhon, sumêlanging manah bok dipun pitambuhi pikajêngipun. Mênawi kalampahan makatên, dhuh punapa botên prasaksat atilar saraking nabi. Ananging mênggah sayêktosipun, ingkang makatên wau kados inggih botên mokal, jêr kathah-kathahipun tiyang, mênawi dèrèng mirsa aluranipun ingkang kagungan măngga sakawit, ngadat sok sungkan amaèlu. Awit saking punika murih sagêd andadosakên [anda...]

--- 4 ---

[...dosakên] pamathêming panggalih kalayan sasagêd-sagêd, kula nêdya andongèngakên lêlampahanipun Salalahu Ngalaihi Wasalam Gusti Kangjêng Nabi Muhamad, dene dongèng wau kula damêl buku inggih buku Babad Rasul punika, anamung sarèhning dongèng kula wau, kula piyambak sayêktosipun amung anggêga ingkang cinariyos ing buku walandi, dados kula botên sagêd anamtokakên ing lêrês lêpatipun, amung ingkang dados pamarêming manah dene gancaring cariyosipun têka sae, măngka ingkang nyariyosakên băngsa sanès (walandi) ingkang makatên punika anelakakên bilih saening panggalihipun kangjêng nabi satuhu musthikaning jagad, mila lêrês kemawon ingkang ngrênggêp sarakipun tansah angluhur-luhurakên, malah nadyan kuranipun kemawon inggih sangêt ingaji-aji.

Wusana tutuping atur kula punika, kula amung tansah angaub dhatêng para maos, mênawi wontên nalisiring cariyos, kula nyuwun gunging pangapuntên.

Mandra Sastra.

--- 5 ---

Cariyos Lêlampahanipun Salalahu Ngalaihi Wasalam Gusti Kangjêng Nabi Muhamad.

Kacariyos, Gusti Kangjêng Nabi Muhamad punika anggènipun miyos wontên ing tanah Ngarab, wiyosanipun nalika ing taun walandi ăngka 571.

Tanah Arab makatên kalêbêt ing talatahipun buwana Asiah. Talatahipun buwana Asiah punika sampun sami kabawah dhatêng karajan pundi-pundi, kados ta dhatêng Asèri, Babelèni, Pèrsi, Masidhoni, tuwin dhatêng ing Rum, anamung tanah Arab, salaminipun dèrèng nate kabawah makatên, amargi kabêkta saking dunungipun sangêt andhêlik, dados satêmah botên sagêd kêcacah, sarêng ing taun 600 (sasampunipun Kangjêng Nabi Ngisa miyos) tanah Arab sawêg sagêd kêcacah dados gêgolonganing karajan agêng, wontênipun makatên, jalaran saking ing ngriku wontên tiyang ingkang kasusra linangkung lêlampahanipun, inggih punika Kangjêng Nabi Muhamad.

Kangjêng Nabi Muhamad rikalanipun yuswa 6 warsa, tumut nunggil ingkang rama paman Radèn Abu Talip, Radèn Abu Talip punika [puni...]

--- 6 ---

[...ka] wontênipun ing Arab dados pangagêng, panjênênganipun kagungan pêpundhèn masjid ingkang ing lêbêtipun wontên selanipun anama Kaabah.

Saking dêdongènganipun tiyang Arab, sela wau ing ngajêng ingkang kagungan Kangjêng Nabi Ismangil, asli pêparingipun Gusti Allah ingkang pinaringakên lumantar Malaekat Jabarail, dene Kangjêng Nabi Ismangil inggih punika ingkang anurunakên para tiyang Arab.

Para tiyang Arab wau, ing sadèrèngipun ngangge agaminipun Kangjêng Nabi Muhamad, sami amangeran masjid saha sela, inggih masjid saha sela Kaabah wau ingkang pinangeran. Dene patraping amangeran, angubêngi masjid ing sabên dintên kaping 7. Sasampunipun lajêng ngambung Kaabah ugi kaping 7.

Kacariyos sasampunipun sasawatawis[1] yuswa, ingkang dados rênaning panggalihipun kangjêng nabi sawêg adagang layar dhatêng tanah ngamănca, wontênipun ing ngamănca sagêd anguningani lampah-lampahipun para băngsa Kristên akalihan Yahudi, wusana sangêt andadosakên sumêdhot miwah pangunguning panggalih, dene sakalih-kalihipun sampun sami kasinungan iman dening Pangeran, măngka têtiyang Arab: ingkang bangsanipun [bangsanipu...]

--- 7 ---

[...n] taksih sangêt kalintu pangidhêpipun, têka ingkang Kristên sarta Yahudi malah sampun kaimanan, punika andadosakên rêdatosing panggalih, ngantos kawijil pangadhuhipun, têmbungipun: Dhuh Allah ingkang asipat mirah lan asih, punapa sababipun, dene băngsa kula ing Arab têka binedakakên kalihan băngsa Kristên tuwin Yahudi, băngsa Kristên tuwin Yahudi sami kaparingan iman, băngsa kula ing Arab têka botên. Dhuh Allah, benjing punapa mênggah wontênipun kamirahaning Pangeran amaringakên nabi panutan dhatêng têtiyang băngsa kula ing Arab, murih lajêng anyirnakakên pangidhêp ingkang klintu, sinantunan pangidhêp (agami) ingkang lêrês sarta sae.

Wontênipun kangjêng nabi angadhuh makatên wau amargi saking wêlasipun dhatêng wăngsa anggèning mangeran masjid miwah sela Kaabah ing nginggil, awit pakarti wau, saking pamanggihipun kangjêng nabi dinalih botên manêmbah dhatêng Pangeran ingkang sajati, dados agaminipun, inggih botên yakti. Kajawi makatên, kangjêng nabi inggih rumaos sêlak botên tahan umiyat dhatêng lêkasing panganggêpipun para pangagêng dhatêng karèrèhanipun, inggih awit kabêkta saking caraning pangidhêp kasêbut ing nginggil wau.

--- 8 ---

Pangadhuh rikala uninga tiyang Kristên andadosakên tansah karaos-raosing galih, angantos ing wêkdal sare kangjêng nabi botên angraosakên sakeca, dhahar botên miraos eca, pasilanipun botên jênak, kawusananipun lajêng dhumawah ing roga arda.

Bawanipun ingkang dados isèn-isèning panggalih: cipta utama, karsaning Pangeran, salêbêtipun roga ada[2] kangjêng nabi malah angsal wêwêngan: kabuka êninging sêdya: sagêd anatmata dhatêng bangsaning lêlêmbat. Sanalika punika kangjêng nabi astamèng galih, bilih satêmênipun, inggih panjênênganipun punika ingkang jumênêng nabining băngsa Arab. Prastawa makatên punika lajêng katurunan Malaekat Jabarail angêmban supatra ingkang sinêrat ing papan salaka pêparingipun Hyang Maha Suksci, dene suraosing supatra andhawuhakên: kangjêng nabi kinèn amêncarakên agaminipun.

Kacariyos, satunggaling dintên kangjêng nabi katurunan Malaekat Jabarail malih: amatêdhakakên wahyu sukci, kalihan amatêdhakakên kapal sagêd amicara, ugi sami pêparingipun Gusti Hyang Maha Suksci.

Kangjêng nabi sasampunipun anampèni patêdhan kalih warni wau, lajêng kaparêng anitihi kapalipun.

--- 9 ---

Tinitihan punika, kapal lajêng andêdêl ngayuh gêgana, amung sakêdhèping netra sampun lajêng dumugi ing ardi Tursina. Saking ardi Tursina lajêng têrus dhatêng Bètêlmên, saking ngriku têrus dhatêng Yèrusalêm.

Wontên satunggal-tunggaling panggenan punika, kangjêng nabi sêmbahyang.

Wontên masjid Yèrusalêm, kangjêng nabi pêpanggihan kalihan Kangjêng Nabi Ibrahim, Kangjêng Nabi Musa saha Kangjêng Nabi Ngisa. Taksih wontên ing salêbêting masjid, Malaekat Jabarail tumêdhak amatêdhakakên ăndha pêparingipun Gusti Hyang Maha Suksci, pancèn sinadhiyakakên kagêm minggah kangjêng nabi sumiwi ing pangayunaning Hyang Maha Suksci. Ăndha punika ăndha jêne tinarètès ing sêsotya manik nawarêtna salangkung dening endah.

Tampi patêdhan punika, kangjêng nabi saksana tilar kapal titihanipun: minggah dhatêng langit sap pitu alêlantaran ăndha, dene Malaekat Jabarail kantun piyambakan wontên ing masjid anêngga kapal titihanipun kangjêng nabi.

Langit sap ingkang kaping pitu, inggih punika dununging swaga:[3] kadhatonipun Hyang Maha Suksci, ing ngriku wontên dhampar ingkang

--- 10 ---

sakalangkung dening endah, pinatik-patik ing sêsotya mawa praba anêlahi, ngantos bilih sinat mata, dhampar wau botên sagêd têtela, ing dhampar wau wontên sêsêratanipun mungêl: Allah iku sawiji, Muhamad iku nabi kêkasihe.

Kacariyos uparêngganing kaswargan sakalangkung angebat-ebatakên, ing donya sêpên pêpindhanipun, makatên ugi langit sap pitu wau, satungal-tunggalipun inggih anglangkungi ing endahipun. Wondene têbihipun langit pitu punika, ing sasap-sapipun, upami linampahana dening manungsa walaka, laminipun ing dalêm 500 taun sawêg dumugi, ewadene sarêng kangjêng nabi sapandurat sampun amungkasi.

Sadumuginipun langit ingkang kapitu, kangjêng nabi kapanggih kalihan para luhuripun ingkang sampun sami sumare, punapadene kapanggih kalihan para widadari tuwin para malaekat.

Malaekat wau wontên satunggal ingkang dados plawanganing swarga, apêparab: Israpil. Malaekat Israpil makatên agênging sariranipun anggêgirisi sangêt, pangraos [pangrao...]

--- 11 ---

[...s] têbaning jagad punika kaebêkan. Kajawi agênging pasariranipun, Malaekat Israpil punika mustakanipun ngantos sayuta kathahipun, satunggal-tunggaling mustaka kadunungan tutuk ingkang kathahipun ugi nyayuta, tutuk nyayuta wau, satunggal-tunggalipun mawi lidhah ugi nyayuta, dene lidhahipun satunggal-tunggalipun anggadhahi basa piyambak-piyambak inggih nyayuta, awit saking punika sampun saèstu bilih Malaekat Israpil botên badhe amangsulakên pawicantênaning sadhengah kumêlip.

Ing nginggil sampun kasêbut, bilih uparêngganing kaswargan sakalangkung dening angebat-ebaktakên[4] awit saking punika, rikalanipun kangjêng nabi lumêbêt, sanalika sumlêngêrên. Ing salêbêtipun kangjêng nabi minggu, wontên swara dumêling, anguwuh ing panjênênganipun, awit saking kagèt midhangêt panguwuhing swara anjalari wungunipun kangjêng nabi: sakala èngêt. Dene dêlinging swara panguwuh makatên: He Muhamad, sira parêka Pangeranira, sira kalihan amêncarake agama kang dadi krêntêking sêdyanira. Lan sêdyanira kang utama iku ingatasing Hyang Maha Suksci ora bakal sinasupe, balik malah ingèngêt-èngêt ing salawase.

--- 12 ---

Kangjêng nabi tampi dhawuhing hyang ingkang makatên wau botên unjuk wangsulan punapa-punapa anjawi amung anyungkêmakên mustaka, inggih punika măngka pracihna bilih sangêt amundhi lan mangastuti ing sabda.

Kangjêng nabi sampun kalampahan anggêlarakên agami. Ingkang kajujug rumiyin ing padununganipun piyambak ing Arab, nanging bawanipun sawêg enggal-enggalan, satêmah botên wontên ingkang maèlu anjawi sawêg batih piyambak, inggih punika garwa (Dewi Katijah) naksanak: Bagenda Ngali, sakabat: Bagenda Abu Bakar, kalihan Said, sarta tiyang malih 2. Dene anggènipun tiyang Arab sami botên maèlu wau sabab saking panggêgêtipun dhatêng agami lami sampun sangêt mathêmipun, saya tumrapipun para ulu-ulu, karsanipun kangjêng nabi wau malah ingangêp dados racun, amargi: yèn ta têtiyang Arab ngantosa kalampahan sami ngrasuk agaminipun, sampun saèstu pangidhêpipun inggih malik dhatêng kangjêng nabi botên dhatêng piyambakipun, tundonipun piyambakipun badhe suda kaluhuran tuwin pangawasanipun, lêpat-lêpat malah sagêd anjalari sirnanipun babar pisan, makatên para ulu-ulu wau pamanggihipun. Awit saking punika, kangjêng [kang...]

--- 13 ---

[...jêng] nabi satêmah tansah dipun kuya-kuya. Saha sarèhning kangjêng nabi sanès trahing aluhur, dados ing wêkdal wau, panjênênganipun sangêt rinèmèhakên.

Kangjêng nabi dipun kuya-kuya miwah dipun rèmèhakên punika, botên pisan-pisan kagungan panggalih lirip saha mêsgul, malah kapara dipun sangêti tuwakupipun ing Pangeran, ingkang kaèsthi botên sanès amung tansah sagêda kasambadan karsanipun nêdya amêncarakên kawruh suksci, amargi yèn ta ngantosa kêndhak: tiyang Arab taksih kalajêng-lajêng sasaripun, adhuh saiba tiwasipun ing dumadi. Makatên ingkang dados èsthining panggalihipun kangjêng nabi.

Têtiyang Arab, punapa malih ulu-ulunipun, nyumêrêpi lêkasipun kangjêng nabi anggèning botên kagungan kêndhak punika, sakalangkung muringipun, kêkênthêlaning manah rumaos botên lêga bilih dèrèng nyedani kangjêng nabi, awit saking punika lajêng sami saeka praya anglurugi kangjêng nabi dhatêng dalêmipun.

Wêkdal samantên, kangjêng nabi wontên ing dalêm amung kalihan Bagenda Ngali. Wantunipun panggalih suksci botên kacampuran ing rês-rês satunggal punapa, sinartan rinêksa dening [de...]

--- 14 ---

[...ning] Pangeran, dipun lurugi kinêpang wakul wau botên pisan kagungan panggalih anggragap, kapara ingkang nglurugi sami kaluhuran prabawa: sakala akamitonggongên yayah kaoncatan ing sêdya: pating jaromblong kadyangganing tugu sinukarta. Saking pangraosing kaèngêtanipun, ingkang katingalan ing wêkdal wau amung Bagenda Ngali piyambak. Rèhning makatên, dados lajêng sami wangsul ngalênthung akanthi manah cuwa. Ewa makatên, pangunggut-ungguting manah nêdya nyedani kangjêng nabi mêksa botên kêmba, malah lajêng dipun bandhani angêdalakên sayêmbara: botên amung trimah dipun bau sukoni kemawon. Dene sayêmbaranipun: sintên-sintên ingkang sagêd andhatêngi pikajêngipun kasêbut ing nginggil, dipun êbang-êbang badhe dipun sukani unta 100.

Kangjêng nabi sampun kasêbut, bilih karsanipun amung nêdya adamêt[5] kasaenan murih bangsanipun ical sasaring manah, mila sarêng wontên lêlampahaning băngsa Kurès anglurugi nêdya anyedani panjênênganipun wau kangjêng nabi kagungan karsa milaur linggar saking Mêkah, awit mênawi botên makatên, sêdyanipun utami ingkang taksih dèrèng tumangkar saèstu botên badhe ambabar.

--- 15 ---

Linggaripun kangjêng nabi saking Arab, anjujug ing kitha Yatrèp, wontên ing ngriku lajêng anggêlarakên agaminipun, saking condhonging pamanggih winantu pinarêng dening Allah, têtiyang Yatrèp sami angidhêp: sadaya manjing agami Muhamad.

Saking kasoking sumuyud, kitha Yatrèp ing sanalika wau ngantos ingêlih nama: Madinah Al Nabi, mangêrtosipun: kitha karajan nabi, saha wiwit punika ugi têtiyang ing ngriku lajêng adamêl pangèngêt-èngêt, inggih punika angwontênakên etangan taun kaetang ăngka 1 (taun walandi ăngka 622).

Anyariyosakên Panggalihanipun Kangjêng Nabi.

Ing sasugêngipun, kangjêng nabi tansah angêgungakên tindak angêsorakên dhiri, botên nate katuwuhan panggalih drêngki, srèi, sêsêrikan tuwin cêcêthilan, balik malah sabar, lilan saha lêgawa.

Sabên kagungan karsa, amung tansah utami, kalampahanipun ing karsa amung tinalatosan kanthi sumendhe karsaning Suksma, botên adaya-daya. Kêkêncênganing tekad, rinungkêban kanthi tawêkal saha eklasing panggalih.

Tumrap dhatêng para tiyang sudra papa, kangjêng nabi sakalangkung sih sutrêsna [su...]

--- 16 ---

[...trêsna] botên anggalih singgan-singgun, sadaya rinahapan rinêngkuh tunggil sudara.

Ingkang dados rênaning panggalih, kangjêng nabi angêgungakên pêparing saha têtulung. Manawi pêparing saha têtulung botên măntra-măntra kawistara bilih sinêdyakakên, angantos ingkang anampèni sih botên pisan-pisan anggraita, anjawi Allah piyambak ingkang tansah angudanèni.

Kangjêng nabi saking rêmênipun pêparing saha têtulung, abdinipun piyambak ingkang suwita 18 taun laminipun, ngantos rumaos botên sagêd angraosakên kados punapa mênggah awrating sêsanggènipun tiyang angèngèr, wontênipun makatên, awit salaminipun suwita wau prasaksat buwana balik, liripun pun abdi dipun uja kemawon ing sakajêng-kajêngipun piyambak, sarêng kangjêng nabi sabot-repoting dalêm dipun srampêdi. Sampun ingkang têtela dados kuwajibaning bêndara botêna dipun sarirani, nadyan padamêlan ingkang awrat miwah saru tiningalan: ingkang limrahipun dados kuwajibaning rencang, kangjêng nabi kaparêng anyarirani. Ingkang èntèng sarta mayar kados ta: dondom-dondom, rêsik-rêsik nyaponi dalêm sapanunggilanipun, ingkang awrat lan saru, [sa...]

--- 17 ---

[...ru,] kados ta: rêsik-rêsik lan angopèni banjar pakarangan, balănja dhatêng pêkên sapanunggilanipun. Punika sadaya kangjêng nabi kaparêng anyarirani, malah ngantos angèn menda, ugi botên lingsêm anyarirani.

Trap-trapanipun dhatêng abdi rinakêt kadosdene kadang, botên pisan angatingalakên bilih panjênênganipun punika bêndara kuwawi ambalănja, agêngipun angêgung-êgungakên dumèh kuwawi ambalănja lajêng ngêrèh sakarsa-karsa, punika babar pisan botên kadunungan panggalih ingkang makatên, inggih kabêkta saking luhuring panggalih wau.

Awit saking patrap ingkang makatên punika, andadosakên sinihanipun para tăngga têpalih.

Kangjêng nabi sanès trahing aluhur, nalika taksih timur amung dados pangèn, sarêng sawatawis yuswa amung dados dagang, suprandosipun sagêd jumênêng nabi, măngka nalikanipun badhe jumênêng tansah kinuya-kuya saha dipun rèmèhakên sangêt, malah kalampahan badhe dipun sedani, punika anelakakên bilih kangjêng nabi satuhu musthikaning jagad, saha amratandhani bilih panjênênganipun katitisan rohing wahyu suksci, mila layak kemawon nalika jumênêng nabi, wontên [wontê...]

--- 18 ---

[...n] ing Mêkah tansah sangêt inguyun-uyun dening para têtiyang ngantos satusan èwu.

Amangsuli nalika wontên ing Yatrèp.

Kangjêng nabi rawuhipun wontên ing Yatrèp, saking pamanggihipun para têtiyang ing ngriku sawarni kalêrêsan, amargi piyambakipun sadaya, dhatêng tiyang băngsa Kurès (Arab), asangêt gêgêthingan, mila sarawuhipun kangjêng nabi, inganggêp prasaksat manggih dodok, ananging bawanipun dhatêng băngsa sasêngitan, kangjêng nabi sangêt botên sarju, dados satêmah pikajêngipun tiyang Yatrèp sangêt dipun êndhakakên sarana tinandukan ing wêwulang sinartan wicara manis, andadosakên lilih malah ical babar pisan botên wontên tabêting sêsêngitan.

Sarêng têtiyang Yatrèp sampun brêng sadaya manjing agami Islam, karsaning Pangeran, têtiyang ingkang dêdunung sakiwa têngênipun, lajêng sami kapiluyu.

Ing Arab wontên ingkang agami Yahudi, punika inggih lajêng malik Islam.

Wiwit kala samantên, agaminipun kangjêng nabi lajêng sagêd sumêbar, angantos têtiyang băngsa Kurès (Arab) inggih sami Islam sadaya.

--- 19 ---

Sasampunipun agami Islam sumêbar mradini ing satanah Arab, kangjêng nabi lajêng surud (taun walandi 632).

Anyariyosakên Bab Agami.

Mênggah agaminipun Kangjêng Nabi Muhamad anama agami Islam, têgêsipun: agami ingkang mijil saking pangandikaning Allah.

Têtiyang ingkang ngrênggêp agami Islam sinêbut muslimin.

Kitabipun kangjêng nabi anama Kuran.

Agami Islam amajibakên:

Ingkang ngrênggêp kêdah: èngêt, bilih Allah punika sawiji, nabinipun anama Muhamad, Nabi Musa saha Nabi Ngisa punika utusanipun.

Mênawi tiyang tansah èngêt ing nginggil punika, punapadene sami gadhah panyipta bilih manusa botên sagêd sumingkir saking pêpasthèn, punika têmtu manggih kabêgyan miwah kasênêngan.

Dene muslimin, winajibakên:

1. Kêdah sae dhatêng sasami-sami.

2. Botên kenging goroh.

3. Sêmbahyang 5 wêkdal angênêr dhatêng Mêkah.

4. Pasa.

5. Dêdana.

Gêgantunganing ganjaran:

--- 20 ---

1. Yèn tiyang sêmbahyang, punika dumunung sampun anglampahi sapalih.

2. Pasa, anglampahi dumugi ing kori.

3. Dêdana, sampun kalampahan angêngakakên kori (ing kaswargan).

Kautamèning muslimin, inggih punika sagêd anjêmbarakên têbanipun agami Islam: sarana mituturi tuwin anyêrêp-nyêrêpakên murih tiyang purun manjing Islam. Ing dalêm Kuran, wontên ingkang nyêbutakên, agênging ganjaranipun tiyang ingkang sagêd anjêmbarakên agami Islam wau angungkuli saking ganjaranipun tiyang ingkang sêmbahyang wontên ing griya 70 taun laminipun.

Awit saking agêng piyandêlipun băngsa Arab dhatêng endahing agami Islam, amila agami wau pêncaripun sakalangkung rikat sangêt, ngantos salêbêtipun 150 taun kemawon kaetang saking surudipun kangjêng nabi, ing satêbanipun tanah Hindhu sampun kaèbêkan.

Nadyan ing wêkdalipun sapunika, tanah-tanah ingkang têtiyangipun sami Islam kenging kaanggêp sampun botên wontên ingkang agêng karajanipun, ewadene gung-gunging jiwanipun taksih 170 yuta.

Tamat.

--- [0] ---

[Iklan]

 


sawatawis. (kembali)
arda. (kembali)
swarga. (kembali)
angebat-ebatakên. (kembali)
adamêl. (kembali)