Asal-usul Taman Sriwedari

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-03-28, #79. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-03-28, #79. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
» Asal-usul Taman Sriwedari. Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
Citra
Terakhir diubah: 11-07-2023

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

  • Ini adalah cerita tentang awal-mula pembangunan Taman Sriwedari atas titah Raja Pakubuwana II (1711–49).
  • Cerita ini diterbitkan pada 28 Maret 1928 di Kajawen, majalah milik Penerbit Balai Pustaka.
  • Konteks kurun cerita berjangkauan dua abad, diawali dari akhir paruh I abad XVIII dan diakhiri/ditarik ke masa tengah paruh I abad XX. Beda konteks dua abad itulah yang membuat cerita ini jadi menarik.
Ingkang nama Taman Sriwêdari punika, manawi ingkang kacariyos ing Sêrat Arjunasasra, taman pujan kagunganipun Prabu Arjunasasra, mênggah èdipèninipun botên beda kalihan patamanan ing suwarga, awit punika pancèn asli saking papujanipun Sri Bathara Wisnu.
Taman Sriwedari, sebagaimana dikisahkan dalam Serat Arjunasasra, adalah nama taman-buatan milik Prabu Arjunasasra yang keelokannya tiada beda dengan taman-taman di surga karena memang asli ciptaan Sri Batara Wisnu.
Sanadyan kathah nama-nama ing zaman kina, ingkang tinelad kangge nama ing zaman sapunika, kados ta: namaning tiyang mirid saking namaning ringgit, nanging tumrap nama Sriwêdari dèrèng nate wontên ingkang nulad, kajawi taman Sriwêdari ing Surakarta. Wontênipun nulad nama wau, bokmanawi inggih wontên miribipun, awit kawontênanipun ugi sarwa nêngsêmakên, malah tumrap ing taman Sriwêdari sapunika mênang kenging dipun nyatakakên.
Kendati banyak nama pada masa lalu yang dipinjam-sandang untuk nama-nama pada masa kini, seperti nama orang yang diambil dari nama wayang, belum pernah ada yang meniru nama "Sriwedari". Taman Sriwedari di Surakarta adalah perkecualiannya. Hal itu bisa jadi karena faktor kemiripan karena, selain keberadaan Taman Sriwedari memang serba-menyenangkan, keelokannya sekarang pun tiada terbantahkan.
Mênggah dadosipun taman Sriwêdari ing Surakarta, wontên babadipun sawatawis kados ing ngandhap punika:
Berikut adalah sejarah berdirinya Taman Sriwedari di Surakarta:
Kacariyos sakondur dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping II ing Kartasura saking Panaraga, uninga bilih karaton dalêm kathah karisakanipun, ingkang jalaran tinêmpuh ing wadya Cina. Ingkang sinuhun lajêng dhawuh madêk papan ingkang prayogi kagêm pindhah kadhaton, wusana manggih papan ingkang prayogi nama dhusun Sala, namaning dhusun karan saking namanipun ingkang ngênggèni, inggih punika abdidalêm jajar nama Ki Busala. Dene têlênging dhusun Sala punika kaprênah pojok kidul wetan baluwartining kadhaton, tuwin ing ngriku taksih wontên patilasan kuburipun Ki Busala, asring dipun dhatêngi ing tiyang ingkang nêdya tirakat.
Alkisah, sepulang dari lawatan ke Ponorogo, Sinuhun Pakubuwana II sampai di Kartasura mendapati keratonnya dalam keadaan rusak berat akibat serangan tentara Cina. Sinuhun kemudian bertitah, segera siapkan tempat yang tepat dan memadai untuk pindah keraton. Dijumpailah tempatnya, yakni Dusun Sala. Nama "Sala" sebenarnya adalah nama seorang tokoh setempat, yaitu abdi dalem jajar Ki Busala. Letaknya di ujung tenggara benteng keraton pada mana di situ masih tersua petilasan makam Ki Busala yang kerap dikunjungi peziarah untuk bertirakat.
Nalika badhe nêtêpakên papan badhe adêging kadhaton, kacariyos mawi mêndhêt piridan saking lampahing gajah, ing pundi mangke kèndêling gajah wau, inggih ing ngriku ingkang badhe kaadêgan.
Penetapan titik-mula pembangunan keraton konon dilakukan dengan berpatokan pada langkah gajah Sinuhun: di mana pun langkah sang gajah berhenti, di situlah kandidat titik-mula keraton ditancapkan.
Kalampahan kagungan dalêm gajah dipun lampahakên saking Kartasura mangetan, lampahing gajah dipun tutakên ing abdidalêm kathah. Sarêng lampahipun dumugi laladan Sala taksih lajêng mangetan, wusana lampahing gajah lajêng kèndêl, malah lajêng andhêkêm. Saking gotèking tiyang sêpuh, pandhêkêmipun gajah wau wontên panggenan ing prênahipun ing pasitèn sakidulipun loji Sriwêdari, ingkang sapunika kangge balekambang, kados ingkang kacêtha ing gambar, wusana kalampahan ing kanan keringipun ngriku dipun cithak badhe kangge kadhaton, sampun dipun tanêmi waringin punapa. Dhusun wau nama dhusun Kadipala, ngantos sapriki namaning dhusun wau taksih kangge. Nanging lajêng wontên wêca anusuli, bilih kadhaton badhe kalampahan wontên ing ngriku, badhe botên widada, mila lajêng mingsêr mangetan sakêdhik, inggih punika kados kawontênaning kadhaton ing sapunika.
Dibebaskan berjalan dari Kartasura sambil diiringi para abdi dalem, gajah Sinuhun melenggang gontai ke arah timur. Setiba di Sala, sang gajah masih saja melenggang makin ke timur hingga berhenti dan lalu bergeming di satu titik. Titik bergeming sang gajah itu, menurut cerita orang-orang tua dahulu, tepatnya berada di selatan Loji Sriwedari yang kini dikenal sebagai Balekambang itu (sebagaimana tampak di gambar). Di radius kanan-kirinya kemudian ditetapkan sebagai bakal keraton. Pohon beringin pun ditanam sudah. Nama dusun itu adalah Kadipala, masih eksis hingga kini. Akan tetapi, segera setelah menyusul adanya ramalan yang menyatakan bahwa jika didirikan di situ maka keraton terancam tidak akan langgeng, maka titiknya lalu digeser lebih ke timur lagi. Titik hasil geseran itulah yang tidak lain adalah tempat keraton sekarang ini.
Bab kawontênaning dhusun Kadipala lajêng botên kocap malih. Saha ing prênahing gajah andhêkêm tuwin kanan keringipun lajêng dados papan pemahan ingkang wiyar sangêt, ing ngriki namung badhe nyariyosakên pakarangan ingkang dados taman Sriwêdari kemawon.
Ikhwal keadaan Dusun Kadipala dan titik gajah itu bergeming selanjutnya tidak disebut-sebut lagi. Kanan-kirinya lalu berkembang pesat menjadi permukiman yang sangat luas. Di sini, hanya lahan yang menjadi Taman Sriwedari saja lah yang akan diceritakan.
Sarêng dumugi zaman jumênêng dalêm ingkang sinuhun ing sapunika, satrêping taman Sriwêdari namung dados tigang bagian, ingkang sisih wetan nêkuk urut sisih kidul, pemahan kagungan nagari, ing ngriku wontên lojinipun agêng, ingkang sapunika kangge museum. Loji wau kagolong sampun ragi kina, kacariyos ingkang damêl sawênèhing Walandi nama Tuwan Susman, nanging manggènipun ing ngriku botên dangu, mila kêtingalipun namung suwung kemawon, saking cêcariyosaning tiyang, mila botên wontên ingkang ngênggèni, jalaran angkêr sangêt. Lajêng nate dipun dalêmi ing Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat ngantos sawatawis taun, sasampunipun punika lajêng suwung malih. Ing sakilènipun loji wau wontên pemahanipun malih, ing ngriku griyanipun Ki Padmasusastra, inggih nalika wontên ing ngriku punika Ki Padma pinuruhitan ing para ngudi kasusastran Jawi, papan ingkang dipun ênggèni wau karan ing Lamongan, kapiridakên ingkang cikal bakal ing ngriku nama Mas Ngabèi Lamong. Ing sakilènipun malih wontên pakarangan ingkang kinupêng ing barongan ori pêtêng asingup, griyanipun ing ngriku ngantos botên kêtingal, ingkang gadhah Mas Ngabèi Karyadăngsa.
Pada era Sinuhun yang sekarang bertakhta, lahan Taman Sriwedari hanya menjadi tiga bagian:
  • Di sisi timur dan belok terus ke selatan: permukiman milik keraton. Di situ tersua loji agung yang sekarang sudah dialihfungsikan menjadi museum. Tergolong sudah agak kuno, loji itu konon dibangun oleh Tuan Susman. Tidak lama ditempati oleh warga Belanda itu, loji lalu kosong cukup lama karena dianggap sangat angker. Sekali waktu Kanjeng Pangeran Arya Mangkudiningrat pernah menempatinya hingga beberapa tahun, tapi setelah itu kosong lagi.
  • Di sisi barat loji agung: rumah milik Ki Padmasusastra. Ketika masih tinggal di sana, Ki Padma dan rumahnya menjadi tempat belajar-mengajar kesusasteraan Jawa. Tempatnya dijuluki Lamongan, diambil dari nama cikal-bakal penghuninya: Mas Ngabei Lamong.
  • Makin ke barat lagi: rumah Mas Ngabei Karyadongsa. Itu adalah sebuah rumah yang, karena sedemikian tertutupnya oleh kelebatan semak-semak bambu ori, sampai-sampai susah terlihat.
Sarêng ing papan wau badhe dipun angge kêbon raja (Sriwêdari), têtiyang ingkang manggèn ing ngriku sami kadhawuhan pindhah, dene ingkang ngadani sakawit ngantos dumugining maujud patamanan, suwargi Kangjêng Radên Adipati Sasradiningrat, inggih Kangjêng Ngendraprastha. Dalah ingkang maringi nama Sriwêdari wau ugi suwargi kangjêng radèn adipati.
Segera setelah lokasinya ditetapkan sebagai bakal taman raja (Sriwedari), orang-orang yang bermukim di situ diperintahkan untuk pindah. Sedangkan yang ditunjuk untuk mewujudkan, sekaligus yang memberi nama, taman tersebut adalah mendiang Kanjeng Raden Adipati Sasradiningat alias Kanjeng Ngendrapastha.
Nalika sawêg ambabar enggal, wujuding taman Sriwadari namung kêtingal ngênthak-ênthak, dening têtanêmanipun taksih sarwa enggal, nanging dangu-dangu saya wêwah-wêwah sae, dumuginipun ing sapunika, kenging dipun wastani ngêplêki kados adining taman Sriwadari yêktos. Wontên museumipun ingkang isi barang-barang kina tuwin barang-barang kagunan Jawi dêlês, buku-buku ingkang kenging kawaos (taman pustaka) punapadene sato kewan warni-warni.
Di awal-awal didirikan, yakni ketika hampir semua tanaman di dalamnya masih baru, Taman Sriwedari memang terasa panas sekali. Seiring waktu, panoramanya menjadi elok hingga saat ini mirip keelokannya taman Sriwedari. Lebih-lebih, di sana dilengkapi pula dengan museum berisi barang-barang kuno dan Jawa tulen, taman pustaka berisi buku-buku yang bebas dibaca, serta aneka fauna.
Malah ing sapunika têtêp, bilih ing Sriwadari punika dados dununging tiyang among sênêng, awit sintên ingkang dhatêng ing ngriku badhe botên kêcuwan ing galih, dalah dhaharan punapa sampun wontên ingkang nyadèni, saya manawi nuju dintên Ngahad (wiwit malêmipun pisan) saha manawi pancèn nuju kangge papan karamean, untabing tiyang saha wontêning têtingalan ngantos adamêl gawokipun tiyang ingkang nêmbe sumêrêp.
Bisa dipastikan, saat ini Sriwedari telah menjadi tempat hiburan favorit. Siapa pun yang datang dijamin tidak akan kecewa. Kalau lapar, sudah ada penjual macam-macam makanan. Manakala akhir pekan tiba (sejak Sabtu malam) atau manakala Sriwedari dijadikan panggung hiburan, menyemutnya lautan manusia beserta sajian-sajian pertunjukan yang ada niscaya mengundang decak kagum siapa pun yang baru tahu.
Asal-usul Taman Sriwedari: Citra 1 dari 2
 
Gambar ingkang kapacak ing ngriki punika sawênèhing papan kasênêngan ing Sriwadari, awarni pulo kinupêng ing toya, toyanipun bêning kêtuwuhan ing sêkar tunjung pating prêlok ngrêrêngga asrining toya. Satêngahing pulo wontên griyanipun mêglik-mêglik, ingayoman ing kêkajêngan ngrêmbaka. Marginipun ingkang anjog ing ngriku, sinambêtan ing buh pèni. Ing pulo ngriku dipun dèkèki guwan, angongkang dhatêng balumbang, wontên rêcanipun ingkang kêtingal kumambang ing toya, kados sasmita suka pitêdah, bilih ing ngriku punika dununging papan kasênêngan.
Gambar yang dimuat ini adalah potret tempat hiburan di Sriwedari. Wujudnya pulau di tengah telaga indah. Airnya jernih. Bunga tunjung berbunga menawan yang terapung-apung membuat telaga menjadi makin tampak indah. Di tengah-tengah pulau menjulang huma yang teduh karena dirindangi pohon-pohon besar. Jalan menuju ke sana dibuat melengkung dengan cantiknya. Selain itu, pulau itu dilengkapi pula dengan goa di atas kolam dan arca yang tampak mengapung di air. Semuanya mengisyaratkan bahwa, ya, di situlah tempatnya orang bersuka-ria.
Dene nyatanipun sintên ingkang wontên ing ngriku nuju dintên Ngahad, tamtu sagêd ngêmatakên dhatêng pamoring pangraosipun, inggih punika nyumêrêpi wêwarnèn sae ingkang adamêl sêngsêm, mirêngakên suwaraning jès bèn, ingkang karaos nênangi manah, saha sarira kasilir ing angin sae araos lês-lêsan. Kalêmpaking raos wau tamtu mahanani dhatêng raosing badhe muksa, nanging sarèhning lêlampahan wau namung pinanggih wontên ing papan kasênêngan, raosing badhe muksa wau dipun santuni badhe tilêm kemawon.
Barangsiapa yang ke Sriwedari pada akhir pekan, sudah pasti terhiburlah perasaannya. Betapa tidak, ada banyak hiburan bagus-bagus dan menyenangkan. Suara band mengalunkan musik yang dipadu oleh lembutnya semilir angin segar bisa memabukkan sekaligus membuat mata terkantuk-kantuk. Paduan semua rasa nikmat itu seakan-akan menciptakan ekstase. Tetapi, berhubung itu tempat hiburan, rasa semacam ekstase tersebut berganti dengan rasa ingin tidur saja.
Amila tumrapipun tiyang amănca, manawi dhatêng Surakarta botên nyumêrêpi kawontênanipun Sriwêdari, kenging dipun wastani dèrèng srawungan kalihan jiwanipun Surakarta.
Jadi bisa dibilang, bagi siapa pun orang luar daerah, apabila bertandang ke Surakarta tapi belum melihat Sriwedari dengan mata kepala sendiri, itu sama saja artinya dengan belum mengenal "jiwa"-nya Surakarta.
Asal-usul Taman Sriwedari: Citra 2.1 dari 2
Asal-usul Taman Sriwedari: Citra 2.2 dari 2
Asal-usul Taman Sriwedari: Citra 2.3 dari 2
Asal-usul Taman Sriwedari: Citra 2.4 dari 2
Kajawèn, Balia Pustaka, 28 Maret 1928.

Sumber: Kajawèn, Balai Pustaka, 28 Maret 1928, hlm. 486–8.