Karti Wisaya, Jakoeb, 1913, #1830

JudulCitra
Terakhir diubah: 29-10-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie uitvagen door bemiddelling der Commissie voor de Volkslectuur No. 96.

POENIKA SÊRAT "KARTI-WISAJA"

Anyariyosakên bab pakaryan saha pamêndhêting ulam sêgantên, mawi gambar nêm likur iji.

__________

KARANGANIPUN RADÈN MOEHAMAD JAKOEB ING SÊMARANG.

__________

BÊTAWI, DRUKKERIJ PAPYRUS EERTIJDS H.M. VAN DORP & Co. 1913.

--- [2] ---

[...]

--- [3] ---

Bêbuka.

Panggaotan punika warni-warni, kados ta: dagang, bêbêrah, misaya (mêndhêt) ulam, têtanèn lan sanès-sanèsipun.

Tiyang ingkang panggaotanipun misaya ulam, limrahipun sami manggèn cêlak sêgantên utawi lèpèn.

Tiyang misaya ulam sêgantên punika, wisayanipun (pirantosipun) warni-warni. Panganggenipun wisaya wau wontên ingkang kenging dipun awaki tiyang satunggal, wontên ingkang kêdah dipun awaki tiyang kalih, tiga utawi langkung, sarta wontên ingkang kenging katindakakên tanpa nênumpak, wontên ingkang kêdah sêrana nênumpak; dene tumpakanipun inggih punika baita.

Panggaotan misaya ulam sagantên punika kalêbêt panggaotan agêng (kathah kauntunganipun), ananging tumrapipun bangsa kula Jawi, ingkang kathah têka lajêng kosokwangsulipun (botên sapintêna kauntunganipun); pandugi kula bokmênawi sabab saking kacupêtan sarat, saking kiranging sêsêrêpanipun utawi sabab saking kumandêlipun dhatêng adat kina (gugon tuhon); dados tumindakipun tansah sêmang-sêmang, liripun: botên tumindak: rumaos bêtah, badhe tumindak: rumaos kuciwa, dene botên sagêd angwontênakên sarat-sarat, ingkang sampun dados kalimrahanipun, wêkasan suda krêkêdipun; mangka ingkang limrah, yèn tiyang suda krêkêdipun inggih suda rêjêkinipun.

--- 4 ---

Ingkang mêkatên wau, anuwuhakên cumanthaka kula anggêlarakên ing sagadug-gadugipun, mênggah patrap-patrapipun bangsa saya ing pasisiran Sêmarang, bab anggènipun misaya ulam sêgantên; botên sanès pangajêng-ajêng kula, bangsa kula wau sagêda angsal pitulungan ing saprêlunipun.

Wusana kula nyuwun samudra pangaksama dhatêng ingkang sudi maos karangan kula punika, bilih wontên gèsèhing suraos, kauning ukara tuwin kithaling têtêmbungan.

Sêmarang, 1 Augustus 1911.

Guru bantu Sêmarang,

R. MUHAMAD JAKOEB (ASMAKOESOEMA).

__________

--- [5] ---

Bab I. MANGSANING KATHAH ULAM.

Ulam sêgantên punika warni-warni, sabên dintên tansah wontên kemawon, ananging wontên ulam ingkang kathahipun mangsan kados wowohan; têgêsipun wontên kalanipun kathah (ngêmohi), wontên kalanipun sakêdhik (nêlag).

Ulam punika yèn nuju ngêmohi sami pêpanthan. Saking agênging panthan ngantos gampil titikanipun. Manut pratelanipun bangsa saya (juru mêndhêt ulam), mangsanipun wontên ulam kados ing ngandhap punika.

Mênawi mangsa kasa lan karo, inggih punika ing wulan Wêlandi wiwit tanggal kaping 22 Juni, dumugi 24 Augustus, mangsanipun ulam loang (dhorang pêthak), sêmbilang, gatêl lan jogor (lajur agêng).

Mangsa katêlu lan kapat, inggih punika ing wulan Wêlandi wiwit tanggal kaping 25 Augustus, dumugi 13 October, mangsanipun ulam: jogor, gatêl, banyar, têri, tongkol, sêlar, pèthèk, dhorang, kadha, ajang (lundhu agêng), kacangan, larean (bibit bandêng) lan kêmbung.

Mangsa kalima lan kanêm, inggih punika ing wulan Wêlandi wiwit tanggal kaping 14 October, dumugi 21 December, mangsanipun ulam: tongkol, dhorang, kadha, rajungan, bukur, ingsêr lan bêd-bêd (êmbêt).

Mangsa kapitu lan kawolu, inggih punika ing wulan [wu...]

--- 6 ---

[...lan] Wêlandi wiwit tanggal kaping 22 December, dumugi 28 Februari, mangsanipun ulam: dhorang, têri, tongkol, pèthèk, kêmbung, cucut, rêbon, urang barat, apu (layur alit), pêlak, banyar, sêlar, gatêl, têngiri, larean lan sanès-sanèsipun. Sami-sami mangsa, mangsa kapitu lan kawolu wau, mangsa kathah-kathahing ulam, ananging ing mangsa kapitu bangsa saya awis-awis ingkang purun misaya, jalaran mangsa ombak agêng.

Mangsa kasanga lan kasêpuluh, inggih punika ing wulan Wêlandi wiwit tanggal kaping 1 Maart, dumugi 18 April, mangsanipun ulam: kikik (pèthèk alit), gatêl lan kêmbung sawêtawis.

Mangsa dhêstha lan sadha, inggih punika ing wulan Wêlandi wiwit tanggal kaping 19 April, dumugi 21 Juni, mangsanipun ulam: kadha, bêra lan sêmbilang.

Kêjawi punika, kêpithing yèn mangsa katêlu sami nglêmburi: yèn mangsa kalima rajungan sami nglêmburi.

Ulam blanak yèn mangsa bêdhidhing gurihipun nglangkungi, botên kados ing mangsa sanèsipun.

Kathahipun mimi, yèn sêgantên mêntas rob (banjir).

__________

TITIKANIPUN ULAM SÊGANTÊN.

Ulam sêgantên mênawi pêpanthan, ing wanci siyang (rintên) toya katingal ngrêmêng kados ayang-ayanganing kêkajêngan ingkang wontên ing toya. Ayang-ayangan wau mênawi ngrêmêngipun andhêndhêng (pêtêng), tandha ulam agêng-agêng ingkang pêpanthan; mênawi ngrêmêngipun ragi padhang, tandha ulam alit-alit ingkang pêpanthan. Panthan ulam wau mênawi wontên ing panggenan ingkang cèthèk, toya lajêng buthêk; sulakipun abrit.

--- 7 ---

Bangsa saya yèn manggih panthaning ulam ing wanci rintên, awis ingkang sagêd mastani ulam punapa ingkang pêpanthan wau; bêda kalihan panthan ing wanci dalu, bangsa saya kathah ingkang nocogi anggènipun mastani panthaning ulam satunggil-satunggilipun, nitik saking gêbyaring ilunipun wontên ing toya kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika.

Ulam banyar, gêbyaring ilunipun toya katingal pêthak sulak ijêm; panthanipun wiyar sarta wangunipun pêsagi.

Ulam kêmbung lan kadha, gêbyaring ilunipun toya katingal pêthak; panthanipun ciyut, wiyaripun wêtawis sacêngkal pêsagi.

Ulam tongkol, gêbyaring ilunipun toya katingal pêthak bundêr kados kalanganing rêmbulan.

Ulam kikik lan rêbon, gêbyaring ilunipun toya katingal pêthak tur wiyar.

Ulam juwi, gêbyaring ilunipun toya katingal pêthak ambanjêng kados tanggul.

Ulam ingkang agêng-agêng, kados ta: cucut, pe lan sanès-sanèsipun, gêbyaring ilunipun toya katingal mêncorong kados wontên dilahipun.

Kêpithing ingkang manggèn ing rong utawi ing toya ingkang lindhuk, toyanipun kaworan unthuk.

Bangsa saya mênawi misaya ing wanci rintên, mangka botên angsal titikan kados ingkang kasêbut wau, pêtik (juru mirêngakên sêbawaning ulam) lajêng manglung nyilêmakên sirahipun, ingriku sagêd nyumêrêpi wontên lan botênipun; mêkatên punika yèn nuju botên nglêrêsi wontên ombak utawi jawah. Wondene sêbawanipun ulam, mênawi alit pating clêprèt utawi pating crêplèk, dene mênawi agêng pating crêplok.

__________

--- 8 ---

Bab II. GUGON TUHONIPUN BANGSA SAYA.

Wilujêngan.

Wilujênganipun bangsa saya punika warni-warni, kados ta: tumpêng damar murub, tumpêng damar mati, sêkul golong, juwadah pasar, rujak dêgan, cêngkaruk gimbal, arang-arang kambang, waluh gana, sêkul punar, sêkul biru, kupat lêpêt, bubur abrit, dhawêt, candu, sêkar borèh lan mênyan madu.

Tumpêng damar murub.

Tumpêng damar murub punika, tumpêng ingkang pucukipun jêne wangunipun lancip; ingkang jêne punika nalikanipun tapung anggèning bêthak dipun karo ngangge toya pêrêsan kunir.

Tumpêng damar mati.

Tumpêng damar mati punika, panunggilanipun tumpêng damar murub, kaotipun ing pucuk cêmêng; pandamêlipun ingkang cêmêng wau, nalikanipun tapung karon, dipun karu ngangge toya pêrêsan sêkar têlêng.

Tumpêng kalih warni wau, lawuhipun namung bangsaning jêjanganan kemawon.

Sêkul golong.

Sêkul golong punika, sêkul dang utawi liwêt dipun plênêk-plênêk, kathahipun pitung plênêk; lawuhipun

--- 9 ---

pêcêl ayam. Ayamipun saangsal-angsal kêdah ingkang pêthak mulus.

Juwadah pasar.

Juwadah pasar inggih punika sawarnining jajanan pêkên sarwa sakêdhik.

Rujak dêgan.

Rujak dêgan punika, kêrokan dêgan klapa dipun toyani sarta dipun gêndhisi.

Arang-arang kambang.

Arang-arang kambang punika, ingkang kadamêl gorengan kêtan, dipun santêni lan dipun gêndhisi.

Cêngkaruk gimbal.

Cêngkaruk gimbal punika, ingkang kadamêl gorengan kêtan, dipun siram juruh supados sagêd kêmpêl.

Bubur abrit.

Bubur abrit inggih punika, bubur ingkang dipun gêndhisi abrit (gêndhis Jawi).

Sêkul punar.

Sêkul punar inggih punika: sêkul dang ingkang dipun karu ngangge toya pêrêsan kunir.

Sêkul biru.

Sêkul biru, inggih punika sêkul dang ingkang dipun karu ngangge toya pêrêsan sêkar têlêng.

___________

--- 10 ---

Kanggening Satunggil-Tunggilipun Wilujêngan.

Mênggah kanggenipun wilujêngan warni-warni wau mêkatên: tumpêng damar murub, damar mati, rujak dêgan, cêngkaruk gimbal, bubur abrit, sêkul punar lan sêkul biru, punika kadamêl wilujêngan wontên ing sêgantên amilujêngi baita utawi wisaya yèn badhe dipun enggali utawi yèn lumban. Wilujêngan sanèsipun tumpêng damar murub lan damar mati, punika sok kangge wilujêngan yèn badhe anjêgurakên pasangan ulam (rumpon, rungga, pênthèr).

Sêkul golong, juwadah pasar, punika kangge wilujêngan wontên ing griya utawi ing panggenaning barang ingkang dipun wilujêngi. Kalanipun wilujêngan mêkatên, yèn badhe miwiti andamêl baita utawi wisaya, badhe nyêmplungakên baita enggal, nyêlapani baita, wilujêngan yèn malêm Jumuah Kliwon utawi malêm Anggara Kasih lan milujêngi baita yèn badhe kadamêl lumban.

Arang-arang kambang, kangge wilujêngan wontên ing lak-lakaning lèpèn ingkang dipun ambah.

Kupat lêpêt, kangge sambit-sambitan kalanipun baita sami lumban.

Dhawêt kangge milujêngi baita utawi wisaya ingkang badhe kangge, mêkatên wau mênawi baita utawi wisaya lami botên kangge-kangge ngantos langkung saking sêlapan dintên.

Sêkar borèh kangge nyêkar borèhi badhening baita utawi wisaya, ingkang badhe dipun enggali, sarta kaangge lumban utawi yèn nuju malêm Jumuah Kliwon lan Anggara Kasih.

Mênyan dipun bêsmi yèn nuju wilujêngan.

--- 11 ---

Candu kangge sajèn mênawi ingkang badhe dipun wilujêngakên sarwa sakêdhik.

Mênggah ingkang dipun mêmule mênawi wontên ing sêgantên: Kangjêng Nabi Kilir, awit punika ingkang ngratoni kewan toya; sarta kaki Gangga, nini Gangga, awit punika ingkang ngêmongi kewan toya. Mênawi wontên lak-lakaning lèpèn: Kyai Sutamanggala, awit punika ingkang dados dhanyanging lak-lakan tuwin gêgisik. Dene mênawi wontên ing dharatan dhanyanging dhusun ingkang dipun ênggèni.

__________

Sarat.

Sarat ingkang kaangge dening bangsa saya, kados ta: tambining kajêng jatos, japa mantra, jimat awarni sêratan (rajah), jimat awarni kewan, rosing thêthukulan lan pirantosipun tiyang pêjah.

Tambining kajêng jatos.

Ingkang kenging kadamêl sarat, inggih punika tambining kajêng jatos ingkang pêjah ngarang. Panganggenipun tambi wau kadamêl linggi lan cungkriking (sirah lan buntuting) baita.

Japa mantra lan rajah.

Japa mantra lan jimat awarni rajah makatên: saking dhukun.

Jimat awarni kewan.

Kewan ingkang kenging kadamêl sarat, inggih punika pêksi punglor, panggenanipun ing wana agêng, wujudipun [wu...]

--- 12 ---

[...judipun] mèmpêr jalak, ulêsipun lurik kêmiri sarta mawi jamang. Panganggenipun pêksi wau kêdah dipun gêrèh rumiyin, yèn sampun aking mangka badhe kangge, dipun êkum; toya kum-kuman gêrèh wau dipun kêpyurakên ing baita utawi ing wisaya ingkang badhe kaangge.

Rosing Thêthukulan.

Rosing thêthukulan ingkang kenging kaangge sarat, inggih punika rosing dêling, pênjatos lan sapanunggilanipun bangsaning ros-rosan, anggêr têmu ros (rosipun ajêng-ajêngan); panganggenipun namung dipun kandhut kemawon.

Pirantosipun Tiyang Pêjah.

Pirantosipun tiyang pêjah ingkang kenging kadamêl sarat, inggih punika tiyang ingkang ajalipun nglêrêsi dintên utawi malêm Jumuah Kliwon, kados ta: siti, lawe utawi tangsul tuwin dêling. Panganggenipun makatên: siti, kadamêl pundhi (tampang grabah); lawe utawi tangsul, kadamêl woworan badhening wisaya; dêling kaangge walêsan utawi pirantos sanès-sanèsipun. Mênggah sêdaya isarat wau kasiyatipun supados bangèn (angsalan).

__________

Dintên Sae.

Bangsa saya punika mênawi badhe andamêl baita, ngêdhunakên baita enggal, andandosi utawi ngrêsiki baita lan

--- 13 ---

andamêl wisaya, punapa malih masang rumpon, rungga utawi pênthèr, mêsthi ngangge etang dintên (ngupados dintên ingkang sae sarta ingkang nujoni jayaning badanipun).

Sumêrêpipun bangsa saya dhatêng dintên sae utawi dintên jayanipun, ingkang kathah sami têtakèn dhatêng pinisêpuhing bangsa saya utawi dhatêng dhukun ingkang sampun komuk.

__________

Ila-ila.

Ila-ilanipun bangsa saya punika kathah sangêt, kados ta: Mênawi badhe pangkat misaya kêdah rêrêsik badan (adus), bokmênawi mênggaha santri junub.

Bilih sampun pangkat saking griya, sampun ngantos mandhêg tumolih utawi sêsêmbranan.

Yèn sampun wontên ing margi, mangka wontên ingkang nakèni mênggahing pêrlunipun kesah, kêdah mangsuli mêkatên: arêp (ajêng) golèk pangkat; têgêsipun badhe ngupados klêmpakaning ulam.

Mênawi wontên barang ingkang kantun, punika botên kenging dipun wangsuli, awit lêlampahan mêkatên punika, mêmarai dhatêng ulam ingkang badhe winisaya; têgêsipun: ulam ingkang sampun klêbêt ing wisaya, dilalah lajêng wangsul mêdal; mila bangsa saya mênawi badhe misaya, ing sadèrèngipun pangkat sampun nyênyawisakên samukawis ingkang badhe kabêkta wontên ing panggenan ingkang adhakan.

Mênawi sampun numpak baita sarta sampun mancal (pangkat) botên kenging cêcriyosan ingkang botên pêrlu-pêrlu, [pêrlu-...]

--- 14 ---

[...pêrlu,] kados ta: nyariyosakên supênan, kasisahaning tiyang, namining kewan dharatan ingkang dados sirikan lan sanès-sanèsipun. Dene mênawi kapêksa ngucapakên namaning kewan ingkang dados sirikan, jalaran angèwêd-èwêdi anggènipun misaya, kados upaminipun: wisayanipun angsal bathang; bathang wau kêdah katêmbungakên sanès. Mênggah kewan dharatan lan sanèsipun ingkang dados sirikan, yèn nuju wontên ing sêgantên, kados ta:

Pitik (ayam), punika kêdah katêmbungakên: sambêran.

Bèbèk, punika kêdah katêmbungakên: kambangan.

Wêdhus (menda), punika kêdah katêmbungakên: pasaran.

Kucing, punika kêdah katêmbungakên: kocor.

Asu (sêgawon), punika kêdah katêmbungakên: conggol (tanggêlan)

Jaran (kapal), punika kêdah katêmbungakên: kuda (arus).

Kêbo (maesa), punika kêdah katêmbungakên: lambangan.

Sapi (lêmbu), punika kêdah katêmbungakên: lêmbu.

Babi, punika kêdah katêmbungakên: bocah edan.

Tikus, punika kêdah katêmbungakên: gêrit.

Cèlèng (andhapan), punika kêdah katêmbungakên: cêlêngan.

Kêthèk, punika kêdah katêmbungakên: rambatan.

Gajah, punika kêdah katêmbungakên: gunung agung.

Ula (sawêr), punika kêdah katêmbungakên: sawêr.

Baya, punika kêdah katêmbungakên: kêlêman.

Mati (pêjah), punika kêdah katêmbungakên: dood.

Bokong, punika kêdah katêmbungakên: bongko.

Silit, punika kêdah katêmbungakên: murit.

Konthol (pêlandhungan), punika kêdah katêmbungakên: kothak.

--- 15 ---

Pêli (pêjalêran), punika kêdah katêmbungakên: balak.

Jêmbut, punika kêdah katêmbungakên: jêmbat.

Lêlawuhan (ulam-ulaman), punika kêdah katêmbungakên: pêndhèrèk.

Kabilaèn, punika kêdah katêmbungakên: kêcawaran.

Panthaning ulam sêgantên inggih wontên ingkang kêdah kasirik (katêmbungakên sanès), kados ta:

Pangkating ulam têri, kêdah katêmbungakên: pangkat alus.

Pangkating ulam sêlar alit-alit, kêdah katêmbungakên: pangkat bau.

Pangkating ulam sêlar cêkapan, kêdah katêmbungakên: pangkat sana.

Pangkating ulam sêlar agêng-agêng, kêdah katêmbungakên: pangkat bladhèh.

Pangkating ulam juwi, kêdah katêmbungakên: pangkat langon.

Pangkating ulam tongkol, kêdah katêmbungakên: pangkat ponthang.

Pangkating ulam kikik, kêdah katêmbungakên: pangkat kêmpar.

Pangkating ulam banyar, kêdah katêmbungakên: pangkat silap.

Pangkating ulam dhorang, kêdah katêmbungakên: pangkat nyadha.

Mênawi kesahipun misaya sêsangu, botên kenging sangu: nangka, kênthang, sêmangka, katêla lan jêram; sanèsipun punika kènging kemawon, sok ugi arupi têtêdhan utawi lêlawuhan.

Mênawi nêdha sangunipun ingkang arupi sêkul ulam, mangka ulamipun tirah, punika kêdah dipun bucal, botên kenging kabêkta mantuk; dene tirahan sangu sanèsipun kenging kabêkta mantuk.

Mênawi mrangguli ulam pintok utawi ulam kêmpus, yèn anggènipun misaya sêsangu, punika kêdah enggal dipun kêpyuri sangunipun sawêtawis, dene yèn botên sêsangu lajêng wicantên mêkatên: maklum, maklum, kyai! Ulam kalih warni wau mênawi ngantos kenging ing wisaya kêdah enggal dipun tulungi (dipun

--- 16 ---

êculakên) kalian dipun kêpyuri sêsangunipun kanthi tinêdhanan pangapuntên. Milanipun ulam wau kêdah dipun sumêrêpi, awit punika ingkang dados lêlurahing sêdaya ulam. Sintên ingkang nyêpèlèkakên mêsthi sêbêl anggènipun anggaota.

Mênawi wontên baita ingkang manggih bilai tugêl tiyangipun utawi kèrêm, punika botên kenging dipun tudingi, awit sok lajêng katularan; kengingipun namung alok-alok, ananging anggènipun ngêlokakên kêdah ngangge têmbung: kêcawaran.

Mênawi anggènipun misaya angsal ulam: ênus, sontong utawi blêkuthak, punika botên kenging yèn kaucal wontên ing baita kalanipun taksih wontên ing sêgantên, awit ulam wau lampahipun mundur, mindhak murugakên munduripun ulam sanès ingkang badhe winisaya.

Mênawi wontên ole-ole (clèrèt taun) punika kêdah dipun êlokakên mêkatên: pêli gudhigên! pêli gudhigên! salajêngipun kalihan ngringkêsi pirantosipun kabêkta mantuk. Saking cariyosipun bangsa saya, ole-ole punika kadadosaning pêjalêranipun Lêsmana ingkang dipun kêthok piyambak, malêsat dhawah ing sêgantên; sasirnanipun pêjalêran lajêng wontên ole-ole. Milanipun yèn ngapêsakên kêdah dipun lokakên kados ing nginggil, punika lajêng sagêd sirna.

Mênggah ila-ila ingkang kasêbut ing nginggil wau bangsa saya botên wontên ingkang sagêd nêrangakên mênggahing têgês lan sabab-sababipun sêdaya.

__________

--- 17 ---

Bab III. REKANIPUN ANDAMÊL BADHENING BAITA LAN WISAYA.

Badhening Baita.

Bangsa saya yèn andamêl baita ingkang kaprêlokakên rumiyin badhening linggi lan cungkrik; inggih punika tambining jatos ingkang pêjah ngarang. Pamêndhêtipun tambi wau kêdah ngangge etang dintên sarta wilujêngan sêkul golong; sêkar borèh lan mênyan botên kenging kantun. Anggènipun wilujêngan mênawi tambi badhe wiwit kadhudhuk, ujubipun ngaturi dhahar dhanyang ingkang rumêksa ing ngriku; sêkar borèh kaborèhakên ing tambi wau. Sasampunipun lajêng wiwit andhudhuk; pandhudhukipun dipun angkah katuta oyodipun wêtawis sakaki, supados cêkapa kadamêl linggi (cungkrik) dalah gobèdipun pisan (lingiring baita ingkang wontên sangandhaping linggi lan cungkrik). Mênawi sampun rampung pandhudhukipun lajêng dipun cêngkorongi, tumuntên kabêkta mantuk.

Cêngkorongan wau mênawi badhe dipun wiwiti kawangun peranganing baita, inggih mawi ngupados dintên lan sangat ingkang sae. Ing malêmipun dintên ingkang katêmtokakên kangge miwiti, cêngkorongan dipun mulyakakên kados nalika pandhudhukipun kanthi dipun êlèki tuwin dipun sajèni. Enjingipun ing sadèrèngipun undhagi miwiti anggarap, ingkang gadhah jalêr èstri kêdah sarat angrumiyini, salajêngipun undhagi ingkang anggarap.

--- 18 ---

Dene kajêng kêkiranganipun kenging ngangge kajêng sawiyah anggêr sae sarta sêpuh.

Mênawi andamêl cêmplon utawi jukung (baita saya ingkang alit) yèn ingkang kadamêl kajêng glondhongan, mangka botên sagêd angsal glondhongan kajêng jatos ingkang pêjah ngarang, inggih namung mêndhêt pêcelaning tambi kasêbut ing nginggil lajêng kapacêlakên ing saênggèn-ênggènipun kangge sarat.

Mênggah tambi ingkang kasêbut wau, wiwit kadhudhuk ngantos dadosipun peranganing baita, botên kenging kalangkahan.

__________

Badhening Wisaya.

Bangsa saya mênawi badhe andamêl wisaya, rekanipun inggih kados andamêl baita; dene badhenipun warni-warni, kados ta: lawe, bênang, agêl, rami, duk, sêpêt, dêling, timah lan sanès-sanèsipun.

Lawe utawi agêl mênawi badhe kadamêl wisaya dipun puntu utawi dipun ubal rumiyin, punika wastanipun: punton.

Lawe mênawi dipun puntu tiga lajêng dipun susur ngangge babakan turi utawi salam, wastanipun: kênur.

Rante timah ingkang kaangge ambandhuli wisaya, wastanipun: tampang; wontên ugi tampang saking siti, wastanipun: pundi.

Tangsul ingkang kangge minggiri wisaya utawi layar, wastanipun: ris.

Tangsul duk ingkang kangge ambandhuli wisaya, wastanipun: kisi; dene timah utawi sela wastanipun: bandhul.

--- 19 ---

Timah, tosan utawi sela ingkang kangge ambandhuli pênthèr utawi baita, wastanipun: balês.

Dêling utawi kajêng ingkang ènthèng, yèn kaangge ngambangakên wisaya lan sanès-sanèsipun, wastanipun: kambang utawi umpal.

Bênang mênawi badhe kadamêl wisaya, mangka mawi dipun sikat (dipun koloh) ngangge pêthaking tigan, wastanipun: sikatan.

Katranganing Wisaya.

Wisaya ingkang badhenipun ngangge bênang sikatan, limrahipun jala utawi jaring kambang; mila mêkatên, supados samar sarta kalis ing toya, dados lampahing wisaya sagêd rikat. Jala punika wisaya ingkang kangge nututi plajênging ulam, mila ngangge sikatan.

Tiang ngangge wisaya sikatan kêdah brètèh (opèn), sabên mêntas kangge kêdah dipun kumbah ngangge toya tawa sarta lajêng dipun akingakên, tuwin bilih sampun kaangge jangkêp kaping sêkawan utawi gangsal kêdah dipun sikat malih.

Mênggah panyikatipun mêkatên: pêthaking tigan ayam utawi bèbèk dipun kopyok ingkang ngantos uat (muruh), lajêng dipun toyani tikêl kalihipun. Mênawi sampun, bênang utawi wisayanipun dipun cêlubakên; yèn kadugi toya tigan sampun rumêsêp, lajêng dipun êntos sarta dipun uruti supados madhêt, tumuntên dipun êpe. Mênawi sampun aking, dipun cêlub malih kados ingkang sampun wau, mêkatên salajêngipun ngantos matêng (rambah kaping tiga utawi sêkawan).

Wisaya sanèsipun ingkang limrah dipun samak, awit

--- 20 ---

kanggenipun botên kados jala utawi jaring kambang, tur inggih awèt anggenipun.

Mênggah patrapipun nyamak mêkatên: babakan turi utawi salam wêtawis satêngah blèk lisah gas dipun toyani kêbak, dipun godhog kasatakên ngantos kantun sêpalih, lajêng dipun saring, mangêt-mangêt wisayanipun dipun cêlubakên, yèn sampun komoh dipun êntos lan dipun akingakên, mênawi sampun aking dipun cêlub malih, makatên salajêngipun ngantos rambah kaping tiga utawi sêkawan. Samakan wau mênawi sampun matêng lajêng dipun tungu (dipun damêl wungu) ngangge toya godhogan tingi. Dene pandamêlipun tungu: tingi pêngaos 10 cent dipun toyani sablèk lisah gas dipun godhog kaêsatakên ngantos kantun sêpalih. Patrapipun nungu kados patrapipun tiyang nyamak.

Wisaya samakan punika mênawi sabên dintên tansah kangge, sabên sêlapan kêdah dipun tungu, supados tansah katingal wungu, sarta sabên mêntas kangge inggih dipun kumbah ngangge toya tawa saha dipun akingakên kados wisaya sikatan.

__________

Bab IV. BAITA SAYA.

Baita saya inggih punika baita ingkang kaangge wisaya ulam, sawênèhing panggenan wontên ingkang mastani baita mayang. Baita saya makatên warni gangsal, kados ta: baita cêmplon, jukung, bese, pothik lan kunthing. Mênggah wijang-wijangipun kados ing ngandhap punika.

--- [0] ---

Karti Wisaya, Jakoeb, 1913, #1830: Citra 1 dari 20
Gambar I

--- 21 ---

Baita Cêmplon (Gambar I).

Cêmplon punika baita alit, wangunipun kados mancung, wiyaripun wêtawis 3 kaki, panjangipun 15 kaki, ingkang dipun damêl kajêng jatos glondhongan. Peranganipun kados ta: linggi, cungkrik, gobèd, sêrangan, lunas, lêmingsir, buritan, tilib, tim (sêndhêng), iba-iba (limaran), gadhing, cupon, gladhag, caplak lan mata kakap.

Linggi.

Linggi punika ingkang wontên ing ngajêng, minangka dados sirahipun.

Gobèd.

Gobèd punika lingir ingkang wontên ing sangandhaping linggi, minangka dhadhanipun; gunanipun kadamêl ambêdhah toya.

Sêrangan.

Sêrangan punika ingkang balêndhuk wontên ingajêng lan wingking cêlak kalihan gobèd tuwin buritan; gunanipun kangge miyarakên bêdhahing toya supados lampahing baita sagêd rikat tur andamêl mayaripun ingkang nglampahakên.

Lunas.

Lunas punika lingir ingkang wontên ing ngandhap minangka tamènging wêtêng; gunanipun bilih baita wau anggêrud utawi nrajang karang lan sanès-sanèsipun, sampun ngantos manggih karisakan.

--- 22 ---

Lêmingsir.

Lêmingsir punika ingkang balêndhuk wontên ing ngandhap sakiwa têngêning lunas, minangka dados wêtêngipun.

Buritan.

Buritan punika lingir ingkang wontên ing wingking sangandhapipun cungkrik, dados têtimbanganipun gobèd; gunanipun inggih kados gobèd.

Cungkrik.

Cungkrik punika perangan ingkang wontên ing wingking, dados têtimbanganipun linggi, minangka buntutipun.

Tilib.

Tilib punika pinggiran minangka dados lambenipun.

Tim (Sêndhêng).

Tim punika blabag ingkang têngahipun dipun bolongi pêsagi, kadèkèk ing sacêlakipun linggi, cungkrik tuwin ing satêngahing cêmplon kêpara ngajêng; blabag wau dipun paku kaangsalakên kalihan tilib kiwa têngên.

Mênggah kanggenipun tim ingkang wontên ing linggi lan ing têngah kadamêl cêblokan tiyang (cagak layar); tim ingkang wontên ing cungkrik kadamêl cêblokan sumbi (canthelan kêmudhi). Ing sacêlakipun cêblokan kêmudhi wau wontên bolonganipun malih kangge cêblokan sanggan (planggrangan layar).

--- 23 ---

Iba-iba (Limaran).

Iba-iba punika blabag ingkang wontên salêbêting cêmplon cêlak kalihan tim ingkang wontên ing ngajêng lan wingking; kanggenipun kadamêl palinggihanipun tiyang ingkang nglampahakên.

Gadhing.

Gadhing punika lajêng mlêngkung ingkang malang-malang wontên salêbêting cêmplon, minangka iga-iganipun; gunanipun kadamêl ngêkahakên jêmbluking cêmplon.

Cupon.

Cupon punika kajêng bolong pêsagi ingkang wontên sangandhaping tim, kaangsalakên kalihan lunas; gunanipun kadamêl pagolan adêging tiyang utawi sumbi supados kêkah.

Gladhag.

Gladhag punika blabag utawi galar ingkang wontên salêbêting cêmplon, minangka jrambahipun; kanggenipun kadamêl wadhah wisaya.

Mata Kakap.

Mata kakap punika bolongan ingkang wontên ing lunas, wiyaripun cêkap driji; gunanipun yèn cêmplon mêntas kangge sarta sampun dipun galang (dipun êntas), sumpêlipun dipun bikak; dados toya tus-tusan wisaya tuwin toya sanès-sanèsipun sagêd asat, cêmplon sagêd aking mêwahi awètipun.

--- 24 ---

Caplak.

Caplak punika bolongan cêkap driji ingkang wontên ing tilib, ing tim utawi ing iba-iba; kanggenipun makangsalakên kêlatan (tangsul layar) lan sanès-sanèsipun.

Cêmplon punika yèn kangge misaya dipun tumpaki tiyang kalih.

__________

Jukung.

Jukung punika panunggilanipun cêmplon; ingkang dipun damêl kajêng glondhongan utawi blabagan dipun sukani ragangan (balungan), wiyaripun 4 kaki, panjangipun sami kalihan cêmplon. Peranganipun inggih kados cêmplon. Mênawi dipun angge misaya dipun tumpaki tiyang kalih utawi tiga.

__________

Pirantosipun Jukung utawi Cêmplon.

Pirantosipun cêmplon punika sami kemawon kalihan pirantosipun jukung, inggih punika: tiyang, layar, sumbi, kêmudhi, singkir, prampêd, jangkar, wêlah, satang, sanggan lan kicak (katir).

Tiyang.

Tiyangipun jukung punika kalih, agêng alit; ingkang agêng panjangipun wêtawis 17 kaki, ingkang alit 13 kaki, ingkang dipun damêl dêling. Peranganipun tiga, kados ta: angkul-angkul, cangklakan lan pogogan.

Angkul-angkul punika purusan kajêng ingkang dipun lêbêtakên pucuking tiyang; kanggenipun kadamêl canthelan layar.

--- 25 ---

Cangklakan punika kolongan tangsul duk utawi pênjatos ingkang wontên ing têngah-têngahing tiyang; kanggenipun kadamêl jêjakan pênggiling (cêngkah utawi gulungan layar).

Pogogan punika bongkoting tiyang ingkang kawangun pêsagi kados purus, inggih punika ingkang dipun cêblokakên ing tim. Pogogan wau mila kadamêl wangun pêsagi, supados tiyang yèn sampun kacêblokakên botên sagêd mingar-mingêr.

Mênggah kanggenipun tiyang punika kadamêl nyagak layar. Pamasangipun mênawi sampun kacêblokakên ing tim lajêng dipun trênjêl (dipun pacêl) supados kêkah.

Layar (Gambar II).

Jukung punika layaripun tiga; wangunipun wontên ingkang pêsagi panjang (nginggil wiyar, ngandhap ciyut), wontên ingkang majêng tiga lancip; wontên ingkang agêng, wontên ingkang alit sarta wontên wastanipun piyambak-piyambak, kados ta: layar agung, layar dhoblin lan layar padhu.

Layar wau ingkang dipun damêl warni-warni, kados ta: motha, goni, kipêr lan sapanunggilanipun. Peranganipun wontên gangsal, inggih punika: ris (aris), talingan (kupingan), pênggiling, kalasan lan kêlatan.

Ris punika tangsul rami utawi duk ingkang dipun dondomi mubêng kaangsalakên kalihan pinggiripun layar; gunanipun layar supados awèt.

Talingan punika kolongan tangsul ingkang wontên ing pojok-pojokaning layar; kanggenipun yèn layar wau badhe dipun canthelakên utawi dipun tangsuli sagêda gampil.

Pênggiling punika deling ingkang ragi alit, pucukipun [pucuki...]

--- 26 ---

[...pun] dipun tangsuli kalihan pojoking layar salah satunggil ingkang wontên ing nginggil, bongkotipun dipun sukani angkul-angkul. Kanggenipun pênggiling punika kadamêl anggulung utawi nyêngkah layar yèn nuju kabèbèr. Pênggiling yèn nuju kangge nyêngkah layar, angkul-angkulipun kaangsalakên ing cangklakan.

Kalasan punika kolongan tangsul alit ingkang wontên saantawisipun kupingan ngandhap lan nginggil ingkang badhe kaangsalakên tiyang; kanggenipun kadamêl ngêncang layar supados botên ngêndhêlong.

Kêlatan punika tangsul duk utawi rami ingkang dipun tangsulakên ing kupingan ingkang wontên sangandhaping kupingan ingkang tinangsulan kalihan pênggiling; kanggenipun kadamêl ngêncang layar yèn nuju kabèbèr.

Layar Agung.

Layar agung punika layar ingkang agêng, wangunipun pêsagi panjang (nginggil ciyut, ngandhap wiyar), wiyaripun ingkang nginggil wêtawis 8 kaki, ingkang ngandhap 10 kaki, landhungipun 14 kaki. Kalasanipun kirang langkung gangsal.

Layar Dhoblin.

Layar dhoblin punika wangunipun kados layar agung, kaotipun ragi alit.

Lapar Padhu.

Layar padhu wangunipun majêng tiga lancip, wiyaripun sêpalihing layar agung.

--- 27 ---

Mênggah pamasangipun layar agung utawi layar dhoblin mêkatên: kupingan ingkang wontên ing sisihing kupingan ingkang tinangsulan kalihan pênggiling dipun canthèlakên ing angkul-angkuling tiyang; ananging sadèrèngipun kupingan wau kacanthèlakên, tiyang kêdah dipun slusupakên ing kalasan rumiyin.

Angkul-angkuling pênggiling dipun angsalakên ing cangklakan. Kupingan ngandhap urutipun ingkang cumanthèl ing tiyang dipun tangsuli kalihan bongkoting tiyang. Kupingan satunggilipun dipun tangsuli ngangge kêlatan lajêng dipun kêncang.

Pamasangipun layar padhu, ingkang lancip wontên ing ngandhap; kalasan mênawi sampun dipun slusupi tiyang, kupingan nginggil dipun canthèlakên, ngandhap dipun tangsuli; kupingan satunggilipun dipun tangsuli kalihan pênggiling tuwin kêlatan. Salong inggih wontên layar padhu ingkang pinggiripun kiwa têngên dipun dondomi kalihan pênggiling kalih; pêrlunipun supados gampil panggulung lan pamasangipun. Layar wau pamasangipun mêkatên: pênggiling ingkang satunggil dipun tangsuli kalihan tiyang, satunggilipun ing pucuk dipun thuki kêlatan, bongkotipun dipun tangsuli kalihan bongkoting tiyang.

Wondene gunanipun layar makatên, kadamêl nglampahakên baita yèn purugipun nuju nyarêngi lampahing siliran (angin). Panganggenipun layar wau kêdah angèn agêng-aliting siliran, têgêsipun: yèn siliranipun kêncêng kêdah ngangge layar padhu, yèn cêkapan ngangge layar dhoblin, yèn kêndho ngangge layar agung utawi dhoblin kalihan padhu, dene mênawi kêndho sangêt kêdah ngangge layar agung kalihan padhu utawi dhoblin.

Baita mênawi layaran ngangge layar kalih, pamasangipun [pamasangi...]

--- 28 ---

[...pun] kêdah sisihan, têgêsipun: yèn ingkang satunggal manglung manêngên, satunggilipun mangiwa.

Jangkar (Gambar III).

Jangkar punika wangunipun kados gathol; peranganipun kados ta: clacap (kuku), jangkaran, gandar, banthak lan tambang.

Clacap (kuku) punika landhêping jangkar, wangunipun lancip, panjangipun wêtawis 1½ kaki, ingkang dipun damêl dêling utawi kajêng.

Gandar punika gagangipun clacap, panjangipun wêtawis 3 kaki, agêngipun sabongkoting clacap, ingkang dipun damêl inggih manut clacapipun.

Jangkaran punika tangsul duk utawi pênjatos ingkang dipun angge nangsuli clacap kalihan gandar supados kêkah.

Banthak punika bandhul jangkar, ingkang kaangge sela, agêngipun wêtawis sacêngkir; sela wau dipun krawat (dipun tangsuli) kaangsalakên kalihan bongkoting gandar ragi manêngah sakêdhik; mêncongoling gandar wêtawis satêngah kaki. Gandar wau kalêrês panggenan ingkang dipun thuki banthak dipun gêrêt utawi dipun sukani pantèk kangge pagolan, supados krawatanipun sagêd kêkah. Panggandhèngipun banthak kalihan gandar kêdah nunggil sisih kalihan ingkang dipun thuki clacap; pêrlunipun supados yèn jangkar dipun bucal (dipun jêgurakên) dhawahipun ing dhasaring toya, clacap sagêd mêngkurêb.

Tambang punika tangsul duk ingkang kangge nangsuli jangkar, agêng aliting tangsul tuwin panjang cêlakipun gumantung dhatêng agêng aliting jangkar sarta lêbêt cêthèking toya.

--- [0] ---

Karti Wisaya, Jakoeb, 1913, #1830: Citra 2 dari 20
Gambar III
Karti Wisaya, Jakoeb, 1913, #1830: Citra 3 dari 20
Gambar IV

--- 29 ---

Mênggah kanggenipun jangkar punika kadamêl labuh (lèrèn wontên ing têngahing sêgantên), minangka sêsulihing pathok; pêrlunipun supados baita botên katut ing arus (ilining toya sêgantên) utawi katut ing siliran.

Kêmudhi (Gambar IV).

Kêmudhi punika wangunipun gèpèng mêrit kados solèt, panjangipun wêtawis 7 kaki; peranganipun kados ta: popor, godhongan, cilaga lan karangan.

Popor punika bongkoting kêmudhi, wangunipun gilig sarta mêrit, agêngipun wêtawis sawêntis, ing bongkot wontên bolonganipun têmbus cêkap jênthik; sacêlaking bolongan wau wontên bolonganipun malih pêsagi panjang.

Godhongan punika pucuking kêmudhi (ingkang wontên ngandhap), wangunipun gèpèng sarta mêrit manginggil, wiyaripun wêtawis sakilan.

Cilaga punika cêpênganing kêmudhi, wangunipun blêngkuk, ing pucuk gilig, ing bongkot wontên purusanipun, inggih punika ingkang kalêbêtakên ing bolongan pêsagi ingkang wontên ing popor sêrana kapantèk. Cilaga wau, panjangipun wêtawis 1½ kaki, agêngipun salêngên; gunanipun kadamêl molahakên kêmudhi.

Karangan punika kolongan tandul duk utawi pênjatos ingkang wontên ing bolonganing popor ingakng têmbus; kanggenipun kadamêl nyanthèlakên kêmudhi ing sumbi (canthelan kêmudhi).

Mênggah gunanipun kêmudhi punika kadamêl ngingar-ngingêrakên baita. Kalanipun jukung utawi cêmplon ngangge kêmudhi, punika namung yèn nuju layaran; dene yèn nuju wêlahan cêkap dipun kêmudhèni wêlah kemawon.

--- 30 ---

Sumbi

Sumbi punika kajêng ingkang dipun cêblokakên ing tim wingking, wangunipun andhêngkèng kados doran; peranganipun kalih, inggih punika: pogogan lan togogan.

Pogogan punika bongkoting sumbi, panjangipun wêtawis 1½ kaki, wangunipun pêsagi, agêngipun salêngên, inggih punika ingkang kacêblokakên ing tim.

Togogan punika pucuking sumbi, panjangipun wêtawis sakaki, wangunipun andhêngkèng sarta mêrit, ing pucuk lancip utawi kawangun purusan; inggih punika ingkang dipun canthèli kêmudhi.

Pamasangipun sumbi punika ingkang andhêngkèng (pucukipun) wontên ngajêng.

Singkir.

Singkir punika kajêng ingkang agêngipun sajêmpolan suku, panjangipun wêtawis 2 kaki; gunanipun kadamêl pagolan kêmudhi mênawi sampun kacanthèlakên ing sumbi, pêrlunipun supados botên mlèsèd; pamasangipun namung dipun slusupakên ing slêmpèdaning cungkrik kalihan tim.

Prampêd.

Prampêd punika tangsul ingkang kaangge nangsuli kêmudhi sasampunipun cumanthèl ing sumbi sarta sampun kasanggi ing singkir; pêrlunipun godhonganing kêmudhi sagêda kêlêm.

Sanggan.

Sanggan punika kajêng pragak kalih, wangunipun

--- 31 ---

kados canggah, panjangipun wêtawis 4-5 kaki; peranganipun namung kalih; pogogan lan wagah.

Pogogan punika bongkoting sanggan, inggih punika ingkang dipun cêblokakên ing bolongan tim wingking ingkang cêlak cêblokan sumbi.

Wagah punika pragakipun sanggan ingkang kados canggah.

Kanggenipun sanggan punika kadamêl planggrangan gulungan layar; pêrlunipun supados botên angèwêd-èwêdi sarta botên kenging toya asin, dados layar sagêd awèt.

Baita punika yèn ngangge sanggan limrahipun kalih; pamasangipun sanggan satunggilipun wontên ing tim têngah. Salong inggih wontên baita ingkang ngangge sanggan satunggil kemawon.

Baita ingkang agêng-agêng sangganipun sok kairasakên tiyang (katèmplokakên ing tiyang) punika wastanipun: sanggawar.

Wêlah (Gambar V).

Wêlah punika wangunipun kados gêplak utawi gêblèg, panjangipun wêtawis 4 kaki, ingkang dipun damêl kajêng; peranganipun kados ta: godhogan, danganan lan têmbuku.

Godhogan punika pucuking wêlah, wangunipun bundêr lonjong sarta gèpèng, wiyaripun wêtawis sakaki.

Danganan punika gaganging wêlah, wangunipun gilig, panjangipun wêtawis 3 kaki, agêngipun satêkêman; inggih punika ingkang dipun cêpêngi yèn nuju kaangge.

Têmbuku punika pêntholing wêlah, minangka sirahipun; gunanipun namung kadamêl pagolan supados bilih panyêpêngipun ragi lena botên lolos.

--- 32 ---

Wêlah mêkatên kanggenipun kadamêl nglampahakên baita alit yèn nuju botên layaran.

Satang.

Satang punika dêling ingkang cêkapan agêngipun, panjangipun botên mêsthi, gumantung dhatêng lêbêt cêthèking panggenan; kanggenipun kadamêl nglampahakên baita kadosdene wêlah.

Kicak (Katir).

Kicak (katir) punika ingkang dipun damêl dêling kalih lonjor; peranganipun kados ta: kicak, galang, sadak lan pêngangsut.

Kicak punika dêling agêng salonjor, panjangipun kirang langkung sapanjanging jukungipun. Dêling wau bongkotipun kawastanan: pênosok, pucukipun: pêngêrik; sacêlaking pênosok wêtawis kalih kilan dipun bolongi têmbus.

Galang punika dêling ingkang cêkapan agêngipun, panjangipun wêtawis kalih dhêpa, ing pucuk wontên bolonganipun têmbus.

Sadak punika kajêng utawi dêling ingkang dipun slusupakên ing bolongan ingkang wontên sapucuking galang, agêngipun wêtawis sajêmpolan tangan, panjangipun sakilan; kanggenipun kadamêl pogolan.

Pêngangsut punika kolongan tangsul duk ingkang wontên ing bolonganing kicak; kanggenipun kadamêl nyanthèlakên kicak ing galang.

Pangrakitipun kicak wau mêkatên: pêngangsut dipun lêbêti pucuking galang, ananging sadèrèngipun galang

--- [0] ---

Karti Wisaya, Jakoeb, 1913, #1830: Citra 4 dari 20
Gambar VI

--- 33 ---

kalêbêtakên, sadak kêdah dipun copot rumiyin; mênawi galang sampun malêbêt, sadak dipun slupakên malih, nanging anggènipun ngêslupakên kêdah kaangkah-angkah murih pêngangsut sagêd nylendhang (nyliwah); pêrlunipun supados kicak botên sagêd mingsar-mingsêr. Bongkoting galang katumpangakên ing tilib kiwa têngên sêrana dipun tangsuli kêncêng.

Mênggah gunanipun kicak punika kadamêl nimbangi layar, supados jukung botên sangêt-sangêt miringipun, awit punika sok andadosakên bilainipun (kèrêm). Dene pamasangipun kicak punika kêdah wontên sisihing layar, têgêsipun: yèn layar manglung manêngên, kicak kêdah wontên ing kiwa.

__________

Baita Bese (Gambar VI).

Bese punika agêngipun undha-undhi kalihan jukung, wiyaripun wêtawis 6 kaki, panjangipun kirang langkung 20 kaki, wangunipun ambalêndhuk sarta cèpèr; peranganipun mèh sami kalihan jukung, kaotipun kados ing ngandhap punika.

Linggi lan cungkrikipun inggil sarta ambalêngkuk malêbêt kados singat, punika dipun wastani: bese, mila baitanipun katêlah nami bese.

Tim ingkang wontên ing ngajêng kapêrnahakên wontên sawingkingipun iba-iba ngajêng. Ing sawingkingipun tim têngah, kadekekan blabag malang kados tim, punika wastanipun: pulangan; kanggenipun kadamêl palinggihan.

__________

Pirantosipun Bese.

Pirantosipun bese punika inggih mèh sami kalihan jukung, kaotipun namung sawêtawis sarta ragi kêpara agêng, kados ta:

--- 34 ---

Tiyangipun botên ngangge angkul-angkul, nanging ngangge kerekan. Tangsul ingkang kaangge ngèrèk wastanipun: waridan.

Layaripun namung kalih, agung kalihan doblin. Pangrakitipun layar agung mêkatên: layar wau ingkang sasisih dipun dondomi kaangsalakên kalihan pênggiling, sisihipun dipun angsalakên kalihan baon (dêling agêng salonjor). Baon wau ing têngah kêpara mucuk dipun dèkèki kolongan tangsul duk utawi pênjatos kangge pirantos dipun thuki waridan. Bongkot lan pucukipun baon wau wontên tangsulipun; tangsul ingkang wontên ing bongkot wastanipun: singkur, ingkang wontên ing pucuk: bau. Pênggiling wau ing pucuk wontên kêlatanipun, ing bongkot kasukanan sadak dêling utawi kajêng kangge pirantos mutêr pênggiling yèn badhe anggulung layar. Mênggah pamasangipun layar wau mêkatên: yèn baon sampun kakèrèk sarta layaripun sampun bèbèr (kumlawèr), singkur, bau lan kêlatan dipun kênang, bongkoting pênggiling dipun pagolakên wontên ing salêbêtipun baita ing panggenan ingkang sakeca. Pangêncangipun waridan kêdah kaangsalakên cungkrik, minangka pênurut (tangsul ingkang kangge nyêntosakakên tiyang) kados tiyanging baita pothik utawi kunthing. Pamasangipun layar dhoblin inggih kados layar agung wau utawi kados layar agunging jukung.

Baita bese yèn layaran botên ngangge kicak kados jukung, yèn botên layaran kalampahakên mawi satang, wêlah utawi dhayung.

Dhayung (Gambar VII).

Dhayung punika wangunipun kados luthik apu, panjangipun [pan...]

--- [0] ---

Karti Wisaya, Jakoeb, 1913, #1830: Citra 5 dari 20
Gambar VII
Karti Wisaya, Jakoeb, 1913, #1830: Citra 6 dari 20
Gambar VIII

--- 35 ---

[...jangipun] wêtawis 7 kaki, ingkang dipun damêl kajêng; peranganipun kalih: godhongan lan watangan.

Godhongan punika peranganing dhayung ingkang wontên ing pucuk, wangunipun gèpèng, wiyaripun wêtawis sacêngkang, panjangipun 2½ kaki.

Watangan punika gaganging dhayung, wangunipun gilig, agêngipun wêtawis salêngên, panjangipun 4½ kaki; punika ingkang dipun cêpêngi yèn nuju kangge.

Mênggah panganggenipun dhayung wau mêkatên: watanganipun dipun tumpangakên utawi dipun slusupakên ing golak (pagolan kajêng utawi kolongan tangsul ingkang wontên ing tilib), tiyang ingkang molahakên kêdah majêng dhatêng wingking kalihan nyêpêngi watangan wau.

Baita bese punika yèn kaangge misaya dipun tumpaki tiyang tiga kados jukung, sarta botên kenging dipun kêmudhèni wêlah; yèn nglêrêsi layaran botên ngangge kicak.

__________

Baita Pothik (Gambar VIII).

Pothik punika wangunipun kados bese, agêngipun mèh tikêl tiga. Kaoting perangan lan pirantosipun kados ing ngandhap punika:

Besenipun (linggi lan cungkrikipun) kalih pisan inggil, kupêng sarta njêrbèbèh sangêt; bese ingkang ngajêng (linggi) agêngipun ngungkuli ingkang wingking (cungkrik).

Iba-iba ingkang wontên ing ngajêng wastanipun: juru batu, ingkang wingking: bêngkok. Saantawisipun bêngkok kalihan cungkrik wastanipun: dhapur.

Tim ingkang wontên ing têngah, ingkang sisih têngên wastanipun: cêlêkan, ingkang kiwa: ngalihan.

--- 36 ---

Pulanganipun namung satunggil kados bese, wastanipun: mêtimban.

Gladhagipun wontên ing saantawisipun tim kalihan mêtimban.

Godhagan ingkang wontên ing saantawisipun mêtimban kalihan bêngkok wastanipun: pasokan, inggih punika panggenan ngêsok ulam saking wisaya.

Tiyangipun namung satunggil, ingkang kadamêl kajêng; tiyang wau mawi kasukanan pênurut (tangsul pikêkah). Pamasangipun pênurut, ingkang sasisih katangsulakên ing pucuking tiyang, sisihipun katangsulakên ing cungkrik.

Ing sanginggilipun sanggawar (sanggan ingkang katemplokakên ing tiyang) wontên dêlingipun andhêngkèng gathuk kalihan sanggan, punika wastanipun: warsor; gunanipun kadamêl canthelan sangu lan sanès-sanèsipun supados botên utah utawi ngèwêd-èwêdi.

Layaripun kalih, agung kalihan padhu; layar wau baonipun agêng sangêt, ingkang kadamêl dêling tigang lonjor (ingkang salonjor dêling pêting, ingkang kalih lonjor dêling ingkang cêkapan agêngipun) kagodhi (dipun tangsuli) dados satunggal; pramila baon wau kadamêl mêkatên, supados sampun ngantos mlêpês, awit layaripun wiyar. Mênggah pamasangipun layar kados pamasangipun layar padhuning jukung tuwin layar agunging bese.

__________

Baita Kunthing (Gambar IX).

Kunthing punika wangun lan pirantosipun nyamlêng kados pothik, kaotipun namung sawêtawis kados ta:

Kunthing punika agêngipun mèh tikêl tiganipun pothik.

Pulanganipun ingkang wontên ing sangajênging tim

--- [0] ---

Karti Wisaya, Jakoeb, 1913, #1830: Citra 7 dari 20
Gambar IX

--- 37 ---

wontên tiga, ingkang wontên ing sawingkingipun sêkawan, dalah timipun dados wolu. Pulangan wau murih gampilipun anggèn kula nêrangakên, kula nomêri (angkani) urut saking ngajêng kados ta:

Pulangan No. 1, wastanipun: juru batu.

Pulangan No. 2, ingkang sisih têngên wastanipun: mandoni, ingkang kiwa: nanggapan.

Pulangan No. 3, ingkang sisih têngên wastanipun: bêngkanan, ingkang kiwa: bêngkèri.

Pulangan No. 4, ingkang sisih têngên wastanipun: cêlêkan, ingkang kiwa: ngalihan.

Pulangan No. 5, ingkang sisih têngên wastanipun: mêkalon, ingkang kiwa: mlambungan.

Pulangan No. 6, wastanipun: matimban.

Pulangan No. 7, wastanipun: pasokan.

Pulangan No. 8, wastanipun: bêngkok.

Ing saantawisipun bêngkok kalihan cungkrik wastanipun: dhapur.

Pulangan No. 1 lan No. 8, punika lintunipun (minangka) iba-iba.

Pulangan wiwit No. 2 ngantos dumugi No. 7, ing ngandhapipun sami kasukanan blabag gathuk kalihan lêmingsir kados singgêt-singgêtan mêkatên. Godhaganing sêsinggêtan wau wastanipun: petak. Petak-petak wau sami wontên tutupipun gladhag utawi galar sarta sami katêlah dhatêng namining pulangan; gunanipun kadamêl wadhah wisaya, ulam lan sanès-sanèsipun. Mênawi tutupipun kapasang, kenging kadamêl tilêman.

Layaripun kunthing namung satunggal, inggih punika layar agung; pamasangipun layar wau kados pamasangipun layar agunging pothik. Salong inggih wontên kunthing

--- 38 ---

ingkang ngangge layar kalih kados pothik. Kunthing mênawi namung ngangge layar agung mangka siliranipun kêncêng, ingkang kabèbèr sêpalih; yèn botên layaran kalampahakên sêrana dhayung.

Baita kunthing punika mênawi kaangge misaya dipun tumpaki tiyang 11, 12 ngantos 15; ugi wontên kunthing ingkang amot tiyang 20 ngantos 25.

__________

Bab V. NAMA, PANDAMÊLAN LAN TÊTÊMBUNGANIPUN BANGSA SAYA.

Nama lan Pandamêlanipun Bangsa Saya.

Bangsa saya ingkang pandamêlanipun misaya ulam tanpa nênumpak utawi namung numpak baita alit, kados ta: cêmplon, jukung lan bese, punika wastanipun: tiyang saya; mênawi mawi numpak baita agêng kados ta: pothik utawi kunthing, wastanipun: tiyang bêlah.

Bangsa saya mênawi anggènipun misaya ulam sêrana numpak cêmplon utawi jukung ingkang ragi alit, kancanipun namung tiyang kalih, punika ingkang satunggal wastanipun: bêlah, satunggalipun: jragan. Pandamêlanipun jragan andhawahakên wisaya, dene bêlah anglampahakên baitanipun.

Mênawi anggènipun misaya sêrana numpak bese utawi jukung ingkang ragi agêng, kancanipun tiga, ingkang satunggal wastanipun: juru mudhi, ingkang kalih: bêlah. Pandamêlanipun bêlah ingkang satunggal andhawahakên wisaya, satunggilipun ngrencang-ngrencangi (nyulihi); dene jumu mudhi anglampahakên baitanipun.

--- 39 ---

Tiyang saya wau mênawi nglêrêsi botên kesah misaya, yèn nêmbungakên kancanipun: jurag.

Bangsa saya (tiyang bêlah) mênawi anggènipun misaya sêrana numpak pothik kancanipun tiyang 6 utawi langkung, punika ingkang satunggal wastanipun: juru mudhi, pandamêlanipun namung molahakên kêmudhi kalihan pêprentah, awit punika ingkang dados lêlurahipun; satunggilipun: juru batu utawi sêrang, pandamêlanipun ngawas-awasakên lampahing baita lan anjagi layar; satunggilipun malih: matawuran, pandamêlanipun namung andhawahakên lan ngrêsiki wisaya; dene sanèsipun kawastanan: jurag, pandamêlanipun batêk (nariki) wisaya. Punggawa sêmantên wau salah satunggilipun wontên ingkang ngrangkêp dados: jlarus, pandamêlanipun bucal utawi bêdhol jangkar lan pênthèr tuwin ngrêsiki baita. Juru mudhi lan matawuran botên kenging tumut ngrencang-ngrencangi anggarap pandamêlan sanèsipun yèn botên pêrlu sangêt; dene sanèsipun kawajibakên tulung-tinulung ing karepotanipun.

Mênawi anggènipun misaya sêrana numpak kunthing, kancanipun sawêlas utawi langkung. Tiyang sêmantên wau kêjawinipun juru mudhi, juru batu, jlarus lan matawuran, sami kawastanan jurag. Jurag wau sami wontên wastanipun malih tur sanès-sanès, inggih punika manut dhatêng wastaning pulangan utawi petak ingkang dipun ênggèni, kados ta: jurag ingkang wontên ing petak bêngkanan, wastanipun inggih: bêngkanan, mêkatên salajêngipun; ananging petak nanggapan dipun ênggèni jlarus, petak ngalihan dipun ênggèni matawuran; dados jlarus kenging dipun wastani: nanggapan, matawuran

--- 40 ---

kenging dipun wastani ngalihan. Milanipun jurag kaprênata mêkatên, namung nyuprih sae lan sakecaning anggènipun sami nindakakên pandamêlan ingkang sampun dados wajibipun; liripun mêkatên: jurag ingkang sampun matuh andhayung wontên ing sisih têngên, mangka kapurih andhayung wontên ing sisih kiwa, sampun têmtu lajêng kidhung; lêpat-lêpat dhayungipun putung utawi nyampluk kancanipun ingkang cêlak.

Mênggah pandamêlanipun punggawa kunthing mèh sami kalihan punggawa pothik, kaotipun kunthing mawi jlarus piyambak lan wêwah mêtimban (tukang nguras baita bilih bocor utawi toya saking sanès-sanèsipun) tuwin: aba (juru ura-ura kangge ngabani punggawa ingkang sami andhayung, supados sagêd êmbyak sarêng anggènipun ngêmbat dhayung).

__________

Têtêmbunganipun Bangsa Saya.

Têtêmbunganipun bangsa saya kados ta:

Milir, têgêsipun: pangkat misaya.

Surung, têgêsipun: ngêdhunakên baita saking dharat.

Galang, têgêsipun: nginggahakên baita dhatêng dharat.

Kasak, têgêsipun: ngrêsiki baita; ingkang dipun rêsiki tritipipun (lumutipun).

Tolak, têgêsipun: angganggangakên baita kalihan gampèng utawi sanèsipun.

Rapêt, têgêsipun: mèpèdakên baita kalihan gampèng.

Rampid, têgêsipun: mèpèdakên baita kalihan sêsaminipun baita.

Kayuh, têgêsipun: nglampahakên baita sêrana wêlah, utawi anjêjêgakên ajênging baita.

--- 41 ---

Egol, têgêsipun: ngingêrakên baita sêrana wêlah, dhayung utawi satang.

Babar, têgêsipun: ambèbèr layar utawi ngajak mantuk.

Giling, têgêsipun: anggulung layar.

Buwang, têgêsipun: anjêgurakên jangkar (labuh).

Tawur, têgêsipun: andhawahakên wisaya sanèsipun jala.

Tiban, têgêsipun: andhawahakên jala.

Batêk, têgêsipun: narik (ngambati) wisaya.

Mênthèr, têgêsipun: misaya sêrana pinasangan pênthèr.

Nglangar, têgêsipun: masang pênthèr.

Ngrungga, têgêsipun: misaya sêrana pinasangan rungga.

Nlangkub, têgêsipun: misaya ajak-ajakan kalihan kanca-kancanipun.

Nyimbat, têgêsipun: tumut misaya ing baitaning liyan.

Dêkik, têgêsipun: nelag (awis ulam).

Murah, têgêsipun: ngêmohi (kathah ulam).

Pancawura, têgêsipun: mêndhung saking kidul.

Glura, têgêsipun: mêndhung saking lèr kilèn.

Kinting, têgêsipun: saperanganing (satêngkêling) wisaya.

Ayum-ayum, têgêsipun: nyulami jala.

Ngitêngi, têgêsipun: nyulami jaring.

Nungu, têgêsipun: andamêl wunguning wisaya.

__________

Bab VI. PANGRIMAT LAN PAMULÈNIPUN BAITA SAYA.

Baita saya ingkang alit-alit, kados ta: cêmplon lan jukung punika sabên mêntas kangge dipun galang (dipun

--- 42 ---

êntas), mêkatên wau yèn papanipun sakeca; mênawi kalêrês botên kangge, mangka bêntèripun sangêt, kêdah asring dipun siram ngangge toya tawa utawi dipun kudhungi supados botên mlêthèk.

Sabên malêm sêlapanipun (pêndhakipun dintên wiwitipun ngangge) linggi lan cungkrikipun dipun sêkar borèhi sarta dipun wilujêngi; enjingipun lajêng dipun kasak (dipun rêsiki lumutipun). Baita ingkang agêng, pangasakipun wontên ing toya kemawon.

Yèn malêm Jumuah Kliwon utawi malêm Anggara Kasih, baita wau dipun wilujêngi sarta dipun sêkar borèhi tuwin dipun bêsmèkakên mênyan, dene mênawi ingkang gadhah nuju kêlaipan, namung dipun sêkar borèhi lan kabêsmèkakên mênyan kemawon.

Sabên ing dintên ngajêngakên riadi Sawal (riadi kupat) baita sami dipun kasak sarta dipun pajang karêngga-rêngga mawi janur kuning, buntal, sêkar tuwin sanès-sanèsipun ingkang murugakên asri tiningalan. Ing malêmipun riadi, bangsa saya sami rame-rame andamêl wilujêngan lan kasukan ing sasênêngipun piyambak-piyambak, kados ta: nanggap ringgit, tlèdhèk lan sanès-sanèsipun wontên ing babagan panggenaning baita-baita.

Enjingipun baita-baita wau sami kabêkta klêmpakan wontên ing sêgantên andamêl wilujêngan; sabakdanipun lajêng sami sowang-sowangan lumban (layaran ngalèr ngidul ngetan ngilèn) ing sasênêngipun piyambak-piyambak kalihan suka-suka gêgujêngan sambit-sinambitan kupat lêpêt, mêkatên salajêngipun ngantos dumugining wanci bibaran; dene bibaripun ngêntosi siliran saking sêgantên.

__________

--- 43 ---

Bab VII. PASANGAN KANGGE NGLÊMPAKAKÊN ULAM.

Bangsa saya punika mênawi misaya ulam ingkang watêkipun kados kenging dipun gêndam, limrahipun mawi dipun pasangi rumiyin; dene pasanganipun warni-warni, kados ta: rumpon, rungga, pênthèr juwi, pênthèr sriding lan pênthèr kunthing. Mênggah pratelan lan panganggenipun pasangan wau kados ing ngandhap punika.

Rumpon.

Rumpon punika ingkang kadamêl kajêng rencekan panganggenipun namung dipun cêblok-cêblokakên kemawon.

Rungga.

Rungga punika ingkang dipun damêl kajêng api-api sêkawan utawi nêm lonjor, ingkang panjangipun niga têngah dhêpa; kajêng wau pucukipun dipun tangsuli dados satunggal, ananging sadèrèngipun kêdah dipun sisiki rumiyin murih botên ngrêrèndhèti wisaya; pamasangipun dipun pênthang-pênthangakên kados jagang mêkatên.

Pênthèr Juwi.

Pênthèr juwi punika ingkang dipun damêl gadêbog dipun puntu tiga, agêngipun wêtawis sajêmpolan suku, panjangipun wêtawis 30 dhêpa; punton wau sabên lêt sakaki dipun slusupi untingan kambêngan ingkang agêngipun wêtawis satêngah têkêm; pamasangipun mêkatên:

--- 44 ---

pênthèr wau, ingkang sasisih dipun bandhuli sela utawi jangkar alit, sisihipun dipun sukani umpal dêling utawi papah rêmbulung, lajêng kajêgurakên.

Pênthèr Sriding.

Pênthèr sriding punika ingkang dipun damêl blarak utawi rêmbulung sapapah ingkang panjangipun wêtawis kalih dhêpa, papahipun ing bongkot dipun lincipi; pamasangipun namung dipun cêblok-cêblokakên kemawon.

Pênthèr Kunthing

Pênthèr kunthing punika kados pênthèr juwi, ananging ingkang dipun damêl tangsul duk kalihan bêsetan blarak; panjanging bêsètan wêtawis nigang kilan, panjanging tangsul 25-30 dhêpa; pamasangipun inggih kados pênthèr juwi.

__________

Bab VIII. WISAYA.

Wisaya ulam sêgantên punika warni-warni, kados ta: pancing, rancung, jala, branjang, jari, prayang, tikuk, banjang, laha, pênco lan jaring. Mênggah wijangipun wisaya warni-warni wau kados ing ngandhap punika.

Pancing.

Pancing punika kathah warninipun, kados ta: pancing kambang, pancing bandhul (pancing balang), pancing rawe, pancing garit (pancing gorèk), pancing irit, pancing banjur, pancing kakar lan pancing pintur.

--- 45 ---

Pancing Kambang.

Pancing kambang punika kados pancing ulam loh, peranganipun sêkawan, inggih punika: walêsan, kênur, kambang lan pancing.

Walêsan punika garan pancing, ingkang kadamêl wilah utawi carang, panjangipun wêtawis 3 dhêpa.

Kênur punika tangsuling pancing, agêngipun wêtawis samêrang, panjangipun kirang langkung 3½ dhêpa.

Kambang punika ingkang kadamêl gabus utawi kajêng ingkang ènthèng, agêngipun wêtawis sajêmpolan suku.

Pancing punika wangunipun ambalêngkuk kados canthelan, pucukipun lancip, sarta wontên ruwitipun (grèthèlipun) bongkotipun gèpèng, ingkang dipun damêl kawat, kuningan utawi tosan.

Mênggah pangrakitipun pancing wau mêkatên: kênur ingkang sasisih katangsulakên ing pucuking walêsan, sisihipun dipun tangsulakên ing bongkoting pancing, ing têngah kêpara mêngandhap dipun singsêtakên ing kambangipun. Salong inggih wontên pancing ingkang tanpa kambang.

Tiyang mancing mêkatên limrahipun wontên ing boom utawi ing lak (sungapan), banginipun: lur (cacing tambak), wêlut, usus ayam utawi ulam ingkang alit-alit. Angsal-angsalanipun warni-warni, kados ta: sêmbilang, kêdhokan, pe lan sanès-sanèsipun bangsaning ulam ingkang ragi agêng.

Pancing Bandhul (Balang).

Pancing bandhul punika tanpa walêsan, peranganipun kados ta: kênur, gambês, pancing lan bandhul.

Kênuring pancing bandhul punika agêngipun wêtawis

--- 46 ---

sêsada, panjangipun kirang langkung 50 dhêpa; kênur wau ingkang sasisih mawi kolongan.

Gambês punika kênur ingkang ragi alit, panjangipun wêtawis sakaki.

Bandhul pancing punika ingkang kadamêl timah, agêngipun sajêmpolan suku, ing têngah dipun gêrêt utawi ing sisihipun dipun sukani gêlangan kawat kangge pirantos dipun thuki tangsul.

Pancing bandhul mêkatên ingkang limrah pancingipun agêng alit 4 utawi 5, gambêsipun inggih manut sacacahing pancingipun.

Mênggah pangrakitipun: sisihing kênur ingkang botên dipun kolong dipun tangsulakên ing bandhul, sacêlaking bandhul sabên lêt sakilan dipun thuki gambês, sisihing gambês wau dipun tangsulakên ing pancingipun.

Tiyang mancing bandhul punika limrahipun wontên ing gêgisik utawi ing sungapan kados tiyang mancing kambang, banginipun inggih kados pancing kambang, dene panganggenipun mêkatên: kolonganing kênur kasingsêtakên ing ugêl-ugêlan; kênur dipun udhal, ananging pangudhalipun kênur uruting kolongan kêdah kaprênahakên wontên ngandhap, supados botên nyênyêndhêti lampahing pancing yèn sampun kauncalakên. Mênawi pancing sampun dipun pasangi bangi, lajêng dipun ubêng-ubêngakên saèmpêr ngancang-ancangi, yèn ubêngipun kadugi sampun nyêkapi, lajêng dipun uculakên. Wondene angsal-angsalanipun kados ta: kakap, pe, pelak lan sanès-sanèsipun.

Pancing Rawe (Gambar X).

Pancing rawe punika tanpa walêsan kados pancing

--- [0] ---

Karti Wisaya, Jakoeb, 1913, #1830: Citra 8 dari 20
Gambar X

--- 47 ---

bandhul; peranganipun sêkawan, inggih punika: plintur, gambês, pancing lan cêpèt.

Plintur punika kênur ingkang agêngipun sadami, panjangipun kirang langkung 10 kinting (têngkêl), sakintingipun 100 dhêpa; kênur wau mênawi badhe kangge, dipun sambung-sambung kadadosakên satunggal.

Gambêsipun pancing rawe agêngipun sagagang sêdhah, panjangipun nyakaki, kathahipun sacacahing pancing.

Pancingipun pancing rawe kathah sangêt, agêng alit kirang langkung 500.

Cêpèt punika wilah utawi kajêng gèpèng dipun tèmplèki tangsul (dipun tangsuli manut ujuripun), kanggenipun kadamêl canthelan pancing yèn nuju botên kangge, supados botên ruwêd.

Pamasangipun gambês ing plintur kadosdene pangrakitipun pancing bandhul, ananging awisipun ngalih dhêpa.

Tiyang mancing rawe punika mawi numpak bese, ing pundi panggenan ingkang dipun sênêngi lajêng kèndêl anjêgurakên umpal ingkang mawi balês. Umpal wau dipun dèkèki gênderan kangge têtêngêr murih gampil tiningalan saking têtêbihan. Plintur ingkang sasisih dipun tangsulakên ing umpal wau, baita lajêng kalampahakên lon-lonan kalihan andhawahakên pancing-pancingipun ingkang sampun binangenan, mêkatên sêlajêngipun ngantos pancingipun nyêmplung sêdaya.

Panguluripun plintur wau kêdah angèn siliran, têgêsipun: yèn siliran saking lèr, panguluripun kêdah mangetan utawi mangilèn, pêrlunipun dhawahing pancing supados angalang-alangana lampahing arus, dados pancingipun sagêd sami pating klawèr kumitir jalaran katut ing arus.

--- 48 ---

Pancing rawe ingkang plinturipun panjang punika, adat ing têngah mawi kasukanan balês 2 utawi 3, pêrlunipun bilih plinturipun pêdhot jalaran pancingipun kathah ingkang kasarap ulam agêng-agêng, pêdhotanipun sampun ngantos kumlawèr sêdaya, sabab katut ing arus.

Mênggah banginipun kados banginipun tiyang mancing balang; dene angsal-angsalanipun warni-warni, kados ta: sêmbilang, kêdhokan, genjong, kakap lan sanès-sanèsipun.

Pancing Garit (Gorèk) (Gambar XI).

Pancing garit punika kados pancing rawe, peranganipun kados ta: plintur, gambês, pancing lan umpal.

Plinturipun pancing garit punika agêngipun nglangkungi plinturipun pancing rawe, panjangipun kirang langkung 15 kinting, sakintingipun wêtawis 20 dhêpa.

Gambêsipun cêlak-cêlak, wêtawis nyacêngkang, agêngipun kaot sakêdhik kalihan plinturipun, kathahipun sacacahing pancingipun.

Pancingipun kathah sangêt tur racak sami agêngipun.

Umpalipun ingkang kadamêl dêling saêros bumpêt kiwa têngên; dêling wau ingkang sasisih ing pinggir (gawing) dipun bolongi nêmbir cêkap dipun slupi gambês, inggih punika ingkang dipun thuki kênur kangge pirantos gandhèngipun kalihan plintur.

Pangrakitipun pancing wau kados pangrakitipun pancing rawe, ananging gambêsipun kêrêp sangêt, awisipun ngalih cêngkang, sarta sabên plintur panjangipun wêtawis 3 dhêpa kadekekan umpal satunggal.

--- [0] ---

Karti Wisaya, Jakoeb, 1913, #1830: Citra 9 dari 20
Gambar XI

--- 49 ---

Mênggah pamasangipun umpal wau awis kêrêpipun kêdah kamurwat kalihan awrat ènthènging pêncing sakênuripun, têgêsipun: yèn pancing sampun kacêmplungakên, plintur sagambêsipun sampun ngantos andhasar, ngêmungna gêgêring pancing kemawon dados umpal, plintur lan gambêsipun namung kêlêm-kêlêm tai. Pancing garit punika yèn kagêngên utawi kalitên umpal, botên sagêd angsal ulam, awit mênawi kagêngên umpal, pancing katut kumambang, mênawi kalitên umpal pancing lajêng sumèlèh utawi tumunjêm ing dhasar, têmahan botên mikantuki.

Tiyang mancing garit punika tanpa bangi, pamancingipun mêkatên: tiyang ingkang mancing kêdah numpak jukung utawi bese kalih sami layaran sêsarêngan (ngalèr ngidul, ngetan ngilèn) anut lampahing siliran. Plintur ingkang sasisih katangsulakên ing linggining jukung ingkang satunggil, sisihipun ing jukung satunggilipun, mêkatên salajêngipun.

Mênggah angsal-angsalanipun warni-warni, bangsaning ulam ingkang rêmên andhasar, kados ta: lundhu, kêdhokan, sêmbilang, pe lan sanès-sanèsipun. Wondene kengingipun ulam wau amargi kêcanthèl.

__________

Pancing Irit.

Pancing irit punika pancing ulam agêng; peranganipun namung kalih, inggih punika pancing lan kênuripun.

Pancing irit punika pancingipun agêng sangêt sarta namung satunggal.

Kênuripun ingkang kaangge kawat kuningan ingkang agêngipun samêrang, panjangipun wêtawis 30 dhêpa.

--- 50 ---

Mênggah panganggenipun pancing wau mêkatên: sisihing kawat (kênur) ingkang kaangsalakên pancing, dipun tangsulakên ing baita ingkang dipun angge misaya, ing ngriku mawi kasukanan klinthingan kangge pratandha bilih pancingipun wontên ingkang nyarap, ingkang mancing sagêda sumêrêp jalaran saking ungêling klinthingan wau. Tiyang mancing mêkatên punika sêjatosipun namung kangge sêmbèn kemawon, awit ingkang mancing gadhah pandamêlan têmtu; dene banginipun êlar utawi sêsuwekan ingkang rupinipun pêthak; angsal-angsalanipun ulam ingkang agêng-agêng, kados ta: kakap, têngiri lan sanès-sanèsipun.

Tiyang ingkang mancing irit punika tiyang bêlah (punggawaning baita pothik utawi kunthing) ingkang apangkat jlarus, punggawa sanèsipun botên linilan mancing mêkatên, awit sami-sami punggawa jlarus punika awrat piyambak pandamêlanipun, jalaran nanggêl awon saening baita, dados pakangsaling pancing wau minangka pituasing kangelan anggènipun rumêksa baita.

__________

Pancing Banjur. (Gambar XII).

Pancing banjur punika pancing kêpithing tambak (kêpithing ingkang manggèn wontên ing tambak), peranganipun namung tiga, inggih punika: walêsan, kênur lan bandhul. Walêsaning pancing banjur punika ingkang kadamêl wilah utawi carang, panjangipun wêtawis satêngah dhêpa.

Kênuripun alit, panjangipun wêtawis 2 dhêpa, ing pucuk dipun sambungi gambês ingkang agêngipun tikêl kalihing kênuripun, dene panjangipun sakaki.

--- [0] ---

Karti Wisaya, Jakoeb, 1913, #1830: Citra 10 dari 20
Gambar XII

--- [0] ---

Karti Wisaya, Jakoeb, 1913, #1830: Citra 11 dari 20
Gambar XIII

--- 51 ---

Bandhulipun ingkang kaangge: tlorak (keyong sêgantên) dipun thithiki kabucal buntutipun, murih kenging dipun slusupi gambês.

Pancing banjur punika banginipun wêlut, pamasangipun mêkatên: bangi dipun tangsuli ngangge gambês nunggil kalihan bandhulipun; pêrlunipun kêpithing supados kangelan pamangsanipun, dados bangi botên enggal têlasipun. Pramila kadamêl mêkatên, awit wataking kêpithing punika yèn angsal mangsan, lajêng kamangsa ngênggèn kemawon tur botên ngêtawisi, ingkang mancing kêrêp botên kraos yèn pancingipun wontên ingkang marak.

Tiyang mancing banjur punika pancingipun ngantos 20 utawi langkung, pamancingipun mêkatên: pancing yèn sampun mirantos sêdaya, walêsanipun kacêblok-cêblokakên ing pinggiring tambak, pancingipun dipun cêmplungakên. Mênawi sampun sawêtawis dangu kênuripun dipun ambati lon-lonan, yèn kraos mindhak gumèndhêlipun, pangambatipun kêdah saya alon supados kêpithing botên kraos yèn wontên ingkang nggèrèd, satêmah purun anggendholi lan ngêtutakên pancing, mêkatên salajêngipun ngantos pancing mèh dumugi ing sipating toya; ingriku kêpithing sampun katingal, punika lajêng dipun serok sarta dipun udha (dipun banda).

kêpithing ingkang kenging ing pancing wau wastanipun kêpithing banjuran, warninipun ijêm sulak pêthak, raosipun botên eca (gonyèh) sabab kêra.

__________

Pancing Kakar (Gambar XIII)

Pancing kakar punika pancing kêpithing ingkang manggèn

--- 52 ---

wontên ing rong, peranganipun tiga, inggih punika: kakar, karah lan landheyan.

Kakar punika ingkang kadamêl tosan, agêngipun sajênthik, panjangipun wêtawis 2 kaki, pucukipun ambalêngkuk kados ganthol, bongkotipun lancip (mawi pêsi).

Karah punika wêngkuning gandar, ingkang kadamêl tosan gèpèng kalêkêr kados gêlang, gunanipun gandar supados botên pêcah yèn dipun êncêpi pêsining kakar.

Landheyan punika ingkang kadamêl dêling utawi kajêng, agêngipun sajêmpolan suku, panjangipun wêtawis sadhêpa, bongkotipun lancip; lancipipun wau gunanipun kadamêl anjugil rong supados gampil dipun lêbêti kakar.

Tiyang ngakar punika limrahipun wontên ing pinggir sungapan utawi ing tangguling tambak, patrapipun mêkatên: pundi rong ingkang kakintên wontên kêpithingipun, punika lajêng dipun lêbêti kakar; kêpithing dipun ganthol mêdal lajêng kacêpêng sarta dipun udha.

Kêpithing ingkang kengingipun sêrana kakar, wastanipun kêpithing kakaran. Kêpithing kakaran punika sami-sami kêpithing misuwur ecanipun, awit lêma. Mênggah titikanipun kêpithing kakaran, warninipun sulak abrit.

__________

Pancing Pintur (Gambar XIV).

Pancing pintur punika pancing kêpithing ingkang manggèn wontên ing sêgantên utawi ing sungapan, wangunipun kados payung mêgar dipun walik, peranganipun tiga, inggih punika: walêsan, salangan lan makanan.

Walêsan punika ingkang kadamêl wilah utawi carang, agêngipun sajêmpolan tangan, panjangipun wontên ingkang kalih têngah wontên ingkang tiga têngah dhêpa, pucukipun [pu...]

--- 53 ---

[...cukipun] lancip; wêtawis sakilan saking pucuk wontên gêrêtanipun kangge papaning tangsul, sanginggiling gêrêtan wontên suhipun minangka tangsuling makanan.

Salangan punika ingkang dipun damêl punton agêl kaanam kados anaman jala, wiyaripun wêtawis satebok (sakilan mubêng), pinggiripun dipun wêngkoni dêling; wêngku wau wontên tangsulipun tiga kangge gantung salangan supados kêkah botên miring-miring.

Makanan punika ingkang dipun damêl dêling, wangunipun lancip kados sujèn, ing bongkot dipun gêrêt kangge papaning tangsul, lancipipun kangge pirantos dipun slusupakên ing suh ingkang wontên ing walêsan.

Pangrakitipun pancing wau mêkatên: makanan lan walêsan ing panggenan ingkang dipun gêrêt dipun tangsuli dados satunggal, pucuking walêsan dipun slusupakên ing têngahing salangan, tangsuling salangan tiga pisan dipun tangsulakên ing walêsan kaprênah sanginggiling êsuh, makanan yèn sampun dipun slêmpiti bangi pucukipun lajêng dipun slusupakên ing êsuh.

Panganggenipun mêkatên: yèn pancing sampun mirantos dipun cêmplungakên, pucuking walêsan kêdah katuncêbakên ingkang ngantos salanganipun nèmpèl ing dhêdhasar. Mênawi sampun sawêtawis dangu dipun angkat, pangangkatipun kêdah ragi dipun sêndhal supados kêpithing botên sagêd nglangi lumajêng.

Tiyang mancing mêkatên mawi numpak cêmplon, pancingipun ngantos atusan, banginipun wêlut. Pancing ingkang kaangge mancing wontên ing sêgantên punika walêsanipun panjang, pamancingipun ing wanci enjing nangguh sirêping ombak, supados pancingipun botên sami rêbah utawi katut ing arus.

--- 54 ---

Kêpithing pinturan warninipun biru, raosipun gonyèh kados kêpithing banjuran.

__________

Rancung (Gambar XV).

Rancung punika panunggilanipun pancing, kanggenipun kadamêl misaya ulam ingkang agêng-agêng, peranganipun kados ta: rancung, karah, dêdêr lan pluntur.

Rancung punika wangunipun kados canggah, kiwa têngênipun lancip sarta mawi ruwit kados pancing, bênggangipun wêtawis sacêngkang, bongkotipun bolong kados karah, agêngipun wêtawis sajêmpolan suku sarta ing pinggir wontên gêlanganipun alit kados kokoting bênik, ingkang dipun damêl tosan kalihan waos.

Karah rancung punika wangunipun gilig, agêngipun sabongkoting rancung, panjangipun wêtawis satêngah kaki, ingkang sasisih mawi purusan, sisihipun bolong; dene ingkang dipun damêl timah, mila mêkatên supados mêwahi awrating rancung, dados yèn katamakakên tumanjêmipun sagêd lêbêt.

Pluntur punika kênur ingkang agêngipun wêtawis sadami, panjangipun ngantos atusan dhêpa.

Pangrakitipun mêkatên: dêdêr dipun slupakên ing bolonganing karah sêrana kapaku (dipun pati), purusaning karah dipun slupakên kemawon ing bongkoting rancung, gêlanganing rancung dipun thuki pluntur.

Tiyang misaya ulam sêrana rancung, punika limrahipun ing wanci dalu yèn nglêrêsi panglong (pêtêngan), ingkang misaya numpak jukung utawi bese. Ing pundi panggenan ingkang kadugi wontên ulamipun, baita lajêng

--- 55 ---

ngrumbang (manut salembaking toya) ngupados titik; mênawi sampun angsal titik, baita dipun cêlakakên lon-lonan, rancung lajêng katamakakên. Ulam yèn sampun kataman mêsthi lajêng ngêlêm utawi lumajêng, têmahan rancungipun lolos saking dêdêr amargi katut ing ulam. Mênawi ulam ingkang kataman lumajêng, baita kêdah dipun tututakên kalihan nguluri; yèn ulamipun sampun pêjah lajêng kainggahakên ing baita kabêkta mantuk. Dene mênawi botên bangkat jalaran saking agênging ulam, lajêng nêdha tulung dhatêng jukung sanès ingkang tumut misaya sêrana pratandha nyumêt oncor.

Mênggah angsal-angsalanipun kados ta: pe, cucut lan sanès-sanèsipun.

__________

Jala (Gambar XVI).

Jala punika yèn mêgar (yèn nuju dipun dhawahakên) wangunipun kados kukusan mangkurêb, peranganipun kados ta: pluntur, wareyan, pupus, tèn, kawêl, dhali, tampang lan gadhag.

Pluntur punika kênur ingkang kaangge nangsuli jala minangka garanipun, agêngipun wêtawis sagagang sêdhah, panjangipun salandhunging jalanipun, gunanipun kadamêl mêwahi landhungipun, supados bilih kalêrês dipun dhawahakên ing toya ingkang lêbêt, sampun ngantos botên sagêd andhasar. Pluntur wau sisihipun dipun kolong kangge pirantos kasingsêtakên ing jêmpolan tangan murih botên lolos.

Wareyan punika anaman sikatan utawi rami, inggih punika jalanipun.

--- 56 ---

Pupus punika pucuking wareyan, inggih punika ingkang dipun thuki pluntur.

Tèn punika mripating anaman.

Kawêl punika anaman sêlarik ingkang wontên ing pinggir minangka wêngku, ingkang dipun damêl sikatan utawi rami ingkang agêngipun tikêl kalihipun ingkang kadamêl jala, inggih punika ingkang dipun thuki tampang.

Tampang punika rante timah ingkang kaangge ambandhuli urut pinggiring jala; gunanipun kadamêl ngenggalakên kêlêming jala.

Gadhag punika sikatan utawi rami ingkang agêngipun sami kalihan ingkang kadamêl kawêl, panjangipun wêtawis 4 nyari, inggih punika ingkang sami pating klawèr wontên ing sisihing tampang ingkang ngadhap,[1] awisipun nyacêngkang, gunanipun kangge angwontênakên kanthongan.

Dhali punika panggenan ingkang dipun thuki gadhag (dipun gandhuli gadhag) supados dados kanthongan, pêrnahipun wontên sanginggiling kawêl lêt 16 tèn; panggenan wau limrahipun dipun susuli (dipun rangkêpi) anaman malih supados kiyat. Mênggah anggènipun ngêthukakên dhali kalihan gadhag kêdah saking lêbêt, dados kanthonganipun wontên ing lêbêt.

Pèngêt.

Sawarnining tèn ingkang mujur kados tèning jala, wastanipun: tèn mêrêm, ingkang malang: tèn mêlèk.

Wisaya ingkang tènipun mêrêm mati botên sagêd mulur (mindhak landhungipun), beda kalihan ingkang tènipun mêlèk (malang), sagêd mangkêrad-mangkêrêd, mêkatên punika bilih tanpa ris.

Kêjawi punika, jala mêkatên mênawi kaangge misaya

--- 57 ---

botên mêsthi dipun wontênakên kanthonganipun, awit ulam punika kengingipun ing jala wontên ingkang nyanthèl ing tèn wontên ingkang botên; ulam ingkang botên nyanthèl ing tèn, sagêdipun kenging dipun sêranani kanthongan.

Mênggah jala punika warni 8, inggih punika: jala kakap, jala pêngkah, jala juwi, jala bilis, jala kadha (jala jênthik), jala bêlo, jala sêrang lan jala tèk. Wijangipun kados ing ngandhap punika.

Jala Kakap.

Jala kakap punika jala ingkang kaangge anjala ulam kakap; jala wau landhungipun 3 dhêpa, kubêngipun (wiyaripun) 10 dhêpa, awising tèn 4 nyari, tampangipun urut têmu gêlang, tanpa kanthongan, ingkang dipun damêl rami ingkang agêngipun samêrang.

Tiyang anjala ulam kakap mêkatên ing wanci siyang (rintên) wontên ing panggenan ingkang lêbêting toyanipun wêtawis 2 dhêpa mawi numpak jukung. Panjalanipun botên kenging kadadak, kirang sadintên saking wêktunipun anjala kêdah masang rungga rumiyin; pamasangipun dipun jèjèr-jèjèr, awisipun wêtawis 4-5 cêngkal, sarta sabên rungga nginggilipun dipun sukani gêgodhongan ingkang ngrêmbyong kangge eyub-eyub tuwin têtêngêr. Kathah kêdhiking rungga manut ing sasênêngipun ingkang masang. Mênggah gunanipun rungga wau kadamêl panglindhungan ulam kakap; pramila mawi dipun sêranani mêkatên, awit watêkipun ulam wau sênêng manggèn ing panggenan ingkang lindhuk (botên katêrak ing arus). Mênawi sampun dumugining mangsanipun anjala lajêng dipun jalani, ananging pangkatipun saking ing griya kêdah ambêkta

--- 58 ---

sarat rupi rajut dipun isèni sawarnining dolananipun lare alit, kados ta: kêcik, kêmiri, kênèkêr lan sanès-sanèsipun nyatunggal; rajut wau dipun canthèlakên ing rungga salah satunggilipun. Wondene ujubipun anggèning nyanthèlakên rajut: ngaturi dolanan dhatêng kaki Gangga, nini Gangga. Sarat wau botên kenging kabêkta mantuk malih, kêdah katilar dalah rungganipun.

Mênggah panjalanipun mêkatên: rungga dipun dhawahi jala ingkang ngantos krakaban sêdaya; mênawi dugi-dugi tampangipun sampun andhasar, ngandhaping rungga dipun sogoki ngangge satang supados ulamipun sami buyar nyondhol jala, ingriku ulam lajêng sami kacanthèl ing tèn. Jala lajêng dipun batêk manginggil urut pucuking rungga, sasampunipun lajêng ngalih anjala rungga sanèsipun, mêkatên salajêngipun ngantos kacakan sêdaya. Mênawi sampun lêt 2-3 dintên rungga dipun tuwèni, bilih dèrèng ical (katut ing arus) dipun jalani malih kados ingkang sampun, mêkatên salajêngipun ngantos rungga sirna sêdaya.

Jala Pêngkah.

Jala pêngkah punika, jala ingkang kaangge misaya ulam pêngkah; ulam pêngkah inggih ulam sriding. Jala wau landhungipun 3 dhêpa, wiyaripun 12 dhêpa, tènipun ciyut wêtawis cêkap jênthik, tampangipun urut têmu gêlang, tanpa kanthongan, ingkang dipun damêl sikatan.

Tiyang anjala ulam sriding punika ing wanci siyang (rintên) mawi numpak jukung wontên ing panggenan ingkang lêbêting toyanipun wêtawis 2 dhêpa, ananging sadèrèngipun kirang-kirang 4-5 dintên kêdah masang pênthèr sriding rumiyin; anggènipun nyêblokakên pênthèr kêdah

--- 59 ---

dhoyong, dhoyongipun mêthukakên lampahing ombak supados botên enggal sirna, awisipun wêtawis 3-4 cêngkal kados masang rungga mêkatên; dene gunanipun botên beda kalihan rungga. Pênthèr sriding punika enggal sangêt sirnanipun jalaran kasêntor ing ombak, pramila botên nate dipun wongsal-wangsuli kados rungga. Jalaran ingkang mêkatên bangsa saya yèn masang pênthèr wau ngantos atusan, ewadene yèn sampun andungkap mangsanipun dipun jalani, pênthèr kathah ingkang sirna, malah kadhang-kadhang sirna sêdaya.

Pênthèr mênawi sampun dipun langar (dipun antawisakên) lajêng dipun jalani kados rungga wau, kaotipun pênthèr botên mawi dipun sarati dolananing lare tuwin botên dipun sogoki, awit watêkipun ulam sriding bilih kadhawahan jala lajêng buyar, têmahan sami nyêrang jala. Dene mênggah pambatêkipun jala kados anjala kakap.

Jala Juwi.

Jala juwi inggih punika jala ingkang kaangge misaya ulam juwi. Jala wau landhungipun 4½ dhêpa, wiyaripun 24 dhêpa, awising tèn cêkap jêmpolan tangan, tanpa kanthongan, tampangipun botên urut kados jala sanèsipun, inggih punika: sakilan mawi tampang, sakilan botên; milanipun kadamêl mêkatên supados botên rêkaos anggènipun andhawahakên, awit sami-sami jala, jala juwi punika agêng piyambak; dene ingkang dipun damêl sikatan.

Tiyang anjala ulam juwi punika ing wanci siyang (rintên) mawi numpak jukung wontên ing panggenan ingkang lêbêting toyanipun wêtawis 8 dhêpa; patrapipun mêkatên: ing pundi panggenan ingkang kakintên wontên

--- 60 ---

ulamipun lajêng anjêgurakên pênthèr juwi 4-5 panggenan rumiyin, awisipun wêtawis 6-7 cêngkal, panjanging pênthèr 11 utawi 12 dhêpa.

Pênthèr juwi punika botên mawi kalangar dangu-dangu kados pênthèr sriding, anggêr sampun rampung anggènipun anjêgurakên pênthèripun sêdaya lajêng tapuk anjalani, wiwit saking pênthèr ingkang kajêgurakên rumiyin gêntos-gêntos sapiturutipun ngantos kacakan sêdaya, mênawi sampun lajêng wangsul anjalani malih saking kawitan, mêkatên salajêngipun ngantos dumugining wancinipun mantuk.

Mênggah anggènipun andhawahakên jala kêdah kadhawahakên wontên sanginggiling arus, têgêsipun: yèn arus saking êlèr, jala kêdah dhawah wontên ing salèripun pênthèr; milanipun mêkatên supados dhawahing jala sagêda sumampir ing pênthèr sisih ngandhap, dados sagêd ngrakabi ulamipun. Watêking ulam juwi kados ulam sriding, sok ugi kêdhawahan jala lajêng buyar sami nyêrang.

Jala Bilis.

Jala bilis inggih punika jala ingkang kaangge misaya ulam bilis. Jala wau landhungipun sami kalihan jala kakap, wiyaripun 20 dhêpa, tènipun ciyut wêtawis cêkap pucuk jênthik, tampangipun urut têmu gêlang, sarta mawi kanthongan, ingkang dipun damêl sikatan.

Jala Kadha.

Jala kadha inggih punika jala ingkang kaangge misaya ulam kadha. Jala wau landhungipun 4 dhêpa, wiyaripun

--- 61 ---

20 dhêpa, tènipun ragi wiyar wêtawis cêkap driji, tampangipun urut têmu gêlang, sarta mawi kanthongan, ingkang dipun damêl sikatan.

Tiyang misaya ulam kadha utawi ulam bilis sêrana jala kalih warni wau kêdah mawi numpak jukung wontên ing panggenan ingkang lêbêting toyanipun wêtawis 5 dhêpa. Patraping panjalanipun mêkatên: salah satunggiling jukung bilih manggih pangkating ulam-ulam wau, mangka pangkatipun agêng sangêt, jukung lajêng labuh sarta anglunthungakên layaripun (layaripun dipun pasang, ananging kêlatan lan pênggilinipun botên) supados kumlèbèt kadosdene gêndera, punika minangka pratandha ngulêmi kanca-kancanipun jukung sanès kaajak nlangkub (bêbrayan anjalani). Milanipun mawi ngulêm-ngulêmi mêkatên, awit watêkipun ulam kalih warni wau bilih sampun kadhawahan jala sapisan lajêng amblas lumajêng botên kèndêl-kèndêl, jukung rêkaos sagêdipun nututi plajêngipun. Mênawi jukung ingkang dipun ulêmi sampun sami nglêmpak wêtawis jukung 10 utawi langkung, pangkat lajêng dipun kêpang; yèn sampun sami mirantos, pundi ingkang cêlak kalihan pangkat wau, punika ingkang andhawahakên jala rumiyin. Ulam tirahanipun ingkang kajala, padatanipun lajêng anggiwar mangiwa utawi manêngên, punika inggih lajêng dipun dhawahi jala dening jukung sanèsipun ingkang kacêlakan, mêkatên salajêngipun gêntos-gêntos ngantos ulam wau prasasat kêcandhak sêdaya. Dene mênawi anggènipun misaya namung manggih pangkat alit inggih lajêng dipun jalani piyambak kemawon, ananging angsalipun botên sagêd kathah kados yèn tlangkuban, awit

--- 62 ---

panjalanipun botên sagêd rambah-rambah jalaran koncatan ulam.

Jala Bêlo.

Jala bêlo inggih punika jala ingkang kaangge misaya ulam bêlo. Jala wau landhungipun 5 dhêpa, wiyaripun 20 dhêpa, awising tèn wêtawis 2 nyari, tampangipun urut têmu gêlang, sarta mawi kanthongan, ingkang dipun damêl sikatan.

Tiyang misaya ulam bêlo punika ing wanci siyang mawi numpak jukung wontên ing panggenan ingkang lêbêting toyanipun wêtawis 5 dhêpa. Panjalanipun mêkatên: mênawi sampun manggih pangkating ulam wau kêdah dipun waspaosakên rumiyin dhatêng pundi purugipun, yèn sampun gênah lajêng dipun pêthukakên sarta dipun dhawahi jala. Watêkipun ulam wau mênawi sampun kadhawahan jala saking ngajêngipun lajêng ambeluk (wangsul) kados ulam kadha utawi bilis, ananging plajêngipun namung sabrabatan, bilih sampun lajêng rindhik malih kados waunipun. Jala bilih sampun kabatêk, jukung dipun cêgatakên, yèn sampun mêthukakên dipun dhawahi malih, mêkatên salajêngipun. Kala-kala ulam wau inggih sok dipun tlangkub.

Jala Sêrang.

Jala sêrang inggih punika jala ingkang kaangge misaya ulam kêmbung. Jala wau landhungipun 4 dhêpa, wiyaripun 20 dhêpa, tampangipun urut têmu gêlang, awising tèn wêtawis 3 nyari, sarta mawi kanthongan, ingkang dipun damêl sikatan rami utawi bênang kasar.

--- [0] ---

Karti Wisaya, Jakoeb, 1913, #1830: Citra 12 dari 20
Gambar XVII

--- 63 ---

Tiyang anjala ulam kêmbung punika ing wanci dalu, mawi numpak jukung wontên ing panggenan ingkang lêbêting toyanipun 4-5 dhêpa. Mênggah patrapipun anjala kados anjala ulam bêlo.

Jala Tèk.

Jala tèk punika jala alit, landhungipun 2 utawi 2½ dhêpa, wiyaripun wêtawis 10 dhêpa, awising tèn cêkap driji, tampangipun urut têmu gêlang, sarta mawi kanthongan, ingkang dipun damêl sikatan.

Jala tèk punika, jala ingkang kaangge misaya ulam wontên ing pinggiran (gêgisik), angsal-angsalanipun warni-warni, kados ta: blanak, sêmbilang lan sanès-sanèsipun.

__________

Branjang (Gambar XVII).

Branjang punika wisaya ulam sêgantên, ugi kenging kaangge misaya ulam loh; peranganipun kados ta: wareyan, panjingan, klethekan, ancatan lan blèndhêngan.

Wareyaning branjang punika wangunipun pêsagi, wiyaripun botên mêsthi, wontên ingkang 2, 3 ngantos 4 dhêpa, awising tèn ingkang pinggir cêkap jêmpolan tangan, saya manêngah saya kêrêp; mila kadamêl mêkatên, awit branjang punika yèn kaangkat têngahipun lajêng ngêndhêlong, ulam ingkang kenging nglêmpakipun wontên ing ngriku, dados kangge nyalangi bilih wontên ulam alit ingkang kenging sampun ngantos mrojol. Wareyan wau ing pinggir mubêng kasukanan ris kênur minangka wêngku, sarta sabên pojokan wontên kupinganipun; dene wareyan wau ingkang kadamêl sikatan dipun tungu.

--- 64 ---

Panjingan punika raganganing branjang, ingkang kadamêl carang 4 lonjor ingkang sami panjangipun; carang wau ing pucuk sami dipun gêthêt kados ruwiting pancing; gunanipun kadamêl mênthèng wareyan.

Klethekan punika dêling 2 têngkêl bolong ngiwa nêngên, ananging sanès wongwang, panjangipun wêtawis nyêkaki, agêngipun sakintên cêkap dipun lêbêti bongkoting panjingan, têngahipun (ing ros) sami dipun bolongi têmbus kangge pirantos dipun slusupi tangsul; sawênèh têngahipun wau sami dipun krowèk lajêng kagathukakên mara sêkawan tumuntên dipun tangsuli dados satunggal, sarta ing nginggil dipun sukani kupingan.

Ancatan punika walêsaning branjang, ingkang kadamêl dêling, panjangipun wêtawis 3 dhêpa, ing pucuk dipun sukani angkul-angkul kangge canthelan klethekan sarta kolonganing blèndhêngan; wontên ugi ancatan ingkang tanpa angkul-angkul.

Blèndhêngan punika tangsul duk utawi rami, agêngipun wêtawis sadriji, ingkang sasisih mawi kolongan; gunanipun kadamêl ngangkat branjang.

Mênggah pangrakitipun branjang wau mêkatên: bolonganing klethekan sêkawan pisan sami dipun slusupi bongkoting ranjingan, pucuking ranjingan sêkawan pisan sami dipun canthèli kupinganing wareyan, kupinganing klethekan kacanthèlakên ing angkul-angkuling ancatan, angkul-angkul wau lajêng dipun canthèli kolonganing blèndhêngan. Ancatan ingkang tanpa angkul-angkul anggènipun anggathukakên namung dipun tangsuli kemawon.

Tiyang misaya ulam sêrana branjang punika limrahipun piyambakan wontên ing pinggiraning sungapan ingkang toyanipun botên patos lêbêt, patrapipun mêkatên: mênawi

--- 65 ---

branjang sampun karakit lajêng kadhawahakên alon-alon ingkang ngantos wareyanipun andhasar, bilih sampun sawêtawis dangu lajêng dipun angkat; pangangkatipun kêdah rikat, supados ulamipun botên kasêlak lumajêng. Yèn badhe ngangkat branjang, bongkoting ancatan dipun idak utawi dipun pagolakên murih botên mlèsèd, blèndhêngan tumuntên dipun ambat.

Wondene angsal-angsalanipun ulam rucah tur alit-alit.

Pamêndhêtipun ulam ingkang sampun wontên ing branjang wau mawi serok kados ing ngandhap punika.

__________

Serok (Gambar XVIII).

Serok punika wangunipun bundêr utawi bundêr ragi majêng tiga, sarta wontên ingkang agêng wontên ingkang alit, peranganipun kados ta: wareyan, jalan, bênthung, wagah lan sogol.

Wareyaning serok punika kados wareyaning jala, ananging tanpa pupus, awis kêrêping tèn botên mêsthi, gumantung dhatêng ingkang kaserok, dene ingkang dipun damêl sikatan utawi punton.

Jalèn punika wêngkuning wareyan, agêngipun sagagang sêdhah, ingkang dipun damêl dêling.

Bênthung punika blêngkêr wilah ingkang gathuk kalihan wagah, wiyaripun cêkap dipun lêbêti jalèn.

Wagah punika kajêng pragak kalih kados canggah, inggih punika ingkang dipun thuki bênthung.

Sogol punika sambunganipun wagah dados garaning serok, ingkang dipun damêl dêling.

Mênggah pangrakitipun mêkatên: sogol kasambung kalihan wagah, pragaking wagah dipun thuki bênthung sêrana

--- 66 ---

dipun jêjêt; wareyan ingkang sampun dipun thuki jalèn kalêbêtakên ing bênthung ugi sêrana dipun jêjêt.

__________

Jari (Gambar XIX).

Jari punika wisaya rêbon, peranganipun kados ta: wareyan, ris, suh, tolor, tamparan, jangon, tapak, injên, bênthang lan kolongan.

Wareyan jari punika wangunipun kados wareyan jala, pucukipun (pupusipun) bolong, panjangipun wêtawis 2 dhêpa, wiyaripun wêtawis 3 dhêpa, wiyaring pupus wêtawis 2 kaki.

Rising jari punika ingkang kaangge kênur, agêngipun wêtawis sagagang sêdhah, dunungipun wontên ing lambening wareyan minangka wêngku.

Suhing jari punika ingkang kadamêl wilah dipun blêngkêrakên lajêng dipun dondomi kalihan pupusing jari wau.

Tolor punika kanthongan, ingkang kadamêl waring (goni agêl) panjangipun wêtawis 1½ dhêpa, wiyaripun (kubêngipun) 2 kaki, ingkang sasisih bumpêt, sisihipun bolong; kanggenipun kadamêl nganthongi angsal-angsalanipun.

Tamparan punika kênur alit ingkang pating klawèr wontên ing lambening tolor, gunanipun kadamêl gathukakên tolor kalihan jari.

Jangon punika raganganing jari, ingkang kadamêl dêling 2 lonjor ingkang panjangipun wêtawis nigang dhêpa; dêling wau bongkotipun dipun sukani suh utawi karah kangge pikêkah murih yèn dipun lêbêti bongkoting tapak botên pêcah, ing pucuk ragi manêngah wêtawis 2 kaki sami dipun bolongi têmbus kangge papaning injên.

--- [0] ---

Karti Wisaya, Jakoeb, 1913, #1830: Citra 13 dari 20
Gambar XIX

--- 67 ---

Tapak punika sukuning jari, wangunipun adhêngkèng sarta jrêbèbèh kados èpèk-èpèk, ing nginggil (bongkotipun) gilig, agêngipun sakintên cêkap dipun lêbêtakên ing jangon, ingkang kadamêl kajêng; tapak punika gunanipun kangge nlapaki jangon murih yèn jari dipun surung sagêd mlèsèd, dados ngènthèngakên panyurungipun.

Injên punika ingkang kadamêl dêling utawi kajêng, wangunipun gilig, gunanipun kadamêl mantèk jangon kalih murih botên mingsar-mingsêr.

Bênthung punika cêngkahing jangon, panjangipun wêtawis satêngah dhêpa, ingkang dipun damêl dêling, kiwa têngênipun dipun bolongi têmbus kangge papaning kolongan.

Kolongan punika tangsul duk utawi pênjatos ingkang wontên ing bolonganing bênthung kiwa têngên, inggih punika ingkang katangsulakên ing jangon kalih pisan, gunanipun kadamêl miyarakên utawi nyiutakên angaping wareyan.

Pangrakitipun mêkatên: bongkoting tapak sami kaslupakên ing bongkoting jangon, pucuking jangon ingkang sami binolongan dipun gathukakên lajêng dipun slupi injên, kolongan ingkang wontên ing sakiwa-têngêning bênthung dipun tangsulakên ing jangon kiwa têngên kêpara manginggil. Wareyan mênawi sampun kasambung kalihan tolor, risipun kaangsalakên kalihan tapak kiwa têngên sêrana dipun tangsuli, ris ingkang nginggil dipun kêncang kaangsalakên injên, kiwa têngênipun dipun tangsuli kaangsalakên jangon.

Tiyang misaya rêbon sêrana jari punika limrahipun piyambakan wontên ing panggenan ingkang lêbêting toyanipun wêtawis sadhadha; panganggenipun namung dipun surung kemawon.

--- 68 ---

Manawi panganggenipun jari wau kagandhèngakên ing cêmplon alit (tembo), punika wastanipun ngentol. Patrapipun ngentol mêkatên: jari mênawi sampun karakit, pucuking jangon kalih pisan dipun tangsuli kalihan sisihing galang (dêling malang); galang wau ingkang sasisihipun katumpangakên ing talibing cêmplon kêpara mangajêng sêrana dipun tangsuli. Cêmplon lajêng kasurung wira-wiri, pundi rêbon ingkang kenging nglêmpakipun wontên ing tolor. Mênawi toloripun sampun kêbak lajêng kasuntak ing cêmplon, mêkatên salajêngipun.

__________

Prayang (Gambar XX).

Prayang punika wisaya ulam sêgantên ingkang malêbêt ing sungapan; peranganipun kados ta: widhe, slarak lan bêdhug.

Widhe punika wilah dipun anam ngangge tangsul duk utawi pênjatos kados kêre mêkatên, panjang lan wiyaripun gumantung dhatêng wiyar ciyut tuwin lêbêt cêthèking sungapan, anggêr botên cupêt lan botên kaclopan toya sampun cêkap.

Slarak punika dêling kalih lonjor, kiwa têngênipun sami kasukanan cagak, kanggenipun kadamêl kêkiyatan adêgipun widhe.

__________

Bêdhug (Gambar XXI).

Bêdhug punika wadhuking prayang, wangunipun kados bêdhug, ingkang kadamêl dêling, inggilipun sakintên botên kaclopan toya; bêdhug wau ing ngandhap bumpêt,

--- [0] ---

Karti Wisaya, Jakoeb, 1913, #1830: Citra 14 dari 20
Gambar XX

--- [0] ---

Karti Wisaya, Jakoeb, 1913, #1830: Citra 15 dari 20
Gambar XXI

--- 69 ---

ing nginggil bolong, ananging mawi tutup; ngiringanipun wontên korinipun mujur mawi ijêp-ijêp; sangandhaping ijêp-ijêp wontên ilat-ilatipun, ilat-ilat wau ingkang dipun damêl blabag, wangunipun lancip, gunanipun kadamêl ngrapêti padoning ijêp-ijêp, supados botên kenging dipun brobosi ulam; sakiwa têngêning kori wau wontên pipinipun, wiyaripun wêtawis nigang nyari, ingkang kadamêl wilah, inggih punika ingkang dipun thuki widhe.

Mênggah pangrakitipun mêkatên: slarak ingkang satunggal kapasang ngèncèng-èncèng (cagak ingkang sasisih kacêblokakên wontên ing pinggiring sungapan, sisihipun wontên ing têngah), slarak satunggilipun inggih kapasang mêkatên; dados slarak kalih wau ingkang satunggal ngèncèng mangiwa, satunggilipun manêngên, ananging anggènipun nyêblokakên cagak kalih ingkang wontên ing têngah, bênggangipun kêdah timbang kalihan wiyaring korinipun bêdhug. Mênawi slarak sampun kacêblokakên lajêng dipun thuki widhe sêrana dipun gapit sarta ingkang ngandhap kêdah katunjêmakên sawêtawis murih botên wontên rênggangipun. Sasampunipun bêdhug lajêng kapasang, pipinipun kiwa têngên kagandhèng kalihan pungkasaning widhe kalih pisan; bêdhug wau kêdah dipun tindhihi barang ingkang awrat murih botên sagêd kumambang, sarta wingkingipun dipun pathoki supados botên sagêd mingsêr sabab dening ilining toya.

Tiyang misaya ulam sêrana prayang punika limrahipun wontên ing sungapan ingkang botên kambah baita, dados sagêd jênak (masang sapisan kangge sadangunipun). Pamêndhêting angsal-angsalanipun pêndhak enjing lan sontên; patrapipun: bêdhug dipun êntas lajêng kasuntak, sasampunipun kapasang malih, mêkatên salajêngipun.

--- 70 ---

Dene angsal-angsalanipun warni-warni, samukawis ingkang klêbêt mêsthi kenging.

__________

Tikuk.

Tikuk punika wisaya ulam sêgantên yèn nuju rob (banjir), ingkang kaangge widhe kirang langkung 150 lirang ingkang wiyaripun (inggilipun) nigang kaki panjangipun mitung kaki.

Tiyang misaya ulam sêrana tikuk, kêdah kathah kancanipun, apês-apêsipun wontên tiyang 15 jukung ingkang sami ambêkta widhe nyadasa lirang utawi langkung.

Pamasangipun mêkatên: widhe dipun dhopèt-dhopèt kakubêngakên ngantos têmu gêlang wontên ing panggenan ingkang lêbêting toyanipun wêtawis 4-5 kaki; kubêngan widhe wau sabên salirang dipun cêbloki kajêng kangge ugêr-ugêr murih botên rêbah ngriras[2] kangge têtêngêr; pandhopètipun widhe namung dipun sujèni kemawon, pamurihipun supados gampil pamasang lan pangrucatipun. Kubêngan widhe wau wastanipun tikuk.

Mênawi sampun rampung pandamêlipun tikuk, tiyang-tiyang wau lajêng sami ngaso wontên ing jukungipun ngiras ngêntosi suruding toyanipun. Yèn toya sampun surud sarta widhe ingkang wontên ing têngah (ing panggenan ingkang lêbêt) wiwit katinggal, tikuk lajêng dipun kêpang kasêsêgakên supados dados ciyut; widhe ingkang sampun botên kangge dipun gulung kainggahakên ing jukung, mêkatên salajêngipun ngantos tikuk wau dados ciyut sangêt; sasampunipun lajêng tapuk nyeroki ulamipun. Mênawi anggènipun nyeroki sampun rampung, ulam tumuntên [tu...]

--- 71 ---

[...muntên] kadum wêradin manut ing cacahing jukung. Dene angsal-angsalanipun warni-warni, kados masang prayang; kala-kala inggih sok angsal ulam agêng.

Tiyang masang tikuk ingkang pamêndhêtipun ulan kapipil, tikukipun botên dipun rucat ngantos pêndhak utawi wulanan, punika wastanipun: nyègêr. Cègêran punika limrahipun rintên dalu dipun tênggani giliran sakancanipun.

Mênggah patraping pamêndhêtipun ulam mêkatên: cègêran wau ing nglêbêt dipun pasangi dhiwêg (cègêran alit) sakintên cêkap ngangge widhe 3-4 lirang. Kathah kêdhiking dhiwêg manut cacahing jukung, dados satunggil-tunggiling jukung anggadhahi dhiwêg piyambak-piyambak. Pamasangipun dhiwêg wau botên têmu gêlang kados cègêran, mawi dipun longkangi kangge margining ulam ingkang sampun kinubêngan ing cègêran malêbêtipun dhatêng dhiwêg. Pandamêlipun longkangan wontên ing pinggir cègêran, inggih punika: widhe ingkang sasisih katèmpèlakên ing widhe cèngêran, sisihipun dipun kluwêngakên malêbêt minangka ijêp-ijêp. Dene yèn badhe nyeroki ulamipun, dhiwêg wau dipun sêsêgakên kadosdene nikuk, sasampunipun lajêng kapasang malih.

Tiyang mêndhêt ulam ing cègêran limrahipun namung sabên enjing, sarta angsal-angsalanipun botên kabagi kados yèn masang tikuk, pandumanipun ngêmungakên ingkang wontên ing dhiwêgipun piyambak-piyambak.

__________

Banjang.

Banjang punika panunggilanipun tikuk cègêran, ananging widhenipun agal sarta inggilipun 3 ngantos 5

--- 72 ---

dhêpa; pamasangipun sêrana dipun gapit sarta dipun pathoki kêkah wontên ing sangajênging sungapan, ingkang lêbêting toyanipun botên ngaclopi widhenipun. Pangrakitipun widhe ing panggenan ingkang kalêrês kêncêngipun sungapan, ing dhasar dipun sukani bêdhug ingkang bolong ngiwa nêngên kangge margining ulam sawangsulipun saking sungapan; sisihing bêdhug ingkang wontên sajawining banjang dipun sukani ijêp-ijêp, pêrlunipun supados ulam ingkang sampun malêbêt botên sagêd mêdal malih.

Mênggah pamêndhêtipun ulam ing banjang wau mêkatên: ijêp-ijêp dipun walik (dipun pasang ing sisihing bêdhug ingkang wontên ing lêbêt), lajêng dipun thuki tolor (kanthongan) waring; toya ingkang wontên ing salêbêting banjang dipun gêpyoki, ulam sami mêdal katampèn ing tolor. Mênawi kadugi ulamipun sampun mêdal sêdaya, tolor dipun angkat, ijêp-ijêp kawangsulakên malih kados waunipun, mêkatên salajêngipun. Dene angsal-angsalanipun warni-warni.

__________

Laha.

Laha punika wisaya ulam ingkang wontên ing sungapan; pirantosipun namung kajêng rencekan kalihan widhe.

Pamasangipun mêkatên: rencekan dipun cêblok-cêblokakên wontên ing panggenan ingkang toyanipun ragi ulêkan, punika dipun wastani: rumpon. Rumpon wau mênawi sampun kakèndêlakên wêtawis 10 dintên, lajêng dipun laha (dipun kubêngi widhe). Pamasangipun widhe kêdah alon, sampun ngantos andadosakên kagèting ulam ingkang [ing...]

--- 73 ---

[...kang] sami nglindhung ing ngriku. Mênawi sampun rampung panglahanipun, rumpon dipun êntasi, widhe lajêng dipun sêsêgakên ngantos dados ciyut, ulamipun dipun seroki; sarampungipun rumpon kapasang malih, sabên lêt 10 dintên dipun laha kados ingkang sampun wau. Dene angsal-angsalanipun warni-warni.

__________

Pênco.

Pênco punika wisaya urang; peranganipun namung tiga, inggih punika: pênco, tangsul, lan walêsan.

Pênco punika ingkang kadamêl rencekan kajêng api-api (urub-urub), dipun bongkoki kadosdene sapu sada.

Tangsuling pênco ingkang kadamêl duk, panjangipun 2 kaki.

Walêsaning pênco panjangipun wêtawis 4 kaki, agêngipun sajêmpolan suku, ingkang kadamêl carang utawi pang.

Pangrakitipun mêkatên: tangsuling pênco ingkang sasisih katangsulakên ing pênco, sisihipun ing walêsan.

Tiyang misaya urang sêrana pênco limrahipun wontên ing gêgisik utawi ing sungapan ingkang lêbêting toyanipun wêtawis sadhadha. Pamasangipun: pênco dipun jèjèr-jèjèr, awisipun wêtawis nyadhêpa, walêsanipun dipun cêblokakên murih pênconipun botên kentir, ananging anggènipun nyêblokakên walêsan kêdah dipun angkah-angkah ing têmbe yèn pênco wau kêlêm, pucukipun sagêda andhasar.

Mênggah pamêndhêtipun urang sabên enjing, patrapipun mêkatên: pênco dipun junjung alon-alon, supados

--- 74 ---

urangipun puruna mrambat ngêtutakên; mênawi pênco sampun ragi gonggang kalihan dhasar, lajêng dipun sloboki serok ingkang wiyaripun ngrakabi jêbraging pênco; yèn pênco wau sampun dumugi ing sanginggiling toya lajêng dipun korog, urang mêsthi sami dhawah ing serok, pênco lajêng kapasang malih, mêkatên salajêngipun.

Mênawi ing panggenan wau kadugi sampun têlas urangipun lajêng ngalih panggenan sanès.

__________

Jaring.

Jaring punika warni-warni, kados ta: jaring kêmbung, jaring bingsang, jaring banat, jaring kadha, jaring blanak, jaring kêlêm, jaring rajungan, jaring kanthong, jaring krikit, jaring walang, jaring cantrang lan jaring payang (abah-abah).

Jaring warni-warni wau wontên ingkang lajuran, wontên ingkang bêlahan (tugêlan), lan wontên ingkang kintingan (têngkêl-têngkêlan). Yèn nuju kangge wontên ingkang dipun sukani tolor (kanthongan), wontên ingkang botên.

Wareyaning jaring punika mênawi dipun jèrèng wangunipun pêsagi panjang; tènipun wontên ingkang mêlèk, wontên ingkang mêrêm. Wareyan wau wontên ingkang mawi ris mubêng, wontên ingkang risipun namung sasisih (ing nginggil), wontên ingkang risipun kiwa-têngên (ngandhap-nginggil), sarta wontên ingkang mawi kambang kemawon, wontên ingkang mawi kambang kalihan bandhul, wontên ingkang mawi kisi, wontên ingkang mawi kambang kalihan bandhul gantung (bandhulipun botên sumèlèh ing dhasar sabab kacènèng ènthènging kambang),

--- [0] ---

Karti Wisaya, Jakoeb, 1913, #1830: Citra 16 dari 20
Gambar XXII

--- 75 ---

tuwin wontên ingkang mawi bandhul kalihan kambang kêlêm (kambangipun botên kumambang sabab kacènèng awrating bandhul).

Mênggah wêwijangan lan panganggenipun jaring-jaring wau kados ing ngandhap punika.

__________

Jaring Kêmbung (Gambar XXII).

Jaring kêmbung inggih punika jaring ingkang kangge misaya ulam kêmbung. Jaring wau panjangipun 7 kinting, sakintingipun ngalih wêlas dhêpa, wiyaripun 5 dhêpa, tènipun mêrêm, awisipun wêtawis 3 nyari, ingkang dipun damêl samakan bênang kasar, risipun ngandhap nginggil, mawi kambang sarta bandhul sela.

Jaring wau mênawi badhe kangge dipun dhopèt-dhopèt; pandhopètipun namung dipun jlujuri ngangge kênur kadosdene tiyang andlujuri sinjang.

Tiyang misaya ulam kêmbung, limrahipun ing wanci dalu, mawi numpak bese wontên ing panggenan ingkang lêbêting toyanipun wêtawis 4½ dhêpa. Patrapipun mêkatên: sadèrèngipun jaring dipun tawurakên kêdah anjêgurakên umpal ingkang mawi gênderan pêthak supados gampil titikanipun; sasampunipun sisihing jaring lajêng kagandhèngakên ing umpal wau, baita tumuntên kalampahakên ngubêngi, pangkating ulam kalihan nawurakên jaringipun; mênawi sampun têmu gêlang, jaring dipun dhopèt, baita kalangkahakên malêbêt ing satêngahing jaring. Ulam lajêng dipun gurah sêrana andhodhogi baita, gêpyoki toyanipun tuwin nyumêt oncor kaobat-abitakên. Yèn kintênipun ulam sampun buyar sarta sampun sami nyêrang

--- 76 ---

jaring, baita dipun langkahakên mêdal; jaring lajêng dipun batêk kainggahakên ing baita kalihan mêndhêti ulamipun; sasampunipun lajêng ngalih ngupados pangkat malih, mêkatên salajêngipun.

___________

Jaring Bingsang.

Jaring bingsang punika panjangipun 10 kinting, sakintingipun ngalih wêlas dhêpa, landhungipun 2 dhêpa, tènipun mêrêm, awisipun wêtawis 5 nyari; ingkang kadamêl rami, risipun ngandhap nginggil, mawi kambang lan bandhul gantung.

Tiyang misaya ulam sêrana jaring bingsang punika ing wanci dalu, mawi numpak bese wontên ing panggenan ingkang lêbêting toyanipun 3 dhêpa utawi langkung. Panganggenipun namung dipun kêncang nadhahi lampahing arus; pangêncangipun: ingkang sasisih katangsulakên ing umpal, tuwin ingkang sasisih ing baitanipun. Mênawi sampun kakèndêlakên wêtawis 1-2 jam sarta dugi-duginipun sampun kathah ulam ingkang nyêrang, lajêng dipun batêk kainggahakên ing baita kalihan mêndhêti ulamipun; sasampunipun lajêng ngalih ênggèn, mêkatên salajêngipun. Dene angsal-angsalanipun warni-warni tur agêng-agêng.

__________

Jaring Kadha.

Jaring kadha punika, jaring ingkang kaangge misaya ulam kadha; panjangipun 5 utawi 6 kinting, sakintingipun 30 dhêpa, landhungipun 3 kilan, tènipun mêrêm,

--- 77 ---

awisipun cêkap jêmpolan tangan, ingkang dipun damêl sikatan warni kalih, alus kalihan kasar; anaman ingkang alus wontên ing nginggil, ingkang kasar wontên ing ngandhap minangka bandhul; risipun namung ing sisih nginggil sarta mawi kambang.

Tiyang misaya ulam kadha punika ing wanci siyang, mawi numpak jukung wontên ing panggenan ingkang lêbêting toyanipun sadhêpa utawi langkung. Panganggenipun dipun kêncang kados jaring bingsang. Mênggah kengingipun ulam ing jaring wau wontên ing wareyan ingkang anamanipun alus.

__________

Jaring Blanak.

Jaring blanak punika, jaring ingkang kaangge misaya ulam blanak. Jaring wau namung salajur, panjangipun wêtawis 50 dhêpa, landhungipun 5 kilan, tènipun mêrêm, awisipun 2 nyari, ingkang kadamêl sikatan kasar utawi punton alus, risipun namung ing nginggil sarta mawi kambang.

Tiyang misaya ulam blanak mawi jaring punika ing wanci dalu, mawi numpak jukung wontên ing panggenan ingkang lêbêting toyanipun sadhadha. Panganggenipun dipun kêncang kaangsalakên ing umpal utawi pathok kalih; pangêncangipun mujur manut ujuring gisik. Mênawi jaring sampun kakêncang, jukung lajêng minggir nyêlaki gisik, ulam dipun giring saking ngriku dipun purugakên manêngah panggenaning jaring, ngalih-ngalih ngantos sabosênipun.

__________

--- 78 ---

Jaring Walang.

Jaring walang punika kados jaring kadha, kaotipun wareyanipun alus sarta mawi bandhul gantung.

Panganggenipun inggih kados jaring kadha, ananging kêdah wontên ing panggenan ingkang lêbêting toyanipun wêtawis 5 dhêpa.

Mênggah angsal-angsalanipun warni-warni, kados ta: loang; jolong lan sanès-sanèsipun.

__________

Jaring Kêlêm.

Jaring kêlêm punika panjangipun kirang langkung 10 kinting, sakintingipun wêtawis 100 dhêpa, landhungipun 5 kilan, tènipun mêrêm, awisipun 3 nyari; ingkang dipun damêl sikatan kasar utawi punton alus, risipun ngandhap nginggil, mawi bandhul lan kambang kêlêm.

Tiyang misaya ulam sêrana jaring kêlêm wau ing wanci rintên, mawi numpak bese utawi jukung wontên ing panggenan ingkang lêbêting toyanipun wêtawis 5 dhêpa. Panganggenipun dipun kêncang kados jaring bingsang. Dene angsal-angsalanipun warni-warni bangsaning ulam ingkang rêmên andhasar sarta ingkang kengingipun jalaran kêcanthèl.

___________

Jaring Rajungan.

Jaring rajungan inggih punika jaring ingkang kangge misaya rajungan. Jaring wau panjangipun kirang langkung 24 kinting, sakintingipun wêtawis 20 dhêpa,

--- [0] ---

Karti Wisaya, Jakoeb, 1913, #1830: Citra 17 dari 20
Gambar XXIII

--- 79 ---

landhungipun 5 kilan, tènipun mêrêm, awisipun 5 nyari, risipun ngandhap nginggil sarta mawi bandhul lan kambang kêlêm.

Tiyang misaya rajungan mêkatên ing wanci dalu wontên ing panggenan ingkang lêbêting toyanipun wêtawis 5 dhêpa, mawi numpak bese. Panganggenipun dipun kêncang kados jaring bingsang.

__________

Jaring Kanthong (Gambar XXIII).

Jaring kanthong punika panjangipun 3 kinting, kintingan ingkang satunggil panjangipun 12 dhêpa, ingkang kalih anggangsal dhêpa, landhungipun sami dene nyadhêpa, tènipun mêrêm, awisipun cêkap jênthik, ingkang kadamêl rami utawi punton agêl, ngandhap nginggil mawi kisi; kisi kalih wau sabên 1½ kaki dipun gandhèng sêrana sêngkang (cêngkal); sêngkang wau ingkang kadamêl carang, panjangipun wêtawis sakilan, kiwa têngênipun dipun bolongi kangge papaning tangsul ingkang dipun tangsulakên ing kisi.

Jaring wau mênawi badhe kangge dipun dhopèt-dhopèt kados jaring sanèsipun, ananging pandhopètipun kintingan ingkang panjang kaprênahakên wontên ing têngah.

Tiyang misaya ulam sêrana jaring kanthong punika mawi numpak cêmplon wontên ing panggenan ingkang lêbêting toyanipun sadhadha wancinipun toya ngajêngakên surud. Panganggenipun mêkatên: yèn jaring sampun dipun tawurakên, cêmplon dipun tilar; jaring lajêng kagèrèd tiyang kalih dipun purugakên dhatêng gisik. Dene angsal-angsalanipun urang lan ulam rucah sawêtawis.

__________

--- 80 ---

Jaring Cantrang (Gambar XXIV).

Jaring cantrang punika peranganipun kalih, inggih punika wareyan lan tolor.

Wareyaning jaring cantrang namung kalih bêlah (kinting) panjangipun nigang dasa dhêpa, tènipun mêlèk, awisipun wêtawis sacêngkang, ingkang dipun damêl samakan bênang kasar, risipun mubêng sarta karangkêpan kisi; sisihing wareyan ing panggenan ingkang dipun thuki tolor wiyaripun 3 dhêpa sarta anamanipun ragi kêrêp, sisihipun (pucuk) kisinipun kadadosakên satunggal, punika wastanipun: jampang, inggih punika ingkang dipun tangsulakên ing baita bilih pinuju kangge misaya.

Toloring jaring cantrang punika wangunipun kados wareyaning jala, wiyaripun wêtawis 2 dhêpa, panjangipun 3 dhêpa; ingkang kadamêl punton, tènipun kêrêp, awisipun wêtawis cêkap pucuk driji, ing pinggir mubêng kasukanan gadhag kangge pirantos dipun thuki wareyan.

Pangrakitipun mêkatên: sisihing wareyan kalih pisan dipun gandhèng kalihan lambening tolor kiwa têngên. Lambening tolor ingkang badhenipun wontên ing ngandhap dipun sukani bandhul timah 2; pamasangipun bandhul kalih wau awisipun 2 kilan; lambe ingkang nginggil dipun sukani umpal kêlêm, pêrlunipun tolor sagêda mangap sarta andhasar. Wondene pêrlunipun wareyan kadamêl langkung wiyar tinimbang lambening tolor, supados sami nalibipun (nimpahipun), dados botên nyêngklèng sambêtanipun tur inggih mêwahi panjanging tolor.

Tiyang misaya ulam sêrana jaring cantrang wau ing wanci rintên mawi numpak bese 2, wontên ing panggenan ingkang lêbêting toyanipun kirang langkung 4 dhêpa.

--- [0] ---

Karti Wisaya, Jakoeb, 1913, #1830: Citra 18 dari 20
Gambar XXIV

--- 81 ---

Patrapipun mêkatên: kiwa têngêning wareyan katangsulakên ing linggining bese kalih, lajêng kabêkta layaran kados tiyang mancing garit mêkatên. Dene angsal-angsalanipun kados ta: pèthèk, kêmpar, kunir, gênjong, ênus lan blêkuthak.

__________

Jaring Krikit.

Jaring krikit punika kados jaring cantrang, panjanging wareyan wêtawis 50 dhêpa sisih, wiyaripun sadhêpa, tènipun mêrêm, awisipun wêtawis cêkap jênthik, ingkang dipun damêl samakan punton ingkang agêngipun samêrang; wiyaring tolor 2 dhêpa, panjangipun 2½ dhêpa, ingkang dipun damêl waring.

Tiyang misaya ulam sêrana jaring krikit punika ing wanci rintên wontên ing panggenan ingkang lêbêting toyanipun sadhadha. Mênawi jaringipun alit pamisayanipun mawi numpak pothik, yèn agêng mawi kunthing. Patrapipun mêkatên: jampangipun (pucuking jaring) ingkang sasisih dipun jêgurakên rumiyin lajêng dipun gèrèd tiyang 3 utawi 5, baita kalampahakên mubêng mêthukakên tiyang ingkang sami anggèrèd wau kalihan nawurakên jaring sisihipun.

Mênawi sampun gathuk, tiyang ingkang sami anggèrèd wau lajêng minggah ing baita ngaso sawêtawis. Jaring mênawi badhe wiwit dipun batêk, ngiringaning baita ingkang botên dipun ênggèni ambatêk dipun sukani balês, kangge nimbangi murih baitanipun botên miring sangêt-sangêt, awit punika sok andadosakên bilainipun. Dene angsal-angsalanipun warni-warni.

__________

--- 82 ---

Jaring Banat.

Jaring banat punika kados jaring krikit, panjanging wareyan wêtawis nyèkêt dhêpa sisih, tènipun mêlèk, awising tèn ingkang cêlak kalihan tolor cêkap driji, saya mucuk saya awis, awising tèn ingkang wontên ing pucuk sakilan, ingkang dipun damêl punton agêl ingkang agêngipun samêrang. Toloripun ingkang dipun damêl inggih punton, wiyaripun 7 dhêpa, panjangipun 5 dhêpa, tènipun kêrêp, bandhulipun agêng, umpalipun dêling 3 utawi 4 têngkêl, kagodhi dados satunggal, ingkang sakintênipun kiyat dipun tumpaki lare.

Tiyang misaya ulam sêrana jaring banat mêkatên ing wanci rintên, mawi numpak kunthing wontên ing panggenan ingkang lêbêting toyanipun wêtawis 10 dhêpa. Panganggenipun mêkatên: sisihing jaring (jampangipun) katangsulakên ing umpal balês, baita dipun lampahakên mubêng kalihan nawurakên jaring urutipun; mênawi sampun têmu gêlang lajêng dipun batêk, lare ingkang wontên ing umpaling tolor kêdah ciblon utawi sidadal, pêrlunipun ulam sampun ngantos sagêd oncat mêdal sanginggiling tolor. Dene angsal-angsalanipun warni-warni, kados ta: tongkol, gajahan, têri lan sanès-sanèsipun.

Jaring banat punika sok kaangge misaya ulam gatêl, ananging ing sadèrèng-dèrèngipun kêdah masang pênthèr kunthing rumiyin ing sawêtawis panggenan. Mênggah patraping anggènipun nawurakên kados ing nginggil wau, ananging jaring kêdah ngubêngi pênthèripun, sarta mênawi sampun têmu gêlang, baita kalangkahakên manêngah kangge ambêdhol pênthèripun rumiyin. Sadangunipun baita manêngah ambêdhol pênthèr, ing gathukaning jaring kêdah dipun tênggani;

--- [0] ---

Karti Wisaya, Jakoeb, 1913, #1830: Citra 19 dari 20
Gambar XXV

--- 83 ---

ingkang têngga kêdah ciblon, pêrlunipun buyaring ulam saking pênthèr sampun ngantos wontên ingkang oncat mêdal ing ngriku. Sasampunipun jaring lajêng dipun batêk kados ingkang sampun, mêkatên salajêngipun ngalih-ngalih ngantos pênthèripun kacakan sêdaya. Wondene angsal-angsalanipun botên ngêmungakên ulam gatêl kemawon, ulam sanèsipun ugi tumut kenging.

__________

Jaring Payang (Abah-abah) (Gambar XXV)

Jaring payang punika kados jaring banat, panjanging wareyan sabêlah-bêlahipun wêtawis 60 dhêpa, risipun ngandhap nginggil, ingkang dipun damêl kênur ingkang agêngipun samêrang, tènipun mêlèk, awising tèn undha-usuk; tèn ingkang cêlak kalihan tolor awisipun wêtawis cêkap driji, ingkang wontên ing pucuk awisipun 2 kilan. Undha-usuking wareyan wau wontên wastanipun piyambak-piyambak, kados ta: wareyan ingkang gathuk kalihan tolor wastanipun: kêrêp, awising tèn cêkap driji, panjangipun ½ dhêpa; wareyan sambunganipun kêrêp wastanipun: sêrang ponthang, awising tèn 2 nyari, panjangipun ½ dhêpa; sambunganing sêrang ponthang wastanipun: pantêr, awising tèn 3 nyari, panjangipun 2 dhêpa; sambunganing pantêr wastanipun inggih pantêr, awising tèn 4 nyari, panjangipun inggih 2 dhêpa. Bangsa saya yèn badhe ambedakakên pantêr kalih wau namung dipun sukani katêrangan arang kalihan kêrêp: pantêr arang, pantêr kêrêp. Wareyan 4 warni wau wangunipun kados wareyan jala, wiyaripun undha-usuk, saya mucuk saya wiyar. Dene wareyan ingkang kasambungakên ing pantêr arang, punika dhapur bêlahan, wastanipun: siku, inggih punika ingkang panjangipun [pan...]

--- 84 ---

[...jangipun] 60 dhêpa, awising tèn 2 kilan. Gathukaning siku 2 kalihan pantêr arang, angap ingkang nginggil wastanipun: pangalang, ingkang ngandhap: cangap. Pangalang wau kasukanan umpal lare, cangapipun inggih mawi bandhul 2 kados jaring banat. Sikunipun kalih pisan sami mawi bandhul lan kambang mitu sisih. Toloripun ingkang kadamêl waring, panjangipun 6 dhêpa, wiyaripun wêtawis 10 dhêpa, pucukipun papak sarta mawi koloran kangge pirantos nyuntak angsal-angsalanipun.

Tiyang misaya ulam sêrana payang punika ing wanci rintên mawi numpak kunthing wontên ing panggenan ingkang lêbêting toyanipun wêtawis 12 dhêpa. Patraping anggènipun nawurakên tuwin anggènipun ambatêk kados jaring banat. Dene mênggah angsal-angsalanipun warni-warni.

__________

BAB IX. DANGUNING PAMISAYANIPUN.

Bangsa saya ing pasisiran Sêmarang punika, mênawi kesah misaya (ngrêsaya) ulam botên wontên ingkang ngrumbang (wontên ing sêgantên) ngantos lami, pêndhakan utawi wulanan; sawêg lami-laminipun sêdintên sêdalu, mêkatên punika mênawi wontên sababipun ingkang pêrlu, kados upaminipun: sampun têbih panêbanipun botên angsal-angsal, mangka bêtahipun mrêtêk, punika lajêng dipun tekadi nyipêng. Dene kalimrahanipun mênawi misaya ing wanci rintên, bidhalipun jam 4 utawi jam 5 enjing, punika mantukipun jam 11, kasèp-kasèpipun jam 3 sontên. Mênawi misaya ing wanci dalu bidhalipun [bidhali...]

--- 85 ---

[...pun] jam 4 utawi jam 5 sontên, mantukipun jam 1 dalu, kasèp-kasèpipun byar. Dene mênawi ingkang sêrana numpak baita cêmplon, bese, pothik lan kunthing tuwin ngangge wisaya bangsaning jaring utawi pancing, punika anggènipun ambêkta wisaya namung nyawarni; dene mênawi anggènipun misaya sêrana numpak jukung lan angangge jala, anggêr botên mawi masang rungga utawi pênthèr, limrahipun ambêkta jala apêsipun 2, kathah-kathahipun 4 warni; wondene jala ingkang kabêkta inggih punika: jala bilis, jala kadha, jala sêrang lan jala bêlo. Mênggah pêrlunipun ambêkta jala kathah wau supados botên nampik milih ulam, pundi ingkang wontên lajêng sagêd misaya. Wondene wisaya warni-warni ingkang sampun sami kasêbut ing nginggil wau, bilih mêntas kangge kêdah sae pangrimatipun; dipun kumbah toya tawa ngantos ical raosing toya sêgantên ingkang rumêsêp ing wisaya wau, lajêng kagaringakên, kaêpe utawi kaisis, murih botên ambêdhêl, dene panyimpênipun kêdah trêtip sampun ngantos dipun krikiti ing tikus.

__________

Bab X. PANGREKANIPUN ANGSAL-ANGSALAN.

Bangsa saya punika mênawi mêntas misaya mangka angsal-angsalan, sadumuginipun ing sungapan utawi ing babagan, ulamipun lajêng dipun kilakakên dhatêng bakul-bakul ingkang sami andhèr angêntosi, malah yèn nuju awis ulam para bakul kathah ingkang botên narimah ngêntosi wontên ing ngriku kemawon, sami ngawoni nyewa jukung kabêkta ngrumbang mêthukakên dhatêngipun [dhatêngi...]

--- 86 ---

[...pun] baita saya ingkang agêng-agêng; dene pamurihipun namung supados sagêd miring rêginipun tur tanêk anggènipun awis-awisan, botên rêbat dhucung onjo-onjonan kados yèn wontên ing sungapan utawi ing babagan.

Ulam yèn sampun dhumawah ing bakul lajêng kasade dhatêng pêkên; mênawi wontên tirahanipun, punika lajêng dipun ucal ing saprayoginipun, sok ugi kenging kasade malih ing sanès dintênipun.

Mênawi nglêrêsi mirah ulam mangka ngantos bobor, punika lajêng kaucal piyambak. Bangsa saya ingkang purun nlatosi mêkatên wau kalêbêt awis, kathah-kathahipun lajêng kasade mirah-mirahan kemawon dhatêng bakul tangganipun, punika bokmênawi sabab saking kasêlak bêtah utawi murih gampil pangêdumipun. Wondene ulam wau limrahipun dipun gêrèh, mênawi sampun aking dipun tandho (dipun simpên); yèn sampun wiwit awis dipun sade. Mênggah panyadenipun mawi-mawi ulamipun, wontên ingkang kasade atusan wontên ingkang dhacinan. Ulam ingkang kasade dhacinan mêkatên ulam ingkang alit-alit, kados ta: sriding, juwi lan sapanunggilanipun. Rêbon yèn nuju ngêmohi, punika kadamêl traos.

__________

Bab XI. PANGÊDUMING ANGSAL-ANGSALAN.

Ing bêbukaning karangan punika sampun mratelakakên, bilih pakangsalipun bangsa saya anggènipun misaya ulam

--- 87 ---

sêgantên botên sapintêna, punika mênggahing sababipun ingkang têtela sangêt saking mlaratipun ngantos botên sagêd angwontênakên pirantos utawi baita piyambak. Bangsa saya ingkang gadhah pirantos utawi baita piyambak, pakangsalipun ragi mèmpêr kalihan kangelanipun, ananging ingkang mêkatên wau kalêbêt awis, kathah-kathahipun baita lan wisaya ingkang dipun angge punika gadhahanipun tiyang sanès ingkang sugih-sugih; mangka pandumaning baita utawi wisaya ingkang minangka sewanipun kathah sangêt. Dene mênggah pamurwating panduman beda-beda kados ing ngandhap punika wijang-wijangipun.

Tiyang ingkang anggadhahi jukung utawi cêmplon yèn dalah wisayanipun, punika tampining panduman tikêl kalihing pandumanipun satunggil-tunggiling ingkang nglampahakên, yèn botên gadhah wisaya suda sapalihipun. Pandumanipun ingkang nglampahakên racak sami kathahipun. Dene jragan (tiyang ingkang anggadhahi baita utawi wisaya) mênawi tumut misaya, kêjawi tampi bageyan ingkang sampun katêmtokakên, angsal bageyan malih kados ingkang nglampahakên.

Tiyang ingkang anggadhahi bese yèn dalah wisayanipun tampining bageyan tikêl kalih têngahipun bageyaning satunggil-tunggilipun ingkang nglampahakên; mênawi botên gadhah wisaya suda sapratiganipun. Panduman ingkang nglampahakên racak sami kathahipun. Mênawi jraganipun tumut inggih tampi wêwahing bageyan kados ing nginggil.

Tiyang ingkang anggadhahi pothik utawi kunthing yèn dalah wisayanipun, tampining bageyan tikêl tiga têngahipun bageyaning jurag; mênawi tanpa wisaya suda sabageyaning jurag. Juraganipun mênawi tumut misaya

--- 88 ---

inggih angsal wêwah bageyan sabageyanipun punggawa ingkang dipun wakili. Dene pandumaning punggawa beda-beda, kados ta: yèn jurag tampi sapanduman, juru batu 1½, jlarus 2, juru mudhi 2½ panduman; punggawa sanèsipun sami kalihan jurag.

Mênggah pangêdumipun angsal-angsalan wau limrahipun mênawi sampun dados yatra.

TAMAT.

__________

--- [0] ---

Karti Wisaya, Jakoeb, 1913, #1830: Citra 20 dari 20
Gambar XXVI

--- [89] ---

Isinipun Sêrat Punika.

... Kaca

1. Bêbuka ... 3
2. Mangsaning kathah ulam ... 5
3. Titikanipun ulam sêgantên ... 6
4. Gugon tuhonipun bangsa saya bab wilujêngan ... 8
5. Wilujêngan tumpêng damar murub ... 8
6. Wilujêngan tumpêng damar mati ... 8
7. Wilujêngan sêkul golong ... 8
8. Wilujêngan juwadah pasar ... 9
9. Wilujêngan rujak dêgan ... 9
10. Wilujêngan arang-arang kambang ... 9
11. Wilujêngan cêngkaruk gimbal ... 9
12. Wilujêngan bubur abrit ... 9
13. Wilujêngan sêkul punar ... 9
14. Wilujêngan sêkul biru ... 9
15. Kanggening satunggil-tunggilipun wilujêngan ... 10
16. Gugon tuhonipun bangsa saya bab sarat ... 11
17. Sarat tambining kajêng jatos ... 11
18. Sarat japa mantra lan rajah ... 11
19. Sarat jimat arupi kewan ... 11
20. Sarat rosing thêthukulan ... 12
21. Sarat pirantosipun tiyang pêjah. ... 12
22. Gugon tuhonipun bangsa saya bab dintên sae ... 12
23. Gugon tuhonipun bangsa saya bab ila-ila ... 13
24. Rekanipun andamêl badhening baita ... 17
25. Rekanipun andamêl badhening wisaya ... 18
26. Baita saya ... 20
27. Cêmplon ... 21

--- 90 ---

28. Peranganing cêmplon bab Linggi ... 21
29. Peranganing cêmplon bab Gobèd ... 21
30. Peranganing cêmplon bab Sêrangan ... 21
31. Peranganing cêmplon bab Lunas ... 21
32. Peranganing cêmplon bab Lêmingsir ... 22
33. Peranganing cêmplon bab Buritan ... 22
34. Peranganing cêmplon bab Cungkrik ... 22
35. Peranganing cêmplon bab Tilib ... 22
36. Peranganing cêmplon bab Tim (sêndhêng) ... 22
37. Peranganing cêmplon bab Iba-iba (Limaran) ... 23
38. Peranganing cêmplon bab Gadhing ... 23
39. Peranganing cêmplon bab Cupon ... 23
40. Peranganing cêmplon bab Gladhag ... 23
41. Peranganing cêmplon bab Mata kakap ... 23
42. Peranganing cêmplon bab Caplak ... 24
43. Jukung ... 24
44. Pirantosipun jukung utawi cêmplon ... 24
45. Pirantosipun jukung utawi cêmplon bab Tiyang ... 24
46. Pirantosipun jukung utawi cêmplon bab Layar... 25
47. Pirantosipun jukung utawi cêmplon bab Layar agung... 26
48. Pirantosipun jukung utawi cêmplon bab Layar dhoblin ... 26
49. Pirantosipun jukung utawi cêmplon bab Layar padhu ... 26
50. Pirantosipun jukung utawi cêmplon bab Jangkar... 28
51. Pirantosipun jukung utawi cêmplon bab Kêmudhi... 29
52. Pirantosipun jukung utawi cêmplon bab Sumbi... 30
53. Pirantosipun jukung utawi cêmplon bab Singkir ... 30
54. Pirantosipun jukung utawi cêmplon bab Prampêd ... 30
55. Pirantosipun jukung utawi cêmplon bab Sanggan ... 30
56. Pirantosipun jukung utawi cêmplon bab Wêlah ... 31
57. Pirantosipun jukung utawi cêmplon bab Satang ... 32
58. Pirantosipun jukung utawi cêmplon bab Kicak ... 32
59. Baita bese ... 33
60. Pirantosipun bese ... 33
61. Dhayung ... 34
62. Baita pothik ... 35

--- 91 ---

... Kaca
63. Baita kunthing ... 36
64. Nama lan pandamêlanipun băngsa saya ... 38
65. Têtêmbunganipun băngsa saya ... 40
66. Pangrimat lan pamêmulènipun baita saya ... 41
67. Pasangan kangge nglêmpakakên ulam ... 43
68. Pasangan kangge nglêmpakakên ulam bab Rumpon ... 43
69. Pasangan kangge nglêmpakakên ulam bab Rungga ... 43
70. Pasangan kangge nglêmpakakên ulam bab Pênthèr juwi ... 43
71. Pasangan kangge nglêmpakakên ulam bab Pênthèr sriding ... 44
72. Pasangan kangge nglêmpakakên ulam bab Pênthèr kunthing ... 44
73. Wisaya ... 44
74. Pancing ... 44
75. Pancing kambang ... 45
76. Pancing bandhul (balang) ... 45
77. Pancing rawe ... 46
78. Pancing garit (gorèk) ... 48
79. Pancing irit ... 49
80. Pancing banjur ... 50
81. Pancing kakar ... 51
82. Pancing pintur ... 52
83. Rancung ... 54
84. Jala ... 55
85. Pèngêt ... 56
86. Jala kakap ... 57
87. Jala pêngkah ... 58
88. Jala juwi ... 59
89. Jala bilis ... 60
90. Jala kadha ... 61
91. Jala bêlo ... 62
92. Jala sêrang ... 63
93. Jala tèk ... 63
94. Branjang ... 63
95. Serok ... 65
96. Jari ... 66
97. Prayang ... 68

--- 92 ---

98. Tikuk ... 70
99. Banjang ... 71
100. Laha ... 72
101. Pênco ... 73
102. Jaring ... 74
103. Jaring kêmbung ... 75
104. Jaring bingsang ... 76
105. Jaring kadha ... 76
106. Jaring blanak ... 77
107. Jaring walang ... 78
108. Jaring kêlêm ... 78
109. Jaring rajungan ... 78
110. Jaring kanthong ... 79
111. Jaring cantrang ... 80
112. Jaring krikit ... 81
113. Jaring banat ... 82
114. Jaring payang (aba-aba) ... 83
115. Danguning pamisayanipun ... 84
116. Pangrekanipun angsal-angsalan ... 85
117. Pangêduming angsal-angsalan ... 86

__________

 


ngandhap. (kembali)
ngiras. (kembali)