Manik Asthagina, Angabèi IV, c. 1900, #1336

JudulCitra
Terakhir diubah: 15-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Peranganipun Manik Asthagina[1]

--- [0] ---

Ing ngandhap punika peranganipun Manik Asthagina.

1 Warni cêmêng, nama sêsotya cundhamani, sintên ingkang ngangge botên karaos luwe, paedahipun kangge mandhita, saèstu badhe kasêmbadan saliring kawruh, sarta kinèdhêpan para muridipun.

2 Warni abrit, nama manik marakata, sawabipun angicalakên hawa napsu, paedahipun kangge lampah gêgramèn

--- 337 ---

lêpat ing pituna.

3 Warni jêne, nama manik kara, sawabipun bêtah mêlèk, paedahipun botên kêkirangan têdha tuwin sandhang.

4 Warni pêthak, nama manikmaya, sawabipun narima sanggama, pikangsalipun botên kêkirangan têdha.

5 Warni ijêm, nama manik marcukundha, sawabipun lumuh ing manah murka, paedahipun kangge among tani, nêbihakên dhatêng penginan, badhe tulus kang sarwa tinandur.

6 Warni biru, nama manik endrataya, kaksiyatipun ngalisakên sêsakit, manawi dipun angge drêman putra wayah sarta kasinungan rajakaya.

7 Warni dadu, nama manik ardataya, sawabipun angicalakên manah uwas, tuwin maras, paedahipun lêpat saking sagung pangintên.

8 Warni wungu bangunjring, nama manik arja, sawabipun angicalakên wuyung, tuwin duka cipta, paedahipun kangge nyuwita, kinandêlan sihing nata, kinèringan ing sasami.

 


Judul berdasarkan pada daftar isi. (kembali)