Bagas Kasarasaning Badan, Sudirahusada, c. 1915, #100


Sêrat Piwulang Bab Rumêksa dhatêng Bagas Kasarasaning Badan.

Kaimpun dhatêng Mas Ngabèi Sudirahusada, dhoktêr Jawi pensiyun ing nagari Ngayugyakarta.

Pêthikan saking sêrat kabar wulanan Guru Desa.

--- [2] ---

[...]

--- 3 ---

Bêbuka.

Salêrêsipun sadaya tiyang punika sampun tamtu trêsna sangêt dhatêng gêsangipun. Awit saking punika para bôngsa sami amarsudi rumêksa dhatêng bagas kasarasaning badan, miturut kawontênaning papan padununganipun, kados ta: ing tanah Jawi botên wontên sêsakit ingkang nama: pès. Kosokwangsulipun ing tanah Eropah botên wontên sêsakit pathèk. Ing tanah Aprikah wontên sêsakit tilêm (mênggah ingkang dipun wastani sakit tilêm, tiyang tilêm botên tangi-tangi ngantos kêlajêng pêjah), sanèsipun nagari botên wontên.

Sarèhning jaman sapunika sêsrawunganing para bôngsa saya gampil, sêsakiting tiyang ugi gampil panularipun, amila ihtiyar rumêksaning badan satunggil-tunggiling bôngsa, pundi ingkang kamanah sae saha agêng

--- 4 ---

paedahipun lajêng dipun tiru, kados ta: cublikan cacar saking kawruhipun bôngsa Eropah, punika sampun têtela sangêt ihtiyar sadèrèngipun kontung. Samènipun: têtak, nyêgah ulam babi, tuwin nyêgah inuman kêras, punika kawruh saking bôngsa Ngarab. Bôngsa kula Jawi inggih dhawah cêcêgahan sarta sêsirikan, minôngka panulaking sêsakit, kados ta: botên kenging damêl griya sujèn têrus, tuwin badhe ngimah-imahakên anak mawi dipun petangi.

Sanadyan ingkang kasêbut nginggil punika wau wontên ingkang dèrèng sampurna, nanging sampun kenging kangge ancêr-ancêr, utawi panuntun dhatêng ihtiyar rumêksaning badan. sapunika kula badhe amiwiti nyariyosakên bab jêjodhoan, kados ing ngandhap punika.

Wontênipun bôngsa Jawi bilih anjêjodhokakên anak, kêdah angèngêti:

--- 5 ---

1. Bibit.
2. Bèbèt.
3. Bobot.

Bab 1.Bibit.

Ingkang dipun wastani bibit, inggih punika: wiji, tiyang anjodhokakên anak punika, sami ugi kalihan tiyang ananêm têtuwuhan, èsthining manah supados pawingkingipun sagêda sae uwohipun, mila kaprasudi sangêt pamilihipun dhatêng bibit.

Mênawi miturut ingkang kasêbut nginggil, saèstunipun botên gampil, nanging ancêr-ancêr ingkang kenging dipun turut: namung saking sêsawangan.

Mênawi wontên lare: edan, ayan, mêngi, cêkèk, barah, budhug, rajasinga, utawi sanès-sanèsipun sêsakit ingkang ambêbayani, jalêra [jalêr...]

--- 6 ---

[...a,] èstria, punika kalêbêt golonganipun bibit awon. Kadospundi awonipun: bibit ingkang makatên punika ingkang kathah botên sagêd dumugi anggènipun jêjodhoan, punapa malih manawi sagêd nuwuhakên, anakipun ugi katurunan sêsakiting tiyang sêpuhipun.

Bab 2.Bèbèt.

Ingkang dipun wastani bèbèt, inggih punika: trah, utawi turun, mila tiyang Jawi mênawi badhe ngimah-imahakên anak, angèngêti dhatêng bèbèt, sabab awon saening watêkipun bèbèt ingkang kathah tumus dhatêng bibit, kados ta: bèbètipun tiyang edan, bêja-bêjanipun manawi nurunakên inggih gêndhêng utawi busuk.

Bab 3. Bobot.

Ingkang dipun wastani bobot, inggih punika: kêlakuan [kê...]

--- 7 ---

[...lakuan,] utawi antêping manah, sanadyan bibit sae, sarta bèbètipun tiyang sae, nanging lare wau angantêpi kalakuan awon, ingkang tamtu lajêng dados panacadan. Têrangipun malih: sanadyan putraning priyantun, bilih kalakuanipun awon, inggih sinirik ing tiyang.

Kajawi ingkang kacariyos nginggil, anjodhokakên lare punika ingkang sae lare ingkang sampun diwasa, têgêsipun nêdhêng, utawi akil balèg, awit manawi dèrèng akil balèg, têksih kênèmên wiji, watêkipun wiji nèm punika tuwuhipun kirang sae, makatên ugi têtanêman, manawi wijinipun ênèm sanadyan sagêda tuwuh inggih botên tulus gêsangipun.

Sawênèh wontên ingkang anêtêpakên dhatêng kodrating Pangeran. Kados ing ngandhap punika.

--- 8 ---

Ing sabên pitung taun Gusti Allah amaringi têtêngêr, minôngka ngèngêtakên dhatêng titahipun tiyang gêsang.

1. Lare dumugi umur pitung taun: untu pupak.
2. Lare dumugi umur kawan wêlas taun: lare jalêr suwara agor, lare èstri kèl.
3. Lare dumugi umur salikur taun: jêbroling wulu, akil balèg.
4. Lare dumugi umur wolu likur taun: thukuling êbam wêkasan.
5. Lare dumugi umur tigang dasa gangsal taun, mêmpêng.
6. Lare dumugi umur kawandasa kalih taun: pantoging kamêmpêngan.
7. Lare dumugi umur kawandasa sanga taun: kèndêl nuwuhakên wiji.
8. Lare dumugi umur sèkêt nêm taun: kêndho.

--- 9 ---

9. Lare dumugi umur sawidak tiga taun, roh wiwit ngalokro.
10. Lare dumugi umur pitung dasa taun: padhêm, sirêp, têlas.

Têrangipun kados ing ngandhap punika.

[Grafik ---

Umuripun tiyang punika sami kalihan umuripun saliring dumados, sadaya mawi watês, botên wontên ingkang langgêng, nanging beda-beda panjang cêlakipun, sampun malih ingkang sipat gêsang botêna risak, sanadyan [sana...]

--- 10 ---

[...dyan] jagad ing têmbe ugi risak.

Ôngka pêpindhaning umur ing nginggil punika wau petang racaking Indhiya ngriki, sanès tanah wontên kaotipun, utawi malih kathah-kathahing tiyang wontên ingkang marojol saking petangan punika, kados ta: tiyang gêsang dèrèng sapintêna umuripun, lajêng pêjah. Kosokwangsulipun, tiyang gêsang umuripun ngantos dumugi wolung dasa taun, utawi wontên ingkang umur langkung saking satus taun, nanging inggih botên kathah. mênggah ingkang makatên punika sabab kabêkta saking papan padununganipun, sarta rinangkêpan santosaning ihtiyar.

Manawi makatên punapa kodratullah kawon kalihan iradat, utawi ihtiyaring manusa. Botên kawon, nanging manusa dipun wajibakên ihtiyar, têrangipun makatên: sarèhning sami-samining titah manusa punika kalêbêt [kalê...]

--- 11 ---

[...bêt] kinaot, amila kadunungan budi, saking kaparêngipun Hyang Maha Suci, budining manusa punika sami dipun anggèa ambudidaya sarta anyingkiri samukawis ingkang badhe angrisakakên badanipun. Punika dipun wastani ihtiyar. Ingkang dipun wastani ihtiyar lare dipun cacar, bibit bèbèt bobot lan sapanunggilanipun, punapa malih manawi ihtiyar wau kanthi panuwun ingkang santosa, Gusti Allah tamtu botên kasamaran, saèstu dipun paringi punapa sasêdyanipun (wajida wajidahu).

Manawi tiyang gêsang sêpên ing ihtiyar: prasasat sampun sarira suksma, lah ingkang makatên punika botên kenging sampeyan ilu-ilu, awit sampun ganjaranipun piyambak-piyambak.

Pêpindhan nginggil ingkang mawi dipun corèk ing antawisipun umur sataun dumugi pitung taun, kalihan ing antawisipun umur sèkêt dumugi sawidak taun, [ta...]

--- 12 ---

[...un,] corekan punika nelakakên sandhunganipun tiyang gêsang wontên ing kalih panggenan punika, manawi dipun petanga cacahipun tiyang pêjah mindhak kêroncènên, namung cêkakanipun kemawon lare ingkang pêjah ngumur sataun, dumugi ngumur tigang taun sakalangkung kathah, makatên ugi tiyang sêpuh ingkang pêjah wontên ing antawisipun ngumur sèkêt kalihan sawidak taun inggih kathah. Samantên wau manawi dipun timbang kalihan ingkang pêjah ngumur pitung taun sapiturutipun kalêbêt namung sakêdhik. Sababipun punapa têka kathahing pêpêjah namung wontên ngumur-umuran kalih panggenan wau, gancaripun kados ing ngandhap punika.

Bayi ingkang mêntas lair dumugi ngumur tiga taun, badanipun sakalangkung ringkih, punapa malih manawi kacênthèt ing toya sêsêpan, utawi kêkathahên anggènipun nêdhani sêkul, praboting badan lajêng alum [a...]

--- 13 ---

[...lum] sarta botên wêntalan, manawi badaning lare wau sampun kirang wêntala, lajêng katrajang sêsakit pilêg, sarta watuk mawi bêntèr, utawi sakit padharan sarta racêkên, sadaya wau andadosakên jalaraning pêjahipun. Wontên malih sêsakiting lare ingkang kalêbêt ambêbayani, inggih punika sakit gabag= gabagên. Kathah kemawon lare ingkang katiwasan jalaran sakit gabagên utawi paduwanipun, ingkang makatên punika sabab saking kirang pangrêksanipun.

Wontên malih sêsakiting lare ingkang sakalangkung anggêgirisi, inggih punika sarap utawi sawan.

Sarap utawi sawan punika sami-sami sêsakit mèh botên kenging dipun tulungi. Dene ingkang dados wijinipun sêsakit punika wau: saking tiyang sêpuhipun piyambak nalika dhawahing nutfah nuju sakit bêngang (rajasinga) utawi rumiyin-rumiyinipun sampun nate sakit [saki...]

--- 14 ---

[...t] makatên, ananging dipun manah botên dados punapa, sarta dipun sêngguh sampun mantun, sabab botên wontên antawisipun manawi taksih sakit, nanging sajatosipun sakitipun wau taksih angêmbèl wontên sasaranduning badanipun. Tiyang ingkang makatên punika upami gadhah anak sadasa, bilih gêsang satunggal sampun nama bêgja.

Padatanipun tiyang Jawi: kawontênan ingkang kasêbut nginggil, dipun wastani botên waris anak-anak, lha: lajêng sêring dipun isarati anakipun dipun sukakakên dhatêng tiyang sanès, utawi sarat sanès-sanèsipun, nanging sayêktosipun bilih ingkang sêpuh piyambak lajêng purun sêsarat jampi ingkang ngrêsikakên êrahipun, insa Allah mêsthi anakipun lajêng sagêd lêstantun gêsang.

Sapunika gancaripun jalaraning kathah pêpêjah wontên ngumur-umuran sèkêt nêm, dumuginipun sawidak tiga

--- 15 ---

taun.

Wiwit umur pitung taun sakathahing sari-sari ingkang dados dhasaripun badaning manungsa wiwit mubal, ubaling sari-sari wau laminipun ngantos pitung taun kaping nêm, inggih punika kawan dasa kalih taun kados pêpindhaning umur ing nginggil. Manawi sampun kawan dasa kalih taun ubalipun wiwit suda, dungkap kawan dasa sanga dumuginipun sèkêt nêm taun, sudanipun botên tarimah sapalih piyambak.

Sakathahing sêngkala ingkang manjing badanipun manusa, wiwit umur pitu dumugi kawandasa kalih taun, wontên ingkang tanpa daya, wontên ingkang botên tumama, sarta wontên ingkang sirna, punapa malih wontên ingkang sirêp, nanging taksih kumanthil wontên saranduning badan. sarèhning ubaling sari-sari wiwit suda, sapunika sêngkala ingkang taksih kumanthil wau gêntos mubal [muba...]

--- 16 ---

[...l,] ing dalêm kawan wêlas taun (dados umur sèkêt nêm) ubalipun saya andados, sabab sakathahing sari-sari botên kuwawa ananggulangi, têmahan kawon, wadhagipun manusa botên kuwawi lajêng pêjah.

Sagêdipun kalis sampun ngantos kataman sêngkala, utawi sanadyan katamana: sampun ngantos tumama, punika namung isarat saprakawis, inggih punika mawi isarat pangrêtos ihtiyar.

Bab umuring tiyang wiwit lair dumugi pitung taun.

Bilih jabang bayi lair cêngèr sapisan, wiwit ambêkan. Inggih punika ngantawisi yèn lare wau gêsang, sarèhning sapunika gêsangipun jabang bayi santun jaman, kodrating Pangeran bayi wau mawi ambêkan, beda kalihan rikala têksih wontên guwa garbaning biyung, gêsangipun botên kalihan ambêkan (= napas) sarta botên nêdha, kêjawi namung nêsêp rahing biyung mêdal saking [sa...]

--- 17 ---

[...king] bing-bingipun lajêng malêbêt dhatêng pusêring jabang, kadosdene gêsanging kêmladheyan ingkang marambat ing kêkajêngan, satêmah awon saening rahipun biyung malêbêt dhatêng saranduning badanipun jabang bayi, dalah wêwatêkaning biyung kaprahipun ugi tumus dhatêng jabang bayi.

Bilih jabang bayi sampun umur sadintên sadalu, dangu-dangunipun umur tigang dintên tigang dalu, sampun wiwit luwe, ing ngriku Hyang Maha Suci botên kasamaran anggènipun aminta têdhaning jabang, susuning biyung angrangkaki lajêng mêdal toyanipun susu, inggih punika minôngka têdhaning jabang bayi.

Manawi jabang sampun umur gangsal utawi pitung dintên, pusêripun coplok, dipun wastani puput, utawi pupak pusêr.

Limrahipun bôngsa Jawi pusêring jabang bayi wau lajêng dipun wur-wuri gêrusan griya tawon tutur, utawi gêrusan [gêrusa...]

--- 18 ---

[...n] arêng suksma diluwih, utawi gêrusan arêng bathok. Manawi kula rêmên gêrusan arêng suksma diluwih utawi gêrusan arêng bathok.

Ing nginggil sampun kula cariyosakên bilih pusêr punika margining têtêdhanipun jabang bayi kala taksih wontên salêbêting guwa garba, manawi ngrêsiki pusêr kêdah ingkang ngatos-atos, sabab labêtipun taksih timah-timah. Manawi grusa-grusu lajêng sok mêdal rahipun, sanadyan mêdalipun rah namung marêntul, nanging marêntuling rah manawi botên sagêd kèndêl sadintên sadalu jabang bayi lajêng pêjah. Cariyos kula punika botên nama ngajrih-ajrihi, kula piyambak sampun kêrêp manoni.

Manawi bayi wiwit purun nêsêp, dipun angkah-angkaha sabên kalih jam dipun sêsêpana malih.

Limrahipun bôngsa kula Jawi bayi punika kajawi dipun sêsêpi mawi dipun dublag, ingkang makatên wau kula [ku...]

--- 19 ---

[...la] wastani nyulayani karsanipun Gusti Allah, awit ingkang murbèng jagad sampun maringi têtêdhaning bayi, inggih punika toya sêsêpan, kenging punapa têka anakipun dipun jiyad dipun sêsêli têtêdhanipun tiyang sêpuh.

Bayi ingkang dipun têdhani sêkul punika ing têmbe manawi dipun sapih lajêng kumêt daging, botên antawis lami lajêng katêdha ing racêk, wêkasanipun kathah ingkang kalajêng pêjah. Gusti Allah ingkang sipat mirah: rak sampun paring sasmita dhatêng umatipun, yèn bayi punika sadèrènge mêdal untunipun, dèrèng kenging nênêdha kêjawi toya sêsêpan, amargi lare dèrèng sagêd mamah, sagêdipun namung ngênyut, manawi bayi sampun dungkap umur sangang wulan, Gusti Allah paring sasmita malih, gusining bayi wiwit mêdal untunipun, punika ngantawisi bilih bayi wau wiwit kenging dipun upa-upa saking sakêdhik, manawi êbamipun sampun mêdal,

--- 20 ---

punika ngantawisi bilih lare wau wiwit kenging mamah.

Bayi ingkang ngumur gangsal wulan lajêng dipun cacarna, makatên malih manawi kiwa têngênipun padunungan ngriku kaambah ing sêsakit plênthing (cacar), bayi ingkang umuripun kirang saking gangsal wulan sampun angêntosi têtêpipun gangsal wulan, lajêng kacacarna, sarta lare ingkang umuripun gangsal taun minggah ugi lajêng kacacarna malih.

Manawi lare sampun umur gangsal wêlas wulan salêrêsipun sampun kenging dipun sapih.

Sawênèhing nujum nyariyosakên bilih bayi punika botên kenging pisan-pisan dipun tilêmakên wontên ing bandulan, sarta botên kenging dipun iyun, sabab ing têmbe watêkipun lare jirih utawi tipisan manah, sarta kagetan utawi gugupan.

Sawênèhing kaol malih nyariyosakên manawi tiyang sêpuh anglela-lela bayi sampun sok dipun [dipu...]

--- 21 ---

[...n] isik-isik, sabab akiripun lare wau manahipun miyar-miyur botên sagêd panggah, sarta botên gadhah kantêpan, sabab kêmanuhên sakaning alit linalantih dipun rèh manahipun, benjing dumuginipun sêpuh botên purun nyambutdamêl manawi botên dipun êrèh, dados tumindakipun namung sapakèn. Utawi malih lare punika botên kenging pisan-pisan dipun ajrih-ajrihi, jalaran akiripun kajawi jêrih watêkipun rêmên goroh.

Wulang wurukipun tiyang sêpuh dhatêng lare, dipun angkah-angkaha manawi lare dèrèng umur pitung taun sampun dipun pêrdi kasusastran, nanging dipun wurukana samukawis pratingkah utawi patrap ingkang sae, kados ta: tatakrama, unggah-ungguh. Sampun sok dipun dongèngi ingkang mokal-mokal. Manawi lare beka dipun arêm-arêmana têmbung manis, sampun pisan-pisan mawi

--- 22 ---

têmbung sêrêng, sarta têmbung saru (pisuh sasanunggilanipun)sapanunggilanipun. Tiyang sêpuh kêdah sabar, sabab manahipun lare sawêg ambêg kumratu-ratu, bilih dipun pêthès ngrisakakên rohipun lare.

Sêdhêngipun lare dipun pêrdi kasusastran punika manawi sampun pupak. Sarèhning ing padhusunan punika sampun wontên pamulangan, lare wau lajêng kalêbêtna dhatêng ing pamulangan, utaminipun malih manawi sontên dipun pêrdia ngaos.

Wiwit umur pitu dumugi kawan wêlas taun, tindak tandukipun tiyang sêpuh ingkang kalêbêt saru sampun dipun kêtingalakên dhatêng lare, makatên malih manawi lare dèrèng sumêrêp ngisin, sampun pisan-pisan dipun elikakên, kados ta: wuda sapanunggilanipun, sabab panampinipun lare kados dipun gugah utawi kados dipun sêrêpakên dhatêng wêwados, sarta tiyang sêpuhipun [sêpuhi...]

--- 23 ---

[...pun] lare wau kenging dipun wastani anggege môngsa kabiraèn. Manawi lare botên ambangun turut sampun sêdhêngipun bilih tiyang sêpuh angêrêngi.

Wiwit umur kawan wêlas taun pamêrdinipun tiyang sêpuh botên kenging kêrêng, sabab praboting badan sarta rohipun, upami sêkar sawêg badhe mêgar, ing wêktu punika lêkas dipun sêrêpna dhatêng druhaka kalihan kawruh sajati, têrangipun samukawis sêsêrêpan ingkang kenging dipun angge pados pangupajiwa, makatên malih pikantukipun lare sumêrêp dhatêng druhaka punika ingkang limrah sagêd nahan dhatêng hawa napsu kabiraèn, sabab kathah kemawon lare anguja hawa lajêng andadosakên karisakaning badanipun.

Bab Têtak utawi Sunat.

Têtak utawi sunat punika tatacara Jawi ingkang kêdah dipun lampahi ing jaman sapunika, miturut agami [a...]

--- 24 ---

[...gami] Islam. Nanging salêrêsipun kala tiyang Jawi dèrèng masuk agami Islam, tiyang Jawi ugi sampun wontên ingkang têtak miturut agaminipun, namung botên patos kathah kados sapunika.

Têtak punika pikantukipun dhatêng kasarasaning badan kathah sangêt, amila layak kemawon para dhoktêr sami nayogyani dhatêng têtak wau.

Wondene patraping pangiris warni-warni, wontên ingkang dipun pagas, wontên ingkang dipun bêlah, sarta wontên ingkang angêlongi ikut dhapur ngêjèn, patraping pangiris warni tiga wau pikantukipun dhatêng pêrlu, saking pamanah kula sami kemawon, anggêr sagêd mancêlèk, sabab kathah kemawon tiyang ingkang botên têtak, manawi katrajang sêsakit angèl mantunipun manawi botên dipun têtaki.

Bab Imah-imah.

Kajawi ingkang sampun kula cariyosakên nginggil, bab [ba...]

--- 25 ---

[...b] bibit bèbèt bobot, wontên malih ingkang pêrlu kula sorahakên minôngka pêpiritanipun bôngsa Jawi anggènipun sami angimah-imahakên anakipun.

Miturut pêpêsthèning agêsang, tiyang punika manawi sampun ngumur pitu kaping kalih, inggih punika ngumur kawan wêlas taun, pancèn sampun kenging jêjodhoan, nanging kauningana: bilih manusa punika gêsangipun beda kalihan gêsanging sato, gêsanging sato namung nêdha kalihan pidhudhuk (sahuwat), wangsul gêsanging manusa kajawi kalih prakawis punika mawi rêrangkèn kalimrahan, tatakrama kalihan dugi prayogi, sarta ingkang ngawrat-awrati malih anggènipun anggadhahi watêk pados kamajêngan utawi kalangkungan, têrangipun kados ing ngandhap punika.

Kalimrahan= manusa kudu nganggo sandhangan. Tatakrama= kudu sumurup unggah-ungguh. Duga prayoga= [pra...]

--- 26 ---

[...yoga=] angarah-arah barang kêmajuan= kêpengin samubarang sarta kaluwihan= kêpengin kinacèk. Gangsal prakawis ingkang kasêbut nginggil punika, ingkang gathuk kalihan golongan rumêksa kasarasaning badan namung kêpengin kinacèk, kados ta: rahayua uripku lan anak putuku, padha kalisa ing lara, lamun bisaa mono: mati aku gêmang, sarèhne pinasthi kudu mati, ya mung ginanjara umur dawa bae, lah makatên jaman ing akathah pikajênganipun tiyang gêsang.

Manawi cariyos kula punika sami kamanah kathah lêrêsipun, panuwun kula mugi sami angèngêtana bilih tiyang gêsang punika, wiwit ngumur kawan wêlas dumugi salikur taun mênggaha sêkar mêkatên sawêg mêgar, wênganing budi lêkas santosa, ubaling pôncadriya saya andados, manah saya lantip, cêkakipun ing waktu punika kawastanan sawêg mêmpêng-mêmpêngipun dhatêng samukawis, kalimrahanipun [kali...]

--- 27 ---

[...mrahanipun] para bôngsa Eropah utawi bôngsa Jawi ingkang sampun mangêrtos, anak ingkang umur samantên wau dèrèng dipun imah-imahakên, awit sawêg kaprêtêk ing piwulang bab pangupadosing pangupajiwa, manawi kasêsa dipun imah-imahakên badhe katungkul, wêkasan dungkap umur salikur taun sampun kasèp, sabab, lare ingkang ngumur kawan wêlas taun minggah, salikur taun mangandhap, saupami tosan, tosan abrit, taksih gampil anggènipun ngêlak-êluk, bilih ngumur salikur taun minggah: upami tosan abrit sampu asrêp. Kajawi saking punika awonipun malih watêk wiji nèm punika turunipun alit-alit, bêbalunganipun kirang santosa, samukawis ingkang ringkih watêkipun bêncirih tur apêsan.

Kajawi ingkang kasêbut nginggil wontên malih ingkang dipun wastani: aja kêpara-para, utawi: aja kêparan êndoh.

--- 28 ---

Têmbung Jawi makatên wau pikajêngipun manawi tiyang sêpuh anjodhokakên anakipun angsal sami sanak sadhèrèkipun piyambak.

Padatan ingkang makatên wau tumrapipun tiyang alit sapunika sampun mèh botên kêlimrah, ingkang andadosakên sabab: bokmanawi saking pocapanipun, punapa malih mênggah wontên apêsipun botên dados lajêng crah kalihan sanak sadhèrèk piyambak. Wondene ingkang taksih nglastantunakên ngagêm namung para luhur, ingkang makatên wau bokmanawi saking rumêksa trahing aluhur sampun ngantos kêwoworan bôngsa alit.

Miturut ngèlmi kodrat sarta cocog kalihan pamanggihipun para sarjana, bilih ngagêsang punika tinitahakên kêdah abêbranahan, kajêngipun anuwuhakên wiji dadosa isèn-isèning jagad. Ananging sarèhning manusa punika tinitah beda, sawanganipun kados-kados [ka...]

--- 29 ---

[...dos-kados] kinawasakakên angrèh sasaminipun dumados, asarana budinipun.

Budining manusa punika botên ngamungakên kaangge sarana mangrèh kemawon, ugi kangge angrekadaya samukawis ingkang mikantuki dhatêng badan salaminipun gêsang, dipun wastani ihtiyar. Miturut cariyos kula ing nginggil anjodhokakên lare kêdah ingkang mulat saha satiti pamilihipun, supados wilujênga sapanginggilipun. Prakawis pamilihing lare saèstunipun botên gampil, awit tiyang gêsang punika kathah ingkang botên pramanêm dhatêng bagas kasarasaning badanipun lare ingkang dados siring manahipun, dene sagêdipun anitèni sakêdhik kalih kêdhik punika, kêjawi namung saking bagas kasarasaning sadhèrèkipun lare wau, môngka limrahing tiyang gêsang punika botên wontên ingkang rêsik, botên ketang sakêdhik inggih katutan sêsakit, [sê...]

--- 30 ---

[...sakit,] dene badhe kandêl tipising sêsakit wau mawi-mawi anggènipun jêjodhoan, inggih punika upami lare imah-imah angsal lare ingkang nunggil sêsakit, punika turunipun wiwit dados tuwuh wontên salêbêting guwa garba, sampun ambêkta sêsakiting bapa kawêwahan dhasar sêsakitipun biyung, brol lair jabang bayi sampun ambêkta sêsakiting bapa biyung ingkang kandêlipun anglangkungi sêsakitipun bapa biyung.

Manawi lare wau angsal jodho lare ingkang botên nunggil sêsakit, sanadyan turunipun ambêktaa sêsakiting bapa, ananging namung sakêdhik botên patos kandêl. Anak wau ing têmbe mênawi diwasa angsal jodho lare ingkang botên nunggil sêsakit, turunipun sampun botên katutan sêsakit, sanadyan katutana nanging sakalangkung tipis, makatên sapiturutipun, tigang kawan turunan sêsakiting bapa biyung sagêd sirna

--- 31 ---

babar pisan, amila pamrayoginipun para sarjana, sampun anjodhokakên lare angsal sanak sadhèrèk piyambak.

Têrangipun malih makatên: upami lare jalêr sakit mêngi imah-imah angsal lare èstri ugi sakit mêngi, ing têmbe turunipun gadhah sakit cêkèk, lare jalêr sakit gêndhêng imah-imah angsal lare èstri sakit kanganglangan, manawi anak-anak edan, makatên sapanunggilanipun.

Para sarjana tanah Eropah sampun sami anitèni tiyang jêjodhoan punika ingkang sagêd sae turunipun, bilih tiyang jalêr wiwit ngumur: 25 taun, dumugi 45 taun. Bilih tiyang èstri wiwit ngumur 20 taun dumugi 40 taun, langkung saking umur-umuran, utawi kirang saking umur samantên wau turunipun kirang sae, sabab: manawi umuripun kirang saking 25 taun, kênèmên. Langkung saking 45 taun, kêsêpuhên,

--- 32 ---

tumrap tiyang jalêr. Manawi tiyang èstri kirang saking 20 taun, kênèmên, langkung saking 40 taun, kêsêpuhên.

Manawi tiyang jalêr sampun ngumur 45 taun, angsal jodho tiyang èstri ingkang taksih nèm, punika turunipun taksih sae. Kosokwangsulipun, manawi tiyang èstri umur 40 taun, angsal jodho tiyang jalêr ingkang taksih nèm, turunipun ugi taksih sae, ananging sae sami sae taksih kawon sae kalihan tiyang ingkang jêjodhoan ingkang sami sababag ênème umuripun.

Bab Hawa – Angin.

Hawa punika anglimputi bumi, sanadyan hawa wau botên sagêd katingal kasat mata, ewadene para sarjana sagêd anêrangakên pêperanganing dzat ingkang wontên salêbêting hawa, mênggah kawontênaning dzat ingkang parlu kula cariyosakên namung sakawan, kados [ka...]

--- 33 ---

[...dos] ing ngandhap punika.

1. Sarining angin.
2. Sarining bumi.
3. Sarining toya.
4. Sarining latu.

Sari sakawan punika bageyanipun ingkang kathah piyambak namung sarining angin, mamoring dzat sakawan punika mahanani hawa, manawi salah satunggalipun dzat bagiyanipun kirang utawi langkung saking pêpêsthènipun lajêng dados wisa utawi upas.

Kodrating Pangeran hawa punika tumut anggêsangi saliring dumados ingkang sipat gêsang, têrangipun makatên: sawarnining sato kewan sarta manusa gêsangipun botên sabab anggènipun nêdha kemawon, nanging kêdah ambêkan, nglêbêtakên utawi ngêdalakên hawa, manawi hawa malêbêt, sakathahing sari kasêbut [kasêbu...]

--- 34 ---

[...t] nginggil lajêng anggêsangi praboting badan, ampasing sari-sari wau botên kenging kèndêl wontên badan, kêdah mêdal, inggih punika warni hawa ingkang mêdal saking napas, hawa ingkang mêdal saking napas bagiyanipun ingkang kathah sarining bumi, dene sarining angin namung kantun sakêdhik, sabab dipun têdha praboting badan. Ing nginggil kula cariyosakên manawi salah satunggalipun dzat wau bagiyanipun langkung utawi kirang saking pêpêsthèn lajêng dados upas, kadosdene hawa ingkang mêdal saking napas kêkathahên sarining bumi, pasêksènipun makatên: pêksi glathik dipun lêbêtakên ing gêlas pangunjukan lajêng dipun kurêpakên wontên ing meja, dangu-dangu pêksi wau lajêng pêjah, bôngsa Jawi mastani pêjah kêplêpêkên. Mênggah têrangipun pêjahing pêksi wau makatên: hawa ingkang wontên salêbêting gêlas mangkurêp punika, dipun angge napas pêksi glathik dangu-dangu sari warni sakawan kêsêbut [kêsê...]

--- 35 ---

[...but] nginggil têlas, môngka pêksi tansah ngêdalakên hawa mawi sarining bumi, dangu-dangu salêbêting gêlas namung isi sarining bumi thok, dados pêjahipun pêksi glathik kenging upas ingkang mêdal saking badanipun piyambak.

Manawi pasêksèn ing nginggil punika wau lêrês, lami-lami ing jagad amêsthi badhe kêbak isi sarining bumi, satêmah saliring dumados ingkang asipat gêsang pêjah sadaya, sabab anggènipun ambêkan tansah anyêrot sarining angin, angêdalakên sarining bumi.

Sarèhning sampun kinodrat mênawi abên-abênaning sari kirang utawi langkung saking pêpêsthèn dados wisa, Hyang Hama Suci têka botên kewran anggènipun anyirnakakên sakathahing sari-sari ingkang badhe andadosakên karisakanipun para titah, sakathahing têtuwuhan sami sinungan watêk angisêp sarining bumi ngantos hawa ingkang dados wisa wau sagêd dados tawar.

--- 36 ---

Kajawi ingkang sampun kasêbut ing nginggil, hawa punika mawi kêwoworan baktèri utawi lêlêmbut, saking lêmbatipun ngantos botên katingal, nanging bilih katimbang kalihan hawa: taksih lêmbat hawanipun, amila sakathahing lêlêmbut wau sami mênêp dados êndhêg-êndhênging amun-amun. Mênggah kandêl tipising êndhêg-êndhêg wau saking pangandikanipun para sarjana: ngantos kalih têngah mètêr, dados racak-racakipun ing tanah andhap sadêdêgipun tiyang, manawi makatên tiyang gêsang punika anggènipun ambêkan botên ngamungakên ngisêp sarining hawa kemawon, ananging ugi katutan sakathahing lêlêmbat, mila mênawi badanipun kirang mêntala lajêng dados jalaraning sêsakit warni-warni.

Katêrangan ing nginggil punika manawi dipun manah sayêktos, sanadyan dedea dhoktêr amêsthi inggih lajêng mangrêtos bilih hawa punika sajatosipun rêsik [rêsi...]

--- 37 ---

[...k] ing tanah inggil, tinimbang ing tanah andhap.

Bab Griya.

Amirit cariyos kula bab hawa, pasitèn ingkang andhap punika dados adhêganipunandhêganipun sakathahing lêlêmbut, ngantos dadosakên êndhêg-êndhêging amun-amun, dene kandêl tipisipun ngantos kalih têngah mètêr, pasitèn wau saya inggil saya tipis êndhêg-êndhêgipun, manawi makatên sampun tamtu tiyang gêgriya punika sae wontên pasitèn ingkang inggil, sabab hawanipun rêsik, sarta awis kambah ing sêsakit, beda kalihan tiyang ingkang gêgriya wontên pasitèn ingkang andhap, hawanipun rêgêd tur kêrêp kaambah ing sêsakit warni-warni.

Sanadyan tiyang sampun sami sumêrêp, utawi mangrêtos bilih pasitèn ingkang andhap punika botên mikantuki pisan-pisan dhatêng atasing kasarasanipun badan,

--- 38 ---

Ewadene botên kirang tiyang ingkang pancèn maha dêdunung wontên pasitèn ingkang andhap wau, punika sabab saking awratipun tiyang ngupados pangupajiwa, sawênèh malih purunipun dêdunung wontên ngriku: sabab saking botên sumêrêp utawi pancèn dèrèng mangrêtos. Mila tiyang ingkang sumêrêp sarta kuwasa, sanadyan pangupajiwanipun wontên ing panggenan hawa rêgêd ngantos sadintên muput, nanging ing wanci sontên sabibaring pandamêlan lajêng sami mantuk dhatêng griyanipun ingkang manggèn wontên ing pasitèn ingkang inggil. Wontên ugi tiyang ingkang sumêrêp dhatêng bab punika wau, nanging kapêksa botên kenging kesah saking ing ngriku, namung griya miwah banjar pêkaranganipun amêsthi dipun tata sae saha rêsik, kados ta: para priyayi Jawi sarta priyayi bôngsa Eropah ingkang dêdunung sauruting pasisir.

__________