Pangêrèhing Kapal, Wintêr, 1924, #602

JudulCitra
Terakhir diubah: 20-02-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Bab Pangêrèhing Kapal

Manut caraning karaton ing Surakarta, tuwin wêwijanganipun sakathahing sranduning kapal tumpakan.

Babon asli saking sawargi Tuwan F.L. Wintêr.

[Grafik]

Kaêcap ing gêdhong pangêcapanipun N.V. UITG. MIJ. H. BUNING ing Ngayugyakarta, taun 1924

--- [1] ---

Sêrat Bab Pangêrèhing Kapal

Manut caraning karaton ing Surakarta, tuwin wêwijanganipun sakathahing sranduning kapal tumpakan.

Babon asli saking sawargi Tuwan F.L. Wintêr.

[Grafik]

Kaêcap ing gêdhong pangêcapanipun N.V. UITG. MIJ. H. BUNING ing Ngayugyakarta, taun 1924

--- [2] ---

[...]

--- [3] ---

Bêbuka.

Ing sasêrêp kula para sagêd dèrèng wontên ingkang anggêlarakên bab kawruh pangêrèh utawi anêgari kapal, saha ingkang amratelakakên namaning têtangsul, tangkêbing sirig, pêkakan, saha namaning lêlênggahanipun anumpak kapal, makatên malih ingkang anyorahakên bab srandu tuwin ukuripun kapal, saupami ingkang samantên wau botên kapacak ing sêrat ingkang nyarambahi ing kathah, măngka ing têmbe para putus dhatêng kawruh kapal wontên sudaning pamarsudinipun, sampun mêsthi badhe angicalakên wêwaton bab kawruhing kagunanipun kapal ingkang pinanggihipun saking pambudi ingkang kalangkung angèl, mila saking pangowêl kula, bab pangêrèh sarta sanèsipun kawruh ingkang kasêbut ing nginggil wau, kalampahan kula pacak ing sêrat punika, dene pêpakipun makatên punika saking bêbantunipun para mitra kula ingkang satuhu rahab dhatêng pamarsudining turăngga.

--- 4 ---

Mênggah para sagêd utawi para marsudi tuwin para ingkang rêmên dhatêng kapal, mugi anggaliha lowung, utawi minăngka tambêling kabêtahan ingkang amung sakêdhik sangêt, dene kawruh ingkang kapratelakakên punika inggih botên tilar pêpathokan ingkang taksih kagêm wontên ing karaton dalêm Surakarta.

Wasana manawi wontên tuna-dungkabipun utawi taksih wontên kêkiranganipun sêrat punika, mugi ingkang Agung aparinga pangapuntên dhatêng kula.

F.L. WINTER.

--- 5 ---

Bab katêrangan namaning têtangsul, tuwin patraping panyêpêngipun.

Tangsul kalih.

Tangan têngên nyêpêng apus ingkang sisih têngên, tangan kiwa nyêpêng apus ingkang sisih kiwa.

Tangsul sanga.

Tangan têngên nyêpêng apus kalih pisan, tangan kiwa nyêpêng apus sangajêngipun tangan têngên, patrapipun: dariji manis saha jênthik nyangkêrêm apus ingkang sisih kiwa, panuduh saha dariji têngah nyêpêng apus ingkang sisih têngên sarana kapidih ing jêmpol.

Tangsul manyura.

Tangan kiwa nyêpêng apus kados tangsul sanga, kaotipun kalihan tangsul sanga, dariji têngah gêsang,[1] tangan têngên nyêpêng apus sawingkingipun tangan kiwa, patrapipun ngingsad-ingsêd utawi ngulahakên kêndho-kêncêngipun apus ingkang sisih têngên.

--- 6 ---

Tangsul satunggal.

Ingkang nyêpêng apus amung tangan kiwa, panyêpêngipun kados tangsul sanga.

Tangsul gatra.

Panyêpêngipun apus karangkus ing tangan kiwa. Punika tumrap kapal ingkang sampun gambuh.

Tangsul puspa.

Panyêpêngipun apus amung kapidih ing panuduh kalihan jêmpol kiwa.

Tangsul ponjèn.

Punika apusipun amung kabundhêlakên kemawon.

Tangsul pada.

Apus têngên kajêpit ing jêmpol suku têngên, apus kiwa kajêpit ing jêmpol suku kiwa. Tangsul pada punika tumrap manawi wontên kapal ingkang tansah andhangar, (punika patrapipun ing jaman rumiyin) [rumi ...]

--- 7 ---

[... yin)] mênggah ing samangke sampun botên kangge, cêkap saking kasutri kemawon.

Tangsul madu sadana.

Inggih punika tanduk ingkang tumrap ing kapal saantukipun dipun têgari, manawi sampun cêlak padununganipun kêdah kaarêm-arêm[2] supados sarèh ing manahipun.

Tangsul camêthi.

Inggih punika pananduking gêgêbag, wijangipun sadasa warni.

Ingkang iring têngên.

Bokong utawi tepong,

pupu wingking,

ngajêng pudhak,

pupu ngajêng.

--- 8 ---

Ingkang iring kiwa.

Bokong utawi tepong,

pupu wingking,

ngajêng pudhak,

pupu ngajêng.

Kajawi punika.

Ngajêng buntut,

maripat, utawi gănda kasilir.[3]

Tangsul raga.

Punika osiking manah ingkang kawêdal saking solahing badanipun ingkang numpak, kados ta:

Dhêdhêk kiwa,

dhêdhêk têngên,

gêbrag, utawi suku kalih pisan dhêdhêk sarêng,

ingsêd, (ebah ngiwa nêngên),

oyog.

--- 9 ---

Sêrêg (ebah majêng),

nguncalakên (kalayan sangêt pangingsêdipun).

Katêrangan bab lênggahipun anumpak kapal.

Winastan: kaprabon: lênggahipun jêjêg, ulur-ulur sêdhêng, jêngku mipit, tlapakan jinjit, pasêmon jatmika.

Winastan: kasatriyan: lênggahipun buntar,[4] jaja manglung, jăngga panggêl, ulur-ulur panjang, pupu rapêt, dlamakan jinjit, tangan mathènthèng, pasêmon ladak.

Winastan: kamantrèn: lênggahipun ngungkruk, ulur-ulur cêkak, suku ngonggrong, tangan mringkus, pasêmon ajrih.

Bab namanipun pêkakan.

Ganggêng kanyut: punika pêkakan kapal ingkang [ing ...]

--- 10 ---

[... kang] andhêgipun ingkang anumpak taksih karaos kados kajlungup, dados pêkakan ganggêng kanyut wau, anandhakakên kapal sawêg anyak sagêd anyirig.

Genggong singa ngadarpa: punika ingkang andhêgipun kapal anjêgèg mangiwa, sukunipun wingking mêndhak, punika kapal ingkang sampun andados sirigipun.

Genggong samaguna: punika ingkang andhêgipun suku wingking nyarêngi kêpyokipun kêndhali, kapal kapêkak andhêgipun sampun anggenggong samaguna wau, kapal ingkang sampun gambuh sirigipun.

Bab angangkah utawi nêgari kapal.

Manawi badhe ngangkah lampahipun, têtangsul kêdah kêrêp kaosikakên,[5] supados manahipun sagêd tampi anggènipun kaosikakên, punika [pu ...]

--- 11 ---

[... nika] angangkah saening lampahipun, saha badanipun kapal kêdah kêrêp kaoyog, wingking kawantonan sawatawis.[6]

Manawi badhe ngangkah jojogipun kêdah sarana kalêganan ngajêng têngah kaêncot, wingking kawantonan.

Manawi badhe ngangkah congklangipun kêdah kajojogagên rumiyin, sadangunipun jojog lajêng kasêrêga, saha wingking kêdah dipun wantoni, têtangsulipun kaamêr-amêr[7] utawi kalêganan ngajêng, manawi kapal katandukan pangrèh makatên wau murih congklangipun, măngka dèrèng anggrahita, kêdah kadhêdhêg utawi kagêbrag, utawi kagêbag, sadangunipun nyongklang sukunipun kawaspadakna, manawi ngiwa, apus ingkang sisih kiwa kaseronga kalayan dipun kêncêngi, manawi sampun purun tumindak nêngên, panyêpêngipun apus ingkang sami, saha kaamêr-amêra supados [supa ...]

--- 12 ---

[... dos] sarèh congklangipun, manawi kalanturakên supados nyandêripun, ngajêng kalêganana, têngah dipun kathahi,[8] saha wingking kêdah dipun wantoni, manawi botên purun nyandêr amargi manahipun botên tampi, manawi pangrèh ingkang makatên punika sêdya kasandêrakên, kêdah sarana kagêbrag saha kagêbag ingkang sangêt, manawi sampun nyandêr saantawis têbihipun satus tindak lajêng kacandhêta, supados sampun ngantos muyab manahipun.

Manawi ngangkah sirigipun, kêdah kapatuhakên lampahipun malang nêngên rumiyin, angangkah lampahipun malang wau, panyêpêngipun apus kaimpua nêngên, saha tungkak ingkang kiwa kêdah kêrêp andhêdhêg, ngantos sagêdipun lumampah malang nêngên, manawi angèl katindakakên lampahipun malang nêngên sarana tarekah ingkang makatên wau, apus kiwa kaseronga, wingking kawantonana, manawi kawantonan têngên kirang tampinipun, kawantonana ingkang ingring[9]

--- 13 ---

kiwa, nanging panggêbagipun sampun saking kiwa, inggih kêdah saking têngên, punika dipun wastani gêbagan: sigug. Manawi sampun purun lumampah nêngên sukunipun kapriksaa, manawi sampun ajêg botên tumpang-suh utawi imbal,[10] lajêng katindakna jojogipun malang, sarana dipun lêgani ngajêng ananging wingking kawantonan ingkang ririh kemawon, sadangunipun kaangkah lampah utawi jojogipun malang, lambenipun ingkang iring têngên kaangkaha sagêdipun nyerong nêngên, angangkah nyeronging lambe sagêdipun nolih nêngên wau apus ingkang sisih têngên kêdah kakêncêngan saking sakêdhik, manawi botên tampi ing pangrèh kêdah dipun kêrêpi kècrèkanipun, dene kecrekan punika gadhah daya kalih, sapisan anglêrêmakên manahipun kapal, kaping kalih manawi kakècrèk sampun purun mangap angènthèngakên lambe, manawi katandukan pangangkah makatên wau, lajêng nètèr ngiwa, apus ingkang sisih kiwa katarika supados sagêdipun wangsul malang nêngên saha kêdah kaingsêd manêngên, supados [supa ...]

--- 14 ---

[... dos] manahipun tampi manawi pangrèh ingkang makatên punika amung supados nyerong lambenipun ingkang iring têngên, dados botên ngangkah nètèripun ngiwa, manawi mêksa botên tampi lajêng kagêbaga ingkang sêru, saha panggêbagipun kasarêngana kalihan pangingsêd, makatên salajêngipun ngantos sagêd lumampah saha jojog malang nêngên.

Manawi jojogipun malang sampun ajêg botên tumpang-suh utawi anggrijak, sadangunipun jojog lajêng tumuntên kasêrêga[11] supados tumindak sirigipun, manawi sirigipun sampun tumindak, gangsal utawi sadasa colotan utawi êntragan, kaandhêga, pamêkakipun têtangsul kakagètna, supados rêsik andhêgipun,[12] manawi sampun sawatawis anggènipun kalampahakên, lajêng katindakna sirigipun malih, saha lajêng kacêcongaha saking sakêdhik supados botên kêmba sirigipun, makatên malih lajêng kalajoa saking sakêdhik, manawi sirigipun ngancas margi, têtangsulipun kaimpua [kaimpu ...]

--- 15 ---

[... a] nêngên, manawi ngungkrêt, ngajêng kalêganana saha têtangsulipun kaimpua ngiwa.

Manawi sirigipun kêmba utawi karindhikên, kasêngèrna[13] supados rikat sirigipun, sarana kawantonan wingking, saha kasêrêga sawatawis ingkang ngantos sagêd sêrêng sirigipun.

Manawi sirigipun karikatên, utawi mrêdêng, kaêndhaka supados rindhikipun, angangkah rindhikipun sirig wau, ngajêng kêdah dipun kêmbani, saha kêdah dipun kêrêpi kècrèkanipun, têngah dipun kothongi,[14]

wingking amung katèmpèlan camêthi kemawon, manawi taksih mrêdêng kakêmbanana ingkang sangêt, wingking sampun katèmpèlan, manawi mêksa taksih mrêdêng malah kagêbaga ingkang sangêt, nanging ngajêng saha têngah kakêmbanana, supados sagêdipun tampi pangrèh ingkang makatên punika amung murih sarèhipun.

Manawi sirigipun sampun ajêg saha sae,

--- 16 ---

lajêng karêntêt utawi karindhikakên, makatên malih kaangkaha sagêdipun sêrêng[15] manawi rêntêtanipun sampun kenging saha sampun ajêg, lajêng kaangkaha sagêdipun nênun sirigipun, manawi tênunanipun sampun ajêg lajêng kajujuta, supados wêdharipun, utawi congklangipun alus, manawi wêdharipun sampun ajêg lajêng katênuna kados panênunipun sirig wau.

Manawi tênunanipun sirig saha wêdharipun sampun sami ajêg, lajêng kalajoa wontên margi ingkang lêrês, margi ingkang lêrês kangge anglajo wau, apêsipun ingkang tigang pal têbihipun, sadangunipun kalajo amung kaangkaha sirig saha wêdharipun kemawon, utawi sandêripun, katêranganipun makatên: sadangunipun kasirigakên, manawi sampun sawatawis têbih lajêng kasandêrna ingkang têbihipun sampun ngantos langkung saking kalih dasa utawi tigang dasa tindak, saandhêgipun saking kasandêrakên, lajêng kalampahna saha kaarêm-arêma supados sarèhipun, [sa ...]

--- 17 ---

[... rèhipun,] sasampunipun kalampahakên sawatawis têbih lajêng kawêdharna, sadangunipun kawêdharakên manawi sampun sawatawis têbih kaêndhaka supados nyirigipun, sadangunipun nyirig ugi manawi sampun sawatawis têbih lajêng kasandêrna malih kados kasêbut ing nginggil, makatên salajêngipun ngantos saantukipun pisan, pangrèh kados ingkang kasêbut ing nginggil wau paedahipun amurih gambuhing wêdhar saha sirigipun, anandukakên pangrèh ingkang makatên wau, katindakna kaping tiga utawi kaping sakawan rambahan.

Bab namanipun tangkêbing sirig.

Babar lêpihan: punika kapal ingkang sukunipun ngajêng wingking sami saening trajangipun, suku ngajêng sumêblak, suku wingking nyaruk utawi kicat.

Bintulu: punika ingkang trajangipun amung suku wingking dene sukunipun ngajêng lampahipun dhandhang.

Kaprabon: trajangipun suku ngajêng ukêl, sukunipun wingking lampahipun dhandhang.

--- 18 ---

Bab watêking kapal.

Kapal punika sami gadhah watêk piyambak-piyambak, wontên ingkang kêdah kaangkah wiwit saking lampah, jojog, congklang, utawi adheyan, salah satunggalipun ing watêk wau kêdah dipun pituruti sakêdhap, ananging manawi sampun amituruti pikajênganipun kapal sawatawis, inggih lajêng katandukana pangrèh kados ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng wau, mênggah tumrapipun angangkah kapal ingkang kathah manahipun utawi bantêr, kêdah kaangkah saking pangarêm-arêm utawi sarèh, amargi manawi botên katandukan pangrèh ingkang makatên, manawi ngantos kalajêng muyab badhe tansah angèl saha andadosakên rêkaosipun ingkang numpaki, manawi bantêr utawi muyabipun saking pangrahita, punapadene kapal ingkang kirang manahipun, kenging katandukan pangrèh kalihan pamêngku, utawi pamisesa, mila kêdah ingkang patitis panitikipun dhatêng watêking kapal satunggal-tunggalipun.

Manawi badhe ngangkah sagêdipun adheyan, kêdah gêsang têtangsulipun, kapêpêg utawi kanat-nêtakên, [kanat-nêta ...]

--- 19 ---

[... kên,] wingking kêdah kêrêp dipun wantoni, ing têngah kêdah kêrêp kaingsad-ingsêd, makatên salajêngipun ngantos sagêd adheyan, dene kapal pandhapan punika saking rêntêtanipun adheyan, mênggah angrèh saha ngangkah kapal sagêdipun pandhapan sami kados angangkah sagêdipun andheyan, kaotipun ngangkah adheyan dipun kathahi, manawi angangkah pandhapan kêdah dipun kirangi, wêrdinipun dipun kathahi utawi dipun kirangi manahipun.

Manawi ngangkah sagêdipun lumampah dhandhang[16] kêdah sarana kalampahakên malang, ngajêng kasanggi[17]

têngah kêdah kêrêp kaingsad-ingsêd, wingking kawantonan, makatên salajêngipun ngantos sagêd lumampah dhandhang, kapal kaangkah sagêdipun lumampah dhandhang punika, kêdah ingkang sampun jangkêp kasagêdanipun, utawi ingkang sampun gambuh.

--- 20 ---

Bab lampah angun-angun.

Manawi badhe ngangkah kapal sagêdipun lumampah angun-angun, ing ngajêng inggih kêdah kêrêp kaosikakên, têngah kaingsad-ingsêd, wingking katèmpèlan camêthi, dene trajangipun inggih saèmpêr kados lampah dhandhang, bedanipun lampah angun-angun punika tamban, dene lampah dhandhang wau cukat, mênggah watêkipun lampah angun-angun punika minăngka sarananipun kapal sagêd èngêt punapa kasagêdanipun, mila kapal ingkang sampun gambuh ing lampah kêkalih wau, sanadyan lumampah barès, manawi ingkang numpak sumêdya anyirigakên punika tanpa kaosikakên inggih lajêng nyirig, punapa malih sagêd anampèni sapikajêngipun ingkang anumpaki.

Bab angangkah kapal ingkang sakalangkung angèlipun, awit saking bandhol sarta anjondhil-jondhil kemawon.

Angangkah kapal kados kang kasêbut ing nginggil, punika [pu ...]

--- 21 ---

[... nika] kêdah kawêngku utawi kawasesa, inggih punika kêdah dipun puruni, kados ta: anggêbag ingkang sangêt, anandukakên pangrèh kalihan pangroda, ingkang ngantos sagêd anuwuhakên panggrahita tampining pangrèh wau.

Manawi wontên kapal kaangkah măngka botên kenging amargi sangêt anggènipun anjondhil, angglarap, anglumba, utawi nyêbit, kapal ingkang gadhah meda makatên punika pangêrèhipun kêdah sarana karêbahakên, mênggah patrapipun, sadangunipun katandukan pangrèh kapal lajêng anjondhil ingkang sakalangkung sangêt, katêtaha panggêbag ingkang sêru supados anjondhil malih, salêbêtipun jondhil ingkang numpak anyarêngana malumpat kalayan nyêndhal têtangsul, manawi malumpatipun nêngên apus ingkang sisih kiwa kasêndhala, manawi malumpatipun ngiwa inggih apus ingkang sisih têngên ingkang kasêndhal, dene patrapipun malumpat saking kapal, manawi lumpatipun nêngên tangan têngên anyêpênga tlongobipun lapak kapadala kangge lantaran malumpat, tangan kiwa nyêpêng apus ingkang [ing ...]

--- 22 ---

[... kang] sisih kiwa kacènènga, utawi kasêndhala nêngên. Manawi lumpatipun ngiwa tangan kiwa ingkang nyêpêng tlongobing lapak, tangan têngên nyêpêng apus ingkang sisih têngên katarik utawi kasêndhala ngiwa. Pangrèh ingkang makatên wau sagêd amantunakên kapal ingkang sangêt jondhilipun utawi ingkang tansah kathah medanipun, sokur ingkang numpak kadugi angrêbahakên salêbêtipun kabandhangakên, manawi kaangkah makatên punika kapal kagêbaga, măngka lajêng purun anjondhil lajêng kasarêngana malumpat kalayan nyêndhal têtangsul, patrapipun angrêbahakên kapal makatên punika ugi kados kasêbut ing ngajêng, mila rêbahipun kapal kasaranan kaangkah anjondhilipun punika ingkang gampil kalampahanipun.

Bab pangrèhing kapal ingkang gadhah meda mundur.

Manawi wontên kapal kaêrèh amung sêdya mundur kemawon inggih lajêng kaundurna pisan ingkang ngantos katog, sabên-sabên badhe dipun têgari inggih kalampahna mundur rumiyin, manawi sampun kaêtrapan [kaêtrapa ...]

--- 23 ---

[... n] trekah punika, kenging katamtokakên mantun anggènipun gadhah lêleda makatên wau.

Bab kapal ingkang angoncêlangakên kêndhali.

Manawi wontên kapal dipun têgari gadhah lageyan angoncêlangakên kêndhali,[18] panyêpêngipun apus kasanggia, ingkang ngantos langkung saking sakilan inggilipun kalihan jêjalak, saha kêdah dipun kêrêpi kucêkanipun, kucêkan punika kêndhalinipun ingkang dipun ucêk-ucêkakên ing lambenipun kapal, isarat ingkang makatên punika paedahipun kajawi amantunakên kapal ingkang gadhah lagean angoncêlangakên kêndhali, inggih angènthèngakên ing lambenipun.

Bab kapal ajrihan.

Manawi wontên kapal ajrihan, kados ta: ajrih dhatêng wêwarnèn utawi ajrih dhatêng suwara, isarat murih sagêdipun mantun, manawi ingkang dipun ajrihi kareta utawi grobag sasaminipun, sabên [sabê ...]

--- 24 ---

[... n] dipun têgari manawi kapêthuk kareta utawi grobag lajêng dipun cêlakna, manawi ajrih dhatêng swara inggih ingkang kêrêp dipun pirêngi dhatêng swara ingkang dipun ajrihi, manawi sampun lantèh kêrêp dipun purunakên, amêsthi lajêng mantun kaajrihanipun.

Bab kapal ingkang gadhah kandhutan awon.

Manawi angêrèh kapal ingkang gadhah kandhutan awon, kados ta: nyangkolakên kêndhali,[19] dhèngèr,[20] utawi makêm,[21] panyêpêngipun apus ingkang prayitna, saha kêdah katangsulan kalih, paedahipun manawi kapal ingkang gadhah kandhutan awon wau utawi ameda sagêda anandukakên sarananipun, kados ta: manawi anyangkolakên kêndhali ingkang sisih kiwa, apus ingkang sisih kiwa kaêculna, apus ingkang sisih têngên kasanggia, manawi nyangkolakên kêndhali ingkang sisih têngên, inggih apus ingkang sisih têngên kaêculna, apus ingkang sisih

--- 25 ---

kiwa kasanggia, manawi dhèngèr kakêpyokna, manawi kakêpyokakên botên purun anglêpèh utawi tumungkul, kêndhalinipun kacêpênga sarta katarika mangandhap saha kaucêkna, manawi makêm kêndhalinipun kalèrègna ngiwa utawi nêngên, manawi botên purun anglêpèh, utawi ngêculakên, lajêng kacawukna[22] minggah, manawi kaêrèh makatên lajêng nêmpuh inggih punika bandhang, ing sadangunipun bandhang sukuning kapal kasidikna, manawi bandhangipun ngiwa têgêsipun bandhang ngiwa punika sukunipun kiwa ingkang tumindak rumiyin, inggih apus ingkang sisih kiwa kaseronga, sarta dipun kêncêngi, manawi bandhangipun nêngên, apus ingkang sisih têngên kakêncêngna, manawi kapal katandukan tarekah ingkang kados makatên wau, măngka anglantur bandhangipun amêsthi lajêng dhawah krungkêb, ananging kapal ingkang bandhang wau ingkang tamtu pilaur mandhêg, ing sakèndêlipun lajêng kabandhangna malih, ingkang kalayan saking sêdyanipun ingkang numpak, ing sadangunipun kabandhangakên mawi karangkèta, supados tampi manahipun sampun ngantos gadhah meda [me ...]

--- 26 ---

[... da] utawi kandhutan ingkang adamêl mutawatosipun ingkang numpaki, mênggah bandhangipun kapal sampun ngantos kaandhêg manawi dèrèng purun kèndêl saking kajêngipun piyambak, manawi sampun mandhêg lajêng karangkèta malih ingkang sangêt akalihan sêmu panguring-uring, nanging ngajêng kakêmbanana, têgêsipun apusipun kêdah dipun kalowong, utawi dipun kêndhoni, têngah dipun kothongi, têgêsipun numpak kêdah kêmba, sanadyan pangrangkètipun ngantos sangêt, sampun mêsthi botên purun nêmpuh malih, dipun pilaur bêgogok kalihan gêrêng-gêrêng, manawi kapalipun sampun andharêdhêg pangrangkètipun kakèndêlana, ing nalika wau lajêng kawaspadakna, ingkang sampun kalampahan kapal lajêng suka sasmita[23] dhatêng ingkang numpak, yèn ta sagêda angucap nêdha katurutana bêbukaning pangêrèhipun kados maksuding sasmitanipun wau, mênggah tumandukipun pangêrèh wau, punika cihnanipun botên wontên kapal ingkang botên kenging dipun pêrdi dening manusa, manawi wontên panêgar [pa ...]

--- 27 ---

[... nêgar] nyariyosakên kapal botên sagêd dados margi botên kenging dipun rèh, punika nandhakakên panêgar dèrèng paham dhatêng kawruh pangrèhing kapal ing salugunipun, dene ringringkêsan[24] pêpathokanipun badhe sagêd anêgari kapal kêdah pawitan sakawan prakawis: sura, guna, rêkasa, lara.

Bab angangkah utawi nêgari kapal ingkang tansah ambagêgêg.

Manawi wontên kapal sasampunipun dipun tumpaki măngka kalampahakên botên purun, ingkang makatên punika pangangkahipun, sasampunipun kacengklak sampun lajêng kalampahakên, nanging kaubêngna ngiwa utawi nêngên rumiyin, manawi sampun kalampahan makatên lajêng kalampahna, manawi tansah ambagêgêg, prayogi lajêng kaundurna sarana kêndhalinipun katarika agêntas-gêntos mangiwa utawi manêngên, tumuntên kaubêngna malih ingkang sangêt kalayan dipun gêbag ingkang sêru, sasampunipun kaubêngakên sawatawis lajêng kalampahna mawi kagêbag utawi kagêbrag ingkang

--- 28 ---

sêru, kapal ingkang gadhah bêndana mogok katandukan pangrèh ingkang makatên wau, sampun mêsthi mantunipun, ing sanès dintên manawi dipun tumpaki gadhah lêleda makatên malih, inggih katandukana pangrèh kados ingkang kasêbut ing ngajêng wau.

Bab kapal ingkang omah-omahên utawi ulih-ulihên.

Manawi wontên kapal omah-omahên, kados ta: manawi dipun têgari, angambah margi enggok-enggokan ingkang sampun nate dipun purugi utawi dipun ambah, lajêng kêdah menggok, langkung malih lajêng mogok, kapal ingkang makatên wau murih mantunipun, sabên-sabên dipun tumpaki, măngka sampun ngajêngakên dumugi ing panggenan ingkang kêdah dipun êndhêgi, tumuntên katandukana pangêrèhing sasênêngipun, punapa malih kapal ingkang ulih-ulihên kados ta manawi dipun tumpaki mantuk anotol, inggih makatên patrapipun, mila kaangkah makatên, amargi ingkang sampun kalampahan kapal punika asring kaslamur dening anggènipun ananggapi [anang ...]

--- 29 ---

[... gapi] pangêrèh, ing sadèrèngipun ical medanipun wau sabên dipun têgari manawi sampun cêlak ing panggenan ingkang andadosakên sabab, utawi dipun tumpaki mantuk, inggih katandukana pangangkah kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil, makatên ing salajêngipun ngantos mantun babarpisan.

Bab pangangkahipun kapal sadèrèngipun rampas.

Kapal ingkang dèrèng rampas botên kenging utawi pancèn dèrèng kenging dipun tanduki pangêrèh ingkang rêkaos, amargi kapal sadèrèngipun rampas manawi kaangkah ingkang pancèn dede dhasaring kasagêdanipun piyambak, dumuginipun mêmpêng lajêng botên kalap, utawi bobrok.

--- 30 ---

Bab nagarancak.

Manawi kapal mêntas katêgaran utawi dipun kitêrakên prayogi kacarakana[25] ingkang rêsik, mênggah patrap punika katindakna ambal-ambalan ing sadangunipun kapal taksih dipun têgari utawi kakitêrakên, awit kapal ingkang dipun êrèh kasirigakên sasaminipun ingkang pancèn sanès aslining lampahipun piyambak, punika manawi botên kalêrêsan têmahanipun asring adamêl korut utawi konusipun, mênggah ingkang makatên punika awarni sakawan, kados ta:

korut badan,

korut karosan,

korut manah,

korut panggrahita.

Korut badan inggih punika kêra utawi kalangkèt.

Korut karosan anuwuhakên meda lajêng ambandhang, sabab pancèn sampun sayah taksih dipun [dipu ...]

--- 31 ---

[... n] sêngkakakên, wasana mêdal dhosonipun têmahan bandhang.

Korut manah punika kapal ingkang tansah muyab, jalaran sabên-sabên dipun tumpaki tansah kaunggar-unggar, wasana dados muntabing manahipun.

Korut panggrahita, punika amargi ing ngajêng anggènipun anêgari tansah dipun osikakên supados enggal wêdaling pangrahitanipun, têmahan andadosakên bibrahing lampah saha kasagêdanipun, mila anêgari kapal punika sapintêna anggènipun nyêngkakakên wêdaling panggrahita supados tumuntên gadhah kasagêdan ingkang sarana katandukan pangrèh, ewadene tansah parlu mawi kaarêm-arêm manahipun supados sampun korut.

Mênggah carakan punika kados sarana sagêd amantunakên kapal ingkang anêmahi kados kasêbut ing nginggil wau.

Bab rajanari.

Rajanari punika titikan wêdaling manah saha panggrahitanipun kapal, manawi wêdaling manah saha panggrahitanipun [panggrahi ...]

--- 32 ---

[... tanipun] saking pangosik, inggih punika rajanarinipun wontên ing ngajêng, manawi saking panyêrêg utawi saking pandhêdhêg, punika pinanggih wontên têngah, manawi saking dipun wantoni, inggih punika rajanarinipun wontên ing wingking.

Bab angabah-abahi.

Manawi angabah-abahi kapal prayogi wontên salêbêting gêdhogan kemawon sarana dipun karung, patrapipun bilih sampun dipun kêndhalèni pangêrokan, lajêng kakêncanga ing kiwa têngên, utaminipun kapal badhe kaabah-abahan punika kêdah dipun rêsiki rumiyin, lajêng kaêtrapana slebrak, mênggah têpinipun ingkang ngajêng katumpangna ing jalak, manawi sampun lêrês inggah-udhun tuwin ajêng unduripun, lajêng katumpangana lapak, langkunganipun slebrak saking lapak ngajêng sarta wingking, kaangkaha ingkang sami wiyaripun, (mila slebrak punika ingkang prayogi ukuranipun kapirida saking panjangipun lapak sagêda tirah [ti ...]

--- 33 ---

[... rah] sanyantun ing ngajêng tuwin ing wingking, utawi tirah sawiyaring plisiripun slebrak, dene ing kiwa têngên kapara kirang sampun ngantos langkung saking wangkiding èbègipun lapak) manawi sampun dipun ambêni ingkang kêncêng, tumuntên kaêtrapana apus buntut, lajêng kapasanga apus dhadhanipun, ing ngandhap kaangsalna akalihan ambên gendhong, sarampunging pangruktinipun lapak sapanunggilanipun, lambening kapal lajêng kacarakana sarta tracakipun sakawan pisan ugi kakumbaha ingkang rêsik, sasampunipun kêndhali pangêrokan karucata, kasantunana kêndhali ingkang badhe kaanggèkakên, manawi apusipun wang sampun katimangakên, kêndhalènipun lajêng kalêrêsna ingkang prayogi, tumuntên kaêtrapana apus, mila pamasangipun kantun, amargi sampun ngantos kawalik timanganipun, dene inggah-udhunipun kêndhali ingkang prayogi kaangkah gonggangipun sawatawis sajêmpol, ewasamantên inggih botên tartamtu, amargi tumraping kapal beda-beda condhonganipun, cêkap utawi landhungipun, pamasanging kêndhali [kêndha ...]

--- 34 ---

[... li] punika gumantung wontên patitising panitikipun ingkang anumpaki, dene cihnanipun kapal ingkang kêndhalènipun kêdah dipun cêkaki, măngka pamasangipun landhung amêsthi lajêng cathuk-cathuk, dene kosokwangsulipun ambathothot utawi ngungsêb, mênggah kapal tumpakan punika ing sasagêd-sagêd kêdah kaêtrapan kêndhali ingkang dados condhonganipun, ing sarampunging anggènipun angabah-abahi, manawi kawêdalakên saking gêdhogan kêdah ingkang sarèh sarta mawi dipun karung, mila angêdalakên kapal saking gêdhogan kêdah sarèh, amargi manawi grusa-grusu asring anuwuhakên manahipun kapal ingkang kirang prayogi.

Bab kêndhali.

Kêndhali jawi punika ingkang rangah awarni kalih, wontên ingkang ngunènipun kalih wêlas utawi nêmbêlas sisih, ingkang unènipun nêmbêlas sisih punika winastan: buntala, dene kalingipun kêndhali ingkang minăngka sambêtanipun, punika winastan: pakêm, ingkang angsal gêlangan punika winastan: bungkul. [bung ...]

--- 35 ---

[... kul.] Mênggah panjang cêlaking kêndhali inggih wontên paedahipun, amargi kapal punika wontên ingkang condhong dipun lèrègi wontên ingkang rujuk dipun slêkêki, manawi condhonganipun lèrèg, măngka dipun slêkêki punika sagêd anjalari awrating lambenipun, makatên ugi kosokwangsulipun, sagêd anuwuhakên monyar-manyiring lambenipun,[26] dene dhapuring gêlangan punika inggih kalih warni, ingkang amung giligan kemawon winastan lus-lusan: ingkang gêlit-gêlitan winastan klenthangan, dene bab kêndhali ingkang tumrap kaangge angajari kapal ingkang ènthèng lambenipun utawi kapal ingkang taksih ênèm, kados ta bibar rampas: langkung malih ingkang dèrèng rampas, punika ingkang kêthul kemawon, inggih punika unènipun kapapakana ingkang ngantos cêlak sangêt, botênipun inggih kablêbêt kalayan sinjang kemawon, nanging ingkang makatên punika minăngka tambêling kabêtahan.

--- 36 ---

Bab camêthi.

Camêthi utawi panêmbung, punika ingkang sampun mufakat kadamêl saking panjalin, panjangipun sawêlas kêpêl, dene wujudipun wontên kalih warni, satunggal tamparan, satunggalipun giligan, sanadyan ingkang giligan pucukipun inggih pêrlu kêdah kasambêtan tamparan ingkang panjangipun botên kirang saking sakilan, saha kêdah mawi kabundhêlan gangsal utawi nêm prênthil. Mênggah paedahipun camêthi ingkang mawi bundhêlan punika manawi kagêbagakên langkung sakitipun katimbang kalihan ingkang tanpa bundhêlan, anjawi punika pancèn wujudipun tumraping camêthi inggih amurugakên sêmu, pucuking tamparan ingkang sampun kalimrah ing Surakarta mawi karêngga ing jêmbul, saking lawe utawi songa, mênggah cêcêpênganipun camêthi, ingkang tumrap agêmipun para agung kathah ingkang dipun ponthang ing jêne utawi suwasa, ingkang sampun kaprah dipun angge para alit, ponthangipun salaka, dene panjangipun camêthi kajawi miturut saking ukuran, inggih kêdah mawang sagêdipun pantês kalihan kapalipun.

--- 37 ---

Bab srandunipun kapal, mênggah namanipun katurutakên saking sastra.

Ha.

Ilu ingkang pêthak tuwin ingkang gêtas, watêk ènthèng lambenipun.

Ilat ingkang alit gilig, watêk burus utawi lana manahipun.

Untu ingkang alit rêntêt, saha ingkang mêdal ing pucuk, utawi pucuk ingkang dêngkèng mêdal, manjing dhatêng kabagusan, tuwin burus manahipun.

Irung ingkang angukêl pakis, ugi manjing dhatêng kabagusan.

Idêp ingkang rêmpêg jajaripun tuwin ingkang lămba, watakipun botên ajrihan.

Uwang ingkang gobog kalimis, amung tumrap dhatêng kabagusan.

Ula-ula ingkang mapah pisang, saha ingkang gilig tosanipun, watêk sakeca tumpakanipun.

Iga ingkang ngupih mayat, manjing dhatêng sambadaning wujud.

--- 38 ---

Andhêman ingkang kiyal, saha ing kiwa têngênipun anjangkêrut, watêkipun rosa.

Ugêl-ugêl ingkang ngêlung waru, utawi ingkang dhapur kados gagang waru, watêk sakeca tumpakanipun, tuwin bagus warninipun.

Unyêng-unyêngan ingkang dumunung ing cithak ingkang ngiwa ubêngipun, watêk burus manahipun.

Ca.

Coblong ingkang bundêr saha ingkang lêbêt lêkokipun, manjing dhatêng kabagusan.

Catu ingkang lancip, catu punika pucukipun lambe nginggil, kalêbêt kabagusan, sarta watêk angrahita.

Cithak ingkang lêbêt lêkokanipun, inggih njingma[27] dhatêng kabagusan.

Cêthik ingkang inggil pandhukulipun, manjing dhatêng sambadaning wujud.

Calung (wiwit wadidang mangandhap dumugi dhêngkul) ingkang agêng, gèpèng, tuwin ingkang kêncêng, watêk rikat [ri ...]

--- 39 ---

[... kat] palajêngipun, utawi ènthèng junjungipun.

Clakuthikan ingkang lêbêt, clakuthikan punika kruwingan ingkang wontên salêbêtipun tracak. Watêk sae trajangipun, tuwin rikat plajêngipun.

Ka.

Kuping ingkang kados dhapuripun wuluh katigas utawi kapancas, watêkipun rosa tur bagus warninipun.

Kuncung ingkang ngumbala mawur, watêkipun bantêr utawi kathah manahipun, saha bagus wujudipun.

Kintêl, ingkang ngulêr jêdhung, watêkipun ènthèng lambenipun, sarta bagus wujudipun.

Kulit, ingkang tipis, saha ingkang kandêl dagingipun, watêk kathah utawi bantêr manahipun.

Kutis ingkang mandhukul mayat, murugakên sambada wujudipun.

Konthol ingkang dhapur ngalak-ambing, utawi kados dhapuripun uwoh kalak-ambing, watêkipun rosa.

--- 40 ---

Kalèn, ingkang panjang tuwin ingkang lêbêt lêkokipun, watêkipun têtiga, sapisan inggil junjungipun, kaping kalih rikat palajêngipun, kaping tiga bagus warninipun.

Kucur, ingkang ugi winastan wulu wajik, ingkang anguku Bima, (wujudipun ingkang kados kukunipun Bima) manjing dhatêng kabagusan.

Kêmpung ingkang bêdhadhag, kalêbêt bangsanipun sambada.

Ta.

Tlapukan ingkang kandêl, kalêbêt dados prabotipun ing kabagusan.

Tlapikan, ingkang tipis saha ingkang macucal garing, têgêsipun ingkang grayangipun kados wacucal garing, watêk kumrisik tuwin sae warninipun.

Tapak hyang, ingkang jajar tuwin ingkang botên balèbèr dhatêng gusi, watêk lana manahipun.

Tatiyang, ingkang jajar, ugi watêk tulus manahipun.

Têpak, ingkang agêng saha ingkang mayat, watêkipun rosa tur sambada tuwin pantês.

--- 41 ---

Tunggarana, ingkang agêng tuwin ingkang kados dhapuripun sirah têkèk. Tunggarana ingkang makatên wau watêkipun rosa.

Tracak, ingkang nanjung sarta alus sêratipun. Kajawi wujudipun sae, watêkipun bêtah saha rikat palajêngipun.

Sa.

Suri, ingkang tipis mawur, watêk kumrisik utawi bantêr manahipun.

Sirah, ingkang agêng cêlak, manjing dhatêng kabagusan.

Siyung, ingkang dawêg agêngipun, watêk burus manahipun.

Silit, ingkang dhapur mapon, punika sae warninipun.

Supit, ingkang rapêt, ingkang nama supit punika lêdhokanipun tracak kaprênah sangandhapipun kucur, watêk awèt karosanipun.

Suku ngajêng, ingkang anjalma, punika bagus wujudipun.

--- 42 ---

Wa.

Wulu, ingkang tipis saha ingkang pandhês, watêkipun kumrisik manahipun utawi bantêr, saha bagus warninipun.

Wangkong, ingkang wiyar, manjing dhatêng kabagusan.

Wayang, ingkang tipis tuwin ingkang kêngkêng, watêkipun rosa, kajawi punika manjing dhatêng kabagusan.

Wiron, ingkang ganjil wicalanipun, watêk burus manahipun, wiron punika jangkêrut ingkang pinanggih sakiwa têngênipun andhêman.

Wadhuk, ingkang bêdhadhag, manjing dhatêng kasêmbadan.

Wadidang, ingkang wangun bongkok ing ngarit, anjingipun[28] dhatêng kabagusan.

Pa.

Praya[29] ingkang anjênggurêng, ananging ingkang sêmu sarèh, watêk lana manahipun.

Pacêt, ingkang alit gilig, manjing dhatêng bagusipun ing warni.

--- 43 ---

Pathak, ingkang waradin saha ingkang wiyar, ugi manjing kabagusan.

Pasu, ingkang amungkal gêrang, murugakên bagus warninipun.

Pancadan, ingkang mandhukul, manjingipun dhatêng kasambadan, utawi bagus.

Pipi, ingkang kandêl dagingipun, ugi amurugakên pantêsing wujud.

Pudhak, ingkang landhung, manjing dhatêng kabagusan.

Pupu, amukang gangsir, ugi bagus warninipun.

Purus, ingkang agêng cêlak, watêkipun rosa.

Palintangan,[30] ingkang wiyar, asring gadhah watêk panjang ngumuripun.

Pusêr, ingkang têbih kalihan purus, watêkipun bêtah lumajêng.

Ja.

Jêngku, ingkang kados dhapuripun cupu, manjing dhatêng kabagusan.

--- 44 ---

Jalak, ingkang dhapuripun kados gigiripun kintêl, watêkipun rosa.

Juluk, ingkang inggilipun angungkuli jalak, manjing dhatêng sambadaning wujud.

Jiling, ingkang mandhikil, kalêbêt kabagusan.

Jompong, ingkang agêng panjang, manjing dhatêng sambadaning wujud.

Janggut, ingkang dhapur jangkang, bagus warninipun.

Janggêl, ingkang agêng panjang, tuwin ingkang gèpèng, watêkipun rosa.

Ga.

Gusi, ingkang waradin, watêk burus manahipun.

Gulu, ingkang wiyar ngandhap, ing nginggil ingkang gilig, bagus saha sambada warninipun.

Garês, ingkang malira, watêk cukat trajangipun, tuwin rikat palajêngipun.

Gêdhog, ingkang dalêjêr panjang, watêkipun rosa.

Galêng, ingkang galigi, ugi manjing dhatêng karosan.

Gandhik, ingkang kiyal, watêkipun rosa.

--- 45 ---

Ba.

Bangar, ingkang wiyar, manjing dhatêng bagus tuwin sambada wujudipun, tur bêtah ing plajêngipun, ingkang dipun wastani bangar punika lèng irung.

Bungur, ingkang grayangipun kados wacucal garing, watêkipun rosa.

Bobat, ingkang kêngkêng, ugi manjing dhatêng karosan.

Bokong, ingkang dhapur nyangkok imbaning, utawi kados dhapuripun cangkok wohing maja, kalêbêt bangsanipun kabagusan.

Buntut, ingkang mapah pucang, watêk lana manahipun.

--- 46 ---

Bab ulêsipun kapal.

Mênggah ulêsipun kapal punika, ingkang kalêbêt utami namung abrit tuwin cêmêng.

Prabotipun kapal abrit.

Kuncung ngumbala mawur.

Suri pêra tipis.

Wulu pandhês.

Kulit tipis.

Buntut sarang utawi amung sakêdhik.

Balung alit.

Tracak nanjung sarta ingkang alus sêratipun.

Prabotipun kapal cêmêng.

Kuncung kêmpêl andalojor.

Suri kandêl andalojor: tuwin kêmpêl.

Wulu gropok.

Kulit kandhêl kêndho.

Buntut amapah pucang.

--- 47 ---

Balung agêng.

Tracak cèpèr.

Bab silih-asihipun dandosan utawi ulêsipun kapal, kados ta:

Prabotipun kapal abrit ingkang dados pêpêthingan gangsal warni, suri, kuncung, kulit, wulu, saha tracak, dene ingkang ulês cêmêng namung kalih warni, buntut, saha bêbalungipun.

Mênggah katêranganipun kapal ingkang kalêbêt pilihan prabotipun ingkang kados ing ngandhap punika.

Kuncung ingkang ngumbala mawur.

suri ingkang tipis,

wulu ingkang pandhês,

kulit ingkang tipis,

buntut ingkang dhapur amapah pucang,

bêbalung ingkang agêng,

tracak ingkang dhapur nanjung, saha ingkang alus sêratipun.

--- 48 ---

Mila kapêndhêtakên silih-asih, amargi saupami kapal punika amung kadunungan dandosanipun kapal abrit kemawon, sampun mêsthi manahipun botên burus saha bantêr sangêt, tur botên gadhah karosan, manawi amung kadunungan dandosanipun kapal cêmêng, ingkang mêsthi kirang manahipun saha sangêt kêblukipun, dene manawi sagêd jangkêp silih-asihipun kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil, ingkang mêsthi bagus sarta burus manahipun, saha ajêg karosanipun.

Bab wujud kasambadan tuwin kabagusaning kapal.

Mênggah punika kapal ingkang angsal pêpêthingan saking:

Pada,

raga,

jăngga,

wadana.

--- 49 ---

Bab raos tumpakaning kapal.

Kapal ingkang lana, anggrahita, utami, saha rosa, punika saèstu sakeca tumpakanipun.

Bab ukuring kapal.

Manawi badhe angukur kapal kêdah mawi sarana kênur, lajêng kaanggea ngêtrapakên pangukuripun, dene katêranganipun kados ing ngandhap punika.

Ukur sanga.

Ukur sanga punika ingkang dipun ukur rumiyin ugêl-ugêlipun suku ngajêng ingkang têngên, katêpus gathuk utawi têpung gêlang, lajêng katêkuk-têkuk kaping sanga, tumuntên kaukurakên wiwit tracak suku ngajêng dumugi jalak, manawi langkung sapara kalih wêlas prayogi, manawi langkungipun sapara sanga, punika awon.

Ukur sambada.

Pangukuripun wiwit ujunging catu manginggil dumugi

--- 50 ---

jompong, kalajêngakên turut sanginggilipun suri sadumuginipun jalak lajêng katurutakên ing ula-ula ngantos dumugi pucuking janggêl, ing wasana kasampirakên ing jalak, manawi sagêd anglangkungi suku kiwa têngên prayogi, manawi têtêp sambada, manawi kirang, awon, punika kawastanan kapal jigrang.

--- [51] ---

Pratelan isinipun sêrat pangêrèhing kapal.

... Kaca

Bêbuka ... 3 | Bab katêrangan namaning têtangsul, tuwin patraping panyêpêngipun ... 5 | Tangsul kalih ... 5 | Tangsul sanga ... 5 | Tangsul manyura ... 5 | Tangsul satunggal ... 6 | Tangsul gatra ... 6 | Tangsul puspa ... 6 | Tangsul ponjèn ... 6 | Tangsul pada ... 6 | Tangsul madu sadana ... 7 | Tangsul camêthi ... 7 | Tangsul raga ... 8 | Katêrangan bab lênggahipun anumpak kapal ... 9 | Bab namanipun pêkakan ... 9 | Bab angangkah utawi anêgari kapal ... 10

--- [52] ---

Bab namanipun tangkêbing sirig ... 17 | Bab watêking kapal ... 18 | Bab lampah angun-angun ... 20 | Bab angangkah kapal ingkang sakalangkung angèlipun, awit saking bandholipun sarta anjondhil-jondhil kemawon ... 20 | Bab pangêrèhipun kapal ingkang gadhah meda amundur ... 22 | Bab kapal ingkang angoncêlangakên kêndhali ... 23 | Bab kapal ajrihan ... 23 | Bab kapal ingkang gadhah kandhutan awon ... 24 | Bab angangkah utawi nêgari kapal ingkang tansah ambêgêgêg ... 27 | Bab kapal ingkang omah-omahên utawi ulih-ulihên ... 28 | Bab angangkah kapal sadèrèngipun rampas ... 29 | Bab naga rancak ... 30 | Bab rajanari ... 31 | Bab angabah-abahi ... 32

--- [53] ---

Bab kêndhali ... 34 | Bab camêthi ... 36

Bab srandunipun kapal, mênggah namanipun katuturutakên[31] saking sastra.

... Kaca

Ha ... 37 | Ca ... 38 | Ka ... 39 | Ta ... 40 | Sa ... 41 | Wa ... 42 | Pa ... 42 | Ja ... 43 | Ga ... 44 | Ba ... 45

--- [54] ---

Bab ulêsipun kapal ... 46 | Prabotipun kapal abrit ... 46 | Prabotipun kapal cêmêng ... 46 | Bab silih-asihipun dandosan utawi ulêsipun kapal ... 47 | Bab wujud kasambadan tuwin kabagusaning kapal ... 48 | Bab raos tumpakaning kapal ... 49 | Bab ukuring kapal... 49 | Ukur sanga ... 49 | Ukur sambada ... 49

--- [0] ---

[...]

--- [0] ---

[...]

 


§ Têgêsipun kenging ngolah-ngalih. (kembali)
§ Angarêm-arêm kapal punika, sarana botên katandukan pangêrèh. (kembali)
§ Inggih punika patrap angajrih-ajrihi kapal sarana camêthi. (kembali)
§ Lênggahipun kapara wingking. (kembali)
§ Kaosikakên punika pikajênganipun têtangsulipun ingkang kêdah kaebahakên, utawi badanipun kêrêp kaoyog, kadhêdhêg, utawi kawantonan. (kembali)
§ Dipun wantoni punika têgêsipun dipun camêthi, utawi dipun gêbag. (kembali)
§ Amêr-amêr punika panyêpêngipun apus botên kêncêng botên kêndho, nanging sêdhêngan kêndho kêncêngipun. (kembali)
§ Têngah dipun kathahi wau, têgêsipun ingkang dipun kathahi manahipun, angathahi manah kapal punika sarana ingkang numpak amrêdêngakên manahipun, utawi gadhaha raos sêdya murih plajêngipun kapal ingkang dipun tumpaki. (kembali)
iring. (kembali)
10 § Imbal punika lampah grago. (kembali)
11 § Sêrêg punika bokongipun ingkang numpaki mingsêd mangajêng. (kembali)
12 § Rêsik andhêgipun punika andhêg ingkang grêg. (kembali)
13 § Dipun sêngèrakên punika têgêsipun dipun sêngkakakên. (kembali)
14 § Dipun kothongi punika, têgêsipun manahipun kapal ingkang dipun kothongi, sarananipun ingkang numpak kêdah kêmba manahipun. (kembali)
15 § Sêrêng punika ingkang sirigipun kapal tingalipun rikat, nanging kayêktosanipun rindhik. (kembali)
16 § Lumampah dhandhang punika ingkang sukunipun kapal ngajêng wingking cuthat-cuthat, mila kawastanan lumampah dhandhang, maksudipun: andhandhang, angajêng-ajêng, inggih punika angajêng-ajêng pikajênganipun ingkang numpak, manawi sêdya kasirigakên inggih lajêng nyirig, manawi sêdya kasandêrakên inggih lajêng nyandêr, makatên sasaminipun. (kembali)
17 § Panyêpêngipun apus kainggilakên. (kembali)
18 § Kapal angoncêlangakên kêndhali punika sêdyanipun anglêpèh, sarana manthuk-manthuk. (kembali)
19 § Kêndhalinipun kacangkolakên ing ngêbam. (kembali)
20 § Andhangak. (kembali)
21 § Angingkêmi kêndhali. (kembali)
22 § Kasêndhal manginggil. (kembali)
23 § Mênggah sasmita wau titikipun sasampuning karangkèt wontên ingkang pêndhapan, ingkang jojèg, utawi ingkang lumampah kemawon. (kembali)
24 rêringkêsan. (kembali)
25 § Patrapipun nyaraki punika dipun kocori lambenipun kalihan toya. (kembali)
26 § Monyar-manyiring lambe punika têgêsipun botên ajêg. (kembali)
27 manjing. (kembali)
28 manjingipun. (kembali)
29 § Bokmanawi punika lêrêsipun: naya. (kembali)
30 § Palintangan punika wastanipun unyêng-unyêngan ingkang wontên sangajêngipun purus. (kembali)
31 katurutakên. (kembali)