Bab Têtuwuhan Ing Tanah Hindiya, Kloppenburg, 1911, #780 (Hlm. 160-309)

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Bab Têtuwuhan Ing Tanah Hindiya, Kloppenburg, 1911, #780 (Hlm. 001-159). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kagunan
  2. Bab Têtuwuhan Ing Tanah Hindiya, Kloppenburg, 1911, #780 (Hlm. 160-309). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kagunan
Image

--- 160 ---

Widuri, jampi wudun sapanunggilanipun (gambar ôngka 42)

Widuri punika tuwuhan ingkang thukul wontên têgilan, têlutuhipun kangge matêngakên wudun, manawi tiyang Jawi tlutuh wau ugi kangge ngrèmpèlakên utawi nyoplokakên bam ingkang gapuk, ananging manawi anggènipun nètèsi tlutuh kirang ngatos-atos, untunipun ingkang saras ugi katut rêntah.

Bakung pêthak, jampi sakit kêmpung utawi puyuhan ingkang winastan blaskatar (gambar ôngka 43)

Bakung pêthak punika ronipun kangge jampi ing Jawi minôngka ngêdalakên kringêt, ron wau kadhêploka ingkang lêmbat kalihan sarêm sakêdhik, makatên ugi manawi tiyang botên sagêd nguyuh, ron wau kapangganga ing latu sakêdhap supados alum, sarta kausèr-usèrana lisah klêntik sakêdhik, nuntên kapususa sakêdhap, lajêng kasabukakên ing kêmpung.

--- 161 ---

Kelor jampi sakit encok, tuwin sakit padharan (gambar ôngka 44)

Kelor punika kangge jampi sakit encok utawi sakit ing ros-rosan, ananging manawi ngangge jampi punika kêdah ngatos-atos sangêt, sabab kelor punika êmpanipun kados mostêr.

Oyod kelor kapipisa ingkang lêmbat kacampur kalihan arak, manawi nêdha jangan kelor kathah, inggih punika ronipun ingkang nèm sarta klenthangipun, punika botên prayogi, anuwuhakên sakit ros-rosan, manawi tiyang sakit salêbêting padharan jalaran kenging asrêp, angêjura tlutuh kelor wontên ing wedang bêntèr, lajêng kaunjukna dhatêng ingkang sakit kaping kalih sadintên, saunjukan kathahipun 10 tètès kalihan wedang angêt sagêlas bitêr, manawi dèrèng tulung kaunjukana kaping tiga sadintên, kacobia salêbêtipun tigang dintên angunjuka kaping kalih sadintên, manawi dèrèng tulung kalangkungana.

--- 162 ---

Sambirata, jampi kacakot sawêr mandi sapanunggilanipun, tuwin sakit bêntèr (gambar ôngka 45)

Sambirata punika ron sawêr, kangge jampinipun kacakot ing sawarninipun kewan alit-alit ingkang mandi, ron sambirata wau kadhêplok kalihan toya sakêdhik, lajêng kapopokna ing panggenan ingkang kaêntup utawi kacakot, sarta kaunjukana jampi wau sagêlas bitêr, asring tiyang sêpuh utawi lare ingkang suku utawi sanèsipun abuh botên kasumêrêpan jalaranipun, punika kapopoka pipisan sambirata wau saèstu enggal kimpès, suku abuh punika botên ngamungakên kacakot ing sawêr kemawon, ananging manawi tiyang ngidak lungsungan sawêr utawi kewan sanèsipun ingkang mandos ugi abuh.

Uyuh coro punika ugi blèrèngi, punika ugi prayogi kajampenan ron sambirata.

Kangge ngasrêpakên badan manawi sakit bêntèr, anganggea opyok tuwin wijik kukuman ron sambirata mêntah. Tumrap tiyang sêpuh manawi sakit bêntèr toya sambirata sagêlas [sagê...]

--- 163 ---

[...las] bitêr sampun cêkap.

Ananging manawi ron wau kangge jampi ing nglêbêt kêdah ngatos-atos, ingkang kêrêp kula sumêrêpi, tiyang Jawi ingkang ngagengangge. jampi wau maripatipun lajêng abuh, wontên tiyang ingkang ngangge sambirata kangge jampèni sawarnining sêsakit, ananging ingkang makatên punika lêpat.

Widara upas, jampi sakit gêndhis, tuwin sakit gurung sarta sanès-sanèsipun (gambar 46)

Widara upas punika bangsaning wit marambat, wanguning ronipun kados manah, kuncupipun pêthak, êmpuning widara upas punika kenging kangge jampi warni-warni, tumrap sakit gêndhis anganggea jampi parudan êmpu widara upas wawrat 100 gram sadintên, ampasipun kaanggea opyok utawi mopok ing pundi ingkang sakit, amaruda êmpu widara upas nuntên kapêrêsa ing sinjang, lajêng kaunjuka ing sadèrèngipun padharan kalêbêtan punapa-punapa, manawi êmpu wau garing kadèkèkana [kadèkè...]

--- 164 ---

[...kana] wedang sagêlas por kêbak.

Tumrapipun sakit gorokan tuwin sakit gurung, manawi lare kaunjukana toya parudan widara upas sagêlas bitêr, tumrap tiyang sêpuh sagêlas por, kaorokna rumiyin lajêng kaulu, dene ampasipun kablonyohna ing jôngga, lajêng kablêbêt sêrbèt utawi kacu, widara upas punika ugi prayogi tumrap tatu ingkang botên lêbêt, tumrap sakit idu rah utawi sakit paru, manawi kajampenan êmpu widara upas sagêd saras, êmpu widara upas wau manawi kagodhog kalihan gêndhis batu prayogi sangêt kangge jampi sakit watuk, êmpu wau kaparuda rumiyin, utawi kairis-iris tipis, lajêng kasaring nuntên kagodhog ingkang kênthêl kalihan gêndhis batu, êmpu widara upas wawrat 100 gram, kagodhog kalihan gêndhis batu sapradasan pon, punika cêkêp kangge kalih dintên, sarta jampi punika kenging karimatan.

Manawi êmpunipun kaparud kadekekan tètès gêndhis batu sawatawis, sarta kasaring sarana sinjang ingkang alus, punika jampi ingkang ngenggalakên mantun sakit watuk, manawi [mana...]

--- 165 ---

[...wi] jampi wau kagodhog kenging karimatan, ananging manawi kangge jampi mêntahan enggal tulung.

Widara upas kaparud sarta kapêrês, punika kangge pênawaripun sawarnining upas, ingkang prayogi êmpunipun ingkang alit-alit ingkang kathah tlutuhipun, pangunjukipun kintên-kintên tigang gêlas bitêr sadintên.

Widara upas punika tulung sangêt kangge jampi sakit bêntèr ingkang winastan tipus, tumrap tiyang sêpuh, sadèrènging padharan kaisèn punapa-punapa, kaunjukana toyaning parudan êmpu widara upas sagêlas por, tumrapipun lare kathahipun sagêlas bitêr, tumrap lare ingkang alit sangêt, satêngah gêlas bitêr.

Wudani, jampi cacingan (gambar ôngka 47)

Wit wudani punika wohipun winastan cêgu utawi cêkluk, sêkaripun abrit sakêlangkung sae sarta sagêd thukul ing pundi-pundi. Wudani punika bangsaning wit marambat, wohipun ingkaingkang. matêng sarta oyodipun kangge nglunturakên cacing, tumrapipun lare alit wohipun tiga

--- 166 ---

utawi sakawan sampun cêkap, manawi lare agêng kêdah kaindhakan, manawi botên sagêd angsal wohipun, anggodhoga oyodipun kemawon, ingkang panjangipun kalih driji, kalihan gêndhis Jawi sarta toya kalih cangkir kakantunakên sapalih, wedang wudani punika kaunjuka ing sadèrènging padharan kalêbêtan punapa-punapa, sasampunipun punika botên susah ngunjuk kastêr oli. Wudani punika wontên tigang jinis, wudani Cina ingkang isinipun langkung agêng tinimbang wudani Jawi, punika ing samasa-masa sasagêdsagêd. tumbas dhatêng nyonyah Cina craki ing pêkên-pêkên, dene ingkang sajinis malih, ingkang kasade tiyang Bugis wontên salêbêting kitha, punika warninipun pasagi, isinipun woh punika ingkang kêdah kadhahar, botên wohipun sadaya, kados cariyosipun Cina craki.

Pace jampi sakit manah, gomên sarta sanès-sanèsipun (gambar ôngka 48)

Woh pace punika angsaripun angrêsikakên, woh pace ingkang matêng punika kangge jampi gomên ingkang sangêt, [sangê...]

--- 167 ---

[...t,] manawi tiyang Jawi, pace punika kangge nyuwèrakên riyak, padamêlipun jampi kêdah kawoworan gêndhis Jawi, punika ugi kangge jampi watuk.

Woh pace ingkang taksih nèm sangêt, ingkang sêkaripun sawêg rêntah, kalihan lêmpuyang satugêl alit punika kangge jampi luntak, manawi tiyang sakit bêntèr kuwaya, jampi punika kajampèkakên sapisan kemawon sampun cêkap.

Blêntong wontên ing sinjang sagêd ical manawi dipun balonyoh pace matêng karêmpu lajêng kaêpe.

Ron pace ênèm punika manawi tiyang Jawi kangge janganan utawi lalab, ugi kangge ngrêsikakên rah, babakanipun kangge jampi sakit wontên pulung manah, kadamêl popok, dene padamêlipun kados ing ngandhap punika:

Babakan pace kadhêploka ingkang lêmbat sangêt, sarta kailingana cokak sakêdhik, campuran punika kawungkusa ing ron pisang, sarta kagarang ing latu utawi kakukusakên sakêdhap, kajêng pace punika kenging kangge mulas jêne, tiyang Jawi manawi ngrêsiki tatu ugi

--- 168 ---

ngangge godhogan pace.

Tumrap sakit manah prayogi kaunjukan toya pace, amêrêsa woh pace matêng tigatigang. iji sabên dintên, manawi manahipun sangêt mêlar, kaunjukana toya woh pace gangsal iji sadintên, kala kina manawi wontên pagêblug sakit cacar tiyang sami nêdha woh pace kathah minôngka mekani sêsakit wau.

Pacar Jawi, jampi sakit canthêng, sakit ngêdalakên rah pêthak tuwin sanès-sanèsipun (gambar ôngka 49)

Ron pacar punika kangge jampi canthêng, ron wau kadhêplok ingkang lêmbat kalihan gambir, ron pacar ugi kangge campuranipun jampi sakit ngêdalakên rah pêthak.

Sangkèt, jampi ngayêmakên (gambar ôngka 50)

Sangkèt punika thêthukulan ingkang tuwuh wontên ing têgalan [tê...]

--- 169 ---

[...galan] tuwin sanès-sanèsipun, angsaripun anjênjêmakên utawi angayêmakên daya saranduning badan ingkang winastan sèniyu, lare sawanên sarta klisikan, kaguyanga kalihan sangkèt, ugi prayogi pang sangkèt sawatawis kagêcêk kalihan toya, utawi kagodhog kangge wedang lajêng kaunjuk, tumrap tiyang sakit ngêlu ingkang rêkaos sangkèt punika paedah sangêt, sirahipun kêdah katêlêsana kalihan wedang sangkèt, utawi ronipun ingkang kagaringakên kaanggea kajang sirah, kacampur kalihan lampis.

Manawi sakit rumab utawi badan pating kêjot, kajampènana ron sangkèt kagêcêk kaanggea nyibin badan sakojur, sarta sampun kêndhat kaagekaangge. nêlêsi sirah: tiyang ingkang sakit rumab utawi pating kêjot, kêdah kaunjukana toya sangkèt, 2 gêlas bitêr sabên dintên, sangkèt kalih pang panjang nyadriji kadhêploka, kadèkèkana toya sagêlas bitêr, lajêng kakèndêlna satêngah jam dangunipun, nuntên kasaringa ing sinjang ingkang alus, kadèkèkana sarêm sakêdhik, lajêng kaunjuka sagêlas ing sadèrèngipun padharan kalêbêtan punapa-punapa,

--- 170 ---

sarta sadèrèngipun mapan tilêm kaunjukana malih sagêlas alit.

Sabên ngunjuk kêdah adamêla jampi enggal, anggi-anggi punika prayogi sangêt tumrap sakit maras, sabên dintên kaunjukana tigang gêlas.

Sapujakat, jampi krêminên (gambar ôngka 51)

Sapujakat punika thukulipun wontên ing wana, paedahipun kangge ngicali krêmi, anggodhoga pang sapujakat ingkang taksih wontên sêkaripun, kathahipun gangsal utawi nêm pang, kadamêl wedang kalihan adas kalih las sarta pulasari, ronipun kagêcêk mêntahan kaanggea tapêl.

Sidaguri, jampi sakit kulit, sarta sanès-sanèsipun (gambar ôngka 52)

Sidaguri punika sêkaripun jêne, thukulipun wontên ing pundi-pundi, ing panggenan asrêp utawi bêntèr, sidaguri punika kadhêplok ingkang lêmbat kalihan lisah klêntik, kaangge jampi sakit kulit sarta gudhig, gatêlipun lajêng ical, panggenan ingkang sakit kêdah kaêkuma kalihan wedang [we...]

--- 171 ---

[...dang] sidaguri punika.

Patrawali utawi butrawali, jampi tatu dumugi balung (gambar ôngka 53)

Patrawali punika kangge jampi tatu dumugi balung, pang patrawali 2 utawi 3 kagodhoga kalihan toya kalih gêndul anggur, kakantunakên sagêndul, tatunipun kakumbaha kalihan toya patrawali wau sarta kaopyokna.

Ron patrawali kenging kagêcêk kaangge popokipun tatu, sadintênipun kasantunana kaping kalih, sarta sapisan-sapisanipun kakumbaha kalihan wedang pang patrawali wau.

Ron duduh, jampi sakit jubur (gambar ôngka 54)

Ron duduh punika wit-witan ingkang kathah tuwuh wontên ing wana sacêlakipun Balora tuwin Cêpu, sarta sagêd tuwuh wontên ing pundi-pundi, damêlipun kangge jampi sakit jubur garing, anggodhoga ron duduh wawrat sapara sêdasan pon, kalihan toya sakawan gêlas tepok kakantunakên kalih gêlas kangge wedang, punika kangge kalih dintên, [dintê...]

--- 172 ---

[...n,] ron wau kêdah kagaringakên rumiyin, manawi badhe saras sayêktos, kêdah anganggea jampi punika ingkang dangu.

Pocor, jampi sakit kêmpung utawi wadhah uyuh, tuwin sakit ginjêl (gambar ôngka 55)

Pocor punika têtuwuhan ingkang thukul wontên ing saênggèn-ênggèn salêbêting wana, ron pocor punika kangge tapêlipun tiyang ingkang botên sagêd nguyuh, padamêlipun jampi kawoworan sêkar lawang, ing sadhengah pêkên wontên tiyang èstri tukang anggi-anggi Jawi ingkang sade sêkar lawang, sadaya wau kadhêplok ingkang lêmbat, nuntên katapêlakên ing padharan ingkang ngandhap.

Sêkar pukul ampat, jampi udun mata sanga (gambar ôngka 56)

Roning sêkar pukul ampat punika kangge matêngakên udun, ron wau kapanggang sakêdhap supados gosong nuntên kausèr-usèrana lisah klêntik, lajêng kapususa, ron wau kadèkèkana bolongan alit, dados manawi katèmplèkakên ing udun, bolongan [bolonga...]

--- 173 ---

[...n] wau dhawah ing têngah, sakubêngipun wudun kausèr-usèrana lisah kêmiri, manawi ngangge jampi wau wudunipun enggal matêng.

Kamilênwanan ing Hindiya, jampi ngêdalakên kringêt (gambar ôngka 57)

Supados sagêd kringêtên ingkang gêmrobyos manawi sakit bêntèr, jalaran sangking kenging asrêp, anganggea jampi racikan ing ngandhap punika.

Kamilênwanan sasendhok agêng kêbak, kacampur kalihan sawi siti wawrat sapara kalih dasan pon, punika kagodhoga dangunipun 5 mênut, kalihan toya kalih cangkir, jampi punika kaunjuka manawi taksih angêt mawi kawêwahan toya jêram sitrun sakêdhik.

Kamilênwanan punika botên thukul wontên ing tanah bêntèr, ing tanah ingkang inggilipun 2000 kaki ugi thukul angrajak, sarta salaminipun anggèning thukul wontên ing sacêlakipun sawi siti. Tiyang Jawi botên pirsa namanipun ingkang sayêktos, ing sakathahipun panggenan ing tanah Jawi Têngah, kula nate mirêng namanipun sanès, sawênèh wontên ingkang mastani sêkar gundhul, [gu...]

--- 174 ---

[...ndhul,] tiyang sanès amastani pucu: kudhupipun kenging kagaringakên, manawi ngunjuk jampi punika tiyang lajêng kringêtên tuwin têtoyan kathah.

Kangkung, jampi sakit jubur tuwin sanès-sanèsipun (gambar ôngka 58)

Kangkung punika ingkang kathah thukul wontên ing toya, ron tuwin oyodipun sami kangge jampi ngayêmakên tuwin ngrêsikakên, tiyang ingkang botên kêndhat sakit padharan, jalaran sakit jubur, badhe saras manawi kaunjukan wedang oyod kangkung: anggodhoga oyod kangkung gangsal iji kalihan toya kalih gêlas tepok, kakantunakên sagêlas, punika kaunjuka ing wanci siyang: sanadyan sampun karaos saras, jampi punika kêdah kaunjuka ingkang lami, sabab sakit padharan jalaran sakit jubur punika botên enggal saras, sabab sabên-sabên angot, sakawitipun salêbêting sawulan kaunjukana wedang kangkung sabên dintên, sasampunipun punika sabên kalih dintên, manawi sampun antawis dintên lajêng pitung dintên kaping kalih, sasampunipun nuntên pitung dintên sapisan.

--- 175 ---

Oyod kangkung punika ugi kangge jampi pathèk, kagodhoga kalihan toya kalih cangkir dangunipun 10 mênut, kacariyos oyod kangkung 5 iji, kadhêplok mêntah kalihan sarêm sarta toya sakêdhik, lajêng kasaring ing sinjang, punika tumrapipun pathèk langkung enggal tulung tinimbang wedangipun, manawi ngangge jampi punika sakawit badhe adamêl sumêlanging manah, sabab pathèkipun sadaya lajêng mêdal, ananging ingkang makatên wau prêlu ingatasipun sêsakit punika, sabab yèn botên tuntas, badhe taunan mantunipun, têrkadhang sagêd ngantos pitung taun, mênggah anggènipun mulasara tatu wau kêdah satunggal-satunggal, patrapipun makatên: ambêsmia prusi sacuwil, ananging anggènipun bêsmi kêdah rêsikan sangêt, prusi wau kadhêploka ingkang lêmbat sarta kadèkèkana kastêr oli sakêdhik, ngantos dados awarni jampi lèlèt utawi salêph, sadaya tatunipun karêsikana kalihan godhogan oyodipun wit trêngguli, amirsanana (gambar ôngka 59) kapuk ingkang kacêlupakên toya trêngguli katèmplèkna ing tatu satêngah mênut dangunipun, supados sagêd rêsik, [rê...]

--- 176 ---

[...sik,] lajêng satunggaling tatunipun kagosoka kalihan jampi lèlèt utawi salêph kasêbut ing nginggil wau, dene manawi ngrêsiki tatu kêdah ingkang ngatos-atos sangêt, sabab manawi toyanipun sakêdhik kemawon angrêgêdi ing sanès panggenan, punika sanès dintên lajêng anukulakên tatu enggal, satunggal-tunggaling tatu kêdah kaupakaraa mawi kapuk pyambak-pyambak, sarta kapuk wau manawi sampun kangge kabêsmia, awit sakit pathèk punika nular. Manawi tatu wau sampun kausèr-usèran jampi lèlèt, lajêng kadèkèkana tlutuh wit pule, manawi kaupakara makatên, tatunipun botên kanginan sarta kulitipun ingkang saras botên katularan, manawi botên sagêd asalangsal. pule, anganggea tlutuh gondhang (gambar ôngka 60) manawi pathèkên, sampun anêdha ingkang bêntèrakên utawi ingkang anjalari ngwontênakên kuwaya, sampun nêdha urang, ulam loh utawi traos, murih rêsikipun rah anêdhaa sayuran kemawon, kados ta: postêlèin utawi gêlang, wontên ugi postêlèin wanan, punika kenging katêdha, sok anggêr isinipun kabucal, sabab punika [pu...]

--- 177 ---

[...nika] botên prayogi tumrapipun usus, makatên ugi anêdha ron kangkung punika angsaripun angrêsikakên, sarta kêdah ajêg anêdha asêm, jêram sitrun, tuwin katès.

Ron kangkung punika prayogi tumrap tiyang ingkang sakit pating krêjot, langkulangkung. malih tumrap tiyang sakit ngêlu rêkaos, ron kangkung punika kadamêla janganan, tiyang èstri wawrat kêdah nêdhaa ron kangkung ingkang kathah, angsaripun angrêsikakên tuwin angayêmakên.

Manawi tiyang sakit ngêlu rêkaos, andhêploka ron kangkung satêkêm kacampur kalihan sarêm tuwin toya sakêdhik, kasaring ing sinjang toyanipun lajêng kaunjuka, manawi botên sagêd tilêm jalaran manah gorèh tuwin miris, ingkang sakit makatên punika kula prayogèkakên nêdha kangkung ingkang kathah, ananging sampun mawi gagangipun, awit punika angèl ajuripun.

Trêngguli, jampi urus-urus sapanunggilanipun (gambar ôngka 59)

Wit trêngguli punika kathah ingkang thukul wontên ing wana, wohipun kadamêl urus-urus, ananging manawi ngangge

--- 178 ---

urus-urus punika kêdah ngatos-atos, manawi kêkathahên botên prayogi, awit ngrisakakên jêrowan, tumrap tiyang sêpuh cêkap ngangge saprapating woh trêngguli, isinipun kasêsêpa ngantos têlas, woh punika rikat sangêt anglunturakên kuwaya, manawi woh punika kagodhog lajêng toyanipun kaunjuk, botên enggal pasah.

Jampi urus-urus punika dhatêng padharan mulês, manawi salêbêting padharan kathah kuwayanipun, saupami sirah ngêlu sangêt jalaran saking kêkathahên kuwaya, punika manawi badhe ngêdalakên kuwaya sarana kaluntakakên, prêlu amung ngangge isi woh trêngguli 3 utawi 4 iji, ngêlunipun lajêng ical manawi sampun kalêrêmakên sakêdhap, ingkang kathah manawi tiyang sakit ngêlu jalaran saking kuwaya punika katôndha saking sirahipun ing wingking karaos sakit, sarta karaos awrat sangêt tuwin baliyut, kathah tiyang ingkang botên pirsa sababipun anggèning asring sakit ngêlu, botên kenging kanginan sakêdhik utawi kangge rêkaos sawatawis lajêng ngêlu malih.

Ingkang kathah badanipun lajêng lêsu, punika kêdah dipun têdhani [têdha...]

--- 179 ---

[...ni] ingkang prayogi, sawênèhipun tiyang wontênipun ngêlu wau sabab saking kêkathahên kuwaya, wontên ingkang sababipun saking nêdha tatêdhan ingkang angèl ajuripun utawi tatêdhan ingkang jalari kathahipun kuwaya, manawi para wanodya wontênipun asring sakit ngêlu, jalaran saking padharan malorot, utawi wadhah bayi kèngsêr, manawi makatên kêdah tumuntên dipun lêrêsakên sarta kêdah lami ngangge bêngkung.

Manawi malorodipun padharan sampun kalêrêsakên, kêdah anganggea jampi racikan ing ngandhap punika supados saras babar pisan.

3 iji pêntil jêram pêcêl, 3 iji pêntil dêlima pêthak, kunci pêpêt argi 5 sèn, jokli argi 5 sèn, jênitri argi 5 sèn.

Sadaya punika kapipisa ingkang lêmbat mawi toya supados cuwèr, kaunjuka baladhêg kalih dintên ing sadèrèngipun padharan kalêbêtan punapa-punapa. Mênggah racikan kasêbut ing nginggil wau kangge kalih dintên nyamlêng.

--- 180 ---

Wontên badan ingkang botên pisan tahan dhatêng lombok utawi tatêdhan ingkang mawi bumbu bêntèr, wontên malih sanèsipun ingkang botên tahan nêdha urang, kêpithing utawi ulam sagantên sarta ulam gajih, kados ta ulam babi utawi andhapan, wontên tiyang ingkang manawi nêdha sêlat timun lajêng ngêlu.

Punika katranganipun jalaran kêtimun wau manawi kangge sêlat, toyanipun kabucal, ing môngka kêtimun punika manawi tanpa toya angèl ajuripun, dados ingkang prayogi kabucal.

Isi timun punika kêdah kabucal, awit andrawasi sarta andadosakên mulês tuwin sakit padharan, tiyang nêdha krai ugi makatên, manawi ngunjuk wedang tèh Jawi ingkang kandêl ugi anjalari ngêlu, langkung malih manawi tèh wau kagodhog, murih angêtipun kados-kados ingkang asring kalampahan. Oyod trêngguli manawi sampun kagodhog, punika prayogi kangge angumbah tuwin angopyok tatu sarta korèng.

Korèng ingkang ngurêng sagêd enggal mantun manawi dipun opyok kalihan toya godhogan oyod trêngguli.

--- 181 ---

Babakan trêngguli punika ugi kenging kangge jampi pampêtipun sakit padharan, angsaripun angakasakên, mila ngangge babakanipun sacuwil kemawon sampun cêkap, babakan trêngguli punika kathah sangêt têlutuhipun ingkang kenging kangge samak, mila babakan wau prayogi kangge nyamak cucal. Kula nate pirsa tiyang Jawi anjampèni tiyang ingkang kangèlan utawi sakit manawi nguyuh, kalihan godhogan babakan trêngguli ananging kula dèrèng sagêd nyatakakên punapa sae kadadosanipun.

Gondhang, jampi sakit murus rah ingkang winastan dhisêntri (gambar ôngka 60)

Tiyang sakit murus rah ingkang lami kajampenan tlutuhing woh gondhang, pamêndhêtipun talutuh wau saking wohipun kairis-iris, lajêng kagodhoga sarta kaunjuka ing wanci siyang, woh gondhang sadasa kagodhoga kalihan toya sagêndul toya Walandi kakantunakên sapalih, manawi tiyang Jawi padamêlipun jampi wau gampil sangêt sarta enggal tulung, padamêlipun makatên, amêndhêta woh gondhang sawatawis kathahipun, nuntên kadhêploka kalihan sarêm, toyanipun lajêng kaunjuk.

--- 182 ---

Tlutuh wit gondhang mêntahan kaunjuk kalihan wedang angêt kemawon sampun dados jampi, tlutuh wau sasendhok tèh sampun cêkap, tlutuh gondhang punika jampi ingkang prayogi kangge ngaling-alingi tatunipun tiyang sarta kewan, supados sampun ngantos katêdha lalêr, awit gandanipun kapêpêtan.

Inggu, jampi ngêdalakên kringêt tuwin sanès-sanèsipun (gambar ôngka 61)

Ron inggu punika angsaripun angayêmakên, sarta manawi tiyang sêbin kalihan inggu, cokak sarta toya sakêdhik, punika angêdalakên kringêt: tumrap lare sakit sawanên salaminipun tiyang ngangge jampi ron inggu, prayogi rimat ron inggu kaêkum ing cokak, kangge jampi sakit bêntèr ugi kenging, langkung malih sirah, punika kêdah dipun opyok kalihan ron inggu wau. Lare-lare alit asring anggadhahi sêsakit kados ing ngandhap punika:

Lare wau luntak-luntak, badanipun bêntèr sangêt, manawi tilêm jangkêrung, rongèh, kathah sêsukêripun kados toya anggènipun toyan sakêdhik, botên wontên tatêdhan [tatêdha...]

--- 183 ---

[...n] sakêdhik-kêdhika ingkang kèndêl salêbêting padharan, punika tôndha-tandhaning sêsakit ingkang sampun kula yêktosi pyambak nalika anak kula sakit makatên, dhoktêr ingkang jampèni lare wau amastani punika sakit kolerah lare.

Ing tanah Padhang wontên pintên-pintên lare watawis umur sataun utawi kirang tuwin wontên ingkang langkung sakêdhik sami gadhah sêsakit punika. Sakawit dhoktêr anyukani jampi kastêr oli, ananging botên tulung, nuntên jampi sakit bêntèr bubukan, ugi botên migunani, botên antawis lami lare-lare wau wontên ingkang pêjah.

Wontên nyonyah pranakan ingkang kathah pamanggihipun, anyariyosi dhumatêng kula, bilih sêsakit punika winastan sawan ing nglêbêt, sarta angrêmbaga dhumatêng kula sasagêd-sagêd tumuntên kapurih dhêplokakên ingkang lêmbat pang inggu tanpa ron panjangipun sadriji, kalihan sarêm sakêdhik sarta toya sasendhok tèh, lajêng kasaringa ing sinjang sarta kaunjukakên, anggènipun luntak sapanunggilanipun wau lajêng kèndêl, lare wau lajêng nêdha tatêdhan, sampun dipun sukani sanèsipun pêrêsan [pêrêsa...]

--- 184 ---

[...n] ingkang kacuwèrakên, sarta manawi ngêlak sangêt, kasukanana èis kapêcèl alit-alit, sasêlot-sêlotipun lare wau kasukanana sêkul tim ingkang lêmês, sarta kaunjukana pêthaking tigan sakêdhik kaublêk kalihan toya sarta gêndhis, ngantos sasarasipun lare wau.

Tumrapipun tiyang sakit kuning kanthi sakit bêntèr rêkaos, sarta manawi uyuhipun pêthak, têrkadhang katingalipun kados balêthok, kajampènana tlutuh inggu, cêkap satunggal iji kang agêngipun tigang pil kênini. Tlutuh wau kajèra wontên ing wedang bêntèr, sagêlas bitêr kemawon sampun cêkap, punika lajêng kaunjukna sanalika, botên antawis lami saèstu lajêng katingal saras, dene ingkang sakit kapurih angunjuk wedang têmulawak sapanunggilanipun salêbêting sawulan, mênggah pangracikipun kados ingkang sampun kapratelakakên, samasa kawontênanipun ingkang sakit wau sampun kuwawi lajêng tiraha dhatêng parêdèn, punapa malih saking rêmbak kula sarèhning punika prêlu sangêt, sanadyan ingkang sakit wau dhatêng panggenan asrêp, ananging sampun kasupèn [kasu...]

--- 185 ---

[...pèn] ngunjuk wedang têmulawak sabên dintên. Manawi lare alit sakit bêntèr, ugi prêlu ugêl-ugêlipun sarta polokipun kablêbêda ing sinjang ingkang kacêlupakên ing gêcêkan ron inggu, cokak kalihan toya, sakêdhap-sakêdhap opyok wau kasantunana, sirahipun ugi sampun kêndhat dipun têlêsi.

Jintên utawi kucing, jampi sakit gomên (gambar ôngka 62)

Jintên punika thukul wontên ing pundi-pundi, manawi dipun opèni sawatawis kemawon thukulipun lajêng ngrêmbuyung, ronipun kangge jampi ngêlu ingkang rêkaos, ron wau kadhêplok rumiyin ingkang lêmbat lajêng kapupukakên ing sirah, ron punika ugi kenging kangge ngrêsiki cangkêm gomên, ron wau kamamaha ingkang dangu sarta toyanipun kaulua ron jintên punika raos sarta gandanipun sêngir, manawi kaamplokkaêmplok. gêtir sangêt, tiyang èstri ingkang nêsêpi manawi anakipun sêsêpan kêrêp mutah, inggih ngangge jampi ron jintên, toyanipun kaulu, mênggah angsaripun ron jintên punika angrêsikakên, ron jintên punika [pu...]

--- 186 ---

[...nika] ugi kenging kadamêl sêtrup kangge jampi watuk, ron wau kagodhoga kalihan kajêng lêgi satugêl, adas sawatawis sarta gêndhis batu.

Kêtèpèng Cintên, jampi sakit kulit (gambar ôngka 63)

Kêtèpèng Cintên punika tuwuh wontên ing tanah parêdèn tuwin tanah ngare, paedahipun kangge jampi sawarninipun sakit kadhas, awit kadhas utawi korèpêpkorèpên. punika botên amung sawarni kemawon.

Ingkang kula sumêrêpi kadhas punika wontên tigang jinis, katiga pisan punika kawujudanipun sami, katingalipun wontên ing kulit sami bundêr, utawi wangunipun kados supe, sarta gatêl sangêt, ananging ingkang gatêl pyambak punika kadhas ingkang mêndhukul, pating pruntus ali-alit dhapuripun bundêr kados ali-ali, têngahipun waradin kalimis, kadhas punika enggal ngêbyuhipun sarta nular sangêt. Manawi tiyang wawratan wontên ing kakus, ingkang mêntas dipun lênggahi tiyang sakit kadhasên, utawi lênggah wontên ing ambèn ingkang mêntas dipun [di...]

--- 187 ---

[...pun] tilêmi tiyang sakit kadhasên, punika kemawon sampun sagêd katularan, makatên ugi angangge andhukipun tiyang sakit kadhas inggih katularan, tiyang kêkesahan ugi sagêd katularan kadhas, panularipun sakit kadhas punika ingkang kathah jalaran saking tukang mêthak, awit limrahipun tukang mêthak punika botên mawi èwêt pakèwêt angangge sinjang pêthakan ingkang dipun pitajêngakên dhatêng pyambakipun, utawi kaanggèkakên dhatêng anak-anakipun, sarta kasambutakên dhatêng bêbaunipun.

Tiyang Jawi botên pirsa manawi sêsakit punika nular, mila sêmbrana dhatêng sêsakit kadhas, mèh botên wontên tiyang Jawi ingkang botên gadhah sakit kulit, tiyang punika kirang pangatos-atosipun dhatêng sinjang pêthakan, langkung malih tumrapipun lare-lare gampil sagêdipun katularan tinimbang tiyang sêpuh, jalaran saking kulitipun lêmir sangêt. Sakit cacar kêthèk punika anggêgirisi sangêt, ugi kêrêp anular jalaran saking sinjang pêthakan, mugi kagaliha, têrkadhatêrkadhang. ingkang kangge masuh punika toya ingkang bacin, inggih lêrês taksih mawi kagodhog sakêdhap kalihan tawas, [tawa...]

--- 188 ---

[...s,] ananging manawi sinjang wau kaêntas saking memean lajêng kasampirakên ing pundhakipun tukang mêthak ingkang tanpa rasukan, ing môngka tukang mêthak wau ingkang limrah tanganipun wontên panunipun pêthak utawi abrit, gudhig, kadhas, tuwin sêsakit sanèsipun ingkang jêmbêr. Manawi tukang mêthak nyambut damêl wontên bênteran, ngangge kudhung andhuk.

Sasampunipun kula mratelakakên sadaya punika, pramila para wanodya ingkang sami mêthakakên sinjang ugi kêdah satiti pamariksanipun dhatêng sinjang pêthakan, sarta amalika ulês guling tuwin ulês bantal, awit ing pojokaning ulês bantal utawi guling punika asring kangge dhêlikan tinggi, mila manawi ulês wau kabêta dhatêng patilêman tingginipun lajêng sami manggèn wontên ing kasur, ing lampit tuwin wontên ing dondomanipun kêlambu, tinggi punika enggal tumangkaripun, sarta rêkaos sangêt anggènipun ngicali. Manawi botên kêndhat dipun rêsiki kalihan sublimat sarta tèrpêntin dangu-dangu minggat.

Tumrapipun para èstri ingkang gadhah anak, langkung malih ingkang dipun tilari anak ingkang taksih alit-alit, [alit-ali...]

--- 189 ---

[...t,] sasagêd-sagêd sinjangipun pêthakan kapurih amasuh wontên griya ingkang rêsik, manawi dangu-dangu katingal sampun awon, lajêng kakintuna dhatêng tukang mêthak, ananging manawi tampi wangsulipun saking tukang mêthak lajêng kacêlupna ing toya sublimat utawi karbol, nuntên kapurih anyêtlika malih wontên ing griya, andhuk ugi kaupakaraa makatên, punika prêlu sangêt, sabab andhuk punika lajêng gêpokan kalihan kulit, pramila manawi ngupados tukang mêthak ingkang titi, kala-kala kengkenana rencang kapurih ningali sampun ngantos kanyana, mênggah ingkang masuh wau tiyang punapa, tuwin ing pundi agènipunanggènipun. masuh.

Ngantos panjang anggèn kula angginêm bab punika, ananging kula sampun nyatakakên pyambak bilih tiyang punika kirang satitènipun.

Prayogi tiyang punika nyumêrêpi ing pundi dunungipun ingkang asring bêbayani dhatêng lare alit, kêtèpèng Cintên punika prayogi kangge jampi kadhas tigang warni wau, jampi panu pêthak sarta bintul saking kuwaya.

Kadhas jinis ôngka kalih punika kathah èmpêripun sindap, [si...]

--- 190 ---

[...ndap,] kêrêp manggèn wontên ing sirah, ron kêtèpèng Cintên wau kadhêploka ingkang lêmbat kacampur kalihan apu sakêdhik, kagosokna ingkaingkang (dan di tempat lain). wontên kadhasipun, kaping kalih sadintên, pamulasara makatên punika ugi tumrap dhatêng sêsakit kulit sanès-sanèsipun, ingkang sampun kula cariyosakên.

Kêtèpèng Cintên punika dhatêng kulit raosipun asrêp sakeca, ingkang kathah sêsakit enggal saras kajampenan kêtèpèng Cintên, gatêlipun ugi lajêng ical.

Kadhas ôngka tiga punika tiyang Jawi amastani kadhas menthok, warninipun kados plênthing alit-alit, ananging botên abrit kados kadhas ingkang kasêbut ing nganjêng wau, sarta têngahipun botên waradin, ananging plênthing alit-alit wau ngrompol rêngkêt, salaminipun awangun buwêng bundêr, kadhas ingkang makatên punika wontênipun asring saking bangsaning tlutuh warni-warni, kados ta: tlutuh kwèni tuwin têlutuh pakèl, tlutuh pêlêm kopyor kacariyos ugi dadosakên kadhas, punapa malih jalaran saking têlèk ayam sarta têlèk [têlè...]

--- 191 ---

[...k] menthok, tuwin jalaran saking sanèsipun ingkang botên kasumêrêpan, ananging ingkang kathah jalaran saking katularan.

Lisah tèpêntintèrpêntin. punika sanadyan ingkang rêsik, manawi kajampèkakên dhatêng kulit awis tiyang tahan, manawi tiyang gosok bêkakas griya kalihan malam kaêjuran lisah tèrpêntin, punika tanganipun ingkang gêpok bêkakas griya ingka dipun gosok malam wau lajêng katuwuhan plênthing ali-alit pating pruntus, punika gatêlipun sangêt, plênthing wau lajêng isi toya, punika manawi kakukur lajêng pêcah, dene ingkang kadleweran toya wau lajêng thukul malih palênthingipun ingkang isi toya, tanganipun dados badhudhug sarta mlerah, saya kêrêp dipun kukur saya bèbrèk, saking gatêlipun ngantos botên nyagêdakên tilêm, malah karaos sakit bêntèr. Jampi kêtèpèng Cintên kasêbut ing nginggil wau ugi sagêd enggal nyarasakên, ananging anggènipun jampèkakên kêdah langkung kêrêp tinimbang kadhas.

Têrkadhang lisah poo punika wontên ingkang palsu kalihan lisah tèrpêntin, mila sirah tuwin githok sarta sadaya [sada...]

--- 192 ---

[...ya] ingkang kenging lisah wau lajêng gosong, sarta gatêl sangêt, ron punika ugi prayogi kagekangge. jampi gosong tuwin gatêl wau. Tanêman poo punika enggal thukulipun sarta ngrêmbuyung, sêkaripun jêne sae sangêt, poo punika kajawi kangge jampi ugi kenging kangge pasrèning patamanan.

KêtèpèKatèpèng. Cintên punika ugi prayogi kangge ngicali krêminipun lare tuwin tiyang sêpuh, poo 4 utawi 5 pang kadamêl wedang, kacampur kalihan kalêmbak. Inggih punika bôngsa kajêng ingkang kasade wontên ing pêkên. Dening tiyang èstri craki, klêmbak wau panjang tuwin wiyaripun sapalih driji, kadèkèkana asêm sarta gêndhis Jawi, kagodhog kalihan toya sagêlas tepok kakantunakên sapalih, pangunjukipun sadèrènging padharan kalêbêtan punapa-punapa, punika murusakên.

Manawi kangge jampèni lare sampun saèstu kemawon sadaya wau kêdah kasuda.

--- 193 ---

Pare, jampi sakit dhêmêm, sakit manah sarta sanès-sanèsipun (gambar ôngka 64)

Ing kaca ôngka,tidak ada angka (kosong). kula sampun nyariyosakên tanêman pare punika, amung ingkang badhe kula cariyosakên malih, inggih punika manawi jampi ron pare wau botên kenging kaunjuk mêntahan, ugi kenging kagodhog, ananging ron wau kêdah kathah.

Tumrap lare ingkang sakit krêminên, ugi kajampènana dhêplokan ron pare mêntah kalihan sarêm sakêdhik, kadèkèkana toya kintên-kintên sagêlas bitêr, lajêng kaunjukna sadèrèngipun padharan kalêbêtan punapa-punapa. Kathahipun ron ingkang kangge jampi wau kirang sakêdhik sagêgêm, sadèrèngipun kaunjuk jampi wau kêdah kasaring ing sinjang.

Botên ngêmungakên jampi punika ngicalakên krêmi ananging ugi anglunturakên kuwaya, lare ingkang dipun jampèni lajêng doyan nêdha, sarta sakitipun bêntèr lajêng ical.

Manawi lare kêdah dipun jampèni jampi punika tigang dintên, [di...]

--- 194 ---

[...ntên,] tumrap sakit manah kêdah sawulan, dene tumrap sakit bêntèr kintên-kintên ugi sawulan laminipun.

Srigadhing, jampi sukêr tuwin sanès-sanèsipun (gambar ôngka 65)

Srigadhing punika kenging katanêm wontên ing pundi-pundi ing tanah Hindiya ngriki, ronipun sarta sêkaripun kangge jampi ngajêgakên sukêr tanpa sakit, tiyang èstri manak ingkang sakit bêntèr, manawi asring ngangge jampi punika dadosakên sarasipun.

Sêkar sarta ronipun kenging kagaringakên, botên angicalakên dayanipun, tiyang èstri manak punika anggènipun sakit bêntèr ingkang kathah jalaran wontên ingkang sagêd anjalari sakit ing salêbêting badan.

Sêkar srigadhing garing sasendhok sop, kagodhog kalihan toya sagêlas tepok, kakantunakên sapalih. Sêkaripun punika dayanipun langkung saking ron, ronipun pitung lêmbar kacampur kalihan ron ilèr tigang lêmbar, kagodhog kalihan toya sagêlas tepok, kakantunakên sapalih. Asring wontên tiyang

--- 195 ---

èstri bôngsa Jawi ingkang manak sami sanalika pampêt anggèning ngêdalakên rah, punika ingkang kathah jalaran ngangge apyun, manawi dhukun pirsa tiyang èstri manak sakit mulês utawi mayo ingkang sangêt, punika lajêng amowori apyun wontên ing jampinipun ingkang saklangkung kathah, utawi ing wedang bubuk ingkang kaunjuk tiyang èstri wau, malah manawi ingkang manak punika botên jênjêm, utawi bayinipun beka, punika ugi dipun unjuki apyun, têmahanipun botên prayogi dhatêng badan sakojur, sakitipun mayo ugi mantun, sarta lajêng sagêd tilêm, ananging tiyang èstri wau lajêng botên sagêd ngêdalakên rah sarta botên sagêd wawratan, têmahanipun dados sakit bêntèr rêkaos, sarta manawi kasèb botên lajêng katulungan tiyang èstri wau kalajêng dados lan pêjahipun, rah sarta rêrêgêd sanès-sanèsipun lajêng klangkèt, angèl sagêdipun uwal, salajêngipun kacobi kajampenana wedang srigadhing, ananging ingkang kathah anggènipun jampèkakên sampun kasèp, mila anganggea jampi asêm kawak agêngipun satiganing dara, kalihan toya sarta gêndhis Jawi.

--- 196 ---

Amargi rahipun luntur malih sarta asêmipun murusakên, sakitipun bêntèr ugi ical, adamêla borèh apu, toya jêram pêcêl sarta lisah pêthak kacampur kaborèhakên padharan sarta ing bangkekan.

Sêmboja, jampi sakit busung (gambar ôngka 66)

Wit sêmboja punika manawi tiyang Jawi katanêm wontên ing kuburan, sêmboja punika warni kalih, wontên ingkang pêthak, wontên ingkang jêne sêpuh, ingkang pêthak inggih punika sêmboja limrah ingkang saênggèn-ênggèn wontên, punika kangge jampi: tiyang ingkang sakit busung manawi kajampenan kados racikan ing ngandhap punika badhe saras tanpa kabêdhèl.

Babakan sêmboja 3 iji, panjangipun nyadriji, wiyaripun ngalih driji, kagodhog kalihan toya kalih gêlas tepok, kakantunakên sagêlas, ing dintên sakawitipun amung kaunjukan sagêlas bitêr, kalih dintênipun kaunjukan kalih gêlas, tigang dintênipun tigang gêlas, [gêla...]

--- 197 ---

[...s,] makatên salajêngipun ngantos 15 dintên, dados gangsal wêlas dintên ngunjuk 15 gêlas bitêr, mila kêdah anggodhog babakan samboja ingkang kathah, awit sagodhogan amung angsal 12 gêlas bitêr.

Jampi wau kenging kasimpên 2 dintên, manawi dipun êngêt, bilih sampun 15 dintên lajêng kasuda-suda sadintênipun sagêlas, dados manawi sampun 15 dintên amung 14 gêlas, lajêng 13 gêlas, salajêngipun ngantos kantun sagêlas malih, manawi tiyang ngunjuk jampi sêmboja botên kenging nêdha ingkang pêdhês-pêdhês sarta ingkang kêcut-kêcut.

Têgêsipun botên nêdha pêdhês punika botên nêdha lombok, mostêr, utawi mrica, laminipun tigang wulan, jampi punika pangunjukipun kêdah asrêp.

Babakan sêmboja punika ugi kangge jampi toyan ingkang angèl, jalaran sakit bêngang kapal ingkang botên sagêd toyan ugi kajampènana babakan sêmboja kathahipun sagêgêm, kagodhog kalihan toya 2 gêndul kakantunakên sagêndul, jampi punika enggal kaasrêpna sarta tumuntên kaunjukna dhatêng kapal, manawi

--- 198 ---

tiyang rêmên kapal, prayogi tansah rimat babakan sêmboja garing.

Tlutuh sêmboja punika kangge matêngakên wudun, sarta sakit abuh ngêmu nanah, anèhipun dene tlutuh punika enggal sangêt anêdahakên punapa badhe kadadosanipun abuh wau.

Lare-lare asring sami sanalika sakit, botên katingal wontên punapa-punapanipun, kados ta ing sukunipun, kinintên kêsliyo utawi kusul,kungsul. punika kaborèhana tlutuh sêmboja sarta kakèndêlna salêbêtipun sadintên-sadalu, manawi sampun lajêng kakumbaha ingkang rêsik, sakawit kalihan lisah klêntik sawatawis, salajêngipun kalihan wedang mangêt-mangêt, manawi ototipun salah satunggal ingkang kêsliyo, tlutuh sêmboja wau badhe anêdahakên ingkang kêsliyo, sarana wontên galêr warni jambon nèm kalêrês ing otot, manawi dados angêmu rah ugi katingal cêtha, manawi dados wudun ingkang dèrèng katingal, punika warni jambon nèm wau dados bundêr, ugi katingal cêtha sangêt, malah kathahipun wudun ingkang badhe mêdal ugi katingal, anggèn kula nyariyosakên [nyari...]

--- 199 ---

[...yosakên] punika, sabab kula sampun anyobèkakên piyambak dhatêng salah satunggaling lare, anak kula salah satunggal wontên ingkang ngidak dêling lincip, kula kintên slundupipun wau sampun mêdal, sarêng antawis dintên sukunipun lajêng abuh, botên sagêd nyumêrêpi ingkang wontên ing suku wau kula borèhi tlutuh sêmboja, sarêng sampun kalih wêlas jam kula lajêng pirsa têrang, punapa ingkang wontên ing nglêbêt suku. Tlutuh sêmboja punika manawi tiyang Jawi ugi kangge ngrêntahakên bam krowok, ananging manawi kirang pangantos-atospangatos-atos. tumandangipun, untunipun sadaya coplok utawi rèmpèl.

Terong ngor, jampi sakit kulit (gambar ôngka 67)

Terong ngor punika kangge ngicalakên balêntong ingkang wontên rai, kados ta, panu, woh terong ngor mêntah kasigara lajêng kagosokna panu wau ingkang sêru, punika kêdah rambah-rambah sarta toyanipun kajêngipun garing wontên ing ngriku. Terong ngor kairis-iris bundêr, punika [puni...]

--- 200 ---

[...ka] manawi tuwanên utawi wijènên kateplokna ing wadana, lajêng kagosokakên.

Ron jati nèm kauworan obat sawatawis, punika kangge ngicali kadhas ingkang awon, angêsoka obat sakêdhik wontên ing ron jati lajêng kagosokna ing kadhas wau.

Kajêng urip, jampi sakit bubul sarta sanès-sanèsipun (gambar ôngka 68)

Kajêng urip punika botên gadhah ron, asring kangge pagêr, tlutuhipun mandos, manawi mripat kenging tlutuh punika sakêdhik kemawon sagêd dados picak.

Tiyang Madura ingkang druhaka damêlipun anètèsi tlutuh kajêng urip punika ing mripatipun rajakaya, mila andadosakên picakipun rajakaya wau.

Manawi sirah kenging tlutuh kajêng urip andadosakên borok utawi enja, remanipun ambodholi sarta kêbak korèng, ingkang minôngka panawaripun anganggea [angang...]

--- 201 ---

[...gea] lisah kêmiri, rambutipun badhe thukul malih, tlutuh kajêng urip punika kenging kangge ngêdalakên êri sarta pêcahan bêling ingkang nlusup ing badan.

Ewadene manawi kajêng urip punika kagodhog dados jampi ingkang prayogi, inggih punika kangge jampèni bubul, kathah bôngsa Jawi ingkang sakit bubulên, bôngsa Eropah ugi sok wontên.

Bubul wau sabên taun thukul kaping tiga utawi kaping sakawan, sakitipun sangêt, mênggah pinangkanipun sêsakit punika, saking pamanggih kula makatên, tiyang Jawi punika kathah ingkang sakit pathèkên, utawi korèng, ananging rosipun pathèk punika ingkang nuwuhakên bubul.

Bubul punika manggèn wontên ing rah, tiyang Jawi amung anjampèni ing jawi kemawon, ananging botên angrêsikakên rah, jampi ingkang pêrmati kados ing ngandhap punika racikanipun.

Amêndhêta kajêng urip ingkang taksih sêgêr, kintên-kintên wawrat satunggal pon, kagodhoga kalihan toya 4 plès jênèwêr, kakantunakên sapalih.

--- 202 ---

Manawi wedang wau sampun mangêt-mangêt suku ingkang bubulên kêdah kaêkuma salêbêtipun satêngah jam, salajêngipun suku wau kakêsata, nuntên andhêploka prusi, ingkang lêmbat sangêt kauworan pêthaking tigan, sukunipun sadaya kablonyoa kalihan prusi wau, langkung malih ing saantawisipun bubul, borèh wau kakèndêlna kemawon, wontên ing suku ngantos garing sayêktos, sarta kablêbêda, sapisan kemawon anggènipun borèhi prusi wau saèstu badhe pirsa bilih sukunipun saras ing salaminipun, salêbêtipun tigang wulan kêdah angunjuka wedang kêtèpèng Cintên 2 pang alit, sarta têmulawak pitung iris bundêr, kagodhog kalihan toya sagêlas tepok kakantunakên sapalih, punika kaunjuka sadèrèngipun padharan kalêbêtan punapa-punapa.

Bêrcita, jampi krêminên (gambar ôngka 69)

Bêrcita punika thukul wontên ing patêgilan sarta ing

--- 203 ---

patêgilan sarta ing galêngan, anggodhoga ron bêrcita (sapara kalih dasan pon) kalihan toya sagêlas tepok, kakantunakên sapalih, punika kaunjuka sadèrèngipun padharan kalêbêtan punapa-punapa, ron bêrcita punika kaanggea tapêl padharan manawi badhe mapan tilêm, punika jampi krêminên.

Ron bêrcita punika nglogrokakên jalagra utawi riyak, kamamaha mêntahan ampasipun kalêpèha, toyanipun kaulu.

Têpong wiyong, jampi gomên (gambar ôngka 70)

Ron têpong wiyong punika angasrêpakên sangêt, sarta kangge jampi sawarnining sêsakit, kados ta jampi gomên, wedangipun ron têpong wiyong wawrat sapara sedasan pon kaunjuka kangge jampi gomên, dene ronipun ingka kanggodhogkagodhog. kadhahara kangge jampi sakit bêntèr nglêbêt.

Jampi sêriawan ingkang wontên ronipun têpong wiyong

--- 204 ---

pangracikipun kados ing ngandhap punika:

5 cangkir ron saga, 5 cangkir ron jintên, 1 cangkir ron gagan utawi kaki kudha, 5 cangkir têpong wiyong, 3 cangkir lêgêtan, 6 iji kajêng lêgi panjang sapalêm, 7 cangkir adas sarta pulasari, 8 iji kayu angin.

Kajêng lêgi adas, pulasari sarta kajêng angin punika kagaringna sarta kadhêploka ingkang lêmbat, ingkang warni ron amung kagaringakên kemawon, sadaya punika kawadhahana ing lodhong dados botên amês.

Manawi kangge jampi cêkap sasendhok tèh, punika kagodhoga kalihan toya kalih cangkir kakantunakên sacangkir.

Wit tanjung, kangge kêmu (gambar ôngka 71)

Babakan tanjung punika prayogi sangêt kangge kêmu, manawi [mana...]

--- 205 ---

[...wi] untu kathah ingkang risak jalaran ngangge jampi ingkang winastan kalomêl, sarta ogak jalaran saking kenging asrêp, sagêd kêkah malih manawi dipun kêmoni babakan tanjung, babakan tanjung satugêl sapanjanging driji, wiyar kalih driji kapipisa ingkang lêmbat, sarta kagodhoga kalihan toya kalih gêlas tepok kakantunakên sagêlas, kêdah kaasrêpakên rumiyin lajêng katetesan odhê klonyê sawatawis.

Sabên dintên kêdah anggodhoga malih, kêmu babakan tanjung punika tumrapipun gusi ugi prayogi, ronipun ingkang ênèm karajang ingkang lêmbat kadamêl sês, kangge mayarakên sakit napas.

Ron prasman, jampi sakit bêntèr sarta sanès-sanèsipun (gambar ôngka 72)

Manawi tiyang ngangge jampi ron prasman punika lajêng kringêtên gêmrobyos, mila prayogi kangge jampèni sakit bêntèr tis, sarta sakit bêntèr nglêbêt.

--- 206 ---

Kathahipun ingkang kaunjuk sabên dintên inggih punika ron prasman wawrat 4 gram, kagodhog kalihan toya kalih gêlas tepok kakantunakên sagêlas, manawi kangge jampi watuk, wedang ron prasman wau kagodhoga malih kalihan gêndhis batu, manawi sakit bêntèr ingkang wiwitanipun asta sarta suku karaos asrêp, anggènipun ngangge jampi ron prasman wau kêdah dangu, sakit bêntèr Cilacap sapanunggilanipun manawi dipun jampèni ron prasman sagêt enggal saras babar pisan, panyudaning kathahipun ron prasman ingkang tamban sangêt, pungkasanipun amung anganggea sasendhok tèh kagodhog kalihan toya sagêlas kakantunakên sapalih.

Ron bêsaran ugi winastan murbèi, jampi tatu sapanunggilanipun (gambar ôngka 73)

Ron bêsaran punika kapanggang sakêdhap, ngantos alum, mawi kausèr-usèran lisah klêntik sakêdhik, lajêng kapususa sakêdhap, punika kangge jampi tatu ingkang

--- 207 ---

wiyar sarta lêbêt sagêd enggal saras, ron wau katèmplèkna ing tatu, ananging sadèrèngipun katemplekan ron bêsaran, tatu wau karêsikan kalihan godhogan oyod tringguli rumiyin, wedang pupus bêsaran punika angrêsikakên rah, amila jampi ron kêndhal kangge jampèni sakit bêntèr punika kêdah kawoworan ron bêsaran.

Tiyang sêpuh sarta lare-lare ingkang sakit korèng sarta sakit kulit, ugi kenging kajampenan ron bêsaran, tumrap tiyang sêpuh cêkap ron bêsaran wawrat sêprapat pon, kagodhog kalihan toya 2 gêndul toya Walandi kakantunakên sagêndul, punika kaunjuka nalikanipun siyang. Manawi sagêd angsal bêsaran ingkang matêng sayêktos, lajêng kagêcêka mêntahan kalihan gêndhis, toyanipun kasaringa, dados isinipun botên katut, punika jampi ingkang prayogi tumrapipun sakit gomên.

Pôncasuda, jampi sakit ginjêl sarta sanès-sanèsipun (gambar ôngka 74)

Pôncasuda punika kenging kaewokakên jinising

--- 208 ---

mêlathi. Manawi tiyang têtoyan wontên êndhêg-êndhêgipun, kaunjukana wedang ron pôncasuda, ron wau ingkang sêgêr wawrat 2 gram, kagodhog kalihan toya sagêlas tepok dangunipun 8 mênut, punika cêkap kangge sadintênipun, pangunjukipun jampi punika kalajêngakên ngantos uyuhipun pulih kados adat, ron wau ugi kenging kagaringakên sarta karimatan, pôncasuda punika kenging kangge jampi sakit usus, ron pôncasuda sagêgêm kagodhog kangge wedang kalihan toya 3 gêlas tepok, kakantunakên sagêlas, punika kangge kalih dintên, kalih dintênipun kaêngêta, manawi sakitipun sampun sakeca, kathahipun jampi wau kasudaa, dene laminipun anggèning jêjampi sawulan.

Môndhakaki, jampi mampêt (gambar ôngka 75)

Môndhakaki punika limrahipun kawastanan sêkar mêrtega utawi powan, wujudipun wontên kalih warni, mawi

--- 209 ---

sêkar rangkêp, sarta sêkar lômba, ingkang sêkar lômba thukulipun wontên ing wana, kalih pisan punika prayogi kangge jampi pampêtipun sakit padharan, amêndhêta oyod môndhakaki kalih iji, panjangipun sadriji, kacacaha ingkang lêmbat, lajêng kagodhoga kalihan toya 2 gêlas tepok, kakantunakên sagêlas, punika kaunjuka kaping tiga sadintên.

Saga, jampi watuk sarta gomên (gambar ôngka 76)

Saga punika bangsaning wit marambat, angsaring ronipun angasrêpakên sarta angrêsikakên, ron punika kathah kangge jampi watuk sarta kangge jampi sêriawan, godhoganing ronipun kemawon sampun cêkap kangge nyarasakên sakit gomên, ronipun ingkang taksih sêgêr kintên-kintên wawrat 2 onês (kalih prasêdasan pon) kagodhog kalihan toya kalih gêndul toya Walandi, kakantunakên sagêndul, punika kaunjuka ing wanci siyang, sabên dintên kêdah anggodhoga malih, sabab [saba...]

--- 210 ---

[...b] enggal mambêt, jampi punika ugi kêrêp kangge tumrap sakit watuk, sabab sakit watuk punika tuwuhipun asring saking bêntèripun badan.

Ron saga manawi kangge jampi watuk, kathahipun sagêgêm, kalihan brambang rêdi abrit 1 iji, adas tigang las, sarta pulasari sakêdhik, sadaya punika kawungkus ing ron pisang kalihan gêndhis batu sapringkil lajêng kakukusakên, dangunipun saprapat jam, salajêngipun sadaya wau kasaringa ing sinjang ingkang lêmbat, kaunjukna ing lare sadèrèngipun tilêm.

Tumrap sakit gomên racikanipun kados ing ngandhap punika:

Ron saga sagêgêm, Ron gagan sagêgêm, Ron mêniran 5 wit ingkang panjangipun nyadriji, Kajêng lêgi 1 iji, panjang sadriji, Pulasari sacuwil, Adas 7 las.

Kagodhog kalihan toya sagêndul anggur, dangunipun saêjam.

--- 211 ---

Wit dhuwêt, jampi sakit gêndhis (gambar ôngka 77)

Woh dhuwêt punika kenging katêdha, ananging manawi nêdha sampun kêkathahên, sabab dadosakên sakit bêntèr, jalaran dhuwêt wau anyêndhêtakên têtoyan, ewadene manawi sakit gêndhis, wohipun, isinipun, babakanipun, sêkaripun sarta ronipun punika kangge jampi, supados sampun ngantos kêkatahahên têtoyan, dene ingkang prayogi kangge jampi punika dhuwêt wanan.

Mênggah pangracikipun jampi makatên, ron dhuwêt 9 lêmbar, manawi ronipun wiyar 7 lêmbar, babakan dhuwêt kalih iji panjang nyadriji, wiyar kalih driji, manawi sagêd angsal kudhupipun utawi sêkaripun sadhompol isinipun 6 iji kacacah ingkang lêmbat, manawi wontên kudhup utawi sêkaripun, babakanipun kasuda satunggal, sadaya punika kagodhoga kalihan toya 3 gêlas tepok kakantunakên sapalih, punika manawi sampun asrêp, kaunjuka ing wanci siyang.

--- 212 ---

Rêkaos anggèn kula badhe nyariyosakên, punapa widara upas punika (amaosa bab widara upas) langkung prayogi, makatên wau gumantugumantung. kawontênanipun ingkang sakit, dene ingkang prêlu piyambak inggih punika sampun sapintên laminipun anggèning sakit.

Ing sadèrèngipun anjampèni sakit gêndhis, prayogi akèna mariksa badanipun dhatêng dhoktêr ingkaingkang. mangrêtos, kapurih amratelakakên punapa ingkang dipun têdha tuwin ingkang dados sirikanipun, isi, babakan sarta ron dhuwêt punika kenging kagaringakên, sawênèhipusawênèhipun. tiyang, isinipun wau kagorèng sangan kados kopi lajêng kagodhog kalihan toya, jampi punika botên prayogi, awit amampêtakên sarta asring anjalari sakit bêntèr.

Lare-lare ingkang umur 12 dumugi 14 taun, têrkadhang langkung sêpuh, wontên ingkang gadhah lageyan awon, angompol ing wanci dalu wontên ing patilêman, punika kêdah dipun jampèni dhuwêt, isi dhuwêt 4 utawi 5 têrkadhang langkung mawi-mawi umuripun, punika kapipisa ingkang lêmbat, lajêng kawungkusa ing

--- 213 ---

ron pisang kalihan adas manis sawatawis, sarêm sakêdhik sarta toya 2 sendhok tèh lajêng kakukusakên sakêdhap, jampi punika kaunjukna watawis jam 5 sontên.

Sawênèhipun lare ingkang sawêg umur kintên-kintên 5 taun, punika manawi kadamêlakên jampi isi dhuwêt kados ing ngandhap punika ugi sagêd tulung.

Isi dhuwêt 7 iji, sarta gêndhis Jawi sapringkil, kagodhog kalihan toya 2 cangkir kakantunakên sapalih, isi dhuwêt wau kacacaha alit-alit rumiyin.

Babakan wit dhuwêt punika manawi tiyang Jawi ugi kangge jampi pampêtipun sakit padharan.

Blimbing wuluh, jampi sakit encok sarta sakit watuk (gambar ôngka 78)

Blimbing wuluh punika kajawi wohipun kangge sawarnining olah-olahan, ron sarta sêkaripun kenging kagekangge. jampi.

--- 214 ---

Tumrap sakit gondhong angageaanganggea. jampi pupus ron bêlimbing wuluh nèm sadasa pang kalihan brambang sakawan iji, sadaya punika kapipisa ingkang lêmbat, lajêng kapopokna ing gondhongipun.

Tumrap sakit encok ugi amêndhêta pupus balimbing wuluh, wawrat saparasêdasan pon, kadêploka ingkang lêmbat, kadèkèkana cêngkèh 10 iji, mriyos 15 iji, sarta cokak, ngantos jampi wau awarni bubur, lajêng kagosokna ingkang sêru ing suku utawi ing asta ingkang sakit.

Manawi tiyang sakit ros-rosan sasagêd-sagêd ingkang sakêdhik ngunjuk minuman, toyaning woh-wohan kados ta jêram sitrun sapanunggilanipun punika prayogi, ugi botên kenging kêkathahên nêdha ulam daging, sêkar blimbing wuluh punika kadamêl sêtrup kangge jampi lare gomên, ingkang jalaran saking botên dipun rêsiki cangkêmipun.

Sêkar blimbing wuluh sagêgêm kagodhog kalihan gêndhis batu mawi toya sakêdhik ngantos kênthêl, lajêng kaêsokan brênduwin barselonah sasendhok tèh, sêtrup punika

--- 215 ---

nuntên kalèlètna sakêdhik ing sinjang suwekan, lajêng kangge ngrêsiki cangkêm, langkung prayogi manawi mêntas nêdha.

Lare alit ingkang sakit watuk ugi kajampènana sêkar blimbing wuluh, kawoworan adas sawatawis sarta gêndhis batu. Sêkar blimbing wuluh adas sarta gêndhis batu wau kadèkèkna ing cithakan podhêng, ingkang kenging katutup rapêt, mawi toya satêngah gêlas bitêr, punika kakukusna dangunipun saêjam, sadaya wau kasaringa ing sinjang lajêng kaunjukna ing wanci enjang sadèrèngipun padharan kalêbêtan punapa-punapa, sarta wanci sontên sadèrèngipun mapan tilêm.

Tumrap tiyang sêpuh tuwin tiyang ênèm ingkang watuk jampènipun ing ngandhap punika:

Toya jêram pêcêl, apu sarta lisah pêthak sakêdhik kagosokna ing jaja sarta ing gêgêr: jangganipun kaubêd-ubêdana kacu têlês, ananging kapêrêsa rumiyin, lajêng karangkêpana alêndhukandhuk. wol utawi cucal tiron, dene anggènipun jampèkakên manawi badhe mapan tilêm, tumrap tiyang sêpuh adat cêkap jaja tuwin gêgêripun kagosok lisah pêthak ingkang sêru.

--- 216 ---

Sawi siti, jampi sakit puyuhan utawi kêmpung (gambar ôngka 79)

Sawi siti punika kangge jampi kêmpungkêmbung (dan di tempat lain). kenging asrêp, anggodhoga sawi siti 7 wit kalihan toya kalih cangkir wedawedang. tèh, kakantunakên sacangkir, punika kaunjuka manawi sampun asrêp. Godhong sawi siti kauwor kalihan kudhuping sêkar kamilên wana (gambar ôngka 57), punika kangge jampi sakit bêntèr manawi kenging asrêp, kamilên punika ewoning jinisipun lêgêtan, ananging thukulipun andhap (mirsanana gambar ôngka 57), manawi kagodhog kadamêl wedang rekanipun makatên, sawi siti 3 utawi 4 wit kalihan oyodipun, kudhupangkudhuping. sêkar kamilên wanan 25 iji, kagodhog kalihan toya 2 cangkir, kakantunakên sacangkir, racikan punika tumrap lare, manawi tumrap tiyang sêpuh kaindhakana.

Godhong poo, jampi watuk sarta jampi ngêdalakên kringêt (gambar ôngka 80)

Poo punika kangge jampi kenging asrêp, kadamêl wedang [we...]

--- 217 ---

[...dang] kalihan gêndhis batu, utawi kagodhog kalihan tangkwe (cêngkuwèh) punika jampi watuk.

Manawi kadamêl wedang, punika kangge ngêdalakên kringêt, godhong poo sawatawis kagarang ing latu sakêdhap kalihan lisah kalêntik, kangge jampi githok kakên ugi jalaran kenging asrêp, padharan plêmbung anginên utawi masuk angin ananging botên murus, ugi saras manawi kajampenan wedang poo.

Kumis kucing utawi rêmujung, jampi sakit ginjêl (gambar ôngka 81)

Kumis kucing utawi rêmujung punika kangge jampi sakit ginjêl. Tiyang sakit ginjêl sagêd saras manawi kajampenan godhong rêmujung kangge wedang.

Ananging tumrap sakit sela ing ginjêl, rêmujung punika botên mêsthi istijad dhatêng sadhengah tiyang, godhong rêmujung kauwor kalihan godhong mêniran langkung prayogi: godhong rêmujung sasendhok bubur kalihan mêniran 7 wit, kagodhog kalihan toya kalih gêlas dhepok, [dhe...]

--- 218 ---

[...pok,] kakantunakên sagêlas, kaunjuka kaping tiga sadintên.

Jampi wau amayarakên tiyang sakit toyan, sarta manawi ajêg pangunjukipun ngantos lami sakitipun badhe saras, godhong rêmujung punika tulung sangêt tumrap kêmpung mangsuk angin utawi kenging asrêp, godhong rêmujung garing sasendhok dhaharan sampun cêkap kagodhog kalihan toya sagêlas dhepok kakantunakên sapalih.

Tumrap sakit sela ing ginjêl manawi rêkaos kajampènana godhong rêmujung sêprapat pon, kagodhog kalihan toya sagêndul anggur kakantunakên sapalih, jampi samantên kathahipun wau kêdah kapara tiga sarta kaunjuka ing wanci siyang.

Gempur watu, jampi sakit sela ing ginjêl (gambar ôngka 82)

Ing sadèrèngipun tiyang nyumêrêpi jampi sanèsipun ingkang samangke winastan jinising kêji bêling. Gêmpur sela punika tuwuhan ingkang sampun kina-makina kasumêrêpan minôngka sarana panggêmpuring sela.

--- 219 ---

Amêndhêta gêmpur sela 4 utawi 5 pang, kauwor kalihan godhong posor 4 lêmbar, manawi botên enggal angsal godhong posor, amêndhêta godhong mêniran 7 wit alit, sadaya punika kagodhoga kalihan toya sagêlas dhepok, kakantunakên sagêlas, lajêng kaunjuka kaping kalih sadintên, pangunjukipun sawulan.

Jampi ingkang gampil sarta angebat-ebatakên enggalipun pasah tumrap sakit toyan, inggih punika godhogan jagung nèm kalihan godhong mêniran saombyok, adas sawatawis sarta kajêng pulasari sacuwil, jagung nèm 1 pon, kalihan gôdhong mêniran kintên wawrat 2 gram, kagodhog kalihan toya saplès jênèwêr dangunipun 10 mênut, lajêng kaunjuka ing wanci siyang kathahipun sakajêngipun.

Nagasari, jampi planjêr (gambar ôngka 83)

Wit nagasari punika sêkaripun pêthak wangi sarta anggadhahi woh, woh wau manawi sampun garing kenging kadamêl lisah kangge jampi borok.

--- 220 ---

Lare ingkang planjêrên asring sirahipun têlês, sanadyan botên katingal wontên tatunipun.

Lisah nagasari punika prayogi sangêt tumrap sawarninipun sêsakit kuliting sirah, kados ta: sindap, sarta korèng, tumrap sakit kulit ing sirah ingkang kathah èmpêripun kadhas, sêsakit wau mrèmèn waradin ing sirah sadaya, tumrap lare ingkang sabên-sabên gadhah sakit korèng sawingkinging talinganipun, ingkang ngêdalakên toya, sanadyan tiyang sêpuh ugi gadhah sêsakit punika. Isi woh nagasari kagêpuk, nglêbêtipun kapêndhêta kajapit driji, lajêng wiwit lèlèh jalaran saking bêntèr.

Manawi kadhêplok langkung prayogi isi 5 utawi 6 sampun cêkap tumrap sirah lare kangge sapisan, kagosokna kaping kalih sadintên.

Blustru utawi bêstru, jampi ngrêsikakên rah, sarta sanès-sanèsipun (gambar ôngka 84)

Bêstru punika bangsanipun wit marambat, godhongipun angrêsikakên rah, pêntilipun ugi angrêsikakên, sarta

--- 221 ---

asring kangge janganipun tiyang èstri manak, manawi kangge jangan kauwor kalihan bayêm, punika angrêsikakên ginjêl saha ngasrêpakên, manawi botên sagêd sukêr, ingkang anjalari abuhipun suku, asta tuwin wadana, punika kajampènana godhong bêstru 7 utawi 9 lêmbar, kauwor kalihan adas pulasari sakêdhik, sadaya punika kadhêploka ingkang lêmbat mawi toya sagêlas por, salajêngipun kasaringa ing sinjang, kaunjuka ing sadèrènging padharan kalêbêtan punapa-punapa. Godhong bêstru wau ugi kenging kagodhog, ananging botên enggal tulung, mila kêdah kalajêngakên sawatawis dintên, ngantos sagêd tulung.

Asring wontên lare èstri ingkang rainipun warni abrit sulak biru, kawontênan makatên wau sagêd ngantos taunan laminipun, sarta katingalipun kados gadhah sakit busung.

Godhong bêstru punika ugi kangge jampi wudun, mila manawi sakit wudun katêdhanana godhong bêstru kangge sayuran, ananging sampun kagodhog, godhong bêstru kangge wedang lajêng kaunjuk, punika kangge ngicalakên gosonging badan.

--- 222 ---

Tumrap tiyang toyan rah kajampènana godhong bêstru 5 utawi 6 kalihan godhong kêtumbêl satunggal pang, sarta godhong mêniran 8 utawi 9 wit, tuwin têmulawak tigang iris bundêr, kagodhog kalihan toya sagêlas dhepok, kakantunakên satêngah gêlas, punika kaunjuka kaping kalih sadintên. Woh bêstru sêpuh ingkang garing punika kangge sikat manawi siram angrêsikakên badan.

Rajah sor utawi rêjasa, jampi lêsah sarta sanès-sanèsipun (gambar ôngka 85)

Rajah sor utawi rêjasa punika godhongipun mèmpêr gôndarasa, ananging gagangipun ijêm, dene gagang gôndarasa cêmêng. Godhong rêjasa punika kangge jampi lêsah sarta sakit badan sakojur. Godhong rêjasa wawrat 20 ngantos 30 gram, sarta godhong sêmbung ugi samantên, godhong mêniran ugi samantên, têmulah (têmulawak?) ugi samantên, kagodhoga kalihan toya tigang gêlas dhepok, kakantunakên [kakantu...]

--- 223 ---

[...nakên] kalih gêlas, godhogan wau sampun kailing, godhongipun kalastantuna ngantos jampi wau têlas kaunjuk, pangunjukipun jampi wau kêdah asrêp, sarta sabên dintên kêdah damêl jampi enggal, dene laminipun anggèning ngunjuk apês 14 dintên.

Maja, jampi tatu (gambar ôngka 86)

Wit maja punika sagêd thukul wontên ing pundi-pundi, pupus maja kadhêplok ingkang lêmbat, punika kangge jampi tatunipun tiyang tuwin kewan, dene wedang godhong maja punika ugi kenging kangge ngumbah sarta ngopyok tatu.

Lara wudul, jampi wudun (gambar ôngka 87)

Lara wudul punika têtuwuhan ingkang kangge pagêr, godhongipun kangge jampi wudun, padamêlipun kadhêplok kangge borèh kablonyohakên ing wudun, manawi tiyang Jawi wit lara wudul punika kangge pagêr wit kopi ênèm utawi tanêman sanèsipun, supados sampun ngantos kacêlakan gangsir, sabab gangsir punika botên tahan dhatêng [dha...]

--- 224 ---

[...têng] gandanipun godhong lara wudul, têrkadhang punika dèrèng nyêkapi kangge ngesahakên gangsir, mila sakubênging wit ingkang sawêg katanêm ugi kaselehan godhong sarta pang lara wudul.

Kêmangi, jampi ngayêmakên sarta sanès-sanèsipun (gambar ôngka 88)

Godhong kêmangi punika paedahipun kaangge lalab, amargi gandanipun godhong punika gadhah watak angrêsikakên toya susunipun tiyang èstri ingkang nêsêpi, punapa malih angayêmakên sangêt dhatêng badan, mila prayogi tumrapipun lare, wohipun utawi isinipun, punika angsaripun angayêmakên sarta angasrêpakên tiyang ingkang krêjotan utawi orèk, ananging sampun ngantos kalintu woh tlasih.

Isi kêmangi punika manawi kaêkum ing toya lajêng mêdhok, punika kaunjuka kalihan sêtrup, cêkap kalih sendhok tèh sadintênipun, ananging sampun sadaya padamêlipun kasarêng, kêdah kabagea kalih.

Jampi punika sarta godhongipun ugi kangge jampi

--- 225 ---

sakit jubur, sabab punika jampi ingkang ngasrêpakên badan.

Waloh, jampi nglunturakên cacing pita, sarta sanès-sanèsipun (gambar ôngka 89)

Woh waloh punika manawi kadamêl kolak kalihan gêndhis Jawi sarta santên sawatawis, angsaripun angrêsikakên, tiyang ingkang botên ajêg wawratan prayoprayogi. nêdha woh waloh. Waloh punika ugi kenging kadamêl itsêpot, sanadyan kalihan ulam daging sarta kênthang ongklok utawi kalihan sampil babi ugi kenging, raosipun eca manawi sampilipun babi kairis-iris sarta kagorèng. Waloh punika kenging kaolah warni-warni, angsaripun angrêsikakên rah, owêl têmên dene bôngsa Eropah totok, awis ingkang pirsa woh punika. Tiyang ingkang kêrêp wudunên prayogi nêdha woh waloh ingkang kathah, lung waloh ugi kenging katêdha angsaripun asrêp.

Tiyang èstri ingkang mêntas gadhah anak asring sakit jubur, manawi dipun têdhani waloh badhe sagêd saras.

--- 226 ---

Isi waloh punika kenging kangge nglunturakannglunturakên. cacing pita, tumrap tiyang sêpuh kathahipun isi waloh kêdah 500 iji, ing dalêm sadintên, dene anggènipun jêjampi kêdah tigang dintên, isi wau kaoncèkana nglêbêtipun kadhahara mêntahan. Tlutuh waloh punika kangge jampi tiyang kacokot kewan ingkang mawi wisa, manawi tiyang nêdha waloh sontrotipun kabucala, kacariyos punika amampêtakên.

Sambang gêtih II, jampi mampêtakên rah (gambar ôngka 90)

Wit sambang gêtih punika kangge pasrèning patamanan, kula botên pirsa, punapa punika namanipun ingkang salugu, awit sadaya ingkang mampêtakên rah, punika manawi tiyang Jawi dipun wastani sambang gêtih. Sampun kaping kalih punika anggèn kula angginêm bab godhong sambang gêtih, tiyang Jawi botên pirsa namanipun sanès, supados sampun kalintu mila godhong punika kula têngêri ôngka pyambak, sarta gambaripun botên kadadosakên satunggal. Godhong sambang gêtih kadhêplok ingkang lêmbat [lê...]

--- 227 ---

[...mbat] kalihan sarêm, punika kangge jampi sakit idu rah ingkang sangêt, toyanipun kawêwahana toya malih sakêdhik lajêng kapêrês ing sinjang, godhong sambang gêtih sawatawis pang kagodhog kalihan toya kalih cangkir, punika kangge jampinipun tiyang èstri ingkang botên kêndhat ngêdalakên rah, ing môngka lêrêsipun amung sukêr sabên wulan.

Gambir wana, jampi sakit bêntèr (gambar ôngka 91)

Gambir wana punika bangsaning tanêman alit, sarèhning sêkaripun sae mila ugi katanêm wontên ing patamanan. Godhongipun utawi babakanipun kadamêl jampi sakit bêntèr, tumrap tiyang sêpuh amêndhêta godhongipun sagêgêm, kagodhoga kalihan toya sawatawis cangkir kakantunakên sapalih, manawi gambir wana thok ingkang kangge jampi angsaripun mampêtakên, manawi karacik kados ing ngandhap punika prayogi sangêt kangge jampi sakit dhêmêm.

--- 228 ---

1 gêgêm godhong gambir wana, 5 wit godhong mêniran, panjangipun tigang driji, 7 iris bundêr têmu lawak, 9 lêmbar godhong prasman.

Kagodhog kalihan toya sagêndul toya Walandi kakantunakên sapalih, lajêng kaunjuka ing wanci siyang.

Sêmbung, jampi sakit bêntèr, malariyah, sarta sanès-sanèsipun (gambar ôngka 92)

Tanêman sêmbung punika thukulipun wontên ing patêgilan, paedahipun kangge ngêdalakên kringêt, manawi sakit mulês lajêng mantun, godhong sêmbung punika prayogi kangge jampi kenging asrêp, godhong sêmbung 5 utawi 7 lêmbar, kagodhog kangge wedang kalihan gêndhis batu sawatawis, mawi toya sawatawis cangkir wedang tèh, kakantunakên sapalih, kula sampun mratelakakên, bilih godhong sêmbung punika ugi maedahi kangge ngêkum suku.

--- 229 ---

Tiyang ingkang kêrêp sakit bêntèr malariyah, manawi dipun jampèni godhong sêmbung punika sagêd saras, botên ngêmungakên jalaran saking anggènipun ngunjuk wedang godhong sêmbung sabên dintên, ananging ugi jalaran saking kumringêtipun godhogan godhong sêmbung. Mênggah anggèn kula jampèkakên makatên. Godhogan godhong sêmbung kintên-kintên 1 pon, kaêsokakên ing patiman dalah toyanipun, nuntên ingkang badhe jêjampi ngadêg brêgagah wontên sanginggiling patiman, botên ngangge sinjang, amung ngangge kamli ingkang kandêl kalèmbrèh dumugi siti kaubêdakên ing badan, sirahipun katutupana ingkang rapêt, kontên tuwin candhelaning markamar. kainêpna, awit kukusipun botên kenging ical, dados sasagêd-sagêd sampun ngantos mêdal, dangunipun anggèning krukub punika 8 utawi 10 mênut.

Sanèsipun punika caranipun anggèning kukus kalihan godhong sêmbung makatên.

Amêndhêta pasuryanan utawi bèsi isi godhong sêmbung sarta wedangipun ingkang bêntèr sangêt, lajêng kadèkèkna ing patiman, sasagêd-sagêd ingkang cêlak kalihan [kaliha...]

--- 230 ---

[...n] ikangingkang. sakit, pasuryanan kalihan ingkang sakit wau kakrukubana kêmul sampun ngantos wontên ingkang mênga. Hawanipun godhong sêmbung punika ugi mikantuki manawi wontên ing kamaripun tiyang sakit, pandèkèkipun ing kamar kagantung.

Manawi siram kukus kêdah ngatos-atos sangêt, sampun ngantos kenging asrêp, utawi mangsuk angin, sarta anggènipun krukub kêdah kèndêl kemawon sampun polah, ngantos katog anggènipun kringêtên, salajêngipun badan karêsikana, ananging karêksaa kamaripun kêdah minêp.

Wedang godhong sêmbung kalihan lisah pêrmèn 4 utawi 5 tètès, punika prayogi sangêt tumrap tiyang sakit kolerah.

Tanêman sêreawan, jampi gomên (gambar ôngka 93)

Wit sêreawan punika sampun kacariyosakên (amaosa cariyos bab sakit gomên).

--- 231 ---

Godhong nga utawi ngakila, jampi kacakot sawêr (gambar ôngka 94)

Godhong ngakila punika paedahipun kangge jampi kacakot sawêr sarta kacakot kewan sanèsipun utawi kaêntup tawon sapanunggilanipun ingkang mawa upas, thukulipun wontên ing wana, godhong ngakila punika kapipisa ingkang lêmbat lajêng kaborèhna ingkang karaos sakit.

Samban colok, jampi sakit ngêdalakên rah pêthak (gambar ôngka 95)

Godhong samban colok punika kangge jampi sakit ngêdalakên rah pêthak, jalaran saking padharan malorot utawi katularan, amêndhêta godhong samban colok 3 pang alit, godhong picisan 27 lêmbar, godhong picisan punika thukul wontên ing wit-witan (aningalana gambar ôngka 98) kajêng rapêt kalih iji sapanjanging driji, êmpu kunir agêngipun sapalih driji, jaga sukun satunggal iji, kunci pêpêt 2 iji, sadaya punika kadhêplok kalihan toya satêngah gêlas [gê...]

--- 232 ---

[...las] dhepok, lajêng kasaring ing sinjang nuntên kaunjuk, anggènipun ngunjuk ngantos sasarasipun.

Trêmbuku, jampi krêmi kangge ing jawi (gambar ôngka 96)

Godhong trêmbuku punika minôngka tapêlipun sakit cacingên sarta krêminên, godhong trêmbuku pitung pang nèm, kalihan mungsi Arab sasendhok, kagodhog kalihan toya 2 cangkir kakantunakên sacangkir, punika kangge jampi cacingan.

Rêmêk gêtih, jampi murih sagêdipun garapsari (gambar ôngka 97)

Godhong rêmêk gêtih punika kangge jampi manawi tiyang èstri botên ajêg anggènipun garapsari kanthi sakit, godhong rêmêk gêtih pitung pang alit, sarta godhong samban colok tigang pang ênèm kagodhog kalihan toya sagêlas dhepok, kakantunakên sapalih, punika kaunjuka kirang tigang dintên sadèrèngipun anggarapsari.

--- 233 ---

Godhong srigi, jampi kêsliyo (gambar ôngka 98).

Godhong srigi kagêcêk utawi kadhêplok kalihan sarêm, kangge jampi kêsliyo utawi balung putu,putung. gêcêkan utawi dhêplokanipun wau kaborèhna iing (dan di tempat lain). panggenan ikangingkang. sakit, manawi tiyang suku utawi baunipun tugêl, i môngka ngantos lami karaos sakit, godhong srigi punika amayarakên.

Sêmbung wana, jampi sakit mulês (gambar ôngka 99)

Sêmbung wana punika witipun botên inggil, godhongipun radi gêrêt-gêrêt, paedahipun wit sêmbung punika kangge jampi sakit padharan utawi sakit mulês ingkang rêkaos sangêt. Sêmbung wana sawatawis wit kagodhog kalihan gêndhis batu kauwor kalihan pala saprapat sendhok tèh.

Sata, jampi krêminên (gambar ôngka 100)

Sata punika tulung sangêt kangge jampi ing jawi manawi lare [la...]

--- 234 ---

[...re] krêminên. Godhong sata wau karajang sawatawis, sarta kausèr-usèran lisah klêntik, ing wanci sontên sadèrèngipun mapan tilêm katèmplèkna ing padharan katangsulan gurita, toya pêrêsanipun sata ugi kablonyohna ing jubur kangge ngicalakên krêmi.

Nila, jampi gondhong (gambar ôngka 101)

Nila punika kangge jampi gondhong, latakipun kauwor kalihan cokak, lajêng kausèr-usèrakên ingkang abuh.

Salam, jampi sakit padharan (gambar ôngka 102)

Salam punika kangge bumbu, manawi kangge jampi sakit murus pupusipun kagodhoga kangge wedang, kauwor kalihan babakanipun.

Lêgundhi, jampi sakit kulit (gambar ôngka 103)

Godhong lêgundhi kadhêplok ingkang lêmbat kauwor kalihan lisah klêntik, punika kangge jampi kadhas, ingkang sakit [sa...]

--- 235 ---

[...kit] kadhasên kêdah adus kalihan godhogan godhong lêgundhi sarta sabên dintên angunjuka wedang godhong lêgundhi ingkang kênthêl, kathahipun sagêlas bitêr.

Lêgundhi ugi kangge jampi plênthing mêcah, inggih punika wedang godhong lêgundhi kadamêl adus, plênthingipun kêdah kasudhètana lajêng enggal kakumbaha sublimat supados sampun nular, nuntên kaborèhana widara laut kakêrik ingkang lêmbat, kathahipun sasendhok dhaharan, êmpu kunir panjang sadriji kapipis ingkang lêmbat, asêm kawak ingkang sampun dados lisah satêngah sendhok tèh, sadaya punika kaudhaka sarta satunggal-tunggaling plênthing kajampènana pyambak-pyambak.

Lêgundhi punika ugi kangge jampi manawi kringêt kathah sarêmipun, manawi jampèni kêdah sibin kalihan wedang godhong lêgundhi, dene ingkang kangge uyub-uyub oyod kangkung 7 iji, kagodhog kalihan toya kalih gêlas dhepok, kakantunakên sagêlas, ugi kaunjukana wedang mêniran (amaosa pratelan racikanipun).

Godhong lêgundhi punika ugi kangge jampi sakit limpa, [li...]

--- 236 ---

[...mpa,] godhongipun kapipis ingkang lêmbat kalihan cokak, lajêng kapopokna ing prênahipun limpa.

Lêgundhi punika ugi kenging kangge jampi sakit cêkèk.

Godhong lêgundhi kagodhog kalihan kêncur, kunir satugêl sarta gêndhis batu, kaunjuk kaping kalih sadintên.

Tanêman ingkang kasêbut ing ngandhap punika botên mawi gambar.

Sèldri (ôngka 104)

Sèldri punika jinising sayuran, sadhengah tiyang sampun sami sumêrêp, ananging dèrèng kasumêrêpan manawi wedang êmpu sèldri kalih iji dalah godhongipun, punika prayogi sangêt kangge jampi sakit encok, dene pangunjukipun 2 utawi 3 cangkir sadintên, laminipun kalih wulan, borèhipun sakit encok inggih punika godhong kêcubung wulung. Godhong wau kadhêplok ingkang lêmbat lajêng kaulêt kalihan apu, nuntên kagosokakên ingkang sêru ing panggenan ingkang sakit.

--- 237 ---

Wit kajêng pethak (ôngka 105)

Ingkang maos sêrat punika sampun sami pirsa wit kajêng pêthak, godhongipun ingkang kangge lisah pêthak, awis ingkang sumêrêp bilih jongrahap punika sêkaring kajêng pêthak, dene mêrica bolong inggih punika woh kajêng pêthak, babakan kajêng pêthak punika kangge jampi tatu enggal saras.

Wit katès (ôngka 106)

Sadhengah tiyang pirsa woh katès, ananging botên sadhengah tiyang sumêrêp paedahipun wit katès kangge jampi.

Kula wiwiti nyariyosakên oyod katès gantung utawi katela gantung, oyod punika kadhêploka sawatawis sarta karajang ingkang lêmbat, nuntên kalêbêtakên ing gêndul kalihan arak utawi brênduwin barselonah, kadekekan sarêm wuku. Gêndul wau ingkang sapalih kaisenan oyod katès ingkang sapalih arak, lajêng kasumpêlana gabus ingkang rapêt sarta kaêpe sadintên muput laminipun 14 dintên.

--- 238 ---

Manawi pêtêk jampi wau kangge ngiyatakên ototipun tiyang ingkang mêntas sakit rêkaos, sarta tumrap tiyang estri ingkang mêntas gadhah anak, tiyang ingkang sayah saking lumampah, kablonyoha sukunipun kalihan jampi punika, tumrap tiyang sêpuh ingkang sakit ros-rosan ugi tulung.

Minôngka ngêdalakên riwe manawi tiyang sakit bêntèr jalaran saking kenging asrêp, anganggea jampi isi katès, kagêcêk utawi kadhêplok ingkang lêmbat, sarta kadekekan cokak, lajêng kagosokna ing badan sadaya, jampi punika rikat sangêt pasahipun.

Jampi lare krêminên ingkang enggal pasah, inggih punika ttutuhtlutuh. katès sagêlas bitêr, amung kangge sapisan, enjingipun malih kaunjukana kastêr oli anggènipun jampèkakên jampi punika kêdah ing wanci enjing ing sadèrèngipun lare nêdha punapa-punapa.

Sêkar katès gantung punika kenging katêdha, ananging sangêt paitipun, sagêdipun radi suda paitipun sarana kagodhog kalihan pupus kudha-kudhaan, sêkar tela gantung wau kenging katêdha kangge pêcêl utawi kaolah

--- 239 ---

kalihan cokak sarta kecap sakêdhik kangge sêlat, sêkar tela gantung punika prayogi kangge jampi sakit kuning, supados padharanipun tata malih, sarta kangge jampèni lare krêminên, punika angrêsikakên rah, sêkar wau sampun kagodhog, awit dayanipun ical, kangge jampi krêminên ugi anganggea oyod tela gantung, panjangipun kintên-kintên sadriji, kagodhog kalihan bawang wêtah mawi toya sagêlas, kakantunakên sapalih, punika kaunjuka kaping kalih sadintên, sarta sabên kaunjuk kadèkèkana prêsan sakêdhik, ing dintên nalika pangunjukipun jampi wau lare ingkang dipun jampèni botên kenging nêdha kathah-kathah, sontênipun manawi badhe mapan tilêm, sêkar tela gantung wau kêdah kadhêplok ingkang lêmbat, lajêng kapopokakên padharan mawi katangsulan gurita. Enjingipun saèstu badhe pirsa kadospundi kadadosanipun.

Pupusing katès kalih warni kagodhog kados sayuran, punika nglunturakên kuwaya ing padharan, wedang ron katès punika kenging kangge jampi sakit bêntèr malariyah, pupus katès 2 utawi 3, manawi agêng satunggal kemawon, [ke...]

--- 240 ---

[...mawon,] kagodhoga kalihan toya 2 gêlas dhepok, kakantunakên sagêlas, punika kaunjuka ing wanci siyang, kalajêngakên ngantos 14 dintên, manawi tiyang kangelan têtoyan, jalaran saking sakit bêngang kajampènana babakan katès, kadhêplok kalihan sarêm sarta kaunjuka kalihan toya sagêlas bitêr, ananging kêdah kasaring ing sinjang ingkang alus rumiyin.

Pupus katès mêntah punika ugi tulung kangge jampi sakit ngêdalakên rah pêthak, pupus ingkang taksih ijêm nèm kadhêploka kalihan sarêm kadekekan toya sakêdhik, lajêng kasaringa ing sinjang sarta kaunjuk bêlandrêng ing dalêm 15 dintên.

Tlutuh woh katès mêntah utawi nyadham, punika prayogi kangge jampi gomên ing cangkêm, amêndhêta woh katès botên kakumbah, nuntên katêdha kalihan sarêm, amung kaping kalih ing dalêm kalih dintên, kala nêdha sapisan badhe karaos sakit tutukipun, ananging lajêng pirsa anggènipun enggal saras, manawi gomên salêbêting padharan, ugi kenging nêdha katès nèm, sabên dintên kalih iji, katès wau kaoncèkana rumiyin,

--- 241 ---

lajêng kairis-iris katêdha botên mawi kakumbah, anggènipun nêdha ngantos saicaling gomipun, ingkang kathah manawi sampun 14 dintên lajêng katingal saras, ananging kalajêngna anggènipun jêjampi ngantos sawatawis dintên.

Tiyang ingkang karêm sakit ambèi, prayogi kaunjukan wedang katès sabên dintên, ugi anêdhaa katèsipun, godhogan ron katès inggih kenging kangge jampi urus-urus. Pupusipun tiga utawi sakawan sampun cêkap, sakit padharan ugi asring sagêd saras kaunjukan wedang godhong katès.

Tlutuh pêntil katès sagêd ngicalakên kutil, jampi punika kaanggea rambah-rambah: tlutuh katès punika tulung sangêt tumrap tatu kenging latu, tlutuh wau lajêng kalèlètna ingkang kenging latu, badhe botên malênthung sarta botên karaos sakit, ananging kêdah ngatos-atos sampun ngantos ngengingi mripat, awit manawi botên enggal katulungan, sagêd anjalari wuta, sakit padharan jalaran saking sakit jubur utawi saking bêntèr tuwin saking kuwaya, katès punika asring sagêd nyarasakên.

Tiyang ingkang sakit kirang prayogi pangêjuraning dhaharan salêbêting [sa...]

--- 242 ---

[...lêbêting] padharan, kêdah katêdhanana katès ingkang kathah. Tiyang sakit manah kêdah nêdha katès sabên dintên, sakit bêntèr ingkang botên mantun-mantun, makatên ugi sakit malariyah, sagêd saras manawi kajampenan ron katès kadhêplok mêntah kalihan sarêm sakêdhik sarta toya sawatawis, sadintên ngunjuk 2 gêlas bitêr: manawi lare botên doyan nêdha utawi katingal pucêt sarta kêra, prayogi sangêt kajampenan katès, tamtu badhe enggal sumêrêp bilih jampi wau prayogi owêlipun dene pait sangêt, ananging raos pait punika enggal mantun manawi lajêng dipun têdhani pisang utawi gêndhis Jawi. Kapal sakitên utawi kapal ingkang asring sakit padharan, katêdhanana godhong katès ingkang kathah. Manawi ulam daging kadèkèk ing gêcêkan ron katès sagêd êmpuk, sasampunipun manawi ulam wau badhe kaolah kêdah kakumbah rumiyin.

Wit asêm (ôngka 107)

Woh sarta godhong asêm punika angsaripun angrêsikakên, wohipun kenging kadamêl sêtrup, sêtrup wau [wa...]

--- 243 ---

[...u] kenging karimatan ngantos taunan, sêtrup asêm punika angrêsikakên rah, pramila prayogi sangêt tumrap kasarasan, ing mangke kula badhe nyariyosakên padamêlipun sêtrup asêm ingkang prayogi.

Asêm ingkang matêng sayêktos kaêpea sawatawis dintên, mênggah kengingipun sêtrup asêm wau karimatan dangu, punika gumantung wontên pangêpenipun, amêndhêta gêndhis ingkang sae, sampun gêndhis tètès, lajêng kaêjurana toya, asêm têlês wawrat kalih onês (2/10 pon) sampun cêkap kangge sêtrup sagêndul, jur-juran gêndhis wau kêdah kagodhoga ingkang kênthêl, awit manawi kirang kênthêl lajêng nape utawi jamurên, bilih dipun rimati lami. Tètèsing gêndhis wau karêsikana kalihan pêthaking tigan, sadaya rêrêgêdipun badhe ngalêmpak wontên pêthaking tigan, punika lajêng kasendhokana: manawi sêtrup wau badhe tumuntên kangge, tètèsipun ingkang taksih mongah-mongah kaêsokna ing asêm (manawi badhe karimatan dangu tètès wau kaasrêpna rumiyin, lajêng kaêsokna ing asêm) kakèndêlna wontên ing asêm laminipun 4 dintên, ing sadèrèngipun [sadèrèng...]

--- 244 ---

[...ipun] sêtrup wau kacidhuk kaisèkakên ing gêndul kasaringa ing sinjang rumiyin, manawi sêtrup wau kaêsokakên asrêp wontên ing asêm kakèndêlna 7 dintên, asêm ingkang kadamêl sêtrup wau kenging kangge manisan asêm, sarana dipun ulag-uligakên satunggal-tunggal wontên ing gêndhis lajêng kaêpe, punapa malih kula ugi badhe mratelakakên padamêlipun asêm kawak, inggih punika asêm ingkang kaimbu, supados kenging kawêdalakên lisahipun kangge jampi.

Asêm sêpuh kapêndhêt isinipun, lajêng kaulenan kalihan sarêm, nuntên kakukusakên dangunipun 10 mênut, lajêng kaglindhing-glindhingana, nuntên kaêbun-êbunakên sarta kaêpea laminipun pitung dintên, ananging karêksaa sampun ngantos kajawahan, salajêngipun kawadhahan ing lodhong ingkang mawi tutup rapêt.

Asêm kawak punika kenging kangge jampi warni-warni, tumrap sawarnining tatu, kangge blonyoh padharanipun tiyang èstri ingkang mêntas manak, dene manawi kaunjuk angrêsikakên padharan, lare-lare ingkang sakit wudunên kajampènana asêm kawak sakêdhik kalihan gêndhis Jawi satêngah sendhok [se...]

--- 245 ---

[...ndhok] tèh, sarta têmulawak 4 iris, sadaya punika kagodhoga kalihan toya sagêlas dhepok kakantunakên sapalih, tumrap tiyang sêpuh saèstunipun kêdah dipun tikêli kathahipun, manawi sakit tatu, lisah punika sagêd mantunakên gatêl, manawi asêm kawak punika kakèndêlakên sataun lisahipun kenging kailing, saya lami asêm punika saya angêdalakên lisah kathah.

Lisah wau prayogi sangêt kangge jampi gomên salêbêting cangkêm, asêm kawak punika prayogi karimatan ing lodhong tinimbang kadèkèk wontên ing êncèh, awit manawi kadèkèk ing lodhong sagêd pirsa kathahing wêdalipun lisah. Manawi godhonglodhong. ingkang kaisenan asêm wau kaêpe sagêt tumuntên angsal lisah. Prayogi tansah rimat asêm kawak, sanadyan kaanggea jampi kapal utawi rajakaya sanèsipun.

Kangge jampi kapal watuk amêndhêta asêm kawak 1 onês (sapara sêdasan pon) kadekekan gêndhis Jawi kalihan toya sagêndul toya Walandi, asêm kalihan gêndhis wau kaudhaka ingkang alon sangêt, salajêngipun kawêwahana gêndhis Jawi malih sapalih tangkêp kaparut, sontênipun [so...]

--- 246 ---

[...ntênipun] adamêla jampi, enjingipun umun-umun jampi wau kaombèkakên kapal, ing sadèrèngipun kaombèkakên kasaringa rumiyin.

Godhong asêm kalihan êmpu kunir sagêd tulung kangge jampi tatu sarta gatêl, manawi jalaran saking kuwaya, sadaya wau kadhêploka ingkang lêmbat, lajêng kapopokna wontên panggenan ingkang sakit, wedang godhong asêm kalihan êmpu kunir, punika manawi kangge ngumbah wudun, sakit kulit wontên ing badan utawi ing sirah sagêd tulung. Tumrap sakit jubur garing prayogi ngunjuk wedang ron asêm ingkang kathah ing wanci siyang.

Lêmbu ingkang sakit cangkêm sarta tracak ugi kajampènana ron asêm kauwor kalihan sarêm, jampi punika saya prayogi manawi kasarêng kalihan kajampenan pule.

Tiyang sêpuh sarta lare-lare ingkang sakit watuk kêring garing, kenging kajampenan godhong asêm, kagodhog kalihan godhong saga sarta kajêng lêgi, godhong asêm 2 onês (kalih prasadasan pon) sarta godhong saga 2 onês, kagodhog kalihan kajêng lêgi satugêl [sa...]

--- 247 ---

[...tugêl] panjang sapalih driji mawi toya 3 gêlas dhepok, kakantunakên kalih gêlas, punika manawi ngêlak lajêng kaunjukna, sampun kaunjukan toya sanèsipun.

Kulit asêm sasampunipun kakumbah sarta karêsikan kalihan sublimat, kadhêploka ingkang lêmbat, lajêng kaêpe, punika wêdhak utawi pupuripun tiyang kukulên.

Ing wanci sontên sadèrèngipun mapan tilêm, wadananipun karaupana kalihan toya asêm, isinipun asêm kagorènga sangan kados kopi, kaêsokana wedang sawatawis, kakèndêlna sawatawis jam, punika jampi pampêt ingkang botên kêras, asêm kawak kaêjura toya punika, anggampilakên kathahipun rah sarta sagêd sukêr ing sawancinipun, asêm wau kadèkèkana gêndhis Jawi sapringkil.

Kacang Ijêm (ôngka 108)

Kacang ijêm punika kangge sawarninipun olah-olahan sarta angrêsikakên rah. Sadhengaha kanggenipun, kacang ijêm mêntah punika kangge jampi kasliyo, kacang [ka...]

--- 248 ---

[...cang] ijêm wau kadhêploka ingkang lêmbat kados galêpung, suku ingkang kasliyo kapijêtana rumiyin, ananging sampun dangu-dangu, manawi sagêd angsal amipisa sêre wangi ingkang ngantos lêmbat sangêt, manawi botên angsal sêre wangi, inggih sêre limrah ingkang kauwor ing dhêdhaharan, ananging kathahipun kêdah dipun indhaki, sabab lisahipun botên kathah kados sêre wangi, punika lajêng kauwora kalihan galêpung kacang ijêm, nuntên kadamêla blêbêdi suku utawi asta ingkang kasliyo, jampi wau kakèndêlna salêbêtipun sadintên sadalu, manawi garing warninipun kados balêbêd dalancang kêrdus, punika kêdah dipun rangkêpi balêbêt sinjang sumrawang ingkang tênunanipun kasar. Wontên jinising rumput ingkang thukul ing parêdèn ingkang inggilipun 3000 utawi 4000 kaki, rumput wau kathah èmpêripun sêre wangi, gandanipun sarta thukulipun kados sêre, manawi kenging asrêp, kasliyo sapanunggilanipun rumput punika kenging kangge lintunipun sêre.

Toge punika kacang ijêm ingkang sawêg thikil sapalih, jalaran kaêkum ing toya sadalu, ananging para

--- 249 ---

èstri Jawi angawisi botên suka nêdha toge kathah-kathah.

Miturut cariyosipun dhukun sêpuh toge punika anggampilakên wawrat, ananging kula botên sagêd angyêktosakên bab punika.

Gêbang (ôngka 109)

Gêbang punika jinising klapa ingkang kathah èmpêripun atêp, punapa malih ronipun, gêbang punika sagêd inggil, rêmênanipun thukul wontên ing jêjêmbêgan, ronipun ijêm sarta papahipun mawa êri, tlutuh gêbang punika sagêd nyarasakên tatu jalaran kablathok utawi kapêrang. Tlutuhipun sampun kasumêrêpan ing tiyang Jawi kina kenging kangge jampi sakit cêkèk, tlutuh wau kaêjura ing wedang angêt, manawi sagêd angsal ingkang enggal punika enggal pasah.

Wit rêmbulung sarta wit atêp, punika ugi kagolong gêbang, yèn ing tanah Sumatra winastan rêmbiya, sadaya punika damêlipun kangge payon.

Gêbang punika mèh botên kenging kapêndhêt pathinipun,

--- 250 ---

ingkang kenging inggih punika gabusipun wit rêmbulung sêpuh sarta wit atêp.

Gabusipun kacacah alit-alit, sarta kapêrês kalihan toya, toya wau kakèndêlna sadalu awor kalihan pathi, enjingipun toya wau kailinga, manawi dèrèng rêsik, karambah-rambahana anggènipun ngiling, salajêngipun pathi wau kaêpea, pathi punika kenging karimatan lami.

Pathi wau angasrêpakên padharan, sarta ambêncarakênambancarakên. toya susunipun tiyang èstri ingkang nêsêpi, langkung malih manawi pathi punika kadamêl tapêl kauwor kalihan têmulawak, padamêlipunpandamêlipun. kados ing ngandhap punika:

Têmulawak kairis tipis agêng 8 iji, kalihan gêndhis Jawi sapalih tangkêp, têmulawak wau kagodhog rumiyin kalihan gêndhis Jawi mawi toya 2 kalih(kalih). gêlas dhepok, manawi sampun kantun sapalih lajêng kasaring ing sinjang utawi saringan, nuntên kaêsokan pathi sasendhok dhaharan pèrès, kalihan toya asrêp, ngatos-atos sampun ngantos jêndhêl, punika lajêng kailinga ing wedang têmulawak ingkang bêntèr, anggènipun [anggèni...]

--- 251 ---

[...pun] jampèkakên manawi sampun mangêt-mangêt.

Kula sampun nyatakakên bilih jampi punika awis nguciwani tumrap tiyang èstri mêntas gadhah anak ingkang toya susunipun botên mêdal babar pisan, manawi kaunjukan jampi punika toya susunipun botên kêantêbên tumrapipun bayi, anggènipun asring luntak badhe mantun, manawi wawratan ajêg, larenipun jênjêm sarta katingal sumringah: inggih punika pikantukipun tumrap lare, dene tumraping tiyang sêpuhipun, anggèning wawratan botên mangkêlang, sabab manawi mangkêlang saèstunipun badhe sagêd anjalari sakit jubur tuwin sanèsipun, badanipun sagêd rêsik saking têmulawak, tiyang èstri ingkang gadhah rencang lare dados brêgas, doyan nêdha sangêt, botên karaos sakit bêntèr, botên gadhah sakit ngêlu, ringkêsanipun saras babar pisan.

Kacariyos manawi tiyang dipun jampèni tajin punika kadadosanipun ugi kados makatên, sawatawis inggih makatên, ewasamantên pathi atêp utawi rêmbulung punika wontên langkungipun dene angasrêpakên badan, sarta manawi kaunjuk botên pisan ngogugakên,

--- 252 ---

sarta kaunjuk lare ugi botên lajêng mutah.

Wit plasa (ôngka 110)

Pupus plasa kadhêplok ingkang lêmbat, punika kangge jampi kaêntup kêtonggèng, dhêplokanipun wau kapopokakên wontên ing tatu, anèhipun dene kêtonggèng punika rêmênanipun manggèn wontên ing wit plasa, sarta panawaring wisanipun dumunung wontên godhong plasa, pangêntupipun kêtonggèng punika andadosakên sakit bêntèr sanalika.

Ganyong (ôngka 111)

Ganyong punika godhongipun wungu sêpuh, manawi thukul wontên bênteran godhongipun radi ijêm, oyod ganyong kaparut mêntahan angsaripun amampêt sakit murus, ewadene dhatêng badan asrêp, oyod ganyong punika kenging kapêndhêt pathinipun, kadosdene garut, oyod ganyong kadamêl tapêl kalihan gêndhis Jawi punika kajampèkakên manawi môngsa katiga kathah angin ingkang nuwuhakên sakit watuk sarta bêntèr, [bê...]

--- 253 ---

[...ntèr,] tapêl punika angsaripun angasrêpakên, oyod ganyong punika ugi kenging katêdha godhogan kemawon.

Kajêng sêcang (gambar ôngka 112)

Kajêng sêcang punika botên ngêmungakên sae kangge pulas, ananging ugi jampi pangêdênipun tiyang sakit wawratan rah umbêl, kajêng wau kakêrika ingkang alus kalihan bêling, kathahipun sasendhok dhaharan, kêrikan wau kalihan pulasari panjangipun sadriji sarta adas kalih las, kagodhog kalihan toya sacangkir kakantunakên sapalih, jampi samantên wau kaunjuka kaping kalih sadintên, ingkang kathah ngunjuk sadintên kemawon sampun saras.

Waluh jêpan (ôngka 113)

Waluh jêpan punika kenging kaolah warni-warni dados jampi ngrêsikakên rah, owêl dene waluh jêpan botên sagêd thukul sarta awoh wontên panggenan ingkang bêntèr, manawi wontên ing pasitèn ingkang inggilipun 2000 kaki utawi langkung andhap sakêdhik wohipun kathah [ka...]

--- 254 ---

[...thah] sangêt, angsaripun botên amung ngrêsikakên rah, ugi angasrêpakên badan, gêsangipun waluh jêpan kados waluh Jawi, ugi bangsaning rambatan, ananging sêkaripun alit sangêt sarta pêthak, woh waluh jêpan punika kenging kangge olah-olahan ingkang eca, manawi kalêrêsan pangolahipun sadhengah tiyang doyan.

Upami botêna têrang sêsêrêpan kula, bilih waluh jêpan punika adamêl kasarasan, saèstunipun botên prêlu kula cariyosakên pratelaning pangolahipun.

Waluh jêpan kairis-irisa sapalihing panjangipun dariji, wiyar sadriji, ananging lajêng kairisa malih mujur, nuntên kaêsokana toya sawatawis, kagodhog kalihan sarêm sakêdhik ingkang ngantos tanak, kathahipun toya wau amung sacêkapipun kangge matêngakên waluh, manawi sampun sawatawis mênut dangunipun lajêng matêng, nuntên kaêsoka wontên ing kalo, sasampunipun lajêng kakolak kalihan prêsan, pathi jagung sakêdhik, sarta mêrtega, punika kadhahara kalihan sosis rante, kolak wau kawur-wurana parutan pala sawatawis, manawi [ma...]

--- 255 ---

[...nawi] sampun kakolak kalihan prêsan, kaicipana punapa sarêmipun sampun cêkap.

Tiyang ing tanah Jawi panêdhanipun waluh jêpan punika kangge lalab, utawi kangge jangananipun pêcêl, punapa malih kakolak kalihan gêndhis Jawi.

Pandhan (ôngka 114)

Pandhan punika warni-warni, ananging ingkang kula cariyosakên punika pandhan wangi, ingkang kangge ngukup sinjang, gandanipun pandhan kados dhèdhès, ron pandhan karajang agal lajêng kaêsokan wedang bêntèr, punika kangge nêntrêmakên tiyang sakit ingkang gorèh, pangunjukipun manawi sampun asrêp, sarta kaanggea sibin ngantos rambah-rambah, godhong pandhan satunggal utawi kalih sampun cêkap.

Sêdhah (ôngka 115)

Sêdhah punika warni-warni, ananging sadaya wau angsaripun angrêsikakên, mila manawi tiyang Jawi sêdhah wau kanggenipun warni-warni, manawi tiyang êrak utawi watuk, godhong [go...]

--- 256 ---

[...dhong] sêdhah kagodhog kadamêl sêtrup, sêdhah saprapat pon kagodhog satêngah jam kalihan toya sagêndul anggur, lajêng kasaring ing sinjang nuntên kadekekan gêndhis batu satêngah pon, punika kagodhoga ingkang kênthêl ngantos dados sêtrup.

Manawi isènipun gêndul wau taksih bêntèr sampun kasumpêlan, sabab manawi kasumpêlan enggal jamurên, manawi kangge ngumbah tatu sarta kadamêl opyok, ugi anganggea sêdhah kagodhog, wedangipun kadamêl ngrêsiki tatu mawi kadekekan tawas sakêdhik, inggih kêdah tumut kagodhog, jampi ingkang kantun punika amung kangge ngrêsiki tatu, botên kangge opyok.

Sêdhah kagêcêk mêntah kalihan toya rikat pasahipun tinimbang kagodhog, ananging manawi ngangge sêdhah kêdah kasêtitèkakên, sêdhah wau kakumbaha rumiyin ingkang rêsik kalihan karbol utawi sublimat, sabab sêdhah punika sok wontên ulêr utawi kewan sanèsipun ingkang gumrêmêt, sêdhah punika ugi kangge jampi gatêlipun tatu, amêndhêta sêdhah satunggal kapangganga sakêdhap supados gosong, nuntên kausèr-usèrana lisah

--- 257 ---

klêntik sakêdhik, lajêng kapususa katèmplèkakên sakubênging tatu. Sêdhah punika mampêtakên rah, mila kangge jampi mimisên, andhêploka sêdhah sakêdhik, kadèkèkana toya sakêdhik sangêt, lajêng kasaringa ing sinjang, sarta toyanipun kasêrota sawatawis rambahan, amêndhêta sêdhah karêmpu agal, lajêng kasumpêlna ing grana sakêdhap, nanging sampun kalêbêtên.

Sêdhah punika kangge wijik manawi tiyang èstri manak utawi kangge ngêkum suku manawi sakit ngêdalakên rah pêthak prayogi sangêt, kangge jampi ing nglêbêt tumrap sakit ngêdalakên rah pêthak angganggea sêdhah 7 lêmbar, ananging mêndhêta ingkang têmu rose, saking pamanggihipun tiyang Jawi, sêdhah têmu rose punika manawi kangge jampi langkung maedahi tinimbang sêdhah limrah. Panganggenipun inggih punika, êmpu kunir 2 iris bundêr agêngipun saarta sèn, jintên cêmêng sasendhok tèh, punika kagodhoga kalihan toya sagêlas dhepok, kakantunakên sapalih, pangunjukipun jampi punika kêdah ajêg sabên dintên, laminipun sawulan, sanadyan anggènipun [ang...]

--- 258 ---

[...gènipun] ngêdalakên rah sampun mantun inggih kalajêngna.

Tiyang ingkang gandaning karingêtipun botên eca, manawi dipun unjuki wedang sêdhah sawatawis rambahan ing wanci siyang sagêd tulung.

Makatên ugi manawi tiyang ababipun botên eca, jalaran bamipun krowok utawi sabab sanèsipun, kêdah kakêmonana wedang sêdhah ingkang taksih sêgêr tuwin kaunjukan wedang wau sawatawis, tumrap sakit malênthing ngêmu nanah wontên ing cangkêm, wedang sêdhah punika kangge kêmu ing wanci siyang dados jampi ingkang prayogi.

Manawi cangkêm rahên ingkang angèl pampêtipun, margi untu utawi bamipun kacathut, wedang sêdhah punika prayogi sangêt kangge jampènipun.

Gagang sêdhah ingkang agêng kenging kangge nyadak lare ingkang alit sangêt, gagang sêdhah wau kacêlupna ing lisah rumiyin.

Randhu alas (ôngka 116)

Randhu alas punika thukul wontên ing pundi-pundi ing tanah bêntèr, ing pasitèn ingkang inggilipun 2000 kaki

--- 259 ---

awis wontên randhu alas, ing ngajêng kula sampun nyariyosakên bab randhu alas punika, (amaosa bab sakit gomên).

Wit randhu (ôngka 117)

Wit randhu punika thukul wontên ing pundi-pundi ing tanah bêntèr, saya asrêp hawanipun saya awis randhu, pupus randhu punika kangge mampêt sakit wawratan rah, amêndhêta pupus randhu sagêgêm kauwor kalihan sarêm sawatawis sarta toya sakêdhik, pupus wau kagêcêk ingkang lêmbat sarta kapêrês, lajêng kasaring ing sinjang ingkang alus mawi toya sagêlas por, manawi toya wau sampun kapêrês lajêng kaunjukna ingkang sakit kaping kalih sadintên, ing wanci enjing sadèrèngipun kalêbêtan punapa-punapa, sarta wanci jam 4 siyang, manawi pangunjukipun wanci enjing padamêlipun jampi sontênipun, sarta kaêbun-êbunakên, jampi punika ugi kangge jampèni watuk, mawi kawoworan gêndhis arèn, sarta kaêbun-êbunakên.

Manawi tiyang nêdha woh randhu ênèm kêdah ngatos-atos, [ngatos-a...]

--- 260 ---

[...tos,] woh randhu punika sok kangge rujak, manawi kêkathahên panêdhanipun anuwuhakên sakit padharan ingkang angèl anggènipun jampèni, langkung malih manawi usum sakit kolerah, bilih nêdha rujak wau ambêbayani sangêt.

Manawi kapal watuk anggènipun jampèkakên godhong randhu kadosdene dhatêng tiyang, ananging godhong wau kêdah dipun kathahi, punika jampi ingkang sampun kauningan lami.

Kangge jampi sakit napas anganggea pang randhu ênèm 7 iji, kagêcêk sarta kapêrês kalihan sarêm sawatawis, kaunjuk ing wanci enjing sadèrèngipun padharan kalêbêtan punapa-punapa, pangunjukipun baladhêg tigang dintên.

Ing sawênèhipun panggenan kalênthêng randhu punika kadamêl toge, manawi kathah nêdha toge amurugakên murus, lisah klênthêng punika ugi anjalari sakit padharan.

Kêtimun (ôngka 118)

Toya kêtimun punika prayogi sangêt kangge jampi

--- 261 ---

sakit bêntèr tipus, kathahipun ing sakajêngipun ingkang sakit, parutan timun kalihan isinipun kangge tapêl padharan, padharan ngandhap sarta ing bangkekan prayogi sangêt, punika botên ngêmungakên kangge jampi tipus, ananging ugi tumrap sakit bêntèr ingkang rêkaos.

Isi kêtimun kapêndhêtan lajêng katapêlakên padharan ingkang ngandhap, punika jampi manawi lare botên sagêd utawi kangelan toyan, langkung malih manawi sakit bêntèr.

Manawi tiyang sakit sela ing ginjêl, kêdah nêdha isi kêtimun ingkang kathah, ananging ingkang katêdha amung lêbêtipun isi.

Kêtapang (ôngka 119)

Woh kêtapang punika sadhengah tiyang sampun sumêrêp, ananging paedahipun awis tiyang ingkang sumêrêp, woh kêtapang punika amurusakên, tiyang èstri wawrat, ingkang botên ajêg anggènipun wawratan, kêdah nêdha isi kêtapang 8 iji sabên dintên, raosipun woh kêtapang punika kados isinipun.

--- 262 ---

Punapa malih paedahipun angangge jampi kêtapang punika, dene isinipun ambêncarakênambancarakên. toya susunipun tiyang èstri ingkang nêsêpi, isi kêtapang wau kadhêploka ingkang lêmbat, lajêng kawoworan jênang pathi garut sarta gêndhis sawatawis.

Kapas taun (ôngka 120)

Godhong kapas taun punika kangge jampi sakit padharan, godhong kapas taun karêmpu sakêdhik mawi sarêm sawatawis katèmplèkakên ing padharan ngandhap, punika jampi ingkang rikat sangêt pasahipun.

Lobak (ôngka 121)

Lobak punika jinising sayuran ingkang prayogi sarta ambancarakên têtoyan, tumrap watuk lobak punika prayogi sangêt, angêndhokakên watuk sarta raos sêrik ing gorokan ugi ical, lobak sakawan manawi agêng sampun cêkap tumrap lare umur 5 taun, tumrap tiyang sêpuh 8 iji.

Sontênipun amaruta lobak lajêng kaêbun-êbunakên [kaêbun-êbuna...]

--- 263 ---

[...kên] mawi dhêplokan gêndhis batu, enjingipun kasaring ing sinjang ingkang alus, lajêng kaunjukakên ingkang sakit sadèrènging padharanipun kalêbêtan punapa-punapa, jampi punika enggal tulung sangêt, ananging gandanipun botên eca, ewadene raosipun eca.

Tiyang sêpuh sarta lare ingkang kêrêp sakit bêntèr kêdah nêdha lobak kathah, punika ingkang ngicalakên bêntèring badan.

Sawi (ôngka 122)

Sawi punika jinising sayuran ingkang adamêl kasarasan, anglunturakên kuwaya sarta ambancarakên toyan.

Manawi usum sakit bêntèr prayogi nêdha sawi kaolah punapa kemawon, kados ta kangge asinan sawi, sarta kadamêl tomis, kasêtup kalihan prêsan kauworakên kênthang, ananging botên kagodhog.

Sawi punika warni tiga, inggih punika sawi gagang ijêm, sawi gagang pêthak ronipun ijêm, tuwin sawi agêng, sawi agêng punika ingkang eca pyambak, ananging enggal murusakên, godhong sawi ingkang taksih ênèm dèrèng

--- 264 ---

mêgar kasêtup kalihan prêsan eca sangêt.

Lare-lare sakit gomên jalaran ngakêp karèt pompa ingkang rêgêd, utawi cangkêmipun botên dipun rêsiki, prayogi kajampenan toyaning asinan sawi, sinjang suwèkan katetesan toya wau lajêng kangge ngrêsiki cangkêm, tiyang ingkang kêrêp sakit wudunên sarta korèng, kêdah nêdha sawi ingkang kathah.

Kulbandhah (ôngka 123)

Kulbandhah punika kangge pasrèn wontên ing patamanan, amargi sêkaripun pêthak sae, godhongipun kenging katêdha, sarta kadamêl sayuran manawi nêdha.

Manawi badhe matêngakên wudun kajampenan godhong kulbandhah kalihan santên, punika kagodhog kangge borèh, sarta kalèpètakên mubêng ing wudun, dadosa ing têngah kalowahana.

Têmbêlèkan (ôngka 124)

Têmbêlèkan punika thukul wontên ing pundi-pundi, sarta sadhengah tiyang sumêrêp, godhong têmbêlèkan kadhêplok, [kadhêplo...]

--- 265 ---

[...k,] punika kangge jampi ngicalakên abuh, dhêplokanipun wau katèmplèkna ing panggenan ingkang abuh.

Godhong têmbêlèkan kadhêplok dados borèh sagêgêm, punika minôngka jampi ing jawi, kadamêl ngicalakên raos bêntèr salêbêting padharan, jalaran saking nêdha tatêdhan ingkang drawasi botên mawi karaosakên, wêkasan padharanipun botên tahan andadosakên mulês, manawi ronipun kadhêplok kadèkèkana toya sagêndul anggur, lajêng kasaringa ing sinjang.

Sruni (ôngka 125)

Sruni pêthak kenging kangge jampi kados ing ngandhap punika.

Sêkar sruni karêmêd ingkang lêmbat wontên ing kobokan isi toya, lare ingkang sakit bêntèr badanipun kasibina kalihan toya punika, sirahipun ugi katêlêsakatêlêsana. kalihan toya sruni.

Godhong sruni pêthak ingkang kagaringakên, kaunjuk kados wedang kangge jampi ngêdalakên rah pêthak, godhong sruni sagêgêm kagodhog kalihan toya sagêlas,

--- 266 ---

kakantunakên sapalih, punika kêdah kaunjuka sawatawis lami.

Sêmprotipun sêsakit wau ing ngajêng sampun kula cariyosakên, sêdhah kalihan godhong jambu kluthuk, punika kangge nyêmprot kaping kalih sadintên.

Bawang brojol (ôngka 126) (Chineesche Vuurlelie)

Bawang brojol punika kangge jampi abuh wontên jôngga, ingkang tuwuhipun saking sakit gorokan sasamènipun.

Êmpunipun ingkang kados bawang agêng kadhêploka ingkang lêmbat, lajêng kapopokakên mubêng jôngga mawi katangsulan.

Bêngkowang (ôngka 127)

Wiji bêngkowang punika prayogi sangêt kangge jampi sakit kulit ingkang winastan èksêmah (Eczema) wiji wau kadhêplok kalihan lirang, kathahipun sami.

Ing tanah Hindhia sabên masa rêndhêng kêrêp wontên sêsakit [sêsaki...]

--- 267 ---

[...t] kulit wau.

Godhong sembukan (ôngka 128)

Godhong sembukan punika kagekangge. jampi ngêdalakên êntut utawi sakit bêdhêdhêg tuwin sakit mulês.

Bayêm ri (ôngka 129)

Punika godhong ikangingkang. ngasrêpakên padharan, kangge jampi tatu ngutar-untarnguntar-untar. sarta wudun, godhongipun kapipis ingkang lêmbat lajêng kapopokakên, kangge jampi nglogrokakên riyak ugi kenging, godhongipun kagodhog kalihan kajêng angin, kajêng lêgi, adas pulasari sarta gêndhis batu, manawi badhe kajampèkakên kasaringa rumiyin.

Godhong pêgagan wana utawi êmbun (ôngka 130)

Godhong pêgagan punika angsaripun ugi asrêp, manawi tiyang wawratan karaos pêdhês, kêdah kagodhogakên godhong pêgagan kangge wedang, manawi kangge

--- 268 ---

jampi sakit cêkèk, godhong pêgagan punika kagodhoga kalihan kajêng lêgi sarta gêndhis batu, pangunjukipun sadèrènging padharan kalêbêtan punapa-punapa.

Kêcubung kasihan (ôngka 131)

Kêcubung kasihan punika kêcubung ingkang witipun wungu, sêkaripun wungu, manawi kangge jampi sakit encok godhongipun kapipis ingkang lêmbat, sasampunipun lajêng kauwor kalihan apu sakêdhik, sarta jêram pêcêl, kagosokna panggenan ingkang sakit kaping kalih sadintên, godhong kêcubung ugi kangge jampi sakit lambung mawi kawoworan godhong gôndarasa sarta mrica cêmêng, sadaya punika kadhêplok ingkang lêmbat.

Godhong bakung pêthak kabêsut sarta kawêdalakên sêratipun ing têngah, jampi kasêbut ing nginggil wau lajêng kaborèhakên ing lambung kasabukan godhong bakung punika.

Klapa ijêm (ôngka 132)

Klapa ijêm punika kêrêp kangge panawaripun wisa, tumrapipun [tumra...]

--- 269 ---

[...pipun] rajakaya toya klapa ijêm wau kauwor kalihan lisah klêntik lajêng kaunjukna: manawi kangge jampi watuk kalapa wau kaolaha kados ing ngandhap punika.

Kêcèripun kalapa kaparasa, ananging sampun ngantos natoni bathokipun, klapa wau lajêng kabolonga kaisenan gêndhis batu sawatawis, nuntên katutupa bolonganipun sarta kabênêma, salajêngipun kaunjuka toyanipun ing sadèrènging padharan kalêbêtan punapa-punapa.

Slase utawi tlasih (ôngka 133)

Wiji tlasih punika angsaripun asrêp, wiji wau kaêkum ing toya, manawi sampun sawatawis mênut lajêng mêdhok, ronipun kabêsmia kadadosakên awu, kauwor kalihan lisah kangge matêngakên wudun.

Sêkar têlêng (ôngka 134)

Sêkar têlêng punika warni kalih, biru sarta pêthak, godhong têlêng ingkang sêkar biru punika sasampuning kadhêplok kalihan gêndhis jawi, kangge jampi matêngakên wudun tuwin korèng [ko...]

--- 270 ---

[...rèng] ngêmu rah, oyod têlêng ingkang sêkar pêthak punika kangge ngrêsikakên rah manawi tiyang sakit korèng, anggodhoga oyod têlêng sawatawis kalihan toya sawatawis kobokan, dangunipun sadasa mênut.

Nam-nam (ôngka 135)

Woh nam-nam punika kenging katêdha, kasêtup utawi mêntahan, babakanipun kangge mampêt sakit murus, pupusipun ugi.

Babakan nam-nam 1/2 onês (1/20 pon) kagodhog kalihan toya kalih gêlas dhepok, kakantunakên sapalih, punika kaunjuk ing wanci siyang.

Wit lo (ôngka 136)

Woh lo punika angsaripun sami kalihan gondhang, wangunipun woh ugi sami, tlutuhipun kangge jampi panulak bosok, amung godhongipun ingkang gèsèh kalihan godhong gondhang, angsaring wohipun angakasakên.

--- 271 ---

Êmpon-êmpon

Têmu irêng (ôngka 1)

Oyod têmu irêng punika kangge jampi kadhas, oyod wau kapipisa ingkang lêmbat, kadèkèkana lisah klêntik kanggea blonyoh kulit.

Sabên dintên ingkang sakit kêdah ngunjuk wedang oyod têmutêmu cêmêng. satunggal panjang sadriji. Tumrap lare alit ingkang botên doyan nêdha ugi prayogi kajampenan oyod têmu cêmêng, panjang sajênthik kaparut, kadèkèkana toya satêngah cangkir lajêng kasaringa, pathinipun kabucala sarta kadèkèkana sarêm sakêdhik, kalihan gêndhêsgêndhis. batu sapringkil.

Têmu giring (ôngka 2)

Oyod têmu giring punika kangge jampi cacingan, amaruta têmu giring panjang sadriji mawi toya satêngah cangkir wedang tèh, lajêng kasaringa ing sinjang, sadèrèngipun kaunjuk kakèndêlna dangunipun kalih jam, lajêng kaunjuka sadèrèngipun padharan kalêbêtan punapa-punapa.

--- 272 ---

Têmu lawak (ôngka 3)

Têmu lawak punika ugi thêthukulan wanan, angsaring êmpunipun angrêsikakên rah sarta nglunturakên kuwaya, tiyang ingkang kêrêp sakit wudunên, sabên dintên kêdah kajampenan têmu lawak panjang sapalih driji kauwor kalihan asêm kawak sakêdhik, punika kagodhoga kalihan toya kalih gêlas tepok, kakantunakên sagêlas, supados raosipun eca kadèkèkana gêndhis Jawi sapringkil, jampi punika kaunjuka ing wanci siyang.

Tumrap tiyang sakit jantung anggodhoga êmpu têmu lawak kalih iris bundêr kathahipun sadasa iris, kagodhog kalihan toya sagêlas dhepok, kakantunakên sapalih.

Manawi ngangge jampi êmpu têmu lawak kaparut mêntahan punika lêpat, utawi malah adamêl sambekalaning kasarasan, awit pathinipun kathah ingkang wontên ing êmpu, punika botên prayogi dhatêng padharan, andadosakên mulês, sarta miturut cariyosipun tiyang kina, punika anjalari sakit sela kuwaya utawi [uta...]

--- 273 ---

[...wi] kuwaya mrongkol.

Manawi badhe ngangge jampi mêntahan, punika langkung mandos, têmulawak wau sontênipun kêdah kaparuta, kauwor kalihan toya sagêlas por, lajêng kasaring ing sinjang, enjingipun saèstu badhe pirsa bilih ing ngandhap wontên pathinipun, toyanipun nuntên kailinga ingkang alon, êndhêg-êndhêgipun kabucala, manawi jampi wau kaunjuk kakêcêran jêram sitrun sakêdhik, manawi ngangge têmulawak mêntahan sampun kathah-kathah kados manawi kagodhog, êmpu têmulawak punika mandos sangêt tumrap tiyang sakit jantung, warninipun jêne sêpuh sarta nglisah.

Pathi têmulawak kagodhog kalihan gêndhis Jawi kadamêl jênang, raosipun eca, katêdhakakên lare ingkang wanci badhe mêdal untunipun inggih prayogi, makatên ugi lare ingkang kêrêp sakit bêntèr sarta botên doyan nêdha. Botên marêm-marêm pamuji kula sagêda lare-lare èstri sami kajampenan wedang têmulawak mawi asêm kawak, tumrap lare èstri ingkang sabên anggarapsari kraos sakit, jampi têmulawak punika [puni...]

--- 274 ---

[...ka] prayogi sangêt, kirang pitung dintên ngajêngakên garapsari kêdah kaunjukana wedang têmulawak sabên dintên, lare ingkang wancinipun sukêr ugi kêrêp sakit kukulên, botên wontên jampinipun ingkang langkung prayogi kajawi têmulawak, kalihan asêm sarta gêndhis Jawi, guwayanipun badhe katingal sumringah, sarta botên susah ngangge wêdhak pupur, sayêktosipun pupur punika enggal angicalakên sumringahing guwaya, kathah kulit ingkang sae dados awon saking wêdhak pupur wau.

Lêmpuyang (ôngka 4)

Lêmpuyang punika damêlipun kangge jampi kuwaya, manawi tiyang botên kêndhat murus, ing môngka sêsukêripun katingal cêmêng, têrkadhang kawoworan umbêl sarta rah, prayogi kajampènana kados ing ngandhap punika, makatên ugi manawi sakit mulês.

1 iji lêmpuyang êmprit panjang sapalih driji, 1 iji kunir êmpunipun panjang sapalih driji, 1 iji kajêng ulês (ulêt-ulêt ?).

--- 275 ---

1 iji êmpu kunci, 1 lêmbar godhong trawas, kajêng angin sakêdhik.

Sadaya punika kêdah kadhêplok sarta kagodhog kalihan toya sagêlas dhepok, kakantunakên sapalih, kaunjuka ing wanci enjing sadèrèngipun padharan kalêbêtan punapa-punapa, tumrapipun lare manawi sakitipun murus rêkaos jampi samantên kathahipun wau kaunjuka kaping kalih, manawi botên sangêt kaunjuka kangge kalih dintên, anggêripun jampi uyup wau dalasan anggi-angginipun kaêngêt.

Anggi-anggi punika manawi kaêpe ngantos garing kenging karimatan lami, sampun kagaringakên srana kapanggang, badhe ical dayanipun.

Manawi sêsukêripun mangkêlang warninipun kêlawu kados siti lêmpung kaslamburan umbêl, mênggah ingkang kangge jampènipun inggih punika lêmpuyang maesa utawi lêmpuyang mêntah, oyodipun kaparut kadèkèkan toya sagêlas bitêr, kasaringa ing sinjang lajêng kakèndêlna sadalu, enjingipun manawi badhe kaunjuk kêdah kailinga ingkang

--- 276 ---

nginggil ngatos-atos, supados pathinipun sampun ngantos katut, awit punika mampêtakên.

Lêmpuyang sapanjanging driji sampun cêkap, punika kaunjuka sawatawis dintên, ngantos sêsukêripun sae.

Lêmpuyang punika wontên kalih warni, lêmpuyang gajah utawi maesa, punika ugi winastan lêmpuyang pait, sarta lêmpuyang êmprit utawi wangi, kalih pisan wau kangge jampi kuwaya.

Kangge jampi cape sarta suku utawi asta jimpe, amêndhêta lêmpuyang gajah kaparut lajêng kaunjuk.

Manawi kangelan ngunjuk jampi lêmpuyang gajah mêntahan, kenging anggodhog lêmpuyang êmprit kemawon, ananging kêdah kathah êmpu utawi oyodipun kados ta: oyod kalih iji panjang sadriji, kagodhog kalihan toya kalih cangkir kakantunakên sacangkir.

Oyod lêmpuyang êmprit punika botên amung ngrêsikakên kemawon, ugi murugakên doyan nêdha, lare ingkang pucêt kêdah kaunjukan jampi punika sabên pitung dintên kaping kalih.

--- 277 ---

Manawi ngunjuk jampi lêmpuyang asring sagêd ngicalakên sakit kuwaya mrongkol utawi dhugal, bilih tiyang gadhah sakit kuwaya mrongkol, prêlu kajampenan oyod lêmpuyang mêntah, apês pitung dintên sapisan, dene ingkang kangge jampi lêmpuyang gajah, prayoginipun mêntah.

Manawi tiyang sakit kadhas kudhis kêdah kajampenan êmpu lêmpuyang mêntah.

Kangge parêm anganggea lêmpuyang êmprit kauwor kalihan cabe, inggih punika wohing sêdhah wanan, kauwor kalihan ragi sarta arak, sadaya punika kadhêploka rumiyin ingkang lêmbat, manawi botên sagêd tilêm jalaran saking sayah utawi sakit ros-rosanipun, bilih ngangge parêm punika badhe sagêd sakeca anggènipun tilêm, lêmpuyang êmprit punika kathah dhasaripun ingkang prayogi sarta arginipun mirah, pramila prêlu kasumêrêpan ing akathah.

Têmu kunci (ôngka 5)

Têmu kunci punika ugi thêthukulan wana kadosdene têmulawak, angsaripun angrêsikakên rah, anglêrêsakên [anglêrêsakê...]

--- 278 ---

[...n] lampahing toya wadhuk, manawi sakit murus jalaran lampahing toya wadhuk botên nyêkapi, sagêd saras kajampenan êmpu têmu kunci, amêndhêta êmpunipun ingkang bundêr kalih iji, ingkang satunggal kabênêma ngantos matêng, dene satunggalipun mêntahan, êmpu kêkallih wau kairisa ingkang lêmbat sarta katêdha sarêng. Langkung prayogi manawi amung ngunjuk toyanipun, têmu kunci punika warni kalih, ingkang jêne winastan kunci kuning, sarta kunci limrah, ingkang kangge olah-olah, oyod kunci sagêgêm, punika kangge jampi sakit ngêdalakên toya warni jêne, ingkang asring dados sêsakitipun tiyang èstri, langkung malih ingkang sampun diwasa, sakit ingkang kados makatên wau sangêt anglêsahakên tiyang èstri, sarta anjalari cêpe tuwin buwêng cêmêng sakubênging maripat, andhêploka êmpunipun ingkang alit, kadèkèkana toya sawatawis, lajêng kapêrêsa ing sinjang, pangunjukipun manawi padharan dèrèng kalêbêtan punapa-punapa.

Borèh ingkang prayogi tumrap sakit kulit sarta tatu kados ing ngandhap punika.

Amêndhêta êmpu kunci satunggal panjang sadriji, satunggal [satung...]

--- 279 ---

[...gal] iji bawang, kalih iji pulasari, sawêlas êlas adas, satunggal iji dringo panjang sadriji, tigang iji kajêng lêgi, kalih sendhok bubur widara laut kakêrik lêmbat, sasendhok tèh sarêm, anggi-anggi punika kadhêplok ingkang lêmbat, sasampunipun lajêng kagorèng kalihan lisah sêlat sacangkir alit, kadèkèkana blêndok, kalih sendhok tèh agêng, sadaya punika kasaringa ing sinjang ingkang lêmbat, lajêng kaasrêpakên.

Kunir utawi kunyit (ôngka 6)

OyonOyod. kunir punika watêkipun angakasakên manawi tumrap sakit padharan warni-warni anggènipun damêl jampi, makatên ugi kangge ngingkupakên jêroaning padharan, kados ta, manawi tiyang Jawi kunir punika kangge jampi padharan malorod, kèngsêr, sarta sanès-sanèsipun sakit jêroan, êmpu kunir punika nglisah sangêt, damêlipun kangge jampi tatu utawi korèng, gatêl tuwin nguntar-untaripun lajêng mantun, sarta sarèhning dayanipun amingkupakên mila tatunipun enggal rapêt,

--- 280 ---

korèng saking kuwaya utawi sêsakit kulit sagêd ical saking êmpuning kunir kapipis lêmbat kalihan ron asêm, kulitipun kablonyoa kalihan jampi wau, saèstu badhe nyumêrêpi paedahipun êmpu kunir punika.

Godhong asêm kalihan kunir punika borèh ingkang prayogi kangge ngicalakên gatêlipun cacar sayêktos sarta cacar toya, satunggal-tunggaling plênthing kaborèhana pyanbak-pyambak,pyambak-pyambak. kangge jampi gabag ugi prayogi utawi kangge jampèni gatêl manawi lare dipun cacari borèh wau ugi sagêd tulung, manawi plênthingipun badhe malêbêt sarta manggèn wontên ing gorokan, kajampènana godhogan kunir kalihan godhong asêm katorokakên ing gorokan.

Kunir punika ugi kenging kangge borèhipun tatu tandhês balung ananging dede tatu tandhês balung ingkang lêbêt, sakawit kulitipun bêdhah lajêng mêdal ilunipun, manawi ilu wau dalèwèr ing sanès panggenan, lajêng nuwuhakên tatu malih, ilu wau gatêlipun sangêt, mila ingkang sakit lajêng rêmên kukur ngantos tandhês balung, tatu makatên [maka...]

--- 281 ---

[...tên]

punika jalaranipun warni-warni, wosipun saking rah rêgêd, kula sampun nate sumêrêp tiyang Jawi ingkang sami gadhah tatu kados makatên, amargi sawaunipun kacakot utawi kaêntup ing kewan ingkang mawa upas, sanadyan mêntas kauyuhan bajing utawi kadhal punapadene bunglon inggih makatên, anggènipun tiyang Jawi gadhah tatu wau ugi jalaran saking botên rêsikan utawi katularan.

Tatu ingkang makatên punika sagêd enggal saras manawi panggenan ingkang mênthêng-mênthêng ngêmu rah kakumbah kalihan godhogan oyod trêngguli, manawi tatu wau sampun kaêkum sarta kakumbah, lajêng kakêsata satunggal-satunggal, nuntên kablonyoa borèh kados ing ngandhap punika.

Êmpu kunir sapanjanging driji kalihan asêm kawak, agêngipun satigan dara, kunir wau kadhêploka rumiyin ingkang lêmbat, lajêng kauwor kalihan asêm.

Supados enggalipun saras prayogi sasagêd-sagêd rahipun karêsikakên, mila kaunjukana têmulawak kalihan asêm sabên enjing, pangunjukipun sadèrènging [sadèrèng...]

--- 282 ---

[...ing] padharan kalêbêtan punapa-punapa.

Têmupêthak (ôngka 7)

Têmupêthak punika kaangge pasrèn amargi gonron. sarta sêkaripun sae, godhongipun panjang warni ijêm mawi galêr-galêr sarta dlêmok pêthak, sêkaripun thukul saking siti manawi godhongipun sampun têlas sadaya, warnining sêkar wungu maya-maya gandanipun eca.

Manawi bêntèring surya sangêt sêkar wau enggal mingkup, têmupêthak punika prayogi kasumêrêpan ing kathah, sabab agêng sangêt paedahipun kangge jampi, inggih punika kangge jampi sakit padharan ingkang angèl sarasipun, oyodipun awarni êmpu, punika kaparuta utawi katêdha wêtahan kemawon.

Tiyang ingkang padharanipun kirang kuwawi badhe tumuntên kiyat manawi dipun jampèni têmupêthak kalihan kunir pêthak, êmpunipun inggih punika ingkang kangge jampi, dene oyodipun ngasrêpakên padharan.

Jae (ôngka 8)

Oyod jae punika kajawi kangge manisan ugi [u...]

--- 283 ---

[...gi] kangge jampi ing jawi, manawi tiyang kenging asrêp utawi mangsuk angin, ing môngka badhe ngêdalakên kringêtipun, andhêploka oyod jae ingkang ngantos lêmbat, lajêng kadèkèkana odhêkolonyo utawi arak, punika lajêng kaanggea gosok ingkang sêru.

Manawi tiyang sakit ngêlu jalaran masuk angin, ugi kajampenan oyod jae, ananging pucukipun oyod wau dipun gêcêka, supados warninipun radi nyikat, ingkang nyikat wau kacêlupna ing odhêkolonyo, lajêng kagosokna ing ototipun githok, jôngga sarta sanès-sanèsipun, manawi asrêp, utawi supados kringêtên, kaunjukana wedang jae, padamêlipun kados ing ngandhap punika.

1 iji jae panjang sapalih driji, 1 iji sêre sapanjanging driji, 4 iji cêngkèh, pala saprapat, manis jangan panjang sapalih driji, 2 iji cabe, 3 iji godhong jêram purut,

--- 284 ---

4 utawi 5 iji kumukus, 1 tangkêp gêndhis arèn.

Sadaya punika kagodhoga kalihan toya sagêndul anggur dangunipun 10 mênut, punika manawi tiyang Jawi ugi winastan sêrbat utawi sorbèt.

Tumrap tiyang sakit wadhuk kaunjukana toya jae sasendhok tèh sadèrènging padharan kalêbêtan punapa-punapa.

Oyod laos (ôngka 9)

Oyod laos punika kajawi kangge bumbu olah-olahan, ugi kangge jampi warni-warni (amaosa bab pangraciking jampi sopi laos tuwin sanès-sanèsipun, bab pangolahing laos wau ugi amaosa bab pangolahing dhêdhaharan tuwin bab mêlaripun limpa), manawi kangge jampi panu abrit sêpuh oyod laos punika kagêcêka amung pucukipun, oyod wau lajêng awarni kados sikat, punika nuntên kacêlupna ing cokak, nuntên kagosokna ing panunipun ingkang sêru, sadintên kaping kalih, manawi kirang sêru botên tulung, panu punika gampil panularipun, têtiyang [tê...]

--- 285 ---

[...tiyang] Jawi kathah ingkang sami panunên, ananging botên patos dipun raosakên, mila ingkang kathah botên pisan kasêdhihakên, manawi botên tumuntên dipun jampèni panu wau badhe ngêbyah ing badan sakojur.

Manawi badhe mêndhêt êmban kapurih momong lare kasêtitèkna ingkang sayêktos punapa botên panunên, makatên ugi tukang masuh sinjang, sampun ngantos anggadhahi panu.

Kêncur (ôngka 10)

Oyod kêncur punika kangge bumbu olah-olahan, ananging manawi tiyang Jawi asring kangge jampi kenging asrêp, badhêdhêg sarta kasliyo.

Oyod kêncur punika ugi kangge nglogrokakên watuk, andhêploka oyod kêncur ingkang ngantos lêmbat, lajêng kapêrêsa, takêranipun tumrap lare amung sasendhok tèh sadintên.

Oyod kêncur punika enggal nyarasakên sakit watuk, salêbêtipun kalih dintên sampun karaos sakeca.

--- 286 ---

Manawi kenging asrêp kêdah dipun parêmi, panganggenipun kados ing ngandhap punika.

Oyodipun kaparuta utawi kadhêploka ingkang lêmbat kauwor kalihan dhêplokan wos ingkang lêmbat, kêncur punika jampi angêt.

Bêngle (ôngka 11)

OyotOyod. bêngle punika angsaripun ngangêtakên, damêlipun kangge jampi kenging asrêp, oyod wau kadhêplok utawi kaparut ingkang lêmbat, lajêng kaborèhakên ing badan utawi manawi sakit ngêlu sangêt kapilisakên ing bathuk.

Anêdha oyot bêngle punika ugi minôngka jampi badan anggajih, oyod ingkang panjangipun sadriji sampun cêkap.

Oyod bêngle satunggal iji panjang sapalih driji, kagodhog kangge wedang kalihan ron jatos Walandi pitung lêmbar, mawi toya kalihtêngah gêlas dhepok kakantunakên sagêlas, ingkang sampun kalampahan manawi sampun kajampèkakên sawulan lajêng saras, tiyang èstri ingkang [ing...]

--- 287 ---

[...kang] salêbêting badanipun anggajih, sarta anjalari botên gadhah anak, manawi dipun jampèni oyod bêngle punika asring prayogi kadadosanipun, manawi ngangge jampi punika ugi kêdah kêrêp malampah-malampah.

Kala kina para pangagêng Jawi ugi ngangge jampi punika kadamêl jampèni manah anggajih, ugi kêdah kêrêp kangge malampah-malampah.

Têmulalap utawi kunir pêthak (ôngka 12)

Oyod kunir pêthak punika damêlipun kangge mringkusakên wadhah bayi, manawi tiyang Jawi oyod kunir pêthak punika kangge lalap, murugakên doyan nêdha sarta ngicalakên kuwaya.

Kapulasa ugi winastan kapulaga (ôngka 13)

Godhong kapulaga punika kathah èmpêripun laos sarta jae, oyodipun botên kangge, ingkang kangge wijinipun, punika manawi katêdha dhatêng abab wangi,

--- 288 ---

manawi nêdha wiji kapulaga sawatawis kathahipun, punika bilih watuk ngikil badhe sagêd ical raosipun pating griming ing gorokan.

Godhong kapulaga punika gandanipun eca, mila kangge masuh sinjangipun tiyang mêntas manak, supados ngicalakên gandaning rah, manawi kagodhog gandanipun ingkang arum kathah ingkang ical, godhong kapulaga karêmpu kacêmplungakên ing toya, kangge sibin tiyang èstri ingkang mêntas gadhah anak.

Kêcombrang (ôngka 14)

Kêcombrang punika ugi thêthukulan wana, godhongipun langkung agêng tinimbang laos sarta kapulaga, sêkaripun manawi taksih kuncup punika katêdha, anggènipun sêkasêkar. manawi masa rêndhêng. Sêkar wau kangge jangananipun pêcêl, angsaripun angêt angrêsikakên rah, manawi tiyatiyang. nêdha kêcombrang gandanipun sêkar wau ngrasuk ing badan sakojur, ngantos pintên-pintên dintên mambêt ganda wau, dados kêcombrang punika jampinipun tiyang ingkang gandaning kringêtipun botên eca.

--- 289 ---

Rasa (ôngka 15)

Rasa punika ugi kados kêcombrang, wohipun utawi isinipun sêgêr sarta raosipun dhatêng ing tutuk eca. Woh rasa punika angsaripun ugi angrêsikakên rah.

Kunci pêpêt (ôngka 16)

Oyod kunci pêpêt punika raosipun kathah èmpêripun têmupêthak ananging langkung pêdhês, sarta êmpunipun langkung alit, êmpu kunci pêpêt punika prêlunipun kangge nulak sêsakitipun tiyang èstri sarta lare èstri ngêdalakên rah pêthak, lare èstri ingkang asring katingal lêsu sarta pucêt sarta sangandhaping maripat wontên buwênganipun, kêdah katêdhanan êmpu kunci pêpêt 15 iji, sabên pitung dintên kaping kalih, kunci pêpêt kauworan anggi-anggi sanèsipun, punika kangge panulak utawi mantunakên padharan malorot sarta mêlaripun wadhah bayi.

Supados mimpêsipun wadhah bayi kêdah kajampenan anggi-anggi ing ngandhap punika, anggi-anggi wau ugi

--- 290 ---

kasade wontên ing pêkên pundi-pundi.

7 iji kunci pêpêt, 2 iji kajêng rapêt panjang nyadriji, 1 iji jamur brama, 1 sendhok tèh tenja sawêr sawa, 1 iji kajêng mêsoyi agêngipun sapalih driji.

Anggi-anggi Jawi

Anggi-anggi sarta kajêng warni-warni ingkang gadhah daya kenging kangge jampi.

Ing mangke kula sumêja nguningakakên anggi-anggi sarta kajêng warni-warni kagaringakên, ingkang dipun angge jampi kangge tiyang Jawi, sarta kasade wontên ing pêkên pundi-pundi, ingkang kathah anggi-anggi wau botên asli saking tanah Jawi.

Widara laut punika kangge jampènipun sakit bêntèr ingkang nglayung, kajêng wau kakêrik kalihan bêling, kêrikanipun sasendhok agêng kagodhog kalihan toya satêngah gêlas dhepok, kaêkum sadalu, punika

--- 291 ---

kaunjuka ing sadèrènging padharan kalêbêtan punapa-punapa, laminipun sawulan, sadèrèngipun kaunjuk kasaringa ing sinjang rumiyin.

Widara laut punika jampi ngrêsikakên rah, tiyang ingkang asring sakit wudunên, korèng sarta sakit kulit ing rai kêdah kaunjukan jampi kasêbut ing nginggil wau, tumrapipun kukul manawi dipun opyok kum-kuman widara laut asring tulung. Kajêng widara laut punika angsaripun dhatêng toya ing wadhuk sae sangêt.

Tumrap sakit bêntèr salêbêting padharan asring sagêd tulung dipun jampèni kados ing ngandhap punika:

1 sendhok dhaharan kêrikan widara laut, 3 las kêtumbar, 1 iji kajêng pulasari panjang sadriji, 1 iji êmpu kunir watawis sadriji, 1 iji kajêng ulês.

Punika kagodhoga kalihan toya 2 cangkir, kakantunakên sacangkir, kaunjuk kaping kalih ing wanci enjing sadèrènging padharan kalêbêtan punapa-punapa sarta ing wanci sontên.

--- 292 ---

Kajêng timur, kajêng timur punika kangge jampènipun sakit wawratan rah umbêl utawi amung rah thok, pratelaning racikanipun jampi kados ing ngandhap punika:

1 iji kajêng timur panjang sadriji, wiyar 2 driji kapipis, 1/2 onês kunir, ingih punika êmpunipun, 1 sendhok dhaharan kêtumbar, 2 sendhok tèh sumarubah, 9 iji kajêng ulês, 2 iji kajêng pulasari sapanjanging driji.

Sadaya punika kajawi kunir kêdah kapipis ingkang lêmbat, dene kuniripun kaparut, lajêng kaudhak ingkang mukêt sarta kagaringakên.

Jampi bubukan punika sasendhok tèh kagodhog kalihan toya kalihtêngah cangkir, dangunipun gangsal mênut, cêkap kaunjuk sapisan sadintên.

Kajêng timur kauworan cokak kangge jampi kesliyo, panggenan ingkang sakit kaopyoka kum-kuman kajêng timur wau. Kajêng timur punika ugi kangge sawarnining parêm.

Kajêng cêndhani utawi cêndhana, punika kangge sawarnining [sawar...]

--- 293 ---

[...nining] parêm, makatên ugi kadamêl jampi sakit padharan, ingkang sampun kacariyosakên.

Kajêng rasamala punika ugi kangge sawarnining parêm, prêlunipun kangge wangi-wangi.

Kajêng rapêt punika kangge ngrapêtakên wadhah bayi, tuwin kangge anjampèni sakit jêroan sanès-sanèsipun.

Kajêng sinta kadamêl wor-woranipun parêm sarta kangge jampi ing nglêbêt, manawi kangge jampi sakit rajasinga kauworan anggi-anggi sanèsipun.

Mêsoyi punika jinising kajêng ingkang kaangge sawarnining jampi ing nglêbêt, gandanipun wangi, kajêng mêsoyi punika kêrêp kangge jampi sakit ngêdalakên rah pêthak.

Kajêng anyang kauwor kalihan anggi-anggi sanèsipun, kangge jampi sakit rajasinga sarta korèng.

--- 294 ---

Kajêng sêcang kalihan anggi-anggi sanèsipun, kangge jampi sakit rajasinga, makatên ugi kangge borèh.

Kajêng lêgi punika mèh kangge sakathahing jampi.

Manis jangan punika ugi kangge sawarnining jampi.

Kajêng pulasari punika jampi pampêt, asring kangge jampèni sakit padharan.

Sidawayah kangge jampèni manawi sakit bêntèr angèl têtoyan, sêkar sidawayah kabêsmi awunipun kauwur-uwurakên ing pusêr supados enggal garing.

Kêmukus punika kangge sawarnining jampi sakit rajasinga.

Têgari kangge parêm.

Klabêt punika kangge jampi ing jawi, angsaripun ngasrêpakên.

--- 295 ---

Kêtumbar punika mèh sawarninipun jampi ngangge, angsaripun dhatêng toyaning wadhuk, angicalakên munêk-munêk.

Jintên punika botên patos kathah kanggenipun, sarta manawi kangge amung sakêdhik, angsaripun ngangêtakên.

Mêrica bolong punika kangge jampi warni-warni, panganggenipun amung sakêdhik.

Jintên cêmêng punika angsaripun angangêtakên, kanggenipun kauwor kalihan anggi-anggi sanès.

Sukmadiluwih, punika kangge jampi warni-warni, kacariyos ngasrêpakên.

Kêdhawung punika sayêktosipun jinising pête, isinipun kangge jampi sakit padharan, sarta sabên-sabên kangge manawi tiyang èstri mêntas gadhah anak, isinipun kagorèng sangan kados kopi, lajêng kaoncekan, nglêbêtipun kabubuk.

--- 296 ---

Mungsi Arab punika kangge jampi nglunturakên cacing, mungsi Arab watawis kalih sendhok agêng, kadèkèk ing sinjang kagodhog kalihan toya kalih cangkir, kakantunakên sacangkir, lajêng kagodhog malih sakêdhap kalihan gêndhis Jawi, kaunjukna ing sadèrènging padharan kalêbêtan punapa-punapa, êlêt sadintên lajêng kaunjukana kastêr oli.

Woh sêprantu punika gèpèng pating cringih, kangge jampi warni-warni, angsaripun ngasrêpakên.

Adas punika ugi mèh sawarnining jampi Jawi ngangge, angsaripun ngangêtakên.

Mungsi punika ugi kangge woworan jampi, angsaripun ngangêtakên.

Wiji sawi punika ngangêtakên, kangge jampi gampilakên sukêr, sarta kangge uyub-uyubipun tiyang sakit rajasinga.

--- 297 ---

Kajêng angin punika gêsangipun tumèmplèk ing wit-witan parêdèn, damêlipun kangge ngêdalakên asrêpipun badan.

Woh kajêng ulês punika warninipun kados gadhung kapuntir, kangge jampi mulês.

Cabe punika wohing sêdhah wanan, angsaripun ngangêtakên.

Grêgês otot punika jinising rumput, kangge jampi sakit ros-rosan, kauworakên kalihan sarêm.

Woh pala punika panjang, angsaripun angrêsikakên rah, kauwor kalihan anggi-anggi sanèsipun, kangge jampi sakit rajasinga.

Jung pandhan punika kangge jampi ing nglêbêt.

Jênitri kadamêl jampinipun tiyang èstri neneman,

--- 298 ---

kauwor kalihan anggi-anggi sanèsipun.

Jung rahab ugi kangge jampi sasampuning garapsari.

Tenja sawêr sawa punika warninipun kados padhas pêthak, sayêktosipun jinising jamur, pamêndhêtipun saking siti, tenja sawêr sawa punika kangge jampi sakit bêntèr, kajampekakên warni untut sasendhok tèh kaping 3 sadintên, angsaripun ngasrêpakên sangêt, kangge woworanipun jampi ugi kenging.

Podhi kauwor kalihan sari, kangge jampi wawratan rah.

Murmak daging punika bangsaning damar sela, ingkang kangge ing sawarnining jampi.

Jamur brama punika warninipun jêne sêpuh, kauwor kalihan anggi-anggi sanès-sanèsipun, kangge jampi wadhah bayi abuh sarta sakit, jamur brama wau kaêjur ing lisah

--- 299 ---

bêntèr, kangge manawi mijêti bênjut.

Jamur impês, kangge woworanipun jampi sakit rajasinga.

Sêkar lawung punika kêrêp kangge jampèni sakit wadhah bayi, abuh sarta sanès-sanèsipun, sabên-sabên kauwor kalihan anggi-anggi sanèsipun.

Jakling kauwor kalihan anggi-anggi sanèsipun, kangge jampi sakit ngêdalakên rah pêthak sarta sakit jêroan sanès-sanèsipun.

Kapulaga kauwor kalihan anggi-anggi sanèsipun, angsaripun ngrêsikakên.

Karangbang utawi kêmbang karang, punika kêrêp kangge jampi sakit rajasinga, kauwor kalihan anggi-anggi sanèsipun.

Godhong trawas angsaripun ngasrêpakên, kêrêp kangge

--- 300 ---

woworan jampi sakit padharan, manawi sakit bêntèr sangêt, godhong trawas punika inggih kaangge jampi, kauwor kalihan têmulawak, kangge nyuda bêntèripun 1/2 onês godhong trawas kalihan 15 iji têmulawak, kagodhog kalihan toya sagêndul toya Walandi, dangunipun 10 mênut, jampi punika prêlunipun manawi sakit bêntèr mawi sakit jêne.

Wêlirang kangge sawarnining sakit kulit, kangge ing jawi.

Tawas punika kangge ngrêsikakên.

Trusi utawi prusi punika jampi sakit tatu.

Pala punika kangge woworanipun jampi warni-warni, tumrap sakit mulês anganggea jampi pala sasendhok tèh kalihan sarêm sakêdhik.

--- 301 ---

Têtanêman ingkang mawi gambar

Ôngka 1, patihan Cintên, Euphorbia Thymifolia Lam. / Ôngka 2, patihan maesa, idem pilulifera L. / Ôngka 3, godhong mêniran, Phyllanthussoort. / Ôngka 4, godhong luntas, Pluchea indica Less. / Ôngka 5, papah lima, Elephantopus scaber L. / Ôngka 6, godhong gagan, Hydrocotyle asiatica L. / Ôngka 7, godhong landêp, Barleria Prionitis L. / Ôngka 8, godhong kêrma, ... / Ôngka 9, kajêng sana, Pterocarpus indicus Willd. / Ôngka 10, godhong galing, Vitis trifolia L. / Ôngka 11, lêng-lêngan, Leucas linitolia Spreng. / Ôngka 12, godhong encok, Plumbago zeylanica L. / Ôngka 13, wit cêndhani, Santalum album L. / Ôngka 14, cikal tulang, Vitis quadrangularis L. / Ôngka 15, kêtumbêl, Glochidion molle BI. / Ôngka 16, simbar mênjangan, Boomvaren soort. / Ôngka 17, godhong lampês, Ocimum basilicum L.

--- 302 ---

Ôngka 18, dhadhap srêp, Erythrina-soort. / Ôngka 19, gôndarasa, Justicia Gendarussa L. / Ôngka 20, ilat baya, Aloë-soort. / Ôngka 21, godhong waru lêngis, Hibiscus-soort. / Ôngka 22, krêmi, Portulacca-soort. / Ôngka 23, godhong waru laut, Hibiscus elatus Sw. / Ôngka 24, godhong wungu, ... / Ôngka 25, godhong kêmarugan, Coccinia cordifolia Cogn. / Ôngka 26, pêcah bêling thêthukulan ôngka 1, ... / Ôngka 27, godhong ilèr, Coleus atropurpureus Benht. / Ôngka 28, lêgêtan agêng, Spilanthes oleracea Jacq. / Ôngka 29, turi abrit, Sesbania grandiflora Pers. / Ôngka 30, godhong mindi, Melia Azedarach L. / Ôngka 31, godhong kêndhal, ... / Ôngka 32, godhong sarab utawi samban rah I, Hemigraphis corolata Hall f. / Ôngka 33, jarak iri utawi [uta...]

--- 303 ---

[...wi]

pagêr, Itropha curcas L. / Ôngka 34, godhong urèt, Plantaga maior L. / Ôngka 35, sosor bèbèk, Bryophyllum calycinum Salisb. / Ôngka 36, oyod trêba, Rhinacanthus communis Nees. / Ôngka 37, jatos walandi, Guazuma tomentosa Kunth. / Ôngka 38, kêji bêling ôngka II, Strobilanthes (?) / Ôngka 39, kêji bêling ôngka III / Ôngka 40, kêcubung, Datura fastuoso L. / Ôngka 41, wit pule, Alstonia spectabilis R.Br. / Ôngka 42, widuri, Calotropis gigantea R.Br. / Ôngka 43, bakung pêthak, Crinum-soort. / Ôngka 44, kelor, Moringa pterygasperma Gaerth. / Ôngka 45, sambirata, Andrographis paniculata Nees. / Ôngka 46, widara upas, Merremia mammosa Hall f. / Ôngka 47, wudani, Quisqualis indica L.

--- 304 ---

Ôngka 48, pace, Morinda citrifolia L. / Ôngka 49, pacar Jawi, Lawsonia inermis L. / Ôngka 50, sangkèt, Moshosma polystachyum Benth. / Ôngka 51, sapujakat, ... / Ôngka 52, sidaguri, Sida retusa L. / Ôngka 53, bratawali, Tinospora, Rumphii Boerl. / Ôngka 54, godhong dhudhuk, Pteroloma triquetrum Benth. / Ôngka 55, posor, Graptophyllum-soort. / Ôngka 56, sêkar pukul ampat, Mirabilis Jalapa L. / Ôngka 57, kamilên Hindiya, ... / Ôngka 58, kangkung, Ipomoea reptans Poir. / Ôngka 59, trêngguli, Cassia fistula L. / Ôngka 60, gondhang, Ficus variegata BI. / Ôngka 61, inggu, Ruta graveolens L. / Ôngka 62, godhong jintên utawi kucing, Coleus carnosus Hassk. / Ôngka 63, kêtèpèng Cintên, Cassia alata L.

--- 305 ---

Ôngka 64, pare, Momordica charantia L. / Ôngka 65, srigadhing, Nyctanthes arbortristis L. / Ôngka 66, sêmboja, Plumiera acutifolia Poir. / Ôngka 67, terong ngor, Solanum-soort. / Ôngka 68, kajêng gêsang, Euphorbia Tirucalli L. / Ôngka 69, bêrcita, ... / Ôngka 70, têpongwiyong, Eupatorium-soort. / Ôngka 71, wit tanjung, Mimusops Elingi L. / Ôngka 72, godhong prasman, Eupatorium Ayapana Vent. / Ôngka 73, basaran (godhong murbèi), Morus indica Rumph. / Ôngka 74, pôncasuda, Jasminum-soort. / Ôngka 75, môndhakaki, Tabernaemontana coronaria Willd. / Ôngka 76, saga, Abrus praecatoris L. (tanêman mrambat). / Ôngka 77, wit dhuwêt, Eugenia Jambolana Lam. / Ôngka 78, blimbing wuluh, Averrhoa Bilimbi L. / Ôngka 79, sawi siti, Brassica-soort.

--- 306 ---

Ôngka 80, godhong poko, Mentha-soort. / Ôngka 81, kumis kucing utawi rêmujung, Orthosiphon Stamineus Benth. / Ôngka 82, gêmpur sela, Strobilanthes-soort (?). / Ôngka 83, nagasari, Mesua ferrea L. / Ôngka 84, blustru utawi bêstru ?, Luffa-soort. / Ôngka 85, rêjasa, Elaeocarpus grandiflorus Sm. / Ôngka 86, maja, Aegle marmelos Corr. / Ôngka 87, lara wudul, ... / Ôngka 88, kêmangi, Ocimum Basilicum L.var. / Ôngka 89, waloh, Lagenaria vulgaris Ser. / Ôngka 90, sambang êrah II, ... / Ôngka 91, gambir wana, Jasminum-soort. / Ôngka 92, sêmbung, Blumea-balsamifera D.C. / Ôngka 93, tanêman sriawan, Tinomiscium-soort. / Ôngka 94, godhong nga utawi [u...]

--- 307 ---

[...tawi]

ngakila, Strobilanthes-soort. / Ôngka 95, sambang colok, Aerva Sanguinolenta BI.(?). / Ôngka 96, trêmbuku, Hypoestes-soort. / Ôngka 97, rêmêk gêtih, Stachytarpheta mutabilis Vahl of id indica Vahl. / Ôngka 98, srigi, Epistylium ovalifolium Boill. / Ôngka 99, sêmbung wana, ... / Ôngka 100, sata, Nicotiana Tabacum L. / Ôngka 101, nila, Indigofera-soorten. / Ôngka 102, salam, Eugenia polyantha Wight. / Ôngka 103, lêgundhi, Vitex trifolia L.f.

--- 308 ---

Namaning tanêman ingkang tanpa gambar

Ôngka 1, sèldêri, Apium graveolens L. / Ôngka 2, wit kajêng pêthak, Melaleuca Leucadendron L. / Ôngka 3, papaya utawi katès, Carica papaja L. / Ôngka 4, wit asêm, Tamarindus indica L. / Ôngka 5, kacang ijêm, Phaseolus radiatus L. / Ôngka 6, gêbang, Corypha umbraculifera L. / Ôngka 7, wit plasa, Butea trondosa Roxb. / Ôngka 8, ganyong, ... / Ôngka 9, kajêng sêcang, Caesalpinia Sappan L. / Ôngka 10, waloh jêpan, ... / Ôngka 11, pandhan, Pandanus-soort. / Ôngka 12, suruh, Chavica Betle Miq. / Ôngka 13, randhu alas, Bombax malabaricum DC. / Ôngka 14, wit randhu, Eriodendron anfractuosum DC. / Ôngka 15, kêtimun, Cucumis sativus L. / Ôngka 16, kêtapang, Terminalia catappa L. / Ôngka 17, kapas taun, ...

--- 309 ---

Oyod-oyodan ingkang tanpa gambar

Ôngka 1, têmucêmêng, Curcuma aeruginoso Roxb. / Ôngka 2, têmugiring, Curcuma viridiflora Roxb. / Ôngka 3, têmulawak, Curcuma longa L. / Ôngka 4, lêmpuyang, Dymzewiczia-soort. / Ôngka 5, têmukunci, Kaempferia pandurata Roxb. / Ôngka 6, kunyit utawi kunir, Curcuma longa L var.minor Hassk. / Ôngka 7, têmu pêthak, Curcuma zerumbeth Roxb. / Ôngka 8, jae, Zingiber officinale L. / Ôngka 9, laos, Alpinia galanga Sw. / Ôngka 10, kêncur, Kaempferia galanga L. / Ôngka 11, bêngle, Zingiber cassumunar Roxb. / Ôngka 12, têmulalap, ... / Ôngka 13, kunci pêpêt, Kaempferia-soort (punika warni kalih). / Ôngka 14, kapulasa, utawi kapulaga, Amomum Cardamomum Willd. / Ôngka 15, kêcombrang, Elettaria-soort. / Ôngka 16, rasa, ...