Dasanama Mawi Jarwa, Anonim, #1904

1. Dasanama Mawi Jarwa, Anonim, #1904. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Dasanama Mawi Jarwa, Anonim, #1904. Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon

Punika Sêrat Dasanama Mawi Jarwa, saha pilah-pilahaning têmbung katalêsihakên sadaya babon saking Rônggawarsitan.

--- 0 ---

[...][1]

--- 0 ---

Punika Sêrat Dasanama Mawi Jarwa, saha katranganipun ing têmbung winijang-wijang talêsihipun. Saking Rônggawarsitan kang sampun swargi.

--- [1] ---

Punika Sêrat Dasanama ingkang dipun jarwani, katranganipun ngandhap punika.

Namaning nyawa :

Nyawa :
têgêsipun alus.
Jiwa :
têgêsipun tanpa antara.
Atma :
têgêsipun amimbuhi.
Nur :
têgêsipun cahya.
Mur :
têgêsipun dawa, urip.
Umur :
têgêsipun wêwangênan.
Yuswa :
têgêsipun gêsang.
Suksma :
têgêsipun samar.

--- 2 ---

Namaning badan :

Badan :
têgêsipun dhewe, têtanggul.
Sarira :
têgêsipun warananing gêsang.
Angga :
têgêsipun dene nganakakên banyu.
Badhi :
têgêsipun wujud.
Waraga :
têgêsipun pakumpulan, ragangan.
Mu :
têgêsipun jêjênêng, tunggal.
Awak :
têgêsipun sêsulih.
Wanda :
têgêsipun jênggêrêng, sawujud.
Ragi :
têgêsipun sarwa sangkêp, rêragangan, wêrana.

--- [3] ---

Namaning wong :

Wong :
têgêsipun jêjênêng, mong-mongan.
Janma :
têgêsipun kasandhangan urip.
Janmi :
têgêsipun kadunungan urip.
Sujanma :
têgêsipun langkung manggèn.
Sujanmi :
têgêsipun langkung manggèn.
Nara :
têgêsipun sêtata.
Jalma :
têgêsipun asaling cahya.
Jana :
têgêsipun sêdhêng, têngah.
Manusa :
têgêsipun pêpijèning rahsa.
Tiyang :
têgêsipun pangadêg.

--- 4 ---

Urut namaning wong :

Manuja :
têgêsipun kaananing rahsa.
Manungsa :
têgêsipun langkung piniji.
Jalmi :
têgêsipun asaling rahsa.
Manuswa :
têgêsipun linuwih ing bumi.
Manuwya :
têgêsipun tinuwa-tuwa.
Jama :
têgêsipun ênggon-ênggonan.
Jami :
têgêsipun tunggal wujud.
Manusiya :
têgêsipun rakêt kinasih.
Wang :
têgêsipun lêpas.
Wanggana :
têgêsipun jumênêng kawasa.

--- [5] ---

Namaning dewa :

Dewa :
têgêsipun luhur.
Dewata :
têgêsipun angluwihi, tuwin kabêkta saking namaning tanah.
Bathara :
têgêsipun wisesa, têtunggul.
Absara :
têgêsipun langkung awas, langkung lêpas.
Jawata :
têgêsipun awit ambawani pulo Jawa.
Suragana :
têgêsipun winênang nguwasani, wijangipun, sura, wani, winênang, gana, kêwasa.[2]

--- 6 ---

Urut namaning dewa :

Sidyagana :
têgêsipun kuwasa ing sêdya, wijang-wijangipun, sidya, sêdya, gana, kuwasa.
Widhadara, wêtahing têmbung, widha udara :
têgêsipun sêsêkaring tawang, wijangipun. Widha, gônda, borèh, pakêm, kêmbang, alus.
Widhasadya :
têgêsipun alusing budi, lêpasing budi, wijangipun widha, alus, lêpas,

--- [7] ---

sadya, budi.
Apuwara :
têgêsipun pangagênging sêpuh, wijangipun, ampu, sêpuh, wara, agêng, swara, wuruk.
Nasa :
têgêsipun kawasa.
Katong :
têgêsipun awas.
Hyang :
têgêsipun bangsaning jin. Sêsêmbahan.
Warapasara[3] :
têgêsipun lêpasing pamuja.
Sidyagana :
têgêsipun lulus kawasa, wijangipun, [wijangipu...]

--- 8 ---

[...n,] sidya, lêstari, gana, kawasa.
Rêsi Gana :
têgêsipun adil parentahe, wijangipun rêsi, rêsik, gana, kawasa, wênang pinirid dados parentah.
Widyara :
têgêsipun wêruh durung winarah.
Surabsara, wêtahing têmbung, sura absara :
têgêsipun katon winani, wijangipun, sura, wani, absara, paningal.

--- [9] ---

Dwijawara :
têgêsipun pangagênging pandhita, wijangipun, dwija, pandhita, wara, agêng.
Rêsi Wara :
têgêsipun pangagênging rêsi, kang nama rêsi wau pandhita ulah kasucian, botên amulang dhatêng siswa.
Hong :
têgêsipun sêsêmbahan.
Ilahèng :
têgêsipun sêsêbutan, dhêdhuwuran kang tanpa timbangan.

--- 10 ---

Namaning widadari :

Widadari :
têgêsipun sêsêkaring wanodya.
Dèwi :
têgêsipun kaluhuraning wanodya.
Absari :
têgêsipun wanodya awas paningale.
Widyadari :
têgêsipun wanodya ayu warnane.
Rwasari :
têgêsipun wanodya kang lêpas ibêre.
Watari :
têgêsipun wanodya langgêng rupane.
Dewati :
têgêsipun angluwih wanodya.
Waranggana :
têgêsipun pêpijèn agêng, wêtahing [wêtah...]

--- [11] ---

[...ing] têmbung wara anggana, wijangipun, wara, agêng, anggana, dhewe, raosipun sêsêkaring para agêng.

Urut namaning widadari :

Yuwati :
têgêsipun ayuning jagad, utawi musthikaning ayu, wijangipun, yu, sae, wati, jagad, rahsa, musthika.

--- 12 ---

Surawadu :
têgêsipun prajurit wanodya, wijangipun, sura, winani, dados prajurit, wadu, wadon.
Suranggana, wêtahing têmbung, sura anggana :
têgêsipun prajurit pêpijèn, wijangipun sura, prajurit, anggana, dhewe.
Surabsari :
têgêsipun wanodya angambar gandane.
Smaralaksmi :
têgêsipun wanodya rêsêp raras.

--- [13] ---

Wadiswara, wêtahing têmbung wadi iswara :
têgêsipun papingitaning para luhur, wijangipun, wadi, pêpingitan, iswara, luhur.
Witarasandi :
têgêsipun bangsaning sêsiluman.
Waraduhita :
têgêsipun misuwur wanodya luwih.
Waranggno[4] :
têgêsipun wanodya ulah lagu.
Rêtnawati :
têgêsipun intêning jagad, musthikaning jagad, wijangipun, rêtna, musthika, intên, wati, jagad.

--- 14 ---

Namaning swarga :

Swarga :
têgêsipun kasarira, dene ingkang dumunung ngriku nunggil para dewa.
Kahyangan :
têgêsipun panggonaning bôngsa jin.
Kadewatan :
têgêsipun ênggoning dewa.
Suralaya :
têgêsipun jagading dewa, wijangipun, sura, dewa, laya, jagad.
Suranadi :
têgêsipun linangkung adi, wijangipun, [wijangi...]

--- [15] ---

[...pun,] surana, linangkung, di, sae.

Urut namaning swarga :

Smaralaya :
têgêsipun panggenan anêngsêmakên, wijangipun, sêmara, kasêngsêm laya, panggenan.
Ariloka :
têgêsipun jagad langgêng, wijangipun, ari, luhur, padhang, ajêg, loka, jagad.

--- 16 ---

Aribawana :
têgêsipun pêpadhanging jagad. Wijangipun, ari, padhang, bawana, jagad.
Loka bawana :
têgêsipun jagad sajroning jagad.
Ariwanda :
têgêsipun wujud langgêng.
Surabawana :
têgêsipun panggenaning dewa, wijangipun, sura, dewa, bawana, jagad, nanging wênang pinirid panggenan.

--- [17] ---

Siwanda ariloka :
têgêsipun anglimputi ênggon kang ing ênggon.
Smarapada :
têgêsipun jagad kabungahan.
Swargaloka :
têgêsipun ênggon kang kasarira.
Ngendrabawana :
têgêsipun gêgununganing jagad, utawi kahyanganipun Sang Hyang Endra.
Kandhyawataya :
têgêsipun jagad dêdunungan. Wijangipun, kandhya, dêdunungan, wataya, jagad.

--- 18 ---

Namaning ratu :

Ratu :
têgêsipun anarambahi.
Raja :
têgêsipun agêng.
Nata :
têgêsipun amarentah.
Pati :
têgêsipun aparentah.
Aji :
têgêsipun kinurmatan.
Prabu :
têgêsipun sarwa sêmbada.
Pamasa :
têgêsipun amisesa.
Nararya, wêtahing têmbung, nara arya :
têgêsipun wong kang luhur, wijangipun nara, wong, arya, luhur, utawi padhang.
Narpa :
têgêsipun wong kang luhur.

--- [19] ---

Urut namaning ratu :

Narendra, wêtahing têmbung, nare endra :
têgêsipun gêgununganing wong, wijangipun, nara, wong, endra, gunung.
Narpati, wêtahing têmbung, narapati :
têgêsipun wong kang amarentah, wijangipun, nara, wong, pati, parentah.
Naranata :
têgêsipun amarentah wong, wijangipun, nara, wong, nata, parentah.
Bupati :
têgêsipun amarentah ing bumi, wijangipun, bu, bumi, pati, [pa...]

--- 20 ---

[...ti,] parentah.
Buminata :
têgêsipun amarentah ing bumi.
Adipati :
têgêsipun luwih parentahe, wijangipun, adi, luwih, pati, parentah.
Bumipala :
têgêsipun pakuning bumi, wijangipun, bumi, inggih bumi, pala, pakantuk, pikêkah.
Narèswara, wêtahing têmbung, nara iswara :
têgêsipun wong kang linuhur, wijangipun, nara, wong, iswara, luhur.

--- [21] ---

Naradipa :
têgêsipun wong kang amadhangi, wijangipun, nara, wong, dipa, padhang.
Erêyangsa :
têgêsipun trahing bôngsa luhur.
Sri :
têgêsipun sarwa sae.
Risang :
têgêsipun luwih luhur.
Dhapa :
têgêsipun pangarêping wong.
Buhpa :
têgêsipun amêngku bumi, wijangipun, buh, bumi, pa, amêngku.

--- 22 ---

Dhatu :
têgêsipun kang angadhaton.
Mandasiksa :
têgêsipun wênang angganjar angukum.
Srinda :
têgêsipun sarwa sae.
Mangkubumi :
têgêsipun pêpakuning bumi.
Mahararya :
têgêsipun langkung linuhur.
Mêngkuradya :
têgêsipun amêngkunagara.
Kangjêng :
têgêsipun kang lumaku sinêbut.
Sinuhun :
têgêsipun kang ingêmbun.
Susuhunan :
têgêsipun langkung pinundhi.
Sunan :
têgêsipun amiyambaki, kang miyambaki wau kaluhuranipun.

--- [23] ---

Namaning kangjêng ratu :

Mahisi :
têgêsipun ratuning wadon.
Sang sri :
têgêsipun ratuning ayu.
Swapadmi :
têgêsipun garwa pangarêp. Wijangipun, swa, pangarêp, padmi, garwa.
Surêtna :
têgêsipun intên linuwih, wijangipun, su, luwih, rêtna, intên.
Wara Mahisi :
têgêsipun pangagênging kênya.
Dèwi :
têgêsipun pangawak widadari.

--- 24 ---

Urut namaning kangjêng ratu :

Sori :
têgêsipun garwaning ratu.
Narpawadu :
têgêsipun kaluhuraning wadon, wijangipun, narpa, luhur, wadu, wadon.
Nata Mahisi :
têgêsipun marentah sakadhaton.
Narpaduhita :
têgêsipun linuhur sagunging wadon.
Paramèswari :
têgêsipun linangkung luhur.
Paramèswara :
têgêsipun linangkung luhur, wêtahing [wêtah...]

--- [25] ---

[...ing] têmbung, parama iswara, wijangipun, parama, linangkung, iswara, luhur.
Sridayita :
têgêsipun ratuning mustika, wijangipun, sri, ratu, dayita, musthika.
Garini :
têgêsipun pangagênging wadon.
Natarèni :
têgêsipun marentah wadon.
Laksmitawati :
têgêsipun anêngsêmakên raos. [rao...]

--- 26 ---

[...s.] Wijangipun, laksmita, anêngsêmakên. wati, raos.
Supadmi :
têgêsipun pangawak sêkar.
Natadèwi :
têgêsipun ratuning widadari.
Sriyodati :
têgêsipun ratuning prajurit wadon.
Narendra garini :
têgêsipun gêgununganing wong wadon.
Prawara Mahisi :
têgêsipun pangarêping wanodya.

--- [27] ---

Biniaji :
têgêsipun garwaning ratu, utawi garwa kang kinurmatan.
Narèswari :
têgêsipun wong wadon linuhur.
Padniswara :
têgêsipun garwa kang linuhur.
Narèswara :
têgêsipun lêluhuraning pawongan.
Duhita :
têgêsipun wadon linuwih.
Rajanari :
têgêsipun ratu wadon.
Pamasi :
têgêsipun ratuning wadon.

--- 28 ---

Namaning pêpatih :

Patih :
têgêsipun amêmatah.
Nataradya :
têgêsipun amêmatah nagara, wijangipun nata, mêmatah, radya, nagara.
Natapraja :
têgêsipun angrêrakit nagara, wijangipun, nata, angrêrakit, praja, nagara.
Nayakawaktra :
têgêsipun panungguling pangarêp, wijangipun, nayaka, pangarêp, waktra, rai.

--- [29] ---

Urut namaning patih :

Mantrimuka :
têgêsipun pangarêping mantri.
Mantriman :
têgêsipun mantri linuwih, wijangipun, man, linuwih.
Kyana patya :
têgêsipun radèn patih.
Nindyamantri :
têgêsipun têtindhihing mantri, wijangipun, nindya, têtindhih.
Nitiradya :
têgêsipun aniti nagara, wijangipun, radya, nagara.
Pramadendra, pancèn,[5] Pramada endra :
têgêsipun êmbaning ratu, wijangipun pramada, lêlèmèk, [lêlèmè...]

--- 30 ---

[...k,] endra, ratu.
Mantri manggala :
têgêsipun pangarêping mantri, wijangipun manggala, pangarêp.
Brêtyèswara, wêtahing têmbung, brêta iswara :
têgêsipun dhêdhuwuraning wadya, wijangipun brêta, wadya, iswara, luhur.
Mantriwisesa :
têgêsipun mantri kawasa, wijangipun wisesa, kawasa.
Mantri sudibya :
têgêsipun mantri anglangkungi.

--- [31] ---

Namaning dênawa :

Buta :
têgêsipun mamak.
Danawa, wêtahing têmbung, danuhawa :
têgêsipun têdhaking Bathara Danu, wijangipun hawa, anak.
Ditya :
têgêsipun linuwih.
Raksasa :
têgêsipun bangsaning brêkasakan.
Rasaksa :
têgêsipun kang môngsa sidêkah.
Gandarwa :
têgêsipun dene wujud manusa.
Diyu :
têgêsipun sarwa santosa.
Asura :
têgêsipun wanthèn.

--- 32 ---

Urut namaning danama:[6]

Wil :
têgêsipun angarad.
Pisadha :
têgêsipun saking kabêkta dene sagêd siluman.
Yaksa :
têgêsipun anggrujag[7] sidêkah.
Rasaksi :
têgêsipun buta wadon.
Rota :
têgêsipun sarwa santosa.
Kala :
têgêsipun sipat galak.
Kalana :
têgêsipun karêm sabda.
Yaksi :
têgêsipun buta wadon.
Garaksa :
têgêsipun sagêd anggêro.

--- [33] ---

Palaksa :
têgêsipun rikat.
Bibiro :
têgêsipun kabêkta asring damêl arubiru, karya rubeda.
Lêmbana :
têgêsipun sarwa agêng.
Pisaca :
têgêsipun kalêbêt bôngsa brêkasakan.
Darmbamoha[8] :
têgêsipun sarwa karêm.
Sajatha :
têgêsipun dene asêsiyung.

--- 34 ---

Namaning kêthèk :

Kêthèk :
têgêsipun anggêlithik.
Kapi :
têgêsipun dene sugih wulu.
Kuthila :
têgêsipun awon bathukipun, wijangipun = ku, awon, thila, bathuk.
Wanara :
têgêsipun kewan wujud manusa.
Plawaga :
têgêsipun sarwa cikat.
Palwaga :
têgêsipun sarwa tarampil.
Palgosa :
têgêsipun sarwa mangrêti.
Rewanda :
têgêsipun pangawak swara.

--- [35] ---

Urut namaning kêthèk :

Kalidhan :
têgêsipun arikat.
Wêgig :
têgêsipun sarwa pintêr.
Wrikita :
têgêsipun sagêd amêre.
Bêthès, inggih bêdhès :
têgêsipun kabêkta saking sugih akal.
Gapila :
têgêsipun sarwa parigêl. Utawi kabêkta manawi nêdha mawi kêmilan.
Kamila :
têgêsipun inggih kabêkta panêdhanipun mawi kêmilan.

--- 36 ---

Namaning macan :

Macan :
têgêsipun sagêd anggêro.
Singha :
têgêsipun sagêd anggarong.
Singa :
têgêsipun sagêd agêrêng.[9]
Sardula :
têgêsipun pangawak landhêp.
Arima :
têgêsipun galak.
Mong :
têgêsipun sarwa rowa, sugih swara.
Angrimong :
têgêsipun anggêdhobyah.
Barong :
têgêsipun lorèng, lonthèng.
Sirungga :
têgêsipun angajrihi.
Sawèri :
têgêsipun sarira sêmbada.

--- [37] ---

Namaning gajah :

Gajah :
têgêsipun yèn mungguh ing alas.
Èsthi :
têgêsipun dene karêm banyu, wijangipun, hès, banyu sêthi, karêm.
Dwiradha :
têgêsipun gadhah siyung kêkalih, wijangipun dwi, loro, radha, untu.
Waniti :
têgêsipun yèn pinêlanan.
Matêngga :
têgêsipun yèn binakta cangkrama.
Dwipangga, wêtahing têmbung dwipa angga :
têgêsipun dene ngunjuk kaping kalih, [ka...]

--- 38 ---

[...lih,] wijangipun dwi, loro, pa, sêrot. Angga, banyu.

Urut namaning gajah :

Samaja :
têgêsipun yèn binakta prang.
Gajamuka :
têgêsipun yèn tinunggangan dening buta.
Brajamuka :
têgêsipun yèn binarong.
Bathamuthu :
têgêsipun dene anggrêgunuk.
Liman :
têgêsipun dene sairib suku [su...]

--- [39] ---

[...ku] gangsal. Satunggalipun têlale.
Balêdug :
têgêsipun dene asal saking siti, cariyosipun gajah punika sabên sacumbana, kama kalihipun lajêng kapêndhêm siti, punika lamining dintên lajêng dados gajah alit. Bapa babunipun lajêng anuwèni nêdhani.

--- 40 ---

Namaning jaran :

Jaran :
têgêsipun dene sagêd malajêng.
Kuda :
têgêsipun dene sagêd angêngintên solah.
Turôngga, wêtahing têmbung, tura ôngga :
têgêsipun dene lêmês badanipun. Wijangipun, tura lêmês, ôngga, badan.
Aswa :
têgêsipun dene rinakêt ing manusa.
Kapal :
têgêsipun dene kulina.
Kalêngki :
têgêsipun linangkung.

--- [41] ---

Urut namaning jaran :

Gêdhog :
têgêsipun gêgêdhug. Mila panggenan kapal dipun wastani gêdhogan.
Wajik :
têgêsipun dene sagêd angèjèg, tuwin darbe suku wajik.
Turanggi :
têgêsipun sami jarwanipun lan têmbung, turangga.
Buntala :
têgêsipun dene darbe kuncung apindha jambul.

--- 42 ---

Namaning padhati :

Widangdari :
têgêsipun yèn tinarik sapi wadon.
Senang :
têgêsipun yèn pangirid sapi lanang.
Sanggra :
têgêsipun yèn pangirid banthèng.
Salamuka :
têgêsipun yèn pangirid kêbo lanang wadon.
Astapada :
têgêsipun yèn pangirid kêbo lanang.

--- [43] ---

Urut namining padhati :

Sambira :
têgêsipun yèn pangirid banthèng muni.
Wèsthi :
têgêsipun yèn pangirid jêjawi.
Jamakantuk :
têgêsipun yèn pangirid janma lanang wadon.
Dhudhula :
têgêsipun yèn pangirid jaran wadon.
Sêsiku swanindha :
têgêsipun yèn pangirid kuda kêkalih.

--- 44 ---

Sêsirat andik anda :
têgêsipun yèn pangirid kuda sêkawan.
Gasthika :
têgêsipun yèn pangirid gajah.
Gobrata :
têgêsipun yèn pangirid macan.
Gothaka :
têgêsipun yèn badhati wangun angêdhung kados guwa, botên kabêkta saking pangiridipun.

--- [45] ---

Namaning mega :

Ima :
têgêsipun yèn ngalingi wulan nipis.
Jaladara :
têgêsipun yèn mega mêndhung dèrèng udan.
Nirada :
têgêsipun yèn mega irêng awor lan mega abang.
Ima kapura :
têgêsipun yèn mega ngidêri surya.
Sasmiti :
têgêsipun yèn mega awor lan kêkayon.
Imantaka :
têgêsipun yèn mega papak lan banyu.
Urur :
têgêsipun yèn mega panjang anyalèntrèng.

--- 46 ---

Urut namaning mega :

Kokap :
têgêsipun yèn mega putih kadi kukus.
Irawan :
têgêsipun mega kang angêmu kaluwung.
Ulupi :
têgêsipun mega kang angêmu udan angêndhanu.
Ôndrawila :
têgêsipun mega muyêg cêmê[10] angêmu jawah.
Ima layung :
têgêsipun mega sore.

--- [47] ---

Namaning banyu :

Banyu :
têgêsipun asrêp.
Udaka :
têgêsipun toya mungguhing wadhah.
Etu :
têgêsipun toya mungguhing wowohan.
Warih :
têgêsipun toya mungguhing oyod.
Tirta :
têgêsipun toya mungguhing sumur.

--- 48 ---

Urut namaning banyu :

Lowak :
têgêsipun toya mungguhing rêrêmbêsan.
Lodaka :
têgêsipun toya saking rêmbêsan.
Wulusan :
têgêsipun toya mancur saking parêdèn.
Sindu upaka :
têgêsipun toya mungguhing bangawan.
Pêtha :
têgêsipun toya amunthuk.

--- [49] ---

Rancak hêrni :
têgêsipun toya tinalangan.
Arjuna :
têgêsipun toya mênêng ing watu, utawi toya jun.
Suci :
têgêsipun toya mungguhing jêmbangan, miwah padasan.
Ludha :
têgêsipun banyu idu.
We :
têgêsipun banyu karingêt.
His :
têgêsipun banyu asrêp.
Hèr, har :
têgêsipun banyu wênêning.[11]

--- 50 ---

Namaning sagara :

Sagara :
têgêsipun banyu manggèn.
Laut :
têgêsipun banyu tanpa têpi.
Jaladri, wêtahing têmbung, jala ardi :
têgêsipun banyu angidêri gunung, wijangipun, jala ubêng, ardi, gunung.
Samodra :
têgêsipun banyu ngidêri jagad.
Jalanidhi :
têgêsipun banyu narambahi.
Hèrnawa :
têgêsipun banyu anêlêng.
Tasik :
têgêsipun banyu rata.

--- [51] ---

Namaning angin :

Aliwawar :
têgêsipun angin ngentarake watu.
Prahara :
têgêsipun angin angirid udan.
Maruta :
têgêsipun angin anggingsirakên.
Pawana :
têgêsipun angin alas.
Bayu :
têgêsipun angin campur.
Bajra :
têgêsipun angin agêng.
Sindhung :
têgêsipun angin ngêmut mêndhung.

--- 52 ---

Urut namaning angin :

Pôncawora :
têgêsipun angin sarawungan gangsal gèn. Saking wetan, lèr, kilèn, kidul, têngah.
Ayaskara :
têgêsipun angin buwang mega.
Angin sasar :
têgêsipun angin tanpa sangkan, têkane karya sulah dhatêng sadayanipun, panggenan dharat.

--- [53] ---

Namaning srêngenge :

Srêngenge :
têgêsipun dene balêrêngi.
Surya :
têgêsipun dene sumorot.
Andakara :
têgêsipun murub kumukus.
Bagaskara :
têgêsipun padhang amurub.
Rawi :
têgêsipun mêdalakên riwe toya.
Arka :
têgêsipun anyunari toya.
Bagaspati :
têgêsipun ratuning pêpadhang.

--- 54 ---

Urut namaning surya :

Wrahaspati :
têgêsipun ratuning panas.
Ari :
têgêsipun amadhangi.
Kulôndaragni :
têgêsipun gênining awang-awang.
Jamatagni :
têgêsipun gêni anglimputi.
Arkara :
têgêsipun urub ngêmu banyu, inggih punika ngaringêt.
Samsi :
têgêsipun amadhangi.
Raditya, sami lan radite :
têgêsipun narambahi pikuwat dhatêng cêcukulan.

--- [55] ---

Namaning rêmbulan :

Rêmbulan :
têgêsipun dene suda wuwuh, kados ta wulan nèm sêpuh mawi suda wêwah.
Tèngsu :
têgêsipun sipat elok.
Basônta :
têgêsipun dene cahyanipun wêning kados mas. Wijangipun, bas, êmas, sônta, wêning.
Sasi :
têgêsipun piniji-piji.
Wulan :
têgêsipun yèn Wuntu umur 30 dintên.

--- 56 ---

Urut namaning sasi :

Côndra :
têgêsipun bêbundêran.
Purnama :
têgêsipun wutuh, inggih punika yèn tanggal 14.
Kirana :
têgêsipun yèn tanggal ênèm.
Sasadhara :
têgêsipun pêpadhanging awang-awang.
Indung :
têgêsipun yèn nuju panglong.
Lèk :
têgêsipun sumunar.
Tanggal :
têgêsipun golong.
Leka :
têgêsipun wêning.
Kamari :
têgêsipun amadhangi.

Catatan kaki:

1. Lima halaman kosong. (kembali)
2. kuwasa / kawasa. (kembali)
3. Warapsara. (kembali)
4. Waranggana. (kembali)
5. pancène. (kembali)
6. danawa. (kembali)
7. angrujag. (kembali)
8. darêmbamoha. (kembali)
9. anggêrêng. (kembali)
10. cêmêng. (kembali)
11. winêning. (kembali)