Dasanamajarwa, Tjokrodipuro, 1970, #827

1. Dasanamajarwa, Tjokrodipuro, 1970, #827. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Dasanamajarwa, Tjokrodipuro, 1970, #827. Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon

Sêrat Dasanamajarwa

Sêrat Dasanamadjarwa

--- 0 ---

Dengan rasa terima kasih sedalam-dalamnya kepada Bapak Moenadi
Gubernur/Kdh. Propinsi Jawa-Tengah dipersembahkan pengalih-aksaraan Jawa ke Latin serangkaian buku-buku karya pujangga-pujangga Indonesia.

MUSEUM RADYAPUSTAKA

--- 0 ---

Purwaka

Nuwun awiyosakên, saking kumêdah kêdahing Yayasan Pahêman Radyapustaka Surakarta ngaturakên darma baktinipun ing Parentah, anggènipun ambangun kawontênanipun nagari sarta jiwaning rakyat, gaduging manah, Yayasan Pahêman Radyapustaka amung sagêd ngaturakên sasaji awarni kawruh-kawruh adi luhung, ingkang kasêrat ing buku-buku titilaranipun para luluhur, êmpu, pujangga, sarta para sarjana sujana kina, ingkang sampun langkung sêtêngah abad, sumimpên ing Museum Radyapustaka, minangka sarana panggigah bokmanawi lajêng wangsul gumregah tumindak angluluri kabudayan kita pribadi ingkang sampun kaloka kajanapriya alus lan luhuripun.

Buku-buku wau sakawit kathah para sadhèrèk ingkang sami rêmên maos, amargi kasêrat sastra Jawi sarta runtut ikêtanipun, isi piwulang luhur/alus wani-warni, malah wontên ingkang isi babagan kawruh/ngèlmi kasampurnan, katrangakên cêtha gamblang, gampil dipun mangêrtosi. Namung emanipun sarêng aksara Jawi samangke sampun awis ingkang sagêd maos, buku-buku ingkang isi piwulang adi luhung wau, saya suda ingkang kaparêng maos.

Awit saking punika, Yayasan Pahêman Radyapustaka Surakarta ambudidaya supados buku-buku wau botên klêbêt bêbasan: "Wastra luwas mungging ing sampiran", mila lajêng dipun pilihi, katêdhak kaanyarakên, tuwin kasantunan ing aksara latin, supados para ingkang botên pana aksara Jawi sagêd nguningani isinipun.

Dene ingkang kapiji rumagang anindakakên pakaryan punika para sadhèrèk ingkang sami rêmên ngudi kawruh kajawèn, sêsêpuhipun sadhèrèk R.M.T. Sêtyoso Tjokrodipuro, pènsiunan Bupati anom Karaton Surakarta, karyawan Radyapustaka.

Ing pangangkah murih bêbrayan kita sami sagêd ngalap pigunanipun, sarta botên kecalan lacak, buku-buku wau sagêda kagiyarakên ing pundi-pundi pêrpustakaan.

Sampun samêsthinipun manawi babaran enggal punika sagêd ugi kathah kêkiranganipun; murih sampurnanipun, Yayasan Pahêman Radyapustaka bingah sangêt manawi para maos kêrsa paring sêsuluh ingkang murakapi.

Salajêngipun kamanah pêrlu bokbilih para sarjana lulusan Univêrsitas-univêrsitas bagian sastra, sami kêparêng ngoncèki sarana ilmiah, mênggah punapa maknanipun isining buku-buku wau.

Wasana pangajabipun Yayasan Pahêman Radyapustaka ing nginggil wau sadaya, sanadyan namung sapala, sagêd andayani karaharjaning bangsa Rêpublik Indhonêsia.

Surakarta, Januari 1970.

--- 1 ---

Sêrat Dasanamajarwa, kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan Pogêl Pan Dhêr Èidhê èn Ko, ing Surakarta taun 1838.

Punika sêrat dasanama, ingkang winêjangakên wardi suraosipun, dhatêng pujôngga Radèn Tumêngung Sastranagara, abdi dalêm bupati kadipatèn anom, inggih punika ingkang kasêbut nama Ngabèi Yasadipura ingkang kaping kalih, anggènipun anjarwani makatên punika, saking angistokakên dhawuhing karsa dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana ingkang kaping sakawan, ingkang angadhaton ing nagari Surakarta Adiningrat, supados kagêm wêwaton ing salaminipun, minôngka pêpèngêt dhumatêng kajêngipun ing asma piyambak-piyambak, katranganipun ing ngandhap punika:

Namaning Dewa.

1. Sang hyang:
têgêsipun amadhangi, awit ing ngajêng têmbungipun: syang, têgêsipun padhang, amêndhêt saking padhanging srêngenge awan, sawênèhing sarjana, têmbung: sang hyang, dipun wrêdèni angidini, kapêndhêt saking têmbung anungswara: sahyan, purba saking sahiya, têgêsipun angistokakên, sarèhning pamanggih kalih wau têpang suraosipun, inggih prayogi sami kangge wêwaton, awit têmbung angidèni, tuwin angistokakên, saèstu gadhah kajêng amadhangakên, tandhanipun dewa kawasa sipat mirah sipat asih, anjurungi sakajating titah sadaya.
2. Sang hwang,
têgêsipun sêsotyaning manungsa, wijangipun, sang, sotya, adi, hwang, manungsa, saking têmbung wong, dene wong punika jarwanipun piyambak paklowongan, inggih raga, inggih awak, inggih sarira, satêngahing sarjana têmbung sang hwang, dipun wardeni pêpijèning sêsotya, wijangipun, sang, sotya, dene hwang gadhah jarwa ingsun, saking têmbung ingwang, dene têgêsipun: sun wau andhewe, piniji, witipun saking têmbung suhun, têgêsipun sumêmi, inggih punika gêsang, inggih gêsang inggih wiji, dene têmbung: sun, gadhah parerehan ingwang, têmbung ingwang, gadhah parerehan têmbung mami, saking sumêmi wau.
3. Absara,
têgêsipun waskitha, punika ngajêng saking têmbung: aibsara, [aibsa...]

--- 2 ---

[...ra,] wijangipun: aib, elok, samar, sara, landhêp, alus, lêpas, dados ingkang dipun kajêngakên ingkang lêpas botên kasamaran, dene sumêrêp sadèrèngipun winarah, ingkang gaib ingkang elok ingkang samar sampun kacakra wontên siring budi sadaya.

Dene têmbung sangsêkrita wontên ingkang mirib suraosing têmbung absara, inggih punika absrar, têgêsipun êroh alus, bokmanawi pamêndhêtipun ngajêng saking têmbung absrar wau, awit alus lêpas punika bangsaning samar, punapadene roh saèstu inggih saking elok, sabab absara punika taksih badan alus, jisim rohkani, mila bôngsa absara punika kala samantên botên mêsthi ingkang mutrakakên, nanging inggih bangsaning jawata sadaya.

4. Jiwata,
têgêsipun ing paugêraning gêsang, wijangipun, jiwa, nyawa, ta: paugêran, sawênèhing sarjana, têmbung: jiwata, jinarwan jêjêring wiji, wijangipun, ji: rahsa, inggih wiji, saking parji, wata: jêjêr, saking wat.
5. Gana,
têgêsipun wujud kawasa, sawênèhing sarjana têmbung: gana, kajarwanan luhur, dados saking wancahaning têmbung: gêgana, kabêkta bangsaning para dewa sagêd angambah ngawang-awang.
6. Mahanasa,
têgêsipun langkung kawasa, wijangipun maha luwih, agêng, nasa: kawasa.
7. Dewa,
kabêkta saking namaning panggenan, sawênèhing sarjana têmbung: dewa, dipun têgêsi karsa ingkang linangkung, wijangipun, de: kajêng, wa: linangkung.
8. Dewata,
têgêsipun paugêraning pulo dewata.
9. Jawata,
têgêsipun guruning tanah Jawi.
10. Suksmanasa,
têgêsipun kawasa kang samar. Wijangipun: suksma: samar, nasa, kawasa.
11. Amara,
têgêsipun samar, amor.
12. Bathara,
têgêsipun agêng, jêmbar rèhipun.
13. Widadara,
têgêsipun roh ingkang langgêng. Wijangipun: widada, slamêt, inggih slamêt inggih langgêng. Ra: roh. Sawênèhing sarjana, têmbung widadara dipun têgêsi: gônda karakêt. Wijangipun kadamêl dados kalih wanda: wida: gônda, borèh, dara: rakêt.

--- 3 ---

14. Sura,
têgêsipun: roh, dening saking kabêkta badan alus.
15. Siddha,
têgêsipun têrang, dene wêruh sadurunge winarah.
16. Hong,
têgêsipun: kinajrihan.
17. Rêsi,
têgêsipun: suci.
18. Wiku,
têgêsipun: pitêdah kawruh.

Namaning Widadari.

1. Absari:
têgêsipun sêsotyaning èstri. Wijangipun, ab: gaib, sêsotya. Sari: sêkar, nanging kangge wandaning èstri, utami[1] minôngka jodho kêmbaraning dewa kang nama: absara.
2. Dewati,
têgêsipun rahsa ingkang ayu. Wijangipun, de: kajêng, ayu, wati: rahsa, saking wat, utawi minôngka dados kêmbaraning dewata.
3. Dewi,
têgêsipun langkung ayu. Wijangipun, de: kajêng, ayu, wi: luwih, utawi minôngka kêkêmbaraning dewa.
4. Bathari,
têgêsipun pangagênging pawèstri, utawi kêmbaraning bathara.
5. Waranggana,
lêrêsipun waraanggana, têgêsipun piniji para agêng, wijangipun, wara: agêng, anggana: dhewe, piniji.
6. Surawadu,
têgêsipun: dewa wadon. Wijangipun, Sura: dewa, wadu: wadon.
7. Suraduhita,
têgêsipun inggih dewaning wadon. Wijangipun, Sura: dewa, duhita: wadon.
8. Widadari,
têgêsipun tuking gônda. Wijangipun, wida: gônda, dari: tuk.
9. Surarêtna,
têgêsipun dewaning wadon, wijangipun, sura: dewa, rêtna: candraning wadon.

Namaning Ratu.

Naradipa,
têgêsipun wong kang amadhangi. Wijangipun, nara: uwong, dipa: padhang, dene panjênêngan ratu amadhangakên pêtênging kawula, kados ta: angruwat kang acacat, tiyang malih sato, tuwin sawarnining tiyang ingkang salah kadadosan, sapanunggilanipun pinaripurna, angganjar dasih ingkang kamlaratan, marasakên ing asakit, mulyakakên ing apapa.
Naranata,
têgêsipun wong amarentah. Wijangipun, nara: uwong, nata: parentah.

--- 4 ---

Narapati,
têgêsipun, sêsotyaning manungsa. Wijangipun, nara: uwong, pati: sotya. Sawênèhing sarjana ugi anêgêsi: wong amarentah, wijangipun, nara: uwong, pati: parentah.
Bupati,
têgêsipun parentahing bumi. Wijangipun, bu: bumi, pati: parentah.
Bumipala,
têgêsipun panungguling bumi. Wijangipun, bumi: sampun jarwa, pala: panunggul.
Buminata,
têgêsipun parentahing bumi, wijangipun, bumi: sampun jarwa, nata: parentah.
Prabu,
têgêsipun marabot. Sawênèh anêgêsi: bapa, inggih bapaking manungsa kathah, saking têmbung Arab: praabu, têgêsipun: bapa.
Katong,
têgêsipun dewa katingal.
Ratu,
têgêsipun narambahi.
Pamasa,
têgêsipun kawasa.
Hèrêyangga,[2]
têgêsipun piniji ing dewa. Wijangipun, hèrhyang: dewa, ga:[3] piniji.
Narpadipa,
têgêsipun kajêng adamêl padhang, wijangipun, narpa: kajêng, dipa: padhang.
Aji,
têgêsipun kajèn kinawêdèn.
Raja,
têgêsipun pangagêng.
Sunan,
têgêsipun pêpundhèn.
Sinuhun,
têgêsipun ingêmbun-êmbun.
Iswara,
têgêsipun linuhur.
Narendra,
têgêsipun gêgununganing wong, wijangipun, nara: uwong, endra: gunung.
Sri,
têgêsipun bagus, ayu. Mila têmbung: sri, kangge dhatêng sêsêbutan ratu priya, ratu putri.
Mahawirya,
têgêsipun agung luhur. Wijangipun, maha: agêng, wirya: luhur.
Pangêmpyan,
têgêsipun angaubi, utawi ambarukuti.

Dene ing dewanagari, ingkang kangge inggih amung: prabu, raja, ratu, nata, narendra, narpati. Bilih tanah Ngarab sêsêbutanipun sultan, têgêsipun inggih botên bèntên akalihan [akali...]

--- 5 ---

[...han] têmbung Jawi susuhunan utawi sinuhun, dene sêsêbutan kangjêng wênang dhatêng kakung wênang dhatêng putri, kajêngipun inggih ingkang bagus utawi ingkang ayu. Têmbung: ratu, inggih wênang dhatêng kakung, inggih wênang dhatêng putri.

Bandara,
punika têmbung wancah, entaripun: bandaudara, têgêsipun, têrah têdhaking wong bôngsa agung luhur. Wijangipun, banda: agêng, udara: luhur.
Pramèswari,
têgêsipun langkung linuhuring èstri. Wijangipun, parama: linangkung, iswari: linuhuring èstri.
Pramèswara,
têgêsipun inggih sami kalihan pramèswari, anamung sastranipun ing ngajêng: primèswara.
Warasupadmi,
têgêsipun pangagênging garwa. Wijangipun, wara: pangagêng, supadmi: garwa.
Padniswara,
têgêsipun garwa ingkang linuhur, wijangipun, padni: garwa, iswara: luhur.
Dayita,
têgêsipun musthikaning wadon, inggih wadon ingkang pinusthika.
Narpawadu,
têgêsipun ratuning wadon, wijangipun, narpa: ratu, wadu: wadon.
Narpadayita.
têgêsipun ratu musthikaning wadon.
Narpaèstri,
têgêsipun, ratu wadon. Wontên malih têgês, èstri jumurung, inggih punika: wajibing èstri jumurung ing priya, tan kenging lênggana ing sapakon.
Narèswari,
têgêsipun ratu dhêdhuwuraning wadon. Wijangipun, nara: wong, sarèhning tumrap ratu èstri, dados katêgêsan pawongan. Iswari: ratu wadon.
Waraduhita,
têgêsipun pangagênging wadon. Wijangipun, wara: pangagêng, duhita: wadon.
Natarèni,
têgêsipun ratuning wadon, wijangipun, nata: ratu, rèni: wadon.
Kangjêng ratu,
têgêsipun sang ratu ayu.
Wararèni,
têgêsipun pangagênging èstri. Wijangipun, wara: pangagêng, rèni: èstri.
Sri maèswari,
têgêsipun ratu pangagênging putri.
Sori:
têgêsipun musthikaning putri.

--- 6 ---

Rêtnadayinta,
têgêsipun sêsotyaning wadon.

Namaning Lanang.

Lanang,
têgêsipun lana, inggih punika jêjêg, ngadêg.
Jalêr,
têgêsipun bênêr.
Jalu,
têgêsipun anêja têlu: 1. Ngaras, 2. Prêmbayun, 3. Pawèstrèn.
Priya,
lêrêsipun têmbung: pariaya, têgêsipun kuwawi pakantuk. Wijangipun, pari: pakantuk, aya: kuwat.
Nataradya,
têgêsipun mranata nagari, wijangipun, nata: mranata, radya: nagari.
Mantri wisesa,
têgêsipun kadunungan wêwênang tigang prakawis: ulat, ulah, ilat. Têgêsipun ulat: pamawasan, dene anguningani pangulahing praja. Ulah: mangrêtos, dene mangrêtos samukawis lampah-lampahing praja, ilat ...
Walija,
têgêsipun, wêtuning kuwat, wijangipun, wali: kuwat, ja: wêtu.
Kakung,
têgêsipun: kaku, ingkang kaku wau yèn nuju kajêngipun.
Purusa,
têgêsipun, palurusa, utawi parosa, inggih punika kuwat.

Namaning Wadon.

Taruni,
têgêsipun yèn dèrèng môngsa, dados kaupamèkakên, godhong ênèm, inggih sinom.
Kintaka,
têgêsipun manawi sampun môngsa, dados kaupamèkakên, sêkar pudhak.
Waila,
têgêsipun yèn maksih kapingit.
Wararana,
têgêsipun yèn wontên paprangan, wijangipun, wara: wadon, rana: paprangan.
Lantasi,
têgêsipun yèn lumajêng.
Wanodya,
têgêsipun yèn sampun panggih.
Marnadu,
têgêsipun yèn sampun sapaturon. Kajêngipun, maraga adu, inggih abên prang tangkis, akalihan waos.
Garika,
têgêsipun yèn sampun anak-anak, dados kaupamèkakên sêkar.
Kênya,
têgêsipun yèn taksih parawan, kaupamèkakên [kaupamèkakê...]

--- 7 ---

[...n] yèn taksih wantah.
Rara,
têgêsipun yèn taksih parawan tanggung. Dados kaupamèkakên pindha sêsotya.
Parawan,
têgêsipun ingkang taksih dèrèng laki. Têgêsing prawa: sorot, dados kaupamèkakên taksih sumorot, kapirit saking dèrèng kalong cahyanipun, punapadene taksih suci, inggih punika taksih lêgan loncang-lancing.
Èstri,
têgêsipun rêmbês têtiga prakawis: 1. Ngêdalakên toya, 2. Mijilakên rah, 3. Mahyakakên mani nupah.

Namaning Patih.

Patih,
têgêsipun matah.
Patya,
têgêsipun mataha.
Mantriman,
têgêsipun anglangkungi tigang prakawis, bopati, pêpati, senapati.
Mantrimukya,
têgêsipun inggih dados tungguling prakawis wau, têgêsipun mukya: panunggul.
Natapraja,
têgêsipun anata nagari, wijangipun, nata, matrap, matah, praja: nagari.
Nataradya,
têgêsipun mranata nagari. Wijangipun, nata: mranata, radya: nagari.
Mantri wisesa,
têgêsipun kadunungakên wêwênang tigang prakawis: ulat, ulah, ilat. Têgêsipun ulat: pamawasan, dene anguningani pangolahing praja, ulah: mangrêtos, dene mangrêtos samukawis lampah-lampah praja, ilat: lidhah, dene lêpas dhatêng pangolahing parapabên. Sawênèhing sarjana mantri punika dipun jarwani angawruhi tigang prakawis: nistha, madya, utama. Nisthanipun dene anyumêrêpi dhatêng alit, madyanipun anyumêrêpi dhatêng têngah, kados ta: bupati, sapanunggilanipun, utamènipun, dene angêmbani dhawuhing ratu.
Mantrimuktya,
têgêsipun mantri mukti, awit sadaya abdi dalêm sapangingiling jajar minggah kasêbut mantri.

Namaning Tumênggung.

Tumênggung,
têgêsipun dhêdhênggung, utawi tumanggung, dene anênanggung [anênang...]

--- 8 ---

[...gung] dhatêng sawêwêngkonipun.
Bopati,
têgêsipun kabubuhaning parentah.
Nayaka,
têgêsipun, polatan, utawi panunggul.
Wadana,
têgêsipun, pangajêng, dene dados pangajênging bawahan.
Manggala,
têgêsipun, pangagêng.
Prawara,
têgêsipun, pangagêng.
Pratiwa,
têgêsipun, sarwa samêkta, wijanging têmbung: parati: miranti, iwa: karo.
Prandhara,
têgêsipun têngah antaraning pangagêng, awit dhara gadhah jarwa antara agêng.

Namaning Utusan.

Utusan,
têgêsipun putusan, inggih pangrampungan.
Duta,
têgêsipun anglanturakên.
Caraka,
têgêsipun angimbalakên pangandika.
Anggandhèk,
têgêsipun ngêmban dhawah, utawi gandhèng.
Cundaka,
têgêsipun têlik.
Nibasara,
têgêsipun uncal-uncal.
Darsana,
têgêsipun anulad.
Prajaka, pradaka,
têgêsipun pamariksa.
Cundhamani,
têgêsipun anyundhukakê sêsotya. Inggih punika anyundhukakên raos, kajêngipun mundhi dhawuh.
Sunaddha,
têgêsipun linuwih ing wicara.

Namaning Wong.

Wong,
têgêsipun awak, kajêngipun kalowong.
Nara,
têgêsipun landhêp, purba saking têmbung: sara.
Jana,
têgêsipun sugih panyana, utawi dumunung.
Janma,
têgêsipun têdhaking jan, utawi dumunung lêwih.
Manusa,
têgêsipun pêpijèning rahsa, wijangipun manung: mani, sa: sawiji.
Tiyang,
têgêsipun, warananing dewa, utawi jajêr.
Janmi,
têgêsipun, dumunung ing bumi.
Manusia,
têgêsipun musthikaning banyu, anggènipun winardèn makatên punika, dene manusa asal saking banyu.

--- 9 ---

Namaning Langit.

Akasa,
têgêsipun santosa.
Langit,
têgêsipun kumulid.
Gêgana,
têgêsipun anglimputi, inggih anguwaosi. Mila katêmbungakên anguwaosi, dene dados kêkandhanganipun jagad sadaya.
Wiyat,
têgêsipun langkung luhur, utawi panggenan langkung têbih.
Jumantara,
têgêsipun antara kang lêpas tibane, inggih antara ingkang alus.
Widik-widik,
têgêsipun polatan bênêr, inggih têbih, labêt ing nginggil punika lantas kemawon, botên kalingan ing wêwarnèn wadhag.
Namu-namu,
têgêsipun amun-amun.

Namaning Lintang.

Lintang,
têgêsipun linangkung, dene kathahipun anglangkungi sadaya wêwarnèn ingkang katingal.
Kartika,
têgêsipun kêrbèt, dene kasawang saking ngalam donya katingal pating kêrtèp.
Sukra,
têgêsipun maramong, awit dene katingal amyang.
Sudama,
têgêsipun sumorot pindha damar.
Sasa,
têgêsipun sawiji-wiji, dene dados wêwijèning samukawis wêwarnèning dunya punika sadaya. Dèrèng wontên samukawis sampun mujudakên lintang adhapur sinaroja, awarni manusa, sato, ibêr, dharat, bujêngan toya, dandosan.

Namaning Rêmbulan.

Rêmbulan,
têgêsipun patêmpukan.
Côndra,
têgêsipun bundêr, utawi rêngga, dene wujudipun sarwa angrêsêpakên.
Purnama,
têgêsipun wêtah, inggih punika yèn wulan gangsal wêlas.
Wulan,
têgêsipun wêtahan, inggih punika yèn wulan jangkêp umur: 30 dintên.
Sasi,
têgêsipun miji, inggih punika yèn umuripun nuju: 29 dintên.
Sitarêsmi,
têgêsipun angrêsêpakên manah, wijangipun,

--- 10 ---

sita: ati. Rêsmi: ngrêsêpakên.
Sitangsu,
têgêsipun pamanahan anglangkungi, ngingsêp.

Namaning Srêngenge.

Srêngenge,
têgêsipun irêng tumangi, inggih punika murugakên dhatêng kêkêncêngan.
Surya,
têgêsipun sêsorotipun anuju kaayuwan.[4]
Rawi,
têgêsipun kumaringêt, angêdalakên toya dados jawah.
Arka,
têgêsipun anganakakên banyu, wijangipun: ar: banyu, ka: anak.
Bagaskara,
têgêsipun urub kang adamêl kiyat. Wijangipun, bagas: kiyat, kara: urub, gawe.
Bagaspati,
têgêsipun ratuning pêpadhang. Wijangipun, bagas: padhang, pati: ratu.
Wrahaspati,
têgêsipun mamrih waras. Wijangipun, wrahas: waras, pati: parentah, angrèh, mamrih.
Aruna,
têgêsipun mêrês banyu. Dene sagêd anggaringakên samukawis kang atêlês.
Siwandakara,
têgêsipun pangawak urub. Wijangipun, siwanda: awak, kara: urub.
Raditya:
têgêsipun narambahi kaluwihan. Wijangipun, rat: jagad, ditya: linangkung. Sawênèhing sarjana anêgêsi: adi-adining jagad.
Jamatagni,
têgêsipun paningal latu. Wijangipun, jamata: paningal, agni: latu.
Tandhaning dumadi,
têgêsipun pratandhaning titah. Dene tandhaning gêsang saking latu, witing latu saking srêngenge.

Namaning Banyu.

Udaka,
têgêsipun banyu mungguhing wêwadhah.
Etuh,
têgêsipun banyu yèn mungguhing wowohan.
Warih,
têgêsipun banyu yèn mungguhing oyod, utawi munguhing karambil.
Tirta,
têgêsipun banyu yèn mungguhing sumur.
Lowak,
têgêsipun banyu yèn mungguhing rêrêmbês.
Wulusan,
têgêsipun banyu mancur saking gunung.
Pêtha,
têgêsipun banyu kang munthuk malêndhung.

--- 11 ---

Rancag èrsi,
têgêsipun banyu mili katalangan.
Sindu,
têgêsipun banyuning lesan, inggih punika idu.
Sindu upaka,
têgêsipun yèn banyu bangawan. Wijangipun, sindu: banyu, upaka: kêklêmpakaning lèpèn.
Suci,
têgêsipun banyu ing sasimpênan, kados ta: jêmbangan, gênthong, padasan, kêndhi, kulah sapanunggilanipun.
Arjuna,
têgêsipun banyu yèn mungguhing watu, utawi toya ing jun. Wijangipun, ar: banyu, juna: jun.
Jala,
têgêsipun banyu molah, inggih mili.
Sih,
têgêsipun banyu ngasrêpi.
Jahning,
têgêsipun banyu talaga.
We,
têgêsipun banyu rêrambas.
Ranu,
têgêsipun banyu sinolah.
Sagara,
têgêsipun banyu angidêri jagad.
Tasik,
têgêsipun banyu polatan têbih.
Laut,
têgêsipun banyu ngêlangut.
Jalanidhi,
têgêsipun banyu kang bênêr, utawi banyu angêndhong, inggih banyu angêdhung.
Hèrnawa,
têgêsipun banyu sawangan ingkang têbih.
Samodra.
Têgêsipun banyu patêmpukan mubêng.
Udaya,
têgêsipun banyu kang akèh, utawi banyu munjung, inggih banyu kuwat, dene pakumpulanipun langkung kathah.
Udadi,
têgêsipun banyu wuwuh-wuwuh.
Jaladhiyan,
têgêsipun banyu angalun.

Namaning Bumi.

Bumi,
têgêsipun lêbu sumêmi.
Lêmah,
têgêsipun malumah.
Bantala,
têgêsipun dhêdhasar.
Kisma,
têgêsipun kikising banyu.
Pratala,
têgêsipun ambah-ambahan.
Pratiwi,
têgêsipun ambah-ambahan êlêt-êlêting banyu.
Rat,
têgêsipun narambahi.
Jagad,
têgêsipun ambah-ambahan.
Wati,
têgêsipun ngêkahi.
Loka,
têgêsipun sumarambah.

--- 12 ---

Lêbu,
têgêsipun pangêmotan.
Bawana,
têgêsipun jêmbar.
Mandhala,
têgêsipun wêwatês.
Pramudita,
têgêsipun angwontênakên sarwa tumuwuh.

Namaning Gunung.

Gunung,
têgêsipun gênêng, angatingalakên jurang-jurangipun.
Endra,
têgêsipun yèn katingal saking katêbihan.
Giri,
têgêsipun yèn kalingan sukuning ing gunung.
Parwata,
têgêsipun yèn kalingan ing luhur.
Wukir,
têgêsipun yèn pinuju cinangkraman. Têgêsing cinangkraman, manawi kangge lêlangênan.
Ancala,
têgêsipun, manawi kanggenan tiyang anastapa.
Asalingga,
têgêsipun, bilih kèdêgan pucuking rêdi.
Aldaka,
têgêsipun bilih tinimbang samining ardi.
Wanawasa,
têgêsipun, ardi mawi wana.

Namaning Angin.

Maruta,
têgêsipun pamoring loro, dene sagêd anungil toya, akalihan nungil amun-amun.
Bayu,
têgêsipun angin damêl rahayuning têtanêman.
Bajra,
têgêsipun angèbêki.
Prahara,
têgêsipun angin agêng.
Pôncawara,
têgêsipun angin pakumpulan gangsal. Saking têngah, inggih punika ngandhap nginggil, sanèsipun saking keblat sakawan.
Lesus,
têgêsipun angin mêsês.
Angin,
têgêsipun sagêd sumurup ing sadhengah panggenan kang bolong, utawi tansah amolah kumêjêp-kêjêp.
Pawana,
têgêsipun, angêbêki kawontênan.
Angin kakim,
têgêsipun prahara kang langkung kêras, adamêl risak.
Angin sarsar,
têgêsipun angin tanpa sangkan. Inggih damêl risak.
Ayaskara,
têgêsipun angin ambuwang mega.
Aliwawar,
angin ingkang ngentarakên watu.
Angin ngasip,
têgêsipun lesus sagantên, ingkang damêl risaking [ri...]

--- 13 ---

[...saking] baita.
Angin ngasêp,
têgêsipun prahara damêl risak.
Sindhung riwut,
têgêsipun prahara têmpuran, saha mawi jawah.
Gulingan,
angin andhasar, anyakecakakên sare. (Ngobahakên sênthong).

Namaning Blêdhèg.

Blêdhèg,
têgêsipun kabêkta saking swara jumêbrèt.
gêlap,
têgêsipun mawi tôndha gumêbyar kumêlap.
Gragsa,
têgêsipun ingkang damêl risak samukawis.
Wrahaspati,
têgêsipun ratuning galak. Wijangipun, wrahas: galak, pati: ratu.
Kêtug,
têgêsipun suwantên ingkang nglangkungi sora.
Kupak,
têgêsipun langkung bantêr.
Patir,
têgêsipun swara ingkang kadi mubêng.
Cancala,
têgêsipun anjêjak, dene anjêjak umbulipun dhatêng tawang.
Jaladha,
têgêsipun balêdhèg wor mêndhung.

Namaning Jawah.

Udan,
têgêsipun banyu tumurun.
Warsa,
têgêsipun banyu bênêr, dene dèrèng campuran ing toya sanès.
Riris,
têgêsipun jawah kêrêp.
Jawah,
têgêsipun wêtuning banyu, inggih toya karingêt.
Garimis,
têgêsipun jawah lêmbat.
Rêrêp-rêrêp,
têgêsipun jawah têturuh.
Awrur,
têgêsipun jawah sumawur.
Têruh,
têgêsipun jawah tôndha gara-garaning sinatriya.
Rarabi,
têgêsipun jawah sontên.
Surur,
têgêsipun jawah ngarêcèh.
Warsaya,
têgêsipun ananing banyu, dene witing toya saking jawah.
Wrêsti,
têgêsipun jawah adrês langkung lêmbat.

Namaning mêndhung.

--- 14 ---

Mêndhung,
têgêsipun mangêndhong, dene dados ngêndhonganing toya jawah.
Jaladara,
têgêsipun andhêg-andhêganing awang-awang. Wijangipun, jala: anggrêg-anggrêg, udara: awang-awang.
Kuwera:
têgêsipun panggenan pangêmotan toya jawah.
Jaladha,
têgêsipun banyu angêndhong, dene kandhongan toya jawah.
Dhanu,
têgêsipun mêndhung pêtêng.
Imahirya,
têgêsipun: mega angêmu toya, inggih mêndhung ugi.
Imandaka,
têgêsipun, inggih mega ngêmu toya. Wijangipun, ima: mega, daka: banyu, saking wancahaning têmbung: udaka.

Namaning Mega.

Ima,
têgêsipun yèn ngalingi wulan nipis.
Nirada,
mega cêmêng nunggil mega abrit.
Imakapura,
têgêsipun, yèn mega angidêri srêngenge.
Sastiti,
[5] têgêsipun, yèn mega amor lan kêkayon.
Imantaka,
têgêsipun yèn mega papak lan banyu.
Ulur,
têgêsipun yèn mega panjang anjalèntrèng.
Kokap,
têgêsipun, yèn mega putih kadi kukus.
Mega,
têgêsipun, pangêmotaning banyu, amargi karingêt sapanunggilanipun, asring manggèn ing ngriku, minôngka kasangsangan.[6]

Namaning Kêkuwung.

Kêkuwung,
têgêsipun kabêkta saking wujudipun kuwung. Inggih ngêlowong.
Wangkawa,
têgêsipun kumalowong.
Danu,
têgêsipun kuwung marganing udan. Wijangipun, dan: udan, nu: dalan, amargi kuwung punika tejaning banyu. Sabên banyu kasorot dening surya mawa kuwung. Sasirnaning kuwung, têmtu jawah lajêng tumurun.
Danumaya,
têgêsipun kuwung ingkang sorotipun langkung wêning, jalaran rêsik tanpa mêndhung, wêkasan botên andhawahakên [andha...]

--- 15 ---

[...wahakên] jawah, sabab saking kabuncang ing angin.
Teja hèrwa,
têgêsipun tejaning banyu. Wijangipun, teja: sampun mastani, hèrwa: banyu.

Namaning Calèrèt.

Calèrèt,
têgêsipun sumêlèt.
Kilat,
têgêsipun calèrèt ingkang dumunung wontên mega kandêl badhe jawah.
Lidhah,
têgêsipun kilat ingkang mêdal mangsaning dalu.
Widyata,
têgêsipun kilat sumêla mega pêtêng.
Thathit,
têgêsipun kilat anyarêngi galudhug.
Kêdhap,
têgêsipun, manawi nuju pêtênging jawah karya pêpadhang.
Gêlap,
têgêsipun, gêlap, inggih punika sorot hawaning latu bêntèr ingkang dumunung wontên ngamun-amun. Manawi katrajang dening mêndhung mega jawah, bêsatipun dados balêdhèg.

Namaning Galudhug.

Galudhug,
têgêsipun, swara têtumbukan, têmpukaning daya angin, latu, amun-amun, toya, kang kinarubêng dening mêndhung.
Gêtêr,
têgêsipun swara kang angobahakên pangrasa, amargi suwantênipun amêtik wontên talingan, jalaran kakrubêng mêndhung, dados tanduking swara mêlêg, botên sagêd buntas marênca.
Guntur,
têgêsipun swara kang angebahakên pangrasa, kadosdene ngorêgakên jagad sadaya.
Grah,
têgêsipun swara adamêl obahing jagad, utawi damêl gêtêring talingan.
Gumuruh,
têgêsipun swara tampan-tinampan.

Namaning Buta.

Buta,
têgêsipun agêng, utawi mamak, saha kabêkta asring angrêbut lan angrubut.
Danawa,
têgêsipun cêpak nêpsu, wijangipun, dan: nuli, hawa: nêpsu, tuwin têdhaking Bathara Danu.
Ditya,
têgêsipun linuwih, dene sarwa sêmbada sagêd manjing ajur-ajèr.
Raksasa,
têgêsipun bangsaning bêrkasakan.

--- 16 ---

Rasaksa,
têgêsipun môngsa sidhêkah. Wijangipun, rasaaksa: rasa: môngsa, aksa: tingalan. Dados sidhêkah punika sabên tingalaning jawata tuwin para nata, katelat sagunging manungsa sadaya.
Gandarwa,
têgêsipun wujud manungsa.
Asura,
têgêsipun wanthèn, dene botên wontên ingkang kaèrèpakên.
Wil,
têgêsipun angarad, inggih punika kangge gêgèrèt.
Wisadha,
têgêsipun sagêd siluman.
Yaksa,
têgêsipun angrusak sidhêkah, dene sabên ari Rudraksa mêmulenipun Sa[7] Hyang Guru para danawa sami kapancenan ingkang dados aratanipun sajèn.
Rasêksi,
têgêsipun buta wadon. Jodhoning rasêksa.
Diyu,
têgêsipun buta wadon.

Namaning Kêthèk.

Kêthèk,
saminipun kêtèk. Têgêsipun sugih swara.
Wre,
têgêsipun sagêd anjêlih.
Kapi,
têgêsipun sugih wulu.
Kuthila,
têgêsipun awon bathukipun.
Wanara,
têgêsipun kêwan warna manungsa. Wijangipun, wan: kewan, nara: uwong.
Plawaga,
dene sarwa cikat.
Palwaga,
dene sarwa tarampil.
Palgosa,
têgêsipun sarwa mangêrti.
Rewanda,
têgêsipun pangawak swara. Wijangipun, re: swara, wanda: awak.
Kalidan,
têgêsipun sarwa rikat.
Kênyung,
têgêsipun kêthèk wadon.
Gapila,
têgêsipun tarampil.

Namaning Gajah.

Gajah,
têgêsipun sugih solah, lungguhipun yèn anèng wana.
Asti, èsthi,
têgêsipun tinunggangan.

--- 17 ---

Dirada,
têgêsipun yèn mêta.
Dwiraddha,
têgêsipun gadhah siyung kalih, wijangipun, dwi: loro, raddha: untu, inggih punika gadhing.
Wanniti,
têgêsipun yèn pinêlanan, inggih punika pinêrabotan saput parantos.
Matêngga,
têgêsipun yèn binêkta cangkrama.
Dwipangga,
têgêsipun ngunjuk kaping kalih, wijangipun, dwi: loro, pangga: sêrot, dene yèn ngombe kasêrot saking talale lajêng katampèn panyêroting cangkêm.
Samaja,
têgêsipun yèn binêkta aprang.
Jagamuka,
têgêsipun gajah ngamuk, gajah pangarêp, gajah yèn tinunggangan buta.
Brajamuka,
têgêsipun gajah ngamuk ngangge dêdamêl, utawi yèn binarong.
Liman,
têgêsipun aliman, dene sami-sami bêbujêngan wana alim piyambak dhatêng prakawis sacumbana, utawi wontên ingkang mastani liman punika kados suku lima, dene tulalenipun sagêd dumugi siti, utawi wontên ingkang mastani malih, liman punika yèn nuju wontên cancangan wantilan.
Gathamuthu,
têgêsipun bilih badhe cumbana, awit katingal agôntha mathuthuk.

Namaning Jaran.

Jaran,
têgêsipun ujar njaran, dene wontên gêdhogan ijèn botên kawoworan bangsanipun.
Kuda,
têgêsipun sagêd midêr.
Wajik,
têgêsipun wijik, inggih punika suku panggenan wijikan nama wajik, karan namaning turôngga.
Turôngga,>/dt>
wijangipun, turaôngga. Tura: alus, ôngga: badan, katêgêsan lêmês badanipun.
Kapal,
têgêsipun lantèh, dene sarwa mangêrtos dhatêng pangajaran.
Swa,
têgêsipun jaran kinasih, inggih punika tumpakan.
Undhakan,
têgêsipun tunggangan.

--- 18 ---

Gêdhog,
têgêsipun gêgêdhug, dene sami-sami kewan, linangkung piyambak.

Namaning Macan.

Macan,
lêrêsipun macyan, têgêsipun maciya, inggih punika anggêro, anggêmprong.
Singa,
têgêsipun sagêd mungêl singaong.
Singha,
têgêsipun inggih ingkang sagêd mungêl singaong.
Saradula,
têgêsipun patêmpuhaning lêlandhêp, kados ta: untu siyungipun, ilat kados parut, cakar suku lancip.
Mong,
têgêsipun kang sagêd mungêl maong.
Arimong,
têgêsipun maramong, dene abang mawi lorèk.
Keswari,
têgêsipun sarwa bruwut-bruwut.
Jagur,
têgêsipun macan andhêkêm.
Margapati,
têgêsipun rinakêt ratu.

Namaning Banthèng.

Banthèng,
têgêsipun bêndhing, dene lumanang-lanang.
Gardaka,
têgêsipun sugih nêpsu.
Andaka,
têgêsipun pangawakan lêmbu.
Angun-angun,
têgêsipun banthèng rosa.
Sikandhana,
têgêsipun banthèng lanang.
Sikandhini,
têgêsipun banthèng èstri.
Jajawi,
têgêsipun banthèng èstri.
Griksa,
têgêsipun gêtapan, labêt saking kêndêl, gêtapanipun, botên was sumêlangan, gêtapan nêpsu kêdah ngamuk.
Garagsa,
têgêsipun angajrihi. Dene sabên sumêrêp samukawis kêdah ambujung kaamuk, punapa malih manawi kêtaton lajêng andêr kapurunanipun.

Namaning Lêmbu.

Lêmbu,
têgêsipun amot, dene ngêmot samukawis bêbêktan kuwawi.
Sapi,
têgêsipun amêdamêl kasar, utawi kêndêl dhatêng panas.
Andaka,
têgêsipun sapi ingon.

--- 19 ---

Andana,
têgêsipun sapi lanang pilalan.
Andini,
têgêsipun sapi wadon pilalan.
Gah,
têgêsipun agahan, dene botên kampêk ingkang dipun wawratakên.
Pirdos,
têmbung Arab inggih sapi, ananging alit-alit, inggih bôngsa tanah Arab.

Namaning Kêbo.

Kêbo,
têgêsipun bodho, dene sami-sami bêbujêngan bodho piyambak, tumindakipun kêdah kalayan kagirèkakên.
Maesa,
têgêsipun karêm ing jêjombok.
Mundhing,
têgêsipun tumandhing, dene kalihan kancanipun pimbak[8] sami bêrik, ngantos adamêl karisakan.
Bothi,
têgêsipun maesa jalêr.
Krêbo,
têmbung Malajêng, kajêng saha têgêsipun kêrêp kungkum. Dene têmbung maesa, sawêrni katêgêsan jarwa sota omahe desa.

Namaning Wêdhus.

Wêdhus,
têgêsipun wêdhodhos, labêt dening karêm ambijig.
Menda,
têgêsipun meda, dene sami-sami bangsaning kewan, menda punika kathah medanipun piyambak, amung anuruti kajêngipun kemawon.
Padrawana,
têgêsipun kewan asor, labêt botên wontên pigunanipun. Wijangipun, padra: asor, wana: kajêngipun kewan utawi kiwa.
Dômba,
lêrêsipun têmbung: pradronba, wijangipun, padro: menda, umba: têmpuk, dados têgêsipun wêdhus wau, inggih karêm bêrik.
Kambing,
têgêsipun karêm gêmbèr.

Namaning Cèlèng.

Cèlèng,
têgêsipun cêlêng, dene wujudipun cêmêng.
Waraha,
têgêsipun saronggot, dene cèlèng punika dêdamêlipun saronggot, inggih punika siyung kêkalih.
Sungkara,
têgêsipun damêlipun ngêsuk. Wijangipun, sung:

--- 20 ---

sung:[9] angêsuk, kara: gawe, dene yèn mêdal kapurunanipun, amung majêng tekad.
Gênjik,
têgêsipun punika cèlèng alit, kabêkta saking lampahipun taksih ngèjèg, awit badanipun dèrèng agêng, dados taksih sarwa cikat, tarampil.

Namaning Asu.

Asu,
têgêsipun langkung madon, wijangipun, as: kawadonan, su: luwih. Sawênèhing sarjana mastani: asu punika lêrêsipun angsuk, kabêkta dene karêm gancèt, mila lajêng katêmbungakên anjing, liripun gandhèng.
Sêgawon,
têgêsipun sêkul awon. Dene karêm tinja, kabasakakên malih: sêga.
Srênggala,
têgêsipun langkung galak, wijangipun, srêng: nêpsu, gala: wuwuh, punjul.
Cika,
têgêsipun jêgug, dene sagêd jêgug.
Sona,
têgêsipun sugih uni, dene gêrêng, jêgug anyêngkong.

Namaning Ula.

Ula, uluwa,
têgêsipun nguntal, dene yèn nêdha amung kaulu botên kamamah.
Sarpa, sarapa,
têgêsipun galak, dene yèn nêdha kasarap kemawon.
Bujôngga,
têgêsipun pangawak bau, dene tanpa bau amung awak kemawon, dene dhaplanging awak wus prasasat bapanging bau.
Ardawalika,
têgêsipun panjang sagêd nêkuk, wijangipun, ardawa: panjang, lika: nêkuk.
Basuki,
têgêsipun waluya, dene darbe lisah kamulyan, dumunung wontên pêthit.
Naga,
têgêsipun sawêr agêng.

Namaning Bêdhati.

Bêdhari,
têgêsipun yèn pangirid sapi wadon.
Senang,
têgêsipun yèn pangirid sapi lanang.
Manggra,
têgêsipun yèn pangirid banthèng.
Salamuka,
têgêsipun yèn pangirid sapi lanang wadon.

--- 21 ---

Astapada,
têgêsipun yèn pangirid maesa lanang.
Sambira,
têgêsipun yèn pangirid banthèng munya.
Wèsthi,
têgêsipun yèn pangirid jêjawi.
Camakantu,
têgêsipun yèn pangirid janma lanang wadon.
Dhudhula,
têgêsipun yèn pangirid jaran wadon.
Sêsikuswanêndha,
têgêsipun yèn pangirid kuda kêkalih.
Sêsirat ancakanda,
têgêsipun yèn pangirid kuda sakawan.
Gothaka,
têgêsipun yèn padhati ginarêbong, dados kajêngipun wangun angguwa, adat pangiritipun gajah, jalaran saking langkung awrat.
Gabrata,
têgêsipun yèn pangirid sima.
Gègèndik,
têgêsipun pangirid menda agêng.
Cikuthuk,
têgêsipun yèn pangirid sêgawon agêng.
Calitha,
têgêsipun yèn pangirid kidang ngujung.
Saligna,
têgêsipun yèn pangirid kapal tutul.

Namaning Tunjung.

Pakaja,
têgêsipun yèn mêkar satêngahing banyu.
Kumuda,
têgêsipun yèn mêkar jroning banyu.
Sarasidya,
têgêsipun yèn mèdêm.
Saroja,
têgêsipun yèn dumunung anèng dharat.
Saroparuka,
têgêsipun yèn wigar.
Kamuda,
têgêsipun yèn kasatan toya.
Samapih,
têgêsipun yèn tumuwuh ing watu.
Tunjung,
têgêsipun manawi sampun wujud witipun.
Têrate,
têgêsipun manawi mêgar wontên balekambang.
Singlih,
têgêsipun yèn sêkar badhe wigar.
Midhêmah,
têgêsipun yèn mêgar dalu.

Namaning Sêkar.

Sêkar:
têgêsipun kang anêdhêng mêkar.
Kêmbang,
têgêsipun manawi kaingsêp madunipun dening kombang.
Kusuma,
têgêsipun kang sumêdhêng gandanipun.
Padma,
têgêsipun sêkar kang sawêg mèdêm, gandanipun

--- 22 ---

taksih nunggil madunipun.
Puspa,
têgêsipun kaanggit atharik-tharik, punapadene kasêling-sêling panggenanipun.
Puspita,
têgêsipun sêkar kang asêdhêng warni jêne, inggih punika badhe mêgar.
Sari,
têgêsipun sarwa sae, inggih punika anêdhêng sumêkar gandanya arum.

Namaning Godhong.

Godhong,
têgêsipun kanggo edhum, inggih punika kangge edhum dhatêng witipun. Dados minôngkaa gêdhong dhatêng wit.
Ron,
têgêsipun damêl rêrompyoh dhatêng wit.
Ron baon,
têgêsipun godhong ngrêmbaka.
Dhaon,
têgêsipun godhong sumêdhêng.
Patra,
têgêsipun antara, dene godhong dados antara gêsanging wit, tandhanipun lêma kêra saking godhong.
Ujungan,
têmbung krama dhusun, têgêsipun ambasakakên ijo, ijon, saking wujuding godhong kang ijêm, lajêng jêprah.

Namaning Kali.

Kali,
têgêsipun kaili, dene kaisenan toya.
Lèpèn,
têmbungipun ngajêng lèpwèn, kajêngipun lèp wèn, têgêsipun ilèn-ilèn, wèn panggenan toya.
Narmada,
lêrêsing têmbung naarmodda, têgêsipun pangêmotaning banyu.
Bangawan,
lêrêsing têmbung ngajêng: banawan, têgêsipun, ban: banyu, awan: dalan. Dados dêdalaning banyu.
Banawi,
banawe, têgêsipun kumpulaning banyu.
Ci,
têgêsipun ênggèn pasucèn.

Namaning Jurang.

Jurang,
têgêsipun jêro.
Sigrong,
têgêsipun sing gêrong.
Rèjèng,
têgêsipun rèjèng jarèh-jarèh.

--- 23 ---

Trêjung,
têgêsipun menggak-menggok.
Ciluk,
têgêsipun inggih menggak-menggok.
Sungil,
têgêsipun langkung rumpil, dene sarwa makèwêdi.
Gahana,
lêrêsipun, guhan, tuwin gwahan, têgêsipun pajêgongan. Têgêsing gwahan, cêgowahan.
Pajrongan,
têgêsipun pajorongan. Kabêkta ingkang dèrèng uninga ningali jorongan.

Namaning Guwa.

Guwa,
têgêsipun lêmah ngêsong.
Guha,
têgêsipun, goh, inggih punika siti anggêrong.
Rago,
têgêsipun siti rogoh, dene gêrong.
Song,
têgêsipun rongkang ngêsuk.
Gothaka,
têgêsipun guthêtan, godhagan.
Gotaka,
têgêsipun ênggèn pêlowongan, inggih godhagan.
Susupan,
têgêsipun pangendhungan, dene asring kadamêl palendhunganing sato galak.
Padhuhan,
têgêsipun panggogosan, dene anggêrong angêsong.

Namaning Pandhita.

Pandhita,
têgêsipun pêpundhèn, dene pinundhi-pundhi sarerehan wêwêngkonipun sadaya.
Dwija,
têgêsipun angèsthi trus lair batos.
Dwijawara,
têgêsipun muruk sêja kalih prakawis, sapisan, angastuti dewa, kaping kalih amrih karahayon.
Suyati,
têgêsipun amêsu cipta, wijangipun, suya: amêsu, ti: cipta.
Rêsi,
têgêsipun suci, dene anêtêpi panggalih suci.
Wasistha,
têgêsipun langkung awas. Kados ta: sumêrêp ing sadèrèngipun winarah.
Ajar,
têgêsipun wajib mêmulang.

--- 24 ---

Rèhing Pandhita.

Saking ngandhap anama indhung-indhung, têgêsipun tiyang karerehan ingkang sawêg mogok, damêlipun babat-babat wana ing saubêngipun ardi.

Inggahipun malih anama gêluntung,
têgêsipun, tiyang sampun gêgriya nyagak sakawan, damêlipun angrêmbat, usung-usung, mêndhêt kajêng tuwin toya.
Inggahipun malih anama uluguntung,
têgêsipun, lurah kampung, ingkang kabêbahan amranata sadaya padamêlan.
Inggahipun malih anama cantrik,
têgêsipun, ingkang kabêbahan samukawis, utawi jagi kengkenan.
Inggahipun anama cèkèl,
têgêsipun, juru tanêman, utawi jagi rumêksa patêgilan. Awon sae wontên tanggêlaning cèkèl.
Inggahipun malih anama puthut.
Têgêsipun, ingkang rumêksa wontên sanggar palanggatan, utawi kabêbahan masang pirantosing sêsaji pamujan.
Inggahipun malih anama manguyu,
têgêsipun, ingkang kabêbahan anabuh gêntha kêkêlèng salêbêtipun pamujan.
Inggahipun malih anama janggan,
têgêsipun, ingkang dados juru sêrat, utawi anganggit-anggit.
Inggahipun malih anama wasi,
têgêsipun, ingkang dados juru pangadilan, angrampungi prakawis.
Inggahipun malih anama ajar,
têgêsipun, juru mêmulang, kawajibaning para ulah arja.
Inggahipun malih anama pandhita,
têgêsipun, guru agêng ingkang sarwa putus.

Rèh Pandhita Èstri.

Saking ngandhap anama obatan.
Têgêsipun tiyang èstri brêgajagan. Jagi sêsadean utawi têtumbasan dhatêng pêkên.
Inggahipun anama abêt-abêt,
têgêsipun, jagi pangangsu utawi rêramban.
Inggahipun malih anama abon-abon,
têgêsipun, jagi panyapu utawi mêmasuh, sêsuci sapanunggilanipun.

--- 25 ---

Inggahipun malih anama kaka-kaka,
têgêsipun tiyang èstri jagi olah-olah.
Inggahipun malih nama indhang,
têgêsipun jagi kengkenan utawa[10] ngladosi.
Inggahipun malih anama bidhang,
têgêsipun jagi dados inya, anêsêpi putra wayahipun ki ajar.
Inggahipun malih anama dhayang,
têgêsipun jagi têtêbah uta[11] anyêbar sêkar ing palanggatan.
Inggahipun malih anama sontrang,
têgêsipun dados dhukun, amulasara sukêr sakit, utawi anggulawênthah putra wayahipun ki ajar.
Inggahipun malih anama mêntrik,
têgêsipun juru rêrawat bangsaning busana punapadene dhêdhaharan.
Inggahipun malih anama dungik,
têgêsipun pêpingitan calon garwanipun kiyai ajar. Pandamêlanipun cariyos lêlampahanipun jaman kina ingkang dados têpa palupinipun para pawèstri, kalantur dipun wastani dongèng.

Namaning Warni 4.

Abang (rêta)
têgêsipun: abanging godhong.
Rêtawi têgêsipun abanging gêtih.
Rêtaga têgêsipun abanging sêkar.
Rêtanu têgêsipun abanging kewan.
Rêtama têgêsipun abanging galuga.
Rêtasa têgêsipun abanging apu.
Irêng (krêsna):
irênging uwong.
Krêsna dusani: irênging nila.
Krêsna tanu: irênging mangsi.
Krêsna grêddhawa: irênging kayu.
Krêsna sêkêri: irênging angus.
Krêsna asthaka: irênging kewan.
Krêsna nilaba: irênging rêtna.
Krêsna umani: irênging mega.
Kuning (jênar):
kuning sêmu ijo.
Dinar: kuninging êmas.
Kuning (punar): kuninging kunir.
Jêne: kuninging mas.
Kuning: kuninging wong.
Pita: kuninging sandhangan.
Kuning kapurônta: kuninging jarit.
Jêning: kuninging sorot.
Blêngah: kuninging bêngle.
Putih:
putihing siyung, untu.
Putih wênês: putihing wong.
Putih pinge: putihing sêkar.
Putih dipta: putihing gadhing.
Putih pêthak: putihing waspa, luh.
Putih kapas: putihing kapuk.
Putih seta: putihing ulêr.
Putih mina: putihing iwak.
Putih pik: putihing minyak.
Putih icala:[12] putihing sungging.
Putih lawon: putihing jarit.
Putih suci: putihing ati.

Catatan kaki:

1. utawi (kembali)
2. Bandingkan Katalog #1168: Hèrêyangsa (kembali)
3.  Bandingkan Katalog #1168: sang (kembali)
4. Bandingkan Katalog #1168: kang kauban. (kembali)
5. Bandingkan Katalog #1168: sasmiti (kembali)
6. sangsangan. (kembali)
7. Sang (kembali)
8. piyambak (kembali)
9. sung seharusnya ditulis satu kali. (kembali)
10. utawi (kembali)
11. utawi (kembali)
12. Bandingkan Katalog #1168: icana (kembali)