Sêkar-sêkaran, Padmasusastra, 1898, #7

JudulCitra
Terakhir diubah: 04-06-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêkar-sêkaran

--- [315] ---

Sêkar-sêkaran = Bloemlezing

Sêrat Sêkar-sêkaran

Anggitan Dalêm Suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV.

Kawêdalakên dening Ki Padmasusastra tiyang mardika ingkang amarsudi kasusastran Jawi ing Surakarta.

ALBERT RUSCHE & Co,
SURAKARTA.
1898.

--- 316 ---

Punika sêndhon langênswara anggitan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara Ingkang Kaping Sakawan, kagêm bilih bojana kalihan para putra, santana saha wadya, mawi kabawanan ura-ura, katampèn ing găngsa, gêndhingipun manut laguning sêkar, imbal kalayan sindhèning ringgit.

Wondene têgêsipun sêndhon purba saking: sêndhu, langên, dolan. Swara: inggih swara, pikajênganipun: anangèkakên panggraita ingkang jalaran kalangênan mêdal saking swara, tumandukipun wontên salêbêting mangun suka, kados ing ngandhap punika urutipun:

I. Bawa: Têmbang utawi sêkar agêng: Citramêngêng, têgêsipun têmbang: laguning têmbung, sêkar: kêmbang utawi têmbang, agêng: gêdhe, citra: tulis, utawi rupah, mêngêng: muni. Pikajêngipun: têmbanging para gêdhe kang muni ing tulis, lampah: 12. /6, 6/ wangsul kaping 4 dhawah gêndhing Langên-gita, salendro pathêt sanga, lampah 10.12.12. sadaya wau namung guru wicalan, têgêsipun langên: dolan, gita: anggit utawi rikat. Pikajêngipun, anganggit dolanan utawi: dolanan ingkang dèn anggit, ing ngriku amratelakakên warni tuwin paedahipun satunggil-tunggiling sêkar, uran-uranipun kados ing ngandhap punika:

1. Citramêngêng lamp. 12 ped. 6, 6 x 2: 24 x 2: 48

1. risang mahayakti | sawusing sêmadi munggwing |

--- 317 ---

pacrabakan dangu | aningali wijiling sasăngka | saking graning ngradhi[1] karênan tyasira | alon angandika ||

Lajêng katampèn ing gêndhing

2. Langên Gita

1. siswa kapwa lêlangêning jaba | padhang bulan ri sêdhêngirèng purnama | iku yokya[2] mangenggar-enggaring driya ||

2. wonya sarana mangidung samya | marang Hyang Kang Mahanasa | jroning suka tunaa ing duka cipta ||

3. ngripta taman sajroning asrama | winursita guna warnaning kang puspa | aranira kadi ta ingkang winahya ||

4. andong tinandur têpining gêdhong | argulo bang lumembang pagêr balumbang | kêmbang anggrèk rumambat angêpèk-êpèk ||

5. noja kêmbang pasrèn tanpa gănda | kêmbang nala kaci kasaru kawarna | nagasari winor borèh lawan jampi ||

6. cènggèr abang mêngês mèngèr-mèngèr | kêmbang clakêt pinêthik nalutuh [na...]

--- 318 ---

[...lutuh] plikêt | bang cêpaka kuning seta mawa gănda ||

7. rukêm rinanggèh runtuh satêkêm | ragaina wungu ambune tan ana | ba[3] rêjasa pinggir wungu têngah pita ||

8. kalak kanikir kalingan klurak | kanigara kêmuning kapit kênanga | kalilika karakêt kasatan toya ||

9. dlima tinandur ngubêngi wisma | kêmbang dangan marambat nèng nganjang-anjang | kêmbang dilêm gandane mulêk mring dalêm ||

10. tluki tinandur têpining bèji | tunjung trate kumambang satêngahing we | kêmbang tlutur tumuntur pinggiring batur ||

11. sruni sumrik rume maratani | kêmbang sungsang endah warnane sinara | sumarsana warna adi tanpa gănda ||

12. soka abang kuning ingkang warna | bang srigadhing mêgar ngambar bangun enjing | bang sulastri warna putih ngrajapèni ||

13. wungu warna bagus tanpa ambu | bang warsiki kongas gănda warna adi | wora-wari abang rumpuk seje warni ||

14. landêp kuning sungsune [sung...]

--- 319 ---

[...sune] nyalêndêp | lara wudhu wadhèh wadhag tanpa ambu | lara kêndhat isthane kalung kêndharat ||

15. pudhak kongas gandane yèn cêdhak | kêmbang purbanagara manuting surya | păncasuda pindha gambir kaot seta ||

16. dhawe lir mayang datanpa gawe | kêmbang dhadhap abang mêgare sakêdhap | kêmbang cupêt rinujak rasane sêpêt ||

17. janti irêng mêngês mêrak ati | kêmbang jagung sarine kanggo wong agung | wit jêlamprang godhong wungu kêmbang abang ||

18. mlathi sumumping nèng athi-athi | kêmbang mênur sumêbar satêngah kasur | măndhakaki godhonge kinarya jampi ||

19. gambir lir gambar sumêbar pinggir | kêmbang gadhung manggone kinarya gêlung | găndapura dayane kinarya lênga ||

20. bangah tan pantês tinandur ngomah | kêmbang bolu asrine lamun dinulu | kêmbang bakung dadi rêngganing mangun kung ||

--- 320 ---

II. Bawa: têmbang utawi sêkar agêng: Kumudasmara, têgêsipun têmbang: laguning têmbung, sêkar: kêmbang utawi têmbang, agêng: gêdhe, kumuda: kêmbang utawi kumadaha, asmara: sêngsêm, pikajêngipun têmbanging para gêdhe kang kumudu kasêngsêm, lampah 15 (7. 8) wangsul kaping 4 dhawah gêndhing Walagita, pelog pathêt nênêm, lampah: 12, 8. 8. guru wicalan, têgêsipun wala: pagêr, utawi lare, gita: anggit, utawi rikat, pikajêngipun bocah nganggit, utawi anggitan bocah, ing ngriku amratelagakên sêkar ingkang tumrap pasêmon tuwin kalakuanipun tiyang, uran-uranipun kados ing ngandhap punika:

3. Kumudasmara

1. sang widayakèng praja ing Utara | gitanama sira ma- | ndana rêna sung wasita | ring pra siswa gwah laksi- | taning jana | ta ngayu tê- | kwan tang durta tinrap nèng | pralampita kêmbang kinarya upama ||

Lajêng katampèn ing gêndhing

4. Walagita

1. kêmbang adas sêdhêp gandanira kongas | iku radèn yèn janmaa | sarana kanggo ing karya ||

2. kêmbang năngka liya rinujak tan ana | iku radèn yèn janmaa | ngadoni karya candhala ||

3. kêmbang [kê...]

--- 321 ---

[...mbang] cêngkèh gănda arum warna rèmèh | iku radèn yèn janmaa | tan nyana ngêntasi karya ||

4. kêmbang cêrme nora tamtu kanggwèng gawe | iku radèn yèn janmaa | norambutuhakên praja ||

5. kêmbang rawe gung sinarang panggonane | iku radèn yèn janmaa | durjana pangawak wisa ||

6. kêmbang krandhang warna wungu wismèng jurang | iku radèn yèn janmaa | tan komram wêdi ing karya ||

7. bang kasturi warna bagus gănda wangi | iku radèn yèn janmaa | linulutan ing sasama ||

8. kêmbang druju darêjêg datanpa ambu | iku radèn yèn janmaa | diksura sugih durgama ||

9. kêmbang tongkèng gănda arun[4] nora ngèdhèng | iku radèn yèn janmaa | pasaja tur ingupaya ||

10. kêmbang sana gănda arum wismèng wana | iku radèn yèn janmaa | miguna lumuh nèng praja ||

11. kêmbang waru asri mêgare tan dangu | iku radèn yèn janmaa | sêsongaran datan [data...]

--- 322 ---

[...n] lana ||

12. kêmbang lampês nora endah nanging lêmês | iku radèn yèn janmaa | namung asring pinilala ||

13. kêmbang pulu warna bagus tanpa ambu | iku radèn yèn janmaa | kanggo nanging nora lana ||

14. kêmbang dhuru nèng dhadhah datanpa ambu | iku radèn yèn janmaa | ngrikuhi datanpa karya ||

15. kêmbang jêruk sumrik gandane tumanduk | iku radèn yèn janmaa | bisa wèh rênaning driya ||

16. kêmbang nyamplung rigole asring kacêmplung | iku radèn yèn janmaa | numpal kèli uripira ||

17. kêmbang maja gănda arum adoh praja | iku radèn yèn janmaa | tangèh lamun winicara ||

18. êmbang[5] gayam tan pisan dèn ayam-ayam | iku radèn yèn janmaa | wusana kanggo ing karya ||

19. kêmbang bayêm warna kuning sêmu ayêm | iku radèn yèn janmaa | labuh labêt saking trêsna ||

--- 323 ---

III. Bawa: têmbang utawi sêkar agêng: Pamularsih, têgêsipun: têmbang: laguning têmbung, sêkar: kêmbang utawi têmbang, agêng: gêdhe, pamular: pamothah, sih: asih. Pikajêngipun têmbanging para gêdhe kang amrih sinihan ing dasih, lampah 15. /7. 8/ wangsul kaping 4 dhawah gêndhing Rajaswala, salendro pathêt sanga: lampah 11. 7. 6. 6. guru wicalan, dene Rajaswala wau: sampun dados satêmbung: wontên sêrat Bratayuda, têgêsipun sêsindhenan, ing ngriku amratelakakên isèn-isèn tuwin wawarnèn ing dunya ingkang maedahi dhumatêng manungsa, uran-uranipun kados ing ngandhap punika:

5. Pamularsih lamp. 15 ped. 7, 8 x 2: 30 x 2: 60

1. nihan siswa umatur marang risang | mahayogi sang wipra | kadiparan karsaning Hyang Utipati ||

2. yogya saliring warna kang gumêlar | anèng bumi mugi ulun têdahna | tandya sang wiku anjarwi ||

Lajêng katampèn ing gêndhing

6. Rajaswala

1. surya căndra daru kartika samya | amadhangi jagad traya | wimbuh wèh martana | sakèhing dumadi ||

2. mega kuwung teja wangkawa samya | angrênggani ngantariksa | mawèh sukèng driya | sakèhing dumadi ||

3. brama tirta myang bayu bajra samya | angobahkên sabuwana | bisa wèh

--- 324 ---

martana | bisa gawe curna ||

4. tasik arga myang wana-wasa măngka | sasananing buron samya | dadya upajiwa | sakèhing dumadi ||

IV. Bawa: têmbang utawi sêkar agêng Kusumastuti. Têgêsipun têmbang laguning têmbang, sêkar: têmbang utawi kêmbang, agêng: gêdhe, kusuma: kêmbang, astuti: sêmbah, pikajêngipun têmbange para gêdhe kang kongas panêmbahe. Lampah: 13. /7. 6./ wangsul kaping 4 dhawah gêndhing: Sitamardawa, pelog pathêt barang, lampah 12. nglêgêna, 10 taling, 8. nglêgêna. Têgêsipun sita: cipta utawi kira, mardawa: lêmês utawi alus, pikajêngipun agadhah kintên alus, ing ngriku amratelakakên wulangipun priyantun ingkang badhe sumêrêp bab pangulahing nagari, tumrap ing wangsalan, uran-uranipun kados ing ngandhap punika:

7. Kusumastuti lamp. 13 ped 7, 6 x 2: 26 x 2: 52

1. dhuh kulup putraningsun | sirèku wus wanci | pisah lan jênêng ingwang | ywa kulinèng ardi | bêcik sira nèng praja | suwitèng narpati | nanging ta wêkas ingwang | ywa pêgat têtèki ||

Lajêng katampèn ing gêndhing

8. Sitamardawa

1. sang kêkatang pindha rayung (plumpung) hèh robaya | Patih Sri Suryabuwana (Jugulmudha) pantèn | mupung mudha [mu...]

--- 325 ---

[...dha] puruhita ||

2. sambêrlilèn sabèng ranu (bibis) hèh robaya | gêlar sata păncakara (ulah) pantèn | ingkang bisa ulah praja ||

3. rajaputra Nglesanpura (Sêtyaki) hèh robaya | toya kandhêg winisaya (mambêg) pantèn | ingkang sêtya ambêk arja ||

4. parabe sang dwijawara (wiku) hèh robaya | têpi wastra rinumpaka (kêmadha) pantèn | iku padha dèn upaya ||

5. gribig gêng kang munggwing ranu (bara) hèh robaya | tanaya Pandhita Druna (Aswatama) pantèn | pirabara yèn utama ||

6. nungkara datanpa sastra (ura-ura) hèh robaya | parabe Sang Dananjaya (Pamade)[6] pantèn | ra-orane kang samadya ||

7. êmpu adi Majalêngka (Supa) hèh robaya | surya lumêbèng ancala (surup) pantèn | kang supaya sumurupa ||

8. pandaya pangulah kisma (waluku) hèh robaya | dene rêgêding pawaka (awu) pantèn | laku-lakuning [laku-...]

--- 326 ---

[...lakuning] ngawula ||

V. Bawa: têmbang: utawi sêkar agêng: Mintajiwa. Têgêsipun têmbang: laguning têmbung, sêkar: têmbang utawi kêmbang, agêng gêdhe, minta: anjaluk, saking purba: pinta: pangkat, jiwa: umur, pikajêngipun têmbanging para gêdhe kang mangkat marang kauripan, lampah: 16 /8. 8/ wangsul kaping 4 dhawah gêndhing: Puspawarna, salendro pathêt manyura, lampah 12. 6. 6. 6. 6. guru wicalan, têgêsipun puspa: kêmbang, warna: anggit, utawi rupa, pikajêngipun kêmbang măncawarna, ing ngriku amratelakakên pasêmon solahbawaning tiyang, uran-uranipun kados ing ngandhap punika:

9. Mintajiwa

1. larasing ngrèh sang nahên kung | ing dyah tan kapadhaning sih | kasangsaya ing turida | rudatine angranuhi | ngrancaka têmah wigêna ginupita ing saari | rinipta pama puspita | pantês patrape kang warni ||

Lajêng katampèn ing gêndhing

10. Puspawarna

1. kêmbang kêncur (sèdhêt) kacaryan anggung cinatur | sèdhêt kang sarira | gandhês ing wiraga | kèwês yèn ngandika | angênganyut jiwa ||

2. kêmbang blimbing (maya) pinêthik [pi...]

--- 327 ---

[...nêthik] bali ing têmbing | maya-maya sira | wong pindha musthika | ratuning kusuma | pathining wanodya ||

3. kêmbang durèn (dalongop) sinawang sinambi lèrèn | dalongop kang warna | sumèh sêmunira | luwês pamicara | angêngayuh driya ||

4. kêmbang arèn (dangu) tumangkul[7] anèng pang durèn | sadangune kula | mulat ing paduka | anganggit puspita | têmahan wiyoga ||

5. kêmbang gêdhang (tuntut) manglung maripit balumbang | patute wong ika | têdhaking ngawirya | sêmune jatmika | solahe pasaja ||

6. kêmbang jati (jangglêng) sinêbar ngubêngi panti | panjangglêng kawula | ngêntosi paduka | sèwu datan nyana | lamun nimbangana ||

7. kêmbang jambe (mayang) mêgar ngambar wayah sore | kêmayangan kula | tamuan paduka | pangajaping karsa | paringa nugraha ||

8. kêmbang kapas (kapi) pinêpês anggung pinapas | kapidêrêng kula | kêdah ngèstupada |

--- 328 ---

cumadhanging karsa | badhe tan lênggana ||

9. kêmbang pandhan (pudhak) mawur sumêbar nèng jogan | tumêdhak paduka | ing panggenan kula | sampun wancakdriya | kawula srah jiwa ||

VI. Bawa: têmbang utawi sêkar têngahan: Palugon, têgêsipun têmbang: laguning têmbung, sêkar: kêmbang utawi têmbang, têngahan inggih têngahan, palugon paprangan, utawi lugu. Pikajêngipun têmbanging para priyayi kang prasaja, lampah 8 dhawah nglêgêna, 8 suku, 8 taling tarung, 8 suku, 8 taling tarung, 8 nglêgêna, 8 suku, wusana, 8 taling tarung, dhawah gêndhing Puspanjala, pelog pathêt nênêm, lampah 12, 8. 8. 8. 6. guru wicalan, têgêsipun puspa: kêmbang, jala: banyu, pikajêngipun unthuk, suraosipun rêgêd, utawi carobo, awit ing ngriku anêmbangakên pamêlèh ingkang tumrap ing paprênesan, uran-uranipun kados ing ngandhap punika:

11. Palugon

1. palugon laguning lêkas | lukita linut ing kidung | kadung kadêrêng amomong | mêmangun manah rahayu | aywana kang tan agolong | gumulung manadukara | karananira mangapus | puspita wangsalan sêmon ||

--- 329 ---

Lajêng katampèn ing gêndhing

12. Puspanjala

1. kêmbang nipah (dongong) sumêbar têngahing sawah | dongong bae ing pacake | kêdhèp têsmak pamandênge | pratăndha gêdhe melike | kakang Janaraga ||

2. kêmbang salak (kêthêkêr) sinêbar anèng bêbulak | kathêkêran pangarahe | nora bisa pratikêle | wêkasan kaku atine | kakang Janaraga ||

3. pupus[8] têbu (glêgês) dèn udud kukuse mambu | glêgas-glêgês pangrimuke | kadhêkêsan palungguhe | watak tan sabar karêpe | kakang Janaraga ||

4. kêmbang suruh (drèngès) balasah saengga uwuh | drèngas-drèngès pangucape | nora tajêm polatane | tăndha kawêlèh akale | kakang Janaraga ||

5. pupus puyang (lirih) rinajang dadi sadhulang | ngirih-irih panyêdhake | têka lêmês wicarane | wêkasan luntur êsihe | kakang Janaraga ||

--- 330 ---

6. godhong mlinjo (so) kinêla lali mring bojo | ngoso-oso tênagane | jêlah-jêlèh pangucape | pratăndha mèri marune | kakang Janaraga ||

7. êbung laos (gêdrug) ginudhang ginawe saos | gêdrag-gêdrug tênagane | bêning lêri polatane | pratăndha ngontor atine | kakang Janaraga ||

8. kêmbang jêring (cuwis) pinêthik ambune manjing | angacuwis mring tanggane | ngandhakake ing wadine | labêt tan kanggo lakine | kakang Janaraga ||

9. kêmbang pête (pêndul) sinambung rinante-rante | kongsi pêndul panangise | nora nana kang anggape | labêt kinèwèr bojone | kakang Janaraga ||

10. kêmbang lumbu (pancal) lumembak katut ing banyu | cancalane kèh gawene | nora kobêr paturane | lugune saking kêsède | kakang Janaraga ||

--- 331 ---

11. kêmbang krambil (manggar) pinènèk papane rumpil | têgar bae sêngadine | nora ngowêl ing jarane | batine ana êsire | kakang Janaraga ||

12. êbung kunci (boros) cinacah anggung pinrinci | boros bae tênagane | nora urup panggolèke | wêkasan susah atine | kakang Janaraga ||

13. trubus gêdhang (pokal) tinandur dadi saluwang | mokal-mokal ing kandhane | lumuh kasor ing padune | pratăndha cupêt kawruhe | kakang Janaraga ||

VII. Bawa: têmbang utawi sêkar têngahan, Pranasmara, têgêsipun têmbang: laguning têmbung, sêkar: kêmbang utawi têmbang, têngahan: inggih têngahan, prana: ati, watêk, utawi budi, asmara: sêngsêm, pikajêngipun têmbanging para priyayi kang watak kasêngsêm, lampah 8. dhawah nglêgêna, 11. taling, 12. taling, 8. nglêgêna, 8. nglêgêna, 8. suku, dhawah gêndhing Tarupala, salendro pathêt manyura, lampah: 8. 8. 8. 8. 12. 6. 8. guru wicalan, têgêsipun taru, wit-witan utawi godhong, pala: uwoh utawi prayoga, pikajêngipun wit-witan ingkang awoh, utawi

--- 332 ---

wohing wit-witan, ing ngriku amratelakakên palakirna, uran-uranipun kados ing ngandhap punika:

13. Pranasmara

1. nèng Karangdhêmpêl lêledhang | Kyai Lurah Sêmar smapranakane[9] | miyat kêbon-kêbon têgalan alèrèn | sami ngundhuh tarupala | suka sindhèn sêsêndhonan | sarwyanjogèd gênti-gênti ||

Lajêng katampèn ing gêndhing

14. Tarupala

1. pêlêm-pêlêm kang ginunêm | ginita ginawe langên | bêku bala madu gănda | katog cêcangkokanira | lir podhang ingkang busana | golèkana | sira-sira duwa | kapopoh wani toh jiwa ||

2. jêruk-jêruk kinalumpuk | kinarya langên pakantun | bali butun ing krangeyan | ngundhuh katès dulu macan | ngoprok anèng paleteran | ginulungan | murut-murut mêksa | kinuwik rinanjam ngasta ||

3. jambu-jambu [ja...]

--- 333 ---

[...mbu-jambu] kang kalêbu | labaning panglipur kalbu | wungu radèn sudarsana | kapok nitih kluthukira | mathokal ngrikil kang marga | klumut toya | putih-putih pindha | arum lir lêgèn kalapa ||

4. kacang-kacang kang kinuncang | kinarya langên kinarang | ngigêl Kyai Ăngganala | sondèr cindhe ijo dawa | ngalèwèr ngèndhèl lir Cina | gleyor tiba | wungu-wungu kêna | tunggak ruji kucu wrêksa ||

5. kara-kara winicara | winarah winor ukara | mantri bêton kang gajihan | mas kapriandong lumutan | nunggang wêdhus ingebegan | loking jana | nguncis-nguncis kadya | lutung irêng tanpa netya ||

6. jamur-jamur kang jinêmur | kinarya ande pangimur | upas brama jamur dipa | kabaratên nrucuk tiba | mring Magêlang lan Cêpaka | ngêlot janma | mimpês-mimpês samya | polo gajih mêtu karna ||

--- 334 ---

VIII. Bawa: têmbang utawi sêkar têngahan, Pangajapsih, têgêsipun têmbang: laguning têmbung, sêkar: kêmbang utawi têmbang, têngahan inggih têngahan, pangajap: pandhandhang, sih: asih, pikajêngipun têmbanging para priyayi kang ngarêp-arêp ing sih, lampah 12 dhawah suku, 8. suku,12. suku, 12. suku, 12. suku, 12. suku, 12. suku, 8. nglêgêna, 8. ulu, 6. suku, 8. ulu, dhawah gêndhing Puspagiwang, pelog pathêt barang, lampah 8. 8. suku, 8. nglêgêna, 8. nglêgêna, têgêsipun puspa: kêmbang, giwang: angglewang, miring utawi gesot, pikajêngipun kêkêmbanging ati kagiwang, ing ngriku amratelakakên padudoning tiyang jalêr kalihan tiyang èstri tumrap ing wangsalan. Uran-uranipun kados ing ngandhap punika.

15. Pangajapsih

1. Singaranu panusuling magut pupuh | baya tan bantu ing branti | kawi sêkar srana pambengkasing rapuh | mung kusuma bisa wèh usada wuyung | ciptèng driya andhêging ukara kidung | sêdya kula ngèstupada | sarpa krêsna puspa rujit | mung andika masku | kang sung barubahing galih ||

Lajêng katampèn ing gêndhing

16. Puspagiwang

1. parabe Sang Marabangun (Priyêmbada) | sêpat domba [do...]

--- 335 ---

[...mba] kali Oya (gramèh) | aja dolan lan wong priya | gêramèh nora pasaja ||

2. garwa Sang Sindura Prabu (Wahita Kambang) | wicara mawa karana (tarka) | aja dolan lan wanita | tan nyata asring katarka ||

3. sêmbung langu munggwing gunung (godhong sêgunggu) | kunir wisma kêmbang rêkta (puspa nyidra) | aja gugu ujarira | wong lanang sok asring cidra ||

4. gêntha gêng kang munggwing panggung (jam) | jawata pindha Arjuna (Kamajaya) | jaman mêngko kawruhana | wong wadon kèh ngamandaka ||

5. kramane sawalèng kayun (padu) | ayam kuncung sabèng wana (mêrak) | padune cuwa ing karsa | wuwuse tan mêrak driya ||

6. burat pada (bobok) bêrkutut gung (dêrkuku) | sujanma misaya mina | bok iku dèn turutana | dhokohe asor wong jala ||

7. gatrane kang kêmbang randhu (karuk) | wogan alit tumbal wisma (akar bakar) | kêmaruk nêkakkên karsa | tan kêna mèngèng sadhela ||

--- 336 ---

IX. Bawa: têmbung utawi sêkar macapat: Kinanthi, cengkok sêkar gadhung têgêsipun têmbang: laguning têmbung, sêkar: kêmbang utawi têmbang, macapat: prênca: kinanthi dipun kancuh, pikajêngipun têmbanging para priyayi ngamănca kang nêdya dèn kanthia, lampah: 8 dhawah suku, 8 ulu, 8 nglêgêna, 8 ulu, 8 nglêgêna, 8 ulu, dhawah gêndhing Lêbdasari salendro pathêt manyura, lampah 8. 8. 8. 8. 6. 8. 8. 8. 8. 8. guru wicalan, têgêsipun lêbda: tarampil, utawi angsal, sari kêmbang, utawi sadintên, pikajêngipun kang makolèhi sadinane. Ing ngriku amratelakakên cacah tuwin namaning pantun palawija, uran-uranipun kados ing ngandhap punika:

17. Kinanthi

1. atagopa klênthung-klênthung | mring sawah anyangking kudhi | angendhangi rowangira | kang samya anambut kardi | sigra wau ingundangan | tinanya sawiji-wiji ||

Lajêng katampèn ing gêndhing

18. Lêbdasari

1. among tani among tani | cacahêna wohing dami | pira kèhe lan jênênge | sun arsa miyarsakake | pari sokanandi | tambak mênur lan cêndhani | papah [pa...]

--- 337 ---

[...pah] arèn mênthik wangi | jaka bonglot pêndhok wêsi | dhudha ngasag dhudha ngasag | dulu răndha mèntèr-mèntèr ||

2. among kisma among kisma | gêdhangira cacahêna | pira kèhe lan jênênge | sun arsa miyarsakake | raja sèwu nagri | maraseba mring Batawi | ambon kusta lan bêcici | asri wulan raja wlingi | tan graita tan graita | byar midak pasaban cêmpa ||

3. among kisma among kisma | tela pêndhêm cacahêna | pira kèhe lan jênênge | sun arsa miyarsakake | kênthang bale rante | gêndhurak lawan sênggani | sêmbawa lan kunir konyit | mênèt mênthik blitung putih | ki jasêtra ki jasêtra | nunggang jaran klambi jingga ||

4. among kisma among kisma | talêsira cacahêna |

--- 338 ---

pirang rupa lan namanya | ingsun arsa sumurupa | kimpul dhêmpêl wangi | bêton centhang senthe linjik | lêmpuyangan talês pari | jambon bêntol bêrèt grigit | gagak gêlo gagak gêlo | mring laosan gondhol tămbra ||

5. uwong desa uwong desa | pala pêndhêm cacahêna | pirang rupa lan namanya | ingsun arsa sumurupa | uwi bêras lêgi | abang kulit lan sênggani | ula alas mêmayangi | wilus cicing madha warni | rondhas luku rondhas luku | glêpung kêtan kunir têmu ||

6. uwong desa uwong desa | dêlingira cacahêna | pirang rupa lan namanya | ingsun arsa sumurupa | êpring pêtung pêting | rampal ori ampèl gadhing | wulung bêsing lan pring lêgi | gêndani tutul [tutu...]

--- 339 ---

[...l] cêndhani | uwong Jawa uwong Jawa | nyêkêl apu nyengklak kuda ||

7. tuwaburu tuwaburu | cacahêna dhangkèl êmpu | pira kèhe lan jênênge | sun arsa miyarsakake | têmu glènyèh lathi | irêng lawan ngêpoh giring | bêngle jahe kunir kunci | puyang gajah kapur êmprit | sunthi kêncur sunthi kêncur | pinêpêt anèng laosan ||

--- 340 ---

19. Sêkar Sarigadhing

1. kêmang-kêmung bêndhe cilik ngalun-alun | ra dede bêndhe cilik | ra dede bêndhe cilik | bêndhene paman juragan | sari gadhing sari gadhing | sarine widara kuning | tak petangane jêngglèng | tak pêtangane jêngglèng | wong ika sapa jodhone ||

20. Lajêng dhawah ladrang manis, widara kuning, pathêt barang

1. garwa sarpa (nagagini) rajaputra ing Madura (Dèwi Bratajaya) | kang ginita kèn priya anandhang brănta ||

2. mugut pala (mêthik) rawining kang ringgit purwa (lakon) | kang pinêthik lakone Jaka Pramana ||

3. kawi jiwa (atma) baladan[10] (narendra of raja) kang têmbung Jawa | atmajendra ing pagêlèn prajanira ||

4. jarwa roga (lara) palabuhan nuswa Jawa (Japara) | lawan Rara Kumênyar Putri Japara ||

5. kayu rêngka (janglar)

--- 341 ---

jalak gêng kang pilis pita (menco) | jalarane saking menco wèh wiyoga ||

6. trah ngawirya (radèn) wardining kang pulas carma (warna) | Radèn Jaka Pramana ingkang winarna ||

7. ngular dustha (sambang) sadpadalit talèng kisma (tawon tutur) | ingkang kêna sambang tuturing kukila ||

8. perak tulya (timah) naga putra Widayaka (Jaka Linglung) | têmah linglung kalênglêngan lara brănta ||

9. saji siswa (mongmong) arane basa nawala (ukara) | nadyan lamong nyalêmong tanpa ukara ||

10. rubèng garwa (kaya) dhustha wèri Jaladara (Kartawiyoga) | kaya ngapa kang gawe lara wiyoga ||

11. tanu gangga (baya) narmada nir tirtanira (asat) | mendah baya ing benjang yèn kasatmata ||

12. Kèning Daha (Dèwi Kirana) kukila kulêm sabawa (kadasih) | kiraningsun dasih ta datan sarănta ||

13. glagah pita (mendhong) pandaya mardi sarkara (gilingan) | ingsun pondhong kusuma mring pagulingan ||

14. guwa tirta (rong) puja pangruwating [pangruwa...]

--- 342 ---

[...ting] wisa (anawa) | aja rongèh gusti bokmênawa tiba ||

15. barang lama (eman) pambangun atêping wisma (mayu) | eman-eman wong ayu kalamun lara ||

16. iring muka (pipi) watang wadung winursita (sangkal) | sun pêpinta aja wangkal marang priya ||

17. ngluri marga (nurut) pusara takiring wisma (ura-ura) | anuruta ra-orane nêmu siya ||

18. lali jiwa (sare)[11] sotya rêkta ing kalpika (mirah) | asarea mirah sun bantali asta ||

19. têpus rêkta (?) dhandhan lit panggusah sata (othak-othak) | sun dongèngkên uthak-uthak ugêl sira ||

Sindhenan

20. bêstru dawa (pare) pulas lênga ing baita (tir) | kang parentah Dèn Bèi Tirtadipura ||

21. kêba upih (tlèdhèk)[12] balêdug nglarabi tapih (lêbu) | tlèdhèk yaga malêm Rêbo malêbua ||

22. siwi aji [a...]

--- 343 ---

[...ji] (kangjêng gusti) panulis kang pucuk wêsi (pèn) | kangjêng gusti kalênengan bale pèni ||

23. lancur cêkak (papak) ruwate têmbung naracak (amit) | dipun pêpak aja pamit gawe anak ||

24. kanyataan (têmên) barang tăndha kadurjanan (nyina of cihna) | dèn têmênan aja plaur mring pacinan ||

25. pathi toya (uyah) kêndhang gêdhe têngah rina (bêdhug) | sayah apa mung sabêdhug bubarira ||

26. godhong mlinjo (so) ngantuk suwe (turu) siji pindho (loro) | aja ngoso mêngko turu wong aloro ||

27. ujung kampuh (kunca) kulah kayu dèn go wisuh (tong) | kănca yaga aja mampir omah tăngga ||

28. tambang kumba (ikêt) witana munggwing bacira (bangsal) | pangikête wangsalan winoring găngsa ||

29. kusumastra (pamor) carêming rèh palakrama (atut) | moring gêndhing pinatut lawan irama ||

30. cacah kisma (karya) parabe Sri Basudewa (Sadana?) | pan kinarya namudana [na...]

--- 344 ---

[...mudana] kang sumewa ||

31. jogan pura (jrambah) Patih Prabu Amijaya (Mas Mănca) | sumrambahe mring tamu măncanagara ||

32. taman lêngka (taman soka) galonggong kang munggèng rawa (palumpung) | pinisuka mupung wontên Surakarta ||

33. panu rêkta (toh) wastra singêbing pamuja (rukuh) | mugi sampun ta arikuh ing wardaya ||

Sindhenan

34. jênang sela (apu)[13] wadêr kalèn sêsondheran (sêpat) | apuranta yèn wontên lêpat kawula ||

35. sayuk karya (iyêg) wulung wido măngsa rowang (bidho) | sayêktine wit saking bodho kawula ||

36. sahing pêgat (idah) pête langking rêracikan (kadhawung) | saking kêdah srawungan para sarjana ||

37. nata dewa (Bathara Endra) lêmpuyang woh balimbingan (warêsah) | cêgah nendra aja

--- 345 ---

sah pamintanira ||

38. sastra darma (aksara jêjêg)[14] pandhan dhepok tanpa gănda (kêmbang bakung) | dipun ajêg dêkungnya mrih kautaman ||

39. lunging kacang (lêmbayung) toya kêbak ing jêmbangan (agung) | dèn kayungyun mring wong agung kang sudibya ||

40. ngungkat basa (ngundhat-undhat) bulu-bêkti sabên măngsa (pajêg) | aja kêndhat ajêgana maraseba ||

41. lampit toya (bara) rumatan mingsêr panggonan (diêlih) | pirabara ing benjang olih nugraha ||

42. jênang sobrah (gudir) pandhan rêkta saupama (nanas) | aja êdir panastèn dèn singgahana ||

43. ranti gunung (krangeyan) cacah sabin kalih karya (sakikil) | aja rongèh yèn nuju nèng panangkilan ||

44. gagat enjang (wayah bangun) satriya kang mati raga (tapa) | bangun turut sabarang rèh dadi tapa ||

45. asli braja (tangguh) kêcik miring rakitira (giwang) | dipun tangguh

--- 346 ---

ywa kagiwang manahira ||

46. gunung pindha (gumuk) pêkên alit urut marga (warung) | sun rêrimuk durung nglênggana ing karsa ||

47. jarwa sapta (pitu) senthe lit sasanèng arga (kajar) | durung mêtu ujarira kang sanyata ||

48. kêthèk krêsna (lutung) dhaon lit munggèng puspita (ron) | dadi mutung kajêron salah panămpa ||

--- 347 ---

21. Sêkar Undur-undur Kajongan

1. gusti blêndok sela (mur) turăngga linêgan karsa (diuja) kangjêng | murwèng gita winêdhar nèng langênarja dara | kawulane nyuwun gungan ||

2. gusti pêksi mendra (kalangan) suyasa bêntar jro pura (panggung) kangjêng | kalangênan lan manggung srimpi badhaya dara | kawulane nyuwun gungan ||

3. gusti sarpa krêsna (ula dumung) natèng Pêngging kaping tiga (Păncadriya) kangjêng | mung ngupaya enggaring driya asmara dara | kawulane nyuwun gungan ||

4. gusti titi krêsna[15] (padhang bulan) sela wiyar ing narmada (lètèr) kangjêng | padhang bulan nèng latar nuju purnama dara | kawulane nyuwun gungan ||

5. gusti pathi kisma (watu) mandira kang tlutuh wisa

--- 348 ---

(ingas) kangjêng | nyêpêng sela sinèrèkkên gênti ngasta dara | kawulane nyuwun gungan ||

6. gusti tanya dhustha (nyapa) paluntur godhi nèng wisma (ura-ura) kangjêng | sapa sapa tămpa dhênggung ura-ura dara | kawulane nyuwun gungan ||

7. gusti mardi beya (mupu) gada panangkising astra (dhêndha) kangjêng | yèn mopoa dhinêndha mêtêki pada dara | kawulane nyuwun gungan ||

8. gusti kăndha purwa (lakon) atmajendra Gêndrayana (Prabu Jayabaya) kangjêng | kalakona baya akèh kang murina dara | kawulane nyuwun gungan ||

9. gusti putri Endra (Tara) sutèng Bima sing pratala (Ăntarêja) kangjêng | tan katara ing batin tur ngănta-ănta dara | kawulane nyuwun gungan ||

10. gusti purwa desa (cakal bakal) jawata sigit kang warna (Bathara Asmara) kangjêng | bakal akèh kang nyidra asmaratăntra dara | kawulane nyuwun gungan ||

11. gusti niring sura

--- 349 ---

(wêdi) nata baya kêdhung surya (bau paksa) kangjêng | nanging wêdi marang ingkang baurêksa dara | kawulane nyuwun gungan ||

12. gusti lalêr wana (cêpiplès) pandaya nuduhkên măngsa (bêncèt) kangjêng | yèn kaplêsit padha binêncèt asmara dara | kawulane nyuwun gungan ||

13. gusti buratmuka (pupur) pathine băngsa sarkara (gula) kangjêng | titi purna gula ganthi langênarja dara | kawulane nyuwun gungan ||

14. Gusti Durgaputra (Bathara Kala) dasa namaning dipăngga (èsthi) kangjêng | kang sangkala gati datan ngèsthi warna dara |[16][17] kawulane nyuwun gungan ||

--- 350 ---

22. Sêkar kawi utawi agêng irim-irim lampah 22 pêdhotanipun 8. 7, 7 x 2: 44 x 2: 88

1. eman-eman dhuh kusuma | ruruning rondhonira | yèn manggunga mangarang | sêkar arèn kadiparan | wiwara tanpa wrana | tangèh wênganing driya | kalêmbak gêng milu susah | pandayaning panitra | lamun tan kawêdhara | pêtir wisma sapa wêruh | wrêksa gumuling kisma | ambatang siring nala ||

23. Nagakusuma lamp.18 ped. 6, 6, 6 x 5: 30 x 2: 60

1. mangkana sira sang | pawana suta ma- | tur aris mangênja- | li paran karsa pu- | kulun dayita ji | Putri Mantili Dir- | ja sampun alami | pêjahipun sang di- | tya aji paduka | dèrèng dangu garwa ||

2. kandhêg lampahira | Prabu Yudayana | nèng jawi wiwara | dyah kang tinututan | datan kawistara | akandhêg sungkawa | tyas karantan-rantan | tansah [ta...]

--- 351 ---

[...nsah] ngimur-imur | manabdèng kêkidung | manis manuhara | Sri Nagakusuma ||

24. Gèsèh kalihan nginggil 6 x 6: 36 x 2: 72. Nagabănda lamp. 18. ped. 5, 5, 8 x 2: 36 x 2: 72

1. anut lakuning | Korawa ing ngu- | ni patine Abimanyu | kêna ing cidra | sira Sang Sêtya- | ki madêg | ngambil sanjata | sarosa mênthang | langkap gya lumê- | pas Burisrawa pinanah | pêgat jangganya | Burisrawa ma- | ti katiban nagabănda ||

25. Căndrakusuma lamp. 16. ped 8, 8 x 2: 32 x 2: 64

1. Sang Baladewa Narpati | tuwin Nareswara Krêsna | kalangkung ing trêsnanira | marang dyah banoncinawi | măngka pisah unggyanipun | mila tansah tanya warta | wau sri narendra kalih | mring Sang Rêtna Madubrănta ||

26. Căndrakumara lamp. 8 x 3: 24 x 2: 48

1. gusti yèn sinawang sira | lêkêr-lêkêring wadana |

--- 352 ---

lir Dèwi Warsiki nama | ayu tur raga karana | mêrak ati yèn ngandika | citra lir căndra purnama ||[18]

27. Căndrawilasita lamp. 12 ped. 4, 8 x 2: 24 x 2: 48

1. mangkana kro- | dha Sri Krêsna têdhak saking | gènnya agu- | nêm saksana tri wikrama | wimbuh anèng | palataran | jlêg sagunung | patang gunung | pitung gunung lir Hyang Kala ||

28. Citramêngêng lamp. 12 ped. 6, 6 x 2: 24 x 2: 48

1. lamun sira kaki | dumadi prajurit | dèn bisa tulada | Patih Maèspati lêlabuhanira | ingkang tri prakara | guna kaya purun | èstu yèn utama ||

29. Rarabentrok lamp. 16 ped. 8, 8 X 2: 32 x 2: 64

1. kang kataman larasmara | Rarabentrok anglam-lami | paran tumamèng tilam rum | kaya ruming sariranta |

--- 353 ---

sumêr mamêrdu mênuhi | dhuh mas mirah sang kusuma | ambuka gandaning sêkar | gambir sawit maratani ||

30. Kuswalalita lamp. 23 ped 5, 6, 6, 6 x 2: 46 x 2: 92

1. soroting pandam | sumuluh madhangi | jroning pasarean | ngênani wadana | arêmu-rêmu | kalingan ngangrangan | sang dyah manahên kung | sumungkêm guling | sang kakung mangrêpa | babo eman-eman | biratên tikbranta | aywa sungkawa | ulun tadhah runtik | sumanggêm sakarsa | ngrabasèng raras rum ||

31. Kusumastuti lamp. 13 ped 7, 6 x 2: 26 x 2: 52

1. dhuh kulup putraningsun | sirèku wus wanci | pisah lan jênêng ingwang | ywa kulinèng ardi | bêcik sira nèng praja | suwitèng narpati | nanging ta wêkas ingwang | ywa pêgat têtèki ||[19]

2. sang dyah malbèng pahoman | manunu dupa mrik | murwa manungku pudya | kang pinintèng dewa | tuduhnèng jatukrama | tangsi hit manggraha | praptèng ari

--- 354 ---

buwana | tang molih astuti ||

32. Kusumawicitra lamp. 12 ped 6, 6 x 2: 24 x 2: 48

1. rupa-- têmên | căndra-- wulan purnama | sasi-- wulan jangkêp | nabi-- wudêl | sasa-- lintang | dhara-- wêtêng | bumi-- lêmah | Budha-- luwih: namaning măngsa satunggal | roning-- godhong | mèdi-- jubur | iku-- buntut | dara-- pêksi dara | janma-- wong | eka-- satunggal: wiji: tuduh | wak-- badan sapata |

--- 355 ---

suta-- anak | siti-- lêmah wêdhèn | awani-- kêndêl: srêngenge | wungkulan-- wutuhan: bundêran | wulan-- wulan têmên | niyata-- yêkti | tunggal kabèh-- watak satunggal punika sadaya ||

2. netra-- paningal | caksuh-- pasuluhan | nayana-- ulat | sikara-- tangan | buja-- bau: namaning măngsa kalih | paksa-- uwang | drasthi-- alis | ama-- pêpasu: wêwêri | locana-- urang-uranging mata | carana-- athi-athi |

--- 356 ---

karna-- kuping | karni-- ambaning kuping: sungu | anêbah-- tlapukan: anêbak | talingan-- pangrunguning kuping | mata-- ambaning mata | lentangana-- lantangan roro | lar-- wulu suwiwi | anêmbah-- ngabêkti | suku loro-- sikil karo ||

3. bahni-- gêni pandhe | pawaka-- gêni pucuking gunung | siking-- gêni upêt: têkên | guna-- gêni agaran: kasagêdan | dahana-- gêni tanpa sangkan | trining rana-- gêni tunon: gêni paprangan | uta-- lintah |

--- 357 ---

ujêl-- wêlut | anauti-- cacing | jatha-- gêni winadhahan: siyung | wedha-- gêni pawon: sêrat pêpakêm: namaning măngsa tiga | analagni-- gêni panasing ati | utawaka-- gêni wong manggang | kayalena-- gêni balubukan | puyika-- gêni dilah | tiga-- têlu | uninga-- gêni obor ||

4. wedang-- banyu panas | sagara-- banyu ngidêri jagad | karti-- banyu sumur | suci-- banyu padasan | jaladri-- banyu rawa: sagantên | nadi-- banyu kali |

--- 358 ---

hèr-- banyu pucuking gunung | nawa-- banyu adhêm | samudra-- banyu têlêng | jalanidhi-- banyu angêdhung | warna-- banyu sawangan | toya di-- banyu jêmbangan | wahana-- banyu udan | waudadi-- banyu deresan: pancuran | sindu-- banyu susu | warih-- banyu krambil | dik-- padon sakawan | tasik-- banyu oyod: sagantên | catur yuga-- keblat papat: namaning măngsa sakawan | pat-- sakawan ||

5. buta-- buta lanang kang siyung |

--- 359 ---

Pandhawa-- putraning Pandhu | tata-- gêtih otot | gati-- kêkêtêg: pramana: namaning măngsa gangsal | wisaya-- panggawe: pirantos | indri-- bayuning mata | yaksa-- buta wadon kang siyung | sara-- lêlandhêp | maruta-- angin ngirid gandaning sêkar | pawana-- angin adrês | bana-- alas agêng | margana-- angin nèng dalan | samirana-- angin ngilangakên kringêt | warayang-- sanjata | pănca-- gangsal | bayu-- angin kang manjing mêdal | wisikan-- wuruking bapa |

--- 360 ---

gulingan-- barat mêtu paturon | lima-- gangsal ||

6. masa-- măngsa nênêm | sadrasa-- rasa nênêm | winaya-- anggang-anggang: namaning măngsa nênêm | nggana-- tawon | rêtu-- kawor: uyêk-uyêkan | anggas-- kayu glinggang: ibêr-ibêran | oyag-- obah | karêngya-- karungu: rinêngga: kaupakara | pangrarasing nêm-- pangrarasing watak nênêm | tahên-- kayu taun | wrêksa-- kayu tinêgor | prabata-- kayu rubuh malang nèng dalan | kilating kanêm-- lêlidhahing măngsa kanêm | lona-- pêdhês |

--- 361 ---

mla-- kêcut | tikta-- pait | kyasa-- gurih | dura-- asin | sarkara-- manis ||

7. ardi-- gunung urut pasisir | prawata-- gunung têpung sami gunung | turăngga-- jaran | giri-- gunung gêdhe | rêsi-- pandhita suci | ăngsa-- banyak: turun | biksuka-- sapi: namaning măngsa pitu | cala-- sukuning gunung | himawan-- mega pucuking gunung | sapta-- pitu | pandhita-- putus | swara-- pandhita kalok |

--- 362 ---

gora-- anggung | muni-- pandhita muruk: muni | swa kuda-- jaran kêbiri | tungganganing gunung-- têngahing gunung | wiku-- pandhita ing gunung | ya pêpitu-- inggih pêpitu ||

8. naga-- ula gêdhe | panagan-- ênggon ula gêdhe | salira-- manyawak | basu-- têkèk: kumaraning naga: namaning măngsa kawolu | tanu-- bunglon | murti-- cêcak: sangêt | kunjara-- kandhang gajah: gêdhong pasakitan | gajah-- gajah nèng wantilan | dwipăngga-- gajah tinitihan ratu |

--- 363 ---

asthi-- gajah dèn palanani | samadya-- gajah nèng têngahing dalan | manggala-- gajah binêkta prang: pangajêng | dirada-- gajah mêta | bujăngga-- ula lanang | brahmanastha-- pandhita sabrang wêwolu | dipara-- gajah binêkta cangkrama | liman-- gajah ginawa midhang | lan ula-- ula lanang ||

9. trustha-- lèng bêdhil: suka | trusthi-- lèng tulup | muka-- rêrai | gapura-- lawanging ratu | wiwara-- lawang sakèthèng | dwara-- lawanging omah | nanda-- lèng kodhok: sêsotya: namaning măngsa kasanga |

--- 364 ---

wilasita-- lèng kombang | guwa-- lèng patapan | rago-- lèng samun | ludra-- uluraning dewa | gatra-- lèng gangsir | gănda-- ambêt | lèng-- lèng sêmut | rong-- lèng ula | song-- lèng landhak | têrusan-- lawang butulan | yèku ăngka-- inggih punika wêwilangan | babahan-- lèng maling | hawa sasanga-- bolonganing badan ||

10. boma-- sukêt mati: awang-awang: namaning măngsa sapuluh | sunya-- suwung | gêgana-- langit kesisan mega |

--- 365 ---

barakan-- tan katon: sêndhalan | adoh-- têbih | ing langit-- ing langit | anatan-- katon tan kagayuh | windu-- tumbuking taun | anèng wiyat-- langit kang amor lan mêndhung | widik-widik-- katon nuli ilang | malêtik-- satêngahing langit: manculat | sirnèng gêgana-- sirna ing langit | sagunging das-- sakathahe kang ilang | walang-- mêsat | kos-- anggusah | watak sapuluh-- watak sadasa ||

33. Kawitana lamp.17 ped. 5, 6, 6 x 2: 34 x 2: 68

1. irikata sang | Gathutkaca kinon | mapag arka suta | têkapira Krê- | sna Parta manêhêr | muji saktinira | sang inujaran | wang-wang asêmu gar- | jita [ji...]

--- 366 ---

[...ta] arsa marêk | mawa caraba | gya ywana na pakonan | ring patik narpati ||

34. Kilayunêdhêng lamp. 22 ped. 5, 6, 6, 5 x 2: 42 x 2: 84

1. kadangmu padha | warahên dèn bêcik | besuk amêndhêma | baris prayitna | aywa sarănta | wong ing Dwarawati | tinumpêsan iku | awak pandhawa | ngandhut marangke | măngsa wurung dadi | mungsuh pan asandi | kewala bêcik | riwusing gunêm | korawa bubaran | pra ratu pituwa | ki layunêdhêng ||

35. Surarêtna lamp.12 ped. 4, 8 x 2: 24 x 2: 48

1. lela-lela | linali saya kadriya | driyasmara | marang risang kadi ratih | ratih ratu | ratuning wong cakra kêmbang | kêmbang jaya | kusuma asih ing kula ||

36. Sardula Wikridita lamp.19 ped 6, 6, 7 x 2: 38 x 2: 76

1. tandya trus dhadha sang | Gathutkaca wang-wang | murca mangêsaksana |

--- 367 ---

dèn tanjrih mabangun | mawega tumêmpu- | n mangungsir sang wangga di- | pati singgih Bima- | sutangga krama a- | rêp matya ngungsir kiwul | kèn lumpad rawi su- | ta lês curingrana | bolot matinggal rata ||

2. Dyan Seta umangsah | krodhanira dening | patine ari kalih | tumanduk sawadya | galak lir sardula | amêmăngsa gumrêgut | prawira Wiratha | umangsah mangungsir | lir buta măngsa daging | seta senapati | gumrit ratanira | mênthang langkap nglêpasi ||

37. Saribrănta lamp. 19. ped 6, 6, 7 x 2: 38 x 2: 76

1. ron pari kang lêsah | Sang Madrimtênaya | salaminipun kula | surya lalu măngsa | nata rêngu sabda | darbe sir mring paduka | pamburaking kaga | dyah atma Mandura | tansah manahên brănta | mirah jayèng toya | pisang mawa gănda | baya ta tan graita ||

--- 368 ---

38. Sikarini lamp. 17. ped. 6, 6, 5 x 2: 34 x 2: 68

1. lawa-lawa gandhul | nèng pang kêbêt-kêbêt | lir milu susah | yèn ta bisa muwus | pagene Pandhawa | tan ana tumut | pribadi aminta | prajanta sapalih | lir sêkar tanjung | Kuru ambalasah | lêsah kadi susah | susah kapisah ||

2. anake wre tunggal | kagiri-giri gêng- | nya gra magalak | angkara ambêknya | gora gadha tanya | gatulungana tinêpak kapyarsat | buta kabarubuh | puk kayu pokah | bêlah bêntar sirna | watu kumalasa | swuh kapalupuh ||

3. mulat mara Sang Ar- | juna èsmu kama- | nungsan kasrêpan | ring tingkahing mungsuh | niran para dhadang[20] | aywa wang wanèh anawang anaking | yayah myang ibu lèn | uwanggêh paman | mangkadi narpa Sa- | lya Bisma Karpa sang | dwijanggêh guru ||

4. anêgês karsanya | sanggya kang murbèng rat | sarêng [sa...]

--- 369 ---

[...rêng] wus ênêng | ingkang astagina[21] | sinăngga ing asta | nulya binanting mawur tan kaèksi | kang rêtna dumilah | warna manungsa | wanudya kalangkung | ayu citranira | lir căndra kèksi ||

39. Sudiradraka lamp. 13. ped. 5, 8 x 2: 26 x 2: 52

1. sang brata ajrih | nampik ing rèh kadang tuwa | ciptatur sêmbah | pukulun kawula darmi | lumampah ing rèh | jêng kaka Ramawijaya | sukèng tyas aris | ngandika sudiradraka ||

2. maya-maya ka- | malangên kartaning pura | radya Ngalêngka | sanggya sotya kênaka | prasada wrana | gapura maneka warna | Bayutênaya | tyasira sudiradraka ||

3. dhuh risang ulun | alênggana sinanggaman | ulun dèrèng wrin | sajatinirèng pawèstri | amaksih suwung | kakang sariraning ulun | mojar Hyang Guru | sangsaya sudiradraka ||[22]

--- 370 ---

40. Sudirawicitra lamp. 12 ped. 5, 7 x 2: 24 x 2: 48

1. lir sadpadèngsun | tumiling mangulati | puspita ingkang | mèdêm endah kang warni | midêr ing taman | anon sêkar warsiki | kumênyut ing tyas | baya ta jatukrama ||

41. Sastrakusuma lamp. 12 ped. 5, 7 x 2: 24 x 2: 48

1. lêng-lênging driya | mangu-mangu mangunkung | kandhuhan rimang | lir lina tanpa kanin | yèn tan tulusa | mêngku sang dyah utama | Sang Dasamuka | wuwusira ngrêrêpa ||

42. Sastramanggala lamp. 15. ped 7, 8 x 2: 30 x 2: 60

1. bramara rèh manguswa | amung ambrangêngêng kadi | karunaning kaswasih | anèng marga amalatkung | Sang Gănda Watratmaja | lêng-lêng lalu angulati | surya mangrangsang wayah | umyus amarawayanta ||

43. Sasadhara Kawêkas lamp. 20. ped 7, 7, 6 x 2: 40 x 2: 80

1. mèh raina sêmu bang | hyang aruna kadi ne- |

--- 371 ---

traning angga rapuh | sabdaning kokila ring | kanigara sakêtêr | kinidungan ingkung lir wuwusing inipan- | sa[23] papêtoking ayam | wènèh ring pagagan | mrak manguwuh bramara | ngrabasèng kusuma ring | para aswana rum ||

44. Swandana lamp. 20 ped. 7, 7, 6 x 2: 40 x 2: 80

1. sun nugraha sadaya | prasamya mangastuti | umung jaya-jaya | tanpa sisihaning rat | Sang Aprabu Jayabaya | narpati utama | tulo jayèng buwana | Jayabaya narpati | mèngêt sigra mangar- | cana wusning bubara- | nira Sang Bathara Ci | lir ning kang swandana ||

45. Sulanjari lamp. 20 ped. 8, 6, 6 x 2: 40 x 2: 80

1. tandya bala Pandhawambyuk | gumulung mangungsir | ring sata Korawa | kambah kongkih sru katitih | mirut kerut larut | katut para ratu | tuwin sagung pra dipati | mirut kapilayu | sigra praptanira |

--- 372 ---

Aswatama têtanya lah | pagene ta iki | ya padha lumayu ||

2. myat langêning kang kalangyan | aglar pandam muncar | tinon lir kêkonang | surêm sorote tan padhang | kasor lan pajaring | purnamèng gêgana | dhasare măngsa katiga | ima amanawêng | ing ujung ancala | asênên karya wigêna | miwah sining wana | wrêksa gung tinunu ||[24]

46. Salwarini lamp. 21 ped. 7, 7, 7 x 2: 42 x 2: 84

1. enjing bidhal gumuruh | saking nagri Wiratha | kèhing kang balakuswa | abra busananira | lir surya wêdalira | saking ing jalanidhi | arsa madhangi jagad | duk mungup-mungup anèng | anèng pucaking wukir | marbabak bang sumirat kêna soroting surya | mega lan gunung-gunung ||

47. Salyarini lamp. 17. ped. 6, 6, 5 x 2: 34 x 2: 68.

1. mawur

--- 373 ---

kang katrajang | endah ana wadya | ing Maispati | mung kang para raja | Dyan Sri Suryakètu | mangsah manglaga | ngadêg munggèng rata | mênthang langkap sigra | mêndhung geyungan | angin awor aris | Sang Prabu Manggada | Prabu Sawangga ||

48. Sapartitala lamp.17 ped. 6, 6, 5 x 2: 34 x 2: 68

1. lêng-lêng gatining kang | awan saba-saba | ne kang Ngastina | samantara têkèng | Têgal miluring kar- | ya Krêsna laku- | nira Parasura- | ma Kanwa Janaka | dulur Narada | kêpanggihing ika | jumurung ing karsa | sapartitala ||

49. Wisatikandhêh lamp. 13 ped. 7, 6 x 2: 26 x 2: 52. R. Ng. Wiro Hardjono lamp. 12 ped. 5, 7

1. arsambêk Rêsi Gana | sidhayarpa sandi | lir mega anamuka | netra tarpa gatra | yang puspanjalining ron | mana katon manya | lumrang kang bramara ma- | riris ngantariksa ||

--- 374 ---

50. Lêbdajiwa lamp. 11 ped. 4, 7 x 2: 22 x 2: 44

1. sigra Prabu | Sugriwa arsa mangsah | manêmbah ing | Ramawijaya sigra | mangsah mangkrak | gurnita amêlingi | orêg sagung | wanara wruh kalamun ||

51. Langênjiwa lamp. 27 ped. 6, 6, 7, 8 x 2: 54 x 2: 108

1. Sri Ngastina Maha | Prabu Duryudana | alon ngandikanira | ariningsun Wrêkodara | dèn kaparèng kene | sigra Aryasena | anjujug Dhanghyang Druna | ri saksana mangênjali | Wrêkodara rinang- | kul lungayanira | babo siwayèng ulun | sira kaki apa sida | angulati ingkang | tirta prawita di | kang warah tata darma | măngka sucining dumadi ||

52. Prawirasêmbada lamp. 12 ped. 5, 7 x 2: 24 x 2: 48

1. Narendra Krêsna | pangandikanira ris | sarate iku | pujanên dèn waspada | dadya tan ngawur | kabèh kang wêrit-wêrit | iku dèn eling | ri tumungkul anêmbah ||

--- 375 ---

53. Prawiralalita lamp. 16 ped. 8, 8 x 2: 32 x 2: 64

1. sangsaya dalu araras | abyor kang lintang kumêdhap | titi sunya têngah wêngi | lumrang gandaning puspita | karêngwan ing pudyanira | sang dwijawara brangêngêng | lir swaraning madu brănta | manungsung sarining kêmbang ||

54. Patramênggala lamp. 16 ped. 8, 8 x 2: 32 x 2: 64 (: Salisir)

1. Prabu Yudhisthira nata | lan malih ari Arjuna | nata Prabu Yudhisthira | katri sang narpati Krêsna ||

55. Pamularsih lamp. 15 ped. 7, 8 x 2: 30 x 2: 60

1. wang-wang pra surawadu | prapta satêpining bèji | samya mêdhar busana | kang wastra kari salapis | lumenggang mangrak waya | ngalap tunjung nuksmèng warih | singkal kang wastra kerut | wanta ing angga dumêling ||

2. mêlanging tyas salulup | lumawat wus praptèng pinggir | timpuh angum ing toya | kang wèni kinarya sangkrip | tibèng wêntis rumamyang | lir ganggêng kentir [ke...]

--- 376 ---

[...ntir] lumindhih | kang pambayun sinawung | gumêbyar amuthon rukmi ||

56. Dhadhapmantêp lamp. 13 ped. 5, 8 x 2: 26 x 2: 52

1. bayangan bayêm | bayêyêt agung ngrêmbuyung | rawe-rawe ring | rawan kara taru turi | karandhang gondhang | kang dhondhong dhêndhêng sêsandhing | dhung dhungan gudhe | bêngok bênguk manguk-manguk ||

57. Mêraknguwuh lamp. 18 ped. 5, 6, 7 x 2: 36 x 2: 72

1. solahe ganggas | têmbungipun alus | anggada solahira | hèh Dasamuka | Ngalêngka yèn tan wruh | iki satriya duta | Subali putra | ya aran Puring Rat | praptaningsun nèng kene | hèh Dasamuka | yèn sira pitambuh | Bathara Rama dewa ||

58. Madurêtna lamp. 12 ped 5, 7 x 2: 24 x 2: 48

1. narpati Darma- | putra myang Dananjaya | matur ing raka | narendra Arimurti | saha waspa ing |

--- 377 ---

madya wusananira | katur sadaya | mring sang rèh Madurêtna ||

2. ri pati Sang A- | bimanyu ring ranangga | trênyuh araras | ya ta sewala amês | nèng ara-ara | ri kalaning panjang lèk | cinacah lindri | aswa timun ginitês ||

3. kang waranggana | saksana gya tumurun | saking ngawiyat | samya lumampèng siti | prapta ing gunung | endrakila samana | awirandhungan | tyasira madurêtna ||

59. Găndakusuma lamp. 24 ped. 6, 6, 6, 6 x 2: 48 x 2: 96

1. bumi gonjang-ganjing | langit kêlap-kêlap | katon lir kincangi- | ra sang mawèh gandrung | sabarang kadulu | wukir moyag-mayig | saking tyas baliwur | lumaris anggandrung | wuh[25] ari Sumitra- | tênaya paran rèh | kabèh sining wana | nangsaya maringsun | tan wrin kasatriyan | tan umiyat ing rat |

--- 378 ---

kombul atmaningwang | pijêr gandrung-gandrung ||

60. Girisa lamp. 16. ped. 8, 8 x 2: 32 x 2: 64

1. dening utamaning nata | bèrbudi bawa lêksana | lire bèrbudi mangkana | lila lêgawa ing driya | anggung dènnya paring dana | anggêganjar sabên dina | lire kang bawa lêksana | anêtêpi pangandika ||

2. paduka trah wiku raja | wijiling dewa utama | paran tan têguh ing driya | kagiwang marang wanodya | punika pan tanpa karya | tan mrih arjaning sarira | dhuh lae adhuh bêndara | èngêta cobaning Suksma ||

61. Banjaransari lamp. 19 ped. 6, 6, 7 x 2: 38 x 2: 76

1. dènira campuh prang | Sri Arjunasasra | lawan Radèn Sêmantri | aliru prabawa | tan ana kasorap[26] | mangkana sri narendra | mangun tri wikrama | têdhak saking rata | mrêpêki musuhira | jawatèng ngawiyat | angudankên kêmbang | lumrang banjaran [banjara...]

--- 379 ---

[...n] sari ||

62. Bramarawilasita lamp. 11 ped. 4, 7 x 2: 22 x 2: 44

1. lawan lwah-lwah | batu witana dalêm | kêmbang bajro | jwala ya noja dilêm | munggèng têmbing | ning taruna sadalêm | sumrik rumya | kastha pudhak ing dalêm ||

2. galak ulat | kadya thathit abarung | kang pamulu | alus manis manakung[27] | asêmbada dêdêg mandaranakung | agorèh pa- | n dadya pantês malarkung ||

3. kawuwusa | Sang Arya Wibisana mila mamrih | nugraha mring Gohkarna | pra jawata | tumurun anêdhaki | sêsanti lir | bramara wilasita ||

63. Basănta lamp. 14 ped 8, 6 x 2: 28 x 2: 56

1. kaluwihan wirèng pamuk | mrih sirnaning ripu | mênthang langkap Rêsi Bisma | pinuja minantran | sanjata pangalap mêngsah | wus lumêpas muluk | ibêk ngêbêki gêgana | sanjata basănta ||

--- 380 ---

64. Băngsapatra lamp. 17 ped. 4, 6, 7 x 2: 34 x 2: 68

1. sampun mulih | kapi bala mulih | sigra lunga kabèhnya | kapwa wat-wat | ring gunung sira sang | rama dewa sinêmbah | timbun tekang | giriwara kabèh | mirutus hyannya ri gêng | mararywa ma- | rang ri-ri-ri-ri kang | aywa ta mênêng kahyunya ||

2. paranta mi- | rah ingsun prihatin | waspaniranggung mijil | tuhu dahat | ingkang tanpa karya | sêngkangnya rinêmêkan | gêlung rinu- | sak sêkarnya mawur | ingkang gambir malathi | upama tya- | sira amangun kung | mulat ing sira dyah ari ||

3. surêm-surêm | diwangkara kingkin | lir manguswa kang layon | dènnya ilang | ingkang mêmanise | wadananira layung | kumêl-kucêm | rahnya maratani | marang sariranipun | mêlês dening | ludira kawangwang | gêgana bang sumirat ||

4. nata Krêsna | alon ngandikanya | hèh

--- 381 ---

yayi prabu aja | sungkawèng tyas | solahe rinira | Ki Arya Wrêkodara | nadyan wruha | yêkti ingapusan | tingkah Korawa cidra | dèn apasrah | ing Bathara luhung | wong nêdya puruhita ||

5. mangarih-a- | rih amriyêmbada | sugatanên pangungrum | tuwasana | praptane dasih ta | nyabrang robing ludira | anyêpahi | marang kaninira | dhuh prabuku wungua | têka dèn nêng- | akên ta kewala | gusti tan băngsapatra ||

--- 382 ---

65. Sêkar Dhagêlan utawi Têngahan Rangsang Tuban

1. ron tilarsa | wancak driya jamang wakul | mung dèn ririh masku | măngsa ta wandea | kawulanira kawêngku | singaranu mirah ingwang | sêmbadane ingkang warni | jênang bang dèn conthongi | baya pantês asung lulut ||

66. Kênya Kadhiri

1. mong ing ranu | panusuling magut pupuh | baya tan bantu ing brangti | kawi sêkar srana pambengkasing rapuh | mung kusuma bisa wèh usada wuyung | ciptèng driya andhêging ukara kidung | sêdya kula ngèstupada | sarpa krêsna puspa rujit mung andika masku | asung pangajapaning sih ||

67. Kuswaraga

1. liring sêtya mirah ingong | kajanma kang kongkulan ta | kalamun dadia gusti | cidra marang dasihipun |

--- 383 ---

yêkti ingsun suduk jiwa | wilangan wolu lan kalih | wastra limput raga gusti | inggih ta sadasa-dasa | sampun kabikit ing lulut ||[28]

68. Têbukasol

1. anjrah ingkang | puspita arum | katiyubing samirana mrik | sêkar gadhung | kongas gandanya | mawèh raras rênaning driya ||

69. Wirangrong

1. andêdulu ing samargi | langêning ênu katonton | sirêm-sirêm Sang Hyang Ima naput | pak-ampak ngalingi | luhure sri narendra | Risang Arjunawijaya ||

70. Lonthang

1. rangu-rangu | rongèh nolih marang garwa | ngiwa rangin amirangrong | sru mangarang | jimating prang | pangrurahing rèh asmara ||

--- 384 ---

71. Puspanjali

1. dhuh gusti pujaningwang | sotyaning wanita | myang maduning kusuma | sêkaring buwana | tuhu musthikaning rat | dadya sudarsana | sagunging pra wanodya | ambêk puspanjali ||

72. Palugon

1. palugon laguning lêkas | lukita linuding kidung | kadung kadêrêng amomong | mêmangun manah rahayu | aywana kang tan agolong | gumulung manadukara | karananira mangapus | puspita wangsalan sêmon ||

2. sagunging kang pinarcayan | ing nata among wadya gu[29] | yogyane amrih katonton | raharjanirèng pamêngku | mring wadya santanèng katong | dèn juwita ingkang karya | suka pirêna sang prabu | myang sri gêng pra- | ja ywa wangkot ||

73. Jurudêmung

1. cirining

--- 385 ---

sêrat ibêran | kêbobang sungunya tanggung | sabên kèpi mirah ingsun | katon pupur lêlamatan | kunir pita kasut kayu | wulu cumbu madukara | paran margane kêtêmu ||

74. Maesalangit

1. yèn sampun langkung kagunane | myang kaprawiranipun | unggul ing sêsami-sami | pantês jinunjung kang lungguh | yèn tan sêpi ing piangkuh ||

75. Balabak

1. yam-yam tilam prajiwatan pagulingan | rêsmine | wong aninthing ènthèng ginawa alihan | patute | adhuh mirah intên-intêne pun kakang | sun dhewe ||

--- 386 ---

Sêkar Macapat utawi Alit

76. Asmaradana[30]

1. sumrêk kang bala lumaris | bubare saking Sêmarang | asri tinon gêgamane | akèh warnane kang bala | wong sabrang lan wong Jawa | swarane asri gumuruh | kadya ombaking samodra ||[31]

77. Kinanthi

1. kukusing dupa kumêlun | ngêningkên tyas sang apêkik | kawêngku sagung jajahan | nanging sangêt angikibi | Sang Rêsi Kanekaputra | tururun[32] saking wiyati ||[33]

78. Durma

1. ridhu mawor mangawur-awur wurahan | têngaraning ajurit | gong maguru găngsa | têtêg kadya butula | wor panjriting turănggèsthi | rêkatak ingkang | dwaja lêlayu sêbit ||[34]

--- 387 ---

79. Sinom

1. sigra kang bala tumingal | acampuh sami mêdali | lir thathit wilêting gănda | dhanghyang gung manguncang niti | benjang sang aji mijil | lathinya mêdali wuwus | trustha sura wilaga | kaya buta singa wrêgil | pasthi jăngga dêndhanya mangambak baya ||[35]

80. Pangkur

1. Nimas Ratu Kalinyamat | tilar wisma mratapa anèng wukir | tapa wuda sinjang rambut | nèng wukir Danaraja | apratignya tan nêdya tapihan ingsun | yèn tan antuk adiling Hyang | patine sadulur mami ||[36]

81. Dhandhanggula

1. lawan katon pakuwon balamir | ingkang cêlak lan ing Parangjara | pakuwon kang urut lèpèn | kambah tyas kapirangu | rangu-rangu saya ngranuhi | wirangrong karungrungan | kumilat malatkung | sang rêtna

--- 388 ---

yu rawat waspa | kadiparan margane gon ingsun panggih | lan wong agung Kuparman ||[37]

82. Maskumambang

1. putri Cina gêlangsaran kawlas-asih | mara Kelaswara | pêdhangên jurên wak mami | aja andêdawa lara ||[38]

83. Mijil

1. wayahing surya lagya tumiling | wanci lingsir kulon | anyunari botrawi kênyare | narawungi gêbyaring kang warih | ingkang rêm-rêm pitik | tumon cahya mancur ||[39]

84. Mêgatruh

1. sigra milir kang gèthèk sinăngga bajul | kawan dasa kang jagèni | ing ngarsa miwah ing pungkur | tanapi ing kanan kering | kang gèthèk lampahnya alon ||[40]

--- 389 ---

85. Gambuh

1. sêkar gambuh ping catur | kang tinutur polah kang kêlantur | tanpa tutur katula-tula katali | kadaluwarsa katutuh | kapatuh pan dadi awon ||[41]

 


ardi. (kembali)
yogya. (kembali)
bang. (kembali)
arum. (kembali)
kêmbang. (kembali)
(Pamadya). (kembali)
tumungkul. (kembali)
kêmbang. (kembali)
sapranakane. (kembali)
10 § baladan: baladi Arb.: narendra of raja. (kembali)
11 § KI. (kembali)
12 § Saking Ms. L. Atmosoepono. (kembali)
13 § K. (kembali)
14 § Saking Mas L. Atmosoepono. (kembali)
15 § Titi: têlas, krêsna: srêngenge, silêming surya dados: padhang bulan: purnama Ms L. Atmosoepono. (kembali)
16 § = 1805. (kembali)
17 Tanggal: gati datan ngèsthi warna dara (AJ 1805). Tahun AJ 1805 jatuh antara tanggal Masehi: 28 Januari 1876 sampai dengan 15 Januari 1877. (kembali)
18 § Căndrasangkala zie Kusumawicitra. (kembali)
19 § zie H.S. 144 p. 14. (kembali)
20 kadang. (kembali)
21 asthagina. (kembali)
22 § (M. M.). (kembali)
23 pinipanca. (kembali)
24 § Salisir zie. Prawiralalita. (kembali)
25 dhuh. (kembali)
26 kasoran. (kembali)
27 mawèh kung. (kembali)
28 § Kuswawirangrong zie wirangrong. (kembali)
29 gung. (kembali)
30 Teks asli: Asmarandana. (kembali)
31 § (B.K.). (kembali)
32 tumurun. (kembali)
33 § (Rm). (kembali)
34 § (H.S.). (kembali)
35 § (H.P.). (kembali)
36 § (B.D.). (kembali)
37 § (M.Tj.). (kembali)
38 § (M.Tj.). (kembali)
39 § (M.L.). (kembali)
40 § (B.D.). (kembali)
41 § (W.R.). (kembali)