Panêmbrama dhatêng Para Murid-murid ing Pamulangan
1. Kinanthi
1. dhuh siswa sumitraningsun | marma sira sun suruhi | prapta anèng ngarsaningwang | purwèng sun ngrungu pawarti | lamun sira wus linilan | tilik mring prajanta sami ||
2. rèhning panjênêngan ingsun | rumasa sira bantoni | pamulanging siswaningwang | kang tansah gilir gumanti |
--- 4 : 96 ---
sakancanira sogata | kang wus têbdèng[1] pamarsudi ||
3. awit saking pakonipun | wantyanta Sang Maha Muni | graning pawiyatèng Jawa | ing Surakarta Nagari | Dr. Palmers[2] kasumbaga | Van den Broek[3] ingkang wêwangi ||
4. ing mêngko ta jênêng ingsun | nglairkên sukaning galih | myang dahat panrimaningwang | mring wantyanta Sang Ayogi | tuwin marang sira padha | kang wus bantu wèh waradi ||
5. saking rênane tyasisun[4] | sumapala amaringi | lêlangên mring sira padha | têmbang tinumrapkên gêndhing | sanadyan kurang prayoga | mung minăngka tandhaning sih ||
--- 4 : 97 ---
6. nihanta kang wus tinutur | ingsun aparing basuki | ing marga mring sira samya | pra siswa ingkang umulih | mring prajanta sowang-sowang | aywana sangsayèng margi ||
7. amung ta pamujiningsun | sapraptanira ing panti | panggih lawan yayah rena | myang kadang warganta sami | suka rêna tur raharja | praptaning wêwangên nuli ||
8. ywa wiyang enggala wangsul | dèn ngrasa sira antuk sih | mring Jêng Gupêrmèn Nèdêrlan | kang asung marganing bukti | tuwin marganing kamulyan | èstokna pitutur mami ||
9. titi panêmbramèng kidung | cinitrèng Anggara ari |
--- 4 : 98 ---
limalas ingkang candrama | ing sasi Rabingulakir | taun Je sangkalanira | mangkat lunga ngèsthi siwi ||[5][6]
1 | lêbdèng. (kembali) lêbdèng. |
2 | Nama 'Dr. Palmers' ditulis dengan huruf latin. (kembali) Nama 'Dr. Palmers' ditulis dengan huruf latin. |
3 | Nama 'Van den Broek' ditulis dengan huruf latin. (kembali) Nama 'Van den Broek' ditulis dengan huruf latin. |
4 | tyas ingsun. (kembali) tyas ingsun. |
5 | § Ăngka warsa Jawi: 1800. Masèi surya 3 Agustus 1871. (kembali) § Ăngka warsa Jawi: 1800. Masèi surya 3 Agustus 1871. |
6 | Tanggal: Anggara (Slasa) limalas (15) Rabingulakir Je: mangkat lunga ngèsthi siwi (AJ 1800). Tanggal Masehi: Selasa 4 Juli 1871. Tahun AJ 1800 jatuh pada tahun Be dan bukan Je. Konversi tanggal Jawa di catatan kaki di atas (3 Agustus) tampaknya salah. (kembali) Tanggal: Anggara (Slasa) limalas (15) Rabingulakir Je: mangkat lunga ngèsthi siwi (AJ 1800). Tanggal Masehi: Selasa 4 Juli 1871. Tahun AJ 1800 jatuh pada tahun Be dan bukan Je. Konversi tanggal Jawa di catatan kaki di atas (3 Agustus) tampaknya salah. |