Sêrat Ibêr dhumatêng K. P. A. Cakradiningrat, Pigeaud, 1953, #1420

JudulCitra
Terakhir diubah: 09-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Ibêr Dhumatêng Kangjêng Pangeran Arya Cakradiningrat

1. Căndrawilasita

1. panjum kiswa turăngga sutaning ditya | sêrat sinawunging sêkar candrawela | campuh asta kalika panyêdrah jala | kanthi salam kang sayogya dhumatênga ||

2. parab Karna jêmparing konta kesawa | ingkang putra Jêng Pangran Cakradiningrat | pangkat rina kang wulan tampining warsa | wayahira Jêng Sinuhun Surakarta ||

3. wêsi tadha patyastananing Pandhawa | Pakubana ping gangsal lawan ping sapta | dupa waktra krama tumêdahing warna | sêsampune ingkang kadya sapunika ||

--- 4: 109 ---

4. wijil nata gambir bang ngumpul salaga | wiyosipun kula asuka uninga | kawal basa parabe Narpati Salya | bilih benjing kawan wêlas dintên Soma ||

5. palu wrêksa rangkêpe têmbung candrama | wanci pukul sawêlas wulan punika | Madrim putra arane pangulah bawa | kula badhe ningkahakên putra kula ||

6. baupada wukir gêng purwa mandhala | pêpulunan Dèn Ayu Dipakusuma | wismanggana margagêng luluh kang kisma | angsal Cakranagara Tumênggung Blora ||

7. tuduh warna satriya parang garudha | kang punika pangeran bilih sêmbada | sêntèg wastra lajêring jaro saroja | kang salira kula purih jênêngana ||

8. lalu rena parabe Sri Yudhisthira | sontênira panggihipun ingkang krama | basa ana jawataning diwangkara | wontên gènnya Pangeran Suryadiningrat ||

--- 4: 110 ---

9. tahên rêkta araning basa trêpsila | ing wusana taklim kula sakalihan | mala wrêddha prabu wre Guwakiskêndha | dhumatênga garwanta sang atmajendra ||

10. tapas arèn patih nagri ing Ngalêngka | duk cinitra Salasa tanggal ping astha | Nata Wrêddha Pirkari ngawăngga putra | sasi Saban Jimawal sangkalèng warsa ||

11. kawisuka rangkêpe basa tênaya | ujar trustha asung sabda mring kang putra |[1][2] bayu patra têlênging brama baskara | sêrat saking kang uwa pangran dipatya ||

12. Sri Kumbina tanah gêng panggenan raja | Arya Mangkunagara kaping sakawan | sarpa krêsna urubing dahana wrêddha | mung kinarya mêmalat wardining sastra ||

 


§ Taun Jawi 1797 taun Walandi 1868, wulan Nopèmbêr. (kembali)
Tanggal: Salasa (Slasa) astha (8) Saban (Ruwah) Jimawal: ujar trustha asung sabda mring kang putra (AJ 1797). Tanggal Masehi: Selasa 24 November 1868. (kembali)