Sêrat Ibêr dhumatêng K. P. A. Surya Sasraningrat, Pigeaud, 1953, #1421

JudulCitra
Terakhir diubah: 09-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Ibêr dhumatêng Kangjêng Pangeran Arya Surya Sasraningrat

1. Căndrawilasita

1. bayu patra patrape ngêgungkên krama | sêrat sarta ingkang taklim sanityasa | rema seta narendra pratiwi putra | wantu-wantu tan pêgat saking kang raka ||

2. sotya karna arane windu pangarsa | kangjêng gusti nênggih pangran adipatya | Sri Kumbina sèrène kang katri măngsa | Arya Mangkunagara kaping sakawan ||

3. kawi tiga wiyata pangrèh turăngga | satriyagêng ing nagari Surakarta | pala wrêddha lajêring jaro saroja | dhumatêngnya panjênênganing arinya ||

--- 4: 112 ---

4. jarwa raka manggalane pra nayaka | kangjêng gusti sira pangran adipatya | parab Karna badhoyo panjang kang warna | Surya Sasraningrat punika kang măngka ||

5. sètu marga praja Sang Sri Dhasarata | tanggulanging nagari Ngayogyakarta | dupa waktra lukita tuduh sakala | sêsampuning ingkang kadya sapunika ||

6. wijil nata rênguning karsa sabawa | wiyosipun yayi sapêngkêr paduka | ari parta parabe Sang Hyang Berawa | kula taksih lam-lamên kala uninga ||

7. pêksi mendra saka layare kang palwa | kalangênan paduka tiyang kang bêksa | silih warna paguting kang paku wrêksa | ingkang mindha Karna tandhing lan Arjuna ||

8. perak tulya maruta măndra samodra | têmahira kapengin arsa darbea | ngumpul warga atmaja Sri Danardana | milanipun yayi mas lamun sêmbada ||

--- 4: 113 ---

9. calon warna ing rèh namakkên sayaka | badhe pintên bingahipun manah kula | katuwana pandaya panjêrum rema | ing wusana sapêngkêring srat punika ||

10. arêng kisma wiku dyah nagri Jênggala | kula saha garwa putra sami arja | Sri Manggada parabe Narpati Salya | duk cinitra Soma tiga likur căndra ||

11. sinrang pada atmaja Natèng Ngawăngga | sasi Sapar Jimawal kang ponang wasa[1] | Durgaputra pundhène para jawata | kang sangkala sabdaning Hyang Girinata |[2][3]|

 


warsa (kembali)
§ Taun Jawi 1797, taun Walandi 1868, wulan Juni. (kembali)
Tanggal: Soma (Sênèn) tiga likur (23) Sapar Jimawal: sabdaning Hyang Girinata (AJ 1797). Tanggal Masehi: Senin 15 Juni 1868. (kembali)