Sêrat Ibêr dhumatêng K. P. A. Natabrata, Pigeaud, 1953, #1422

JudulCitra
Terakhir diubah: 09-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Ibêr dhumatêng Kangjêng Pangeran Arya Natabrata

1. Mijil

1. kang pustaka winêdhar ingkang sih | kinuswèng pamiyos | pangastawa pajar netyasane | sudarmanta jêng pangran dipati | kang măngka irmaning | pratiwa lesiyun ||

2. yogya tumraptaa siswa mami | kang sutagnya ing don | Jêng Pangran Arya Natabratane | wah Hyang Thika ingsun wèh udani | yèn sinung basuki | dera Hyang Kang Agung ||

--- 4: 115 ---

3. benjang ari Ditya tanggal kaping | sapuluh linakon | sajroning silarêsmi[1] Ruwahe | ingsun arsa ngramakkên kêkalih | barêngan saari | dhaub bata rubuh ||

4. kang sasiki uga putra mami | priya ingkang anom | Dyan Mas Arya Găndasaputrane | de barênganira juga malih | prênah ari mami | putranirèng dangu ||

5. rama Pangeran Balatèr swargi | barêng dhaub karo | lan putrane nguni têtilare | swargi jêng kaka pangran dipati | sing pangrêmbe swami | pêparabirèku ||

6. Radyan Ajêng Suminah yun panggih | lan atmajaningong |

--- 4: 116 ---

ya Ki Arya Găndasaputrane | Radyan Ajêng Selok kang sasiki | yèku ingkang dadi | jatukramanipun ||

7. Radyan Mas Găndawardaya benjing | praptaning wêwangson | ijab paningkahe kang pangantèn | wayah sore jam papat marêngi | palasthaning kawin | wêktu Mahrib dhaub ||

8. anèng pura pakarangan mami | kang pangantèn karo | ri wusira kang mêngkono dene | sira miwah pra arinirèki | samoa ingsun prih | prapta andêdulu ||

9. la-êlane kang pangantèn kalih | langên ing patêmon | têkanana sukanirèng têmbe | mring sanggyaning kadang putra mami |

--- 4: 117 ---

sumawung rêsmining | sumrambah rum-arum ||

10. itih pustaka cinitrèng ari | Buda duk katonton | nujwa kaping sad wulan wimbane | warsa Wawu Isaka winarni | wisayèng udadi | sayakti tumuduh |[2][3]|

2. Kinanthi

1. purwèng thika kang kinidung | unadyèng laras kinanthi | sahaya warja kastawa | ramanta Pangran Dipati | Arya Prabu Prangwadana | praptaèng siwaya mami ||

2. Jêng Pangran Natabratanung | bêk sadu parikrama mrih | sanggyaning wandawa wrêdha |

--- 4: 118 ---

wahyanta dhuh putra mami | manira rêngêt pawarta | lamun ibunta pribadi ||

3. simpên thika wasitanung | têtilarira ing nguni | eyang ta Jêng Pramèswara | Ratu Kancana suwargi | wasita saking jêng uwa | Natakusuma lan malih ||

4. suwargi jêng ramaningsun | tuwin eyangira malih | Nararya Jayadiningrat | katri amêmulang sami | mangkono pamiarsèngwang | prastawa yêktining warti ||

5. yèku kalamun satuhu | ibunira andarbèni | pustakadi pariwara | sira sun cundaka kaki | matura mring ibunira |

--- 4: 119 ---

lamun sêmbada ing kapti ||

6. ingsun dahat kumacèlu | wrining gitanya lan malih | lêgawaa ingsun tulad | supadi antuka sami | pra waktyaning kang wiyata | mring rama lan uwa swargi ||

7. yèn wus lêgawa ing kalbu | ibunira lah tumuli | kulup sira kirimêna | kang pustaka marang mami | ri sêdhêng iki palastha | pasamuan sri bupati ||

8. itih sambodhaning kidung | cinitrèng Raditya ari | eka wêlas kang candrama | Dulkijah Wawu kang warsi | sangkala yekang winarna | pănca Brahmana sabda ji |[4][5]|

--- 4: 120 ---

3. Căndrawilasita

1. tênang[6] pisang rakêting têmbung kêkadang | sêrat sarta dinuluring pudya arja | bokor wrêksa wangun sêngkang jaman kuna | dhumatênga Jêng Pangeran Natabrata ||

2. barat wanda kukila duta sungkawa | kang bêksanta asih marang kadang warga | bèbèk rawa ron lêsah ingkang ginăngsa | ing sawise kulup kang kadya mangkana ||

3. krama mimba wêkaja Sri Dasarata | wiyose gèr ramanta asung pariksa | ratri puna[7] panjalin tulising arga | amung sesuk kabênêr tingalaningwang ||

4. pêrkutut gung calêri kang munggèng gunung | ingkang iku yèn dhangan sira sun undang | wêka suta gênthagêng têngêring surya | wayah sore jam pitu sira praptaa ||

5. kawistara baligo kang mindha gada | abojana lawan gerong sawatara | tongkèng seta putra adi bali pura |

--- 4: 121 ---

kadangira cira[8] gawaa sadaya ||

6. tapas arèn dhukut arum ingkang lata | duk cinitra ri Saptu tanggal ping astha | blêndok năngka atmaja Narpati Karna | sasi Mulud Alip angkaning kang warsa ||

7. klalar brama kukila kang jăngga seta | sèwu pitung atus wolung dasa sapta |[9][10] jarwa duta pakaryanta ngupakara | kang pratăndha wakira Mangkunagara ||

 


sitarêsmi (kembali)
§ Taun Jawi 1785, taun Walandi 1857 wulan April. (kembali)
Tanggal: Buda (Rêbo) sad (6) [Ruwah] Wawu: wisayèng udadi suyakti tumuduh (AJ 1785). Tanggal Masehi: Rabu 1 April 1857. Tidak ada bulan dalam tanggal ini, tetapi tanggal enam (6) tahun AJ 1785 hanya jatuh pada bulan Ruwah. Biasanya kata "udadi" berwatak wilangan empat (4). (kembali)
§ Taun Jawi 1785, taun Walandi 1857, wulan Agustus. (kembali)
Tanggal: Raditya (Ngahad) eka wêlas (11) Dulkijah (Bêsar) Wawu: pănca Brahmana sabda ji (AJ 1785). Tanggal Masehi: Minggu 2 Agustus 1857. (kembali)
bênang (kembali)
purna (kembali)
sira (kembali)
§ Taun Jawi 1787 taun Walandi 1858 wulan Oktobê [sic]. (kembali)
10 Tanggal: Saptu (Sêtu) astha (8) Mulud Alip: sèwu pitung atus wolung dasa sapta (AJ 1787). Tanggal Masehi: Sabtu 16 Oktober 1858. (kembali)