Sêrat Ibêr dhumatêng K. P. Angabèi, Pigeaud, 1953, #1423

JudulCitra
Terakhir diubah: 09-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Ibêr dhumatêng Kangjêng Pangeran Angabèi

1. Sinom

1. kiswa kang rumênggèng warna | rodamala kang luminting | sinom sêkaring pustaka | ron anggi sangkaning ardi | kalawan salam mami | mring sira siwayèng ulun | wilangan lwih tri dasa | candrama tanggaping warsi | Pangran Bèi atmajendra Surakarta ||

2. wicara wimbaning nata | kukila seta piningit | wiyose gèr putraningwang |

--- 4: 123 ---

rondhon wangi nuksmèng warih | nalika jênêng mami | seba ramanta sang prabu | patra lêsah ing kisma | Nata Wrêddha ing Pirkari | dhinawuhan ing sajrone sasi Saban ||

3. pambajêng Sri Dasarata | Raja Wedha warsa titi | ramanta jêng sri narendra | arsa aningali pabrik | pathi rêmbêsing sari | ingkang aran Tasikmadu | Patih Klêmbar[1] Blambangan | atmaja Sri Kurandhagni | angkatira ramanta mundhut prayoga ||

4. kang patra alum ginăngsa | duta prabu kusumaji | iku kulup yèn sêmbada | ing karsa jêng sri bupati | wuwung pangarak panti |

--- 4: 124 ---

saka ing panuwuningsun | krama jangkahing têpa | jawataning sitarêsmi | atindaka ing Ditya tri wêlas căndra ||

5. parabe Sang Dwijawara | janma nir dayaning kapti | kang iku măngsa bodhoa | konjuke jêng sri bupati | wêru gêng sêkar wangi | wusana pamintaningsun | mring sira narpatmaja | puwara winudhar gampil | ngarsa-arsa kang dadi wangsulanira ||

6. kèn atma Sri Danardana | kawining kang pandhansari | titi wêdharing kintaka | parabe Sri Salya Aji | cinitra Soma ari | purwa wijiling sitangsu | ping sanga likur tanggal |

--- 4: 125 ---

jawata kang salah warni | kang sangkala tata luhur ngèsthi raja |[2][3]|

 


Kêmbar (kembali)
§ Taun Jawi 1805, taun Walandi 1876, wulan Agustus [sic]. (kembali)
Tanggal: Soma (Sênèn) sanga likur (29): tata luhur ngèsthi raja (AJ 1805). Tidak ada bulan dalam tanggal ini, meskipun gatra ke-6 "purwa wijiling sitangsu" bisa berarti "bulan pertama" (Sura); tetapi tanggal 29 bulan Sura jatuh pada hari Jumat dan bukan hari Senin. Hari Senin tanggal 29 hanya jatuh pada bulan Mulud dan Besar pada tahun AJ 1805. Maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah 29 Mulud AJ 1805 (24 April 1876 M) atau 29 Bêsar AJ 1805 (15 Januari 1877 M). (kembali)