Sêrat Ibêr dhumatêng R. T. Dipakusuma, Pigeaud, 1953, #1426

JudulCitra
Terakhir diubah: 09-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Ibêr dhumatêng Radèn Tumênggung Dipakusuma

1. Căndrawilasita

1. bayu patra jarwaning kang parikrama | sêrat sarta ingkang taklim dhatêng raka | tirta ngrêbda sèrène kêkalih măngsa | Dyan Tumênggung Dipakusuma ping tiga ||

2. mangku praja puspita manut ing surya | Bupatine Banyumas ing Purbalingga | gantal sata sêkar arèn kang purwaka | sêsampune ingkang kadi sapunika ||

3. wijil nata pandaya pangêjum kiswa | wiyosipun kang sarêng sêrat punika | ngatêr buja paluntur tumrap ing jăngga | kula kintun sangsangan rante kancana ||

--- 4: 133 ---

4. wusing karya prajane Sri Bomantara | mung dadosa pratăndha ing trêsna kula | tanggap jarwa kêlabang ingkang markata | katampèna kalayan suka pirêna ||

5. wêru pindha corake wrêksa dinanda | ing wasana sapêngkêre srat punika | ari Parta prabuning wre akiskêndha | kula lawan sagarwa putra raharja ||

6. tapas krêsna parabe Narpati Salya | duk cinitra Soma sêlikur kang căndra | jarwa krama atmajanira Sri Karna | sasi Rabingulakir Êbe kang warsa ||

7. dewa murka arane kang pulas carma | kang sêngkala salira tan ngèsthi marna |[1][2] ciri warna têmbung gunêming sêsama | kang pratăndha ping catur Mangkunagara ||

 


§ Taun Jawi 1808, taun Walandi 1879, wulan April. (kembali)
Tanggal: Soma (Sênèn) sêlikur (21) Rabingulakir Êbe (Be): salira tan ngèsthi marna (AJ 1808). Tanggal Masehi: Senin 14 April 1879. (kembali)