Sandi-Asma lan Wangsalan, Dirdjosiswojo, 1957, #1257

JudulCitra
Terakhir diubah: 27-08-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sandi-Asma lan Wangsalan

Kanggo S.G.B.

Kaklumpukake dening Dirdjosiswojo Kepala Inspeksi S.R. Kabupaten Klaten.
Penerbitan "MAS" Surakarta.

--- [1] ---

Sandi-Asma lan Wangsalan

Kaklumpukake dening Dirdjosiswojo Kepala Inspeksi S.R. Kabupaten Klaten.

--- [2] ---

[...]

--- [3] ---

Bêbuka

Buku iki isi sandi-asma lan wangsalan, mêthik saka buku-buku karangane para pujăngga utawa para ahli basa.

Ing pangangkah buku iki kênaa kanggo pêpiridan utawa lêlimbangan marang para marsudi basa, apadene bisaa dadi pamiluta marang para mudha trêsna marang basane dhewe têmah padha ngudi murih sampurnane, laras karo jamane utawa bisa "nut ing jaman kalakone".

Trêsnan basa atêges trêsna marang băngsa lan nêgara.

Sapa baya kang wajib nglêluri tinggalane para lêluhur kita, ora ana liya iya mung anak putune, yaiku para mudha.

Panulise buku iki ana kang nyêbal saka wêwaton kang wis kalumrah kanggo ana ing pamulangan, ing pangarah supaya gampang panggarape, apadene aja kongsi owah saka bukuning têmbung lan panulise nganggo aksara Jawa.

Wondene kang nyêbal mau yaiku:

1. ? (t titik ngisor) ditulis th.

? (d titik ngisor) ditulis dh.

sandhangan "pengkal" ditulis y.

2. Tulisan Latin manut paugêran tulisane Jawa, kaya ta:

a. têmbung dwipurwa ditulis mangkene:

wawaton ora wêwaton

titiga ora têtiga

pupuji ora pêpuji

tetela ora têtela

sosongar ora sêsongar

lan sapanunggalane.

b. manawa tulisane Jawa mawa "taling tarung" ana ing tulisan Latin têtêp nganggo "o" upama:

blonja ora blanja

tongga ora tangga

lomba ora lamba

lan sapanunggalne[1]

--- [4] ---

Anane digawe nyêbal saka wêwaton kang kalumrah kanggo ing pamulangan, iku istingarah mêngku pangarêp-arêp supaya panulise aksara Jawa aja nganti klèru. Katrangane mangkene:

1. Aksara rekan "?" lan "?" diganti "dh" lan "th" supaya aja nganti kècèr ora katitik ngisore, awit manawa titik ngisor nganti kècèr, têgêse dadi ora cocog karo samêsthine, umpama:

dêdêl karo ?ê?êl

pêtak karo pê?ak

tutuk karo ?u?uk

lan sapanunggalane.

Nanging manawa ditulis "dh" utawa "th", kaya-kaya ora bakal kècèr, têmah ora ngowahake têgêse.

2. Sandhangan "pengkal' ditulis nganggo "y", supaya aja nganti kisruh, upama:

madya karo maja

sêtya karo sêca

lan sapanunggalne

3. Têmbung dwipurwa katulis miturut tulisane Jawa, awit tumrap kang ora kulina marang paramasastra Jawa lumrahe panulise cara Jawa manut tulisane Latin, wêkasan banjur dadi luput, upama:

(pêpitu) bênêre (pipitu)

(pêpuji) bênêre (pupuji)

lan sapanunggalne.

4. Manawa ing tulisan Jawa ditulis mawa "taling-tarung", ing tulisan Latin têtêp mawa "o". Awit tumrap kang kulina nulis Latin cara sêkolahan, barêng nulis Jawa dadi klèru, upama:

nangka ditulis Jawa n=k bênêre [n=ok

blanja ditulis Jawa bLvJ bênêre [bLovJ

lan sapanunggalne.

--- [5] ---

Muga-muga buku ini[2] ana paedahe tumrap para kang kasdu nyinau basa Jawa.

Klaten, 17 September 1957.

Dirdjasiswaja.

--- [6] ---

[...]

--- [7] ---

Sandi Asma

Sandi asma iku têgêse asma kang sinandi utawa asma kang didhêlikake (digawe wadi). Lumrahe sandi asma iku dumunung ana ing têmbang, yaiku asmane kang ngarang dipisah-pisah wandane, sinamur ana ing gatraning têmbang. Sandi asma iku lumrahe dumunung ing pada wiwitaning carita utawa ana têmbang kang wêkasan dhewe, ana uga kang dumunung ana têngah-têngahing carita, nanging iku arang-arang kang tumindak.

Mungguh traping sandi asma iku warna-warna, yaiku:

1. dumunung ing sabên pada lingsa, ana ing wiwitan utawa ana pêdhotan lan ana ing wanda wêkasan.

2. dumung ing wiwitaning têmbang, dadi ana kang nganti sapuluh pada lagi rampung.

Tumrap para ahli basa, luwih-luwih para pujăngga, anggone gawe sandi asma iku èdi pèni, apadene luwês, nganti sok ora ngêtarani manawa iku ana sandi asmane.

Ing ngisor iki kapêthikake sandi asma sawatara. Murih cêthane sandi asma kang piningit ana ing têmbang mau ditulis manjila (dicêthakake), kaya kang kapratelakake ing ngisor iki:

Tuladha Sandi asma.

1. "Sinom"

kang kocap jêng sri narendra | gusthi titikaning nagari[3] | patih ngengeras pandriya | rancakan angêrêh budi | dining para warga ji | tinata harja tanajun | yayah manggung sulaya | kulina nalatan yukti | gagasira rarasan kang tanpa karya ||

Sandi asma: Kangjêng Gusti Pangeran A.A.M.N.

--- 8 ---

2. "Dhandhanggula"

kang winahya jêng kusumanjing[4] | gusthi sastra tinuting sujana | pangringkêse ngeramake | rantaman amangapus | dibyanira para maharsi | titika harjèng naya | manggih nugraha gung | kunane ana pandhita | gagarane rakêt lan sang sidajati | pingit mring patyasana ||

Sandi asma: Kangjêng Gusti Pangeran A.A.M.N. IV.

3. "Asmaradana"

amardawa-dawèng tulis | dimèn kinarya têtilas | sumawana pêpèngête | sasmitanirèng carita | trajuning lêlampahan | marganing sujanma idhup | di luhung myang kayuwanan ||

kasêbut utamèng dhiri | ing tingkah solah sabawa | ngawruhi ing sabarang rèh | yowahnaning susilarja | gyanya amêsu budya | kartaning buwana agung | tatalêsing jana priya ||

Sandi asma: Adisusastra mardika ing Ngayogyakarta

--- 9 ---

4. "Kinanthi"

rarasing gita yèn wimbuh | dèn sawung ing têmbang kadi | masdrawa tinrapan hirya | ri kang nindya lumrang wêning | ya mangkana malih pama | gănda marum kongas saking ||

kusuma anjrah sumawur | tan sêndhu manduk ing aksi | miwah tumujwèng nasika | mangkana karya upami | titis langêning lukita | lamun rinancanèng gêndhing ||

5. "Dhandhanggula"

kang mangagnya mrih sarkarèng rawi | jêngira sang narèswaratmaja | pangagasing sarirane | ngèngêti kalanipun | rancaking tyas duk anèng ardi | anggung dènya sangsara | ngambah jurang sirung | beda praptaning sanggrahan | ical saking rancakan enggaring galih | marma kinèn amarna ||

6. "Dhandhanggula" (Cêmporèt)

songsong gora candraning hartati | lir winidyan sarosèng parasdya | ringa-ringa pangriptane | tan darbe labdèng kawruh | angruruhi wênganing budi |

--- 10 ---

kang mirong ruharèng tyas | jaga angkara nung | mita luwar ing duhkita | aywa kongsi kewran lukitèng kintèki | kang kata ginupit[5] ||

7. "Asmaradana" (Bambang Dwihastha)

kumêsat sranèng èsthi ji | lalu lênglêng kalanglangan | rong kendra nut purputêke | gayèng giyuh nahên yoga | warta wiyat pratignyanya[6] | sinamur mor nawung kakung | tatambaking tamèng baya ||

8. "Pêthikan Joko Lodhang"

rongèh jlêg tumiba | gagaran santosa | wartane mèh têka | sikara karodha | tatage tan katon | barang-barang ngêrong | saguh tanpa raga | katali kawawar | dhadhal amêkasi | tăndha murang tata ||

9. "Wêdha jatmaka"

tan pantara èsthi tyas hartati | lir winadyan sarasèng parasdya | ringa-ringa pangriptane | tan darbe labdèng kawruh |

--- 11 ---

mung ngruruhi wênganing budi | kang mirong ngaru-ara | jaga angkara gung | minta luwaring duhkita | aywa kongsi kewran lukitèng kintèki | kang kata ginupita ||

10. "Gambuh" (Wêdharaga)

trusan rong saptèng lêbu | ki pujăngga panggupitanipun | tawi tawar ing surasa tanpa manis | marma kongsi karya pemut | mung mèt marta karahayon ||

11. "Sinom" (Majalah Panggigah Trêsna Basa Jawi)

madyèng cipta ngèsthi truna | nangi mrih nguningani[7] | niti basa lan nyurasa | sapa trêsna basa Jawi | winêling wola-wali | lilingên kang nganti atul | tulise pinilala | lamun eling anêrusi | si marsita kang surat ginatra suta ||

--- 12 ---

12. "Dhandhanggula" (sêrat ibêran).

raras ririh nawala wus tampi | dèn angjingkên sajroning wardaya | dirgayu ing pakarti rèh | jawi pan trusing kalbu | sisip sêmbir raka kêkalih | walèh nyuwun ngapura | yayi karsa nglarut | wasana namung punika | gita-gita rinêngga ing dhandhanggêndhis | tulus dadya sumitra ||

rasaning tyas gêtêr anêrusi | dene kadhung cupêt kawruh basa | dirgamane luwih akèh | jaragan misih cubluk | sisip sêmbir pan dèn andhêmi | wani-wani angripta | ya mung trima luwung | kadêrêng tyas mangun basa | lagu lagon lêlungiting basa Jawi | tênta trus jro wardaya ||

--- 13 ---

Wangsalan

Wangsalan iku têgêse wangsulan, yaiku ukara kang ngarêp dadi wangsulane ukara candhake, utawa dadi wangsulane kang dikarêpake.

Mungguh wangsalan iku ana kang wutuh, ana kang tugêlan. Ana manèh kang mung dijupuk têgêse bae, tuladhane mangkene:

I. Wangsalan wutuh:

kêmbang kêncur (sèdhêt) ...

sèdhêt kang sarira.

(Wangsalan "sèdhêt" isih wutuh dadi "sèdhêt")

II. Wangsalan tugêlan:

nata dewa (bathara) ...

amung sira ...

(Têmbung "bathara" mung dijupuk wandane wêkasan "ra").

III. Wangsalan mung dijupuk têgêse:

ulêr kambang (lintah) ...

yèn trima alon-alonan.

(Têmbung "alon-alonan" iku têgêse padha karo "satitahe" mirid saka wangsalan "lintah").

IV. Dumunung ing pagunêman:

Wah, kok ngambang[8] pohung, ngingklik, arêp mênyang êndi?

(Kêmbang pohung iku "ingklik", banjur dadi "ngingklik").

Mungguh wangsalan iku ana kang dumunung ing têmbang utawa dumunung ing sêsêndhonan. Kang dumunung ing têmbang kudu ngèlingi guru lagu lan guru wilangan, dene kang kanggo gerong utawa sêndhonan iku ana rong gatra, sabên sagatra ana rolas wanda. Gatra kang kapindho iku kang dadi jêjêring rêmbug.

--- 14 ---

Ing ngisor iki tuladha sawatara wangsalan kang dumunung ana têmbang, sêndhonan lan pagunêman.

Tuladha Wangsalan.

A. Dumunung ing têmbang.

1. "Pungkur"

jirak pindha munggwing wana (kusambi) | sajêng kaga (kala) we rêkta kang muroni (anggur) | nyênyambi kalane nganggur | wastra tumrap mastaka (ikêt) | pangikête wangsalan kang sêkar pangkur | baon sabin ing nawala (karya) | kinarya langên pribadi ||

(Rêrêpèn M.N. IV).

2. "Pangajap sih"

singa ranu (baya) | panusuling magut pupuh (bantu) | baya bantu ing branti | kawi sêkar (kusuma) | srana pambengkas ing rapuh (usada) | mung kusuma | kang bisa wèh usada wuyung | ciptèng driya (sêdya) | andhêging ukara kidung (pada) | sêdya kula ngèstu pada | sarpa krêsna (ula dumung) puspa rujit (gubah) | mung andika masku | kang sung barubahing galih ||

(Sêkar-sêkaran M.N. IV).

B. Dumunung ing gerongan (gêndhing)

" Sita mardawa"

1. sambêr lilèn sabèng ranu (bibis) | hèh robaya | gêlar sata pancakara (ulah) | pantên | ingkang bisa ulah praja ||

(Sêkar-sêkaran M.N IV)

--- 15 ---

2. kêmbang gêdhang (tuntut) | manglung maripit balumbang | patute wong ika | têdhaking ngawirya | sêmune jatmika | solahe pasaja ||

(Sêkar-sêkaran M.N. IV).

C. Dumunung ing sêndhonan.

1. Anak kutuk (beyongan) | kutuk domba munggèng rawa (dêlêg) | Bêbekane dêdêlên budi raharja ||

2. Durna putra (Aswatama) | putra Arya Kumbakarna (Aswanikumba) | utamane wani anglêlara raga ||

3. Imbal sabda (rêrasan) | pangabaran duratmaka (sirêp). | Bisa nyirêp rêrasan kang tan prayoga ||

4. Jênu tawa (tungkul) | mega panjang ing gêgana (mêndhung) |

Ywa katungkul gumêndhung ing tindakira.

D. Dumunung ing pagunêman.

1. Kok njanur gunung, kadi ngarèn.

2. Ênggonku mêntil gori, bal-balan.

3. Ngrokok cêndhak, nêgês-nêgês.

4. kowe iku nglengkong pawon, mêsthi nyulayani.

--- 16 ---

Wangsalan Katata Manut Dêntyawanjana

A: a

ancur kaca : rasa

ancur sotya : dhasar

ancur pêthak tumrap cêrmin : rasa

ancur gêdhah winikara (pinardika) : rasa

andanu wisma : kêbo

andêl Ngalêngka ji : Duwrêksa

anome Bathara Krêsna : Narayana

andhêging ukara kidung : pada

araning jati ngêmasi : ngarang

arane basa nawala : ukara

arèn winayokkên lama : cokak

arum wijiling wacana : gawe rêna

arum pangungruming suta : kudang

atma jendra Gêndrayana : Prabu Jayabaya

atmajèng Sêntanu Rêsi : Bisma

atma dwija Sampani : Jayadrata

atmajèng Kêkayi : Barata

atmantara : jiwa

asli braja : tangguh

asta jawat lan ngulama : salaman

alun-aluning sayana : sêmu

aliting matêngga raja : blêdug (anak gajah)

alite narendra putra : pangeran pati

alite buron gadarba : gogor

aprang nungkul tanpa lawan : têluk

aprang dalu praptanira : tukup

ajar-ajaraning năngka : nyamplung

ajar-ajaraning bawang : siyung

ayam kuncung sabèng wana : mêrak (cohung)

ayan pilêk lara mata : pilêrên

ayam pingul tuntung rêkta : pitik klawu

ambara lali sih jiwa : mati : kalanggêngan

agunging toya narmada : bêna

anggon-anggoning wibawa : dana

--- 17 ---

angliga sarira : wuda

anggi-anggi kinanthongan : ponjên

iring muka : pipi

Iswara nagri Biraji : Aspadriya

iwak kotès kang wua[9] kawak : kutuk

ijo pinggir têngah jingga : papasan matêng

ijo pinggir têngah pita : pare anom

imbal sabda : rêrasan (gunêman)

ing Ngindarba Narapati : Darmawasesa

ing Yujana Sang Prabu : Kewusnendar

ucêng kandhat : sriwêt

urèn jamus sirah pita : jalak pênyu

urang domba kang utama : urang watang

ukêle tinêngah sêkar : bangun tulak

ula dumung mănca warna : ula wêlang

ulêr kambang : lintah

upaya kinêmbar warna : patah

ujung kampuh : kunca

ujung jari : kuku

uyah lêmbut karompolan : carat

umpak dêdêring curiga : mêndhak

ubaya kang tanpa warna : tan nyata

unggyaning piranti : gêdhong

eka wastra : satunggal

etang siti : karya

êmpêr janur mêngku karya : tarub

ondakara surup : mahrib

ombak gêng mawa maruta : arus

ăngka warsa : lawas

êlar ayam amung sada : cêmara

êlar kang pinggir priyăngga : pênjawat

êmpu adi Majalêngka : Êmpu Supa

êmban-êmbane Sumambita : slendhang : rimong

--- 18 ---

Na : n

nandukkên jêmparing : manah

narănta kawin nahita : kandhuwan brăngta

narpati ing Sindula : Galuh

narpati ing Ngawongga : Basu Karna

narpati ing Ngayodya : Dasarata

narmada nir toyanira : asat

narmada kantunan warih : asat

narmada lit ngalang marga : kali

nata sura : Hendra

nata dewa : Hendra : Bathara

nata baya kêdhung surya : bau rêksa

natèng angga : ati

natèng Kobar : Yusupadi

Natèng Pêngging kaping tiga : Păncadriya

naga putri Widayaka : Jaka Linglung

niring sura : wêdi

niring bêndu : lilih

niskara kang ngewani : saru

ninging tingal : waspada

nulat sastra : nurun

nungkara datanpa sastra : ura-ura

netya manda ing pangèksi : sêmu

Ca :c

cacah kisma : karya

cacah sabin kalih karya : kikil

carêming rèh palakrama : atut

carma wrêksa kang wis luru : klika

carma tumrap ing pada : sêtiwêl

carma reka : wayang

cabe lit rone malintir : pêgat sih

ciri praja : wêri

cipta driya : sêdya

cipta maya : angên-angên

cumbananing manyura : ngigêl

cengkrong alit : sêking

--- 19 ---

Ra :r

ranu mijil bomantara : udan

raning prana : tyas

raning wana basmi : tunon

raning aji : narendra

ranti gunung : krangeyan

rakiting payudasamara : kêmul

rading măngsa : têlas

rasa madu : manis

rawining kang ringgit purwa : lakon

rajaputra Nglesanpura : Sêtyaki

rajaputra ing Madura : 1. Kakrasana, 2. Narayana, 3. Sêmbadra | Bratajaya, 4. Kongsa

raja ing Singgêla : Gunawan

rajèng praja Ngambarkawit : Unuh Marjaban

rangkêp têmbunging ngèksi : andulu

rangkêp tundhuning sari : sungsum

riris arda : dêrês

riris mănda : kêpyur

risang Nangkula ri : Sadewa

ringgit Majalangu : srimpi

ruruning rondhon : ngarang (nggègrègi)

rêrusuh kang mamrih brana : njarah rayah

ruwating têmbung naracah : amit-amit

rumantan mingsêr panggonan : ngalih

rubèng garwa : kaya

rema seta : uwan

ron usada : lampês

ron kamal kang kuning : sinom

ron dêling têngêring marga : sawi

roning tangkil kawis : so

--- 20 ---

ron tilarsa : lirih

ron lêsah anèng siti : uwuh

ron pari kang lêsah : dami

roning pantun : dami

rondhoning siro tilarsa : lirih

rondhon kentaring toya : sarah

rowang têmah dadi wêri : mbalik

rêgêding pawaka : awu

rêrêgêd kentir ing toya : sarah

rêngganing basa nawala : kawi

Ka : k

kacumbuning Dwijawara : Endhang

kancuh duta narpati : kanthi

kancing lambang : tăndha

karaca winoring dupa : unêm

karoya kang pindha warni : prèh

kramane sawalèng kayun : padu

kramane marah siwi : mulang

krama sêngsêming sasana : krasan

kramèng boja : nêdha

kramane pangamèt kapti : sruwe

kramane pangèksi : anom

kêkawining èstri : wanodya

kêkawining jatukrama : garwa

kadarmaning jro wardaya : rahayu

kadang Kartapati : Andaga

kadang têpunging basa : karuh

katu alit warna wungu : cung-cung bêlut

kasut kayu : gamparan

kasmaraning rum : kayungyun : karungrungan

kawi sêkar : kusuma : puspa : puspita

kawi jiwa : atma

kawi papa : sudra

--- 21 ---

kawi kombang : madu kara

kawi sêdhih : wiyoga

kawi sêmu : sasmita

kawine kang sêsotya di : mulad

kawining putra narendra : satriya

kawis pita : maja

kawuk kang madha warni : mênyawak

kalêmbah gêng : rêsah

kalabang sumunu : rêna

kaleca kang rasa kamla : mundhu

kalabang mawa panjuta : rêna

kalesa kentar toya : sarah

kalpika rêkta : mirah

kalpika tumraping braja : pêthuk

kalabang makartèng ratri : rêna

kalpika pangrapu basa : panglipur

kalabang kang mawa teja : rêna

kadhal gogo : baya

kajang tawang : langitan

kayu rêngka : janglar

kayu lit malang ranu : wod

kambing wana mawa siyung : kidang

kampuh nendra : singêb (kêmul)

kang raga tinilar sukma : mati

kang tinut sabarang karya : nglakoni

kang toh kuda : tapak hyang

kintèki pakirim cirine : ngalamat

kirap wastra : kêbut

kisma rêngat : têla (nêla)

kisma wiyat : langit

kisma lungit : lancap

kisma mawur : lêbu

kimpul gunung : talês

kunir wisma : têmu

kunir wisma kêmbang rêkta : têmu

--- 22 ---

kunir pita : têmu

kunta Krêsna : cakra

kucing wana : kuwuk

kucing ingkang mawa gănda : rase

kursi lawak sikil dênta : dhampar

kukus gantung : sawang

kukus gunung : ampak-ampak

kukila kulêm sabawa : kudhasih

kukila kang among dhustha : tuhu

kukila kang măngsa pêksi : alap-alap

kukila gung sabèng ratri : kudhasih

kusumastra : pamor

kusumèng dyah Kaelani : Kelaswara

kusuma di nandur wenda : paprêman

kulah kayu : tong

kutut gung tutul murdanya : drêkuku

kuji gêng tasik waja : kasange Marmaya

kèn ing Daha : Dèwi Kirana

kelor wana : sana

kăndha purwa : lakon

kêndhang gêdhe têngah rina : bêdhug

kêndhang gêng têngêring jurit : têtêg

kêndhal jêram : sêrêng

kêcik miring rainira : giwang

kêpêt dangan : ilir

kêmbang kêncur : sèdhêt

kêmbang salak : dongong

kêmbang suruh : drèngès

kêmbang pête : pêndul

kêmbang jêring : cuwis

kêmbang lumbu : pancal

kêmbang krambil : manggar

kêmbang kunci : boros

kêmbang blimbing : maya

kêmbang durèn : dlongop

--- 23 ---

kêmbang arèn : dangu

kêmbang gêdhang : tuntut

kêmbang jati : jangglêng

kêmbang jambe : mayang

kêmbang kapas : kapi

kêmbang pandhan : pudhak

kêba upih : tlèdhèk

kêthèk krêsna : lutung

Da : n

dasa namaning dipăngga : èsthi

danu madya : samar

darunastra : sumbon

drananing panggawe : wêgah

dyah atma ing Madura : Rara irêng : Brata Jaya : Sêmbadra

ditya lit kang gundhul : wilwa

diwasaning ari : dalu

Durga putra : Bathara Kala

dening wong agung cangkrama : pêpara

dêling malang kang binêkuk : pêlak

Ta : t

tanu gangga : baya : bajul

tanuning we : baya : bajul

tanaya Pandhita Durna : Aswatama

tanayèng Kêdhiri : Căndrakirana

tanaya madya Wiratha : Utara

tanpa cengkoking wacana : pasaja

taru arga lir kisma rondhone : cêmara

taru di ing swarga : Dewandaru

taru kang nêdhêng rumêmbe : ijo

taru wilis tanpa patra kayu urip

trahing wirya : radèn

trawas karang : malam

--- 24 ---

tasik mănda : lamatan

tawing wastra : kêlir

tawon wisma : tawon tutur

tapas arèn : duk

tyas sangsam binumbu : ayêm

tanya dhustha : nyapa

taman lêngka : taman soka

tambang pisah : pêdhot

tambang pangêncêng kêlir : pluntur

tambang kumba : ikêt

tangèh măngsa : lawas

titi krêsna : purnama : padhang bulan : silêming surya

titi pracihnaning kata : tăndha

tirta wijiling angga : kringêt

tirta harja : anggur

tirta rêkta : anggur

tirta maya : bêning

tilam wastra ring kêkapa : kasuran

timun wana : papasan

timbangane janaloka : kamuksan

tundha basa : lantur

turăngga linêgan karsa : diuja

turăngga rêkta kiswane : napas

têtula mungging turanggi : timbangan

tungguling hapsari : Supraba

terong lit : ranti

teja kang mawa warna : kluwung

teja bengkok nginum warih : kluwung

toh pita anèng angga : panu

toh kuda : tapak ayang

toya kêbak ing jêmbangan : agung

toya kêndhêg winisaya : mambêg

--- 25 ---

toya reka : bêndung

toya kang binengkat pada : ambajong

tămbra mimba : iwak mangur

tămbra lit kulinèng arga : mangur

têkên palwa : satang

têpi wastra kang jinawi : kêmadha

têpit waja : bara

têpis wiring : srêngat

têmu bang ande marna : kunir

têgêse basa sarkara : manis

têbèng kori : warana

Sa :s

sahing pêgat : idah

sanjata pamupuh : gada

sandhang lawe măngsa wohan : manuk ling-lingan

sarah madu : malam

sarah tala : malam

saron gêng măngka manggala : dêmung

saron bumbung : angklung

sarana pambengkasing rapuh : usada

sarana giyota milir : wêlah

sari seta : pohan

sarpa warna : ula wêlang

sarpa lêngking : ula dumung

sarpa krêsna : ula dumung

sarkara drawalin nama : kelang

srati dyah èsthi putih : Mundaningkung

saksi sabda mring pradata : Sahid wara

sadpada bubar sing tala : kambu

sadpada lit ulêng nèng wisma : tawon tutur

sadpada lit talèng kisma : tawon tutur

sata wana kang kêkuncung : mêrak

sato gănda : rase

satriya di ing Singgêla : Bisawarna

satriya di purèng Glagahwangi : Radèn Patah

satriya kumêndhir tunggul : wong bandera

--- 26 ---

satriya kang pinardika : parimarma

satriya kang mati raga : tapa

sasi surya : măngsa

sêsawi kang mungging wisma : aling-aling

sastra darma : aksara jêjêg

sastra pangêndhêging kidung : pada

sasmita basa wilasa : ngasih-asih

sawi janur : gawar

sawêr ponthang : ula wêlang

salah cipta : korup

saput netra : mêrêm

sapatêmone akrama : dhaup

saji siswa : mong-mong

sayuk karya : iyêg

sayèng kaga : kala

sayakanira Hyang Wisnu : cakra

sampang panggilap wrêksa : prênis

sambêr lilèn sabèng ranu : bibis

sanga lan loro : sawêlas

Sang Indrakila Rêsi : Mintaraga

sang marendra[10] kapi : Sugriwa

Sang Wrêsni Kesawa Prabu : Sêtyaki

sang kêkatang pindha rajung : plumpung

sangku alit : cêmung

sangku kisma : cuwo

Sang Madrim tanaya : Nangkula | Sadewa

sindu raga : kringêt

sirating bramara : madu

Sri Narendra Manggala : Citragada

sikatan bang ngrêmbaka : kêmbang soka

siti rêngka katri măngsa : têla

siti rêngka ing sêsabin (têtêgil) : têla

siwi aji : kangjêng gusti : pangeran

--- 27 ---

siwaling wrêksa dinada : tatal

siwayaning pramèswara : rajaputra

sipat krêsna : cêlak

singa ranu : baya

singa wastra : tuma

singat toya : ugêt-ugêt

singgang gung kang piniyara : winih

surendra bawana rêsi : Narada

surya lumêbèng ancala : surup

surya lalu măngsa : lingsir

surya lalu diwasa : lingsir

surya diwasaning laku : lingsir

surya giwang : lingsir

suraya jayèng ngalaga : măndraguna

sudarma Basudewa ji : Basukêthi

sutèng Endra : Dèwi Tara

sutèng Bima sing pratala : Ăntarêja (Ăntasena)

suwati kang ngrabasèng tiris : kwangwung

suling pêksi : sawangan

sujanma misaya mina : njala

sujanma anglarut karsa : kêbanjur

suyasa anyar kinarya : ngalih

suyasa bêntar jro pura : panggung

sumêndhi putra Ngalêngka : Trikaya

senthe lit sasanèng arga : kajar

senthe wukir : kajar

senthe jurang : kajar

sela adi : rêtna

sela sirna ring pawana : luluh

sela cala radin : lètèr

sela panglawêd gănda : pipisan

sela kang rininjing : guling

sela curna ing pulang : luluh

sela wiyar ing narmada : lètèr

sotya rêkta : mirah

--- 28 ---

sotya rêkta ing kalpika : mirah

sotya karna : suwêng

sotya kakawin : mulat

sotya mungging wiyati : lintang

solahe wong mangun yuda : gêlar

songsong prana : tinatur

songsong brana : tinatur

sêndari dara : sawangan

sêndhang gêng pucaking wukir : tlaga

sêndhang lubèr ingkang warih : agung

srênging karsa : karêp

sêkar randhu : karuk

sêkar arèn : dangu : kadi

sêkar awoh tasik : noja

sêkar katga : pamor

sêkar adi ngantariksa : lintang

sêkar pisang : tuntut

sêkar biru : têlêng

sêpat domba : gramèh

sêpat panjang : wadêr

sêmbung langu munggwèng gunung : godhong sêgagu

sêmbadane kang warni : pantês

sêmbilang mawa curiga : lele

wa : w

wanara gung : wawa: rangutan

wanara Anjani putra : Anoman

wantya Sang Naribrănta : Abiyasa

wardining kang pulas carma : warna

wadêr kalèn sêsondhèran : sêpat

wadêr gung kang pindha gada : wagal

watêse kang tulis : pada

watang curiga : ukiran

watang wadung : sangkal

wastra tawing warana : kêlir (aling-aling)

--- 29 ---

wastra tumrap mastaka : ikat[11]

wastra singêp pamuja : rukuh

wastra ngiras bêbênting : cita : latha (mas ngantèn)

wastra ngangrang têbèng pêtani : gas

walang panjang măngsa pari : walang sangit

walêsan songsong kuning : dhandhan

wangkawa manawung surya : bêndu

winda madya : sumaput (wisa + satêngah)

wicitra tanpa karana : ngayawara

wicara mawa karana : tarka

wicara dalan jinarwa : wadi

wiryane putra narendra : pangeran

witana munggwèng bacira : bangsal

wiyasaning kukila : kala

wisma sasanèng kawaca : gêdhong

wiwara tanpa warana : mênga

wiwara di dhatulaya : ari manganti

wilada kang patra lêmpit : êlo

wilangan kinarya urup : ngèlmu petung

wilangan wolu lan kalih : sadasa

wipratmaja ing Ngastina : Aswatama

widhe langsur : bara

widhêng galêng : yuyu

wijile rêrasan driya : karsa

wiyangga lit : salira

wimba maya : katon

wimbaning kang căndra wela : rêmbulan purnama

wukir japan : têmpuran

wulu bauning kukila : êlar

wulung wido măngsa rowang : bidho

wêning angga : kringêt

we rêkta kang muroni : anggur

we wijiling diri : kringêt

we wijil sing antariksa : udan

--- 30 ---

woh kusambi : kêcacil

woh langsêp kang madha rupa : pijêtan

woh gêbang kang rinumpaka : krandhing

wohan sungsang : timun

wogan lit tumbal wisma : akar bakar

wong atiwas têmbung sandya : samar (kak-kong)

wrêksa angkuring suyasa : tadha

wrêksa kang rineka janma : golèk

wrêksa langking sisaning agni : arêng

wrêksa minangsèng siking : arêng

wrêksa gung gumuling kisma : prêbatang

wêdale ajating nata : tingalan

wêwêkas seba ri lunga : tinilar

wêlas mara : bali

wêlud wana mawa wisa : ula

wêdhare têmbung kêkêran : kababar

wêdhus kang sabèng wana : kidang

La : l

laos wohe pindha wrêksa : kapulaga

lancur cêkak : papak

laraping kang riris madya : kêpyur

lara kawongan : brăngta

lawa gung : kalong

lali jiwa : sare (turu)

lalu măngsa : kasèp

lalu diwasaning surya : lingsir

lalêr wana : cêpiplès

layon wastra : lungsuran (gombal)

layar pêksi : lar

lampis kang wungu godhonge : pung

lampit toya : bara

lambang brana : urup

lagu sastra : têmbang (sêkar)

lurah Êmpu Majapait : Êmpu Supa

lusi gung kang sabèng rawa : wêlud

lung măngka usada : lênglêng

--- 31 ---

lunging kacang : lêmbayung

lungse măngsa : kasèp

loca nendra : nglindur

lomèng wade : murah

lojine wong Pasuruan : gêmbong

lêmah sonya : samun

lêmpuyang woh balimbingan : parêsah

lênging roga : talanjêr

Pa : p

panu rêkta : toh

paningsêt sampur wanita : udhêt

panusuling magut yuda : bantu

panusuling magut pupuh : bantu

panulis kang pucuk wêsi : pèn

panukartaning kusuma : ngrujit kêmbang : gubah

pantun aglar ing pangleran : winih

pandaming rat : ăntakara : srêngenge

pandaya pangolah kisma : waluku

pandaya mardisarkara : gilingan

pandayaning panitra : kalam

pandaya tuduh măngsa : bêncèt : jam

pandakwa maring wong juti : tarka

pandhan rêkta : nanas

pandhan dhepok tanpa gănda : kêmbang bakung

pacêt agung ing narmada : lintah

paron pamunduling rukmi : Endra

parabe pawèstri : wadon

parabe Hyang Surapati : Hendra

parabe Sang Mayadwija : Mahayêkti

parabe Hyang Nilakantha : Hyang Pramèsthi

parab madyaning Pandhawa : Arjuna (Janaka)

parabe Sri Basudewa : Sadana

parabe Sang Marabangun : Priyêmbada

parabe sang dwijawara : wiku

parabe Sang Dananjaya : Pêrmadi (Janaka)

parang jaja ing juwita : susu

prajane Sang Wisnusiwi : Traju Trisna

--- 32 ---

pragosa lit janjam warna : tukang (kêthèk)

prasidaning laku : banjur

prajane Sang Suryasiwi : Ngawongga

prajane Sang Sumali : Ngalêngka

prajane Prabu Nirwata : Ngima-ima taka

pakaryane dwija wara : mêmuja

pakis mudha : lung

padmasana : dhampar

patalunan kang abêra : ara-ara

patih nagri Maèspati : Suwănda (Sumantri)

patrarêndra : dhampar

patih Prabu Amijaya : Mas Mănca

patih Sri Suryabuwana : Jugulmudha

patrawisa : kêmadhuh

patra jana : sarah

patrêming andaka : sungu

pasang ilining tasik : arus

pasewakan jro niyaka : srimanganti

pasewakaning tamu : bale mangu

pasir krêsna ngujwala kaèksi : wêdhi malela

pasewakan jro tumênggung : srimanganti

pasiran ing bêngawan : bulus

palwa kandhêg ing muwara (samodra) : labuh

palabuhan nusa Jawa : Jêpara

paluntur godhi nèng wisma : ura-ura

pêpaèsing netra : larik (rik)

papan wiyar tanpa taru : ara-ara

pêpakêm wayang kinăndha : lakon

paja-paja ing wardaya : angên-angên

paja-paja ing locana : ton-tonên

panyandhêt sidaning karya : wurung

pamèt brana jro pratala : mêlik

pamrihe băngsa srênggara : ngarih-arih

pamong dwija : nyawa

pamoring èstri lan priya : dhaup

--- 33 ---

pambangun atêp wisma : mayu

pamburaking kaga : gusah

paguting prang : têmpuh : campuh

pagêr pura : pagêr bata (bètèng)

pagêr kuda : palang

pathine we jaladhiyan : uyah

pathi toya : uyah

pathi kisma : watu

pathine băngsa sarkara : gula

pangabaran pêksi : jajah

pangabaran pandung : sirêp

pangabaran duratmaka : sirêp

pangajaping wardaya : ngarsa-arsa

pangrantaming pradăngga : sêndhon

pangikêting duratmaka : lalaran

pangkat janma : kalungguhan

pangkat laguning ukara : pada lingsa

pinang gora : dhawe

pikukuh isining praja : manggala

pisang panjang tanpa sari : gêdhang gêbyar

pisang lêsah : dalu

piji gêng kang muggèng kawis : girang

punagi sidaning karya : kaul

pundhèn Sang Pandhusiwi : Kalimasada

purwa desa : cakal bakal

putra Endra : Tara

putra adi ing Madayun : Muninggar

putra Nata Yudayana : Gêndrayana

putus ing pangawruh : sampurna

pusaka Nata Pandhawa : Kalimasada

pusara tabiring wisma : ura-ura

pusata[12] pangikêt găngsa : pluntur

puspa lulut : tlasih

puspa rujit : gubah

puspa wilis pindha kara : têlêng

puspa lina : tlasih

puspa krêsna ing astana : tlasih

--- 34 ---

puspa giwang : kênanga

puspita rinawis rêngga : gubah

puspita măndra sugănda : kusuma

puspita di ila-ila : puspa nyidra

pulas jêne : êdus

pulas lênga baita : tir

puput jiwa : mati : seda

pêputhut mong Prêgiwa : Janaloka

puja panulaking wisa : tawar (tawa)

puja pangruwating wisa : tawar (tawa)

pungkasing kang bangun enjing : saput lêmah

perak tulya : timah

peso wohan : kacip

pêcuk seta : kontul

prêkutut gung : drêkuku

pêkên lit uruting marga : warung

pêksi krêsna : gagak

pêksi sasmitaning lalis : kudhasih

pêksi mendra : kalangan

pêksi toya kalawu warnane : cangak

pêksi gêng tutul murdane : drêkuku

pêtir wisma : gangsir

pête langking rêracikan : kêdhawung

pêlêm alit gănda wangi : pêlêm dodol

pêpatih ing Bali : Jalaasmara

Dha : d

dhaon lit munggwèng puspita : ron

dhandhan lit panggusah sato : othak-othak

dhandhang lit mitra dhustha : manuk tuhu

dhandhang lit among dhustha : manuk tuhu

dhindhang kuning : kintêl

dhukut têgal pindha pantun : sukêt kalantara

dhustha we ri Jaladara : Kartawiyoga

Ja : j

jae mungging wana : lêmpuyang

jae wana : lêmpuyang

--- 35 ---

janma pinatayèng wèsthi : disujanani

janma manyandi warna : nylamur

janma gung kajodhi : asor

janma pangrêsik tilam rum : panêbah

janmataka : mati

janma minta : njaluk (nêdha)

janma katon jroning nendra : ngimpi

jarwa roga : lara

jarwa sapta : pitu

jarwa wrêksa : kayu

jawata pindha Arjuna : Kamajaya

jawata sigit kang warna : Bathara Asmara

jawata gêng salah warna : Bathara Kala

jalak gêng kang pilis pita : menco

jalak jamang : menco

jalèdri ămba godhonge : kangkung

jalak pita : podhang

jaja kuda : andhêman

jêjanggan nèng wukir : wasi

jayèng toya : baya

jaman katon jro nendra : ngimpi

jamang wakul : wêngku

jambe alas : klampok

jambe wana : dhawe

jambe gêng wijiling arga : dhawe

jangkah madya : tindak (laku)

jangkrik gunung : gangsir

jangkrik gengggong : gangsir

jirak pindha mungging wana : kusambi

jingga arda : wungu

jintên langking madha warni : wiji sawi

juwawut gêng mawa slaga : pari

juluke Prabu Ngalêngka : Dasamuka

jogan pura : jrambah

--- 36 ---

jênu tawa : tungkul

jênang sela : apu

jênang sobrah : gudir

jênang kang dèn conthongi : jênang lulut

jêmpana mungging dirada : palana

Ya: y

yaksa aji ing Ngalêngka : Dasamuka

yaksa kadang Gorawăngsa : Suratrimăntra

yoganing maharsi : anak pujan

Nya : v

nyêbar pari tanpa toya : gaga

Ma : m

mandira tlutuh wisa : ingas

mardi bela : mupu

mardi siswa : mulang

maruta ngirid wisaya : kêkês

made atma : angên-angên

matswa gêng mungging jahnawi : papar

mlathi ruwit godhonge : gambir

majasta ruwit godhonge : kawis

majasta tuntung seta : kawis

majasta ruwit kang patra : kawis

mangun wirya : wibawa

mangun arja : wibawa

manggis jênar isi rêkta : kleca

mina lêmbat ing jaladri : têri

mina kinarya dhêsthi : dhuyung (iwak tèmpèl)

mugut pala : mêthik

mundhu lit dhaonira : clakêt

murwèng darbe siwi : têmbeyan

mungsuh kang ngajap lalis : nglalu

menda wana : kidang

mega panjang ing gêgana : mêndhung

măndra cipta : kayungyun

--- 37 ---

monging ranu : baya

mênyan seta : tawas

Ga : g

gancar wayang : lakon

garwa Karna : Surtikanthi

garwa Kumbakarna : Kaswani

garwa sarpa : Nagagini

garwa Sang Sindura Prabu : Waita Kambang

garwa wipra : Endhang

garwa Sang Rêsi Wisrawa : Sukèsi

grahanarda : bêgowong

gada panangkis astra : dhêndha

gadarba gêng : singa

gatrane kang kêmbang randhu : karuk

glagah pita : mendhong

galênggêng mungging rawa : plumpung

gagat enjing : bangun

ganggêng wrêksa : rasuk angin

gita pangamêr wanudya : srênggara

gribig kang munggwing ranu : bara

gunung pindha : gumuk

gurda pingul : kroya

gula drawa pinasthika : glali

gulangge praja : mindi

guwa tirta : rong

gudhe pandhak : apa-apa

gudhe rambat : kara

gudhe rambat kang patra lit : kapri

gănda sarpa : wêngur

gănda tumraping angga : borèh

gosok waja : kêsik

godhong mlinjo : so

godhag antaraning laku : lêt

gothara lit : song

gêntha gêng kang munggwing panggung : jam

gêlar sata păncakara : ulah

gêlang sweda : ali-ali

--- 38 ---

gêgêlang panuduh : ali-ali

gêgêlang munggwing sutagnya : ali-ali

gêgêlang munggwing dariji : ali-ali

Ba : b

baon sabin : karya

banon kaduk pulana brama : luluh

bantuning janma baksana : imbuh

banthèng bang wisma nagari : sapi

barang tăndha kadurjanan : bukti (cihna)

barat wetan : timur

barat purwa : timur

barat sirat : lesus

badan pisah wêrdinira : jiwa

basa wiring : wulung

basa kawining nagari : praja

basa purwa : mulane

basa jarwa : maknane

baskara mijil kalulun : lingsir

bale atma : angên-angên

bale kuda : trataban

bale nata : dhampar

baladan kang têmbung Jawa : ratu : raja : narendra

balêdhug nglarabi tapih : lêbu

balumbang lit pasagi : tambak

balung pakèl : pêlok

balung răndhoning kalapa : sada

bajuning dyah tanggung : entrok

bayêm arda : latêng

bayantaka : mati

banyak gung sing măncapraja : angsa

bidho gêng pingul warnanya : jaka wuru

bikang alit : cara

bisikan prabu wanara : Sugriwa

--- 39 ---

burat pada : bobok

bulu bêkti sabên măngsa : pajêg

buron arum kinunjara : rase

bumbune patri kêncana : pijêr

bubuk lit ngrabasèng wastra : rêngêt

bungkul rukmi mawa rêtna : sêlut

bèbèk rawa : mliwis

bobot siring : sirang

bênthik wrêksa : janak

bêras gung : jagung

bêras pulut : kêtan

bêstru dawa : pare

brêmara kang talèng siti : tawon tutur

blêndok sela : jamur

Tha : q

Nga : z

Ngulêr dhusta : sambang

Ngungkat basa : ngundhat-undhat

Ngluri marga : nurut

--- [0] ---

[...]

--- [0] ---

[Iklan]

 


sapanunggalane (dan di tempat lain). (kembali)
iki. (kembali)
Lebih satu suku kata: gusthi titikaning nagri. (kembali)
Kurang satu suku kata: kang winahya kangjêng kusumanjing. (kembali)
Kurang satu suku kata dan guru lagu seharusnya: 7a, kang kata ginupita. (kembali)
Lebih satu suku kata: warta wiyat pratignya. (kembali)
Kurang satu suku kata: nangi mrih anguningani. (kembali)
ngêmbang. (kembali)
tuwa. (kembali)
10 narendra. (kembali)
11 ikêt. (kembali)
12 pusara. (kembali)