Cangkriman Basa Jawa, Meijer Ranneft, 1931, #1189

JudulCitra
Terakhir diubah: 25-02-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 33. f 0.16

Tjangkriman Basa Djawa Nganggo Têmbang

Dikumpulake dening Tuwan
W. Meijer Ranneft

Cap-capan 3
Bale Pustaka - Batavia-Centrum

--- [1] ---

Tjangkriman Basa Djawa Nganggo Têmbang

Dikumpulake dening Tuwan
W. Meijer Ranneft

Cap-capan 3
Bale Pustaka – 1931 - Batavia-Centrum
Ganeça

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut bab 11 ing Anggêr ingkang kapacak ing Staatsblad 1912 No. 600.

--- [3] ---

[...]

Tjangkriman Basa Djawa nganggo Têmbang

1. Sinom

1. tumênga-tênga ing tawang | sarya andilati driji | midêr-midêr ing saparan | nulya sang rêtna kaèksi | ngagêm busana adi | tinuju kênane kantu | tibèng siti cinandhak | pinondhong lan dèn damoni | ngêlus-êlus binêkta marang paprêman ||[1]

2. wong kuning lawas ngulatan | karêm cangkrama ing bèji | kampuh gadhung sri rinenda | gandanira marbuk minging | kakung sigra mrêpêki | sang dyah cinandhak anggraut | wêntis kengis gumêbyar | sang kakung asru nungkêmi | wanti nguswa wus lêsu narah sakarsa ||[2]

3. durjana begal winarna | sarêngan amawa kardi | duk kang ingangkah ararywan | mêndhak lumampah aririh | kang lima angêbyuki | yèn kang binegal kapikut | rewange malih lima | amanggèn rada kêpering | enggal prapta nulungi kang antuk karya ||[3]

4. wontên wêwarnèn katingal | wong sajagat andarbèni | miwah kang sarwa tumitah | nora sêpi amarnani [amar...]

--- 4 ---

[...nani] | dhapurira nut maring | kang andarbèni wus tamtu | milu saparan-paran | barang somah amêpêki | ewadene tan ana bangkit nyêkêla ||[4]

5. sadulur lima kocapa | anunggil yèn nambut kardi | prabote amung sajuga | sarêng panganggene tuwin | tandangira lumaris | dènya nambut karyanipun | ingkang wus puruhita | labêting pranti liniring | yêkti uning wadine kang nambut karya ||[5]

6. tan pisah kusumaning dyah | lawan ingkang andarbèni | saking sru sêngsêm binêkta | saparanira lumaris | arêmpit tan kaèksi | mung pojok kampuh kadulu | dêrês ing pangandika | nanging tan wontên mangarti | lamun mijil nuduhkên waktu antara ||[6]

7. yogane Bathara Brama | sira kusumaning adi | lampahira mor maruta | tan kandhêg lamun lumaris | dangu-dangu tan kèksi | tan na wruh sanèng dumunung | wiyosira sang rêtna | yèn cakêt mor aningali | dumadakan anangis tanpa karana ||[7]

8. yèn anom tan owah-owah | sêpuha makatên ugi | kalamun manis kang ulat | ajêg ing salami-lami | samantên ugi bilih | rêngu ing netya kadulu | adarbe kuping mata | cangkêm irung apa dening | sadayane tan wontên kangge ing karya ||[8]

9. wujude kalih katingal | wastanira mung sawiji [sa...]

--- 5 ---

[...wiji] | ngatase janma taruna | kaprahira tanpa kardi | wong sêpuh ngaji-aji | wit prêlu rumakêtipun | dene kalamun ana | sujanma ingkang pinasthi | datan antuk sawabe aran cilaka ||[9]

10. bapa kêkalih kang kocap | lan kasêbut putra kalih | sami umentar mring wana | arsa nundhung ambêbêdhil | samana labdèng kardi | pikantuk sangsam têtêlu | anuli dèn pranata | ingêdum uman aniji | sampun kalong pinêtheka pandumira ||[10]

11. ngatase para wanita | nora ana anduwèni | aèng lamun adarbea | mung priya sadaya sami | kathah kêdhik amasthi | darbe mangka rêngganipun | suprandene ta uga | kang sampun kanggenan sami | wênèh wontên datan rêmên binucalan ||[11]

12. tan darbe sirah mung tênggak | pundhak myang bau kêkalih | lêngên nanging nir gêlitan | èpèk-èpèk tuwin driji | miwah tan darbe sikil | gatraning gigir kadulu | sarta gatraning madya | jaja bêngkah sapanginggil | kadi kori kupu tarung inêbira ||[12]

13. wontên praja tanpa janma | kutha tanpa balowarti | sumawana tanpa wisma | samodra utawi kali | sami datanpa warih | pasawahan têgal talun | sami tanpa tanêman | tanpa kayon wana ardi | sato pêksi inggih tan wontên katingal ||[13]

--- 6 ---

14. andina sakeca lênggah | angadhêp warana adi | anêngênakên kumbaya | ingumpakan isi warih | astanira kang kering | mung bau ingkang kadulu | ing kanan ngasta saya | cinêlubakên ing warih | sinolahkên nèng wrana atilar tilas ||[14]

15. sakeca dènira lênggah | asikêp sanjata luwih | pisêr tumpuk datan têbah | sakapraboning ngajurit | Hyang Brama mungging apti | yèku lawanira pupuh | saksana pinandukan | pisêr wangsul angênani | nanging sangkin mawèh dayaning sarira ||[15]

16. satriya adarbe garwa | anging dèn jrihi kapati | marga sabên yèn kapêdhak | tanpa dosa amisakit | dadya tan sandhing-sandhing | yèn tan ingundang dèn uwuh | pinrih mardi asmara | tuhu lanang tanpa kardi | yèn ana prang garwane mangsah ing rana ||[16]

17. wontên wanodya yu endah | awisma anèng jaladri | sabên-sabên yèn akrama | tansah winayuh ing laki | ngrabèni padha siji | nora nana ingkang ayun | suprandene sang rêtna | yèn pinêgat dening laki | sakèh maru ingewanan lakinira ||[17]

18. cinatur dhustha lêlima | lumampah arsa mêmaling | papat wus manjing babahan | ing wisma tinujwèng kapti | sajroning wancak suji | kang kari nuli anusul | anutupi babahan | kang nèng jro kacêpêng sami | pinêjahan rah mili saking babahan ||[18]

--- 7 ---

19. wontên basa catur lingga | yèn pinisah kang kêkalih | ing ngarsa wastaning saya | tinandukakên ing warih | kalih lingga ing wuri | wastane kang bangkit mabur | dene yèn tan pinisah | wastanira kang kaèksi | nèng gêgana wèh gambiraning narmada ||[19]

20. wastaningsun catur lingga | saking wrêksa asli mami | asring kinarya usada | yèn pinisah kang kêkalih | ingarsa andarbèni | arti rasa kang linuhung | kang kêkalih ing wuntat | lêlawuhaning abukti | kathah lamun sinêbut saking sajuga ||[20]

21. malih basa catur lingga | wastane kang tanpa warni | tuwin datanpa sasana | mung sabawa kapiarsi | yèn pinèt kang kêkalih | lingga kewala ing ngayun | artine tan prabeda | kêkawin kalih ing wuri | wastaning don angwutahakên rudira ||[21]

22. ingkang andarbèni nama | basa catur lingga malih | abên-abênaning wrêksa | pêpêt prasasat dinalit | yèn pisah kalih ngapti | wastane kang nanduk irung | kêkalihirèng wuntat | basaning para pawèstri | mring timbanganira kang tan mawèh rêna ||[22]

23. catur wanda wastaning wang | dumunung anèng pawèstri | miwah gambiraning priya | yèn pisah kalih ingapti | artinipun lastari | utawi sampun tinuku | dene ingkang dwi wanda | ing wuri mangke winarni | wastanipun ingkang bangkit angumbara ||[23]

--- 8 ---

24. malih basa catur lingga | wastaning wowohan adi | yèn pinèt kang kalih lingga | ingarsa kewala dadi | wastane kang tan kèksi | kuciwa utawi luhung | katandha saking grana | kang kalih lingga ing wuri | wastanira wandawaning maha wirya ||[24]

25. catur lingga wastanira | tuwuhan adi sawiji | kalamun pinerang ingkang | kêkalih lingga ingapti | punika darbe arti | sarira nir arjanipun | dene kang kalih lingga | malih pratistha ing wuri | wastanira dina pêpitu sajuga ||[25]

26. agêmira sri narendra | kang para abdi tan kêni | wastanira catur lingga | yèn pinèt kalih ingapti | sato wana ngajrihi | mangsa rowang têgêsipun | dene kang kalih lingga | ing wuri basa kêkawin | artinira pangangge miwah dunungan ||[26]

27. wontên ta sêkar sajuga | ewoning rèmèh winarni | catur lingga wastanira | yèn pisah kalih ingapti | wastaning janma luwih | mungkur ing kadonyanipun | dene kang kalih lingga | ing wuri adarbe arti | salir ingkang cinakêt wontên ingarsa ||[27]

28. wontên malih winursita | puspita awarni kuning | panca lingga wastanira | yèn pinèt kalih ingapti | yèku têmbung kêkawin | bêbuka pradikanipun | katri lingga ing wuntat | têmbung ngoko andarbèni | têgês padununganing tata lan krama ||[28]

--- 9 ---

29. wontên basa catur lingga | ingkang kêkalih ingapti | yèn pisah lan kang nèng wuntat | nyakêt têgêsira tuwin | mundur dadi sêsiring | kang kalih lingga ing pungkur | timbanganing taruna | yèn tan pinisah mastani | bapa biyung namung saking manunutan ||[29]

30. manira bangsaning wrêksa | catur lingga wasta mami | asring kinarnya[30] momoran | burat myang mangka usadi | kang kalih lingga ngapti | kangge anèng pawonipun | lan kinarya dandanan | de kalih lingga ing wuri | wastanipun kadadyaning kang pinangan ||[31]

31. wontên dhapuring rêrênggan- | ira ing para pawèstri | catur lingganing aksara | ingkang kêkalih ingapti | wastaning buron warih | kang mawa curiga ngayun | dene sakantunira | kêkalih lingga ing wuri | amastani wanodya endah ing warna ||[32]

32. panunggalaning tuwuhan | asring kinarya usadi | catur lingga wastanira | ingkang kêkalih ingapti | yèn pisah andarbèni | têgês rangkêp miwah putung | dene kang kalih lingga | sakantunira ing wuri | wastanipun tos-tosan jroning sarira ||[33]

33. wastane ing kalênggahan | tanapi wastaning gêndhing | catur lingganing aksara | prasami têmbung kêkawin | kang kalih lingga ngapti | pirantining aprang pupuh | sakantunira ingkang | kêkalih lingga ing wuri | pancakara lêlawanan sami kathah ||[34]

--- 10 ---

34. wontên tuwuhan sajuga | sasananira ing warih | catur lingga wastanira | ing ngarsa ingkang kêkalih | punika amastani | kang wruh ing warna sadarum | kalih lingga ing wuntat | saput ing bêbalung tuwin | buron ingkang gêsang wontên jroning toya ||[35]

35. catur lingga wastanira | buron gêsang jroning warih | sasaminipun rumêksa | yèn pinèt namung kêkalih | lingga kewalèng ngapti | dene dwi lingga kang kantun | ing pungkur kawi basa | yèku mastani sujanmi | ingkang gêthing atanapi ginêthingan ||[36]

36. wontên têmbung panca lingga | wastaning ardi sawiji | kalamun pisah kang tiga | lingga kewala ingapti | yèku ingkang kinardi | pangrèhing turangganipun | sakantunira ingkang | kêkalih lingga ing wuri | bêbalunging ron arèn miwah kalapa ||[37]

37. wontên kêkayon sajuga | sêkarira amrik wangi | wastane muhung tri lingga | yèn pinèt salingga ngapti | karêm ing samukawis | punika pradikanipun | kang kantun kalih lingga | ing wuri têmbung kêkawin | cagak gêsang lan kang kinarya nyênyandhak ||[38]

38. catur lingga wastanira | ing têtuwuhan sawiji | yèn pisah dwi lingga ngarsa | wastane kang tan kaèksi | muhung katandha saking | grana kuciwa myang luhung | dene kang kalih lingga | ing wuri kawi wastaning | wisma agung adi pinunjul ing kathah ||[39]

--- 11 ---

39. wontên basa catur lingga | wastaning lisah sajati | asring kinarya usada | lingganira kang kêkalih | ngarsa pinisah bilih | raning garan prantinipun | pra undhagi de ingkang | kêkalih lingga ing wuri | tugêl tuwin malêpês sasaminira ||[40]

40. wanita tan darbe priya | tri lingga wastane bilih | pinèt kang dwi lingga ngarsa | cahya gumilang ing ratri | yèn salingga ingarsi | binucal kewala kantun | ingkang kêkalih lingga | inggih punika wastaning | mialani srana lampah sêsamunan ||[41]

41. wontên basa catur lingga | kawi kang kalih ingapti | punika lamun pinisah | wastane kang têmah wiji | akathah manca warni | dene ta sakantunipun | kalih lingga ing wuntat | mastani pakarya drusti | mialani srana lampah sêsamunan ||[42]

42. wadhah pakaryan ing sabrang | kèh kangge ing nuswa Jawi | catur lingga wastanira | yèn pisah kalih ingapti | pikuwating narpati | sarana nanggulang mungsuh | dene kang kalih lingga | ing wuri yèku mastani | drawasaning bangsa gêdhah lawan grabah ||[43]

2. Kinanthi

1. wontên putri luwih ayu | tan ana ingkang tumandhing | sariranira sang rêtna | owah-owah sabên

--- 12 ---

ari | yèn rina kucêm kang cahya | mung ratri mancur nêlahi ||[44]

2. wontên tingalan winuwus | akathah ingkang ningali | jalwèstri jêjêl uyêlan | nanging tan rêna ing galih | pinrih gya bubara aywa | kongsi nusahkên lèn janmi ||[45]

3. duk praptanira martamu | tanpa bêbêd tuwin tapih | ingkang katamuan bingah | ibut dènya nggumatèni | dupi mulih sininjangan | ingkang sarta dèn tangisi ||[46]

4. wontên kadang kathahipun | kalihwêlas pêkik-pêkik | kang nênêm karêmanira | akêkêcèh siyang ratri | kang nênêm ajrih ing toya | gurunira sang hyang rawi ||[47]

5. duk timur prapta ing sêpuh | akampuh kêmbang kacipir | rema kuncungira abang | sarira woh amradini | kampuh mangka tambanira | wong lêsu ing sawatawis ||[48]

6. ginodhi badan sakojur | saksana asru binanting | dangu kêkèjèk sang rêtna | cinandhak ngumbulkên inggil | tinadhahan tibanira | nèng asta sang dyah ngêmasi ||[49]

7. grêma lêlima winuwus | ambêbêdhag mring wanardi | kêkalih kang talusupan | tiga amung atut

--- 13 ---

wuri | yèn antuk pinadhêm sigra | ing panti sasat binukti ||[50]

8. sadulur pitu winuwus | nora tau panggih-panggih | salaminira tumitah | mung siji gênti kaèksi | nadyan wus sami palastra | gênti-gênti gêsang malih ||[51]

9. satriya kalih cinatur | sami kinèn aprang tandhing | duk praptanira ing papan | datan arsa silih ungkih | wijiling kasuranira | pinupuh nulya ajudi ||[52]

10. wontên ganjaran winuwus | tan wontên sagêd mastani | akathah ingkang angangkah | mrêlokkên bangkita tampi | prandene langka kang arsa | pinaringana tumuli ||[53]

11. pêtêng angungkuli dalu | nora na bisa madhangi | nadyan silih kabaskaran | maksih andhêdhêt kaèksi | tan kêna ginayuh ngakal | mrih têtelane sayêkti ||[54]

12. tan kêna sarat tinuku | mring kang arsa andarbèni | nadyan ratu nora bisa | nanging kang ayun ndarbèni | ngrakêti wit alit mila | tan wun antuk kang pinurih ||[55]

13. jro guwa wontên kadulu | wruh rasa datan abukti | gunging sawab tanpa kira | sung bêgja tuwin bilai | bangkit molihkên ganjaran | lan andhatêngkên prihatin ||[56]

--- 14 ---

14. kang akarya nora ayun | kang mêkas tan andarbèni | kang tuku tan pisan-pisan | prêlu ngatase pribadi | dene kang cinandhang[57] miwah | angangge datan udani ||[58]

15. sirah kêkalih kadulu | bau inggih ugi kalih | nênêm sukune sadaya | mung sapuluh drijinèki | suku mung catur lumampah | kang kalih tan napak siti ||[59]

16. nora sami dêdêgipun | andhap-inggil agêng-alit | yèn arsa pinèt kang karya | kêdah pinupuh awanti | dangu-dangu asênêtan | mung sirahira kaèksi ||[60]

17. suku winarna mung catur | tan kêna nganggo lumaris | muhung anjêjêr kewala | ananging ta maedahi | wèh sakecaning sarira | srana pinangku ngaringi ||[61]

3. Pangkur

1. nalika ratri rahadyan | mêdali prang sikêp bramastra lungid | mungsuh kathah anggarumung | sami sura digdaya | angêbyuki wani tandangipun rusuh | datan malês pinarbutan | prandene mungsuhe gusis ||[62]

2. kang bandayuda ngambara | nèng gêgana rame asilih ungkih | tuhu digdaya pinunjul | ngadu lungiding braja | mangka tandha asor ungguling

--- 15 ---

prang pupuh | duk asor salah sajuga | kabuncang atiba têbih ||[63]

3. wana gêrotan winarna | kayunira amung warna sawiji | tan ana godhong pangipun | miwah uwoh lan sêkar | dene buron mung sajuga jinisipun | yèn nalika mangsa janma | nusahkên kang darbe bumi ||[64]

4. tata punapa ranira | angwênangkên wong padha mêmatèni | angrayah sasaminipun | malah sami ingatag | kang nglakoni angamuk antuk panggunggung | lamun anikêl pangatag | wêkasan tumibèng sisip ||[65]

5. watêke kalih prakara | anusahkên tuwin amitulungi | ngajrihi kalamun bêndu | akarya kamlaratan | sajatine ranu kang rinêngkuh satru | lisah pawong mitranira | awit jumurung sakapti ||[66]

6. lahir mila kinunjara | maya-maya dinulu saking jawi | mobat-mabit solahipun | kalamun sinukarta | nadyan bisu dadya paguron linuhung | srana pinandêng kewala | wruh prênah ciniptèng galih ||[67]

7. wontên kocap bêbujêngan | ingalite lamun arsa lumaris | ngangge sukunira catur | dupi nonomanira | kang tumindak namung suku kalihipun | yèn wus sêpuh kang kinarya | lumampah sukune katri ||[68]

--- 16 ---

8. cinandhak sinigar-sigar | sru ingasap nèng drêjêngan tumuli | wanti-wanti ajur mumur | datan mangga puliha | risaksana ing jro kunjara dinunung | dinus winêjêg tan tara | rudira putih umili ||[69]

9. wontên basa catur lingga | yèn pinisah kang kêkalih ingapti | wastaning buron jro ranu | kang kêkalih ing wuntat | amastani janma nir kayatnanipun | dene yèn datan pinerang | ran dhusun abaluwarti ||[70]

10. wastaningsun mung tri lingga | sarirèngwang datan liya kinardi | dolanan wong anom-sêpuh | yèn pinerang dwi lingga | ingkang ngarsa wastaning sasmita luhung | mangka sêsilihing sabda | kang salingga tanpa wardi ||[71]

11. wontên têmbung tigang lingga | pradikane don tirta tanpa wangkid | yèn pinerang kalih ngayun | wastaning saya ingkang | tinandukkên jro warih dene kang kantun | salingga wastaning kisma | rungkud sing mandrawa kèksi ||[72]

12. kocap têmbung catur lingga | wastaning panganan asaput kuning | yèn pisah dwi lingga ngayun | wastane ing jawata | ingkang parêng tumitah lawan Hyang Guru | kang kalih lingga ing wuntat | liwung dening tirta mandi ||[73]

13. wontên ta sêkar winarna | wastanira tri lingga

--- 17 ---

yèn ingambil | mung sajuga ingkang ngayun | wastanira kang ngasta | pangwasa gung pribadi jro prajanipun | kang kalih lingga ing wuntat | wastaning siyung linuwih ||[74]

14. wontên warni pêpanganan | wastanira tri lingga datan luwih | yèn pinèt sajuga ngayun | ewoning kawi basa | pradikane linangkung dene kang kantun | kalih lingga ingkang wuntat | têgêse timbanging laki ||[75]

15. manira punika sêkar | wastaningsun catur lingga manawi | pinisah kalih ingayun | panêngran bale atma | dene kalih lingga kang kantun ing pungkur | wastanipun caca netra | miwah tan tangkêp ing wilis ||[76]

16. wastaningsun catur lingga | namung bangkit sung padhang sawatawis | mijil saking tanêm-tuwuh | kang kalih lingga ingarsa |[77] yèn pinisah mina alit wastanipun | kang kalih lingga ing wuntat | linggih[78] ugi mina alit ||[79]

17. manira bangsa wowohan | wastaningsun tri lingga datan luwih | yèn pisah kêkalih ngayun | yèku saputing murda | bêktan awit mulat padhang hawanipun | têmbung ora saminira | ingkang salingga ing wuri ||[80]

18. tur-atur ing kala mangsa | wastaningsun catur lingga manawi | pinisah kang kalih ngayun | wastane [was...]

--- 18 ---

[...tane] ing wowohan | kang tan eca binukti dene kang kantun | kalih lingga wardinira | pakurmat ingkang linuwih ||[81]

19. wontên têmbung kalih lingga | raning sêkar dede ewoning adi | ingkang salingga ingayun | ora sasaminira | dene ingkang kantun salingga ing pungkur | têmbung ngoko miwah krama | wastane etanging siti ||[82]

20. wontên bangsaning kêmangga | wastanipun têmbung tri lingga bilih | pinèt kalih lingga ngayun | wastaning sato wana | kang dèn ingu dening panjênêngan ratu | yèn tan pinisah ranira | ing dolanan myang prajurit ||[83]

21. wastaning buron jro toya | sastranipun tigang lingga manawi | binucal salingga ngayun | wastaning janma ingkang | tuna yatna saking watêk tuwin sêpuh | yèn wêtah kewala sama | lawan kalimputing ati ||[84]

22. malih têmbung panca lingga | inggih raning sêkar têngahan ugi | yèn pinèt tri lingga ngayun | kewan gêng tur prakosa | lamun krura ngajrihi kalangkung-langkung | kang kalih lingga ing wuntat | têtimbanganipun bumi ||[85]

23. sasana gêng mèsi tirta | wastanira mung tri

--- 19 ---

lingga manawi | pinèt kang kalih ingayun | boga prêlu priyangga | yèn binucal salingga ngayun kang kantun | kalih ing wuri ranira | cêcêpêngane ing lading ||[86]

24. wontên malih sana tirta | wastanira mung tri lingga manawi | pinèt salingga ing pungkur | kang ngarsa wastanira | siti rêngka de yèn nir sajuga ngayun | têmbung kawi têgêsira | lêlawanan sarta jurit ||[87]

25. sana sastra wastanira | mung tri lingga lamun pinèt ingapti | kalih lingga têgêsipun | turutaning lumampah | dene bilih binucal salingga ngayun | kang kantun kalih ranira | janma angruhuni kapti ||[88]

26. pêksi alit kaduk polah | mung tri lingga wastanipun manawi | pinisah dwi lingga ngayun | raning piranti ingkang | kinarya angrêsiki turangganipun | têmbung ora saminira | ingkang salingga ing wuri ||[89]

27. wontên dêdamêling yuda | wastanira tigang lingga manawi | pinèt kalih ngarsa muhung | saminira waluya | miwah kèndêl de yèn nir sajuga ngayun | kang kalih lingga ing wuntat | saminira liyêp lindri ||[90]

28. ana satriya lêlima | abipraya ngupa marganing pati | tumamèng gothaka singup | wus samya nèng jro guwa | kang sawiji mungup-mungup anèng pintu | dupi praptaning pralaya | nuli manunggal kajatin ||[91]

--- 20 ---

4. Durma

1. tri gumuruh swarane kang banda yuda | sami asikêp bindi | tandang lir sardula | mancat angidak sirah | sarwi mupuh wanti-wanti | mungsuh kasoran | kawudan bosah-basih ||[92]

2. rêtnaning dyah tuhu digdayèng ngayuda | mungsuh makêthi-kêthi | tan ana kang nangga | wus sami kinunjara | rinêmêt ing asta siji | bêrsih kang mêngsah | rudira putih mili ||[93]

3. barêng nêmpuh prajurit sami sudira | dènya ambêbaluhi | sami sikêp pêdhang | mungsuhira awêndran | tinigas murdane sami | dyan ginandhengan | pinarnah jro piranti ||[94]

4. sigra mangsah rahadèn anitih rata | pangiride kêkalih | sarwi nyêpêng gada | ingangsêgakên nulya | kang katrajang piyak sami | anêngên ngiwa | tinêrak ing ratadi ||[95]

5. anèng marga binegal pinarêbutan | sinudhèt jaja sêbit | nratas wadhukira | barabeane mêdal | tan sambat lajêng ngêmasi | rêraganira | gilang-gilang nèng siti ||[96]

--- 21 ---

6. satriya ro ingangsahakên ing rana | atêbah jaja rukmi | idêp ngada-ada | tan pêgat ingusapan | mukanira gênti-gênti | sru singa nabda | nulya têmpuhing jurit ||[97]

7. byar rahina wijilira saking guwa | nuju ing kapat wanci | saksana ngambara | tanpa wilis kèhira | praptèng gêgana anuli | tan tara sirna | tibèng siti abrindhil ||[98]

8. ingkang arsa dêdana dènira lênggah | munggwing têpining warih | cipta pinangana | olèhingsun dêdana | dupi wontên ingkang bukti | tandya pinênggak | cinêpêng têmah lalis ||[99]

9. dyan umangsah kang arsa abanda-yuda | sikêp gada ngajrihi | anyangking kunjara | sing pinapag ginada | kêni pêjah tuwin urip | cinêpêng sigra | pinarnah jro piranti ||[100]

10. kawarnaa kang yuda anèng narmada | sikêp sênjata luwih | ambêkta kunjara | nglêpaskên nêngên ngiwa | kang kapanduk tan mindhoni | gya kinunjara | kongsi tumêkèng pati ||[101]

11. rubung-rubung sakèhe kang sami mulat | satriya aprang tandhing | rame sinurakan | dangu-dangu pinisah | pinrih aso mangke malih | nutugna yuda | kongsi sor salah siji ||[102]

--- 22 ---

5. Dhandhanggula

1. mung kêkalih garwane sang pêkik | kang sajuga putrane wus kathah | sami jalu sigit kabèh | gunggunge pitu likur | yèn sinêbut sawiji-wiji | ibune milu kocap | winuwus karuhun | panutupe ingkang rama | putra bapa pêjah ing payudan sami | minule ing akathah ||[103]

2. kayon agung aèng kang winarni | mung sawiji wolu wastanira | gênti-gênti panganggene | êpangira winuwus | nora langkung mung rolas iji | sêkare tigang dasa | salong nyanga likur | amituhu wohing êpang | sêkar uwoh kang sapalih warni putih | cêmêng sapalihira ||[104]

3. sadulur gangsal ingkang winarni | kaluwihanira beda-beda | kang siji pangawasane | aji panggandan putus | kalihira aji pamyarsi | tigane pangwasanta | pangawasan amung | catur wruh barang karasa | gangsal uning bedaning rasa sakalir | yèn pisah dadi cacad ||[105]

4. wontên kadang akathah winarni | wastanira manut ing busana | kathah yèn tinutur kabèh | pakaryanta sadarum | solan-salin busana sami | mêmati pinatenan | wêwuda kang lampus | yèn ing agêsang tan arsa | manuh marang kadang-kadang ngaku yêkti | tuna ing kalêpasan ||[106]

--- 23 ---

5. kawarnaa kang guyup ing kardi | awisma gêng anèng dhêdhuwuran | tanpa wilangan korine | rukun dènya dêdunung | gêdhongira pinetak sami | barang abahan wisma | mijil saking tutuk | miwah pêrlu damêlira | lamun sinikara barêng anuduki | kadga kantun nèng brana ||[107]

6. prabayaksa sukune kêkalih | kori wolu dene kang sajuga | winancak suji inêbe | tri lawang kupu tarung | pangungangan ingkang kêkalih | sajuga pamulangan | kalih jambanipun | kalih kori jaga swara | kang minangka pamêthuk ganda kêkalih | arungkud ing jronira ||[108]

7. mungsuhira kusumaning adi | tanpa wilis sampun kinunjara | sinrahkên ing Hyang Bramane | wus nirantara dangu | winêdalkên saking piranti | pinarnah ing prasada | lènira myang dinus | riwusnya malih pinindhah | mring kunjara kang kocap dhihin anuli | mijil nanjung ing warna ||[109]

8. wismanira datan angrêsêpi | têrkadhangan karyewaning nala | mung kang dumunung ing jrone | akathah karyanipun | wèh yungyune sakèhing janmi | gung alit myang pranata | agung sawabipun | lan kawasa amêmalad | ala ayu yèn tan kadunungan yêkti | têmah giyuhing driya ||[110]

--- 24 ---

9. kamulyanya saking jro pratiwi | atanapi saking rêruhuran | kathah mawarna jinise | langkung prakosanipun | miwah mrojol ing kêrêp bangkit | kalamun anggambira | pilih kang tumangguh | pêrlu kangge ing sajagat | tur prasasat tanpa rêga nanging bilih | sêpi mawèh turida ||[111]

10. jêngandika kawula caosi | cêcangkriman têmbung panca lingga | wastaning godhongan rèmèh | yèn pinèt kalih ngayun | wastanira kang asli saking | samudra kangge kathah | ing janma sadarum | dene kang kantun ing wuntat | tigang lingga wastanipun patuwasing | anglampahakên arta ||[112]

11. wontên malih kang ulun sêrêpi | têmbung juga namung catur lingga | yèn pinilih ing têgêse | kang dwi lingga ingayun | atanapi kalih ing wuri | tan wontên bedanira | sato tanpa suku | kalamun datan pinisah | têgêsipun ada-ada ingkang munggwing | pêpungkuraning raga ||[113]

12. wontên praja gung juga winarni | wastanira namung catur lingga | sawetan Surakartane | yèn pinisah ingayun | kang dwi lingga basa kêkawin | tan ajrih artinira | jawata myang diyu | ing wuri kang kalih lingga | wastanipun sato kang wisma ing warih | bangkit ngambah dharatan ||[114]

--- 25 ---

13. têmbung juga catur lingga malih | panêngranira kukila ingkang | akarêm saba toyane | lamun pinèt ingayun | ingkang kalih lingga wastaning | sêsaputing sarira | kathah warninipun | kantunira kalih lingga | mijil saking tanêm tuwuh lawan malih | mangka patrining wastra ||[115]

14. wontên malih kang kawula wrini | têmbung juga inggih catur lingga | wastaning janma lit bae | karyanira tut pungkur | lan lumakwèng sabarang kapti | yèn kalih lingga ngarsa | pisah wastanipun | rema anjrah ing sarira | kang dwi lingga ing wuri wastaning pêksi | myang sato kang wus emah ||[116]

15. bangsa sukêt manira sajati | ing wana gung padunungan ingwang | miwah ing ara-arane | mungguh pakaryan ingsun | dadi tawêng ruhuring panti | ran ingsun catur lingga | yèn pisah kang ngayun | dwi lingga timbanganira | kang winastan ujur de kalih ing wuri | tan prabeda mangkana ||[117]

16. kocap têmbung catur lingga malih | wastanipun kori gêng sajuga | kang anjog mring jro purane | yèn pinisah ing ngayun | kang dwi lingga basa kêkawin | wastaning pranti tama | kangge ing prang pupuh | kang kalih lingga ing wuntat | juga kawi kang mijilakên pambudi | myang darbe watêk panas ||[118]

--- 26 ---

17. praja agung ing kina winarni | wastanipun basa catur lingga | lamun pinisah wandane | kêkalih ingkang ngayun | wastanipun ing woh sawiji | arum ing gandanira | nanging tan kalêbu | adi ing wilanganira | dene kalih lingga ing wuri wastaning | rasa ingkang kuciwa ||[119]

18. bangsanipun ing tuwuhan nami | warna asri mungguhing prabata | wasta mung catur linggane | kang kêkalih ingayun | yèn pinisah dadi araning | tanêman pêrlu dahat | kangge ing sawêgung | dene dwi lingga ing wuntat | basa kawi adarbe têgês kêkalih | siyung kalawan wadhah ||[120]

19. wontên têmbung catur lingga malih | kang kêkalih ing ngarsa yèn pisah | yèku kang asung padhange | lan agung sawabipun | dene kalih lingga ing wuri | kêkawin têgêsira | warni lawan gulu | kalamun datan pinisah | wastanipun sarana ingkang kinardi | mèt bahni sing ruhuran ||[121]

20. busana di sajuga winarni | datan kêna sawiyah nganggea | wontên ing madya prênahe | panca lingga ranipun | kang tri lingga ngayun kêkawin | langit timbanganira | utawi kisma gung | ingkang kèdêran ing tirta | kalih lingga ing wuri kawi wastaning | siti ruhur ngrêmbaka ||[122]

--- 27 ---

21. wastanira kori gêng myang gêndhing | lan wastaning wastra adi warna | catur lingga aksarane | yèn pisah kalih ngayun | raning pala kapêndhêm tuwin | warnining gêgodhongan | dene ingkang kantun | kêkalih lingga ing wuntat | wastanipun sêkar seta ganda minging | kangge ing èstri priya ||[123]

22. wontên wowohan manis sawiji | wastanira namung catur lingga | lamun pinisah kalihe | ingkang wontên ingayun | raning pranti pangêjum wèni | miwah abahanira | nênun tuwin wulu | munggwing gêguluning kuda | ingkang kantun kêkalih lingga ing wuri | panunggalaning memba ||[124]

23. wastanipun ing gêndhing sawiji | wastanira muhung catur lingga | yèn pisah kalih ngarsane | bêrêg sêsaminipun | pêksa yèn ing têmbung kêkawin | dene kêkalih lingga | kang kantun ing pungkur | punika sarana mangka | pangêrèhing baita nuduhkên margi | mrih lêstarining lampah ||[125]

24. têtuwuhan ing toya winarni | sastranira muhung catur lingga | yèn pinèt kalih ngaptine | punika wastanipun | kang kinarya dandanan tuwin | wisma miwah ingobar | wontên pêrlunipun | dene ta sakantunira | kalih lingga ing wuri punika dadi | abêne wong anginang ||[126]

--- 28 ---

25. mijil saking waja tuwin wêsi | wastanira sastra catur lingga | yèn pisah kalih ngarsane | mangsa sêsaminipun | atanapi nalika wanci | utawi wastanira | saya mamèt manuk | dene ta sakantunira | ingkang kalih lingga ing wuri mastani | minggah saking narmada ||[127]

26. wontên dhapuring kadga winarni | wastanira sastra ênêm lingga | ingkang kêkalih ngaptine | yèku wastaning manuk | kalih lingga urute malih | wastaning salir ingkang | pêrlu kanggenipun | nèng paran de kalih lingga | ingkang kantun wastaning sêkul awarni | kadi rimbaganira ||[128]

27. rondhon ingkang kinarya jêjampi | wastanira sastra catur lingga | agêng gunane mring rare | kalih lingga kang ngayun | têgêsipun tilasing sikil | dene kang kalih lingga | kewan gung aluhur | jatha panjang kadya sêkar | ing capaka dadya titihan Narpati | yèn nginum saking grana ||[129]

28. wastanipun wowohan sawiji | sastranira muhung catur lingga | sarta akathah bangsane | kang kalih lingga ngayun | wastanipun ingkang kinardi | ningsêti samubarang | dene ingkang kantun | kêkalih lingga ing wuntat | wastanira kang nèng jro raga marganing | bangkit mosik myang muna ||[130]

--- 29 ---

29. wontên têmbung catur lingga malih | dadya panunggalaning busana | jalu èstri sami ngangge | pasagi dhapuripun | yèn pinisah dwi lingga ngapti | êlus sêsaminira | dene ingkang kantun | kêkalih lingga ing wuntat | wastanipun kang minangka sarananing | nyikara myang nyênyandhak ||[131]

30. pêpanganan sajuga winarni | saking ing lêlêgi asalira | namung tri lingga sastrane | kang kalih lingga ngayun | kadadyaning tuwuhan tuwin | darbe rasa surasa | yèku uwitipun | wontêne wau panganan | dene lamun binucal salingga ngapti | tan yatna saminira ||[132]

31. wontên panunggalaning jêjampi | sastranira muhung catur lingga | ingkang kalih ngaptine |[133] kangge ing pawonipun | kang kinarya angrêratêngi | myang kinarya dandanan | dene ingkang katun[134] | kêkalih lingga ing wuntat | têmbung kawi boyongan utawi aking | punika têgêsira ||[135]

32. wontên sêkar seta tur awangi | wastanira sastra tigang lingga | yèn winêtahakên bae | darbe saputing untu | têgêsipun dene manawi | binucal sastranira | sajuga ingayun | têgêsira saput waja | kaping kalih basa kramane akardi | jamusira ing waja ||[136]

--- 30 ---

33. lêlawuhing abukti winarni | wastanira sastra catur lingga | tanpa sandhangan kabèhe | ingkang kalih ingayun | sasamine datanpa sangli | utawi tan prabeda | dene ingkang kantun | kêkalih lingga ing wuntat | pratingkahing lumampah nyakêt utawi | mundur timbanganira ||[137]

34. wastanipun godhongan sawiji | ingkang asring kinarya usada | catur lingga aksarane | kang kalih lingga ngayun | têmbung kawi têgêse wangi | konyoh ping kalihira | dèdès kaping têlu | kang kalih lingga ing wuntat | saking sêkar asring kinarya jêjampi | miwah kinarya burat ||[138]

35. wontên malih godhongan sawiji | juga asring kinarya usada | catur lingga aksarane | kang kalih lingga ngayun | miwah ingkang kalih ing wuri | sanadyan pinisaha | sami têgêsipun | têmbunging wong atêtanya | dene lamun catur lingga maksih nunggil | têgêse barang-barang ||[139]

36. pasanggrahan sajuga winarni | wastanira sastra catur lingga | bawah ing Surakartane | kang kalih lingga ngayun | sasananing sato lan pêksi | dene sakantunira | dwi lingga ing pungkur | têmbung kawi sring kasrambah | têgêsipun kisma rungkud amradini | kèksi saking mandrawa ||[140]

--- 31 ---

37. wontên pasanggrahan juga malih | inggih bawah prajèng Surakarta | catur lingga aksarane | ingkang kêkalih ngayun | sela agung munggwing jaladri | sakantunira ingkang | dwi lingga ing pungkur | wastanipun gêgodhongan | kang kinarya momoran sêkar mawarni | manda rum gandanira ||[141]

38. wastanira ing dhusun sawiji | sastranira muhung tigang lingga | bawah ing Surakartane | kang kalih lingga ngayun | têmbung Jawi ngoko wastaning | wrêksa tuwuh ing wana | kathah karyanipun | kangge ing wong sanagara | dene ingkang salingga mungguhing wuri | sêpuh timbanganira ||[142]

39. wontên ta malih dhusun sawiji | wastanira sastra catur lingga | ingkang kêkalih ngaptine | bangsa mili myang pêrlu | kangge dening sakèhing janmi | kalih lingga ing wuntat | wèwèh têgêsipun | lamun pinèt sastranira | ingkang ngarsa miwah ing jawi satunggil | ngirangi têgêsira ||[143]

40. têmbung juga catur lingga malih | inggih ugi panêngraning desa | ingkang kêkalih ngaptine | sasana tirta agung | purba saking sandhang[144] myang ardi | dene sakantunira | dwi lingga ing pungkur | yèn kinarya basa krama | têgêsipun karya dene ing kêkawin | pêrang utawi wisma ||[145]

--- 32 ---

41. wontên têmbung catur lingga malih | ingkang darbe manusa kewala | sasoring lêngên prênahe | kang kalih lingga ngayun | atanapi kalih ing wuri | pinisah tan prabeda | ing pradikanipun | yèku panunggalanira | busanane priya nèng madya numpangi | panyandhêtirèng wastra ||[146]

42. têmbung juga catur lingga malih | yèn pinisah dwi lingga ingarsa | datan prabeda têgêse | lawan kang munggwing pungkur | wastanira sadhengah ugi | kang kinarya sarana | molahkên mrih jêmur | dene yèn datan pinisah | têmbung catur lingga wau amastani | trah ping nêm saking putra ||[147]

6. Pucung

1. kang winuwus cahya gumilang sumunu | têbih katingalan | yèn cakêt sangsaya adi | angrêsikkên ing rêpit kang tan katingal ||[148]

2. sangkin agung yèn linongan wujudipun | lamun winuwuhan | sangsaya alit sayêkti | tuhu langka ananging sèstu mangkana ||[149]

3. yèn anuju wontên wèh bawur ing dulu | yèn datan katingal | gawang-gawangan sayêkti | binadhea ingkang sinamun ing nama ||[150]

--- 33 ---

4. bapa pucung lahire tinitah bisu | lamun rinakêtan | pinarsudi dèn têmêni | mung sarana pinandêng wruh basanira ||[151]

5. bapa pucung datan ana ajinipun | suprandene uga | kangge ing wong pundi-pundi | ingkang katunggalan mundhak rêginira ||[152]

6. namung dalu bapa pucung wêdalipun | pêrlu ngupa boga | yèn siyang ngêdhêm aguling | pratingkahe anendra ndagakkên surya ||[153]

7. bapa pucung ngebati pangwasanipun | bisa karya cêdhak | ingkang katingal ing têbih | wela-wela prasasat sapajagongan ||[154]

8. wong tumuwuh ngarsa-arsa mrih pikantuk | tur kang sampun angsal | arang suka rênèng galih | binadhea kang kinarya cêcangkriman ||[155]

9. karyanipun yèn rina kêdhik kalangkung | dupi surup surya | sigra tumapak ing kardi | mangap-mangap sêngsêm anguntal dahana ||[156]

10. bapa pucung rangah landhêp untunipun | pasah kajêng sela | nging kêdah dèn pitutulungi |[157] tan ngundhili lamun datan binaonan ||[158]

11. yèn rinuruh mêsthi têtêp namanipun | riwusing kapanggya | jêjulukira angalih | cêcangkriman lah sanak sira badhea ||[159]

--- 34 ---

12. wadhah luhung minangka panamun têmbung | wontên warna seta | miwah ingkang warna kuning | isinira datan ana ingkang arsa ||[160]

13. rêtnaningrum kumurêp pratisthèng kayu | gangsal ingkang samya | anjagèni munggwing wuri | duk lumampah sang rêtna nuntak ludira ||[161]

14. warnanipun wontên putih wontên jamus | tindak tanpa pada | kang jamus angantarani | yèn tan dangu arsa kumucur kang waspa ||[162]

15. tanpa dunung tanpa warna tanpa dhapur | sabawa kewala | yèn kruraya angajrihi | ambayani pilih kawawa tumanggah ||[163]

16. lamun turu kumurêp prastisthèng luhur | kèh rare ngupaya | yèn kawruhan dèn prêpêki | duk sinambut gumêtêr tanpa sêsambat ||[164]

17. namung tutuk lan netra kalih kadulu | yèn pinèt kang karya | sinundêp netrane kalih | yèku saratira bangkit ngêmah-ngêmah ||[165]

18. bapa pucung kinunjara munggwing ruhur | yèn wontên kang nglayad | têmah manggih tan sayogi | abèn-abèn sira tumêkèng antaka ||[166]

19. rêtnaningrum risampunira anginum | minggah ing pancaka | tanpa angling datan mosik | dangu-dangu udrasa angaru-ara ||[167]

--- 35 ---

20. têla agung alêtuh udakanipun | tanpa mina miwah | kang adus nèng riku yakti | mêntasira sanalika salin warna ||[168]

21. bapa pucung munggwing saluhuring ranu | tanpa towang-towang | angrêrêmbat siyang ratri | langkung awrat tan kaprah rêmbatanira ||[169]

7. Asmarandana

1. watêke kalih prakawis | bisa karya atos miwah | angêmpukkên ngêjèrake | lamun ratri asênêtan | lwih agung sawabira | sakathahe kang tumuwuh | nora sêpi kasrambahan ||[170]

2. wontên ta dhapur sawiji | tanpa sirah tanpa tênggak | mung gatraning wêtêng bae | miwah suku kalihira | nging tanpa dalamakan | kanthaning bokong kadulu | rumakêt ing para priya ||[171]

3. sang dyah sukune mung siji | atênggak datanpa sirah | ciri bêngkah pranajane | winayungyun jangganira | sinêndhal ngasta kiwa | ngaru ara dènya muwun | sarwi kêkèjèk kêkitrang ||[172]

4. wontên satriya ngêjawi | atêbih pinangkanira | agêng aluhur dêdêge | digdaya tanpa sasama | kêkalih kadganira | angawula ing sang prabu | linadenan sami priya ||[173]

--- 36 ---

5. amundhi langkap sang dèwi | sawatara ngarsa-arsa | Bathara Bayu praptane | duk rawuh sigra umêsat | anapak dirgantara | anggiyêng dènira muwun | kèndêle yèn wus tumêdhak ||[174]

6. sang rêtnayu kontrang-kantring | èsmu kewran ing wardaya | marga dening wawratane | ngruruh panggenan prayoga | dènirarsa ambabar | wusnya mijil kang kinandhut | jêlah-jêlih baya wara ||[175]

7. kanthining sirah kaèksi | ananging datanpa tênggak | amung kêkalih sukune | lantas tanpa dalamakan | yèn pinrih nambut karya | lumangkah têrkadhang namung | suku sajuga kitêran ||[176]

8. wijilira kaping kalih | rikala ingkang wiwitan | tan mantra darbe uripe | dupi kaping kalihira | têtela yèn agêsang | tanapi ing jinisipun | nguni kang maksih sinamar ||[177]

9. tutuknya majêng manginggil | agrana datanpa netra | mung bukti bae karyane | pêpêtingan[178] dhaharira | nanging kuciwèng rasa | ing samangsa sampun tuwuk | prawasa wêwadhukira ||[179]

10. datan kêna dèn êlongi | atanapi winuwuhan | ing etange dhewe-dhewe | kang wus ngungkuli kèhira | sinusul pinrih sama | tan kêna salaminipun | awit sami wêwahira ||[180]

--- 37 ---

11. têmbung tri lingga winarni | artine janma nir tama | yèn pinisah sawandane | ingarsa timbanganira | ingkang nama prayoga | kang kalih lingga ing pungkur | wastane kang bangkit ngucap ||[181]

12. têmbung dwi lingga wastaning | buron kang bangkit ngumbara | mung ratri bae wêdale | yèn rina ngêdhêm kewala | dene ta wau basa | kasrambah saharinipun | mangka timbanganing wêwah ||[182]

13. têmbung tri lingga wastaning | puspita adi suganda | yèn pisah kalih ngaptine | juwèh têtimbanganira | kang salingga ing wuntat | wong alok sabawanipun | miwah wastaning wowohan ||[183]

14. kori gêng juga winarni | catur lingga wastanira | yèn pinèt juga ngaptine | wastanipun ingkang asta | pangwasa gung priyangga | kang tigang lingga ing pungkur | ngadhang kang kaciptèng driya ||[184]

15. manira kinarya jampi | wastaningsun mung tri lingga | kang sajuga ingarsane | gêrbong utawi baita | punika têgêsira | kang kalih lingga ing pungkur | koguga timbanganira ||[185]

16. wontên malih mangka jampi | wastanipun catur lingga | kang kalih ngarsa têgêse | salir kang èstu kalakyan | kalih lingga ing wuntat | wastaning putrane sunu | myang mangsa sasaminira ||[186]

--- 38 ---

17. manira buron jro warih | catur lingga wastaningwang | lamun pinisah angloro | kang ngarsa miwah ing wuntat | sami ing têgêsira | wrêksa kaduk punang latu | porong têrus ing jronira ||[187]

18. têmbung catur lingga malih | panunggalaning gêgandan | ingarsa kalih wastane | kang tan kèksi mung katandha | saking pucuking lidhah | kang kantun kalih ing pungkur | milara miwah lêlara ||[188]

19. mung tri lingga wasta mami | yèku kang mijil sing angga | yèn pisah kalih ngaptine | wastanipun samubarang | kang tinilar nèng paran | ingkang salingga ing pungkur | amaning kêrtas lan wastra ||[189]

20. têmbang têngahan wak mami | wastaningsun catur lingga | sajuga ngarsa arane | pêpêlikan adi warna | kang tri lingga ing wuntat | mastani sakathahipun | kang datan kêlêm ing tirta ||[190]

21. wastaning pêksi sawiji | sastranira catur lingga | lamun pinisah angloro | dwi ngarsa wastaning janma | dèrèng misik wanita | kang kalih lingga ing pungkur | têtimbanganing taruna ||[191]

22. wontên ta buron sawiji | wastanira tigang lingga | yèn mrajayarda ampuhe | kang kalih lingga ingarsa | nalika saminira | ingkang salingga ing pungkur | raning warnining rudira ||[192]

--- 39 ---

23. basa tri lingga wastaning | panunggalaning pradangga | kang kalih lingga ngarsane | punika wastaning wawrat | dene sakantunira | salingga kang munggwing pungkur | wastanipun kajêng wanan ||[193]

24. bangsaning gumrêmêt alit | catur lingga wastanira | kang kalih lingga ngaptine | têmbung kêkawin timbangan- | ira kita myang sira | kang kalih lingga ing pungkur | santosa sasaminira ||[194]

25. dhapuring kadga winarni | sastranira panca lingga | kalih ingarsa wastane | têtimbanganing jêjaka | kang tri lingga ing wuntat | pratingkahira wong lungguh | kang mawi acagak asta ||[195]

26. wastaning panganan manis | sastranira kalih lingga | yèn pinisah ingaptine | atanapi ingkang wuntat | ing têgês tan prabeda | kang kangge lumakwèng dalu | mamrih mayaring paningal ||[196]

27. têmbung tri lingga wastaning | kapala pêndhêm manawa | pinèt salingga ngaptine | wastane kang munggwing jaja | jalu pawèstri gadhah | yèn nir salingga ing pungkur | kêkawin basaning cêcak ||[197]

28. wontên wowohan sawiji | sastranira catur lingga | yèn pisah kalih ngaptine | wastanira ingkang ngasta | pangwasa gung priyangga | kang kalih lingga ing pungkur | sarahing wrêksa dèn obar ||[198]

--- 40 ---

8. Mijil

1. kusumayu sakeca alinggih | ngasta langkap kaot | wanti-wanti nglêpaskên astrane | tanpa dadi swara angèbêki | suprandene ugi | mungsuhe malêdug ||[199]

2. rêtnaning dyah lami atêtèki | sajroning paturon | saking dahat amati ragane | katarima nulya salin warni | busana sarwadi | kawasa pinunjul ||[200]

3. wontên namaning rasa sawiji | binukti pakewoh | nora warna kantha sajatine | darbe kadang sakawan prasami | ingangge tur dadi | ugêr langkung pêrlu ||[201]

4. sang dyah ayu tanpa dosa yêkti | amanggih piawon | kinunjara ing sabên ratrine | yèn rahina pinusara pinrih | umêsat anuli | sinêndhal mrih wangsul ||[202]

5. wisma ingkang kinarya upami | pelag mawi gêdhong | kang ngênggèni mung gangsal kathahe | bangsa rucah prabeda ing jinis | yèn sajuga mijil | kang catur tan kantun ||[203]

9. Maskumambang

1. langkung rikat tan ana ingkang tumandhing | mimis kaungkulan | pundi kang sinêdyèng kapti | ing sakêdhap netra prapta ||[204]

--- 41 ---

2. sinatriya mêdhun sing sawênèh ardi | arsa wor bangsanya | saking wirotamèng luwih | samarga-margantuk rowang ||[205]

3. bangsanipun warna-warna ingkang warni | langking lurik rêkta | yèn murdèngsun kênèng agni | angga sumyur ting palêsat ||[206]

4. wontên putri warnanya asor linuwih | kathah rowangira | samya tapa ing jrao siti |[207] mijil warnanya wus endah ||[208]

10. Mêgatruh

1. wontên warna jinêjêr sarakit luhur | manganggya sampur seta brit | yèn langking pindha kaluwung | awis kawuryan sayêkti | kang darbe para bupatos ||[209]

2. wontên begal abaris ing guwa ngriku | dadya rong barisan yakti | kang lumêbu wastu lampus | kinaroyok ing prajurit | kunarpa musna tan katon ||[210]

3. lah punapa sajati namaning laku | pra janma ing rat puniki | tan mastani bangsanipun | tiyanga ing pundi-pundi | kang darma patut linakon ||[211]

--- 42 ---

4. amung dadi sêsulih ing karyanipun | dhumatêng ing pundi-pundi | nadyan wuta budhêg bisu | yèn kawruhan kang wus wasis | pinandêng bae mêngartos ||[212]

5. sring kinarya dolanan bae wakingsun | miwah asring anjurungi | ngawaki wong lagi bêndu | myang ngalangi kang pinurih | mitulungi ing wong jompo ||[213]

11. Gambuh

1. wontên prabata agung | ajajar kêkalih guwanipun | ing jro rungkud mêdêd lesus angêbêki | mawi tuk ilining ladhu | yèn gora rimbagan miyos ||[214]

2. gêng luhur dêdêgipun | alêlambung tan nate sêsabuk | darbe suku nanging tan bangkit lumaris | sing mandrawa tinon luhung | cinakêtan têmah awon ||[215]

3. ngambara karyanipun | apêpanthan golong ing sapurug | pradanggane piniyarsa angrêrangin | tanpa salin gêndhingipun | suwuk yèn wus sami aso ||[216]

4. kocap sadulur catur | sukanira mung buru-binuru | nanging datan candhakan-cinandhak sami | tur sasat sami sinayut | sayah wus datan karaos ||[217]

5. suku nênêm winuwus | sirah tiga nênêm baunipun | namung suku sakawan ingkang lumaris [luma...]

--- 43 ---

[...ris] | kang kêkalih asajujung | saparan kauban wangon ||[218]

6. awisma jroning ranu | siyang ratri bêktan karyanipun | tan petungan riwusnya antara nuli | mancala warna umabur | sêsindhèn anyêdhihkên wong ||[219]

12. Jurudêmung

1. tanpa buja tanpa pada | netra gêng juga kadulu | sabawa minangka tayuh | nasmitani tri prakara | sajuga pakarti ayu | ping kalih pakarya ala | ping tri suka sukèng kalbu ||[220]

2. tan ngambah-ngambah pratala | tansah kewala nèng luhur | tanpa bukti mung anginum | samangsa ngêlak tumêdhak | solahira minggah mêdhun | sakèh kang dèn inum sigra | ingutahakên sadarum ||[221]

3. maya-maya warnanira | wontên alit wontên agung | tanpa bayu[222] tanpa suku | sumawana tanpa murda | nir pangwasanirèng dalu | ngebat-ebati yèn rina | ambêbêsmi karyanipun ||[223]

4. sèkêt kalih wujudira | tigang atus wolung puluh | yèku kèhe etangipun | bangkit wèh sukaning driya | atanapi karya giyuh | kang wus kulina mring sira | awis amanggih rahayu ||[224]

--- 44 ---

5. manca warni abrit seta | jênar miwah sêmu wungu | salami tan nunggil dunung | kinadang ing sawatara | sayoga ingkang tinêmu | lamun tilar duga-duga | mung papa ingkang pinangguh ||[225]

6. asmu jamus warnanira | duk ingupa karya uwus | bineda-beda ing dhapur | tan pisah yèn nambut karya | mangsah mundur solahipun | anggalêpung singa kambah | sawênèh tumibèng ngayun ||[226]

7. guru catur kang winarna | sami tan adarbe kawruh | sumarma datan mêmuruk | mring saliring muridira | mung nyênyunggi karyanipun | pra siswa mêngkana uga | sêsunggèn tansah nèng luhur ||[227]

8. wontên sadulur panca wlas | anyajuga wismanipun | ananging tunggil sakukub | aslinira saking sabrang | kathah rumêgêp sadulur | mrih suka tur tan sayoga | yèn kulina ing pitêpung ||[228]

9. abusana wilis rêkta | arowang kadadyan ranu | lèn kadadyan minanipun | sinambut katiganira | ing jro kunjara dinunung | wang-wang rinêmêk sêdaya | swuh mawur tan antuk kiwul ||[229]

10. wontên têmbung catur lingga | wastane amaning pantun | yèn pinèt kalih ingayun | bangsanipun wau ama | kang kalih lingga ing pungkur | wastaning ganda myang rasa | kang kuciwa dening latu ||[230]

--- 45 ---

11. catur lingga wastaningwang | yèku sana prênah kidul | miwah lèr saking kadhatun | yèn pinisah ngalih lingga | kang ngarsa miwah ing pungkur | tan prabeda ing pradika | tirta gambira gumulung ||[231]

12. wastra rineka ing warna | ingkang sarana tinênun | panca lingga wastanipun | kang kalih lingga ingarsa | wanita kaniran kakung | de kang tri lingga ing wuntat | ubaya sasaminipun ||[232]

13. catur lingga wastanira | têtêngêripun wong agung | yèn pisah dwi lingga ngayun | wastaning sêkul ijenan | dene kêkalih kang kantun | ing pungkur sasaminira | tata atanapi laku ||[233]

14. manira dhapuring kadga | catur lingga wastaningsun | kêkawin kang kalih ngayun | sana nglêrêmkên sarira | punika ing muradipun | kang kantun saputing sêkar | wohipun namung ginilut ||[234]

15. malih dhapuring curiga | catur lingga wastanipun | kang kalih lingga ingayun | wastaning panyandhêt wastra | kang kalih lingga kang kantun | ing pungkur yèku ranira | sêsotya adi pinunjul ||[235]

16. mung catur wandaning sastra | inggih ugi dhapur dhuwung | kalih ngayun wastanipun | pandhu putra kang sajuga | kang kalih lingga ing pungkur | têmbung kawi muradira | aru ara ing tyas mèpu ||[236]

--- 46 ---

17. wontên malih dhapur kadga | catur lingga wastanipun | kang kalih lingga ingayun | wastane buron ing sawah | miwah sabèng kalènipun | kang kantun dwi lingga gowang | tuwin sêmpal têgêsipun ||[237]

18. malih dhapuring curiga | catur lingga wastanipun | kang kalih lingga ingayun | wastaning kukila ingkang | bangkit winulang amuwus | kang kalih lingga ing wuntat | raning amudhari gêlung ||[238]

19. wontên baksana ranira | mung catur lingga kalamun | pinisah dwi lingga ngayun | wastaning sarpa goraya | de kalih lingga ing pungkur | raning sêkar sring kinarya | usada myang burat arum ||[239]

20. wontên malih pêpanganan | catur lingga wastanipun | dhapurira kadi punglu | yèn pinisah ngalih lingga | ing ngarsa miwah ing pungkur | tan prabeda têgêsira | têpa myang upaminipun ||[240]

21. wontên gêndhingan sajuga | catur lingga wastanipun | kang kalih lingga ingayun | têgêse tongtonên ing dyah | kang kalih lingga kang kantun | ing pungkur punika wasta- | nira ing rasa linuhung ||[241]

22. wontên ta malih gêndhingan | catur lingga wastanipun | yèn pisah dwi lingga ngayun | wastaning raga nir arja | kalih lingga ingkang kantun | ing pungkur yèku sabawa | mangka pratandhaning giyuh ||[242]

--- 47 ---

23. praja sajuga winarna | mung tri lingga wastanipun | kang kalih lingga ingayun | bangsa mili pêrlu dahat | kangge ing salir tumuwuh | ingkang salingga ing wuntat | wastaning pêlikan luhung ||[243]

24. wastanira catur lingga | panunggalaning têtunggul | yèn pinèt dwi lingga ngayun | têgêse lampah mring wiyat | de kalih lingga ing wuntat |[244] ing wuri datan prabeda | kadi wau têgêsipun ||[245]

25. wontên têmbung catur lingga | wastane warnining sawung | yèn pisah dwi lingga ngayun | wastaning wastra rineka | ing warna srana tinênun | de kalih lingga ing wuntat | boga ingkang dahat pêrlu ||[246]

26. warnining kuda ingucap | catur lingga sastranipun | ingkang kalih lingga ngayun | anuwuhkên sawabira | salir wiji lata taru | ingkang kantun wastanira | lamun kataman ing ranu ||[247]

27. malih warnining turangga | catur lingga sastranipun | yèn pinèt kêkalih ngayun | kadadyan saking tuwuhan | adarbe rasa linuhung | de kalih lingga ing wuntat | cêmêng margi dening latu ||[248]

28. bangsaning gumrêmêt miwah | wadhah juga kinarya mung | angumpulkên artanipun | lamun salingga ing wuntat | pinisah lawan kang ngayun | wastanipun sato wana | kang ngrabasèng tanêm tuwuh ||[249]

--- 48 ---

29. wontên basa panca lingga | dolananing rarenipun | ranira dwi lingga ngayun | kadadyan sing pulang raras | yèn binucal kalih ngayun | wastaning patuwasira | wong nglampahkên artanipun ||[250]

30. wontên têmbung kalih lingga | kêkalih ing têgêsipun | dolanan rare karuhun | ping kalih mamrih kapêdhak | salir datan wrin donipun | kawi salingga ing wuntat | surya têtimbanganipun ||[251]

31. warnining sawung kang kocap | tigang lingga sastranipun | kêkalih lingga ingayun | têtimbanganing andika | wastaning prabata agung | sawetaning Surakarta | yèn binucal juga ngayun ||[252]

32. wastanira ing tuwuhan | tigang lingga sastranipun | ingkang kêkalih ingayun | wijil saking ing wowohan | pancèn kinarya mèt manuk | dene salingga ing wuntat | têmbung ora saminipun ||[253]

33. malih têmbung tigang lingga | tan wontên kang arsa sinung | kang kalih lingga ingayun | pikantuk sasaminira | yèn kalih lingga ing pungkur | wastanira sanjatèng prang | kala ing jaman rumuhun ||[254]

34. wontên rêngganing sarira | catur lingga sastranipun | yèn pinèt kang kalih ngayun | ujwala ingkang gumêbyar | sakêdhap-sakêdhap muhung | kang kalih lingga ing wuntat | nginggil sikut prênahipun ||[255]

--- 49 ---

35. malih rêngganing sarira | mung tri lingga sastranipun | yèn nir sajuga ing pungkur | wastanira kang nèng jaja | jalwèstri darbe wus tamtu | yèn pinèt sajuga ngarsa | tan yatna sasaminipun ||[256]

36. wrêksa gung pancèn nyênyangga | tigang lingga sastranipun | yèn nir sajuga ing pungkur | têtimbanganipun siyang | yèn pinèt sajuga ngayun | kantun kalih wastanira | têturutaning lumaku ||[257]

37. pinanggih anèng curiga | catur lingga sastranipun | yèn pinèt kêkalih ngayun | yèku têtêbênging waja | dene dwi lingga kang kantun | wastanipun sato wana | ingkang birawa gung luhur ||[258]

38. wastaning dhusun sajuga | catur lingga sastranipun | tanpa sandhangan sadarum | kang kalih ngarsa wowohan | rèmèh gandanira arum | kalih ing wuri petangan | sadèrèngipun sapuluh ||[259]

39. malih panêngraning desa | mung tri lingga sastranipun | yèku mastani sadarum | kang pinacuhan dènira | panjênênganira ratu | yèn nir salingga ing wuntat | murah têtimbanganipun ||[260]

40. wontên gêndhingan sajuga | catur lingga sastranipun | ingkang kêkalih ingayun | wastaning pring dene ingkang | kêkalih lingga ing pungkur | sasaminira ing warna | cêmêng langking tuwin jamus ||[261]

--- 50 ---

41. wastaning wastra sinêrat | sastra catur lingga muhung | ngoko kang kalih ingayun | kawi dwi lingga ing wuntat | nanging sami têgêsipun | yèku mastani udaka | kang tumanduk saking ruhur ||[262]

42. malih wastra sêsêratan | catur lingga sastranipun | ingkang kêkalih ingayun | sela agung ing samudra | dene dwi lingga ing pungkur | amastani saniskara | ingkang nir prayoginipun ||[263]

43. wastaning dhusun sajuga | catur lingga sastranipun | ingkang kêkalih ing ngayun | têmbang rahab saminira | dene kêkalih kang kantun | majêng panunggilanira | mundur têtimbanganipun ||[264]

Tamat.

--- [51] ---

Batangane Tjangkriman Basa Djawa nganggo Têmbang[265]

I.Sinom.
1.Tiyang nulup.
2.Sêkar pudhak; dene ingkang nggraut ronipun pandhan.
3.Tiyang nyathok; ingkang lima drijinipun.
4.Wêwayangan.
5.Tiyang nyêrat; labêting pranti liniring = kenging mangsi.
6.Jam kandhutan; dêrês ing pangandika = ungêling mênitan.
7.Kukus; yogane Bathara Brama = anak latu.
8.Gambar.
9.Têsmak (kaca mata).
10.Anak putu.
11.Brêngos; wênèh wontên datan rêmên binucalan = kacukur.
12.Rasukan; jaja bêngkah sapanginggil = tangkêbipun.
13.Gambar nagari.
14.Tiyang mbathik; ing kanan ngasta saya = piranti canthing, warih = toya = lilinipun.

--- 52 ---

15.Tiyang nyêrèt; sanjata luwih = bêdudan, pisêr = mimis =glintiran madat.
16.Pêksi puyuh.
17.Sarêm; tansah winayuh ing laki = mawa kanthi = bumbunipun.
18.Kinang; sajroning wancak suji = untu, anutupi babahan =tutuk = lathi.
19.Jaladara; ingarsa wastaning saya = jala, wastane kangbangkit mabur = pêksi dara.
20.Manisjangan; arti = têgês, rasa linuhung = manis, lêlawuhaning abukti = jangan.
21.Samirana; wastane kang tanpa warni = angin = samirana, tanprabeda = sami, wastaning don angwutahakên rudira = papanpaprangan = rana.
22.Gandamaru; wastane kang nanduk irung = ganda, timbanganingpawèstri kang tan mawèh rêna = maru.
23.Payudara; utawi sampun tinuku = payu, wastanipun ingkangbangkit angumbara = mabur = dara.
24.Gandariya; katandha saking grana = ganda, wandawaning mahawirya = sanak = sêntana ratu = riya.
25.Larasêtu; sarira nir arjanipun = lara, wastaning dina =sêtu.

--- 53 ---

26.Singasana; sato wana ngajrihi = singa, dunungan = sanautawi sasana.
27.Walikadhêp; (janma luwih, mungkur kadonyan, cakêt ngarsa =kadhêp) = wali.
28.Purbanagara; bukaning têmbung = purba, dununging tata krama= nagara.
29.Maratuwa; nyakêt = mara, timbanganing taruna = tuwa.
30.Kayu tai; kangge ing pawon = kayu, kadadyan ingkangpinangan = tai.
31.Urangayu; wastaning buron warih = urang, wanodya endah =ayu.
32.Tikêlbalung; rangkêp = tikêl = putung, tosan jroning sarira= balung.
33.Sarayuda; pirantining prang = sara, panca kara = yuda.
34.Mata iwak; kang wêruh = mata, buron toya = iwak.
35.Jagaripu; rumêksa = jaga, gêthing ginêthingan = ripu.
36.Kêndhalisada; pangrèh turangga = kêndhali, balung ron arèn= sada.
37.Sêmboja; karêm samukawis = sêm utawi sêngsêm, kang kinaryanyandhak = tangan = buja.

--- 54 ---

38.Ganda pura; tandha saking grana = ganda, wisma agung =pura.
39.Sangkal putung; garan pranti undhagi = sangkal, tugêl =putung.
40.Wulanjar; cahya gumilang ing ratri = wêngi = wulan, wêwahing tumbasan = lanjar.
41.Puspanyidra; manca warni = puspa, pakarya drusti = cidra.
42.Bala pêcah; pikuwating narpati = bala, drawasa = pêcah.
II.Kinanthi.
43.Rêmbulan; kucêm = surêm, dening surya.
44.Griya kabêsmi; tan rêna = botên sênêng = sêdhih, lèn =sanès.
45.Bayi sawêg lahir.
46.Mangsa kalih wêlas; 6 rêndhêng, 6 katiga.
47.Jagung; kampuh = dodot, bêbêd = jarik.
48.Gangsingan; ginodhi = binêbêd = ubêt-ubêt, ngêmasi = pêjah.
49.Tiyang dhidhis; pinadhêm = kapêjahan, binukti = pinangan.
50.Dintên pitu; kaèksi = katingal, palastra = pêjah.

--- 55 ---

51.Ngabên gangsir; kasuran = kuwanèn, pinupuh = ginitik.
52.Kanugrahan; bangkit = bisa, langka = elok.
53.Samukawis ingkang dèrèng kalampahan.
54.Kasagêdan; darbe = gadhah, ayun = gêlêm arêp, tabêri =tlatèn = atul = kulina, wun = wurung.
55.Ilat.
56.Tabêla; ayun = gêlêm = arêp, udani = sumêrêp.
57.Tiyang numpak kapal.
58.Paku; kadulu = katingal, napak = ngambah.
59.Kursi; catur = papat, lumaris = lumaku, srana = sarana =sarat.
III.Pangkur.
60.Dilah; bramastra = brama astra = sanjata latu, sura = wani, digdaya = sêkti, gusis = têlas sadaya.
61.Bênang gêlasan; gêgana = awang-awang, punjul = luwih, lungid = landhêp, asor = kalah, unggul = mênang.
62.Sirah.
63.Pêrang; panggunggung = pangalêm, sisip = kalah = lêpat.

--- 56 ---

64.Latu; bêndu = duka, akarya = adamêl, ranu = toya.
65.Pandoman; kalamun = manawi, sinukarta = kèndêlakên.
66.Manusa; lumaris = lumaku, catur = papat.
67.Tiyang marut klapa lajêng kapêrês; datan = botên, manggapuliha = pulih, rudira = rah.
68.Bayalali; nir = têlas, yatna = èngêt.
69.Layangan; tri = têlu, wang = ingwang = kula, kinardi =kadamêl, dwi = kalih, luhung = sae sangêt, sabda = rêmbag =wicantên.
70.Jaladri; don = panggenan, tirta = toya, wangkid = wangên, ngayun = ngarêp, warih = banyu, kisma = siti = papan..
71.Sêmar mêndêm; wuntat =wingkin,[266] liwung = mêndêm.
72.Srigadhing; pribadi = piyambak.
73.Surabi; pinèt = kapêndhêt, pradika = têgês = têrang.
74.Ragaina; bale = griya = panggenan, atma = nyawa, netra =mripat.
75.Ucêng-ucêng; sung utawi asung = suka = nyukani, mijil =mêdal.
76.Rambutan; manira = kula.

--- 57 ---

77.Bulu bêkti; wardi = têgês, binukti = pinangan.
78.Tanjung.
79.Macanan; myang = tuwin.
80.Kalalèn; tuna = kurang, yatna = èngêt.
81.Maesa langit; tri = tiga, krura = nêpsu.
82.Sêgaran; mèsi = kêbak, boga = têtêdhan.
83.Têlaga; rêngka = bêngkah.
84.Dalancang; janma = tiyang, kapti = manah.
85.Sikatan; turangga = kapal.
86.Mariyêm; waluya = wilujêng = saras.
87.Susur sêdhah; abipraya = nunggil pikajêng, pralaya = pêjah, gothaka = guwa.
IV.Durma.
88.Tiyang nutu; bandayuda = prang, sardula = sima.
89.Tiyang mususi.
90.Tiyang dêrêp; sikêp = mbêkta, murda = jangga.
91.Tiyang malujêng.
92.Kupat; marga = dalan, ngêmasi = pêjah, raga = badan.
93.Tiyang ngabên jangkrik; rana = papan paprangan, jurit =prang.
94.Laron; tan = botên, wilis = petang, sirna = têlas.

--- 58 ---

95.Tiyang mancing; munggwing = dumunung, warih = toya, bukti =nêdha, lalis = pêjah.
96.Tiyang mancak; (pados walang).
87.[267]Tiyang njala; narmada = toya.
98.Tiyang ngabên sawung.
V.Dhandhanggula.
99.Wuku tigang-dasa.
100.Taun.
101.Pancadriya.
102.Sastra kalih-dasa; busana = pangangge, lampus = pêjah.
103.Tawon; pinetak = winijang-wijang, brana = tatu = sakit, kagda = dhuwung.
104.Babahan nawa-sanga.
105.Tiyang adang; brama = latu, prasada = panggenan.
106.Arta; yungyun = kapengin, mêmalad = anggèndèng, giyuh =bingung, driya = nala = ati.
107.Toya; bangkit = sagêd.
108.Uyah-uyahan; panca = gangsal, samudra = sagantên.
109.Ula-ula; juga = satunggal, dwi = kalih.
110.Surabaya; diyu = dênawa, warih = toya.
111.Sandhang lawe; panêngran = nama, wastra = sinjang.

--- 59 ---

112.Wulu cumbu; wrin = sumêrêp.
113.Alang-alang.
114.Braja-nala.
115.Majapait.
116.Pari jatha; prabata = rêdi, dahat = sangêt, wuntat =wingking.
117.Surya kantha; asung = suka = nyukani, bahni = latu.
118.Mandhala giri; madya = têngah, kisma = siti, tirta = toya.
119.Gadhung mêlathi (araning sawijining kori kraton ing Sala);
120.Suri kaya; wèni = rema = sinom, memba = mèmpêr.
121.Surung dhayung.
122.Kayu apu; wisma = griya, ngobar = kabêsmi.
123.Kala mêntas; mamèt = ngupados, narmada = toya.
124.Jalak sangu tumpêng; salir = sakalir = sadaya, rimbag =wujud.
125.Tapakliman.
126.Tali jiwa; kinardi = kadamêl.
127.Usap tangan; jalu = jalêr.
128.Gulali; darbe = gadhah, yatna = emut.
129.Kayu anyang; ngrêratêngi = olah-olah.
130.Malathi; jamus = cêmêng.

--- 60 ---

131.Padha mara; abukti = anêdha, nyakêt = nyêlak.
132.Wida-sari; usada = jampi.
133.Apa-apa; atêtanya = tanya = pitakon.
134.Wanagiri; kèksi = kaèksi = katingal.
135.Karangpandhan; munggwing = dumunung = manggon, jaladri =sagantên.
136.Jatinom.
137.Banyudana.
138.Kali-yasa; ardi = rêdi, wisma = griya.
139.Èpèk-èpèk; madya = têngah, wastra = sinjang.
140.Udhêg-udhêg.
VI.Pucung.
141.Pangilon.
142.Bolongan; sangkin = sangsaya.
143.Pêtêng; sinamun = sinamar.
144.Sêratan.
145.Das.
146.Kalong; anendra = tilêm, ngêdhêm = ndhêlik.
147.Sêmprong.
148.Umur sêpuh; binadhe = binatang.
149.Gunting lilin; dupi = sarêng, dahana = latu.
150.Graji; ngundhili = nêdhasi.
151.Cêcangkriman.
152.Pakêcohan; panamun = panyamar = samar, seta = pêthak.

--- 61 ---

153.Canthingipun tiyang ambathik; pratistha = dumunung, rudira= rah.
154.Mega kalihan mêndhung; jamus = cêmêng, pada = suku, waspa =luh.
155.Angin; sabawa = swara, kruraya = duka.
156.Kêndhêla; ngupaya = ngupados, prêpêki = cêlaki.
157.Gunting; netra = mripat, bangkit = sagêd.
158.Jontrot; ruhur = inggil, nglayad = dhatêng, antaka = pêjah.
159.Cèrèt utawi sanèsipun tumumpang ing latu; pancaka = latu, angling = wicantên, udrasa = anangis.
160.Jêmbangan wêdêlan; alêtuh = amêka, udaka = toya.
161.Karêtêg; munggwing = wontên, ranu = toya, ratri = dalu.
VII.Asmarandana.
162.Srêngenge; sênêtan = umpêtan.
163.Cêlana; priya = jalêr.
164.Gangsingan bumbung; pranaja = dhadha, jangga = gulu.
165.Gajah; kadga = dêdamêl = dhuwung.
166.Layangan mawi sêndarèn; langkap = gandhewa.
167.Babon nigan; ngruruh = ngupados.

--- 62 ---

168.Jangka; karya = damêl.
169.Sawarninipun ingkang nigan.
170.Cèlèngan siti; grana = irung, netra = mripat, bukti =nêdha, prawasa = pêcah.
171.Etanging umur; pinrih = kapurih.
172.Durjana; nir = têlas, tama = sae.
173.Kalong; bangkit = sagêd, ratri = dalu, ari = dintên.
174.Rêgulo; puspita = sêkar.
175.Srimanganti; priyangga = piyambak, driya = manah.
176.Jongrahap; tri = tiga, kogug = kogêl.
177.Sida wayah; kalakyan = kalampahan, sunu = anak, myang =miwah.
178.Arêng-arêng; warih = toya, wrêksa = kajêng.
179.Rasa mala; kèksi = katingal.
180.Karingêt; angga = badan, wastra = sinjang.
181.Maskumambang; wuntat = wingking, tirta = toya.
182.Jaka tuwa; wanita = èstri, taruna = nèm.
183.Kalabang; mrajaya = namakakên, arda = sangêt, rudira = rah.
184.Katipung; pradangga = gangsa.
185.Kami têtêp; kita = kula, sira = kowe.
186.Rara saduwa.
187.Tingting; tanapi = tuwin.

--- 63 ---

188.Basusu.
189.Raja awu; obar = bêsmi.
VIII.Mijil.
190.Tiyang musoni; langkap = gandhewa, astra = panah.
191.Ênthung; tèki = tapa.
192.Pêkênan-lêgi.
193.Glathik kaundha.
194.Lopak-lopak saisinipun; pelag = sae, mijil = mêdal.
IX.Maskumambang.
195.Cipta; kapti = manah, prapta = dhatêng.
196.Kali; ardi = rêdi, wirotama = waskitha.
197.Mêrcon; langking = cêmêng, rêkta = abrit, agni = latu, angga = badan, murda = jangga.
198.Wowohan kang kaimbu.
X.Mêgatruh.
199.Umbul-umbul; kawuryan =katinggal.[268]
200.Untu; wastu = saèstu, lampus = pêjah.
201.Budi raharja; janma = tiyang, rat = jagat.
202.Sêrat ibêr-ibêr.
203.Têkên; bêndu = duka.

--- 64 ---

XI.Gambuh.
204.Irung; prabata = rêdi.
205.Rêdi; bangkit = sagêd, mandrawa = têbih, luhung = saesangêt.
206.Pêksi dara, muluk mawi sawangan; pradangga = gangsa, suwuk= kèndêl.
207.Kitiran.
208.Tiyang numpak tandhu gandhul karêmbat ing tiyang kalih; wangun griya.
209.Ugêt-ugêt; mancala = salin.
XII.Jurudêmung.
210.Lêsung; netra = mripat, sabawa = suwara, tayuh = têtêngêr, pakarti = pandamêl.
211.Timba mawi senggot; bukti = nêdha, sadarum = sadaya.
212.Surya kantha; sumawana = tuwin malih, bêsmi = ngobong; murda = sirah, nir = ical.
213.Kêrtu Walandi saprangkat; bangkit = sagêd, atanapi = punapamalih, giyuh = kodhêng.
214.Inuman; seta = pêthak, jênar = jêne.
215.Pipisan lan gandhik; jamus = cêmêng, karya = damêl, ngayun= ngajêng.
216.Saka guru; darbe = gadhah, sumarma = mila, ulu = sirah.

--- 65 ---

217.Jênèwêr sakèlèr.
218.Lombok traos sarêm kasambêl; wilis = ijêm, rêkta = abrit, ranu = toya, swuh = ajur.
219.Walang sangit.
220.Alun-alun; sana = panggenan, tirta = toya.
221.Randha samaya; wanita = èstri.
222.Upa cara; atanapi = miwah.
223.Tilam upih; kadga = dhuwung, sana = ênggèn.
224.Sabuk intên; wastra = sinjang.
225.Bima krodha; tyas = manah, mèpu = duka.
226.Yuyu rumpung.
227.Jalak ngore; curiga = dhuwung, kukila = pêksi, wuntat =buri.
228.Naga sari; sarpa = sawêr, usada = jampi.
229.Ondhe-ondhe; punglu = mimis, myang = miwah.
230.Gandrung manis; dyah = èstri, linuhung = eca.
231.Lara nangis; raga = badan, arja = slamêt, giyuh = bingung.
232.Banyumas; dahat = sangêt, salir = sadaya.
233.Umbul-umbul; pinèt = kapêndhêt, wiyat = langit, kadi =kados.
234.Lurik sêkul; wastra = sinjang, boga = têdha.
235.Lêmah têlês; lata taru = ron kêkajêngan.
236.Gula gêsêng; turangga = kapal.

--- 66 ---

237.Celengan; ngrabasèng = ngrisak ing.
238.Anak-anakan.
239.Golèk; mamrih = murih, wrin = sumêrêp, don = gèn.
240.Kulawu.
241.Pulutan; wijil = wêtu.
242.Tampiling; arsa = ajêng, sinung = kanggenan.
243.Kêlat bau; ujwala = cahya, muhung = mung.
244.Sêsupe; jaja = dhadha, nir = têlas, jalwèstri = jalêrèstri, yatna = emut.
245.Dalurung.
246.Lambe gajah; têbêng = aling-aling.
247.Majasanga; sadarum = sadaya.
248.Larangan.
249.Pêtung wulung; langking = cêmêng, jamus = cêmêng.
250.Udan riris; udaka = toya.
251.Parang rusak; samudra = sagantên, saniskara = samubarang.
252.Sudi mara.

__________

--- [67] ---

Isine layang iki

Kaca
I.CangkrimannganggotêmbangSinom3
II."""Kinanthi11
III."""Pangkur14
IV."""Durma20
V."""Dhandhanggula22
VI."""Pucung32
VII."""Asmarandana35
VIII."""Mijil40
IX."""Maskumambang40
X."""Mêgatruh41
XI."""Gambuh42
XII."""Jurudêmung43
Batangane cangkriman mau51

__________

 


§ Tiyang nulup. (kembali)
§ Sêkar pudhak; dene ingkang nggraut ronipun pandhan. (kembali)
§ Tiyang nyathok; ingkang lima drijinipun. (kembali)
§ Wêwayangan. (kembali)
§ Tiyang nyêrat; labêting pranti liniring = kenging mangsi. (kembali)
§ Jam kandhutan; dêrês ing pangandika = ungêling mênitan. (kembali)
§ Kukus; yogane Bathara Brama = anak latu. (kembali)
§ Gambar. (kembali)
§ Têsmak (kaca mata). (kembali)
10 § Anak putu. (kembali)
11 § Brêngos; wênèh wontên datan rêmên binucalan = kacukur. (kembali)
12 § Rasukan; jaja bêngkah sapanginggil = tangkêbipun. (kembali)
13 § Gambar nagari. (kembali)
14 § Tiyang mbathik; ing kanan ngasta saya = piranti canthing, warih = toya = lilinipun. (kembali)
15 § Tiyang nyêrèt; sanjata luwih = bêdudan, pisêr = mimis = glintiran madat. (kembali)
16 § Pêksi puyuh. (kembali)
17 § Sarêm; tansah winayuh ing laki = mawa kanthi = bumbunipun. (kembali)
18 § Kinang; sajroning wancak suji = untu, anutupi babahan = tutuk = lathi. (kembali)
19 § Jaladara; ingarsa wastaning saya = jala, wastane kang bangkit mabur = pêksi dara. (kembali)
20 § Manisjangan; arti = têgês, rasa linuhung = manis, lêlawuhaning abukti = jangan. (kembali)
21 § Samirana; wastane kang tanpa warni = angin = samirana, tan prabeda = sami, wastaning don angwutahakên rudira = papan paprangan = rana. (kembali)
22 § Gandamaru; wastane kang nanduk irung = ganda, timbanganing pawèstri kang tan mawèh rêna = maru. (kembali)
23 § Payudara; utawi sampun tinuku = payu, wastanipun ingkang bangkit angumbara = mabur = dara. (kembali)
24 § Gandariya; katandha saking grana = ganda, wandawaning maha wirya = sanak = sêntana ratu = riya. (kembali)
25 § Larasêtu; sarira nir arjanipun = lara, wastaning dina = Sêtu. (kembali)
26 § Singasana; sato wana ngajrihi = singa, dunungan = sana utawi sasana. (kembali)
27 § Walikadhêp; (janma luwih, mungkur kadonyan, cakêt ngarsa = kadhêp) = wali. (kembali)
28 § Purbanagara; bukaning têmbung = purba, dununging tata krama = nagara. (kembali)
29 § Maratuwa; nyakêt = mara, timbanganing taruna = tuwa. (kembali)
30 kinarya. (kembali)
31 § Kayu tai; kangge ing pawon = kayu, kadadyan ingkang pinangan = tai. (kembali)
32 § Urangayu; wastaning buron warih = urang, wanodya endah = ayu. (kembali)
33 § Tikêlbalung; rangkêp = tikêl = putung, tosan jroning sarira = balung. (kembali)
34 § Sarayuda; pirantining prang = sara, panca kara = yuda. (kembali)
35 § Mata iwak; kang wêruh = mata, buron toya = iwak. (kembali)
36 § Jagaripu; rumêksa = jaga, gêthing ginêthingan = ripu. (kembali)
37 § Kêndhalisada; pangrèh turangga = kêndhali, balung ron arèn = sada. (kembali)
38 § Sêmboja; karêm samukawis = sêm utawi sêngsêm, kang kinarya nyandhak = tangan = buja. (kembali)
39 § Ganda pura; tandha saking grana = gandha [ganda], wisma agung = pura. (kembali)
40 § Sangkal putung; garan pranti undhagi = sangkal, tugêl = putung. (kembali)
41 § Wulanjar; cahya gumilang ing ratri = wêngi = wulan, wêwahing tumbasan = lanjar. (kembali)
42 § Puspanyidra; manca warni = puspa, pakarya drusti = cidra. (kembali)
43 § Bala pêcah; pikuwating narpati = bala, drawasa = pêcah. (kembali)
44 § Rêmbulan; kucêm = surêm, dening surya. (kembali)
45 § Griya kabêsmi; tan rêna = botên sênêng = sêdhih, lèn = sanès. (kembali)
46 § Bayi sawêg lahir. (kembali)
47 § Mangsa kalih wêlas; 6 rêndhêng, 6 katiga. (kembali)
48 § Jagung; kampuh = dodot, bêbêd = jarik. (kembali)
49 § Gangsingan; ginodhi = binêbêd = ubêt-ubêt, ngêmasi = pêjah. (kembali)
50 § Tiyang dhidhis; pinadhêm = kapêjahan, binukti = pinangan. (kembali)
51 § Dintên pitu; kaèksi = katingal, palastra = pêjah. (kembali)
52 § Ngabên gangsir; kasuran = kuwanèn, pinupuh = ginitik. (kembali)
53 § Kanugrahan; bangkit = bisa, langka = elok. (kembali)
54 § Samukawis ingkang dèrèng kalampahan. (kembali)
55 § Kasagêdan; darbe = gadhah, ayun = gêlêm arêp, tabêri = tlatèn = atul = kulina, wun = wurung. (kembali)
56 § Ilat. (kembali)
57 sinandhang. (kembali)
58 § Tabêla; ayun = gêlêm = arêp, udani = sumêrêp. (kembali)
59 § Tiyang numpak kapal. (kembali)
60 § Paku; kadulu = katingal, napak = ngambah. (kembali)
61 § Kursi; catur = papat, lumaris = lumaku, srana = sarana = sarat. (kembali)
62 § Dilah; bramastra = brama astra = sanjata latu, sura = wani, digdaya = sêkti, gusis = têlas sadaya. (kembali)
63 § Bênang gêlasan; gêgana = awang-awang, punjul = luwih, lungid = landhêp, asor = kalah, unggul = mênang. (kembali)
64 § Sirah. (kembali)
65 § Pêrang; panggunggung = pangalêm, sisip = kalah = lêpat. (kembali)
66 § Latu; bêndu = duka, akarya = adamêl, ranu = toya. (kembali)
67 § Pandoman; kalamun = manawi, sinukarta = kèndêlakên. (kembali)
68 § Manusa; lumaris = lumaku, catur = papat. (kembali)
69 § Tiyang marut klapa lajêng kapêrês; datan = botên, mangga puliha = pulih, rudira = rah. (kembali)
70 § Bayalali; nir = têlas, yatna = èngêt. (kembali)
71 § Layangan; tri = têlu, wang = ingwang = kula, kinardi = kadamêl, dwi = kalih , luhung = sae sangêt, sabda = rêmbag = wicantên. (kembali)
72 § Jaladri; don = panggenan, tirta = toya, wangkid = wangên, ngayun = ngarêp, warih = banyu, kisma = siti = papan. (kembali)
73 § Sêmar mêndêm; wuntat = wingkin, [wingking,] liwung = mêndêm. (kembali)
74 § Srigadhing; pribadi = piyambak. (kembali)
75 § Surabi; pinèt = kapêndhêt, pradika = têgês = têrang. (kembali)
76 § Ragaina; bale = griya = panggenan, atma = nyawa, netra = mripat. (kembali)
77 Lebih satu suku kata: kang kalih lingga ngarsa. (kembali)
78 inggih. (kembali)
79 § Ucêng-ucêng; sung utawi asung = suka = nyukani, mijil = mêdal. (kembali)
80 § Rambutan; manira = kula. (kembali)
81 § Bulu bêkti; wardi = têgês, binukti = pinangan. (kembali)
82 § Tanjung. (kembali)
83 § Macanan; myang = tuwin. (kembali)
84 § Kalalèn; tuna = kurang, yatna = èngêt. (kembali)
85 § Maesa langit; tri = tiga, krura = nêpsu. (kembali)
86 § Sêgaran; mèsi = kêbak, boga = têtêdhan. (kembali)
87 § Têlaga; rêngka = bêngkah. (kembali)
88 § Dalancang; janma = tiyang, kapti = manah. (kembali)
89 § Sikatan; turangga = kapal. (kembali)
90 § Mariyêm; waluya = wilujêng = saras. (kembali)
91 § Susur sêdhah; abipraya = nunggil pikajêng, pralaya = pêjah, gothaka = guwa. (kembali)
92 § Tiyang nutu; bandayuda = prang, sardula = sima. (kembali)
93 § Tiyang mususi. (kembali)
94 § Tiyang dêrêp; sikêp = mbêkta, murda = jangga. (kembali)
95 § Tiyang malujêng. (kembali)
96 § Kupat; marga = dalan, ngêmasi = pêjah, raga = badan. (kembali)
97 § Tiyang ngabên jangkrik; rana = papan paprangan, jurit = prang. (kembali)
98 § Laron; tan = botên, wilis = petang, sirna = têlas. (kembali)
99 § Tiyang mancing; munggwing = dumunung, warih = toya, bukti = nêdha, lalis = pêjah. (kembali)
100 § Tiyang mancak; (pados walang). (kembali)
101 § Tiyang njala; narmada = toya. (kembali)
102 § Tiyang ngabên sawung. (kembali)
103 § Wuku tigang-dasa. (kembali)
104 § Taun. (kembali)
105 § Pancadriya. (kembali)
106 § Sastra kalih-dasa; busana = pangangge, lampus = pêjah. (kembali)
107 § Tawon; pinetak = winijang-wijang, brana = tatu = sakit, kagda = dhuwung. (kembali)
108 § Babahan nawa-sanga. (kembali)
109 § Tiyang adang; brama = latu, prasada = panggenan. (kembali)
110 § Arta; yungyun = kapengin, mêmalad = anggèndèng, giyuh = bingung, driya = nala = ati. (kembali)
111 § Toya; bangkit = sagêd. (kembali)
112 § Uyah-uyahan; panca = gangsal, samudra = sagantên. (kembali)
113 § Ula-ula; juga = satunggal, dwi = kalih. (kembali)
114 § Surabaya; diyu = dênawa, warih = toya. (kembali)
115 § Sandhang lawe; panêngran = nama, wastra = sinjang. (kembali)
116 § Wulu cumbu; wrin = sumêrêp. (kembali)
117 § Alang-alang. (kembali)
118 § Braja-nala. (kembali)
119 § Majapait. (kembali)
120 § Pari jatha; prabata = rêdi, dahat = sangêt, wuntat = wingking. (kembali)
121 § Surya kantha; asung = suka = nyukani, bahni = latu. (kembali)
122 § Mandhala giri; madya = têngah, kisma = siti, tirta = toya. (kembali)
123 § Gadhung mêlathi (araning sawijining kori kraton ing Sala); (kembali)
124 § Suri kaya; wèni = rema = sinom, memba = mèmpêr. (kembali)
125 § Surung dhayung. (kembali)
126 § Kayu apu; wisma = griya, ngobar = kabêsmi. (kembali)
127 § Kala mêntas; mamèt = ngupados, narmada = toya. (kembali)
128 § Jalak sangu tumpêng; salir = sakalir = sadaya, rimbag = wujud. (kembali)
129 § Tapakliman. (kembali)
130 § Tali jiwa; kinardi = kadamêl. (kembali)
131 § Usap tangan; jalu = jalêr. (kembali)
132 § Gulali; darbe = gadhah, yatna = emut. (kembali)
133 Kurang satu suku kata: ingkang kêkalih ngaptine (kembali)
134 kantun (kembali)
135 § Kayu anyang; ngrêratêngi = olah-olah. (kembali)
136 § Malathi; jamus = cêmêng. (kembali)
137 § Padha mara; abukti = anêdha, nyakêt = nyêlak. (kembali)
138 § Wida-sari; usada = jampi. (kembali)
139 § Apa-apa; atêtanya = tanya = pitakon. (kembali)
140 § Wanagiri; kèksi = kaèksi = katingal. (kembali)
141 § Karangpandhan; munggwing = dumunung = manggon, jaladri = sagantên. (kembali)
142 § Jatinom. (kembali)
143 § Banyudana. (kembali)
144 sêndhang (kembali)
145 § Kali-yasa; ardi = rêdi, wisma = griya. (kembali)
146 § Èpèk-èpèk; madya = têngah, wastra = sinjang. (kembali)
147 § Udhêg-udhêg. (kembali)
148 § Pangilon. (kembali)
149 § Bolongan; sangkin = sangsaya. (kembali)
150 § Pêtêng; sinamun = sinamar. (kembali)
151 § Sêratan. (kembali)
152 § Das. (kembali)
153 § Kalong, anendra = tilêm, ngêdhêm = ndhêlik. (kembali)
154 § Sêmprong. (kembali)
155 § Umur sêpuh; binadhe = binatang. (kembali)
156 § Gunting lilin; dupi = sarêng, dahana = latu. (kembali)
157 Lebih satu suku kata: nging kêdah dèn pitulungi. (kembali)
158 § Graji; ngundhili = nêdhasi. (kembali)
159 § Cêcangkriman. (kembali)
160 § Pakêcohan; panamun = panyamar = samar, seta = pêthak. (kembali)
161 § Canthingipun tiyang ambathik; pratistha = dumunung, rudira = rah. (kembali)
162 § Mega kalihan mêndhung; jamus = cêmêng, pada = suku, waspa = luh. (kembali)
163 § Angin; sabawa = swara, kruraya = duka. (kembali)
164 § Kêndhêla; ngupaya = ngupados, prêpêki = cêlaki. (kembali)
165 § Gunting; netra = mripat, bangkit = sagêd. (kembali)
166 § Jontrot; ruhur = inggil, nglayad = dhatêng, antaka = pêjah. (kembali)
167 § Cèrèt utawi sanèsipun tumumpang ing latu; pancaka = latu, angling = wicantên, udrasa = anangis. (kembali)
168 § Jêmbangan wêdêlan; alêtuh = amêka, udaka = toya. (kembali)
169 § Karêtêg; munggwing = wontên, ranu = toya, ratri = dalu. (kembali)
170 § Srêngenge; sênêtan = umpêtan. (kembali)
171 § Cêlana; priya = jalêr. (kembali)
172 § Gangsingan bumbung; pranaja = dhadha, jangga = gulu. (kembali)
173 § Gajah; kadga = dêdamêl = dhuwung. (kembali)
174 § Layangan mawi sêndarèn; langkap = gandhewa. (kembali)
175 § Babon nigan; ngruruh = ngupados. (kembali)
176 § Jangka; karya = damêl. (kembali)
177 § Sawarninipun ingkang nigan. (kembali)
178 pêpêthingan (kembali)
179 § Cèlèngan siti; grana = irung, netra = mripat, bukti = nêdha, prawasa = pêcah. (kembali)
180 § Etanging umur; pinrih = kapurih. (kembali)
181 § Durjana; nir = têlas, tama = sae. (kembali)
182 § Kalong; bangkit = sagêd, ratri = dalu, ari = dintên. (kembali)
183 § Rêgulo; puspita = sêkar. (kembali)
184 § Srimanganti; priyangga = piyambak, driya = manah. (kembali)
185 § Jongrahap; tri = tiga, kogug = kogêl. (kembali)
186 § Sida wayah; kalakyan = kalampahan, sunu = anak, myang = miwah. (kembali)
187 § Arêng-arêng; warih = toya, wrêksa = kajêng. (kembali)
188 § Rasa mala; kèksi = katingal. (kembali)
189 § Karingêt; angga = badan, wastra = sinjang. (kembali)
190 § Maskumambang; wuntat = wingking, tirta = toya. (kembali)
191 § Jaka tuwa; wanita = èstri, taruna = nèm. (kembali)
192 § Kalabang; mrajaya = namakakên, arda = sangêt, rudira = rah. (kembali)
193 § Katipung; pradangga = gangsa. (kembali)
194 § Kami têtêp; kita = kula, sira = kowe. (kembali)
195 § Rara saduwa. (kembali)
196 § Tingting; tanapi = tuwin. (kembali)
197 § Basusu. (kembali)
198 § Raja awu; obar = bêsmi. (kembali)
199 § Tiyang musoni; langkap = gandhewa, astra = panah. (kembali)
200 § Ênthung; tèki = tapa. (kembali)
201 § Pêkênan-lêgi. (kembali)
202 § Glathik kaundha. (kembali)
203 § Lopak-lopak saisinipun; pelag = sae, mijil = mêdal. (kembali)
204 § Cipta; kapti = manah, prapta = dhatêng. (kembali)
205 § Kali; ardi = rêdi, wirotama = waskitha. (kembali)
206 § Mêrcon; langking = cêmêng, rêkta = abrit, agni = latu, angga = badan, murda = jangga. (kembali)
207 Lebih satu suku kata: samya tapa ing jro siti (kembali)
208 § Wowohan kang kaimbu. (kembali)
209 § Umbul-umbul; kawuryan = katinggal [katingal]. (kembali)
210 § Untu; wastu = saèstu, lampus = pêjah. (kembali)
211 § Budi raharja; janma = tiyang, rat = jagat. (kembali)
212 § Sêrat ibêr-ibêr. (kembali)
213 § Têkên; bêndu = duka. (kembali)
214 § Irung; prabata = rêdi. (kembali)
215 § Rêdi; bangkit = sagêd, mandrawa = têbih, luhung = sae sangêt. (kembali)
216 § Pêksi dara, muluk mawi sawangan; pradangga = gangsa, suwuk = kèndêl. (kembali)
217 § Kitiran. (kembali)
218 § Tiyang numpak tandhu gandhul karêmbat ing tiyang kalih; wangun griya. (kembali)
219 § Ugêt-ugêt; mancala = salin. (kembali)
220 § Lêsung; netra = mripat, sabawa = suwara, tayuh = têtêngêr, pakarti = pandamêl. (kembali)
221 § Timba mawi senggot; bukti = nêdha, sadarum = sadaya. (kembali)
222 bau. (kembali)
223 § Surya kantha; sumawana = tuwin malih, bêsmi = ngobong; murda = sirah, nir = ical. (kembali)
224 § Kêrtu Walandi saprangkat; bangkit = sagêd, atanapi = punapa malih, giyuh = kodhêng. (kembali)
225 § Inuman; seta = pêthak, jênar = jêne. (kembali)
226 § Pipisan lan gandhik; jamus = cêmêng, karya = damêl, ngayun = ngajêng. (kembali)
227 § Saka guru; darbe = gadhah, sumarma = mila, ulu = sirah. (kembali)
228 § Jênèwêr sakèlèr. (kembali)
229 § Lombok traos sarêm kasambêl; wilis = ijêm, rêkta = abrit, ranu = toya, swuh = ajur. (kembali)
230 § Walang sangit. (kembali)
231 § Alun-alun; sana = panggenan, tirta = toya. (kembali)
232 § Randha samaya; wanita = èstri. (kembali)
233 § Upa cara; atanapi = miwah. (kembali)
234 § Tilam upih; kadga = dhuwung, sana = ênggèn. (kembali)
235 § Sabuk intên; wastra = sinjang. (kembali)
236 § Bima krodha; tyas = manah, mèpu = duka. (kembali)
237 § Yuyu rumpung. (kembali)
238 § Jalak ngore; curiga = dhuwung, kukila = pêksi, wuntat = buri. (kembali)
239 § Naga sari; sarpa = sawêr, usada = jampi. (kembali)
240 § Ondhe-ondhe; punglu = mimis, myang = miwah. (kembali)
241 § Gandrung manis; dyah = èstri, linuhung = eca. (kembali)
242 § Lara nangis; raga = badan, arja = slamêt, giyuh = bingung. (kembali)
243 § Banyumas; dahat = sangêt, salir = sadaya. (kembali)
244 Biasanya guru lagu u: de kalih lingga ing pungkur. (kembali)
245 § Umbul-umbul; pinèt = kapêndhêt, wiyat = langit, kadi = kados. (kembali)
246 § Lurik sêkul; wastra = sinjang, boga = têdha. (kembali)
247 § Lêmah têlês; lata taru = ron kêkajêngan. (kembali)
248 § Gula gêsêng; turangga = kapal. (kembali)
249 § Celengan; ngrabasèng = ngrisak ing. (kembali)
250 § Anak-anakan. (kembali)
251 § Golèk; mamrih = murih, wrin = sumêrêp, don = gèn. (kembali)
252 § Kulawu. (kembali)
253 § Pulutan; wijil = wêtu. (kembali)
254 § Tampiling; arsa = ajêng, sinung = kanggenan. (kembali)
255 § Kêlat bau; ujwala = cahya, muhung = mung. (kembali)
256 § Sêsupe; jaja = dhadha, nir = têlas, jalwèstri = jalêr èstri, yatna = emut. (kembali)
257 § Dalurung. (kembali)
258 § Lambe gajah; têbêng = aling-aling. (kembali)
259 § Majasanga; sadarum = sadaya. (kembali)
260 § Larangan. (kembali)
261 § Pêtung wulung; langking = cêmêng, jamus = cêmêng. (kembali)
262 § Udan riris; udaka = toya. (kembali)
263 § Parang rusak; samudra = sagantên, saniskara = samubarang. (kembali)
264 § Sudi mara. (kembali)
265  Keterang tentang cangkriman berikut sudah dimasukkan sebagai catatan kaki untuk tiap bait. (kembali)
266 wingking. (kembali)
267 97. (kembali)
268 katingal. (kembali)