Pathokaning Nyêkarakên, Arjawiraga, 1926, #1819

JudulCitra
Terakhir diubah: 03-07-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 725. Rêgi f

Pathokaning Nyêkarakên

Anggitanipun Mas Arjawiraga

[Grafik]

Wêdalan Balepustaka (Volkslectuur)
Wêwênangipun pangarang sinêngkêr, miturut bab 11 Anggêr ingkang kapacak ing Staatsblad 1912 No. 600.
Drukkerij Balepustaka - Weltevreden 1926.

--- [0] ---

[Iklan]

--- 1 ---

Serie No. 725

Pathokaning Nyêkarakên

Anggitanipun Mas Arjawiraga

Wêwênangipun pangarang sinêngkêr miturut bab 11 Anggêr ingkang kapacak ing Staatsblad 1912 No. 600.
Wêdalan Balepustaka ing Weltêpredhên.
Drukkerij Balepustaka - Weltevreden 1926.

--- 2 ---

[...]

--- 3 ---

Pathokaning Nyêkarakên.

1. Sêsorah Bab Sêkaran.

Tiyang Jawi punika bakunipun pancèn rêmên sangêt dhatêng sêkaran, tandhanipun dene sêrat-sêrat Jawi ingkang lugu damêlanipun tiyang Jawi prasasat mèh sadaya sami sinawung ing sêkar, awis-awis sangêt ingkang gancaran. Ananging para ingkang sami kaparêng ngarang sêrat mawi sêkar wau botên sadaya sami ahli dhatêng sêkaran, tandhanipun dene sêrat-sêrat mawi sêkar wau manawi dipun waos beda-beda sangêt tumandukipun dhatêng pangraos, wontên ingkang sakeca sangêt dhatêng pamirêng lan nênarik manah sarta gambêlang dhatêng panggraita, wontên ingkang dhatêng pangraos pating gronjal, dhatêng graita pêtêng, dhatêng manah ambosêni. Sêkaran ingkang sakeca sapiturutipun punika wau mêsthi kemawon kawastanan sae, dene ingkang botên sakeca kawastanan awon. Sakeca utawi botên sakecaning sêkaran punika wau mêsthi wontên sababipun. Sarana ngyêktosi dhapukaning sêkaran ingkang sakeca sarta sarana nandhing dhapukaning sêkaran ingkang sakeca lan ingkang botên, lajêng kêpanggih sabab-sababipun ingkang anjalari sakeca utawi botên wau, satêmah kenging

--- 4 ---

dipun pathoki kadospundi mêsthinipun sêkaran ingkang sae, inggih punika ingkang sakeca wau. Sarêng sampun nyumêrêpi dhatêng pathokaning sêkaran ingkang sae wau, têtela bilih nyêkarakên punika botên gampil.

Tarkadhang wontên tiyang ingkang botên mangêrtos dhatêng pathokaning nyêkarakên, ewadene sêkaranipun kêtingal sae, yèn dipun petanana cocogipun kalihan pathokan namung malèsèd sakêdhik sangêt. Kosokwangsulipun tiyang ingkang ngêrtos dhatêng pathokaning nyêkarakên, botên mêsthi sêkaranipun punika sae.

Mirid kawontênan ingkang makatên wau, dados têrang bilih tiyang ingkang sagêd nyêkarakên sae punika pancèn sampun ambêkta dhasar. Dados tiyang ingkang sampun kêdunungan dhêdhasar sagêd nyêkarakên punika, pangikêting ukara ing sêkar nama sampun kawakan, botên usah damêl-damêl, sadhawahipun sampun sakeca. Wangsul tiyang ingkang botên gadhah dhasar nyêkarakên, sanadyan damêlanipun sêkaran lêrês miturut pathokan, sanadyan jangkêp wicalanipun, lan sanadyan mawi purwakanthi, sêkaranipun wau inggih dèrèng kenging kawastanan sae.

Sanadyan pathokan nyêkarakên ing sêrat punika tangèh nyêkapana ing kabêtahan, nanging nama sampun lowung kenging kangge pêpiridan lan ancêr-ancêr.

--- 5 ---

Nitik katrangan ing nginggil punika, kados namung sakêdhik pêrlunipun kawontênakên sêrat bab pathokanipun nyêkarakên, ananging saèstunipun botên makatên. Jalaran sêrat pathokan wau tumrap dhatêng para ingkang gadhah dhasar nyêkarakên sagêd anggampilakên pamarsudinipun dhatêng sêkaran, dene tumrap dhatêng para ingkang botên gadhah dhasar nyêkarakên ugi maedahi sangêt, jalaran kenging kangge garan nitèni sêkaran ingkang sae, ingkang prayogi dipun waos pêrlu kangge nglandhêpakên pangraosipun dhatêng lêlungidaning sêkaran.

Bilih para ingkang kaparêng ngudi dhatêng kawruh sêkaran sampun nyuraos wêwarah ing nginggil, kados lajêng sagêd anggalih: nyêkarakên punika botên gampil, lan botên sagêd nêtêpakên bilih tiyang ingkang sampun nyakup dhatêng pathokan punika lajêng sagêd nyêkarakên sae. Dados tuwuhing sêkaran ingkang sae namung gumantung dhatêng ingkang damêl, lowung dene wontên pêpiridanipun.

__________

2. Ingkang dados tataranipun tiyang badhe nyêkarakên.

Tiyang badhe nyêkarakên punika sakawit kêdah kulina maos sêrat-sêrat waosan, sukur sagêd anjajah dhattêng [dha...]

--- 6 ---

[...têng] satunggal-satunggaling sêrat. Parlunipun anjajah maos sêrat waosan:

1. Sagêd kulina dhatêng guru lagu sarta guru wicalan ing sawarnining sêkar.
2. Sumêrêp dhatêng awon saening ukara.
3. Sumêrêp dhatêng wêwatêkaning sêkar.
4. Sumêrêp dhatêng lêrês lêpating ukara.
5. Sumêrêp dhatêng basa kawi ingkang kangge ing sêkar.

1. Kulina dhatêng guru laguning sêkar punika sagêd anuwuhakên raos dhatêng sakecaning dhong-dhing, lajêng angraosakên dhatêng lêrêsing guru lagu, guru wicalan, tuwin pêdhotan.

2. Awon saening ukara badhe karaos bilih tiyang sampun anjajah dhatêng sêrat-sêrat waosan. Karaosipun jalaran saking sagêd nimbangakên ngrika-ngriki, tuwin lajêng sumêrêp dhatêng purwakanthi, sêngsêming sêkar, wicalan, tuwin sangkalan.

3. Sumêrêpipun dhatêng wêwatêkaning sêkar, lajêng sagêd mêmantês dhatêng manggèning sêkar, upaminipun sêkar durma, kangge cariyos manawi nuju sêrêng.

4. Lêrês lêpating ukara, punika sagêd nyumêrêpi pamanggèning pada.

--- 7 ---

5. Nyumêrêpi basa Kawi, punika sagêd anglênggahakên sakecaning ukara, awit sagêd nênitèni dhatêng wontênipun basa Kawi ingkang kêrêp kêsrambah.

Pratelan ing nginggil punika nama namung grêban, oreyanipun ingkang panjang badhe kapratelakakên ing wingking. Dene parlunipun, inggih punika namung prakawis ngulinakakên maos, awit, tiyang ingkang sinau nyêkarakên, sanadyan sumêrêp ing pathokan, nanging botên jajah dhatêng sêrat-sêrat, inggih botên sagêd sae, dening kirang pêpiridan.

__________

3. Guru Lagu lan Guru Wicalan.

Sanadyan tiyang sampun mangrêtos dhatêng guru lagu, nanging dèrèng sumêrêp dhatêng guru wicalan, pandamêlipun sêkar asring kirang langkung, ingkang dipun ugêr namung antuking guru lagu kemawon, anggènipun ngugêmi makatên wau namung saking dèrèng sumêrêpipun dhatêng pathokaning guru wicalan. Nanging tumrapipun ing jaman sapunika, saawon-awonaning sêkaran, mêksa sampun anglênggahi dhatêng guru lagu, awit guru lagu punika rumasukipun dhatêng pikiran rumiyin piyambak. Sanadyan tiyang botên sumêrêp ing tulis, botên gadhah apalan, nanging mangrêtos [mangrê...]

--- 8 ---

[...tos] dhatêng guru lagu, upaminipun dhandhanggula, inggih lajêng sagêd rêngêng-rêngêng:

aninunong aninong unaning
aninunong aninong ununa (ing wêkasan limrahipun dipun kêcapakên: nong)
aninunong uninane
unong aning unanung
uninanong uning unaning
unanong aning una
uninong unanung
aninunong aninuna
aninunong aninong unong unaning
unong aning ununa

Rêngêng-rêngêng kados makatên punika nama sampun anglênggahi guru lagu tuwin guru wicalanipun.

Mênggahing guru lagu, punika manawi ngantos malèsèd dhawah sanès lêrêsipun, karaos botên sakeca sangêt. Nanging nama kêsangêtên manawi wontên sêkaran ingkang ngantos malèsèd guru lagunipun.

Wontên apalan kêlimrah ingkang guru lagunipun anggaronjal sangêt, tur sampun botên kenging dipun puwung, sêkaripun Pangkur, kados ing ngandhap punika:

--- 9 ---

patute tas babar anyar | miyos kakung warnane langkung pêkik | drêgang-drêgang tiru biyung | nangis jaluk layangan | nora ketang sun rewangi mènèk gurda luwih luhur | nututi layangan pêdhot | ...

Pada ing pungkasan punika botên sakeca sangêt, awit lêpat, lêrêsipun dhawah lêgêna: dados taling tarung. Dene bab guru wicalan wontên ingkang langkung, nanging dèrèng kacariyosakên ing ngriki.

Dados guru lagu punika pathokanipun badhe nyumêrêpi laguning satunggal-satunggalipun sêkar ing sabên pada lingsa ing salêbêting pada sêkar.

Dene bab guru wicalan, punika baku agêng ingkang kêdah kasumêrêpan sêsarêngan kalihan guru lagu, awit guru wicalan punika anêrangakên cacahing aksara ing sabên sapada lingsa, pangetangipun kêdah cocog kados punapa mêsthinipun, manawi ngantos kirang utawi langkung, kajawi raosipun dhatêng pamirêng botên sakeca, ugi nama kuciwa sangêt mênggahing sêkaran, kirang langkunging guru wicalan punika asring pinanggih wontên ing tiyang ingkang sawêg jajal-jajal nyêkarakên, nanging ingkang [ing...]

--- 10 ---

[...kang] limrah langkung, pinanggihipun makatên wau bokmanawi jalaran saking dèrèng kulina. Cêthanipun bab guru wicalan badhe kêsêksèn wontên ing wêwarah bab pêdhotan.

Tumraping sêrat-sêrat waosan, mèh botên wontên guru wicalan ingkang kirang langkung, awit sampun dipun satitèkakên sangêt.

Dene pasêksèning guru wicalan ingkang botên nêtêpi ing pathokan, ingkang kathah pinanggih wontên ing apalan kina, kados ta: ingkang kasêbut pêpiridan sêkar pangkur ing nginggil, pada lingsa ingkang kaping gangsal:

nora ketang sun rewangi mènèk gurda luwih luhur.

Punika langkung kawan wanda.

Panunggilanipun malih:

Dhandhanggula.
sêmut irêng anak-anak sapi
kêbo bongkang nyabrang kali bangawan(langkung sawanda)
keyong gondhang cêrak sungute(langkung sawanda)
timun wuku godhong wolu(langkung sawanda)
Surabaya gègèr kêpati
ana wong ngoyak macan
dèn wadhahi bumbung

--- 11 ---

alun-alun Kartasura
gajah mêta cinancang wit sidaguri
patinya cinèkèr ayam(langkung sawanda)

Sêkaran ingkang makatên punika katawis manawi anggènipun nyêkarakên namung mêndhêt saking pathokan guru lagu, awit guru lagu punika tumrap dhatêng tiyang ingkang botên ngêmatakên dhatêng guru wicalan, sanadyan ngantos langkung pintên-pintên wanda, inggih dipun sampar kemawon, ingkang dipun bujêng namung antuking dhong-dhing.

Dhandhanggula
ayam cêmêng wulunira ingkang mubal putih(langkung kawan wanda)
si bok ngantèn mèsêma sadhela
kinarya tulak brangtine
pari nom tinutu tanggung(langkung sawanda)
...

Sêkaran ing nginggil punika ugi namung ambujêng guru lagu, nanging sêkaranipun mawi ngugêmi dhatêng lêrêsing ukara, awit ingkang mubal putih punika: wulunira. Antuking wangsalan, ayam cêmêng wulunira mubal putih punika: tulak. Pari nom tinutu tanggung, pancènipun sakeca dipun ewahi: pari tinutu tanggung, cèplês botên langkung sawanda, nanging kajêngipun sulaya, awit têgêsipun ingkang tanggung punika anggènipun nutupari [nutu...]

--- 12 ---

[...pari], dèrèng mawi katrangan pari punapa, tuwin dèrèng têgês kados kajênging wangsalan. Sarêng ingkang dipun tutu pari ênom, lajêng sagêd mangrêtos manawi têgêsipun: êmping, mila têbusanipun: si bok ngantèn pipine ramping.

Dene pathokanipun guru lagu tuwin guru wicalan sêkar macapat, sêkar têngahan, punapadene sêkar agêng ingkang kêlimrah dipun tunggilakên ing sêkar macapat, kados ing ngandhap punika:

Namaning sêkarIng pada lingsaGuru lagu dhawahGuru wicalan cacah wandaKatrangan
1Dhandhanggula1ulu10
2lêgêna10
3taling8Sawênèh wontên ingkang dhawah taling tarung, nanging botên kêlimrah, dipun wastani lêpat. Dene bab dhawah taling, mênggahing sêkaran, ingkang sae sampun ngantos dhawah panambang, sêsagêd-sagêd angsala ingkang dhawah lingga taling, botênipun sagêd makatên, inggih waton botên kêkêrêpên.
4suku7

--- 13 ---

Namaning sêkarIng pada lingsaGuru lagu dhawahGuru wicalan cacah wandaKatrangan
5ulu9
6lêgêna7
7suku6
8lêgêna8
9ulu12
10lêgêna7
2Sinom1lêgêna8
2ulu8
3lêgêna8
4ulu8
5ulu7
6suku8
7lêgêna7
8ulu8
9lêgêna12
3Asmaradana1ulu8
2lêgêna8
3taling utawi taling tarung8
4lêgêna8
5lêgêna7
6suku8
7lêgêna8
4Kinanthi1suku8
2ulu8
3lêgêna8
4ulu8
5lêgêna8
6ulu8

--- 14 ---

Namaning sêkarIng pada lingsaGuru lagu dhawahGuru wicalan cacah wandaKatrangan
5Pangkur1lêgêna8
2ulu11
3suku8
4lêgêna7
5suku12
6lêgêna8
7ulu8
6Durma1lêgêna12
2ulu7
3lêgêna6
4lêgêna7
5ulu8
6lêgêna5
7ulu7
7Mijil1ulu10
2taling tarung6
3taling10
4ulu10
5ulu6
6suku6
8Maskumambang1ulu12
2lêgêna6
3ulu8
4lêgêna8
9Pucung1suku12Kasêbut ing pathokan kina, dhawahipun ing pada lingsa kaping 3 ugi kenging dhawah
2lêgêna6
3ulu8
4lêgêna12

--- 15 ---

Namaning sêkarIng pada lingsaGuru lagu dhawahGuru wicalan cacah wandaKatrangan
ulu, taling utawi taling tarung. Ananging ing jaman sapunika botên, namung dhawah ulu, tuwin ing pada kapisan, kapêdhot kawan wanda kados sampun pada piyambak, dhawah suku, punika ingkang sampun kêlimrah utawi kaanggêp sae piyambak.
10Jurudêmung1lêgêna8Sêkar têngahan, asring katunggilakên sêkar macapat.
2suku8
3suku8
4lêgêna8
5suku8
6lêgêna8
7suku8
11Wirangrong1ulu8Sêkar têngahan, asring katunggilakên sêkar macapat.
2taling tarung8
3suku10
4ulu6
5lêgêna7
6lêgêna8
12Balabak1lêgêna12Sêkar têngahan, asring katunggilakên sêkar macapat.
2taling3
3lêgêna12

--- 16 ---

Namaning sêkarIng pada lingsaGuru lagu dhawahGuru wicalan cacah wandaKatrangan
4taling3
5lêgêna12
6taling3
13Gambuh1suku7Sêkar têngahan, limrahipun sampun dipun anggêp sêkarmacapat.
2suku10
3ulu12
4suku8
5taling tarung8
14Dudukwuluh inggih Mêgatruh1suku12Sêkar têngahan limrahipun sampun dipun anggêp sêkarmacapat.
2ulu8
3suku8
4ulu8
5taling tarung8
15Girisa1lêgêna8Sêkar agêng, asring katunggilakên sêkar macapat.
2lêgêna8
3lêgêna8
4lêgêna8
5lêgêna8
6lêgêna8
7lêgêna8
8lêgêna8

Ingkang kasêbut ing nginggil punika sami kêlimrah kangge wontên ing sêrat waosan.

__________

--- 17 ---

4. Bab Pêdhotan.

Tiyang nyêkarakên, bilih sampun sagêd anglênggahi dhatêng pathokan kalih prakawis, guru lagu tuwin guru wicalan, nama sampun sagêd tumindak. Nanging manawi ukaranipun dèrèng manut ing pêdhotan, sêkaranipun nama taksih kirang sakeca, awit pêdhotan punika ingkang nêdahakên andhêging napas. Dados saupami kèndêling napas ngantos mêdhot têmbung, sanadyan botên lêpat ukaranipun, nanging kithal ing pamaos, mila raosing sêkaran lajêng kirang sakeca.

Sayêktosipun manawi dipun petani, sanadyan sêkaranipun para linangkung inggih wontên ingkang botên nêtêpi pathokaning pêdhotan, bokmanawi ingkang makatên wau namung saking botên anggalih dhatêng pathokan kemawon, nanging sampun kulina tuwin kêraos dhatêng grêgêting sêkaran, mila sêkaranipun inggih sae kemawon.

Namung mênggahing tiyang nyêkarakên, salugunipun manawi ngantos kathah, asring wontên ingkang cèwèt. Ananging mênggahing tiyang ingkang sampun kulina, sadhawah-dhawahing sêkaranipun tamtu kathah ingkang anglênggahi pêdhotan, awit pandamêling ukara ing sêkar sampun atul, ewasamantên mênggahing pêdhotanipun, punika manawi namung dipun waos kangge maos sêrat,

--- 18 ---

cakipun sakeca kemawon, kajawi manawi kangge anggerong, punika tamtu karaos kithal, awit sakecaning gerongan punika manawi pêdhotanipun manut kados sacaraning pêdhotan ing sandiasma.

Dene peranganing pêdhotan wau kados ing ngandhap punika:

Pada lingsa ingkang cacahing wanda 5, kenging kapêdhot 3.2 utawi 2.3.
Pada lingsa ingkang cacahing wanda 6, kenging kapêdhot 4.2 utawi 3.3 utawi 2.4.
Pada lingsa ingkang cacahing wanda 7, kenging kapêdhot 4.3 utawi 3.4 utawi 2.3.2.
Pada lingsa ingkang cacahing wanda 8, kenging kapêdhot 4.4 utawi 3.3.2 utawi 3.2.3.
Pada lingsa ingkang cacahing wanda 9, kenging kapêdhot 4 salajêngipun kenging mirid kados pêdhotan wanda 5.
Langkungipun saking 9, sasampunipun dipun pêdhot 4, rumiyin, salajêngipun inggih lajêng dipun pêdhot manut tirahanipun.

Sarèhning pathokaning pamêdhot wau botên namung sawarni, dados tumrap tiyang ingkang badhe nyêkarakên sagêd milih ing sasakecanipun, tuwin mênggah cacahing wanda inggih botên angangèlakên ukara.

Namung tumrap sêkar ingkang mawi sandiasma, pamêdhotipun ragi gèsèh, kêdah ajêg, manawi:

--- 19 ---

Pada lingsa ingkang cacahing wanda 6, pêdhotanipun 2.4.
Ingkang cacahing wanda 7 pêdhotanipun 3.4.
Ingkang cacahing wanda 8 pêdhotanipun 4.4.
Langkungipun saking 8, pamêdhotipun 4 rumiyin salajêngipun kados ing nginggil.

Mirid kawontênaning sêrat-sêrat kina, anggitanipun para pujăngga utawi para sagêd, kiranging srêgipun pêdhotan namung sakêdhik sangêt, dados sadaya sampun mèh anglênggahi pathokan. Mila tumrap ingkang sami badhe sinau nyêkarakên, sanadyan dèrèng nama sagêd, tamtu inggih lajêng mangrêtos utawi sagêd nênitèni tuwin salajêngipun sagêd angewahi kadospundi mênggah lêrêsing pêdhotan, pêpiridanipun mêndhêt saking pathokan ingkang kasêbut ing nginggil.

Sarèhning pathokan nyêkarakên ing bab pêdhotan punika sawêg pinanggih wontên ing jaman sapunika, dados sampun sami anggalih bilih sêrat-sêrat kina ingkang sinawung ing sêkar punika awon, awit awon saening sêkaran ingkang nêtêpi pêdhotan punika pancèn dèrèng kamanah, dados panitikipun namung wontên ing awon saening ukara. Awon saening ukara wau sagêd nitik saking ênèm sêpuhing sêrat. Dene pêpiridanipun kados ing ngandhap punika:

--- 20 ---

Bêbukanipun Sêrat Panji Angrèni ingkang sampun umur 130 taun, kinanthi.

dan purwakaning angapus | mwang anrêh gita tan saking | pratamèng Kawi grêndaka | yamaka pangaksamaning | para sujanan jumêna | patap ning yamaka gêndhing ||

Sêkaran ing nginggil punika ukaranipun kakên, Kawinipun botên kulina kasrambah, pêdhotanipun botên nêtêpi pathokan. Dados ingkang kacakup namung guru lagu tuwin guru wicalanipun. Tumrapipun ing jaman sapunika sampun botên wontên pêpilihanipun, nanging titiking sêrat kina kêtingal sangêt. Punika nandhakakên bilih kawontênanipun kala jaman samantên inggih beda sangêt kalihan jaman sapunika, mila wilêting ukara, pêprênesan tuwin sanès-sanèsipun tumrap ing jaman sapunika inggih botên amranani.

Bêbukanipun Sêrat Wulangrèh, anggitan dalêm suwargi Ingkang Sinuhun Pakubuwana IV.

Dhandhanggula.

pamêdhare wasitating ati | cumanthaka aniru pujăngga | dahat mudha ing batine | nanging pêksa ginunggung | datan wêruh akèh ngèsêmi | amêksa angrumpaka | basa kang kêlantur | tutur kang katula-tula | tinalatèn rinuruh kalawan ririh | mrih padhanging sasmita ||

--- 21 ---

Sêkaran punika prasaja sangêt, mèh botên wontên Kawinipun, pêdhotanipun sampun lêrês sadaya. Mirid sêkaran punika, dados mênggahing tiyang nyêkarakên, sanadyan namung ngangge ukara limrah ugi sakeca, anggêr nêtêpi pêdhotanipun.

Bêbukanipun Sêrat Lokapala, karanganipun suwargi Radèn Ngabèi Sindusastra.

Dhandhanggula.

Rêbo Êpon panitraning manis | Jumadilawal Jimawal warsa | enjing ping wolu likure | kanêming julungpujut | sri tumurun anuju dadi | paningron Sang Hyang Yama | ijrah nabi sèwu | rongatus wandasa gangsal | sinêngkalan wiku misik swara tunggil |[1] nèng barisan pijenan ||

Sêkaran ing nginggil punika sampun ngangge ikêtan ukara Jawi jaman sapunika, pêdhotanipun namung lêpat satunggal, ing pada lingsa kaping kalih. Ukaranipun sarwa prasaja, tuwin salajêngipun ingkang kawrat ing Sêrat Lokapala wau sae, grêgêt sautipun anênangi manah. Dene lêpatipun pêdhotan wau namung jalaran saking kêpêksa ngangge têmbung ingkang gangsal wanda.

Bêbukanipun Sêrat Rama, karanganipun suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura.

Dhandhanggula.

--- 22 ---

tabuh sapta nujwa Buda Manis | wulan Sura kaping tigang dasa | ing măngsa kapat wukune | Kurantil Je kang taun | sirnèng tata pandhita siwi |[2] sangkala duk manurat | agnyama anurun | mangun langêning carita | caritane Bathara Rama ing kawi | jinarwakkên ing krama ||

Sêkaran ing nginggil punika larasipun sami kados Sêrat Lokapala.

Bêbukanipun Sêrat Cêmporèt, karanganipun suwargi Radèn Ngabèi Rănggawarsita.

Dhandhanggula.

songsong gora candraning artati | lir winidyan sarasèng parasdya | ringa-ringa pangriptane | tan darbe labdèng kawruh | angruruhi wênganing budi | kang mirong ruarèng tyas | jaga angkara nung | minta luwaring duhkita | aywa kongsi kewran lukitèng kintèki | kang kata ginupita ||

Sêkaran ing nginggil punika sampun botên wontên kuciwanipun, luwêsing ukara tuwin sakecaning panganggenipun Kawi pantês dados têtuladan.

Sêrat Rêrêpèn anggitan dalêm suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping IV.

Dhandhanggula.

rêngating tyas rinapih rinêpi | rinumpaka sinawung sarkara |

--- 23 ---

wêwangsalan karêmêne | dhuh baboroning pantun | ancur pêthak tumraping carmin | saya lami karasa | kalabang sumunu | nora rêna ing tyas ing wang | bênthik wrêksa atmajèng Santanu Rêsi | tan jênak anèng wisma ||

Sêkaran punika irib-iriban kalihan sêkaran bêbukanipun Sêrat Cêmporèt.

Slisir marèng tênggèrèng, karanganipun Iramênggala, kalêbêt ing sêkaran ingkang ênèm piyambak.

Dhandhanggula.

dhêdhêp tidhêm prabawaning ratri | sasadara wus manjêr kawuryan | tan kuciwa mêmanise | mênggêp sri natèng dalu | siniwaka sangyaning dasih | aglar nèng cakrawala | winulat ngalangut | prandene kabèh kèbêkan | saking kèhing taranggana kang sumiwi | warata tanpa sêla ||

Sêkaran ing ngingil punika sadaya sampun angêplêki ing pêpathokan, malah tumrapipun ing jaman sapunika sampun kenging tiniru dados têtuladan.

Sarèhning ing ngriki namung ngawontênakên têtuladan sawatawis, inggih namung têtuladan wau ingkang kangge pêpiridan. Dene mênggahing ukaranipun, namung kasumarahakên dhatêng ingkang kaparêng nelad, awit laguning ukara punika gumantung ing kasênênganipun piyambak-piyambak. Saupami wontên sawênèhing [sawê...]

--- 24 ---

[...nèhing] tiyang rêmên nelad ikêtaning ukara Sêrat Rama, awit sampun anganggêp sae piyambak, tarkadhang tumrap tiyang sanèn[3] botên rêmên. Dados mênggahing ukara punika raosipus[4] botên beda kados raosing wêwatêkan, makatên ugi luwês kakênipun, inggih sampun ambêkta watêk piyambak-piyambak.

Kados ing sapunika sampun ragi cêtha tumraping pêdhotan punika lampahipun warni-warni, kantun milih sakaparêngipun, dados saupami wontên ukara ing sêkar ingkang pêdhotanipun botên miturut pathokan punika, nama lêpat, tuwin tamtu botên sakeca dipun êcakakên, awit sabên pêdhotan kêdah nêlasakên têmbung. Murih têrangipun malih kapratelakakên kados ing ngandhap punika:

Dhandhanggula.
1. dhêdhêp tidhêm (4), prabawaning (4), ratri (2)punika cacahing wanda sapada lingsa wontên 10. Sarèhningmiturut ing pathokan, langkungipun saking 9 kêdah dipunpêdhot 4, mila dipun pêdhot 4 rumiyin, langkunganipunlajêng kenging kapêdhot sakajêngipun manut pêdhotaningcacah, dados saupami tirah 6 kados ukara punika, kenging lajêng kapêdhot 4.2 utawi 3.3.
2. sasadara (4) wus manjêr (3) kawuryan (3)punika cocog kalihan wêwarahing pada lingsa kapisan,pêdhotan 4 lajêng 3.3 = 10.

--- 25 ---

3. tan kuciwa (4) mêmanise (4)ugi kenging dados, aninong (3) aninong (3) ane (2). Utawi aninong (3) aning (2) anane (3). Utawi aning (2) aning (2) aning (2) ane (2), têgêsipun 2.2.2.2 punika sami kalihan 4.4.
4. mênggêp (2) sri natèng (3) dalu (2)ugi kenging dados aninunong (4) unanung (3) utawi ununong (3) aninanung (4).
5. siniwaka (4) sanggyaning (3) dasih (2)cacahing wanda 9, kapêdhot 4, langkunganipun 5, lajêng kapêdhot 3.2 ugi kenging kapêdhot 2.3 upami uninunong (4), anong (2) ununing (3).
6. aglar nèng (3) cakrawala (4)kados wêwarahing pada lingsa 4, 3.4 = 7 wanda.
7. winulat (3) ngêlangut (3)ugi kenging uninunong (4) anung (2), utawi unong (2) aninanung (4).
8. prandene (3) kabèh (2) kèbêkan (3)cocog kalihan wêwarah pada lingsa 3, pêdhotan 3.2.3 = 8 wanda.
9. saking kèhing (4) taranggana (4) kang sumiwi (4)cacahing wanda 12, kapêdhot 4 tirah 8, lajêng kapêdhot 4.4, kacocogna kalihan pada lingsa 3.
10. warata (3) tanpa sêla (4)cocog kalihan wêwarah pada lingsa 4 lan 6.

__________

5. Ukara.

Traping ukara wontên ing sêkar punika kaangkaha kados [kado...]

--- 26 ---

[...s] pandamêlipun ukara gancaran, sampun ngantos kuwolak-kuwalik êtrapipun. Nanging salugunipun ukara wontên ing sêkar punika asring angewahakên tataning ukara gancaran, awit saking kêpêksa nututi lênggahing guru lagu. Mila prayogi kapêndhêt têngah-têngahipun, guru lagu kêcêpêng, ukaranipun botên pêtêng.

Kaangkaha ing sabên sapada sêkar kadamêla saukara, sampun ngantos ukara dèrèng têlas sampun nyandhak ing pada sambêtipun, punika botên sakeca, awit padaning sêkar punika dados tăndha kèndêl dangu, dados kèndêlipun wau sampun ngantos anggantung suraos, upaminipun:

... ika kang ingutus. Marêk mring Kalana Jayèngsari ...

Punika kèndêlipun nama anggantung suraos, măngka lêrêsing ukara taksih lajêng, mênggahing ukara gancaran pamaosipun: ika kang ingutus marêk mring Kalana Jayèngsari. Saya malih manawi pamêdhotipun dhawah santuning têmbang, awit kajawi ing ngriku mawi kèndêl dangu, ugi santun lagu, dados lênggahipun santuning têmbang punika malah kêdah santun bab, lan ugi sampun mêdhot nêlasakên ukara wontên têngah-têngahing pada. Mriksanana wêwarah bab pada ing sêkar.

Sêkar sapada punika taksih mêngku andhêg ingkang sawatawis dangu, minăngka ambêgan. Dados utaminipun sanadyan [sa...]

--- 27 ---

[...nadyan] ukaranipun dèrèng têlas, nanging dhawahipun ing ambêgan wau kapisaha dados sagatra, utawi saukara.

Dene satunggal-satunggaling andhêg wau kados ing ngandhap punika:

Dhandhanggula: | 1 2 3 | 4 5 | 6 7 | 8 | 9 10 | ugi kenging | 8 9 10 |
Sinom: | 1 2 | 3 4 | 5 6 | 7 8 | 9 |
Asmaradana: | 1 2 3 | 4 5 | 6 7 |
Kinanthi: | 1 2 | 3 4 | 5 6 |
Pangkur: | 1 2 | 3 4 | 5 | 6 7 |
Durma: | 1 2 | 3 4 | 5 | 6 7 |
Mijil: | 1 2 | 3 4 | 5 6 |
Maskumambang: | 1 | 2 3 | 4 |
Pucung: | 1 | 2 3 | 4 |
Jurudêmung: | 1 2 | 3 4 | 5 | 6 7 |
Wirangrong: | 1 2 | 3 | 4 5 | 6 |
Balabak: | 1 2 | 3 4 | 5 6 |
Gambuh: | 1 2 | 3 | 4 5 |
Dudukwuluh: | 1 | 2 | 3 4 | 5 |
Girisa: | 1 | 2 | 3 4 | 5 | 6 | 7 8 | 9 |

Kajênging andhêg punika mèh sami kalihan pêdhotan, namung bedanipun mênggahing andhêg dados peranganing pêdhotan agêng. Makatên ugi mênggahing para ingkang kaparêng sinau

--- 28 ---

nyêkarakên, tamtu gampil anggènipun angyêktosi dhatêng andhêg wau, awit laguning sêkar sampun anêdahakên dhatêng prênahing andhêg ingkang dangu, pêpiridanipun makatên:

Dhandhanggula.
1. lamat katon pakuwon bala Mir.1.2.3 punika saandhêg lan ing ngriku nama saukara, isi tigang gatra.
2. ingkang cêlak lan ing Parangjara.
3. pakuwon kang urut lèpèn.
4. kambah tyas kapirangu.4.5 saandhêg isi saukara, kalih gatra.
5. rangu-rangu saya ngranuhi.
6. wirangrong karungrungan.6.7 saandhêg isi saukara, kalih gatra.
7. kumilat malat kung.
8. kusuma yu rawat waspa.8. saandhêg, saukara, sagatra.
9. kayaparan margane goning sun panggih.9.10 saandhêg saukara, kalih gatra.
10. lan Wong Agung Kuparman.

Kaangkaha gêsang ukaranipun, dados saupami nyăndra [nyă...]

--- 29 ---

[...ndra] wontênipun panggenan, nyariyosakên lêlampahan, utawi pawicantênan, sagêda gadhah raos gêsang. Nanging sami-sami wêwarah, bab punika kalêbêt angèl piyambak, awit ingkang sagêd ngêplêki, kajawi para ingkang sampun mumpuni, inggih kêdah ingkang sampun kêdunungan dhêdhasar makatên. Sampun malih ingkang nama damêl, sanadyan maos kemawon manawi botên gadhah dhêdhasar inggih botên karaos. Mila angèl saupami dipun wujudna pêpiridanipun, namung tumrap ingkang mangrêtos badhe botên kêkilapan.

Nanging ingkang makatên wau botên nama anèh, tuwin tamtu sagêd mangrêtos, bilih pangudinipun dhatêng sêkar kanthi dhêdhasar rêmên.

__________

6. Bab Basa.

Bab panganggening basa wontên ing sêkar kaangkaha anglênggahi punapa lêrêsipun, manawi krama inggih krama kemawon, manawi ngoko, salajêngipun inggih ngoko kemawon.

Basa tumrap wontên ing sêkar punika gadhah lageyan ingkang kêdah biniyantu ing basa ingkang kenging karingkês uta[5] kaulur, parlunipun sagêd nyakecakakên dhatêng traping ukara. Dados wosipun kêdah sagêd ngringkês utawi ngulur, awit bilih [bi...]

--- 30 ---

[...lih] sampun kulina, lajêng badhe botên kawêkèn dhatêng kirang langkunging guru wicalan.

Ing ngandhap punika pêpêthikanipun sawatawis, supados kenging kangge pêpiridan:

sru dados asruwruh dados wêruh
mring dados maringdi dados adi
sing dados sakingpama dados upama
prang dados pêrangkula dados kawula
de dados denetăndha dados pratăndha
tan dados datanpura dados puraya

Tuwin sanès-sanèsipun, samantên wau taksih mawi êmpan papan.

Bab panganggening basa ngamănca, tumrapipun wontên ing sêkar kêrêp amrangguli ingkang kirang sakeca, awit kathah ingkang langkung saking kawan wanda, măngka pathokaning pamêdhot kathah-kathahipun namung wontên kawan wanda, dados saupami manggih basa ngamănca ingkang makatên wau, manawi kêpêksa dipun angge inggih supados dipun wêtahakên kemawon, nanging pangêtrapipun sampun ngantos pêdhot wontên ing pada, puwungan aluwung dipun prênahakên narajang pêdhotan.

Sanadyan ing nginggil sampun amratelakakên bab panganggening basa krama tuwin ngoko kêdah katurutakên, ewadene [e...]

--- 31 ---

[...wadene] manawi kêpêksa kêdah ngangge basa ingkang sanès mêsthinipun, upami ngoko sumêla ing krama, utawi krama sumêla ing ngoko, inggih kenging, nanging tiyang nyêkarakên wajib nyumêrêpi dhatêng unggah-ungguhing basa, mila kêdah ingkang anjajah dhatêng basa, parlunipun badhe sagêd nyakecakakên dhatêng traping ukara, tuwin sakeca dipun waos, punapadene cêtha, awit sêrat ingkang sinawung ing sêkar punika adhakan dados waosan.

__________

7. Bab Panganggening Basa Kawi.

Panganggenipun basa Kawi wontên ing sêkar punika, prayogi ngangge basa Kawi ingkang kêlimrah kemawon. Ingkang nama basa Kawi limrah punika kados ingkang sampun sami dipun sumêrêpi ing tiyang kathah ing sêrat-sêrat waosan, botên parlu mawi pados-pados basa Kawi saking Bausastra sapanunggilanipun, awit basa Kawi ingkang botên kêlimrah punika malah damêl pêtêng tuwin botên sakeca, upaminipun têmbung: praja Surakarta, têmbungipun praja punika Kawi kêlimrah, nanging manawi mungêl: radya Surakarta, sanadyan têgêsipun inggih sami kemawon kalihan praja, botên sakeca. Makatên ugi saening sêkaran punika botên dupèh kathah Kawinipun.

--- 32 ---

Manawi ngêtrapakên Kawi kaangkaha ing dalêm sapada lingsa punika sampun balêbêgan Kawi sadaya, prayogi namung sumêla kemawon, awit sêkaran ingkang kêkathahên Kawi punika botên sae, nanging sêkaran ingkang tanpa Kawi dipun wastani cêmplang. Mila ingkang sayogi mawi angêmpakna dugi-dugi.

Wêwarah bab pandamêlipun basa Kawi wontên ing sêkar, punika sampun sami kêlintu sêrêp amastani kathahing basa Kawi wontên ing sêkar punika botên sae, punika botên, malah prayogi sangêt. Nanging salugunipun pamasanging basa Kawi ingkang sakeca punika limrahipun namung tumrap para ingkang sampun lêbda dhatêng sêkaran, awit pandamêlipun basa Kawi sampun botên mawi pados-pados, dening sampun kulina. Mila ing ngajêng sampun kapratelakakên, ingkang badhe sinau nyêkarakên kêdah anjajah dhatêng sêrat-sêrat rumiyin, parlunipun lajêng sagêd nyathêt tuwin ngrasuk ukara punapa malih mangrêtos dhatêng wilêtanipun.

Tăndha saksinipun traping basa Kawi ing sêkaran ingkang botên sakeca, sagêd nyatakakên dhatêng satunggal-satunggaling karangan, ing ngriku kêtingal thuk-thukaning basa Kawi ingkang sajak pados-pados, lajêng kenging dipun wastani panganggenipun basa Kawi kêbraèn.

Mirid kawontênaning sêrat-sêrat Jawi ingkang mawi sêkar, sanadyan [sana...]

--- 33 ---

[...dyan] dèrèng sapintêna cacahipun, nanging manawi namung badhe kangge pêpiridan kemawon, kados sampun anyêkapi.

__________

8. Purwakanthi.

Sêkaran ingkang tanpa purwakanthi punika kirang manisipun, mila sinau nyêkarakên punika prayogi ngulinakakên ngangge purwakanthi, dene purwakanthi punika wontên warni kalih, 1. purwakanthi guru swara, 2. purwakanthi guru sastra.

1. Purwakanthi guru swara punika limrahipun tuwin kêtingalipun manawi dipun êtrapakên ing gancaran tuwin guritan, awit namung mêndhêt saking guru swara kemawon. Saking kêlimrahing purwakanthi guru swara wau mênggahing tiyang Jawi, ngantos botên ngrumaosi manawi tansah ngêcakakên, kados ta manawi wicantênan, manawi sindhenan, tuwin sanès-sanèsipun, dalah manawi nuju pabên inggih ngêcakakên. Ingkang makatên wau pancèn kabêkta saking dhêdhasaripun tiyang Jawi sampun makatên, upaminipun:

Tumrap tiyang wicantên: anak molah bapa kêpradhah. Guru swaranipun wontên ing molah tuwin kêpradhah.

--- 34 ---

Tumrap tiyang sindhenan: sore-sore brêkutute jaluk ngombe. Guru swaranipun wontên sore tuwin ngombe.

Tumrap dolanan lare: watu-watu bundêr diinciki mingar-mingêr. Guru swaranipun wontên ing bundêr tuwin mingêr.

Tumrap tiyang pabên: dikêthok kaya lombok. Guru swaranipun wontên ing kêthok tuwin lombok.

Makatên sasaminipun.

Sanadyan mathukipun purwakanthi guru swara punika wontên ing gancaran utawi ing guritan, nanging manawi dipun thukakên ing sêkar inggih kenging, dene kanggenipun wontên ing sêkar botên patos kamanah punika, awit tiyang nyêkarakên punika ingkang dipun bujêng namung dhatêng dhawahing guru lagu, tuwin wontênipun ing salêbêting ukara ngriku botên kêtingal. Makatên malih manawi dipun timbang, taksih gampil damêl purwakanthi guru sastra.

Pandamêling purwakanthi guru swara punika sampun ngantos kêlintu pangêtrapipun, sanadyan lêgêna sami lêgêna, nanging kêdah sami, botên kenging ingkang satunggal lêgêna lămba, satunggalipun lêgêna sigêg, upaminipun:

--- 35 ---

kêmbang gêdhang lurik abang têmênggungan.

Kêpyur-kêpyur ngêntèni răndha sêmaya.

Punika kajênging purwakanthi lêgêna, sami manggèn ing pungkasaning pada, inggih punika têmênggungan (lêgêna sigêg) angsal kalihan sêmaya (lêgêna botên sigêg). Lan malih ing sabên pada lingsa inggih sampun mêngku purwakanthi, inggih punika ing larikan nginggil sabên kawan wanda dhawah cêcak (kajêngipun lêgêna), dados lêrêsipun ing pungkasaning pada lingsa kêdah kawaos: têmênggungang. Dene ing purwakanthi ngandhap bibrah sadaya. Sasaminipun ingkang kados makatên.

Makatên ugi tumrap sandhangan swara, inggih botên kenging karakêtakên sandhangan panyigêging swara, awit guru swara punika ingkang dipun bujêng swaranipun, dados kêdah sami.

Dene purwakanthi guru swara ingkang mantuk, kados ing ngandhap punika:

Rujak dêgan pantês dèn wadhahi pinggan.
Tiwas edan nglabuhi wong isih jênggan.
Rujak cêngkir pinangan sinuwir-suwir.
Kowar-kawir glabuhi wong ora mikir

Purwakanthi kalih gagrag punika, ing kawan wanda wiwitan, pungkasanipun mantuk kalihan pungkasaning pada lingsa, ugi gathuk kalihan pada lingsa ngandhapipun, dados têmbung dêgan

--- 36 ---

sagêd mantuk kalingyan[6] pinggan, ugi sagêd gathuk kalihan edan tuwin jênggan.

2. Purwakanthi guru sastra, punika pandamêlipun ing sabên sapada lingsa kêdah isi aksara ingkang sami, upaminipun:

Wus kabacut, acawêtan nêdya cangcut, cancal lan cancala, caruk-carap lawan lêmbing, ngêcakakên wêca kang sampun kinêcap, punika purwakanthinipun wontên ing aksara: ca.

Salugunipun damêl purwakanthi makatên wau angèl, nanging tumrap ingkang sampun gambuh, purwakanthi punika tuwuhipun malah pating talècèk, botên usah dipun damêl-damêl, awit saupami niyata dipun damêl, tarkadhang malah botên sae.

Makatên malih tiyang damêl purwakanthi guru sastra punika sanadyan tharik-tharik, nanging sampun nyêbal saking suraos. Têgêsipun kêcêpênging purwakanthi sampun ngantos nilar dhatêng jêjêr ingkang dipun cariyosakên, tuwin lăngka. Awit ing ngriku lajêng kêtingal sangêt bilih angsalipun purwakanthi saking anggènipun pados-pados.

Gampilipun, sanadyan ing wêwarah ngriki dipun pratelakakên nyêkarakên punika manisipun kêdah mawi purwakanthi, nanging sampun sangêt-sangêt dipun udi, awit pangudinipun dhatêng purwakanthi badhe ngicalakên wijining pamanggih, dados katindakna kalayan sakapanggihipun kemawon, mangke sakecaning [sake...]

--- 37 ---

[...caning] purwakanthi badhe tuwuh piyambak. Dados wêwarah punika kajêngipun inggih amardi sampun tilar purwakanthi, nanging inggih sampun kêsangêtên, awit tiyang sinau nyêkarakên ingkang lajêng rêmên dhatêng purwakanthi, dadosing sêkaran kirang luwês.

__________

9. Kasusastran.

Kasusastran ingkang tumrap ing ukara sêkar, punika sami kemawon kados ukara gancaran, ingkang parlu dipun sumêrêpi:

1. Bab panganggenipun daya sastra, awit daya sastra watêkipun damêl pangringkêsing têmbung. Dados saupami nyêrat: ambujêng, cêkap kasêrat: bujêng, botên usah dipun sêrat mbujêng, awit wontênipun ing sêkar tuwuhing daya sastra punika langkung cêtha tinimbang wontên ing gancaran.

2. Tanggap: na, pikantukipun dados pangluwêsing ukara. Kosokwangsulipun, tanggap: na, manawi dipun cakakên wontên ing ukara gancaran, asring kêtingal anggèning kirang mathuk, saya bilih dipun cakakên wontên ing sêrat ibêr-ibêr.

3. Rimbag sutraye tuwin sutrawam, kalih pisan wau sami mitulungi dhatêng pangringkêsing têmbung, kados ta: dupi antuk

--- 38 ---

dados: dupi antuk, dados: dupyantuk, nuju arip, dados: nujuwarip, dados: nujwarip.

4. Bawa: ma, tuwin bawa kuma, punika inggih dados pangluwêsing têmbung.

5. Tanggap tripurusa, wênang ngangge têmbungipun Kawi, kados ta: ingsun, manira, sira, pakênira.

6. Baliswara, punika pamalik têmbung, parlunipun sagêd ngantukakên guru lagu, tuwin nyakecakakên wilêtan, kados ta: siwi narendra, dados narendra siwi, bratayuda dados: yudabrata, sapanunggilanipun.

7. Warga: ha, inggih punika ... h, tuwin warga: ra, inggih punika ... r, sami sagêd mancahakên têmbung, kados ta: maha raja dados mahraja. Laksita arja dados: laksitarja.

8. Ing, punika sagêd luluh kalihan têmbung sambêtipun, kados ta: tumêkèng, saking tumêka ing. Wanèng, saking wani ing, pancènipun lêrêsing panyêrat: wanyèng, awit kagarba saking rimbag sutraye. Tumujèng, saking tumuju ing, lêrêsing panyêrat: tumujwèng, awit saking rimbag sutrawam.

9. Ing dalêm sapada lingsa punika sampun ngantos wontên panambang ingkang rangkêp.

--- 39 ---

Dene katrangan sanès-sanèsipun ingkang gêgayutan bab sêkar, sampun kawrat ing Paramasastra.

__________

10. Panganggening Pada.

Ingkang sampun kêlimrah, tumraping sêkar punika sabên sapada sêkar namung wontên padanipun lungsi satunggal, manggèn wontên ing pungkasan. Mirid kawontênan ingkang kados makatên wau, dados kajênging pada punika namung amadani sêkar, têgêsipun kèndêl dangu. Sanèsipun punika ing dalêm sapada sêkar namung isi pada lingsa tuwin pangkat. Dene panganggening pangkat namung tumrap wontên ing pamêdhoting têmbung, kados ta: lir sasăngka Sang Gunawan Wibi: sana pinupul teja wangkawa.

Wontêning pada lungsi ingkang namung manggèn ing pungkasaning sêkar, sayêktosipun asring mêtêngakên suraos, awit tarkadhang wontên ukara ingkang lêrêsipun dèrèng pada, sampun wontên padanipun, dados suraosipun ugi taksih lajêng. Makatên ugi mênggah wêwatêkaning ukara ing sêkar, punika asring malik ukara ingkang parlunipun namung ambujêng dhatêng dhawahing guru lagu, punika asring adamêl bingung, awit ukara ingkang sampun têlas wau lajêng cawuh sagêd sambêt kalihan ukara wingkingipun, mila parlu kêdah dipun padani lungsi rumiyin.

--- 40 ---

Tata kêlimrahan ingkang kados makatên wau prayogi kaewahan, panataning pada kêdah manut kados satatanipun pada ing ukara gancaran. Namung sarèhning panatanipun sastra Jawi kangge ing sêkar punika lêlajêngan, dados tumrapipun ukara ingkang dèrèng têlas, inggih kêpêksa dipun padani lingsa, parlunipun manut dhatêng padaning sêkar, namung ingkang pada lungsi, punika têtêp dipun padani lungsi.

Pola pada sêkar ingkang namung ngangge lungsi ing pungkasan.

Sang rêtna yu aturira aris, gih sandika gya samya luwaran, sang rêsi manjing panêpèn, laju lênggah pitêkur, sang dyah ayu tumulya mijil, lêlangên ing udyana, dhinèrèkkên puthut: Gendhong tansah atut wuntat, sukèng driya tumonton ing taman sari, puspita angayangan.

Manawi miturut sapunika.

Sang rêtna yu aturira aris: gih sandika:[7] gya samya bubaran. Sang rêsi manjing panêpèn, laju lênggah pitêkur. Sang dyah ayu tumulya mijil, lêlangên ing udyana, dhinèrèkkên puthut: Gendhong tansah atut wuntat, sukèng driya tumonton ing taman sari, puspita angayangan.

__________

--- 41 ---

Caranipun Gancaran.

Sang ratna[8] yu aturira aris: gih sandika. Gya samya bibaran, sang rêsi manjing panêpèn lajêng lênggah pitêkur. Sang dyah ayu tumulya mijil lêlangên ing udyana, dhinèrèkkên puthut Gendhong, tansah atut wuntat, sukèng driya tumonton ing taman sari, puspita angayangan.

Kajênging pada punika parlunipun namung nyêthakakên andhêging ukara, dados manawi dipun taliti, malah lajêng sagêd cocog kalihan wêwarah bab ukara (bab 5). Sabên saandhêg isi saukara, anggènipun madani lungsi sampun manggèn.

Dene ingkang dipun wastani pada pupuh ing sêkar:

1. ¥¡¥ Nama purwapada, têgêsipun wiwitan.

2. ¥¢¥ Nama madyapada, têgêsipun têngahan.

3. ¥£¥ Nama wasanapada, têgêspun wêkasan.

__________

11. Ukara Sasmita Wiwitaning Sêkar.

Sadaya sêrat ingkang sinawung ing sêkar, punika ing bêbukanipun kêdah wontên ukaranipun ingkang mawi têtêmbungan nyamar nyêbutakên sêkar ingkang kadamêl wau, satunggal-satunggaling sêkar gadhah sasmita piyambak-piyambak, pamanggènipun kenging sakaparêngipun waton taksih manggèn tuwin taksih sambêt kalihan ukara ngajêng kados ta:

--- 42 ---

Tumrap sêkar dhandhanggula, mawi têmbung: sarkara, manis, madu, artati, dhandhang, gula drawa, têtuladanipun:
I. Sarkara.

1. Putêking tyas daruna gêng kingkin | kagunturan ing krama sarkara | ...
2. Purwaning rèh sarkara winangsit | ...
3. Rêngating tyas rinapih rinêpi | rinumpaka sinawung sarkara | ...

II. Manis.

1. Dhêdhêp tidhêm prabawaning ratri | sasadara wus manjêr kawuryan | tan kuciwa mêmanise | ...
2. Tabuh sapta nujwa Buda Manis | ...
3. Dyan mêmardi mardawaning manis | ...

III. Madu.

1. Madumăngsa rinênggèng panggusthi | ...
2. Winardi ring sêkar madu manis | ...
3. Mardyèng gita raras madu manis/ ...

IV. Artati.

1. Songsong gora candraning artati | ...

--- 43 ---

2. Wontên kăndha rinênggèng artati | ...
3. Amurwaka kinuswèng artati | ...

V. Dhandhang.

1. Kaga krêsna (= dhandhang) purwaning makirti | ...
2. Jalak pita gagak ulês wilis | kudhandhangan sumêngka manitra | ...
3. Dhandhanggêndhis kang pinurwèng gêndhing | ...

VI. Guladrawa.

Wêdharing kang warsita nungtumi | kalêganing tyas angguladrawa | ...

Sinom, mawi têmbung: sinom, anom, taruna, sri nata, ron kamal, pangrawit, logondhong.
I. Sinom.

1. Sêsinoming tyas kandhuhan | ...
2. Raras sêsinoming kênya | ...

II. Anom.

1. Dèn titi wong anom sira | ...
2. Mupung anom umèngêta | ...

III. Taruna.

--- 44 ---

1. Pindha taruta maruna | ...
2. Lir brataning rêksi wara | micara rèh sadubudi | marsudi mrih dipaning tyas | mêmèngêt mring pra taruni | ...

IV. Sri nata.

1. Kang agnya gita sri nata | ...
2. Rinênggèng sêkar sri nata | ...

V. Ron kamal.

1. Sumping sêkar roning kamal | ...
2. Pangaranging rèh ron kamal | ...

VI. Pangrawit.

Raras rakitking[9] ukara | rinênggèng sêkar pangrawit | ...

VII. Logondhang.

Pindha angêlêk logondhang | ...

Asmaradana, mawi têmbung: kasmaran, brangti, kingkin.
I. Kasmaran.

1. Raras ruming asmara ris | ...
2. Kasmaran sotaning kapti | ...

II. Brangti.

Rarasing rèh nawung brangti | ...

--- 45 ---

III. Kingkin.

Sinawung rarasing kingkin | ...

Kinanthi, mawi têmbung: kanthi, kinanthi.
I. Kanthi.

Kanthi arsayaning kayun | ...

II. Kinanthi.

Kinanthi liring pitutur | ...

Pangkur, mawi têmbung: kapungkur, utawi ingkang mawi kur, punapadene ingkang têgêsipun mêngkêrakên.
I. Kapungkur.

Kapungkur rèhing sujana | ...

II. Kur.

Mingkar-mingkuring angkara | ...

III. Ingkang têgêsipun mêngkêrakên.

Tanpa tolih tatèng gita | ...

Durma, mawi têmbung mundur.
I. Mundur.

Mundur kadi wruh tataning karawitan | ... nanging botên kêlimrah kangge bêbuka.

--- 46 ---

Mijil, mawi têmbung: wijil, wiyos, rarasati.
I. Mijil.

Wijiling kang warsita inganggit | ...

II. Wiyos.

Wuryaning rèh yayah mikatoni | ing têmbang pamiyos |

III. Rarasati.

Pantês sinêkaran rarasati | ...

Maskumambang, mawi têmbung: kumambang.
I. Kumambang.

Kambang-kambang kumambang dènira nganggit | ... botên kêlimrah kangge bêbuka.

Pucung, mawi têmbung pucung, cung.
I. Pucung.

Warninipun nadyan kadi bapak pucung | ...

II. Cung.

Kadi ancung raras pangikêting kidung |

Jurudêmung, mawi têmbung: juru, mung, utawi wêtah jurudêmung.
I. Juru.

--- 47 ---

Ki juru dènnya manitra | ...

II. Mung.

Mung mêmindha kang wus wignya | ...

III. Jurudêmung.

Kang gita pangêla-êla | sinawung ing jurudêmung | ...
Sami botên kêlimrah kangge bêbuka.

Wirangrong, mawi têmbung: wirangrong.
I. Wirangrong.

Wirangrongan dènnya nganggit | ... botên kêlimrah kangge bêbuka.

Balabak, mawi têmbang: balabak.
I. Balabak.

Lir kablabak nèng madyaning kabungahan | ... botên kêlimrah kangge bêbuka.

Gambuh, mawi têmbung: gambuh.
I. Gambuh.

1. Tyas mirong murwèng gambuh | ...
2. Kadi ingkang wus gambuh | ...

--- 48 ---

Dudukwuluh ingih mêgatruh, mawi têmbung: anduduk, mêgat, truh.
I. Anduduk.

Lir anduduk dadakan dènira ngidung | ...

II. Mêgat.

Mêgat maring rarasing rèh kang sinêrung | ...

III. Truh.

Sasat măngsa katri katêraganing truh | ... sami botên kêlimrah kangge bêbuka.

Girisa, mawi têmbung: giris.
I. Giris.

Mawèh girising pangrasa | ... botên kêlimrah kangge bêbuka.

Wêwarah ing nginggil punika namung mêndhêt pêthikan bêbuka saparlunipun, supados kenging kangge pêpiridan.

Dene ingkang dipun wastani ukara sasmita wiwitaning sêkar ingkang sae, punika ingkang têtêmbunganipun ing sasmita botên mêlok amastani, nanging wontênipun ing ngriku sambêt kalihan ukaranipun, dados sasmita wau ngantos botên kêraos manawi dados tandhaning sêkar.

__________

--- 49 ---

12. Ukara Sasmita Santuning Sêkar.

Bab ukara sasmita badhe santuning sêkar, punika pandamêlipun inggih kêdah botên mêlok, sampun sairib kemawon kalihan ukara sasmita wiwitaning sêkar, pêpiridanipun kados ing ngandhap punika:

Dhandhanggula.

1. Swara wilêt manis arum, mêmalat sih kang lêlagon (manis).
2. Dyan tinanya ature angguladrawa (guladrawa).
3. Sêsumbar andhandhang mungsoh (dhandhang).
4. Umakartining amèt artati manta (artati).
5. Kang mungkasi sarkaraning lokapala (sarkara).
6. Nora pantês madu manis (madu).

Sinom.

1. Pantês dadya sri nata (sri nata).
2. Katon sang roning kamal (ron kamal).
3. Kering sang taruna kalih (taruna).
4. Sinoming para rum (sinom).
5. Dhinawuhan natawèni (wèni = sinom).
6. Sang anom matur wotsari (anom).

--- 50 ---

Asmaradana

1. Kagyat mangu ngunguning tyas larasmara (asmara).
2. Dyah kumênyar kang tansah anandhang brăngta (brăngta).
3. Sadaya ambirat kingkin (kingkin).
4. Trahing nabi andanani (dana = asmaradana).

Kinanthi.

1. Sarta kanthi anarima (kanthi).
2. Kadya gêgandhengan asta (gandhengan asta = kanthèn = kanthi).

Pangkur.

1. Tan antara mentar tanpa tolih wuntat (wuntat = wuri = pungkur).
2. Ing wuri tan winiraos (wuri = buri = pungkur).
3. Ing puja ngungkurkên putra (kur).
4. Grêguting yuda kanaka (yuda kanaka = pêrang kuku = kukur-kukur = kur).

Durma.

1. Mijil saking pura lir magut andurma (durma).
2. Tan ana nêdya mundura (mundur = dur).

--- 51 ---

Mijil.

1. Mijil saking wana wêrit (wijil).
2. Karasa rarasing driya (raras driya = rarasati).

Pucung.

1. Amucung ing sari ratri (sung)
2. Anèng sor pucung alinggih (pucung).
3. Mung milalu mèt kaluwak (kaluwak = pucung).

Maskumambang.

1. Lir mas kentaring toya (mas).
2. Kumambang karsaning dewa (kambang).
3. Pindha mas tumimbul (mas tumimbul = maskumambang).
4. Nyampar jamang maskumambang (maskumambang).

Wirangrong.

1. Wirangrongan samarga (wirangrong).

Balabak.

1. Lir kabalabak, solahira mèt silip (balabak).

Gambuh.

1. Nadyan gambuh ing wardaya (gambuh).

--- 52 ---

Dudukwuluh inggih Mêgatruh.

1. Adan mêntas anduduk praptèng parswasta (anduduk).
2. Gampil angèl amêgat jiwaning janma (mêgat).
3. Nèng jro kamar lir murcatma (murcatma = mêgat atma = mêgat).
4. Tumrahing truh martani (truh).

Girisa.

1. Girisa ing wuri-wuri (giris).

13. Sêngsêming Sêkar Mênggahing Ngèlmi.

Sêrat-sêrat Jawi ingkang mawi sêkar ingkang nyariyosakên bab ngèlmi, limrahipun dipun wastani suluk. Sêrat Suluk punika limrahipun namung dados waosanipun tiyang sêpuh, mila têtêmbunganipun inggih angèl, tuwin kathah têtêmbungan ingkang pancèn namung kangge wontên ing Sêrat Suluk. Makatên malih ngangge isbat, têgêsipun kados pasêmon. Mila tiyang maos Sêrat Suluk punika sampun kêlintu tampi amastani ukaranipun pêtêng, awit ukaranipun pancèn botên kadamêl ngêblak, tumrap tiyang ingkang dèrèng anjajah dhatêng sêsêrêpan bab ngèlmi, mangrêtosipun kêdah sarasehan kalihan tiyang sanès.

--- 53 ---

Sanadyan Sêrat Suluk punika sampun kacariyosakên têtêmbungan tuwin suraosipun pêtêng, nanging tiyang damêl Sêrat Suluk sasagêd-sagêd inggih kêdah ngangkaha sakeca tuwin cêthaning ukara, tuwin adamêla sêngsêming manahipun ingkang maos.

Ingkang nama sêngsêm punika: suraosing wêwarah ngriku kêtingal sampun nyarèmpèt dhatêng wigatosipun ingkang dipun cariyosakên, sanadyan nama dèrèng mêlok, nanging ingkang sami maos sampun gadhah grêngsêng ngajêngi.

Salugunipun sêngsêming sêkar mênggahing ngèlmi punika namung gumantung wontên ing suraosipun, sanadyan sêkaranipun botên sapintêna, nanging manawi suraosipun mêntês, inggih dipun rêmêni ing ngakathah. Mila saya utami malih manawi kêcêpêng kalih pisan, suraosipun aos, sêkaranipun sae.

Ing ngandhap punika piridan ikêtan sêkar mênggahing ngèlmi.

Pêthikan Sêrat Suluk Sumêndhi. Sêrat Ragi Kina.

[Dhandhanggula]

1. dan warnanên sira ta pun Sêndhi | matur sira ing sang adinira | ratu wahdat panjênênge | sumungkêm anèng lêbu | talapakan sang maha muni | kang adhêkah ing Benang | mangke [mang...]

--- 54 ---

[...ke] atur bêndu | sawitnya nêdha jinarwan | sapratingkahing agama kang sinêlir | têka ing rasa purba ||

2. sadasa warsa sira pun Sêndhi | angastuti ing sang adinira | tan antuk warandikane | rika wijilanipun | sira Sêndhi bang Maèspait | amêng-amênganira | natèng Majalangu | têlas sandining aksara | pun Sumêndhi matur ing sang adi gusti | anuhun pangatpada ||

3. pun Sêndhi byaktèng kang anuwun sih | ing talapakan sang jati wênang | pêjah gêsang katur mangke | sampun manuh pamuruk | sastra Arab paduka warti | wêkasane angladrang | anggêng amăng kayun | sabên dina rêrakêtan | malah bosên kawula kang angludrugi | ginawe alan-alan ||

4. ya pangeraning sang adi gusti | jarwaning wisik aksara tunggal | pangiwa lan panêngêne | nora na bedanipun | dene maksih atata gêndhing | maksih ucap-ucapan | karone puniku | datan polih anggêng mendra | atilar trêsna sakar ring Majapait | nora antuk usada ||

5. ya marma lunga ngikis ing wêngi | angulati sarasaning tunggal | sampurnaning lampah kabèh | sing pandhita sun dunung | angulati sarining urip | wêkasing jati wênang | wêkasing lor kidul | suruping raditya wulan | rêming netra kalawan uruping pati | wêkasing ana ora ||

6. sang ratu wahdat mèsêm ing lathi | hèh Sumêndhi kapoka mangkana | tan samanya pangucape |

--- 55 ---

luwih anuhun bêndu | atinira ta anênagih | dening gênging sakarya | kang sampun kalêbu | tan pandhitaning wong donya | yèn adol warta tuku wartaning tulis | angur aja wahdata ||

7. kang adol warta atuku warti | kumingsun kaya wêruh-wêruha | mangke ki andhe-andhene | awarna kadi kuntul | ana tapa sajroning warih | mênêng tan kêna obah | tingalipun têrus | ambêk padu anon măngsa | lir antêlu putihe putih ing jawi | ing jro kaworan rêkta ||

8. suruping arka aganti wêngi | pun Sêndhi anuntumakên wrêksa | badhiyan anèng dagane | patapane sang wiku | ujung têpining waudadi | aran dhêkêh ing Benang | saha sonya samun | anggadhang tan ana pala | boga anging craking sagara nêmpuhi | parang ngong asiluman ||

9. sang ratu wahdat lingira aris | hèh Sumêndhi marengke dèn enggal | tur dèn cêkêl kêkuncite | sarwi dèn êlus-êlus | tiniban sih ing sabda wali | Sumêndhi rungokêna | sasmita katèngsun | lamun sira kalêbua | ing naraka ingsun dhewe anglakoni | aja kang kaya sira ||

10. sigra pun Sêndhi atur upêkti | matur sira ing guru di mulya | sakalangkung panuhune | sampun rêke pukulun | lêhêng dasih rêke pun Sêndhi | manjinga ing naraka | pun Sêndhi sawêgung | pan sami wruh ing kalinga | guru lan siswa tan asulayèng kapti | kapti saeka praya ||

11. pèngêt ingsun ing sira Sumêndhi |

--- 56 ---

dèn yitna uripira nèng donya | ywa sumambara nèng gawe | kawruhana dèn èstu | sariranta pon dudu jati | kang jati dudu sira | sing sapa puniku | wêruh rêke asarira | măngka sasat wruh sira marang Hyang Widhi | iku marga utama ||

12. utamaning sarira puniki | angawruhana jatining salat | sêmbah lawan pamujine | jatining salat iku | dunung isa tuwin mahêrib | sêmbahyang araneka | wênange puniku | lamun nora nana salat | pan minăngka kêkêmbanging salat daim | ingaran tatakrama ||

13. êndi ingaran sêmbah sajati | aja nêmbah yèn tan katingalan | têmahe asor kulane | yèn sira nora wêruh | kang sinêmbah ing donya iki | kadi anulup kaga | punglune dèn sawur | manuke măngsa kênaa | awêkasan amangeran adam sarpin | sêmbahe siya-siya ||

14. lan êndi kang ingaranan puji | samaa muji dalu lan siyang | yèn nora sarta wisike | tan sampurna kang laku | yèn sirarsa wêruhèng puji | dèn nyata ing sarira | panjing wêtunipun | kang atuduh ananing Hyang | panjing wêtuning napas yogya kawruhi | suksma catur prakara ||

15. catur prakara anasirnèki | bumi gêni angin iku toya | samana duk panapêle | sipate iku catur | kahar jamal kamal lan kamil | katrapan sipating Hyang | wêwolu kèhipun | lampahe punang sarira | manjing mêtu yèn mêtu dipananèki [dipa...]

--- 57 ---

[...nanèki] | yèn manjing di prênahnya ||

16. tuwa anom kang anasir bumi | lakune puniku kawruhana | yèn atuwa di anome | lamun anom puniku | pundi rêke tuwanirèki | anasir gêni ika | kuwat apêsipun | yèn kuwat êndi apêsnya | lamun apês pundi gène kuwatnèki | tan sampun kasapèksa ||

17. miwah ta rêke anasir angin | lakune iku ana lan ora | yèn ora pundi anane | lamun ana puniku | anèng ngêndi oranirèki | ingkang anasir toya | pêjah gêsangipun | yèn urip pundi patinya | lamun mati di parane uripnèki | sasar yèn nora wruha ||

18. kawruhana têtalining urip | ingkang aningali ing sarira | kang tan pêgat pamujine | êndi pinangkanipun | kang pinuji lan kang amuji | sampun tan kasapèksa | marmaning wong agung | padha angluruh sarira | dipun nyata ing uripira sajati | uripira nèng donya ||

19. dipun wêruh ing urip sajati | lir kurungan rêraga sadaya | bêcik dèn wruh ing manuke | rusak yèn sira tan wruh | hèh Sumêndhi salakunèki | iku măngsa dadiya | yèn sira yun wêruh | bêcikana kang sarira | awismaa ing ênggon punang asêpi | sampun kacakrabawa ||

20. aja doh dera ngulati Kawi | Kawi iku nyata ing sarira | punang rat wus anèng kene | kang minăngka pandulu | krêsna jati sariranèki | siyang dalu dèn awas | pandulunirèku | punapa [pu...]

--- 58 ---

[...napa] rêke pra wignya | kang nyatèng sarira sakabèhe iki | saking sipat pakarya ||

21. mapan rusaka jatinirèki | dadine lawan kaarsanira | kang tan rusak dèn wruh mangke | sampurnaning pandulu | kang tan rusak anane iki | minăngka tuduh iya | sing wruh iyaiku | măngka sêmbah pujinira | mapan awis kang wruha ujar puniki | dahat sêpi nugraha ||

22. sayogyane mangke sira Sêndhi | dèn nyata sirèng sariranira | yêktya ngayang kang têmahe | rêraganira iku | lamun Sêndhi dera lalisi | kang nyata ing sarira | solahe tan bêsur | amuranga raganira | kang dadi tingal anging kainanèki | kang dèn lingling nityasa ||

23. Sêndhi kang wruh ing sariranèki | iyaiku nyata ing Pangeran | tan ling yèn tan na wadide[10] | yèku wasitanipun | ana malih kang angyaktèni | samya ngluruh sarira | sabdane tan pasung | amojok saking susanta | tan pasung kaliru saking prênahnèki | iku kang aran lampah ||

24. pon nyata ananing Hyang anisih | êning kasuciyaning Pangeran | ana ngaku kang wruh mangke | laksanane tan atut | raga sastra tan dèn gugoni | asli lisi subrata | kang sampun yêkti wruh | anangkrêti punang raga | paningale dèn wongwong raina wêngi | tan pasung agulinga ||

25. iku tapakane hèh Sumêndhi | dèn bisa sira matèni raga | aja mung angrungu bae | dèn sayêkti ing laku |

--- 59 ---

ayun lawan sarta pandêling | yèn karone wus nyata | panjing wêtunipun | tan ana pakewuhira | tikêling pikulan sara saminèki | bènèh kang durung wikan ||

26. kasompokan dènira ningali | karane tan katon kaliwatan | tanpa arahe rupane | tuwin si ananipun | mapan wartaning kang utami | yèn ta ora ênggona | pêgat tingalipun | tingal jati kang sampurna | paningaling nakirah yêkti dumêling | kang sajatining rupa ||

27. mapan tan ana bedane Sêndhi | dening kalindhih solahe ika | bedane tansèng purbane | Sêndhi sampun tan emut | lamun anggung tinutur Sêndhi | nora na kawusanya | siyang lawan dalu | dèn rasani wong ngakathah | kitabipun upama prêkutut adi | asri dèn karya pikat ||

28. raosana ing raina wêngi | yèn nora lawan wisik utama | mapan nora na gawene | luwih wong mênêng iku | yèn kumêdal lidahirèki | uninipun punapa | pon saosikipun | ing kalbunya wong aksinya | wêdharing nitya sara widya nampani | mênêng muni dèn wikan ||

29. dèn wruh suruping mênêng lan muni | yèn tan wruha iku tanpa pala | sampun tan mèsi ênênge | yèn muni aywa umung | kukila nèng kanigaranjrit | puniku saminira | nora têgêsipun | yèn ujar kang ginêdhongan | sira Sêndhi aja kaya bisa angling | lingira kang sampun man ||

30. di rupane wong mêlèk ing wêngi |

--- 60 ---

sampun kadi anda tingalira | karonèku tanpa gawe | yèn nora lan tinuntun | ing paningaling akul yakin | paran margane wruha | ing sariranipun | pangrunguning sun sakinga | sale sampurna iku kalawan muni | tan pasung yèn mênênga ||

31. ora mênêng ora muni Sêndhi | hèh Sumêndhi atakona sira | kang ataki-taki kabèh | sêmbah puji dèn wêruh | sêmbah akèh warnane malih | lingira sang utama | wong amuji iku | sanalika kèh sawabnya | padha lawan wong sêmbahyang satus riris | yèn wêruh parantinya ||

32. kang sampun wêruh parantinèki | pujinipun iku nora pêgat | nora kalawan waktune | wong agung lyan amuwus | padha lawan sawidak warsi | sampun amardika sam- | purna raganipun | ing waktu tan kabêndana | kapradana solahe anèng jro masjid | apindha manuk baka ||

33. tan kêna pinaido Sumêndhi | wuwusing nayaka dipaningrat | Sêndhi atakona mangke | ana muji ing dalu | ing raina gung sawabnèki | kalamun kêna tata | ing sasaminipun | padha lan rowêlas warsa | yogya wênang Sumêndhi ataki-taki | sampun man kapanggiha ||

34. ana malih kang wong angabêkti | sanalika gung sawabe iya | yèn wikana ing tuduhke | padha ro wêlas tangsu | ingaranan têpakur iki | yèn mênêng di warnanya | takokêna iku | sapa kang atuduh ika | unggah turuning mênêng kalawan muni | iku dipun [di...]

--- 61 ---

[...pun] waspada ||

35. hèh Sumêndhi ing wong mênêng luwih | iku sêmbahyang tanpa pêgatan | iku nora na waktune | sampurna ta wong iku | rêragane nora na kari | têkèng purisa turas | satuhuning laku | pagurokêna dèn nyata | ing sira sang Kawi man sampurnèng jati | wêkasing dutotama ||

36. aja nêmbah hèh sira Sumêndhi | yèn iku nora katon sawahya | sêmbuh puji tanpa gawe | pon kang sinêmbah iku | anèng warsa wahya dumêling | ananta minăngka a- | nanira Hyang Agung | ananging dhawak pon sonya | iyaiku ênênge wong amêmuji | nyata kang nêdya purba ||

37. lawan atakona sira malih | mapan awis kang sayêktinira | sakwèhning punang panggawe | yèn tan ingulah iku | pundi rêke gène kapanggih | kang aulah tan kepyan | iku wus atuduh | nugrahaning jati wênang | kang tan molah atuduh durakanèki | kênèng papa cintraka ||

38. lawan malih sira ta Sumêndhi | atakona sajatining niyat | aja mung ngakên ciptane | kang anyipta anêbut | dudu iku niyat sajati | ewuh kang aran salat | sêmbah puji iku | tan wruh punang pangurakan | kang atămpa dhêndha kisas lawan jilid | ramya padu giliran ||

39. pangabêktine ingkang utami | nora lan waktu sapolahira | punika măngka sêmbahe | mênêng muni puniku | sasolahe raganirèki | tan simpang dadi [da...]

--- 62 ---

[...di] sêmbah | têkèng wulunipun | tenja turas dadi sêmbah | iku ingaranan niyat kang sajati | puji tanpa pêgatan ||

40. hèh Sumêndhi niyat iku luwih | saking amale punang ngakathah | nora basa smara rêke | niyating pingil iku | kang gumêlar nyananirèki | sajatine kang niyat | nora niyatipun | niyating pingil gumêlar | niyating nêmbah Hyang nora bedanèki | lan niyat ambêbegal ||

41. hèh Sumêndhi marmaning wong sarik | kupur-kinupurakên ing lapal | anggung gungan sangèlmune | pijêt-pinijêt iku | aksarane asru dèn pidih | sawusing asêmbahyang | mahêrib puniku | rame samya mabarungan | awêkasan amalik byok lan kulambi | dhêsthar akuleweran ||

42. kèpèt-kinèpètakên ing masjit | awusana padha pêpurikan | asêmbahyang dhèwèk-dhèwèk | puniku palanipun | sêrik gugon ujaring tulis | tan wruh jatining niyat | palaning wong bingung | lanang wadon padha ngrarah | angulati niyat kang sajati-jati | tan wruh ing dêdalannya ||

__________

14. Sêngsêming Sêkar Mênggahing Piwulang.

Mênggah piwulang, sêkaranipun kaangkaha ingkang prasaja, sampun dipun mori pêprênesan, awit piwulang punika parlunipun supados gampil dipun suraos, malah adhakanipun lajêng [la...]

--- 63 ---

[...jêng] kangge apalan, dados wêdaling piwulang punika inggih ingkang plêk kados sacaranipun mulang dhatêng anak putu piyambak. Malah ingkang sampun kêlimrah, sêrat-sêrat piwulang punika inggih pancèn namung tumrap dhatêng kulawarga piyambak. Wontênipun lajêng dipun anggêp dados piwulang limrah, awit lajêng sami ngraosakên bilih piwulang wau inggih maedahi dhatêng sintên-sintên.

Dene bab sêngsêming piwulang punika, manawi damêl piwulang tumrap jalêr, èstri, kêdah ingkang sagêd ngraosakên manah, dene karaosipun wau botên sanès inggih namung saking luwêsing ukara tuwin prayogining piwulang.

Ing ngandhap punika kapêndhêtakên pêpiridan ikêtan sêkar mênggahing piwulang.

Pêthikan Sêrat Salokatama, anggitan dalêm suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV. ing Surakarta.

[Mijil]

1. wijiling kang pangripta murwani | myat ing rèh salah ton | kang milalu mila rêragane | lali wirang kasêrênging kapti | nir yitnanta dadi | nistha têmahipun ||

2. labêt saking mudha damèng budi | digung lumuh kasor | gege măngsa mêdhar kasurane | pamrihira mung ngulab-ulabi | mring sanggya kang aksi [a...]

--- 64 ---

[...ksi] | dèn alêma punjul ||

3. tan wruh lamun akèh kang ngèsêmi | pinrayitnan batos | kang wus asih suda ing rêsêpe | kang durung wruh wus ngrungu pawarti | ingkang sêngit dadi | sukurirèng kalbu ||

4. têmah kengis watêke kang wadi | alune katongton | sasolahe linumuhan bae | nora nana kang barès sawiji | wong jail lan juti | iku paminipun ||

5. nadyan mari gung sinănggarunggi | tan ana pitados | wus mangkono manusa adate | paranbaya dènira balèni | sapisan dumadi | nir piyandêlipun ||

6. yèn pasthia tumitah ping kalih | sakabèhing uwong | nora nana kaduwung solahe | lan tan ana ingkang wêdi mati | gampang dènnya budi | tan ana pamupus ||

7. balik nora tinitahkên malih | paran wêkasing don | mung karantan kaduwung atine | gêgêtune sansaya ngranuhi | yèn nganyuta pati | mimbuhi dosa gung ||

8. wit jisime wong anglampus dhiri | tan kêna dèn uwor | lan makame para lêluhure | myang sawiyah makamaning janmi | sinarang sinirik | kang apik tan ayun ||

9. krana wong kang amatèni janmi | wus dosa lwih asor | măngka ana wong kolu ngragane | têtêp lamun druhaka ngungkuli | patinira aji | khewan kêthèk lutung ||

10. pangruwate dosa sawatawis | rèhne wus kalakon | tan lyan amung minta aksamane | mring kang samya sinakkên ing galih | praptaa pribadi | marang wismanipun [wismani...]

--- 65 ---

[...pun] ||

11. yèn kaprênah tuwa pangkat inggil | ngabêktia gupoh | linairna ing kaluputane | lamun prênah nom pangkate inggil | mêngku mawa taklim | krama nut ing têmbung ||

12. yèn kaprênah anom mênang inggil | dèn rahab pangrêngkoh | kabèh prihên lilihe rêngune | lamun ana rêrikuhing ati | kamotna ing tulis | lawan têmbung alus ||

13. lan nuwuna apuraning Widhi | tobata ing batos | rumasaa ing driya salahe | mêmulenên lêluhure sami | kang sira alani | nulad alanipun ||

14. mula abot wong amêksa kapti | mrih rèh karahayon | wis mangkono lumrah prabawane | seje lamun pinrih laku juti | dhangan sukèng kapti | iku timbangipun ||

15. lan wus jamak manungsa dunyèki | sapa rêna kasor | nadyan ana asor sayêktine | saking pangkat gêdhe lawan cilik | sugih lawan mêskin | andhap miwah luhur ||

16. kayêktène pangkat agêng alit | kang luhur kang asor | sugih mêskin kabèh sasamane | yèn ginulung sarta dèn condhongi | adoh kang saksêrik | cêdhak sukanipun ||

17. dunungipun wong kang nglalu budi | ana bêcik awon | bêcikira kang tinuturake | alanira wus kocap ing nguni | tan lyan jalaraning | cupêt ing panggayuh ||

18. mring kawiryan myang sabarang kapti | tita tan antuk don | wit tan majad [maja...]

--- 66 ---

[...d] kang kinarêpake | tanpa srana lumuh anor ragi | tan arsa minta sih | tamtu tan jinurung ||

19. lamun majad kang sinêdyèng kapti | măngka tan kalakon | aja age kagèt ing driyane | salah tămpa panglaluning ati | nguring-uring dhiri | nutuh ngamun-amun ||

20. tampanana sasmitaning Widhi | tanjihna ing batos | umat kabèh iki kêkasihe | yêkti nora bineda sadêmi | dene duwe kapti | têka tan jinurung ||

21. bokmanawa kang sira karêpi | ginawe lêlakon | durung waktu iku ing têgêse | ngadatira kang sinêdyèng kasti[11] | yèn wus kêmba lali | kono sok jinurung ||

22. ngibarate lir durywan nèng uwit | nanging maksih ênom | yèn pinènèk angèl pangundhuhe | dupi kêna tan enak binukti | tiwas andêrpati | wêkasan tan urup ||

23. pakolèhe anyarèhkên kapti | andina tan towong | anunggoni nèng ngisor uwite | praptèng măngsa jêr runtuh pribadi | gampang dènnya ngambil | tur enak lan tuwuk ||

24. nora beda wong gayuh kamuktin | yèn kasrêng ing batos | sinangkanan nglalu pratingkahe | nguring-uring kang dinolan kardi | sinêngguh tan mikir | marang raganipun ||

25. ngêmpakakên rusuhe ing batin | kêmate linakon | èstu kêna kang kinarêpake | kang mangkono iku wahyu eblis [e...]

--- 67 ---

[...blis] | ngadat tan lêstari | gêng bêncananipun ||

26. kadya durywan kang ênom ing nguni | padhaning lêlakon | seje lawan kang wantah lêkase | panêdhane saking jro sêmadi | kalanira wêngi | ing lair sinamun ||

27. kang minăngka isarat saari | tan mèngèng sapakon | mring kang wajib marentah awake | mangsrutira têmên lan tabêri | sêsambên noragi | nyangking têmbung arum ||

28. adhêdhasar rahayuning budi | anampik kang asor | tansah karêm marang sasamane | luwangira yèn bisa nglakoni | barang kang kinapti | ing samajadipun ||

29. nora luput kang sarta basuki | iku wahyu yêktos | pirabara tumurun bakale | ra-orane awake pribadi | lakune lêstari | tan sangsarèng kalbu ||

30. lir angganing durywan kang matêng wit | jumbuh ing lêlakon | barang sêja ana jalarane | ora têka yèn namung dèn siri | wit Kang Maha Sukci | tan adarbe suku ||

31. itih panawunging ruwiyadi | ri Soma katongton | kaping sapta Sapar wimbaning lèk | tabuh astha Dal sangkalèng warsi | swara trusing ardi | risang maha prabu 1799[12] ||

__________

Pêthikan saking Pusaka Jawi Dhesèmbêr 1922 Taun I Ăngka 3.

--- 68 ---

Slisir Marèng Têgarèng.

Panjurung saking ingkang sinandi.

Ing wayah sirêping lare, nèng latar kêkadhar dhewe, purnama manjêr prênahe, katon jêmbar kalangane.

Padhange kaya raina, sing dolan wis nora nana, kari pak Iramênggala, ngraras kawasaning Suksma.

[Dhandhanggula]

1. dhêdhêp tidhêm prabawaning ratri | sasadara wus manjêr kawuryan | tan kuciwa mêmanise | mênggêp sri natèng dalu | siniwaka sanggyaning dasih | aglar nèng cakrawala | winulat ngêlangut | prandene kabèh kèbêkan | saking kèhing taranggana kang sumiwi | warata tanpa sêla ||

2. kinalangan kêkuwunga wêngi | lir wêwêngkon bale măndhakiya | pasewakaning pamase | jroning kalang kadulu | kang sumewa parêk nèng ngarsi | mung punggawa sajuga | arya panjêr surup | pramukyaning taranggana | kang sawega rumêksa pringganing ratri | ngayomi ayuning rat ||

3. tan petungan panjrahing wadya lit | arahane mawor mawurahan | ngapit narmada prênahe | jro pêtênging Sarayu | angragancang Sang Bimasakti | nyuwak tutuking naga | kang sikarèng laku | yèku măngka pralampita | mrih mèngêta kang mantêp [mantê...]

--- 69 ---

[...p] têtêp ing budi | widada kang sinêdya ||

4. nekawarna pangkating wadya ji | nora worsuh tataning sewaka | gumolong gêgêlêngane | kang dadya juru tuduh | pandomaning para măng tani | gêlaring panangkilan | rinakit waluku | wuluh wuku lan kukusan | gubugpèncèng malêsat wor lanjar ngirim | mangrèh lakuning măngsa ||

5. kang sumewa luhuring udadi | pan pinindha dhapuring giyota | pra nangkoda pandomane | de kang dadya pituduh | pamardining kang ulah kardi | sinamar nèng busana | kasarirèng prabu | jroning praba marakata | sinung tăndha pindha widadari ngantih | nèng soring wringin sungsang ||

6. kang sawênèh punggawa piniji | angsung pèngêt pangrêksaning raga | ing măngsa roga praptane | yèku arya kumukus | manjêr dwaja nèng poncaniti | tangèh yèn winursita | satataning dalu | dungkap luwaring sewaka | jakabèlèk mêrêm mêlèk mêlik-mêlik | sasmita minta nendra ||

7. samantara wus banguning rawi | hyang purnama wus manjing ancala | gumiwang surêm sunare | sawung parêng kaluruk | kapiyarsa mêlung mêlingi | mring kang kasuwèn nendra | ywa kongsi kadarung | mèngêta mring pangarcana | angluhurna gunge kawasaning Widhi | kang nitah saniskara ||

8. dyan umimba punggawaning ratri | riyêp-riyêp risang panjêrina | lir pasrah pangawasane | dènnya rumêksèng dalu | pangasoning sagung dumadi |

--- 70 ---

wus sêdhêng pinardia | ngayati panggayuh | iyêging panambut karya | datan liya hyang surya kang mirowangi | tuduh sidining sêdya ||

9. tanggap mulat hyang arka nakêti | dumipèng rat ambabar prabawa | sumirat-sirat sorote | mega sinungging wungu | graning arga pinulas wilis | samantara kawuryan | hyang surya wus mungup | ngancik pucaking aldaka | larut mirut têdhuh ing dalu kalindhih | sumêblak tanpa sesa ||

10. anglur-sêlur lakuning wong tani | parêng mangkat maring pêpasaran | pating krêngkot pikulane | wênèh sikêp waluku | maring sawah têgale sami | si gundhul nèthèk kandhang | kêbone pinêcut | ngucul sarwi tinumpakan | ngenak-enak nèng gigir marêp mring wuri | sêmbari ngura-ura ||

11. mêlang-mêlung lêlakon ginurit | alon bae hir-hir kiya-kiya | ulêr kambang saktitahe | nora nana kêsusu | yèn narima karsaning pasthi | lakune wis jinăngka | jangkahe dèn ukur | kêsusu amburu apa | yèn wong murka anggake kudu dhèwèki | wus turah durung trima ||

12. nora mèngêt adiling Hyang Widhi | dènnya mandum jatining pangrasa | tan pisan baukapine | sanggyaning kang tumuwuh | binageyan lêgi lan pait | nadyan silih darbea | wisma lir swarga gung | kinunci kancing kancana | nora wurung susahe nlêsêp nusupi | tumamèng masakala ||

13. yèn pinuntu pantoging tyas yêkti |

--- 71 ---

nora suka murka ngăngka-ăngka | anjăngka kang kae-kae | karana kang tinêmu | nora liyan suka lan sêdhih | dêmange nora beda | lan si gundhul pacul | mêne sênêng mêngko susah | yèn narima susahe mirut sumingkir | rampung tanpa prakara ||

14. ayêm guyêm kang kaya wakmami | rêpêt-rêpêt wus berag nèng bêran | ngadhang sêgêring srêngenge | molah nglêlantih balung | ngulur otot ngêngirih gêtih | lir kukila nèng tawang | mina nèng jro kêdhung | sajêg ingsun dadi bocah | durung wikan rasaning badan nglêlêntrih | mung bingar tyas pirêna ||

15. têmah tuwuh sêgêre nartani | lêngên ingsun kiyale kalintang | mathêkêl katon kucinge | kênèng sawabing êbun | kang sinêbar ing maruta ris | wor ing sorot têmbeyan | doyananing bayu | hyang surya tan kadang konang | dènnya mandum prabane sinami-sami | tan mawang milih janma ||

16. lamun ngêlak ingong darbe warih | kang sumrèwèh nut ing padhas gêmpal | wêning tur sumyah rasane | sakèhing kang sinêbut | ombèn-ombèn ingong kilani | măngsa silih nyundhula | lan sêgêring banyu | mêngko nadhah lan janganan | sambêl rawit lalaban timun lan mêtir | sêgane bêras anyar ||

17. setham-sethom sêgêre kapati | yèn wus enak wèh kuwating raga | apamanèh jalukane | sore ngong mapan turu | anèng lincak [li...]

--- 72 ---

[...ncak] lambaran widhig | prênah wurining damar | sumamar nèng undhuk | têntrêm rasaning tyas ingwang | mung kumandêl kinêmulan ing Hyang Widhi | bêg sêg tanpa mirasa ||

__________

15. Sêngsêming Sêkar Mênggahing Pêprênesan.

Ukara pêprênesan tumraping sêkar, punika kenging dipun wastani ingkang dados baku dhatêng wêwatêkaning sêkar, awit tiyang sinau nyêkarakên punika, gampilipun inggih kêdah wiwit saking pêprênesan, bilih sampun kulina dhatêng pêprênesan wau, sagêd anuntuni dhatêng gêsanging sêkaran.

Ingkang nama prênesan punika ukara lêluwêsan ingkang adamêl manising ukara, utawi namung dados sêsêkaran kemawon, punapadene damêl gujêng, mila ingkang kêlihmrah inggih namung kangge panêmbrama, manuhara tuwin rêrêpèn, sarta lêlucon.

Dene têtuladanipun mênggahing pêprênesan kathah sangêt, mèh sabên sêkaran ingkang lèrègipun dados rarasing băngsa anèm, tuwin lêlucon, inggih kagolong pêprênesan. Dados sêngsêmipun ing pêprênesan punika wosipun ingkang sagêd anênangi dhatêng gambiraning manahipun para anèm tuwin damêl gujêng.

--- 73 ---

Ing ngandhap punika kapêndhêtakên pêpiridan ikêtan sêkar mênggahing peprênesan.

Pêthikan Sêrat Rêrêpèn, mawi wangsalan, anggitan dalêm suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV, ing Surakarta.

1. jirak pindha munggwing wana (kusambi) | sayèngkaga (kala) we rêkta kang muroni (anggur) | nyênyambi kalane nganggur | wastra tumrap mastaka (ikêt) | pangikête wangsalan kang sêkar pangkur | baon sabin ing nawala (karya) | kinarya langên pribadi ||

2. senthe lit sasanèng arga (kajar) | lênging roga (talanjêr) mina kinarya dhêsthi (dhuyung, iwak tèmpèl) | nglêlêjar lajêring wuyung | sikatan bang ngrêmbaka (kêmbang soka) | pinisuka kasukan saananipun | wimbaning kang căndrawela (rêmbulan purnama) | mrih purna pranawèng kapti ||

3. sakara drawali nama (kelang) | gêlang sweda (ali-ali) kramane marah siwi (mulang) | ilang laliyèng wulangun | mundhu lit dhaonira (clakêt) | lumêkêting kayuwananirèng kayun | parab madyaning Pandhawa (Arjuna) | sarjuwa arjaning dhiri ||

4. singgang gung kang piniyara (winih) | mardi siswa (mulang) kêkawinirèng èstri (wadu) | winèh winulangkên wadu | pêputhut mong pêrgiwa (janaloka) | kang sumewa pasewakaning kalangun | pangrantamirèng pradăngga (sêndhon) | sêsê- | ndhonan gênti-gênti ||

--- 74 ---

5. wicara tanpa karana (ngayawara) | bêbasane janma nungal sapanti (dunung) | ngayawara tanpa dunung | sampang panggilap wrêksa (prênis) | pêprênesan linaras rêsmining kayun | narmada lit ngalang marga (kali) | tan liya amung ngrêrêpi ||

6. ron dêling têngêring marga (sawi) | barat wetan (timur) mina lêmbut jaladri (têri) | sun sawèni timuripun | wantya sang nari brăngta (Abiyasa) | mangke sampun diwasa warnane punjul | krama sêngsêming sasana (krasan) | têka ana kang ngrasani ||

7. jambe gêng wijiling arga (dhawe) | sarpa warna (ula wêlang) kisma mawur kapilis (lêbu) | gawe sumêlange kalbu | satriya di Singgêla (Bisawarna) | datan bisa nendra kalanirèng dalu | pamèt brana jro pratala (mêlik) | netra tansah mêrêm mêlik ||

8. Sumêndhi putrèng Ngalêngka (Trikaya) | bale nata (dhampar) Sang Endrakila Rêsi (Mintaraga) | kayaparan raganingsun | dhandhang lit mitra dhustha (manuk tuhu) | yèn tuhua lir pawarta kang sun rungu | kucumbining dwijawara (endhang) | sêdhêng sun kendhang sing ngriki ||

9. paningsêt sampur wanita (udhêt) | natèng angga (ati) rangkêp tundhaning sari (sungsun) | kacandhêting manah ingsun | kadang têpunging basa (karuh) | dene durung kinaruh ing sidanipun | taru wilis tanpa patra (kayu urip) | jroning urip sun antèni ||

10. wrêksa angkuring suyasa (tadha) | kang toh kuda (tapak iyang) sêndhang lubèr kang warih (agung) | sun têtêdha ring Hyang Agung | tirta wijiling angga [ang...]

--- 75 ---

[...ga] (kringêt) | mung èngêta bae marang dasihipun | palwa kandhêg ing muara (labuh) | sun labuh dhêpani nagri ||

11. katga pangruwat durmala | sinduraga (kringêt) pasang ilining tasik (arus) | pakaryan kringêta marus | surya lalu diwasa (lingsir) | datan nêdya gumingsiring tyas sarambut | sela curnar ing pawaka (luluh) | lêbur luluh sun andhêmi ||

12. saron gêng măngka manggala (dêmung) | pêcuk seta (kontul) kawuk kang madha warni (mênyawak) | mung tolèhên awak ingsun | kuji gêng tasik waja (kasange Umarmaya) | kasangsaya kadarpaning tyas kadurus | bantuning janma baksana (imbuh) | wimbuh yèn mulat maskwari ||

13. pathining we jaladhiyan (uyah) | winda madya (sêmaput - winda = wisa, madya = satêngah) rangkêp têmbunging ngèksi (andulu) | yayah saputing pandulu | wastra tawing wiwara (kêlir) | lir kataman gêbyaring kilat narawung | jawata gêng salah warna (Bathara Kala) | sakala datanpa budi ||

14. saksi sabda mring pradata (saidwara) | apuwara saya ngrêbda kang brangti | papan wiyar tanpa taru (ara-ara) | ru-arane kalintang | timun wana (papasan) pinapasa pinrih mupus | wulu bauning kukila (êlar) | kêlar ingsun mung sawêngi ||

15. sadpada bubar sing tala (kambu) | ingsun kambuh brangtaning tyas tan sipi | wilangan kinarya urup (ngèlmu etungan) | ketang laraning driya | pagêr kuda (palang) dêling malangkang binêkuk (pêlak) | gung kapêlak kapalangan | saking kèh sikarèng budi ||

16. tilam wastra ring kêkapa (kasuran) | raning [ra...]

--- 76 ---

[...ning] prana (tyas) ron lêsah anèng siti (uwuh) | kasuraning tyas kang rawuh | têmu bang ande marna (kunir) | sanalika nir kadarman yun manêmpuh | bubuk lit ngrabasèng wastra (rêngêt) | èngêt pasuwitan mami ||

17. wiwara di dhatulaya (srimanganti) | jangkah madya (tindak) niskara kang ngewani (saru) | yèn ngantia tindak saru | pêparab sang mahdwija (maha yêkti) | sayêktine ginuyu mring kang tan sarju | siwaling wrêksa dinada (tatal) | ilang tatal ingsun nguni ||

18. tămbra lit kulinèng arga (mangur) | jayèng toya (baya) janma manyandi warni (nylamur) | angur baya sun salimur | majasta tungtung seta (kawis) | dimèn aja kawistara brangtaningsun | puja panulaking wisa (tinawa) | manawa têmbe pinanggih ||

19. parabe Hyang Nilakăntha (Hyang Pramèsthi) | lamun pasthi sira jodho lan mami | godhag antaraning laku (lêt) | lêta wukir samodra | pêkên alit urut marga (warung) nora warung[13] | pamoring èstri lan priya (dhaup) | dhaup lawan sira gusti ||

20. titi pracihnaning kata (tăndha) | pratandhane kang lagya andon wingit | baya nora antuk têlu | kang kaya raganingwang | aywa mamak amitambuh marang ingsun | pikukuh isining praja (manggala) | măngka manggala linêwih ||

21. titi purnaning panitra | prangwadanan ing ari Wrahaspati | Bêsar tanggal kaping pitu | nuju măngsa katiga | ing taun Je ăngka sèwu pitung atus | wolung dasa kalih enjang | pangriptaning kang ngrêrêpi ||

--- 77 ---

Pêthikan Sêrat Witaradya, pêranging lêlêmbat, kagolong lêlucon. Sêkar balabak, anggitanipun suwargi Radèn Ngabèi Rănggawarsita, pujăngga ing Surakarta.

[Balabak]

1. datan ana ingkang sami kawistara | ing pangrèh | amung wadya tarab ing Krêndhawahana | kang nginte | wruh yèn iku brêkasakan saking sabrang | kabèhe ||

2. marma datan samar maring saniskara | karyane | kaulatkên ing saulah bawanira | samangke | ana mangsah jarangkong kang saking sabrang | sêdyane ||

3. arsa maring pakuwoning para nata | mrih pamèt | pinêthukkên jarangkong Krêndhawahana | sru kagèt | atêtanya sapa ngadhang lakuningwang | arane ||

4. winangsulan ingsun jarangkong kang têngran | duk biyèn | Kenthol Boga ing samêngko karan anak | Pak Galès | balik sira sapa aran ta ngakua | dèn walèh ||

5. sru gumuyu jarangkong sabrang asantak | saure | kalingane sira iku bangsaningwang | yêktine | sun sajarwa aran Bagus Samalaha | ing Sangkèh ||

6. nguni ingsun dadi guru kasantikan | kasube | tanpa sama ngèlmuning sun kasunyatan | jatine | marma ingsun kalakon kuwat sinêmbah | wong akèh ||

7. lah ta aja anèng kono sumingkira | Pak Galès | ingsun arsa angupaya [angu...]

--- 78 ---

paya pêpanganan | yèn olèh | sinauran malah sira abaliya | dèn age ||

8. yèn amêksa laju masthi katêmahan | ajidhèt | asru mojar Samalaha hèh Si Boga | abane | malah sira yèn tan sumingkir bakalan | macèdhèl ||

9. Kenthol Boga gumuyu saryya ngling sugal | hèh pênthèt | alajua sun adhangi tangkêp jaja | ing kene | Samalaha mangsah sudira nirbita | ambêke ||

10. sigra pagut gêlut gumulung ulêngan | arame | silih-ungkih tan ana ingkang kuciwa | tandange | danguning prang Samalaha kasulayah | anglèlèh ||

11. dyan binanting Samalaha rêmpu muksa | anggane | Kenthol Boga sukèng driya jêjogedan | anglètèr | sumbar-sumbar dene ta nora sapira | rosane ||

12. samantara ana jarangkong katingal | anjèngklèk | wuwusira hèh babo ora kajamak | sumbare | ayonana iki jarangkong ing sabrang | panggêdhe ||

13. Kenthol Boga gumuyu saryya têtanya | ujare | hèh ko sapa kang umangsah jêjogedan | solaha | kidhung widhung ting kadhobyah ting karêmbyah | akèthèr ||

14. sinauran hèh wruhanta ingsun kocap | wong gêdhe | apanêngran ing nguni Ki Mas Gênthara | parabe | kang kasêbut ing wong akèh karan anak | Pak Èjèt ||

15. winangsulan yèn mêngkono mêngko timbang | tandhinge | ingsun iki iya [i...]

--- 79 ---

[...ya] kalêbu sinambat | wong gêdhe | tau lungguh jajar lan para gandarwa | rêramèn ||

16. lah ta payo Gênthara nuli majua | marene | aja pijêr jêjogedan solahira | nyrêkèngkèng | ora lêmês parigêl kaya manira | kènjère ||

17. tan tahên tyas Gênthara anggung winada | jogède | dyan narajang angrunjang sarwi andugang | sikile | Kenthol Boga tiba kêlumah saksana | anjènggèl ||

18. arsa tangi jinêjêg laju dhinupak | kêkèjèk | dupi eling lumayu akadhakalan | tan tolèh | apêpulih jarangkong Krêndhawahana | praptane ||

19. asru sumbar mara iki ayonana | rowange | pakne Èjèt atêtanya sira sapa | arane | angakua mumpung durung kasangsara | badane ||

20. sinauran iya ingsun Ki Baruwang | lung gênje | papagêna iringêna masthi abang | buntute | pakne Èjèt gumuyu acukakakan | wuwuse ||

21. ah sirèku sugih sêmbrana golongan | wong anèh | aranira tan lumrah nora mupakat | wong akèh | dêdolananing bocah kinarya aran | anglawèr ||

22. aranira kang sanyata iya sapa | têmêne | winangsulan aran ingsun kang pameran | mangkene | canthing bumbung kêmbang suruh piyarsakna | darèngès ||

23. sangsaya sru gumuyu Ki Mas Gênthara | ah pothèt | mandanganu anganggo aran wangsalan | jêbule | lah ta mara marenea sun pêpukang [pêpu...]

--- 80 ---

[...kang] | bakale ||

24. Ki Baruwang marêpêki sêsirigan | ajune | dupi arsa cinandhak kêbat acukat | lumpate | praptèng wuri anampiling pêpilingan | jumêprèt ||

25. pakne Èjèt kalayaban niba-niba | polahe | arsa malês andugang wus kadhinginan | bininte | ambruk kongsi galangsaran sanalika | anggênjrèt ||

26. sarêng ambruk para brêkasakan sabrang | agêbèl | mèt pêpulih angarubut Ki Baruwang | lung gênje | warna-warna sagung Kalarupa Rudra | arèngès ||

27. brêkasakan ing Krêndhawahana mangsah | kabèhe | angêmbuli marang brêkasakan sabrang | yudane | barubuhan tan pilih tandhing lan papan | ênggone ||

28. ana wêdhon sabrang têmu dhêdhewekan | lan wewe | tinakonan araning wêdhon sajarwa | Ni Sênthèt | gênti takon arane dhewe awêca | Ni Korèk ||

29. wêdhon sabrang takon marang wewe Jawa | wuwuse | apa yêkti anggung nganiaya janma | mèt rare | kasingitkên ing asamun sinasaban | sor kopèk ||

30. yèn mangkono iku nandhang kaluputan | bakale | ora wurung kahyangane dèn balengkrah | wong akèh | sinauran hèh wêdhon pakolèh apa | wong dahwèn ||

31. nadyan nyata mangkono kasandhang dhawak | lupute | tan angèmbèt marang wêdhon kaya sira | Ni Sênthèt | lawan nora kongsi [kong...]

--- 81 ---

[...si] karya karusakan | pamète ||

32. beda lawan wêdhon anggung awèh lara | gawene | anyênyêmbur wisa mandi maring janma | dadine | lara barah kabanjur têmahan basah | badane ||

33. iku yêkti antuk bêbênduning dewa | ing têmbe | wêkasane dadi intiping naraka | ukume | wêdhon mojar dhuh abamu sok mêtua | si wewe ||

34. marenea mènthèl sun idoni sira | dimène | anêmahi barah kabèh badanira | pasthine | datan bisa măngsa gêcok mêntah sira | kêluwèn ||

35. sru kabangan wewe tanpa sita-sita | sosote | sidi kêpruk linabrag lah arêp apa | padune | wong wus kandhêm kèrêm marang kaluputan | sisêmbèr ||

36. mèh arukêt mangkya sami katawuran | prang rame | dadya pisah dening pidhir têtandhingan | yudane | lawan potho sabrang tansah sumbar-sumbar | suwene ||

37. ah lelepah doyanaku iwak mêntah | maune | ing saiki aku doyan iwak rêmpah | ginorèng | sesuk aku doyan iwak kang dèn olah | basêngèk ||

38. sru gumuyu pidhir Jawa wuwusira | hèh monyèt | aja pijêr anggêgurit pakarêman | barèse | sapa aranira mumpung maksih arja | jêjêre ||

39. sinauran ingsun kang kasêbut nama | Lêmbese | pidhir Jawa gantya tinakonan nama | awalèh | Lêmbuculung panyambang Krêndhawahana | gawene ||

--- 82 ---

40. adan pagut ing ayuda tan kuciwa | karone | samya rosa digdaya sarwa sambada | badane | marma tansah asêsiring silisiran | tandange ||

41. danguning prang wêkasan kang kasulayah | Lêmbese | mêmpis-mêmpis dèniranggung binantingan | têmahe | mêsat maring sor pucung pinggir jêjurang | parane ||

__________

16. Sandiasma

Ingkang sampun pinanggih wontên ing sêrat-sêrat waosan, ingkang miwiti damêl sandiasma punika suwargi panjênênganipun Radèn Ngabèi Rănggawarsita, pujăngga ing nagari Surakarta. Mila dipun wastani sandiasma, awit ing sêrat ngriku mawi ngêtrapakên asmanipun ingkang ngarang sarana sinandi.

Mirid pathokan ingkang pinanggih wontên ing sandiasmanipun Radèn Ngabèi Rănggawarsita tuwin sanès-sanèsipun, pamasanging sandiasma wau warni-warni, kados ta:

1. Manggèn sabên angkataning pada lingsa.
2. Manggèn sabên wêkasaning pêdhotan.
3. Manggèn sabên angkataning pêdhotan.
4. Manggèn namung sapada lingsa.
5. Manggèn sabên wiwitaning pada ing sêkar.
6. Manggèn sabên wiwitaning pupuh.

--- 83 ---

7. Manggèn sabên wêkasaning pêdhotan tuwin pungkasaning pada lingsa.
8. Manggèn sabên angkataning pada lingsa mêndhêt satêmbung.

1. Pandamêling sandiasma ingkang manggèn sabên angkataning pada lingsa, punika kadamêla ing dalêm sapada sêkar: têlas, kados ta:

Rarasing kang sêkar sarkara mrih
Dèn aksama dening sang sudyarsa
Ngawikani wêngkuning rèh
Berawèng para ratu
Ilanga kang sêsangkêr sarik
Rongas wèsthining ăngga
Gagating tyas antuk
Wartaning kang parotama
Sinung têngran sêmbah trus sukaning budi[14]
Tataning kang carita

Dumugining pada sampun têlas, isi sandiasma: Radèn Ngabèi Rănggawarsita.

Dados tiyang damêl sandiasma makatên punika, sampun mirunggakakên ukara ing sapada lingsa ingkang ngantos botên isi sandiasma, makatên ugi sampun ngantos nocok dhatêng pada lingsa perangan ing pada sêkar candhakipun. Dene ingkang nama kirang, kados ing ngandhap punika:

Arsayambêg dènira mrih manis
Jatinira mung mèt têtuladan
Wikana mring kotamane
Rakiting ulah sêmu
Gagayuhan tatèng dumadi
Ingkang nuntun kabagyan
Sarananing

--- 84 ---

ayu
Labêt rarasing paminta
pindha wiku ulah patrap silastuti
mring tataning laksita

Ing salêbêting pada sêkar punika, ingkang wolung pada lingsa isi sandinama: Arja Wiraga ing Sala, nanging ingkang kalih pada lingsa mirungga, botên isi punapa-punapa, punika namanipun botên jangkêp, dene ingkang nama langkung, kados ing ngandhap punika:

1. Arsayambêg dènira mrih manis
Jatinira mung mèt têtuladan
Wikana mring kotamane
Rakiting ulah sêmu
Gagayuhan tatèng dumadi
Ingkang nuntun kabagyan
Nanangi rahayu
Galap-gangsuling paminta
Rinowangan pindha rêsi ulah puji
Satata kaênêngan

2. Labêt saking katunan ing budi
marma anggung ngayati pambudya
mrih widada ing dadine ...

Punika ingkang sapada sêkar ngajêng isi: Arja Wiraga ing nagari Sa. Pada sêkar sambêtipun namung isi satunggal: la, nama sami kuciwa sadaya.

2. Pandêmêling sandiasma ingkang manggèn sabên wêkasaning pêdhotan, punika kêdah ingkang kanglênggahi[15] wontên ing pêdhotan, dados pêrlu angèngêti dhatêng pathokaning pêdhotan, awit pêdhotan wau ingkang dados baku badhe pangêtraping sandiasma, manawi botên makatên, nama botên nêtêpi ing pathokan, kados ta:

--- 85 ---

songsong gora candraning artati | lir winidyan sarasèng parasdya | ringa-ringa pangriptane | tan darbe labdèng kawruh | angruruhi wênganing budi | kang mirong ruarèng tyas | jaga angkara gung | minta luwaring duhkita | aywa kongsi kewran nalaring palupi | kang kata ginupita

Punika sapada sêkar mungêl: Radyan Ngabèi Rănggawarsita.

3. Pandamêling sandiasma sabên angkataning pêdhotan, punika pathokanipun inggih ajêg, sami manggèn sabên angkatan, kados ta:

lir brataning rêksiwara | micara rèh sadubudi | marsudi mrih dipaning tyas | mêmèngêt mring pra taruni | wit jroning jaman mangkin | kèh rubeda sumarawung | yèn limut rasikèng tyas | korup mring rèh karya sisip | têmah sirna talêring titah utama

Punika sapada sêkar mungêl: Rêksadipraja Surakarta

4. Pandamêling sandiasma ingkang namung manggèn sapada lingsa, punika kêdah wontên pungkasaning cariyos, minăngka dados panutup, kados ta:

borong angga sawarga mèsi martaya. Ungêlipun: Rănggawarsita.

5. Manggèn sabên wiwitaning pada ing sêkar, kados ta:

--- 86 ---

rarasing kang sêkar sarkara mrih.
hamèt saking Srat Kawi kawarti.
dyan kawuryan ing rèh kramaniti.
anrangakên rasa kang arungsit.
ngalih nagri marang tanah Pêngging.
berawaning ratu dibya sakti.
iyaiku jroning tanah Pêngging.
rongprakara kotamaning aji.
gaganjaranira amênuhi.
warna-warna lêlabuhan aji.
sipat janma ambathara sami.
tata titi pamatahing nagri.
kaetang ing căndra sangkala nis.
lilirangan dènira alinggih.
wănda karana manira mangkin.
pujangkara lawan tanpa siring.
jăngga mure lan dêmang camêthi.
gagat bangun ing tyas sri bupati.
sarupaning rasaksa rasêki.
harah-arahên ingkang prayogi.
gupuh-gupuh sowanipun gusti.
rudatining tyas ajar kang prapti.

--- 87 ---

bawènipun amba tiyang wukir.
saupami pakèwêd samangkin.
kramaning srat katupiksèng aji.
mamalat tyas andikanira ji.
para mantri panêkar tan kari.
rakit-rakiting panyêngkal siti.
makarangan amêmagêr sari.
kawistarèng wangunan pasagi.
wiwitana ing măngsa manggasri.
ingkang amartapa apêpidik.
nawung raras ruming sari-sari.
gatining tyasing wiku ing mangkin.
ri sotaning tyas sang maha muni.
surupêna asaling lêluri.
rarancagan kewala prayogi.
karya dhepok ing ngriki puniki.
taki-taki wontên ing wanadri.

Sandiasma punika sapupuh blêk manggèn ing sabên wiwitaning pada sêkar, mungêl: Rahadyan Angabèi Rănggawarsita kaliwon pujăngga saha guru basa krama parama Kawi ing nagari Surakarta.

--- 88 ---

6. Pandamêling sandiasma ingkang manggèn sabên wiwitaning pupuh kados ta:

rarasing kang sêkar sarkara mrih (Dhandhanggula).
awit ingkang kacarita (Sinom).
dene katampêk ing banjir (Amaradana).
amung raja putri prajèng Pêngging (Mijil).
ngadoni jayèng kewuh (Gambuh).
bedane amung sumunu (Kinanthi).
iyaiku kaprênah martuwanipun (Pucung).
răng prakara kang dèn arah (Pangkur).
gagat bangun wirodèng tyas duk tumingal (Durma).
warsa kusuma sumirat (Sinom).
sigra sang wil drêstha manjing pura sampun (Mêgatruh).
tatalinên wuwus mami (Asmaradana).
nalika Raja Parwata (Pangkur).
yata wau winuwus (Gambuh).
kawistara pangandikaning narendra (Durma).
datan ana ingkang sami kawistara (Balabak).
lêmbuculung mangu mungsuhe marucut (Pucung).

--- 89 ---

wau ta pramukèng ditya (Pangkur).
dya Parastha nêmbah matur malih (Dhandhanggula).
kapirênan tyas sang prabu (Kinanthi).
lilih malih dening anglih (Asmaradana).
wontêna kang narawung (Gambuh).
pusakaning buyut kang awarni (Dhandhanggula).
jăngga mure kêdah anampèni (Mijil).
garaning gayuh utama (sinom).
gugon tuhon punika nora pakantuk (Mêgatruh).
rusak sagung saranduning badanipun (Pucung).
parameyan warna-warna kèksi (Dhandhanggula).
martrênyuh tyas langkung ngungun (Kinanthi).
diwasaning madya ratri (Asmaradana).
barising para punggawa (Pangkur).
sagung ditya kang kentar mèt pangungsenan (Durma).
kramaning kang dinutèng narpati (Dhandhanggula).
matur sang gandarwa raja (Sinom).
luwar dènira sêsanti (Asmaradana).

--- 90 ---

kikisane tyas pinuntu mung angèsthi (Maskumambang).
taruntun luh kaskaya dènira muwus (Pucung).
sarêng samya ngangkat watu putih (Dhandhanggula).
raja brana ing sapraja (Sinom).
ing wêkasan ruwat sami (Asmaradana).
pra witaning dêdunung (Gambuh).
jagra angkara sinungku (Kinanthi).
suwănda sru karuna mlasasih (Dhandhanggula).
ramya sambating para parêkan cèthi (Maskumambang).
karya tandhaning kawiryan ki tumênggung (Mêgatruh).
tata mantya ardayèng tyas tistis (Dhandhanggula).

Sandiasma punika wiwit saking purwaka ngantos dumugi wêkasaning pupuh cacah wontên 48 aksara, ungêlipun: Rahadyan[16] Angabei Rănggawarsita nayaka dalêm wadya kaliwon pujăngga guru pamardi basa krama lukitasara ing praja Surakarta.

Sandiasma ingkang kasêbut ing ăngka 1,5 tuwin 6 punika sami pêthikan saking Sêrat Witaradya, dados Sêrat Witaradya [Witara...]

--- 91 ---

[...dya] wau isi sandiasma tigang warni, 1 sandiasma sabên wiwitaning pada lingsa ing bêbuka, sapada sêkar, 2 manggèng sabên wiwitaning pada ing sêkar sapupuh, tuwin 3 manggèn sabên wiwitaning pupuh ngantos satamatipun.

7. Pandamêling sandiasma ingkang manggèn sabên wêkasaning pêdhotan tuwin pungkasaning pada lingsa, kados ta:

rêking karsa mrih sarkara wrêdi
mindha wipra murwèng wasitarja
tanbuh paran surasane
mung sarwa tibèng dudu
tinêmaha tilaring wiji
lire kang ngriptèng krama
nga ring pangapus
tan wrin sual myang pangiyas
mrih pasaja mung liningga woding Kawi
rinêngga panggupita

Punika sapada sêkar ngantos isi 24 aksara, mungêl: Rêksadipraja rane waduaji kang mangapus alyas Jagawigata.

8. Pandamêling sandiasma ingkang manggèn sabên angkataning pada lingsa mêndhêt satêmbung, kados ta:

punggawa yogya nyênyilah
wisaning wêngkon sinirik
martane kang dèn upaya
kaparêk mrih mirowangi
kanan kering udani
ngabèi saliring kawruh
rêksa-rumêksanira
dining wêwêngkon kaèksi
prajanira mrih lulus tata raharja

--- 92 ---

Punika sabên angkataning pada lingsa isi sandiasma satêmbung, mungêl: punggawa wisa marta kaparêk kanan Ngabèi Rêksadipraja.

Mirid kawontênaning sandiasma ăngka 7 tuwin 8, têtela bilih pandamêling sandiasma punika kenging sakaparêngipun, nanging pamanggènipun kêdah prênah tuwin ajêg.

Makatên ugi bab pandamêling sandiasma warni-warni wau, kajawi dados têtêngêr namanipun ingkang ngarang, ugi wontên paedahipun sagêd nyumêrêpi bilih wontên ingkang ewah, anandhakakên bilih wontên ingkang ngewahi.

Sarèhning sampun cêtha pathokaning damêl sandiasma, mila sampun ngantos kêlintu angêtrapakên sandiasma saênggèn-ênggèn. Manawi manggèn ing wiwitaning angkatan, sadaya inggih manggèn sabên wiwitaning angkatan, makatên sapanunggilanipun, awit sandiasma ingkang pamanggènipun botên ajêg, punika angèl anggènipun badhe nyumêrêpi, dados sanadyan namanipun sinandi, mêksa kêdah mawi prênah.

Nyatanipun bilih sandiasma ingkang botên prênah wau ambingungakên, kados ing ngandhap punika:

tanpa krama dènira mrih manis | kumawawa dènnya ngikêt gita | kongsi èmêng panganggite | gêgaranira amung | nalatèni nêniti tulis | ing tyas têtêp tan kêmba | mulat ing sêsuluh [sêsu...]

--- 93 ---

[...luh] | tarlèn mung mrih rakitira | sabarang kang nênuntun mrih makolèhi | dinohan ing bêbaya ||

Sandiasma ingkang kados makatên punika angèl gagap-gagapanipun, wontênipun namung adamêl bingung, ingkang ngrêtos namung ingkang damêl piyambak, dados sagêdipun dipun mangrêtosi ing sanès, kêdah sarana dipun têdahakên, utawi dipun agêngakên aksaranipun ingkang dados sandi, makatên:

tanpa krama dènira mrih manis
kumawawa paksa ngikêt gita
kongsi èmêng panganggite
gagaranira amung
nalatèni nêniti tulis
ing tyas têtêp tan kêmba
mulat ing susuluh
tarlèn mung mrih rakitira
sabarang kang nênuntun mrih makolèhi
dinohan ing bêbaya

__________

17. Căndrasangkala Wontên ing Sêkar.

Căndrasangkala punika dados tăndha angkaning taun ingkang sinamarakên. Wontênipun ing sêkar anggènipun ngêtrapakên warni-warni, kados ing ngandhap punika:

1. Manggèn wontên wiwitan piyambak, dados dèrèng nyariyosakên punapa-punapa sampun dipun sangkalani rumiyin, kados ta:

songsong gora candraning artati = 1799[17]

--- 94 ---

2. Manggèn ing bêbukaning perangan ngandhap piyambak sasampunipun amèngêti dintên titi măngsa sapanunggilanipun, kados ta:

Rêbo Êpon panitraning manis
Jumadilawal Jimawal warsa
enjing ping wolu likure
kanêm ing julungpujut
sri tumurun anuju dadi
paningron Sang Hyang Yama
ijrah nabi sèwu
rongatus wandasa gangsal
sinêngkalan wiku misik swara tunggil = 1757[18]
nèng barisan pijenan

3. Namung mêndhêt sangkalanipun thok manggèn ing pungksaning pada sêkar wiwitan, utawi manggèn ing pungkasan suraosing bêbuka, kados ta:

rarasing kang sêkar sarkara mrih
dèn aksama dening sang sudyarsa
ngawikani wêngkuning rèh
berawèng para ratu
ilanga kang sêsangkêr sarik
rongas wèsthining ăngga
gagating tyas antuk
wartaning kang parotama
sinung têngran sêmbah trus sukaning budi = 1792[19]
tataning kang carita

4. Manggèn wontên wêkasaning cariyos, winangun kados dene titi masa, kados ta:

tutuping kang gitaya tiniti
taman tuman tumonton wasita
rinipta mrih kayatnane
palasthaning pangapus
ing ri Budha pancara sidhi
ping sawêlas Mukaram
Ehe kang lumaku

--- 95 ---

mudha damane kang ngripta
paripaksa miguna gunaning janmi = 1332[20]
têngran ejrahing warsa

Bab pandamêling căndra sangkala punika sampun ngantos mêdhot wontên ing pada lingsa, kaangkaha dados sapada lingsa trêp, awit manawi ngantos pêdhot, raosipun inggih kirang sakeca.

Makatên malih damêl căndra sangkala punika inggih kêdah mawi suraos ingkang kajêngipun cocog kalihan ingkang dipun căndra sangkalani, inggih kados ingkang sampun kasêbut ing nginggil, kados ta:

1. Songsong gora candraning artati, punika căndra sangkalanipun wontên: songsong gora căndra, manawi dipun perang, jarwanipun: song atêgês êrong, watak 9. Song malih inggih makatên, gora, têgêsipun agêng, watak 7. Căndra dipun pêndhêtakên têgês: warni utawi inggih căndra, watak 1, pinanggih ing sangkalan 1799. Nanging wêtahing têmbung payung agung, inggih punika jarwaning songsong gora. Dene têranging pikajêngan: candraning sêkar artati punika pêpindhanipun kados payung agung, salajênging kajêngipun lajêng kaemba-embaa piyambak ingkang sagêd gathuk kalihan cariyosipun ing sêrat ngriku.

--- 96 ---

2. Wiku misik swara tunggal, kajêngipun: kados pamisiking wiku ingkang swaranipun gumêlêng. Salajêngipun kados makatên.

__________

18. Watêking Sêkar.

Satunggal-satunggaling sêkar punika gadhah watêk piyambak-piyambak, panganggenipun kêdah manut rarasing cariyos, kados ta:

Dhandhanggulapunika sami mathuk kangge bêbukaning cariyos, nanging inggih mawi êmpan papan, dene ingkang mathuk piyambak, Dhandhanggula.
Sinom
Kinanthi
Mijil
Pangkurkangge manawi sêrêng.
Durma
Asmaradanakangge manawi prihatos.
Maskumambang
Mêgatruh
Pucungkangge sêsêlan manawi grêgêtipun kêndho.
Gambuhkangge wêdharing piwulang ingkang ragi sêrêng.

Tumrap sêkar sanès-sanèsipun nama sêkar sambutan, kenging dipun trapakên sakaparêngipun.

--- 97 ---

Sasampunipun makatên lajêng kenging dipun wangun malih:

Dhandhanggulapunika luwêsan, kangge bêbuka prayogi, kangge wontên têngah punapadene pungkasan inggih sae. Mênggahing suraosipun, manawi kangge mêdharakên wêwulang: kêtingal cêtha, kangge gandrung-gandrungan: nênarik manah, dene manawi kangge panutup: srêg sangêt.
Sinompunika prayoginipun manawi kangge sêsorah.
Kinanthidhatêng gandrung utawi wêwulang.
Mijilgandrung utawi prihatos.
Pangkurgandrung sêrêng, nanging ing kina botên, namung kangge sêrêng, mila ing sapunika inggih asring kangge bêbuka. Dene manawi kangge sêrêng, inggahing sêrêng dhatêng durma.
Durmanêpsu utawi sêsorah ingkang sêrêng.
Asmaradanaprihatos.
Maskumambangpanalăngsa utawi prihatos sangêt.
Mêgatruhprihatos utawi gêtun pungun-pungun.
Pucungingkang suraos sasakecanipun.
Gambuhsêsorah ingkang ragi sêrêng.

--- 98 ---

Mirid wêwatêkaning sêkar makatên wau, dados tiyang nyêkarakên punika inggih kêdah mawi mêmantês, awit manawi kêlintu sagêd ugi ngicalakên raosing sêkar, têtelanipun, cobi sêkar maskumambang kangge nyêkarakên pêrangan:

katgadèng tyas cêg nyandhak gêgaman bindi | tinamakkês[21] mêngsah | prês satêmah angêmasi | liwung ing pangamukira

Punika ical raosipun nêpsu, makatên ugi mênggahing sêkar durma kangge nyariyosakên gandrung-gandrungan:

eman-eman yayi mung sira sun eman | sareya asta kering | ukêlmu lukara | miwah sêsêngkangira | sun slêmpitne ngisor guling | pagene sira | pijêr sumungkêm nangis

Punika sanadyan suraos ngungrum, nanging raosipun kados tiyang nêpsu, dados suraosipun kawon dening lagu.

__________

19. Wangsalan.

Wangsalan punika limrahipun kangge wontên ing ikêtan rarasing para mudha ngrêrêpi, dados manggènipun kêdah wontên ing sêkar ingkang botên sêrêng, pangêtrapipun:

1. Kenging sabên sapada lingsa lajêng mawi têbusan.
2. Kalih pada lingsa sawêg mawi têbusan.
3. Sapada lingsa sampun isi têbusan.

--- 99 ---

1. Ingkang sapada lingsa lajêng mawi têbusan, kados ta:

Garwa sri Arjunasasra (Citrawati) têbusanipun: citranira luwih ing dyah sabumi

2. Ingkang kalih sapada lingsa sawêg mawi têbusan, kados ta:

Jirak pindha mungging wana (kêsambi), sayèng kaga (kala), we rêkta kang muroni (anggur), têbusanipun: nyênyambi kalaning nganggur.

3. Ingkang sapada lingsa sampun mawi têbusan, kados ta:

Krêtêg bata (buh) ala nganggur bêcik subuh

Dados ingkang kenging dipun têbus nunggil sapada lingsa punika ingkang langkung saking 8 wanda.

Bab pangêtraping têbusan sampun ngantos kuwalik, wangsalan kapisan, inggih angsal têbusan ingkang kapisan, makatên salajêngipun, dados sampun ngantos têbusan ing ngajêng dados têbusaning wangsalan wingking.

Sampun damêl wangsalan ingkang nyêbal saking cariyos tuwin suraosing sêrat. Upaminipun damêl wangsalan ing cariyos ringgit purwa, sampun ngangge wangsalan kawontênaning jaman ingkang botên nunggil, upaminipun nyariyosakên tanah Ngarab, Eropah sapanunggilanipun. Dados sasagêd-sagêd pandamêling wangsalan punika kêdah ingkang cocog kalihan kawontênaning cariyosipun.

--- 100 ---

Kaangkaha ingkang prasaja, sampun damêl wangsalan ingkang botên kêlimrah, dados saupami tiyang maos wangsalan, dèrèng ngantos maos têbusanipun sampun mangrêtos.

Ingkang sae wangsalan punika têbusanipun ingkang dhawah lingganing têmbung, botên dhawah panambang, atêr-atêr sasaminipun.

Murih gampiling pandamêlipun wangsalan, sadèrèngipun damêl wangsalan, prayogi damêl jêjêring ukara rumiyin, mangke sasampunipun sumêrêp têmbung ingkang gumêlar lajêng gampil anggènipun ngisèni wangsalan.

__________

20. Guritan.

Guritan punika inggih golonganing sêkar, pathokanipun namung ngangge guru swara tuwin guru wicalan ajêg. Ing dalêm saguritan isi kawan pada lingsa dipun wangun urut mangandhap dados kawan larik, ing pungkasaning pada kêdah sami guru swaranipun, limrahipun ing sabên pada lingsa namung isi molung wanda, kados ta:

ingkang pinurwa ing kidung
ngêngudi mrih dadya luhung
tan kumêdah kusung-kusung
aran amung trima lowung

--- 101 ---

Mirid pathokaning guritan makatên wau, dados sadaya ikêtan ingkang sanès sêkar, ingkang namung ngangge guru swara, punika inggih kalêbêt ing guritan, ingkang sampun pinanggih:

1. lêlagoning lare dolanan, kados ta:

cêngkir wungu wungune kêtiban daru
wis pêsthimu kowe uwal karo aku

Punika guru swaranipun dhawah wontên ing pêdhotan kapisan ngawan wanda tuwin ing pungkasan, guru wicalanipun sami ngalih wêlas.

2. lagu anthong-anthong, kados ta:

kêmbang jambu karuk
tangan ngathung jaluk
pêntil asêm caluk
wadhah uyah êmpluk

Punika namung mêndhêt guru lagu ing pungkasaning pada lingsa, dene guru wicalanipun sami mitu.

3. lagu witing klapa, kados ta:

sun amarna rêrêngganing antariksa
asri rarasing sasăngka
kang umimba
saking agraning ancala
lêlangên nèng cakrawala

--- 102 ---

Punika guru swaranipun sami, namung guru wicalanipun beda-beda, ing pada 1 isi 12, pada 2 isi 8, pada 3 isi 4, pada 4 isi 8, pada 5 isi 8.

Sarèhning pathokan guritan punika ingkang kalimrah namung wontên ing guru swara, dados gampil pamathokipun, ukara Jawi inggih kenging kalagokakên ngangge lagu Walandi, Malayu tuwin sanès-sanèsipun, janji urut pangêtraping guru lagu.

Sayêktosipun pathokan ingkang makatên wau taksih ngiyatakên manut pathokan sêkar, kajêngipun kêdah ajêg. Nanging manawi dipun manah panjang, sadaya guritan punika sampun tamtu botên tilar guru swara, sanadyan botên urut, nanging tamtu wontên antuk-antukanipun guru swara.

__________

--- 103 ---

Isinipun

... Kaca

1. Sêsorah bab sêkaran ... 3
2. Ingkang dados tataranipun tiyang badhe nyêkarakên ... 5
3. Guru lagu lan guru wicalan ... 7
4. Bab pêdhotan ... 17
5. Ukara ... 25
6. Bab basa ... 29
7. Bab panganggening basa Kawi ... 31
8. Purwakanthi ... 33
9. Kasusastran ... 37
10. Panganggening pada ... 39
11. Ukara sasmita wiwitaning sêkar ... 41
12. Ukara sasmita santuning sêkar ... 49
13. Sêngsêming sêkar mênggahing ngèlmi ... 52
14. Sêngsêming sêkar mênggahing piwulang ... 62
15. Sêngsêming sêkar mênggahing pêprênsan ... 72
16. Sandiasma ... 82
17. Căndra sangkala wontên ing sêkar ... 93
18. Watêking sêkar ... 96
19. Wangsalan ... 98
20. Guritan ... 100

__________

--- [0] ---

[...]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[...]

 


Tanggal: Rêbo Êpon (Pon) wolu likure (28) Jumadilawal Jimawal: wiku misik swara tunggil (AJ 1757). Tanggal Masehi: Rabu 25 November 1829. Terdapat juga tahun Islam (ijrah nabi): sèwu rongatus wandasa gangsal (1245 AH). (kembali)
Tanggal: Buda Manis (Rêbo Lêgi) tigang dasa (30) Sura Je: sirnèng tata pandhita siwi (AJ 1750). Tanggal Masehi: Rabu 16 Oktober 1822. (kembali)
sanès. (kembali)
raosipun. (kembali)
utawi. (kembali)
kalihan. (kembali)
§ Lêrêsipun malah pada lungsi, awit nama nêlasakên ukara, wontên têngahing pada. (kembali)
rêtna. (kembali)
rakiting. (kembali)
10 wadine. (kembali)
11 kapti. (kembali)
12 Tanggal: Soma (Sênèn) sapta (7) Sapar Dal: swara trusing ardi risang maha prabu (AJ 1799). Tanggal Masehi: Senin 9 Mei 1870. (kembali)
13 wurung. (kembali)
14 Tanggal: sêmbah trus sukaning budi (AJ 1792). Tahun AJ 1792 jatuh antara tanggal Masehi: 18 Juni 1863 sampai dengan 5 Juni 1864. (kembali)
15 anglênggahi. (kembali)
16 Rahadèn. (kembali)
17 Tanggal: songsong gora candraning artati (AJ 1799). Tahun AJ 1799 jatuh antara tanggal Masehi: 3 April 1870 sampai dengan 22 Maret 1871. (kembali)
18 Tanggal: Rêbo Êpon (Pon) wolu likur (28) Jumadilawal Jimawal: wiku misik swara tunggil (AJ 1757). Tanggal Masehi: Rabu 25 November 1829. (kembali)
19 Tanggal: sêmbah trus sukaning budi (AJ 1792). Tahun AJ 1792 jatuh antara tanggal Masehi: 18 Juni 1863 sampai dengan 5 Juni 1864. (kembali)
20 Tanggal: paripaksa miguna gunaning janmi (S 1332). Tahun Masehi: 1410–1. (kembali)
21 tinamakkên. (kembali)