Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169

JudulCitra
Terakhir diubah: 04-08-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Lampahan Endhang Wardèningsih[1]

--- 1 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 1 dari 94

1. Dhandhanggula

1. mangimur mrih mêmanising tulis | mèt carita nguni lampahannya | sang manamur wêwasine | Sang Jaladara anung | rajaputra Mandura nagri | sakadangira prapta | anèng prajanipun | Kakrasana Narayana | warujune Bratajaya Sang Sudèwi | katri kalara-lara ||

2. duk murcane nguni saking nagri | sapêjahe Risang Arya Kanswa | dyan putra kalangkung jrihe | marma murca manamur | gêntur tapa misah marêgil | wus samyantuk nugraha | dera ring Hyang Agung | kaluwihaning ayuda | myang waspada sakridhanirèng dumadi | pindha pandhita tama ||

3. duk samana rawuhnya sang katri | nèng Madura marêngi Sang Nata | Basudewa ing gêrahe | krana kataman wuyung | onêngira mring putra katri | karêrantaning nala | marlupa sang prabu | kabyatan nala duhkita | pratiknyaning dewa tan arsa mungkasi | yèn durung panggih putra ||

4. nuju ratri sang nata kawijil | pangandika kadya ngamandaka | adhuh putraningsun anggèr | Kakrasana satuhu | pati-pati nilap sudarmi | baya lumuh nak ingwang | umadêga ratu | gumantya kapraboningwang | miwah sira Narayarana marang ngêndi |[2] arinta Bratajaya ||

5. mêmaniking tingal ingsun yêkti | gung gumantung nèng têlênging nala | têka amilalu anggèr | apa tan krasèng kalbu | darbe bapa kawêlasasih | anggung anandhang

--- 2 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 2 dari 94

roga | mring si rasa wuyung | dhuh jawata kang kawasa | karya durta miwah ayuning dumadi | mugaa rumêksaa ||

6. mring putrèngwang kang milalu anis | agancangna praptaning Madura | bok têmah tan uning mangke | ulun arsayèng dulu | mring warnane wau nak mami | muga dewa ngandhêga | ing antakaningsun | mung nganti praptaning atma | putraningwang muga praptaa tumuli | sigêg andika nata ||

7. gya ambêkuh karuna sang aji | marawayan wijilirèng waspa | garwanya anglut tangise | sru angrêsirèng kalbu | lir murcatma rasaning galih | kadya arsa ngimura | nging datan kawêtu | saking dahat putêkira | tan kawawa mijilkên wuwus angrapih | têmah anglês sang nata ||

8. sru kapêtêk putêkirèng galih | gya katungka wau praptanira | ari nata sakalihe | Bismaka Sang Aprabu | myang Satyajid samya angirid | putra katri ing wuntat | umatur wotsantun | dènira nglampahi agnya | angupaya murcaning putra kang katri | mangkya wus samya panggya ||

9. lir kapêtêk karnanirèng aji | Basudewa waluya sakala | gumaregah gya lênggahe | andangu sang aprabu | lah ta êndi putrèngong katri | yayi enggal parêkna | mèh tan bangkit isun[3] | anganti ing praptanira | sing kadaut anglês ing nala matistis | onêng mring putranira ||

10. gya mangarsa wau putra katri | radyan kalih anungkêmi pada | sarwi karuna kalihe | mangkana Sang Rêtnayu | Bratajaya pinangku [pinang...]

--- 3 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 3 dari 94

[...ku] nuli | dening rama narendra | adrês waspanipun | adhuh rara putraningwang | dene wadon wit alit têka nêmahi | anggung kalunta-lunta ||

11. gung kinuswa-kuswa de ramaji | risang rêtna tanpa angandika | mung adrês mijil waspane | lênggahira tumungkul | para ibu samya nangisi | anèng ngarsa narendra | tan pêgat kapiluh | wau sirêping duhkita | sri narendra andangu mring putra kalih | sakwèh lêlakyanira ||

12. aturira agalur wotsari | sowang-sowang ing lampahanira | samana wus katur kabèh | sang nata dahat ngungun | karêrantan rêntênging galih | anulya angandika | mring ri kalihipun | dhuh riningsun saksènana | dèn èstokna ing sapungkur ingsun benjing | sutanta Kakrasana ||

13. gumantia ing kaprabon mami | lan arine kaki Narayana | jênêngna nèng kadipatèn | lan Prabu Jaya besuk | aywa liya ajatukrami | lawan Si Dananjaya | muga jawatagung | nambadanana karsèngwang | sira yayi karo angèstokna sami | apa ngandikaningwang ||

14. ari kalih sandika wotsari | sri narendra amapan sarenya | lêga rasaning galihe | putra katri wus mundur | nèng kaputran aso ing ratri | mangkana sri narendra | nêdhêng wanci bangun | murudnya Sri Basudewa | kadya gêrah swaraning tangis jro puri | sagung kênya jro pura ||

15. gugup sagung pra putra lan ari | manjing

--- 4 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 4 dari 94

pura jumujug ing tilam | prênah nata dènnya sare | garwa karuna langkung | ngaru-ara dènira nangis | ari nata kalihnya | anggung dènnya ngrapu | mamrih lipuring duhkita | wusnya sirêp kang sawa dipun bêrsihi | sampating upacara ||

16. gya pinêtak layonirèng aji | paripurna ing cêcaruhira | langkung gêng gara-garane | ri wusira kadyèku | Sri Bismaka rêmbag lan ari | Satyajid Lesanpura | angèstokkên dhawuh | ngadêgkên Sang Jaladara | winisudha gumantya rama sang aji | dadya natèng Madura ||

17. winiwaha undhang sawadyaji | adêgira Arya Kakrasana | katurunan ing dewane | Rêsi Naradha rawuh | lan Hyang Brahma samyanjênêngi | aparing kang nugraha | busana kaprabun | miwah Nanggala pusaka | măngka dadya kundhange amangun jurit | juluk Sri Baladewa ||

18. pan piniji ratuning prajurit | lan ingakên gul-aguling dewa | angrata jagad têntrême | Hyang Basuki satuhu | kang anuksma marang sang aji | ing Madura taruna | măngka gancaripun | panuksmaning Hyang Kesawa | ingkang mungging Narayana Wisnumurti | wus mêsat para dewa ||

19. pêpatihe sang prabu taruni | ran Pragota kalawan Prabawa | sutaning patih kalihe | datan kawarnèng dangu | wus antara sawarsa nuli | wau prabu taruna | Baladewa Prabu | matur ing paman kalihnya | dènnya arsa krama kalawan sang putri | ing Mandraka [Mandra...]

--- 5 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 5 dari 94

[...ka] pangarsa ||

20. kang pêparab Dèwi Erawati | duk ing nguni wus sinayêmbara | ical bangkit manggihake | mangkana dwi sang prabu | anyagahi sami apanggih | sigra matah caraka | kêkalih tinuduh | mawa pustaka mring praja | Mandaraka katur ing Salya Sang Aji | anagih sayêmbara ||

21. winangsulan tan salayèng kapti | Sang Sri Salya mung minta bêbana | kadya nguni kudangane | têmbe kalamun dhaup | Erawati minta pêpanggil | rêrênggan Suralaya | kayu dewandaru | sakêmbaran lan maesa- | danu ingkang pancal panggung kawan dèsi | miwah rata kancana ||

22. myang gamêlan Lokananta muni | nèng wang-awang parêng pangaraknya | lan kalih èstri patahe | kang luwih warna ayu | angiribi risang pangantin | samana rêmbagira | nata kalihipun | kalangkung kogêl ing driya | Narayana sumêla aturnya wêngis | lah paman yèn mangkana ||

23. mung lêlamis dènirarsa nampik | mrih sandea dènnya darbe karsa | wus nyata Salya karsane | kêmeron galihipun | mring dyan putra Dhastharataji | ing nguni wartanira | ambêbahak laku | wau ta Sang Baladewa | umatur mring paman narendra kêkalih | dhuh paman sri narendra ||

24. kadiparan karsanta ing mangkin | punapa ta dipun sagahana | paran narima sandene | mangkana sang aprabu | ing Kumbina miwah kang rayi | Satyajit Lesanpura | angandika sêndhu | tan susah nuruti ika | kang bêbana ngaracik kadya

--- 6 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 6 dari 94

pakathik | pinlaksana ing yuda ||

25. pan bênêre sayêmbara nguni | sinambadan sakala panggihnya | tan mawa bêbana manèh | manawa duk rumuhun | darbe buntut ingkang prajangji | sakala wus winêca | nora nusul bawur | katara têmên cidranya | Sri Mandraka patut ingajar tumuli | dudu wataking nata ||

26. Baladewa gya umatur aris | adhuh paman mugi dèn sarănta | aywa kagege runtike | nahên pamanggih ulun | pan sadaya muhung sadarmi | saking karsaning dewa | lan pêpasthèn ulun | kalamun têmên putranta | Kakrasana jinodho lan Erawati | dewa minangkanana ||

27. saya agung bêbananing putri | wêwah-wêwah kuncaraning krama | ulun tan wêgah yêktine | sadaya kang pamundhut | prayogine dipun sagahi | amung anyuwun lilah | amatah pukulun | nênggih yayi Narayana | lan Pragota ngupayaa kang pawèstri | ingkang endah ing warna ||

28. măngka patah pawèstri kêkalih | sadayane pan ulun priyăngga | ingkang ngupaya sampête | nyênyuwun ing dewagung | sagung ingkang samya kawilis | wau nata kalihnya | pan samya jumurung | karsaning putra samana | gya dhumawuh marang ari sang apêkik | miwah Patih Pragota ||

29. wus sandika gya lumèngsèr kalih | lampahira dèrèng cinarita | pisah paran ing lampahe | Narayana Sang Bagus | lan Udawa

--- 7 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 7 dari 94

ingkang umiring | dene Patih Pragota | mung kanthi tumênggung | sajuga ingkang nut lampah | wau Risang Baladewa mring panêpin | manungku pujanira ||

30. pan sinêkung pudyastuti aglis | karawuhan ing Rêsi Naradha | umatur saliring kang rèh | sadaya wus sinanggup | yèn wis prapta mangsane sami | jawata kang ngirida | sadaya puniku | wus musna Sang Hyang Naradha | pan sinigêg Madukara kang winarni | mangsuli kang carita ||

31. duk ing nguni Mandraka nagari | ri wusira panggih Erawatya | Sang Parta pamit karsane | wangsul mring prajanipun | lan kang raka Bratasena glis | prapta nagri Ngamarta | umarêk Sang Prabu | Yudhisthira sru onêngnya | lan kang ibu Dèwi Kunthi anangisi | kongsi antara lama ||

32. sasirêping onêngira sami | Dyan Pamade tan supe tyasira | mring Bratajaya citrane | kalangkung nahên wuyung | arsa wikan malih kang warni | amung kogêl ing driya | wit samangkyanipun | anèng jroning dhatulaya | ing Madura tan gampil arsa udani | kasêngkêr jroning pura ||

33. nging tan bêtah anahên wiyadi | Risang Parta gya pamit ing raka | kalamun arsa sowane | maring ardi Martawu | marêg eyang sang mahayogi | Maharsi Dyipayana | linilan ing prabu | winêling ywa kongsi lama | sandika wus lèngsèr lan parêpat katri | marang wukir Saptarga ||

34. tan kawarna lampahirèng margi | wusing prapta umarêk kang eyang |

--- 8 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 8 dari 94

kalangkung luluh alèlèh | kang eyang dahat ngungun | duk umiyat wayahe prapti | anawung sru rudita | kengis pasmonipun | kinèn anganti watara | nèng patapan sinambi nuwun dewadi | amêsu pudya brata ||

35. nahên ta kang carita winilis | anèng ratu awarna raksasa | Kurăndhagêni parabe | sakti prawirèng kewuh | măndraguna mancala warni | bangkit alêlimunan | wêrit prajanipun | ing nagri Tirtakandhasan | abêbala wil ditya diyu rasaksi | samya prawirèng yuda ||

36. duk samana wau sang yaksaji | sru wiyoga ketang supênanya | kadi panggih sawantahe | kalawan Sang Rêtnayu | Erawati putrining aji | Sri Salya ing Mandraka | kang warna lwih ayu | pindha kang pêputran dênta | marmanira sang nata dahat kagimir | nandhang brănta asmara ||

37. tan kawawa anahên wiyadi | anggung wayang-wuyunganing nala | kapasuk nala angêne | mangkana sang aprabu | gya umêsat marang wiyati | nêdya malbu andhustha | sajroning kadhatun | puraning nagri Mandraka | lêlimunan lingsir ratri dènnya manjing | anjajah purantara ||

38. dangu datan ana kang kaèksi | umatêk ing sêsirêpan dadya | wong jro pura turu kabèh | bala sajro kadhatun | duk samana dupi wus panggih | Sang Rêtna Erawatya | lagya enak turu | tan samar pamawasira | sang yaksendra agita ngirup sang dèwi | winawèng antariksa ||

39. wus amêsat [a...]

--- 9 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 9 dari 94

[...mêsat] prapta praja nuli | sang dyah sinung anèng tilamira | kancana langkung endahe | jro gêdhong langkung kukuh | wus amatah parêkan kalih | ingkang kinèn anjaga | risang rêtnaning rum | kalamun wungu anendra | yèn atanya pinojarana sêsangkrip | pinrih pundhuh ing karsa ||

40. nulya mentar wau sang yaksaji | kapirangu gandrung larasmara | mring taman angaringake | ngadi busananipun | mrih karênan lamun apanggih | lawan sang lir kusuma | ywa kuciwèng sêmu | ri wusnya aparipurna | sigra wangsul sang saksadi[4] Parta panggih | kalawan sang lir rêtna ||

2. Pangkur

1. sapungkurira yaksendra | sang dyah nulya kagyat dènira guling | mulat ing tilamira wus | dede praja Mandraka | nyana lamun ngalih pura tilamipun | sigra wungu gumaregah | gagapi patrêm pinusthi ||

2. ing ngarsa katon parêkan | kalih sami tuhu awarna yaksi | sigra angandika arum | lah sirèku ta sapa | aranira miwah pojarana ingsun | satuhune unggyan ingwang | nèng kene praja ing ngêndi ||

3. sapa ta ingkang ambêkta | raganingsun praptanira ing ngriki | mau ingsun nêdhêng turu | asupta nèng Mandraka | têka ngalih dunung ingsun datan surup | sapa ingkang mawa karya | angêlih unggyan sun guling ||

4. rasêksi kalih tur sêmbah | dhuh pukulun aywa kagêngên runtik | sayakti tuwan wus mangguh | kamulyan tanpa sama | raka tuwan sang yaksadipa angruruh | dhatêng paduka sang rêtna | saking Mandraka nagari ||

--- 10 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 10 dari 94

5. pan arsa binadhe garwa | pramèswari priyăngga amêngkoni | sèsining pura sadarum | nagri Tirtakandhasan | raka tuwan narendragung amisuwur | makêtêr sèsining jagad | tan ana ingkang madhani ||

6. sang prabu jêjulukira | Kurandhagni sudibya sura sakti | kêkês sagung ditya diyu | ajrih samya suwita | wus kabela kayoman kuncara prabu | pilih bobot ing ayuda | para jawata samyering ||

7. marma ing panyuwun amba | sang rêtnayu mugi sampun rudatin | raka tuwan sih kalangkung | dhatêng paduka sang dyah | pan ingugung sakarsa paduka sèstu | tan ana ingkang kuciwa | sèsining pura ngèbêki ||

8. pan dadya kagungan tuwan | sadayanya kang sarwa adi-adi | sang rêtna dupi angrungu | aturing ban kalihnya | angrêrêpa mangimur amèt panglipur | byat ing tyas sang rêtnaning dyah | dadya karuna anjêrit ||

9. sêsambat angaru-ara | kang sinambat tan liya yayah wibi | lir garantang tangisipun | Sang Rêtna Erawatya | katuwone ragèngsun kalangkung-langkung | pan anggung dadya lêlakyan | baya wong Mandraka iki ||

10. tan ana wonge kang lanang | nora kaya kangjeng rama sang aji | dahat ing kawêlasayun | tan ana graitanya | darbe putra wali-wali kênèng pandung | ing dhustha luwih aguna | adhuh ibu pramèswari ||

11. paran ta solah kawula | anèng ngriki pribadi tanpa kanthi | dhuh

--- 11 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 11 dari 94

dewa dhuh jawatagung | muga paring pangrêksa | angsung warta marang kangjêng rama prabu | ing pundi dunung kawula | dimèn anduta ngulari ||

12. katungka ing praptanira | sang yaksendra duk saking tamansari | gandrung-gandrung kapirangu | ngrumpaka manuhara | turut marga swara goragêng gumuruh | kadya singa rodra kambuh |[5] brangêngêng magiri-giri ||

13. gêtêr sang rêtna miyarsa | ingkang swara wus nyana yèn yaksaji | arsa amarêki gupuh | sang rêtna gya prayitna | patrêmira liniga arsa tumanduk | wus pinusthi anèng jaja | tan wang-wang tyasira dèwi ||

14. katungka sang yaksadipa | gung angrumrum amrih luntur ingkang sih | pinadhanana ing kayun | ingkang turidasmara | adhuh yayi musthikaning wanodyayu | sapa duwe bojo ingkang | kadya kancana pinatik ||

15. dhuh mirah pêpujaningwang | aywa duka pun kangkang[6] anêkani | marang sira sang rêtnayu | muga paring usada | larasmara marang pun kakang sru wuyung | paran ta ingkang kinarsan | pun kakang yakti nêkani ||

16. sang dyah awêngis wuwusnya | lah ta dityaji aywa kudu baribin |[7] paksa amêngku wak ingsun | tuhu sira narendra | nging tan wikan patraping ala lan ayu | gêlah-gêlahing bawana | ratuning dhustha sirèki ||

17. lamun ta tuhu sudibya | mamrih garwa tinêmbung lawan aris | marang ing sudarmaningsun | tuhu ratu utama | bèrbudiman bêk santa paramartayu | kalamun datan marêngna | ingantêp rinêbut jurit ||

18. mangkono laku utama | ora kaya

--- 12 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 12 dari 94

sirèku karêm nisthip | adhustha ing karyanipun | patut dhêdhapurira | ora gênah gatrane warna kumudu | angaku ratu sudibya | êndi ta tandhane mangkin ||

19. datan sotah raganingwang | dadya garwa titah kadya sirèki | dhêdhapure nora karuh | watake karêm dhustha | nora lama sira pinadhêm dewagung | datan pantês dumadia | mundhak anyukêri bumi ||

20. ingsun labuhi palastra | lamun kongsi kagêpok raga mami | lawan sira si bêkuthur | dhapurmu nora kaprah | pantês dadya sèn-isèn yomani tuhu | lah enggal nuli minggata | tan bêtah nyawang sirèki ||

21. mangkana sang yaksadipa | langkung gawok duk myarsa mawêngis |[8] ujarira sang rêtnayu | nanging ta yèn rinasa | kaya ana bênêre lamun tinurut | dadya sarèh karsanira | aris mentar ngulir budi ||

22. bokmanawa têmbe wuntat | darbe wêlas asarju anglêgani | marang karsanira prabu | dadya amung inguja | sakarsane nanging ta sang yaksa prabu | tan arsa anakêtnyana[9] | mung para cèthi kang pinrih ||

23. maripih marang sang rêtna | pinrih kongkih karsanira sang dèwi | sinigêg caritanipun | kawuwusa Mandraka | dupi enjang para cèthi tanginipun | êmbane kang para putra | samya marêk ngarsèng gusti ||

24. mangkana dupi uninga | tilamira Sang Rêtna Erawati | têmah asunya wus suwung | kagyat êmban sadaya | sigra anjrit karuna sarwi lumayu | marang jroning dhatulaya | umarêk Sri

--- 13 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 13 dari 94

Narapati ||

25. Sri Salya lan pramèswara | lagya wungu mijil sing tilamsari | kagyat duk nata andulu | praptane êmbanira | kalih samya karuna gugup umatur | dhuh gusti atur uninga | putranta sang Erawati ||

26. ing wau ratri wus musna | satilame datan ana kaèksi | dhinustha ing pandungipun | ingkang luwih aguna | ngindrajala tan ana ingkang kapranggul | sagung para cèthi pura | samya akapati guling ||

27. katgadèng tyas sri narendra | nulya têdhak marang unggyaning siwi | lawan pramèswari prabu | tan dangu wusnya prapta | patênggane sang rêtna sêkar kadhatun | tan ana tabêt kang karya | pakartining maling julig ||

28. satuhu langkung aguna | wus tiniti sadaya tantuk titik | dahat ngungunirèng kalbu | wau sang pramèswara | tan sarănta nungkêmi tabêting sunu | karuna kalara-lara | kadya murcatma sang putri ||

29. sambate lir calapita | ngaru-ara Sang Dèwi Satyawati | gugup sang nata angrapu | dhuh mirah pudyaningwang | ywa kadadak kumudu anganyut tuwuh | mungguh ta lêlakonira | sutanira nini putri ||

30. disarănta karsanira | ywa kakehan anutuh mring dhiri |[10] upama iku ing dangu | wus dhaup Kakrasana | nora darbe lêlakyan kadya pinangguh | bênêr yayi ucapira | nanging ta mungguh pawèstri ||

31. tan yoga anggege karsa | mung sumarah marang karsaning laki | Si Kakrasana rumuhun | nuli kèndêl kewala | wit kabarung [kaba...]

--- 14 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 14 dari 94

[...rung] sedaning sudarmanipun | kakang Prabu Basudewa | nulya gumantya narpati ||

32. anèng Madura samangkya | wus anduta anagih kang prajangji | marmèngsun karya têtanggul | bêbana pira-pira | amung dadya pangantêping karsanipun | kalamun nyata prasêtya | satuhu aminangkani ||

33. pramèswari asru mojar | inggih lêrês karsa paduka aji | mênggah putranta kang wadu | wajib mawa bêbana | mrih kuncara utamanira adhaup | nanging ta mapan samangkya | katungka gawating kardi ||

34. upami pun Kakrasana | datan arsa bêbana minangkani | margi langkung elokipun | pundhutan jêng paduka | nora kaprah sasrahan ingkang pinundhut | de sami kagungan dewa | bok satêmah dèn arani ||

35. tinarka nampik kewala | lêlamisan mawa bêbana rungsit | karya runtik têmahipun | nuwuhkên pêpinggêtan | lawan kadang kang wus labuh karyanipun | puwara akarya rudra | pinlaksana ing ajurit ||

36. utawi lampah dhinustha | tan adosa wit paduka kang sisip | bêbana akarya ewuh | kadiparan ing mangkya | wus kabanjur karya drawala ing pungkur | sintên ta kang tinêmpahna | ngupaya pun Erawati ||

37. lamun mawi sayêmbara | ugi-ugi tiyang sanès nanggupi | lamun antuk karyanipun | sintên ingkang wajiba | andarbèni pun Erawati pukulun | tan wurung dadya rêbatan | amangun yuda ing puri ||

38. paduka

--- 15 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 15 dari 94

karya dhadhakan | ruharaning jagad saking puniki | lêpat saking jêng pukulun | suwawi kagaliha | mamèt paran pun Kakrasana puniku | wus labuh ing karyanira | dhasar sutaning narpati ||

39. ing mangkya wus madêg raja | winongwong ing jawata kang linuwih | paran malih kang linuru | kuncarèng palakrama | wus tan kusut putra paduka satuhu | anyèthi dhatêng Madura | dhasare ratu linuwih ||

40. dhêlêg nata duk miyarsa | aturira panêtah pramèswari | ginalih lêrês sadarum | pinanggih ing karsendra | dadya aris pangandikanira prabu | dhuh nimas aywa kadawa | anênutuh marang mami ||

41. ing mêngko karsa manira | arsanduta marang Madura nagri | paring udani kalamun | endraning[11] sutanira | lawan dhawuh bêbana sadaya suwuk | amung minta pinanggihna | sutanira Erawati ||

42. kalamun wus bisa panggya | ora esuk sore dhaup tumuli | mangkono ing karsaningsun | tan mawa sayêmbara | mung sutanta ing Madura kang sun têmpuh | wus yayi dipun sakeca | tarlèn nyênyuwun dewadi ||

43. nuli bisaa kapanggya | sutanira Si Nini Erawati | mangkana wau sang prabu | kalawan pramèswara | nulya manjing dhatulaya srimbit sampun | busana arsa sewaka | miyos nèng jawi tinangkil ||

44. ingayap para biyada | para kênya kang samya ngampil-ampil | upacaraning kaprabun | gumrêdêg ngarsa wuntat | ngambar kongas gandaning wida rum-arum | sumrik praptèng panangkilan [panang...]

--- 16 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 16 dari 94

[...kilan] | pra sinom piyak alinggih ||

3. Sinom

1. mangkana Sang Prabu Salya | lênggah munggwèng dhampar rugmi | anèng madyèng siti bêntar | èbêk kang samya anangkil | pantaran jêjêl pipit | wadya Mandraka supênuh | ingkang kaparèng ngarsa | putra taruna wêwangi | Rukmarata jajar lan nayaka waktra ||

2. Kyana Patih Tuhayata | ing wuri para bupati | ambalabar panangkilan | kadya trunaning jaladri | mulat ujyala aji | kengis anawung babêndu | marma sagung kang sumewa |[12] kalangkung ajrih pra sami | dhêdhêp sirêp tan ana sabawanira ||

3. kang kapyarsèng panangkilan | pukuling pra juru rukmi | kang sami anambut karya | anèng paseban akardi | măngka rêngganing puri | pating carêngkling apatut | abarung lan swaranya | pêksi êngkuk nèng waringin | amêmatut kadya mêmudya sang nata ||

4. mamrih lipuring sungkawa | asrining paseban kadi | êngêsing swara karênga | sakaning kang kapiyarsi | ngrês-ngrês kang samya nangkil | karasa rasaning kalbu | siliring samirana | mawa gănda sari-sari | rum-rum ngambar lir mayang kang nêdhêng mêkar ||

5. angirid kang gănda wida | sari-sari saking puri | nanduki ing grananira | sagung kang samya anangkil | tumanêm jroning kapti | amangun êning ing kalbu | ambuka sungkêmira | marang risang narapati | cipta labuh ing karya praptèng antaka ||

6. akèh ingkang para nata | ingkang kasăngga ing bumi | miwah kasongan ing surya | kauban akasa yêkti | amung Mandraka Aji | Sri Salya tuhu pinunjul [pi...]

--- 17 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 17 dari 94

[...nunjul] | mbêk santa paramarta | sudibya myang sadu budi | lwih sudira tan ana timbang ing yuda ||

7. marma ingkang wadyabala | dahat sumungkul lan asih | bêktinira mring narendra | tanpa takir labuh pati | samana duk udani | marang sêmune sang prabu | ujwalaning wadana | kadya kêkuwung rudatin | samya ngajap piniji ing karyanira ||

8. punagi labuh antaka | tan nêdya ngunduri jurit | tinêmpuhna ing bêbaya | dadya wêwadaling nagri | bêktinirèng narpati | datan mèngèng praptèng lampus | cipta lêga-lêgawa | umalês mring sihing gusti | pan mangkana ciptane kang wadyabala ||

9. wus dangu dènnya sewaka | nulya nata ngandikaris | marang Radyan Rugmarata | kalawan rêkyana patih | atêtanya sang aji | raharjaning prajanipun | patih matur wotsêkar | datan ana kawis-kawis | wong sapraja pan sami têntrêm sadaya ||

10. nata malih angandika | wêwarta ing wau ratri | kalamun sajroning pura | kalêbon durjana sakti | duratmaka tan mamrih | rajabrana jro kadhatun | mung juga kang dhinustha | anênggih sêkaring puri | Erawati binakta satilamira ||

11. tan ana lêlabêtira | korining gêdhong kumancing | datan owah kadya mula | tan ana banon kang rêmpit | miwah tanna udani | janma sèsining kadhatun | kadya wus kaprabawa | dening sêsirêping juti | pan sadalu samya kapati anendra ||

12. makêtêr Dyan Rugmarata | miwah ta rêkyana patih | kadya krodha sanalika |

--- 18 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 18 dari 94

ananging tan antuk tandhing | gumrêgêt mingit-mingit | putêking driya supênuh | datan karuhan tibanya |[13] paraning duka sang kalih | ambarabak kang netra ngêmu ludira ||

13. arum pangandika nata | lah kulup aywa kagimir | puluh-puluh kadangira | anggung dadya lakyan yêkti | ing mêngko karsa mami | sira lumakua gupuh | kalawan kyana patya | marang Madura nagari | angsung wikan musnane bok ayunira ||

14. dhinustha ing duratmaka | mangindrajala ing ratri | pan ing mêngko karsaningwang | kakanta prabu taruni | ingsun piji ngulari | sakèh pêpundhutan ingsun | sinuwak nora dadya | tan susah ngupaya sami | ugêr panggya rakanta dhaup sakala ||

15. sandika Dyan Rugmarata | lan patih samya wotsari | jêngkar nata manjing pura | pinapag sang pramèswari | wus lênggah madyèng puri | wêwarta dènnya dhêdhawuh | anduta mring Madura | sang rajaputra pribadi | lawan patih lêlancaran lampahira ||

16. sinigêg kang anèng pura | kawuwusa ingkang kari | anèng paseban ing jaba | rajaputra lawan patih | siyaga dènnya apti | lumampah dinutèng prabu | sawusira samapta | budhal anitih turanggi | lêlancaran pangraping kuda nèng marga ||

17. sigêg gantya kawuwusa | mangsuli sang danawaji | ing nagri Tirtakandhasan | siniwakèng madyèng puri | tan têbah êmban yaksi | Marduyaksi wastanipun | nata anggung wiyoga | gandrung-gandrung angrêrêpi | lir brêmara angrêp ngrêrubung puspita ||

18. swara gora sêsauran | gumlêgêr lir

--- 19 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 19 dari 94

gludhug anggrit | gumlogok gandhang ngumandhang | kadya sardula kang kanin | bêbaungan amêthit | parandene paksa gandrung | ngrumpaka ngêla-êla | mamrih kapadhanan kang sih | sinaroja ing garwa langên asmara ||

19. dhuh mirah pêpujaningwang | gustiku Dyah Erawati | paran ta nahên duhkita | tan sarju marang wak mami | alumuh pati-pati | kurang apa raganingsun | natagung mbêk sudira | kuncara jaya dimurti | sèsining rat makêtêr mulat maringwang ||

20. pagene tan arsa sira | jumênênga pramèswari | anèng ing Tirtakandhasan | kurang apa jroning puri | dhawuha sun turuti | lêlangên ing pura masku | lamun tan bisa ingwang | patut lumuha mring mami | bêcik sira anut karsa manira |[14]|

21. dhuh jiwa musthikaning rat | ayu-ayuning sabumi | baya sira widadarya | tumurun marang ing bumi | arsa ngunggah-unggahi | jênêng ingsun ratu agung | dhuh babo ariningwang | tan jamak Si Erawati | mara nimas sun êmban salapan dina ||

22. sawarsa langên ing tilam | tan ginggang ingsun ladosi | sakarsanira tinêkan | lamun sira masku ari | kasrêdan animbangi | asung usadaning wuyung | lah sapa baya bisa | ngusadani lara mami | datan liya mung jumantên ing Mandraka ||

23. aywa kumudu palastra | eman-eman wong jêkêning | tarincing kuning ngumala | kadya mutyara ingukir | saiba ngucap manis | duka bae mêksa ayu | andiking netra lir kilat |[15] bisa têmên lamun runtik | wênês ingkang wadana kadya sasăngka ||

24. pantês têmên gêgêt waja |

--- 20 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 20 dari 94

lathi rêta waja kengis | apindha tètèsing tirta | gumêbyar angilat thathit | mawèh kêsaring ati | sapa kawawa andulu | kêclaping netra lir kilat |[16] sakêthi sarêng anathit | karya kuwur ing driya kudu ngrabasa ||

25. dhuh jiwa muga lipura | lêlangêna tamansari | anglêlipur ing sungkawa | dènnya pisah yayah wibi | benjang lamun sirèki | wus carêm kalawan ingsun | tan wurung sira samya | sun ajak marêk ramaji | mring Mandraka manguswa pada bu rama ||

26. aywa sumêlang tyasira | sayêkti ingsun turuti | sakarsanira dhuh nyawa | Erawati pudyan mami | sapa patut darbèni | rabi kaya sira masku | kajaba jênêng ingwang | ratu sumbaga dimurti | maksih anom sudira punjul aguna ||

27. kawasa mangendrajala | anamun limunan sakti | manjing ajur-ajèr bisa | mancala putra myang putri | luruha ing sabumi | baya ora bisa antuk | ratu kaya manira | măndraguna sura sêkti | lah ta nimas payo mara ingsun êmban ||

28. sarea anèng êmbanan | măngsa mudhuna sêsasi | eman-eman pujaningwang | dhuh mirah Ni Erawati | de tan wêlas mring mami | kakanta dahat gung wuyung | sêlak kabacut lena | sapa kang kelangan gusti | amung sira tan wurung pidukung nyawa ||

29. wuwuse sang yaksadipa | dangu sarwi marbês mili | sigra niba gêgulungan | karuna gora garangrik | êmbanira nangisi | sarwi anungkêmi suku | cariwis aturira | kadya manglipur ing galih | adhuh anggèr gusti momongan kawula [kawu...]

--- 21 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 21 dari 94

[...la] ||

30. mugi dipun sarantosna | duhkitanira sang dèwi | paduka wajib ngêmonga | sampun wataking pawèstri | maksih kênya sêsangkrip | lêlewane apitambuh | măngsa wurunga ing benjang |[17] lamun wus pundhuh ing galih | amiturut ing karsa paduka nata ||

31. pangayam-ayaming kênya | antuka laki linuwih | sumbaga kang wirotama | paduka sampun ngêplêki | amung kirang sakêdhik | sabar darana pukulun | pangajaping wanita | antuka laki utami | ingkang sarèh ing karsa sagêd ngêmonga ||

32. punika atur kawula | mugi ingagêma yêkti | miwah wontên srananira | kang aran gunaning janmi | panglêrêpaning runtik | măngka pangasihanipun | mamrih asih tumingal | arêsêp ing padukaji | wau pantês paduka mamèt sarana ||

33. wau ta sang yaksadipa | miyarsa ujar pangrapih | praptèng ngupaya sarana | kagugah rasaning galih | gumaregah gya linggih | ngusapi netra kapiluh | lah biyung sira mojar | mau apa kang upadi | srananira sang rêtna bisa asiha ||

34. matur wotsêkar ban inya | pukulun sri narapati | tuhu kawula matura | ngupaya srana prayogi | japa mantra kang dadi | srana pangluluhing kalbu | limrahe sagung janma | kalamun apalakrami | tan kapadhan sihira marang wanita ||

35. samyamèt sarananira | marang pra pandhita rêdi | tanapi para satriya | ingkang samya ahli budi | sugih mantra sêsanti | kinarya panungkulipun | yêkti datan rêkasa [rê...]

--- 22 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 22 dari 94

[...kasa] | pamètira mrih antuk sih | tan kirangan gunaning tyang madyapada ||

36. prayogi nulya anduta | matah punggawa kang julig | mamèt srana mrih ngaguna | sarananing palakrami | kang supadya antuk sih | sihira sang rêtnaning rum | sang nata panudyèng karsa |[18] gya dhawuh mring Marduyaksi | lah ta biyung dhawuhna marang punggawa ||

37. miliha punggawaningwang | kang julig miwah kang sakti | lumaku mamèt sarana | kadya tuturira nguni | nanging ywa lami-lami | sêlak nora bêtah ingsun | anahên rasaning tyas | kataman asmara kingkin | pamit lèngsèr ni êmban sampun kalilan ||

38. sadangunira sang nata | sing Mandraka laku sandi | pra punggawa têtuguran | ana paseban ing jawi | samya siyagèng jurit | bokmanawa dipun luru | sarayaning Mandraka | ngupaya Dyah Erawati | pan sumahap kang para ditya punggawa ||

39. horêg duk samya tumingal | mijile Nyi Maduyaksi | anarka yèn ana karya | dhawuhira sang yaksaji | sagung para dipati | goranggro parêng gumuruh | umarêk tadhah warta | cumadhong dhawuhing aji | ris ngandika nyi êmban angalêmbana ||

40. lah dèn ririh kadang ingwang | sira punggawa linuwih | sumungku sungkêmirendra | datan kuciwa sayêkti | dèn ta samya abêkti | rumêksa marang sang prabu | tanapi prajanira | tanna kuciwane kêdhik | pan ing mangkya wruhanta sira sadaya ||

41. sang nata nahên wiyoga | awit dènnya palakrami | andhustha putri Mandraka | parab Rêtna Erawati | dèrèng kapadhan ing sih |

--- 23 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 23 dari 94

kalangkung gandrung mawuyung | ing mangke karsa nata | amundhut punggawa katri | ingkang limpat ing guna arsa dinuta ||

42. angupaya kang sarana | marang para tapa tuwin | pandhita ingkang kuncara | sugih guna srana sêkti | pan kinarya nyranani | bisaa nulya sang ayu | darbe wêlasasiha | marang gustinira mangkin | têmah karsa sung usada larasmara ||

43. sapa ta ingkang prayoga | lumaku ing karya iki | ingkang limpat panggraita | bangkit ing basa basuki | mamèt prana prayogi | pinrih asung srananipun | wau rêkyana patya | duk myarsa dhawuhing aji | Sang Pragalba ngaturkên pilihanira ||

44. punggawa tri ingaturna | pilihan samya ajulig | Kalabancira ranira | Kalapradaksa kêkalih | Kalakathuwêt katri | wus samya siyagèng laku | angandika nyi êmban | lah ta katri kadang mami | dèn prayitna sira dinuta sang nata ||

45. ngupayaa para tapa | ingkang ngasrama Marêgil | kuncara sugandanira | kêkuwunge mikatoni | têtiga sugih cantrik | asri tinon dhepokipun | sang tapa sru dyatmika | manis ujarira aris | yèn wus panggya pandhita ingkang mangkana ||

46. nuli matura prasaja | kalamun dinutèng gusti | angupaya kang sarana | măngka pamundhuhing galih | dènira palakrami | gustinira lan sang ayu | nging poma wêkas ingwang | aywa pojar marang janmi | parabira sang rêtna miwah prajanya ||

47. tanapi pamudyaningwang | sira manggiha basuki | agyantuk [agyan...]

--- 24 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 24 dari 94

[...tuk] kang ingupaya | supadya enggala mulih | agung gancaran wuri | mring sira yêkti kalamun | bangkit alêbda karya | antuk sarananing gusti | aywa lirwa angugung tyas harda murka ||

48. sandika ature samya | gya pamit lèngsèr tumuli | têtiga punggawa ditya | sigra samapta lumaris | sawadyanira sami | wusing siyaga gumuruh | budhalira sing praja | datan winarna ing margi | wusing lêpas praptèng têba urut wana ||

49. saparan anggung rêrasan | ngunggahi kang wukir-wukir | manawa ana asrama | dhêdhepoke para rêsi | samana durung kongsi | lêbdèng karya gya kapêthuk | lampahing wadyabala | saking Mandraka nagari | têtakonan drawala dadya ayuda ||

50. barubuh yudaning yaksa | arusuh patrape dingkik | culika cidra ing yuda | wadya Mandraka angisis | samana duk ningali | rajaputra langkung bêndu | miwah rêkyana patya | krodha mangkrak apêpulih | lan punggawa samya ngamuk yudanira ||

51. ditya kang sami katrajang | akèh long katiban bindhi | yudanira rajaputra | kadya banthèng tawan kanin | kang kacandhak babar ji | katrajang amawur-mawur | bubar barising buta | samya angungsi ing wuri | punggawa tri arêmbag mèt ganti marga ||

52. lorodan kang wadya ditya | salang liwat manjing trêbis | urut jurang lampahira | mangkana dyan rajasiwi | suka dupi umèksi | sirnaning danawa sampun | wus laju lampahira | ngimpuni wadya lumaris | wus lastari angancas marang

--- 25 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 25 dari 94

Madura ||

53. sinigêg gantya kocapa | kang anèng Saptarga nguni | Sang Bagawan Dipayana | raja pandhita linuwih | samana sang maharsi | nèng asrama lênggahipun | ingadhêp wayahira | Risang Pamade nèng ngarsi | sru sungkawa ketang lam-laming wardaya ||

54. Rêtna Dèwi Bratajaya | putri Madura nagari | ewuh aya sangkanira | dènira arsa pêpanggih | jroning cipta sang pêkik | ge-age praptaa purug | mangkana sang bagawan | waspada osiking siwi | datan samar sagung osiking manungsa ||

55. waskitha marang lampahan | pandom-panduming dumadi | marma aris angandika | lah kulup sira ing mangkin | lumakua tumuli | mring Madura atêtulung | kakanta Kakrasana | kataman pêtêng ing galih | wit Sang Rêtna Erawati malih musna ||

56. dhinustha ing duratmaka | tanpa tilas ing ajuti | uwanta natèng Mandraka | kalangkung sêngkêling galih | ing mangkya wus anuding | rajaputra mantri ngayun | marang nagri Madura | kakanta tinêmpuh kardi | angulari musnane sêkar kadhatyan ||

57. sandika aturing wayah | gya pamit budhal tumuli | linilan anguswa pada | sinidhikara tininggil | dening sang maharêsi | jinurung pudya mawantu | lèrès saking asrama | wau ta parêpat katri | kagyat mulat rahadyan wus tan katingal ||

58. wit katungkul ngeca-eca | sinambi ngantuk ing wuri | tan anang[19] ingkang nglagewa | kalamun Radèn Pamadi | tinuduh sang arêsi | dadya Badranaya matur | anjêngèk [anjê...]

--- 26 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 26 dari 94

[...ngèk] kadi kagyat | adhuh risang maharêsi | dhatêng pundi wayah andika punika ||

59. sadangune anèng ngarsa | lunga datan jawil-jawil | tan bisa momong wong tuwa | lagya ngantuk sambi dhidhis | sang rêsi ngandikaris | bênêr kakang ingsun tuduh | marang nagri Madura | karana ana kang kardi | aywa adoh sira nuli nututana ||

60. ingsun pasrah marang sira | rahayune kang lumaris | miwah ngayuda nagara | wong anom sok kurang pikir | siraywa rikuh mardi | kalamun nêmu pakewuh | wus kakang ge mangkata | sêlak doh aywa kasilip | lan sutanta sakarone aywa pisah ||

61. sun sangoni pujabrata | manggya rahayu ing margi | Ki Lurah Badranaya gya | tan kobêr ngêmpalkên pamrih | cangkelak anututi | nyambi napuk sutanipun | lah gêntho payo mangkat | daramu lunga wus têbih | guragapan Garèng Petruk samya mlajar ||

62. praptèng marga garênêngan | tuh-tinutuh janma katri | Petruk mojar minta duman | pasangon saking sang rêsi | Garêng bêkis mawanti | supatane nawon kambu | Petruk iki kranjingan | karya ribêting lumaris | ora watak ingsun ngandhêga panduman ||

63. baya si rama kang gawa | mau kaya dèn sangoni | andikane sang bagawan | apa wujude tan uning | gajêge ngandikani | ênya kakang sangunipun | êdumên lan sutanta | măngka sarana lumaris | tan sarănta Petruk malumpat mring ngarsa ||

64. angrangkul mring ramanira | ngadhangi dênnya lumaris | sarwi mojar angrêrêpa |

--- 27 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 27 dari 94

dhuh rama wong tuwa mami | muga wêlasa maring | sutanta kang lêngkung-lêngkung | êndi panduman ingwang | pasangon sangking sang rêsi | mau Garèng wêruh sira pinaringan ||

65. sakandhi picis buntêlan | rama aja dèn ijèni | mundhak akarya kabotan | lakunira anèng margi | prayoga sun rewangi | pirabara darbe maklum | pracaya marang ingwang | ingkang anggawa kang picis | dadi rama lakune lêgèh kewala ||

66. ing mêngko yèn têkan pasar | jajana sakapti-kapti | kalawan Kang Garèng uga | ingong ingkang ambayari | ywa sumêlang ing ati | Sêmar tumênga anyampluk | aja kakehan ujar | bêndaramu sêlak têbih | bok katilap laku têmah salingsingan ||

67. Petruk kukuh agujêngan | nalusur wêtêng tan panggih | êndi rama picisira | aku kasêlak angêlih | Sêmar nyêntak ambêkis | picis apa kang linuru | ingong pan ora tămpa | barang-bering sing sang rêsi | andikani amung sangu pujabrata ||

68. Petruk jêtung kêndhêlongan | iya ingong kang sapalih | apa paringe bagawan | yèn kêna dipun icipi | ingong mau kalalin | ambênêm wi nèng balubuk | kasêlak angkatira | Sêmar nyêntak amandêlik | tanpa rupa ingkang aran pujabrata ||

69. Petruk dalêlêg tan mojar | saking tan nyana sayêkti | galeyah sumendhe wrêksa | Sêmar lumaku nututi | Garèng ingkang nututi | dadya dangu wau Petruk | anggragap katiban êpang |[20] sumêbut dènnya nututi [nu...]

--- 28 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 28 dari 94

[...tuti] | lampahira wus manjing ing wanawasa ||

70. alas gung kalangkung gawat | tan ana janma lumaris | amung swaraning kukila | sato wana gêgirisi | mawarna kang kapyarsi | nalasak anusup-nusup | tan antara lampahnya | samana Sang Pandhusiwi | tuk sasmita yèn ana pringganing marga ||

71. gêroting wrêksa kaprapal | kumrasak kang taru aking | sinasak ing wadya ditya | saya dangu anakêti | kèndêl sang rajasiwi | nèng wuri parêpatipun | dhêdhêp tanna nyabawa | graita lamun ing ngarsi | nèng bêbaya kang arsa mapag ing lampah ||

72. tan dangu gya kawistara | saking garumbul wanadri | ditya lumayu amapag | angadhang marga nèng ngarsi | julalat briga-brigi | magila ing tandangipun | asru gènnya têtanya | lah ta sapa sira iki | ngêndi wisma myang ngêndi ing paranira ||

73. kumalanang sira paksa | lumaku anèng wanadri | apa ngandêlkên prawira | sudira myang sura sêkti | iki jajahan mami | barising ditya supênuh | lah ta sira walèha | tan wurung ingsun talèni | kumawawa kaya wong lanang priyăngga ||

74. Petruk mangarsa sumêla | wuwuse sarèh nyanyêngit | lah ta sira iku apa | sato dhadhêmit wanadri | dhapurmu kaya anjing | wuwusmu anggung kumruwuk | măngsa ingsun wêdia | marang dhapurira pidhir | nora watak satriya mundur ing yuda ||

4. Durma

1. kagyat mulat kang ditya [di...]

--- 29 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 29 dari 94

[...tya] asru wuwusnya | hèh sapa sira iki | dhapurmu Dawala | tan patut anèng ngarsa | apa bature sirèki | satriya ingkang | prapta kang luwih pêkik ||

2. Petruk mojar ingsun dudu baturira | kang gêng luhur puniki | rowange lumampah | dadya tanggul maruta | ya ingsun ingkang wêwangi | Radèn Dawala | pun Petruk luwih julig ||

3. tau tate ambarak kêbo sakandhang | angrampas têgal sabin | lir angrampas buta | kang dhapure lir sira | tan pakra pating puringis | sapa ranira | dene sabèng wanadri ||

4. ditya Kalabancira pêparab ingwang | têtungguling dutaji | kang kinèn ngupaya | sarana japamăntra | mring pandhita taki-taki | pinrih asunga | sarana mring sang putri ||

5. sun têtanya kalamun sira uninga | pandhita kang linuwih | bisa sung sarana | kadya pamundhutira | Sang Nata Kurăndhagêni | ingsun tuduhna | sun karsa mituwasi ||

6. gadgadèng tyas Ki Petruk aris muwusnya | yèn mangkono abêcik | têpung prasanakan | kalawan raganingwang | nanging ta arsa udani | mêjaninira | yèn ingsun anuduhi ||

7. ing unggyaning sang tapa ingkang prayoga | miwah upama mami | kewala kang bisa | angsung sarananira | pangèdhêpane sang putri | pinrih atuta | lawan ratumu yêkti ||

8. duk miyarsa Kalabancira wuwusnya | ingsun sanggup ngangsungi | kancana kewala | sakati yèn nuduhna | rongkati lamun [la...]

--- 30 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 30 dari 94

[...mun] sirèki | bisa angsunga | sarana kang sayêkti ||

9. Petruk mèsêm pamuwuse ngêla-êla | siradhi kang Jêlanthir | kene ulungana | pawèhira kancana | rong kati ingsun lironi | guna sanyata | wulange para rêsi ||

10. nora susah sira rumangsang patapan | mundhak asalah dalih | têmah ingupatan | sira dadi srênggala | bêcik ingsun kang mènèhi | lamun sanyata | mêjani wus sun tampi ||

11. ditya mojar apa sira tuhu wignya | sanggup arsa ngasungi | kang guna sarana | lah mara tampanana | kancana ingkang rong kati | wus tinampanan | kinandhut Petruk nuli ||

12. datan suka panrimaningsun mring sira | wus muliha sirèki | ditya anjaginggat | êndi sarananira | mau sira anyanggupi | Petruk wacana | bênêr sun takon dhingin ||

13. ing jênênge sang putri garwane nata | sarta ingkang nagari | wit arsa sun pacak | munggèng saranira |[21] ingkang minăngka pangasih | wuwusing ditya | tan susah mawa nami ||

14. Petruk muwus iku nora kalagsanan | kalamun tanpa nami | kawêkèn ing driya | dangu-dangu pun ditya | lirwa piwêling mawadi | dadya sajarwa | parabe Sang Retnadi ||

15. Erawati saking nagara Mandraka | ing nguni sang dityaji | gyanira akrama | Petruk gya krodhanira | yèn mangkono sira iki | tuhu durjana | sayêkti sun patèni ||

16. ratunira andhustha marang Mandraka | Kusuma Erawati | ingsun kang sanyata | santananing narendra [na...]

--- 31 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 31 dari 94

[...rendra] | ing Mandraka kang tinuding | ngupaya marang | ilange sang dyah iki ||

17. krodha mangkrak Sang Ditya Kalabancira | sira arsa ngayoni | lan alaku cidra | ngukuhi kang kancana | ngaku ngulari sang putri | mara majua | Petruk sigra anyangking ||

18. dhangkèl wrêk sinamplukakên ing ditya |[22] indha anubruk gênti | dadya sami yuda | Kalabancira krodha | anggro ngêrik nyaut wani | tandhing tiyasa | nuli Petruk ngoncati ||

19. ambyuk sagung danawa kumêrut prapta | angroyok Sang Pamadi | ringas tandangira | Arjuna dènnya yuda | kadya sikatan kang paksi | nêpak andhupak | nampiling anjajênggit ||

20. akèh ditya rinêmpak rêmak mukanya | Petruk ngêmbuli jurit | lan dhangkèling wrêksa | mobat-mabit lir liman | singa kasampluk ngêmasi | akèh rasêksa | pêjah pating gulinting ||

21. sigra mangsah punggawa ditya têtiga | makrura apêpulih | ngarubut ing yuda | Arjuna datan kewran | rinoban yudaning yaksi | sigra angasta | saradibya nglêpasi ||

22. kadya jawah tibaning jêmparingira | gumriwis angênani | kang katiban panah | ditya sami kantaka | tan dangu wus tumpês tapis | sesaning pêjah | dityalit ngungsi urip ||

23. asar-saran palayune anrang jurang | sêdyane arsa mulih | marang dhangkanira | samana duk tumingal | Sang Parta suka ing galih | laju lampahnya | anrang wana wus manjing ||

24. ngancas marga sêdyane marang Madura | manjing wana kang wêrit | jajahaning [jajaha...]

--- 32 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 32 dari 94

[...ning] dhăngka | ditya silumanira | wêngkon Setragăndamayi | kèh gara-gara | gora srang-srangan kèksi ||

25. brakasakan mawarna ngrêrubung samya | mangkana sang apêkik | kandhêg lampahira | lênggah soring mandira | cipta cinoba dening wil | gya nungku puja | amêsu cipta êning ||

26. wus rinacut jajahaning madyapada | umawas kang pribadi | karasa jro cipta | manêgês ing Hyang Suksma | sumendhe karsaning gusti | sakala prapta | prabawa rèh magiri ||

27. sagungira bêkasakan sru kataman | prabawèng satriyadi | gumludhug prakêmpa | samya sirna sakala | mangkana Sang Dyah Pramuni | tan kasamaran | sigra dènnya nêdhaki ||

28. asêsanti mangayubagya ing sabda | dhuh kulup wong apêkik | dienggal purnakna | iku samadinira | ingsun kulup ingkang prapti | dupi miyarsa | Sang Parta awas mèksi ||

29. mring kang prapta gurawalan nguswa pada | mêmalar sih sang dèwi | anuhun aksama | de datan anêmaha | karya ruharèng wanadri | suka miyarsa | wau Sang Dyah Pramuni ||

30. lah wus aja dadi sumêlang tyasira | sun aksama sayêkti | ingsun atêtanya | paran ta ananira | sira prapta nèng wanadri | nawung sungkawa | karya prabawa tistis ||

31. kèh kasrakat ingkang sagung kala rupa | dening prabawa kuntit | paran ta Arjuna | akarya aru-ara | sira tinitah linuwih | lananging jana | têka paksa baribin ||

32. aturira Arjuna sarwi

--- 33 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 33 dari 94

ngrêrêpa | pukulun Hyang Pramuni | amba tadhah duka | saking ribênging driya | tan wikan kamulan dadi | arda ru-ara | wadya pukulun sami ||

33. puwaranya ulun asrah jiwa raga | sumanggèng Hyang Pramuni | sakarsa paduka | paran ta ingkang dadya | têlênging tyas amba yêkti | tan kasamaran | pukulun dhatêng patik ||

34. mèsêm mojar Hyang Pramuni sigra nyandhak | Sang Arjuna kinanthi | nalimpêt sakala | sinidhikara wus dadya |[23] warni wanodyayu luwih | wangsul lênggahnya | anulya Hyang Pramuni ||

35. prêpatira katri sun paringi sabda | katon wanodya sami | Si Sêmar arannya | Nyai Mêlok prayoga | Garèng Nyai Mêlèng bêcik | Petruk arannya | Jagaplok wus prayogi ||

36. wus mangkata Wardiningsih lakunira | mangetan arsa panggih | lan Patih Madura | ingkang piniji karya | ngupaya wadon linuwih | măngka pêpatah | sandika awotsari ||

37. lèngsèr laju sing ngarsa wus lampahira | musna Sang Hyang Pramuni | risang mindha warna | lawan parêpatira | wus mijil saking wanadri | ngambah trataban | angancik têgil sabin ||

38. diwangkara arda tumamèng bantala | lingsir wetan aninggil | sumêlèt mring angga | dadya ngaso sor wrêksa | sor wandira samya ngisis | sambi rêrasan | kasaru ingkang prapti ||

39. Kyana Patih Pragota sakancanira | kagyat dupi apanggih | wus tanya-tinanya | walèh sêsandinira | wau Endhang

--- 34 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 34 dari 94

Wardiningsih | saking aldaka | arsa ngupaya yêkti ||

40. pasuwitan dhatêng praja pamrihira | bangkit asilakrami | ya ta duk miyarsa | ingkang alampah duta | kapanudyêng tyas gya nari | arsa binakta | marang Madura nagri ||

41. sinagahan suwita maring narendra | kang arsa palakrami | pan kinarya patah | kinêmbar lan arindra | kumênyut sang namur warni | dadya sandika | anulya binêkta glis ||

42. wusnya laju lampahe sang pindha warna | ingirid Kyana Patih | Pragota Mandura | sinigêg kang carita | gantya malih kang winarni | Dyan Narpaputra | Narayana ing nguni ||

43. lan Udawa ingkang umiring ing lampah | anjujug anèng wukir | ing Gadamadana | umarêk ing asrama | Kapijêmbawan Sang Rêsi | lênggah lan garwa | Dyah Trijatha Sang Dèwi ||

44. miwah Endhang Jêmbawati anèng wuntat | mangkana sang arêsi | wus antuk sasmita | karasa jroning nala | lamun putranira èstri | parêg apanggya | lawan dèn asmarani ||

5. Asmaradana

1. antara dangu wus kèksi | sang pêkik minggah ngaldaka | sang rêsinggal mêthukake | panggyaris amanambrama | sêsanti jaya-jaya | ingiring wus manjing laju | marang asrama ngacaran ||

2. alênggah madyaning panti | pacrabakaning bagawan | kalangkung rêsêp tangkêpe | jarambah kang sinêbaran | sari-sari angambar | mulêg sugandanirarum | mawèh lêjare wardaya ||

3. dupi wus atata linggih | sang tapa arum têtanya | paran kinarsan rahaden | dangu tan tinjo [ti...]

--- 35 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 35 dari 94

[...njo] maringwang | mangkya karsa pêpara | gitane pun paman dulu | kadya anawung ing karya ||

4. ing lampah sêmu wigati | paran ta kamulanira | mugi karsa malèhake | bokmanawi ta pun paman | bangkit akarya lêjar | kang dadya ribênging kalbu | saking karsaning jawata ||

5. mangkana wau sang pêkik | gya aris ing aturira | dhuh paman praptamba mangke | sapisan dangu tan sowan | dhatêng andika paman | ping kalih amba katêmpuh | kakang aji arsa krama ||

6. antuk Mandraka Sang Putri | Erawati pêparabnya | wus parêg lawan karyane | wangkêl sakêdhik mawa |[24] pundhutan kang bêbana | patah kalih wanudyayu | kang timbang lawan pangantyan ||

7. kapêtêg ing tyas kajêpit | ulun piniji ngupaya | èngêt sakala ing mangke | andika pan darbe putra | wanudyayu utama | kalamun parêng ing kalbu | ulun pinta karya patah ||

8. măngka sisihane ugi | lan pun adhi Bratajaya | kados kathah ing èmpêre | kang mugi paduka paman | dipun lêgawèng driya | pracaya rumêksa ulun | marang putranta sang rêtna ||

9. rahayune anèng margi | miwah nèng praja Madura | kajibahna sayaktine | ulun ingkang tumanggaha | sampun darbe sandea | pintên banggi têmbe purun | lastari anèng Madura ||

10. sang tapa dupi miyarsi | wuwuse Dyan Narayana | ingkang anyampar pakolèh | tampi cipta sasmitanya | lêga rasaning driya | marma nulya nolih pungkur | marang atmaja têtanya [tê...]

--- 36 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 36 dari 94

[...tanya] ||

11. dhuh nini sira miyarsi | pribadi arsa binakta | maring Madura prajane | kinarya patah pangantyan | Sri Nata ing Madura | dènnyarsa krama adhaup | kalawan putri Mandraka ||

12. paran ta tyasira nini | apa sandika mrih karya | sarana palakramane | sang nata apalakrama | umatura priyăngga | maring radyan narpasunu | aywa ewuh de wus lama ||

13. pisah wus têpung ing nguni | duk radyan anèng asrama | kadya kadang tuhu radèn | ni endhang ris aturira | dhuh rama sang atapa | kawula sayêkti purun | nanging aywa lama-lama ||

14. sabubare ulun pamit | umantuk dhatêng asrama | aywa cinidranan têmbe | ulun tan bêtah apisah | kalawan ibu rama | nèng Madura aywa dangu | sabubare kang wiwaha ||

15. anuli ulun abali | bok onêng maring paduka | makatên ing prajangjine | miwah rèhning tiyang arga | kirang kang tatakrama | kuciwa aywa kasêndhu | winulanga parimarma ||

16. satuhu ulun lakoni | sarèhning piwulangira | mung ywa kêrêng-kêrêng bae | sang tapa dupi miyarsa | miwah Rêtna Trijatha | ature asêmu guyu | dhuh radèn sampun miyarsa ||

17. wau aturipun nini | nuwun rinèh parimarma | dhatêng paduka rahadèn [raha...]

--- 37 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 37 dari 94

[...dèn] | gumujêng sang narpaputra | dadya aris wacana | dhatêng Jêmbawati nuju | dhuh rara aywa sandea ||

18. tan pisan ingsun srêngêni | malah angugung sakarsa | wit sira ana karyane | kang bakal mardi ing sira | ariningsun wanudya | Rara Irêng mrih pakantuk | satatakramaning praja ||

19. têmbe lamun lêbar kardi | nuli ingsun atêrêna | maring asrama yêktine | lah mara nuli dandana | arsa ingsun bêktaa | sadina iki pakantuk | sang rêtna gya manjing wisma ||

20. sampun busana miranti | wangsul umarêk ing rama | gya pamit wau rahadèn | jinurungan ing sang tapa | lèngsèr sarêng lampahnya | saking aldaka tumurun | lumêpas ing lampahira ||

21. cinêndhak sampun aprapti | anèng Madura nagara | jumujug nèng kadipatèn | Jêmbawati anggung tanya | karsa panggih sang rêtna | Bratajaya Sang Rêtnayu | nanging kinèn nyarantosna ||

22. ngêntosi timbalan aji | sadina-dina sang rêtna | anggung nagih prajangjine | ingaturna mring kadhatyan | ngayam-ayam ing driya | arsa wikan jro kadhatun | lan panggih Dyah Bratajaya ||

23. nanging wau sang apêkik | anggung ngrêrimuk sambawa | sinăngga krama wuwuse | dhuh-dhuh mirah ariningwang | aywa sadaya-daya | tataning nata puniku | tan kêna dhingin ing karsa ||

24. satêmah pan antuk runtik | raganingsun wong taruna | tan wênang mêngku karsane | antinên watara dina | lamun ana timbalan | ingsun ladèkkên sirèku | tumamèng jro dhatulaya ||

25. kèndêl Rêtna Jêmbawati | datan [da...]

--- 38 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 38 dari 94

[...tan] ngêngudi ing raka | sinigêg ing kadipatèn | gantya ingkang winursita | Prabu Anom Madura | Baladewa Sang Aprabu | Sri Kusumawalikita ||

26. lagya sumiwèng pandhapi | ingadhêp pêpatihira | Arya Prabawa ngarsane | tan dangu gya angandika | marang Arya Prabawa | hèh Arya apa sirèku | ngrungu wartane kang lunga ||

27. Narayana wus alami | miwah Pragota tan ana | têka iku sakarone | paran datan antuk karya | lungane karo têka | andadra lunga ngalangut | tan ana nêdya muliha ||

28. Patih Prabawa wotsari | kawula miyarsa warta | saking Udawa pojare | kalamun rayi paduka | Dyan Arya Narayana | kalawingi sampun kondur | ambêkta wanudya tama ||

29. saking patapan ing wukir | Gadamadana sang rêtna | Kapijambawan sutane | Jêmbawati parabira | endah rêspati warna | sairib lawan sang ayu | rayi paduka sang rêtna ||

30. suka duk nata miyarsi | aris dènira ngandika | sokur lamun antuk gawe | samana nulya katingal | kasaru praptanira | Patih Pragota mangayun | angirid wanudya endah ||

31. mawa kanthi tiga èstri | sumiwèng ngarsa sumêmbah | nata sigra sung pambage | bagea Pragota sira | prapta wus antuk karya | saka ngêndi gonmu antuk | wanita luwih utama ||

32. Pragota matur wotsari | pukulun amba dinuta | angupaya wanitane | ing mangke pan sampun angsal | nanging amung sajuga | Wardiningsih wastanipun | endhang saking

--- 39 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 39 dari 94

ing aldaka ||

33. lawan biyung kadang sami | kèlu pan arsa suwita | ing paduka sang pamase | wimbuh suka amiyarsa | iya ingsun tarima | nata nulya ngatag gupuh | cèthi nimbali arindra ||

34. wus mêsat cèthi kêkalih | tan dangu wangsul sumewa | angiring lampah sang sinom | Rêtna Dèwi Bratajaya | umarêg munggèng ngarsa | wotsari sarwi umatur | manguswa ing raka nata ||

35. dhuh kakang paran kinapti | nimbali pun Bratajaya | baya ta ana karsane | Sang Aprabu Baladewa | aris ngandikanira | dhuh Sumbadra ariningsun | ingsun wêwarta mring sira ||

36. gon ingsun arsa akrami | antuk putri ing Mandraka | mawa bêbana patahe | wanudya ro ayu endah | ing mêngko uwus prapta | kang juga nèng kakangamu | Narayana kang anggawa ||

37. ingkang sajuga pan lagi | prapta anèng ngarsaningwang | Pragota kang antuk gawe | iku yayi opènana | pêrdinên tatakrama | dimèn têmbe ora kidhung | kalamun ngiring maringwang ||

38. Dyah Sumbadra mingsêr linggih | anèng keringirèng raka | aris sang dyah pandangune | hèh wanita ingkang prapta | bagea sira samya | arsa atêtanya ingsun | sapa sira parabira ||

39. miwah kang ayoga nguni | pinangkanira ing wuntat | paran kang dadya marmane | sira linggar marang praja | atilar wismanira | manawa têmbe piduwung | apa wus dadi tyasira ||

40. umatur sarwi wotsari | pukulun patikbra mangkya | matur mênggah ing jlèntrèhe | Wardiningsih wasta amba | sutèng endra

--- 40 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 40 dari 94

saraya | Ngandongsêkar dhepokipun | marmamba paksa atilar ||

41. saking wisma Ngandongsari | awit tinilar sudarma | muksa dhatêng wêkasane | biyung kawula wus lama | dènira nilar muksa | duk maksih jabang pukulun | punika kang sami trêsna ||

42. wadon tri paksa puniki | abêt-abêting asrama | pamomong ulun duk rare | Nyai Mêlok wastanira | miwah kalih sutanya | Nyai Mêlèng namanipun | Jagaplok ingkang sajuga ||

43. sang rêtna ngandika malih | hèh endhang sira wruhana | kakang prabu ing karsane | pinasrahkên jênêng ingwang | kinèn mêmardi ingwang | tatakrama tindak-tanduk | manawa sih kidhung sira ||

44. marang satatane nagri | aywa darbe sêrik sira | manawa sun kadi dahwèn | angowahi solahira | miwah ujaring krama | wit linilan kakang prabu | iku dudu karsaningwang ||

45. amung sadarma nglampahi | dhawuhe kakang narendra | marma sira aywa wangkot | wotsari ing aturira | Wardiningsih ngrêrêpa | dhuh dewa kusumaning rum | sampun kaduk walangdriya ||

46. wus ulun têmah sayêkti | suwita raka paduka | sinau tatakramane | anut sarèhing karsendra | miwah karsa paduka | pêjah gêsang nêdya anut | wontêna karsa paduka ||

47. sang dyah lêga ing panggalih | aris malih andikanya | lamun mangkono yêktine | antêp ing tyasira baya | antuk sihing narendra | mara payo tut apungkur | tumamèng jro dhatulaya ||

48. kabèh aywana kang

--- 41 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 41 dari 94

kari | mèlua ing lakuningwang | bakal ana bubuhane | ing karyane sowang-sowang | sang rêtna gya lumampah | tumamèng jro puranipun | ni endhang umiring samya ||

49. sinigêg gantya winarni | nênggih Rêtna Bratajaya | lawan sagung parêkane | tan têbah ing lênggahira | Wardiningsih Ni Endhang | sang rêtna langkung sihipun | karana langkung graita ||

50. ing karya cakêp mumpuni | tan mawi ingatag samya | rampung sambada solahe | pinarêk pinindha kadang | ing dalu lawan siyang | tan kêna pisah sang ayu | ngladosi marang sang rêtna ||

51. tan ana kang dèn owahi | sadaya panudyèng karsa | luwêsa patrap solahe | kang para cèthi sadaya | kalangkung ngungunira | tumingal marang dyah gunung | solahe kadya sutendra ||

52. endah ing warna mrak ati | sênên ing wadananira | tan măntra-măntra warnane | kalamun endhang ing arga | antara pitung dina | anuju ratri sang ayu | sayah kasok ing sarira ||

53. dènira anambut kardi | karya rêrênggan pangantyan | têmbe lamun pangarake | raka nata mring Mandraka | marlupa sariranya | ing ratri karsa sang ayu | konyohan kang buratwida ||

54. Wardiningsih angonyohi | kumênyut ing driyanira | nanging kalangkung ajrihe | warata panggrayangira | sariraning sang rêtna | nulya sare Sang Rêtnayu | Wardiningsih datan têbah ||

55. kinèn mêtêki sang dèwi | angêmêg-êmêg ing pada | nulya sang rêtna asare | kapati saking sarira | kasayahan [ka...]

--- 42 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 42 dari 94

[...sayahan] ing karya | Endhang Wardiningsih anggung | angêmêg pêpadanira ||

56. tidhêm prapta madya ratri | sang rêtna kapati nendra | kinunci gêdhong korine | sang dyah mung kari priyăngga | lawan ni endhang mangkya | ingkang mêtêki sang ayu | tanpa sayah saya rêna ||

57. mangkana sang pindha warni | karasa-rasaning driya | saya gumrêgêt ing tyase | datan narima ing pada | pangêmakirèng kusuma |[25] kalimput dêrênging kalbu | saya minggah pangêmaknya ||

58. sang rêtna datan ngalisik | saking kapasuk sarira | langkung jênak pangêmake | wau risang pindha warna | nglocita jro wardaya | babo kusumaning ayu | pan lagya sawarsa ingwang ||

59. pisah ingong tan udani | duk anèng Widarakandhang | kuciwa têmên warnane | duk anèng ing arga sunya | kumênyar kang ujwala | nanging maksih sarwa kidhung | samêngko malih sadaya ||

60. cacade tan ana panggih | tabête ala wus sirna | mung kari bêcike kabèh | sarira miwah wardaya | tan ana kang kuciwa | alus ing sarira mulus | sumunar kadya kancana ||

61. rema mêmak irêng wilis | netra lindri lir sêsotya | nanggal sapisan imbane | midhangan anraju rikma | sêdhêng kang payudara | maya-maya sru sumunu | bahune gandhewa dênta ||

62. grananira bangir rungih | dhamising lathi arêta | tipis apêpêt tangkêpe | waja rêngkêt ringih mubyar | kadya gêbyaring kilat | wèh kêsar kang samyandulu | sarêntêg jaja awêlar ||

63. dariji amucuk êri |

--- 43 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 43 dari 94

rapêt runtut ingkang asta | awêwêg nênggih lambunge | ngalêngkèt bangkekanira | gilig lêlês amêmbat | pantês têmên yèn lumaku | lêngkèh-lêngkèh nganyut driya ||

64. kuciwane mung sakêdhik | kurang sumèh ingkang netya | kaduk mêngês pasêmune | titi titis ing wicara | kadi busuk ucapnya | têka wiweka ing kalbu | akarya brăngta asmara ||

65. bocong alit wêwêg isi | bulêt wêwangkongira |[26] mukang gangsir ing pupune | wêntis mêmêt gilig rata | mucuk bung anglir dênta | tlapakane gilig wangun | gumêbyar kadi kancana ||

66. mangkana sang mindha warni | warata panitinira | sarira sakojur kabèh | tan ana ingkang winada | lali sakala sigra | kèbêkan adrênging kalbu | paksa arsa rumabasa ||

67. ngêmak payudara kalih | kalingkap kasmêkanira | kaprabawa ing driyane | gumêtêr ingkang sarira | srang-srangan uswanira | badhar sakala kadulu | jatine Pandhutanaya ||

68. kumyus swanita umili | samana wau sang rêtna | karasa payudarane | asru ingêmak ing janma | kagyat wungu sing nendra | tumingal ana wong jalu | anjrit sakala tumêdhak ||

69. saking tilamira nuli | amêcat kori wus mênga | sigra lumayu ge-age | marang pasareanira | raka Sri Baladewa | sarwi kakitrang lumayu | anjrit wêwarta ing raka ||

70. kakang prabu ana maling | umanjing mring tilam ingwang | cumanthaka ing patrape | baya iku mêmalihan | endhang kang saking arga | Wardiningsih

--- 44 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 44 dari 94

tan kadulu | anulya ana wong priya ||

71. mangkana Baladewaji | kagyat miyarsa jritira | ing ari sarwi wuwuse | dêling ingkang pamiyarsa | sigra krodha sang nata | sêsumbar asru kumruwuk | sapa baya kumawawa ||

72. wani-wani angrusuhi | tumamèng mring puraningwang | apa tan kulak wartane | anggege kasmalanira | andhandhang mring antaka | paksa angayoni tuhu | mring Kusumawalikita ||

73. samana rawuh sang aji | anèng gêdhong tilamira | ing ari dènira sare | sinêblak lawang katingal | kang anèng jroning tilam | kasunaran damar kurung | waspada nata umulat ||

74. tan samar ingkang kaèksi | yêkti kang rayi Sang Parta | andheprok munggèng jrambahe | praptanira sri narendra | wau kang malih warna | ngapurancang arsa nubruk | manguswa padaning nata ||

75. sarwi karuna sang pêkik | ngrêrêpa ing aturira | ngasrahkên jiwa ragane | lir brêmara nuksmèng puspa | Sang Parta aturira | dhuh pukulun sang aprabu | patikbra atadhah duka ||

76. tan nyipta manah kang sisip | dhatêng arinta sang rêtna | mung saking dahat adrênge | arsa wikan kang suwarna | dhatêng rayi paduka | tinêmah laku nênamur | aywa ngantos kawistara ||

77. sang nata dupi miyarsi | tan wantala driyanira | nulya marang kadipatèn | arsa paradul arindra | Rahadyan Narayana | praptèng dalêmira pangguh | maksih lênggah lan wanita ||

78. kandhêg nata jêjêp kori | miyarsakkên sawuwusnya | ing ari

--- 45 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 45 dari 94

lawan sang sinom | mangkana ingkang kapyarsa | andikanirèng priya | Narayana tungtung guyu | samudananing wacana ||

79. dhuh nimas tan arsa guling | paran ta ingkang sungkawa | pun kakang tanya karsane | Rêtna Jêmbawati mojar | rahadèn sampun duka | marma datan nendra ulun | saking kapengining driya ||

80. tumingal dhatêng sang aji | ingkang arsa palakrama | raka paduka yêktose | ngayam-ayam saking wisma | kayungyun wartanira | yèn ing Madura Sang Prabu | taruna bagus sambada ||

81. kuncara prapta ing wukir | warnane natèng Madura | Baladewa jêjuluke | kinasihan ing jawata | piniji senapatya | pinasthi măngka gul-agul | pamunah satru duskara ||

82. marma dènnya palakrami | dhaup putri ing Mandraka | mawa sasrahan di aèng | pangarakira pangantyan | pêpasrèn Suralaya | sarta tumurun sadarum | wau pangajapan amba ||

83. marma kawula nglampahi | purun dadya patahira | arsa uninga yêktine | marang parênggan narendra | dènira palakrama | saking kaendran puniku | wasana prapta samangkya ||

84. ulun andika cidrani | anggung kinêkêr kewala | kadya pidana esthane | lamun makatên prayoga | ulun mugi wangsulna | marang aldaka pukulun | dahat onêng ibu rama ||

85. kèndêl ature sang dèwi | kumêpyur Dyan Narayana | aris ngrêrêpa wuwuse | adhuh yayi dèn sarănta | aywa kadawa-dawa | wruhanira ingsun tutur |

--- 46 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 46 dari 94

sajatine kang pawarta ||

86. rada kalèru sakêdhik | kuncarane wong Madura | ingkang kaloka yêktine | arine natèng Madura | kang parab Narayana | tan liya iki wak ingsun | kang bagus brêgas sanyata ||

87. dene lamun kakang aji | upama sira miyata | baya gila sira têmbe | akèh cacading sarira | netra rèmbès sajuga | ceko sisih astanipun | sarta lumpuh samparannya ||

88. marmane lamun tinangkil | tinandhu saking jro pura | tumêka ing sewakane | apa sira datan nyana | upama satuhua | kadya kuncara rinungu | natèng Mandraka ubaya ||

89. putrine ginarwa yêkti | suka amarwata suta | mula akèh bêbanane | supaya datan bisaa | anêkani sadaya | iku dadya nampik alus | caraning para narendra ||

90. dahat jêtung Jêmbawati | ature ririh ngrêrêpa | lamun sanyata rahadèn | ulun nuli antukêna | maring Gadamadana | datan kumudu wak ingsun | anganti ing dhaupira ||

91. kodhêng rahadèn miyarsi | èwêt ing wangsulanira | mangkana kang ngintip age | graita jroning wardaya | kodhênge arinira | dadya karya mêgat wuwus | adhaham saka ing jaba ||

92. kagyat wau risang kalih | Jêmbawati sigra mentar | gita anolèh rahadèn | wus nyana lamun kang raka | ingkang prapta asigra | winêngan kori wus malbu | rinangkul minta agsama ||[27]

93. kadingarèn kakang aji | dalu-dalu karsa têdhak | punapa tan sagêd [sa...]

--- 47 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 47 dari 94

[...gêd] sare | narendra bagus taruna | sudibyambêg sudira | paran ta ingkang kinalbu | kirang punapa paduka ||

94. ulun nyuwun priksa kêdhik | punapa wau paduka | sampun dangu ing rawuhe | ngandika Sri Baladewa | yayi lagi sadhela | duk sira nyăndra maringsun | sakèh durtaning sarira ||

95. rumangkul Narayana glis | sarwi matur angrêrêpa | dhuh kakang ing agsamane | mugi sampun dadya duka | kangge basa sambawa | angrêmrêmi rare gunung | yèn kangge kinarya patah ||

96. supadya purun anganti | praptane dhaup paduka | saiba têmbe baguse | kakang aji yèn ingarak | rêrêngganing kaendran | kadya jawata tumurun | ambungkêm Sri Baladewa ||

97. wus aywa anggladrah yayi | wuwusira marang ingwang | tan runtik ingsun yêktine | nanging aja ngalêmbana | pinêtha lir wanita | karya sêngung umbak ngumbuk | praptaningsun angsung warta ||

98. kalamun sajroning puri | kalêbon ing duratmaka | arsa ngrabasèng sêkare | arinta Wara Sumbadra | pinotha-potha dadya | anjrit sumusul maringsun | nuli ingsun mapag yuda ||

99. kang maling aguna maksih | akukuh anèng jro tilam | sun pêthuk yuda arame | nanging luwih sêktinira | kadya tandhing lan dewa | tan suwe ingsun kapupu | kasalat prabawanira ||

100. marma ingsun dalu prapti | jaluk tulung sira ingkang | kulina yuda aluse | wau Radyan Narayana | kagyat sigra akrodha | lumajêng mring jro kadhatun |

--- 48 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 48 dari 94

tumuju ing gêdhongira ||

101. Wara Sumbadra Sang Dèwi | sarwi sêsumbar mangciya[28] | lah babo sapa ta dene | kumawani mring Madura | atindak tanpa duga | baya ta datan karungu | kasaktène wong Madura ||

102. ratune ratu linuwih | darbe kadang kang taruna | widagda ulah jurite | sapa wonge iki baya | jampêng datan miyarsa | kumawawa paksa napung | ngayoni mring Narayana ||

103. baya kapengin wong iki | sun êjur kalawan cakra | tan wurung sirna luluhe | dening astaningsun baya | datan găndra sapira | tan wurung pêgat gulumu | ngayoni mring Narayana ||

6. Mêgatruh

1. wus miyarsa têtela Sang Pandhusunu | sêsumbar ingkang marpêki | lamun raka ingkang rawuh | Radyan Narayana nuli | mêngakakên kori alon ||

2. sarwi mojar sapa sira kamipurun | sêsintrèn nèng tilamsari | apa tan bisa rumungu | kuncaraning Maduraji | ambêk sudira ing pupoh ||

3. baya ngrasa lanang priyăngga tumuwuh | têka tindak kumawani | arsa sikara anguthuh | marang wanudya kapêncil | ayonana raganingong ||

4. iya iki kadange prawirèng kewuh | ingkang taruna jêlanthir | pilih lawan lamun pupuh | durung kang madêg narpati | ing yuda kang luwih abot ||

5. kang anèng jro sarwi karuna angguguk | adhuh kakang sang apêkik | nyuwun pangagsama ulun | arinta ingkang wus sisip | mung saking adrêng tumonton ||

6. wit kayungyun arsa sumawita ulun | dhatêng Madura Sang Aji | tanapi paduka tuhu | praptèng [pra...]

--- 49 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 49 dari 94

[...ptèng] lara miwah pati | pun patik lêgawèng batos ||

7. datan pisan kamipurun raga ulun | nindaki patrap kang sisip | ing ri paduka sang ayu | langkung jêtungirèng galih | ing sakarsa mrih bisa non ||

8. lawas mulat Narayana mring rinipun | têtela ingkang baribin | tan liya Sang Pandhusunu | sêmu miduwung ing galih | dadya angandika alon ||

9. apa ingsun datan kalèru pandulu | kang katon kaya Pamadi | marma dahat ngungun ingsun | têka sira anindaki | kadya patrape wong cêlor ||

10. pra lêluhurira ing nguni satuhu | tan ana darbea nisthip | kadya sira kang kadyèku | kadêrêng mulat mêmanis | andaluya lir wong bodho ||

11. apa sira datan kawawa tumangguh | anyêgah driya kang sisip | mokal lamun paman Pandhu | mêmulang kadya sirèki | tan kawawa mangrèh batos ||

12. mung kalayu mulat liyêp netra balut | êndi ta tabête mangkin | gyanira kulinèng gunung | sarêgêp saba ngasrami | têka kumudu kinaot ||

13. lamun dhasar kaduga ngayoni tuhu | mara ngadêga samangkin | tadhahana astaningsun | nyata yèn lanang pribadi | payo ngadoni palugon ||

14. saya asru Sang Parta karunanipun | dhuh kakang pêpundhèn mami | sêsêmbahan kang satuhu | sampun malih angayoni | pun ari puruna anon ||

15. amung pasrah pêjah gêsang amba tuhu | sakarsa paduka mangkin | dèn êjur [ê...]

--- 50 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 50 dari 94

[...jur] miwah linuluh | amung sumăngga pun ari | datan tumingal sayêktos ||

16. gya kalepat mentar radyan mring kadhatun | anusul raka sang aji | sarwi angoso ing wuwus | kaka prabu anyidrani | panujune kula alon ||

17. pami wau kadêrêng têmah katrucut | nibani cakra sayêkti | tan wande tiwas satuhu | maling aguna cêcêdhis | katanggor bocah nyalêmong ||

18. sarwi guguk Sri Baladewa andangu | pagene tan dèn patèni | malinge iku anurut | têka tinilar pribadi | apa ora dadra mêngko ||

19. sira Radyan Narayana mentar muwus | tan sudi tandhing wak mami | kalawan wong adol êluh | mung mundhak mêmanas ati | luwung aywa tumon ingong ||

20. tan atolih Narayana nulya kondur | cinandhêt raka sang aji | mêngko yayi padha rêmbug | mungguh sidaning lumaris | kang rayi lulus ambêsot ||

21. aturira aris sarwi lampahipun | ulun angrêksa kang kari | botên susah dhèrèk rêmbug | jumurung karsa kakaji | de wus darbe kanthi kaot ||

22. gih pun maling punika kinèn tumutur | pangarakira kakaji | marang Mandraka puniku | ulun kang têngga nagari | samapta benjang yèn rawoh ||

23. wus lastari Narayana unduripun | marang kadipatèn prapti | panggih lawan endhangipun | sinigêg wus bangun enjing | sang nata siyaga miyos ||

24. arsa

--- 51 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 51 dari 94

lênggah sewaka nèng sitiluhur | wus lênggah nèng dhampar rukmi | balabar wadya sawêgung | ingkang kaparêg ing ngarsi | tan liya sang patih karo ||

25. Dyan Pragota Prabawa kang anèng ngayun | tan antara dangu kèksi | praptaning duta wus laju | saking Mandraka nagari | risang duta putra katong ||

26. manambrama angsung pambagya sang prabu | Radèn Rukmarata nuli | laju tumamèng alungguh | akanthi rêkyana patih | anguswa padaning katong ||

27. sri narendra agupuh dènira mêngkul | sigra andangu sang aji | paran ta wigatinipun | dyan umatur awotsari | pangèstu paduka katong ||

28. gya umatur Dyan Rukmarata wotsantun | dhuh pukulun kakang aji | marma kawula agupuh | dinuta rama sang aji | karana lampah agatos ||

29. kinèn paring uninga dhatêng pukulun | lamun Sang Dyah Erawati | murca saking tilamipun | dhinustha maling sinêkti | tan wontên labête katon ||

30. marmanipun rama paduka agupuh | anuduh paring udani | saking karsa rama prabu | sagung raja pundhut nguni | sinuwak pan datan dados ||

31. mung punagi panggihira sang dyah ayu | pasrah mring jêng kaka aji | samăngsa sagêd apangguh | sigra dhinaupkên nuli | paduka lawan kakang bok ||

32. duk miyarsa Baladewa Sang Aprabu | mangkana aturing ari | jajabang lathi kumêdut | saking bramatyaning galih | tan kêna ngandika katong ||

33. duk antara sarèh ing dêdukanipun |

--- 52 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 52 dari 94

sigra angandika aris | dhuh yayi matura gupuh | marang jêng sri narapati | sandika ingsun ngupados ||

34. ing musnane rakanta sekar kadhatun | tan dangu umangkat mami | ngupaya kongsi kapangguh | aywa sungkawa sang aji | pan ingsun ingkang katêmpoh ||

35. Rukmarata gya pamit linilan sampun | wangsul mring Mandraka nagri | lan patih sawadyanipun | datan kawarna ing margi | miwah praptane kadhaton ||

36. kawuwusa mangkana wau kang kantun | Sri Baladewa narpati | sigra dènira angutus | marang pura animbali | Dyan Pamadi ing kadhaton ||

37. miwah ari Narayana Sang Abagus | tan dangu wus samya prapti | sumewa ing ngarsanipun | sakaliy para ari |[29] sigra ngandika sang katong ||

38. wruhanira yayi karo nêmbe ingsun | nampani dutaning aji | ing Mandraka paring surup | rajaputra kang lumaris | yayi Rukmarata kinon ||

39. lawan Patih Tuhayata ingkang tumut | dhawuhkên timbalan aji | paring wruh iku kalamun | Erawati musna malih | saking sajroning kadhaton ||

40. pan dhinustha pandung aguna pinunjul | winawa lan tilamsari | tan ana lêlabêtipun | ing mangkya karsaning aji | anyuwak pundhutan katong ||

41. mung amundhut panggihira sang rêtnayu | êmbuh sore lawan enjing | kalamun panggih sang ayu | dhaup ingsun lan sang dèwi | tan mawi bêbana katong ||

42. marmanipun ingsun pan arsa lumaku | pribadi arsa ngulari | sawêg [sawê...]

--- 53 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 53 dari 94

[...g] samantên sang prabu | dènira ngadika nuli | Dyan Pamadi nulya lolos ||

43. duk dinangu ature nêdya angluru | pukulun kakang sang aji | paduka ngantia ulun | ingkang ngulari pribadi | murcanira sang lir sinom ||

44. gugup wau Baladewa Sang Aprabu | ngandika marang kang rayi | hèh Narayana sirèku | karia tunggu nagari | miwah rumêksa riningong ||

45. Si Sumbadra aja daleya ing kalbu | sandika aturing ari | sang prabu manjing kadhatun | nglugas busana sang aji | nututi ingkang wus lolos ||

46. parpatipun katiga samya sumusul | kacandhak jawi nagari | Sêmar kinèn samyanjujug | marang Mandraka nagari | nanging aywa kongsi ngaton ||

47. lamun durung prapta dènnya angaluru | marang Sang Dyah Erawati | mangkana sowangan purug | Sang Baladewa Narpati | miwah Arjuna Sang Anom ||

48. pan wus lêpas samana ing lampahipun | anrang baya ing wanadri | têtanya wau sang prabu | hèh ta Pamadi sun iki | têtanya tujuning pandon ||

49. Sang Arjuna umatur sajarwa tuhu | kalamun duk anèng margi | kapapagan ditya bingung | dutane sang danawaji | Kurandhagni Yaksa Katong ||

50. ing nagari Tirtakandhasan pukulun | wêwarta lamun sang aji | akrama lawan dyah ayu | saking Mandraka nagari | nanging datan sagêd kawong ||

51. marmanduta sang yaksendra kinèn mundhut | dhatêng ing para maharsi | sarana sagêda atut | kalawan wau sang putri |

--- 54 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 54 dari 94

makatên ujaring wartos ||

52. datan têbah Tirtakandhasan puniku | munggèng pasisir jaladri | sing Mandraka mung mangidul | marma ulun sêdya nglari | ragi nêtah sang akatong ||

53. ya pagene nguni sira tan asung wruh | marang pun kakang sayêkti | têmah kadangon sang ayu | anèng dhangkaning rasêksi | dahat mêmêlas sang sinom ||

54. Dyan Pamadi wotsari ing aturipun | kakang prabu sampun runtik | duk ulun awarni wadu | saking karsa Hyang Pramuni | têmah kodhêng rasèng batos ||

55. dadya limut datan umatur pukulun | sakala kadya rarywalit | pêtêng ing driya kapilut | ngungkuli kang para èstri | ngladosi ari sang sinom ||

56. gya angguguk Baladewa Sang Aprabu | kacathêt sajroning galih | lamun kang rayi kayungyun | marang suwarna sang dèwi | ginêgêt sajroning batos ||

57. angandika aris wau sang aprabu | Pamadi lah dipun aglis | lumakua anèng ngayun | sun turut paranta yayi | ngêndi unggyane sang sinom ||

58. sami mêsat wau sang kalih alaju | praptèng wangkiting nagari | sungapan samudra agung | Tirtakandhasan kaèksi | sang kalih amatêk batos ||

59. lawan aji lêlimunan lêbêtipun | asilêm manjing jaladri | jumujug manjing kadhatun | wus dangu dènnya ngulati | pasingêdaning[30] sang sinom ||

60. kawuwusa Kurandhagni Sang Aprabu | anêdhêng lênggah tinangkil | siniwèng wadya sawêgung | ingkang kaparêg ing ngarsi |

--- 55 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 55 dari 94

Marduyaksi ditya wadon ||

61. êmbanira sang yaksendra anèng ngayun | kalawan Rêkyana Patih | Kalaroga wastanipun | ingkang ginunêm sang aji | tan liya amung sang sinom ||

62. dènnya anggung sêdya suduk jiwanipun | kalamun dipun cakêti | marma nata langkung ngungun | têmah èngêt dènnya nuding | ditya katri kang kinongkon ||

63. angupaya sarana amrih pangimur | dene dangu dèrèng prapti | ni êmban aris umatur | sampun kasêsa sang aji | mapan ing mangke sang sinom ||

64. wus karêgêm anèng asta datan wurung | badhe kadhahar sayêkti | masa bangkit amarucut | sintên saged anglêlari | tumamèng ing praja katong ||

65. sawêk lilih ardaning galih sang prabu | kasaru praptaning yaksi | wil diyu sisaning lampus | ingkang tinuduh ing nguni | umarêk atur pawartos ||

66. lamun sagung ditya kang sami lumaku | sami sirna anèng margi | aprang lan satriya bagus | pêparab Radyan Pamadi | ngakên santanane katong ||

67. ing Mandraka ingkang piniji angluru | musnane wau sang dèwi | marma dadya aprang pupuh | kasor sagung ditya sami | tan ana gêsang sawiyos ||

68. amung ulun nguni ingkang grubyug laku | sasirnaning wadya aji | ulun lumajêng nênusup | tumamèng ing jurang trêbis | dadya katilapan anon ||

69. ngayam wana praptèng ngarsa jêng pukulun | mangkana wau duk myarsi | sang yaksendra aturipun [atur...]

--- 56 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 56 dari 94

[...ipun] | sagung wil kuthip kang sami | mantuk atur kang wêwartos ||

70. asru krodha mangkrak wau sang aprabu | gya dhawuh siyagèng jurit | arsa lumurug angluru | kang aran Radèn Pamadi | tan wurung arsa dhinêplok ||

71. kyana patih sandika ing aturipun | sang yaksendra jêngkar nuli | ing galih nawung bêbêndu | karsa marpêki sang dèwi | arsa winasesèng gatos ||

72. gya sinigêg mangsuli ingkang winuwus | ingkang limunan sang kalih | Sri Baladewa Sang Prabu | kalawan ari Pamadi | anggung anjêjêpi gêdhong ||

73. tan apangguh sadaya mênga asuwung | laju umanjing ing puri | anon para yaksa wadu | jibêg anèng jroning puri | winawas tan ana katon ||

74. Sang Rêtnayu Erawati tan kadulu | kalangkung jibêg ing galih | nulya umingêr mangidul | kagyat miyarsa kang tangis | anggiyêng sajroning gêdhong ||

75. wus anyana lamun punika sang ayu | ingulap wiwara nuli | mênga wus sami lumêbu | sang rêtna katon pribadi | karana wadana cêlon ||

76. gya ambirat Sang Parta limunanipun | katon sawantah Pamadi | amung Baladewa Prabu | ingkang limunanira sih | anèng wuri datan katon ||

77. Sang Pamadi aris umatur sang ayu | mungkur lênggahnya sang dèwi | marma tan nulya andulu | marang wau Sang Pamadi | dadya kagyat nolih alon ||

78. aturipun Sang Pamadi aris arum | dhuh kakang bok ulun prapti | dinuta rama pukulun | sumusul lampah

--- 57 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 57 dari 94

sang dèwi | marma ywa anggung rudatos ||

79. kagyat mulat sang rêtna anolih pungkur | dupi anon mring sang pêkik | dadya mingêr lênggahipun | ngadhêpi têtanya aris | lah ta babo ariningong ||

80. liwat têmên sihira mring raganingsun | paranbaya sun walêsi | kaping dwi sira angluru | sangsaraning raga mami | kang anggung kênèng lêlakon ||

81. wuwusira sang rêtna tansah kapiluh | adhuh ariningsun iki | datan kawawa wak ingsun | mawantu nandhang rudatin | apa sira tuhu kinon ||

82. ing wakira rama prabu kang anuduh | apa ta sira pribadi | miwah ta amung têtulung | biyantu karya ngulari | marang rakanira katong ||

83. ing Madura apa tan sarju angluru | baya bosên maring mami | tansah kasandhung pakewuh | dhinustha maling ajulig | dene sira ijèn katon ||

84. tan kadulu rakanta sang maha prabu | ing nguni sira kêkalih | sabayantaka sirèku | Pamadi umatur aris | inggih tan têbah lan ingong ||

85. Baladewa sigra babar warnanipun | amêcat limunan sakti | wus jajar ing lênggahipun | sang rêtna umatur aris | ngaturkên basuki katong ||

86. sang aprabu mangsuli wuwus sang ayu | nênggih kapundhi sang dèwi | pambagya andika mungguh | dadya kayuwanan jati | tumamèng marang anggèngong ||

87. aywa dangu sang rêtna enggala malbu | mring kancing gêlung Pamadi | sang yaksendra nulya rawuh | kang swara sampun marpêki | sang rêtna gugup ing batos ||

--- 58 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 58 dari 94

88. wus umanjing sang rêtna mring kancing gêlung | sang kalih nulya miranti | amapag sang ditya prabu | anèng gêdhong kanan kering | waspada lawang kang tinon ||

89. tan adangu Kurandhagni Sang Aprabu | kumrangsang uswa kapyarsi | sarwi ngandika rum-arum | adhuh nimas Erawati | baya onêng marang ingong ||

90. de kadangon tan têtinjo raganingsun | dhuh yayi kakanta prapti | papagna sêkar rum-arum | miwah tirta sugăndadi | tarlèn wida gănda konyoh ||

91. ingsun lagya saking sewaka akondur | arsa tinjo sira yayi | baya dahat ngayun-ayun | dhuh ariku Erawati | aywa tambuh marang ingong ||

92. praptèng kori wus mênga nulya lumêbu | sang yaksaji duk umègsi[31] | ing gêdhong pinanggih suwung | tan kèksi Dyah Erawati | tan nolih wuri sang katong ||

7. Pangkur

1. kang anjêjêp kering kanan | anèng pipining kori kalih |[32] samya prayitna ing kewuh | samana sang yaksendra | gya cangkelak nawung duka mungut-mungut | anarka lamun sang rêtna | wus murca mijil ing jawi ||

2. duk nolih wau yaksendra | tumingal ing janma kalih kaèksi | kagyat kalangkung abêndu | têtanya sapa sira | wanuh wani lumêbu kadhaton ingsun | pasthi sira duratmaka | kang andhustha ring sang putri ||

3. Baladewa asru mojar | aywa tambuh ingsun iki narpati | ing Madura prajaningsun | Baladewa raningwang | ya Kusumawalikita juluk ingsun |

--- 59 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 59 dari 94

pêpacangane Sang Rêtna | Erawati wus pinasthi ||

4. ing dewa dhaup lan ingwang | marma sira anarka lamun mami | ingkang andhustha sang ayu | kaliru ujarira | malah sira kang andhustha sang rêtnayu | saking pura ing Mandraka | nututa ingsun talèni ||

5. nadyan abănggaa sira | nora wurung tigas murdamu mangkin | mangkana sang yaksa prabu | duk myarsa wuwusira | Sri Madura ingkang mangkana kalangkung | bramatya krodha sakala | anubruk tinêpak nuli ||

6. mukanira sru kantaka | dupi èngêt tinilar marang jawi | dadya kalih aprang pupuh | Sang Parta mung tumingal | saking têbih prayitna musthi bêbantu | angasta jêmparingira | lawan langkapira kering ||

7. nututi sang ditya raja | praptèng jaba sigra narajang wani | gêgulung anubruk asru | wali-wali tinêbak | jajanira kalumah sang yaksa prabu | sigra amusthi candrasa | tumama datan nêdhasi ||

8. krodha Prabu Baladewa | sigra ngantêp tandangira ngajurit | mangkana sang yaksa prabu | sigra tiniban nanggala |[33] rêmuk mukanira sirna dhapuripun | sang yaksendra wus palastra | jrêbabah natar ing puri ||

9. wau Risang Baladewa | asêsumbar asru acêrik-cêrik | hèh wadya ditya sawêgung | nagri Tirtakandhasan | aywa alok kelangan sira ratumu | wus sirna dening raningwang | saraya Mandraka nagri ||

10. natèng Madura raningwang | Baladewa kyating rat pilih tandhing | lan

--- 60 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 60 dari 94

Erawati Sang Ayu | wus musna ingsun gawa | lamun sira murina marang ratumu | aglis tututana ingwang | marang Mandraka nagari ||

11. mangkana dupi kapyarsa | sagung wadya ditya kang anèng puri | têtela pamyarsanipun | nututi manjing pura | wus kapungkur Baladewa Sang Aprabu | miwah Pamadi ngumbara | napak wiyat widik-widik ||

12. sakèh ditya kang tumingal | dadya wangsul matur rêkyana patih | Gêniroga krodha gugup | prênah pamaning nata | sigra undhang têngara samaptèng pupuh | gumuruh kang wadya ditya | sumungsung siyagèng jurit ||

13. jibêk anèng panangkilan | wus samapta sagêgamaning jurit | anulya budhal gumuruh | sêdya sumusul lampah | mring Mandraka nglabuhi ing ratunipun | sinigêg gantya kocapa | wau Mandraka nagari ||

14. praptanira Badranaya | lan sutanya Garèng Petruk tan kari | sabèng pasar karêmipun | samana kadênangan | cèthinira Banowati Sang Rêtnayu | kêkalih ingkang mring pasar | tan samar cèthi kêkalih ||

15. lamun wau prêpatira | Sang Pamadi nguni kang sabèng puri | dadya gita-gita wangsul | sampating têtumbasan | praptèng pura mênggèh-mênggèh sarwi matur | dhuh gusti sang rêtnaning dyah | wau kawula udani ||

16. prêpate rayi paduka | Dyan Pamadi sabèng pasar wong katri | tan samar ulun andulu | Ki Lurah Badranaya | Nala Garèng miwah pun kenthole Petruk | ananging rayi paduka | datan sarêngan [sarêng...]

--- 61 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 61 dari 94

[...an] kaèksi ||

17. gugup wau rêtnaning dyah | wus anduga lamun Risang Pamadi | anèng Mandraka anamur | marma sigra siyaga | blănja malih măngka caosan pamêthuk | lah enggal nuli balia | marang pasar amanggihi ||

18. iki arta têlung reyal | asungêna wong têlu dum waradin | sareyal pandumanipun | kinèn sami jajana | ingkang tuwuk aywa kacuwan ing kalbu | amung sira têtakona | bandarane anèng ngêndi ||

19. tuturana sasingidan | yèn wus prapta si adhi dipun aglis | têtuwia marang ingsun | waraha ingsun lara | nandhang roga wus sawarsa laminipun | tan ana ingkang usada | bisa maluyakkên sakit ||

20. ingsun dahat ngarsa-arsa | praptanira Pamadi ngarsa mami | bokmanawa bisa angsung | usada laraningwang | kang kasandhang salami têlênging kalbu | lan malih sira tukua | bumbu lam-ulaman nuli ||

21. rong reyal milih-miliha | kang prayoga dhêdhaharira sang pêkik |[34] cèthi kalih nulya wangsul | praptèng pasar wus panggya | andum arta marang parêpat têtêlu | miwah aris atêtanya | dhuh ki lurah kula niki ||

22. dinuta gusti sang rêtna | maringakên panjajan dika sami | mung sang rêtna mundhut wêruh | pundi gusti andika | têka datan katingal dika tut pungkur | dhawuhe sang rêtnaning dyah | andika kinèn tur pêksi ||[35]

23. dhatêng gustinta Sang Parta | lamun ingkang raka Dyah Banowati | nandhang roga

--- 62 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 62 dari 94

laminipun | sawarsa datan mêndha | kèh usada tan ana bisa tumanduk | mandar sangsaya angrêbda | ing gêrah wimbuh ngranuhi ||

24. gusti andika Sang Parta | kinèn tuwi dahat ingarsi-arsi | bokbilih dadya pamurung | antakanira sang dyah | de wus lama gêrahira bok kadurus | wuwuse Ki Badranaya | andika matur sang dèwi ||

25. yèn kula sami paringan | jajan iki dahat pamundhi mami | dene dènira andangu | dununge arinira | sawêk bantu karya dènira angluru | ing raka Dyah Erawatya | lan natèng Madura nagri ||

26. têmbe lamun sampun prapta | kula arsa ngaturkên ingkang wêling | kula niki tiyang têlu | kinèn nyêgat nèng pasar | wit yèn prapta bandara arsa jumujug | anèng pasar ngriki baya | kaluwèn nuli abukti ||

27. Petruk sumêla wuwusnya | wit bandara nguni awanti-wanti | kinèn nyadhiyani gêthuk | kesahe tan ambêkta | sangu sèthèng wit dinadak lampahipun | lan Sang Prabu Baladewa | măngka kula niki ugi ||

28. tan mawi sêsangon arta | sing Amarta mampir Saptarga ardi | lumunta ing lampahipun | marang nagri Madura | nuntên mriki tan kambon upa sapuluk | parandene ta bandara | kaduga mawi wawêling ||

29. busana kula wong tiga | amung lămba tan rata anutupi | rumamyang jigrang nyaruwung | Nala Garèng anyêntak | ambak uwong tanpa duga yèn amuwus | apa sira ngundhat-undhat | marang bandara tan paring ||

30. sandhang pangan datan kurang | mung luputmu dene [de...]

--- 63 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 63 dari 94

[...ne] akarêm main | tan kobêr sandhangan wutuh | kang kari mung momohan | ingkang wutuh samya dèn tohakên kêrtu | dudu lupute bêndara | sira dhewe ingkang sisip ||

31. Petruk laju wuwusira | tan angrèwès Nala Garèng dènnya ngling | bokmas andika wong ayu | sampun suwe matura | mring sang rêtna kula nyuwun măngka kêmul | yèn dalu atis tan jamak | nèng Mandraka sipêng têgil ||

32. mrih cêpak măngka sarapan | lingsir dalu nglêmbur andhukiri |[36] kaspa katela myang pohung | binênêm suk-esukan | cèthi kalih kapingkêl sami gumuyu | dhuh baguse mokal-mokal | andika maling nèng têgil ||

33. lamun têmbe kawênangan | ingkang darbe têgil puniku yêkti | cinêpêng dika binlênggu | lumadi mring kajêksan | datan wurung dika tumamèng tarungku | lah makatên sampun tuman | karya lêlingsêming gusti ||

34. cèthi kalih nulya mentar | atêtuku bumbu iwak pik-apik | enggal wangsul mring kadhatun | Sang Retna Banowatya | bikut dènnya olah-olah asêsugun | mawarna kang wak-iwakan | dhaharan kang pèni-pèni ||

35. nahan gantya kawuwusa | Sang Aprabu Salya nuju tinangkil | munggèng singangsana munggul | manggihi tamunira | Prabu Jaka Jayapitana wus dangu | saking nagari Ngastina | miwah Puntadewa Aji ||

36. ing Ngamarta sakadangnya | Arya Sena Pintèn Tangsèn tan kari | nungsung warta arsa bantu | dènnya kecalan [ke...]

--- 64 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 64 dari 94

[...calan] putra | putrinira musna saking jro kadhatun | samana ature samya | nuhun têtanya sang aji ||

37. kang dadya parênging karsa | sêdya bantu dênyarsa angulari | marang sêkaring kadhatun | nanging Sang Prabu Salya | andikanya puguh tan arsa binantu | awit wus pasrah kang putra | ing Madura narapati ||

38. marma aris andikanya | adhuh anggèr Jayapitana Sang Aji |[37] miwah anak Sang Aprabu | Puntadewa Ngamarta | samya dahat panuwun manira tuhu | de sami karaya-raya | arsa bantu angulari ||

39. ingkang nendra saking tilam | karsaningwang tan susah dèn susuli | dene ta têmbe kalamun | kaki prabu Madura | uwus pasrah datan bangkit sanggupipun | wau sêdhênge anyêbar | punggawa kadang prasami ||

40. amung kêdhik ngungun ingwang | kaki Prabu Puntadewa tan mawi | ingiring arinta iku | Pamadi kadiparan | baya nandhang roga marma datan tumut | mangkana Sri Yudhisthira | anulya umatur aris ||

41. pukulun paman narendra | pun Pamadi wus dangu dènnya pamit | dhatêng Saptarga pukulun | sumiwèng yang sang tapa | tanpa warta prapta samangke satuhu | Sang Prabu Salya lingira | ngungun angandika aris ||

42. duk nguni nalikanira | musnanira arinta Erawati | ingkang antuk karyanipun | Pamadi kadwinira | Jaladara duk maksih anamur laku | marma dahat ngungun ingwang | de Pamadi datan kèksi ||

43. dèrèng dangu dènnya [dè...]

--- 65 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 65 dari 94

[...nnya] samya | bawarasa anuli ana kèksi | cumlorot saking aluhur | anjog wringin sêngkêran | janma kalih sigra laju lampahipun | tumamèng jro panangkilan | umarêk ngarsaniraji ||

44. sang kalih anguswa pada | gya rinangkul lungayanira sami | dening Salya Sang Aprabu | manêmbramèng pambagya | basukining lampah kang sami angluru | Sang Aprabu Baladewa | sinung dhampar tata linggih ||

45. anulya matur wêwarta | lampahira dènnya sami ngulari | musnanira sang rêtnayu | wiwitan awêkasan | sigra ngatag Pamadi kinèn anambut | mudharkên sang rêtnaning dyah | saking kancing gêlung mijil ||

46. wus babar wau sang rêtna | ngungun kagyat tumingal ing ramaji | sigra anungkêmi suku | karuna lara-lara | sang aprabu nênggak waspa lan rumangkul | anguswa êmbunanira | nulya kinèn manjing puri ||

47. ya ta mungkure sang rêtna | Nata Salya nulya ngandika aris | adhuh sagung putraningsun | dèn sami naksènana | luwaring kang sayêmbara mangkya pangguh | dhaupe Sri Baladewa | lawan nini Erawati ||

48. ngantia watara dina | sun wiwaha kadya tataning krami | Tuhayata sira gupuh | ngrakita jroning pura | rêrêngganing bujana jroning kadhatun | aywa kongsi kêkurangan | dhaupira nini putri ||

49. kyana patih awotsêkar | wus sandika nata jêngkar tumuli | para nata kang tinamu | makuwon sowang-sowang | pra punggawa kuduran sami anambut | măngka rêrêngganing [rêrêng...]

--- 66 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 66 dari 94

[...ganing] pura | jaba jro rinakit sami ||

50. wadya Ngastina Ngamarta | samya bantu ing karya mamrih aglis | mangkana datan winuwus | laminya nambut karya | rintên dalu gumuruh sami anglêmbur | tan ana ingkang ngrêsula | winêlêg kambanging rugmi ||

8. Maskumambang

1. kawuwusa ingkang lahanèng jroning puri |[38] risang pramèswara | lawan putrinira kalih | Surtikanthi Banowatya ||

2. duk praptane putra Sang Dyah Erawati | saking panangkilan | umarêk ing ibu sori | kalangkung dadya tangisan ||

3. kadya gêrah swaranira jroning puri | risang pramèswara | gupuh rumangkul ing siwi | kalihe samya karuna ||

4. ari kalih anubruk sami ngrungkêbi | abela karuna | lara-lara amlasasih | gumêrah pra cèthi samya ||

5. anglut tangis anawung suka kapati | dene ta sang rêtna | kapanggih tansih[39] basuki | adangu samya udrasa ||

6. dèrèng kongsi wêwarta wau sang dèwi | katungka kondurnya | wau Risang Narapati | Salya tumamèng ing pura ||

7. wus atata lênggah kananirèng sori | arum angandika | kadya nglêlipur rudatin | dhuh nyawa dipun sirêpa ||

8. karunanta mapan mangke nini dèwi | wus panggih raharja | ingsun arsa awêwarti | katêmune putranira ||

9. wusnya sirêp sadaya kang sami nangis | sêsêgên kewala | miyarsa andika aji | sang nata arum ngandika ||

10. adhuh yayi aywa kadawa ing sêdhih | mau sun sumewa | manggihi kang para aji | kang nêdya abantu karya ||

11. angupaya sutanira [su...]

--- 67 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 67 dari 94

[...tanira] sang sudèwi | kaki Prabu Jaka | Jayapitana tanapi | Yudhisthi sakadangnya |[40]|

12. mung sutanta Pamadi tan ana kèksi | sun tanya marmanya | dene ta datan umiring | winangsulan kaki nata ||

13. yèn Pamadi wus lama pamit mring ardi | sowan sang bagawan | marang Martawu sang yogi | tan dangu nulya na prapta ||

14. sing awiyat cumalorot kalih kèksi | tibèng wringin kêmbar | janma kalih praptèng ngarsi | sutanta natèng Madura ||

15. lan Pamadi ingkang umiring ing wuri | umarêk ngarsèngwang | tantara mijilkên nuli | sutanta Ni Erawatya ||

16. angsung warta lamun kapanggih nèng puri | ing Tirtakandhasan | prajane sang ditya aji | Kurandhagni namanira ||

17. wus sinambut sutanta nulya ajurit | yaksendra alena | lan Baladewa Sang Aji | anulya tinilar mêsat ||

18. wus lastari sutanira karo sami | rahayu ing marga | praptèng ngarsaningsun mangkin | karsaningwang nulya panggya ||

19. pratignyaning sayêmbaraningsun mangkin | dhaupe sutanta | Baladewa Erawati | mung nganti mangrêngga pura ||

20. wiwahaning pangantin aywa kalamin | wau duk miyarsa | pramêswari sukèng galih | anulya sami bujana ||

21. garwa putra sarêngan kêmbul sang aji | nutug suka-suka | linorod kang para cèthi | tanapi sugatanira ||

22. mring pakuwon tamunira para aji | mênuhi sadaya | praptèng punggawa gung alit | tan ana ingkang kurangan ||

23. kawuwusa waruju sêkaring puri | wanci sêrap

--- 68 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 68 dari 94

surya | ketang pangèsthining galih | andikane rama nata ||

24. yèn Pamadi wus prapta kang antuk kardi | ya gita sang rêtna | angrakit rampadan adi | kinarya pamapagira ||

25. wus samapta makêndhung awarni-warni | ingkang sêsêgêran | wowohan apèni-pèni | sigra busana sang rêtna ||

26. sarwa endah gêgănda awangi-wangi | mung mawa sarana | larikan winangun adi | pindha solahing aroga ||

27. wusnya sampat anulya karya kintèki | tinulis ing patra | kinawin rumpaka adi | winungkus jroning kusuma ||

28. gêgubahan malathi cêpaka kanthil | gêgombyok curiga | miwah sangsangan sinaji | tataning para satriya ||

29. sigra matah cèthi kalih maring jawi | pakuwon Ngamarta | ngulari parêpat katri | kinèn ngaturna kusuma ||

30. mring Sang Parta nging aywa kawruhan janmi | cèthi kalih sigra | mijil saking pura prapti | ing jawi pakuwonira ||

31. Sri Ngamarta wus dangu anulya panggih | lawan Badranaya | winangsit ingkang wawêling | nulya panggih lan Sang Parta ||

32. wusnya katur puspita gubahan adi | winudhar sapala | ing jêro ana pinanggih | kang patra măngka kintaka ||

33. kang kusuma ingagêm sangsangan aglis | lan gombyoking katga | tarlèn nupiksa kang tulis | mangkana wêdharing sabda ||

34. kang kintaka sing kakanta kang kaswasih | tumuju riningwang | Pamadi kang tuhu sigit | wruhanira ariningwang ||

35. gung pêpuja tumanduk mring sira yayi | rahayuning marga | de

--- 69 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 69 dari 94

arja prapta ing mangkin | kakanta kang kawlasarsa ||

36. nandhang roga sawarsa tan antuk jampi | anggagra kusika | raganingsun poyang-paying | tar wiyang angayang-ayang ||

37. sru kataman wisayaning wong apêkik | dêlap-dêlap ingwang | datan sinaruwe yêkti | kumudu dèn pinilala ||

38. lamun darbe sira wêlas marang mami | tinjoa sakêdhap | sun arsa mulat sayêkti | manawa dadi usada ||

39. lamun ingsun wus pasthi lalu alalis | dadia sarana | sanguning cipta kang agring | aywa karya ngantak-antak ||

40. puluh-puluh raganingsun kudu agring | tan bêtah wak ingwang | kalamun nandhang kadyèki | pun kakang amit palastra ||

41. wus karia wong bagus manggih kamuktin | anèng madyapada | datan kawawa wak mami | anandhang roga andadra ||

42. sampat ingkang pamaosira kintèki | Pamadi karasa | angrês tyasira katitih | lêlamising basa krama ||

43. dadya muwus marang Badranaya aglis | kakang tuturana | cèthi ingkang wus tinuding | ingsun mêngko arsa prapta ||

44. madya ratri saundur ingsun sing ngarsi | kalamun wus nêga[41] | anèng ngarsane kakaji | sun arsa tumamèng pura ||

45. Sêmar mentar gya panggih lawan kang cèthi | kalih pinojaran | wus mêsat manjing jro puri | mangka Sang Parta sigra |[42]|

46. marêk ngarsa ing raka sri narapati | nanging datan jênak | ketang ingkang angsung tulis | kinira tuhu aroga ||

47. sruning wêlas supe ing raka

--- 70 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 70 dari 94

narpati | api-api sayah | nyuwun pamit arsa guling | linilan sigra umêdal ||

48. pakuwonnya amung parêpat wong katri | kinunci sing jaba | tan ana ingkang udani | Sang Parta anglès sakala ||

49. mingêr marang pungkuran pura anuli | mèt prênah kang sonya | nulya rumangsang bêbiting | lumumpat ing pagêr bata ||

50. wusnya anjog anèng madya tamansari | wayah sirêp janma | ing taman kalangkung sêpi | sagung gêdhong minêp samya ||

51. mung watara ana cèthi ingkang guling | kêkadhar nèng natar | wus sami kapati guling | Sang Parta laju lampahnya ||

52. tinut gambrêng brangêngêng ngancas alirih | marang têngganira | wau Risang Banowati | nèng lor kulon wuri pura ||

53. maksih mênga korinira kang sapalih | cèthi kalih ngadhang | wus winangsit sang rêtnadi | makatên andikanira ||

54. lah ta gumbrêg lawan kêncur sira sami | lungguha ing jaba | dèn bêtah aywana guling | ngadhanga manawa prapta ||

55. ariningsun Si Parta ingkang jêlanthir | warahên yèn prapta | kinèn laju manjing nuli | ing gêdhong tilam manira ||

56. lan warahên yèn ingsun anganti-anti | makatên lingira | cèthi kalih anuhoni | mrih gambuh karya wigêna ||

9. Gambuh

1. samana sang abagus | dupi prapta ngarsa têngganipun | ingkang raka Sang Rêtnayu Banowati | lampahira kaduk mangu | wus graita cèthi karo ||

2. nulya amapag gupuh | sarwi matur dhuh gusti sang bagus | tan kalèntu nênggih ngriki kula anti | wêlingira [wêling...]

--- 71 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 71 dari 94

[...ira] sang rêtnayu | paduka laju kemawon ||

3. dènnya nganti wus dangu | wus sêsambat raka tuwan mau | sruning roga wus lami anandhang kingkin | tan liya ingkang sinêbut | amung paduka sang anom ||

4. Sang Parta sigra malbu | jroning gêdhong jarambah asamun | amung ana bangku dhaharan mawarni | tinata makêndhung-kêndhung | gandanira angsung raos ||

5. sumilak damaripun | nulya laju mingêr ngetan sampun | manjing gêdhong ingkang isi tilam adi | ngulêg gandanya mrik arum | jêbat kasturi lan konyoh ||

6. rasamala rêratus | mulat tilamira sang rêtnayu | pandam kurung rumamyang sumunar wilis | samiring tilam tumutup | sêpi tanna sabawèng wong ||

7. Sang Parta nulya laju | arsa mulat jroning tilamipun | bokmanawa kang raka satuhu guling | wit nandhang roga wus dangu | mangkana wau sang anom ||

8. marpêki tilamipun | gya anglingkap kang samir kadulu | ana ingkang amujung kampuh kaèksi | mung katon wadananipun | kadya wus sare sang sinom ||

9. amêlok suryanipun | lir sasăngka purnama kadulu | mawa lare arêta jalirit adi | winangun kadya kêkuwung | tumawing ing ima loyop ||

10. nanging sajatinipun | dèrèng nendra wau sang rêtnayu | sru manganti marang praptanya sang pêkik | duk kapyarsa swaranipun | malbèng gêdhong risang sinom ||

11. pi-api nendra krubut | jroning driya nganti-anti langkung | mêrêm mêlik kêkêtêg asênig-sênig [asênig-...]

--- 72 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 72 dari 94

[...sênig] | dangu liniling sang bagus | Sang Parta nuli nyalêmong ||

12. ngudarasa rum-arum | lir mangrêngih de mamrih pangungrum | nora timbang wong ngundang-undang wong iki | sun labuhi anênamur | matur dora raka katong ||

13. ingsun pi-api luluh | kasayahan arsa ngaso gupuh | wus linilan sun nuli alaku sandi | kadya duratmaka tuhu | lumumpat ing pagêr banon ||

14. wêkasan mangke pangguh | wus tinilar nendra raganingsun | bêcik ingong bali kewala umijil | duk miyarsa sang rêtnayu | ngrêruntuh kadi kataton ||

15. api-api ngalindur | adhuh-adhuh rasane wak ingsun | tan karuwan ingkang katênggêl ing sakit | warata awak sakojur | tan ana dahwèn maring ngong ||

16. wong kapiran-kapirun | paran baya têmbe raganingsun | apa mati apa mukti awak mami | sapa wêlasa maringsun | sun bêktèni praptèng layon ||

17. Sang Parta mèsêm muwus | ngêmak jaja ingkang mandul-mandul | kadya mungu dèn oyag sakêdhik ririh | aris pangandikanipun | dhuh wungua kakang êmbok ||

18. Sang Parta lênggahipun | anèng têmbing kèring tilamipun | wêntisira andhêsêg pan adu kering | arum pangandikanipun | dhuh wong ayu kakang êmbok ||

19. paran ta gêrahipun | dene dangu tan warta maringsun | jiwaningong wong ayu kuning gumrining | datan nyana raganingsun | yèn panggih kang mêlok-mêlok ||

20. sang rêtna anglêlantur | pindha maksih liyêp kêjêpipun |

--- 73 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 73 dari 94

rayam-rayam kang netra kadi ngaringin | bisa ngliring sang abagus | nanging api-api belot ||

21. Sang Parta wimbuh asru | pangoyoging payudaranipun | sarwi muwus angêngudang lir ngrêrapih | dhuh kusuma pujaningsun | mugi toleha maringngong ||

22. sapa baya kang patut | angladèni sajroning tilamrum | mring sang rêtna kumalaning para èstri | ratu-ratuning wong ayu | pagene kudu alayon ||

23. baya tan sotah mring sun | manakawan mamulêt wulangun | dhuh kakang bok wulatên ingong puniki | dahat onêng raganingsun | mulat liringta sumêdhot ||

24. Sang Parta saya grêgut | kataman ing asmara mêmilut | kang sugănda mulêg ing grana nanduki | mêmêling wêntis ingêsuk | sigra ngrucat katga karo ||

25. wus sinèlèh nèng ulu | saya dhêsêk wau lênggahipun | jăngga lumung anguswa kang pipi wangi | lumêr pindha sêkar bakung | gadgadèng tyas mrih palugon ||

26. anglingkap singêpipun | wus salonjor mujur nunggil kêmul | saya dhêsêg angêsuk marang sang dèwi | anguswa mêndêng asêngkut | sang rêtna kagyat malerok ||

27. pi-api nawung bêndu | sapa iki têka nusul turu | uwong apa kumawani parêk mami | lah lungaa sumuk ingsun | Sang Parta anyikêp gupoh ||

28. wus graita ing dangu | yèn kang raka tan gêrah satuhu | sarirane tan owah wêwêg agêmbil | sarêntêg amandul-mandul | payudara kuning karo ||

29. wadana lêkêr mrusuh | jwalitane ngêngujwala [ngê...]

--- 74 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 74 dari 94

[...ngujwala] manrawung |[43] datan ana lêlabêt gêrah sayêkti | mung samudana wulangun | warna maksih moblong-moblong ||

30. gya ngrêrêpi sang bagus | sinasmita rasaning tyasipun | wêwangsalan kinawin karya palupi | măngka panggodhaning sêmu | mring sang rêtna mrih binêndon ||

31. tarubusing pring pêtung | kunir pita waringin ron pingul | golèk bungah wêkasan nêmu prihatin | nèng Mandraka kênèng cinthung | cinthunge wong moblong-moblong ||

32. sang rêtna myarsa bêndu | gya anyêthèt sarwi muwus asru | bêcik têmên wong iki têka nyênyêngit | angarani kêna cinthung | apa ingsun nyinthung ing wong ||

33. Sang Parta kagyat jumbul | sambat-sambat apisakit tuhu | dhuh kakang bok aywa kaduk bela tampi | sêsêmbranan raganingsun | mung aywa sok karya gawok ||

34. sêsandi nandhang angluh | wus awarta dene thipluk-thipluk | bok pasaja nimbali marang kang rayi | layak ora beda ingsun | onêng ingsun kang sayêktos ||

35. sang rêtna mlerok mrêngut | nulya mojar wis ora kadyèku | apa ingkang dadya pratandhanira sih | mangkono mring raganingsun | tan ana tandhane katon ||

36. upama ta satuhu | sira onêng maringsun kadyèku | dene lami tan ana wong ingkang tuwi | wus rumasa raganingsun | yèn tinampika sayêktos ||

37. ingsun wus wêruh tuhu | sira cipta mring rêtnaning ayu | Bratajaya iku musthikaning

--- 75 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 75 dari 94

èstri | putri Madura pinunjul | tan garantês awak ingong ||

38. amung panuwun ingsun | bok ya rada nglêgani ing kayun | ora ilok satriya tan malês ing sih | apa dudu lanang tuhu | tan bangkit amilah pandon ||

39. ingsun narima tuhu | tan lastari ginarwa sirèku | mung anyipta sihing kadang kang sajati | amung lêganana ingsun | timbanging rasa alamong ||

40. Sang Parta aris muwus | dhuh kakang bok waskitha pandulu | yèn satuhu ciptanira kang kadyèki | ingsun prasêtya satuhu | salami tan arsa tamboh ||

41. yèn ana mangsanipun | ngugung karsa prayoga tinurut | sun lêgana[44] ing karsanira salami | tan nêdya cidra ing wuwus | ring andika kakang êmbok ||

42. kalêgan kalihipun | tanpa mawi wancak-driyèng kalbu | Risang Parta gadgadèng tyas angrêrêmih | parewana wus kinêmput | panggugah asmarèng sinom ||

43. wus sêsêg uswanipun | kang sarira muriring akêrut | anggraita Sang Parta arsa nêkani | lukar busananirèng rum | payudara ro tumlorong ||

44. lir nyudênta amandul | kuning wênês marbabah sumuluh | têmpukira kapanduk rêsmining liring | andhandhang têmpuhing kayun | sang rêtna asru anyêthot ||

45. aywa anggriming kêmput | maratani ing angga mamurut | nguswa asru karasa tumus ing galih | Sang Parta gya mingkis pinjung | gumrêgut têmpuh palugon ||

46. kongah-kangih anutug | amumpuni asmara jinêdhug | wimbuh arda

--- 76 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 76 dari 94

adrênging driya mêmingi | têmpuking yuda tan surut | sêngsêming wardaya karo ||

47. datan kuciwèng panduk | kalihira wus wasis ing pupuh | dènnya ulah pandoning asmara kingkin | kongsi dangu dènnya kiwul | kang mungkasi parêng nêmpoh ||

48. gut-gutên pamukipun | sru katrêsan sang kalih samya pyuh | alês-lêsan kalêson mêkas ing gati | luluh lir êlung kinulup | kadya murcatma ing panon ||

49. kalêgan kalihipun | gya kongkal lan wungu pungun-pungun | sigra maring patirtan kalih sêsuci | sarira nglêntrih alêsu | wangsulira lênggah karo ||

50. sang rêtna gung pinangku | tansah nguswa Sang Parta angêjum | aris muwus sang dyah marang ingkang rayi | dhuh babo yayi wong bagus | lêganana sugatèngong ||

51. payo dhahar akêmbul | sun caosi panganti pamêthuk | măngka srana usadane sayah yayi | dènira ngluru pakantuk | ing murcane kakang êmbok ||

52. durung bukti wak ingsun | anêmaha nganti mring sirèku | lam-laming tyas ketang duk kêmbul abukti | aywa anggung kapirangu | bok ana kuciwèng lados ||

53. tumêdhak kalihipun | sarêng dhahar sang kalih akêmbul | Banowati cikat parigêl ngladosi | sinambi rêrasan wuwus | kèbêkan sêngsêm akasok ||

54. anutug dènnya kêmbul | wusnya wijik sang kalih kêkucur | gantya dhahar wowohan nyamikan sami | pinagsa tangkêbing wuwus | dènnya dhahar kalih kasok [ka...]

--- 77 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 77 dari 94

[...sok] ||

55. wus tuwuk kalihipun | gya linungsur têngara sang ayu | mring parêkan kinèn angundurna sami | wit sang kalih dènnya kêmbul | samya nglugas raga karo ||

56. mung rimong kêmul kampuh | sang rêtnayu tan êsah pinangku | nulya wangsul alênggah nèng tilamsari | anggung nèng pangkon sang ayu | tan kêmba rêsêping batos ||

57. wus nangkêp samiripun | cèthi kalih nglungsur dhaharipun | wus rinumat sadaya rêsik andhandhing | cèthi kalih samya turu | Sang Parta tansah karongron ||

58. pangrêmihnya tan surut | parewana warata sumantun | sang rêtnayu ajuwêt dènnya jiwiti | pamungune asmara kung | gumrêgêt sudirèng anom ||

59. dadya ngambali kiwul | ing asmara tinutug pulangyun | kalihira tanna kêmba ing rêsmi |[45] jinêdhug sakarsanipun | sasolahirèng palugon ||

60. tanggap tangkêp asêngkut | tandukira tan kuciwèng sêmu | sru kapadhan dêrênging nala kalingling | ketang wus dangu wulangun | cipta punagi mamrih don ||

61. sami kasok ing kalbu | sang rêtnayu dènira kapupu | lut-kawilut milêting rèh pulanggati | Sang Parta wasis ing tanduk | mumpuni asmarèng wadon ||

62. sru marlupa sang ayu | kang yam-yamên wiyoganing kayun | sing kabyatan sihira pinulang gati | ing mangkya parêng tinutug | marma dahat sih sang sinom ||

63. sarira lupa luluh | kang wadana aloyop nglêlayung | lir pradapa alum kalêsan ing rawi | sarira nglêntrih

--- 78 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 78 dari 94

alêsu | mung suka lêga ing batos ||

64. saratri wantu-wantu | dènnya sami anutugkên kayun | risang kalih katog pamudharing kingkin | tan kêna rênggang sarambut | mangkana wanci wus panglong ||

65. sasmitenjang abarung | mawurahan sata kang kaluruk | kèh kukila samya ngocèh nyasmitani | sayêmpraba wus kadulu | kumênyar mrababang katon ||

66. rahadyan langkung gugup | samya siram nèng botrawinipun | nulya ngrasuk busana wau sang kalih | dangu sinambi angêjum | manising lathi sang sinom ||

67. sampat busananipun | gya Sang Parta apamit sang ayu | arsa mijil bok kawênangan ing janmi | wus linilan sarêng mêtu | anggung bêbondhèt sang sinom ||

68. rêrendhot lampahipun | sêsikêpan arêridhong kampuh | mrih tan kèksi manawa kapapag janmi | dupi prapta tamansantun | arsa pêpisahan karo ||

69. nglairkên sok sihipun | liru nguswa ingantêp asêngkut | nulya pamit sang rêtna awanti-wanti | wêlingira mring sang bagus | sabên ratri kinèn tinjo ||

70. wus uwal kalihipun | sang rêtnayu wangsul lampahipun | mandhêg mangu anggung nolih marang wuri | Sang Parta wus tan kadulu | rumangsang laleyan anjog ||

71. gita-gita wus laju | lampahira pakuwon tinuju | gagat bangun prapta kuwu buka kori | parêpat katri sih turu | Sang Parta manjing pakuwon ||

72. tan ana janma wêruh | solahira [so...]

--- 79 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 79 dari 94

[...lahira] Sang Parta ing dalu | gya umarêk ngarsèng raka narapati | samana sampun ngalumpuk | Baladewa Sang Akatong ||

73. mring ari ngandika wus | Yudhisthira kinèn atur wêruh | anglampahna duta marang tigang nagri | Lesanpura Kumbinèku | miwah Madura paring wroh ||

74. mawa kintakanipun | Sri Madura wus matah sang prabu | duta katri punggawa nênêm tinuding | winêling ijêmanipun | samapta nulya abodhol ||

75. datan winarnèng ênu | ing antara sapta ri winuwus | sami prapta nata kalih dhatêng nagri | Mandraka sawadyanipun | Lesanpura Kumbina wong ||

76. sami tinampan sampun | ing pakuwon cukup wadyanipun | kawuwusa samana sang nata kalih | wus panggih Mandraka Prabu | sinambrama basuki ro ||

77. samana praptanipun | para dewa kang samya tumurun | widadara widadari anjênêngi | dènira arsa adhaup | karya asmara sagung wong ||

10. Asmaradana

1. pêpakan kang para aji | sumewa nèng panangkilan | tan dangu myarsa swarane | gamêlan munya ing tawang | Lokananta ngumandhang | kapyarsa ing swaranipun | karya orêging sapraja ||

2. natèng Mandraka andugi | rawuhnya para jawata | ingkang ngirid rêrênggane | wiwahaning dhaupira | Sang Prabu Baladewa | tan dangu nulya kadulu | pangarak pancal andaka ||

3. ingiring ditya sawiji | măngka pangoning andaka | pancal panggung sadayane | anulya rata kancana | miwah kang para dewa |

--- 80 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 80 dari 94

ngarak kayu dewandaru | jayandaru kalihira ||

4. ginarbêk para apsari | Rêsi Naraddha pamungkas | pra jawata ngiringake | tumamèng ing pagêlaran | gupuh kang para nata | gurawalan samya mêthuk | ngacarani lênggah samya ||

5. Rêsi Naraddha gya angling | marang Nata ing Mandraka | lah babo kaki ing mangke | siyagaa dhaupira | sutanira wanudya | Erawati pasthi dhaup | lawan nata ing Madura ||

6. Sri Salya anyandikani | wus dhawuh kinèn busana | pangantèn jalu wadone | manawi sirêping surya | wau pangarakira | nitih rata kancana wus | saking pakuwon lampahnya ||

7. Baladewa lan paraji | Hyang Naraddha ngapit kanan | Bathara Brahma keringe | anganthi risang pangantyan | tumamèng dhatulaya | nèng kori dènnya adhaup | gya satata lênggahira ||

8. sang dèwi kinèn anuli | nguswa padaning kang raka | anulya sarêng bêktine | dhatêng kang para jawata | sampating upacara | Hyang Naraddha pamit sampun | mugsa kang para jawata ||

9. sagung rarêngganing sami | saking kaendran wus musna | kantun para nata kabèh | samya bojanandrawina | lawan para nayaka | miwah wadya alit agung | tan ana ingkang kuciwa ||

10. sugatanira sang aji | natèng Mandraka sadaya | anutug suka-sukane | antara sadasa dina | kasaru ingkang prapta | wadya ditya paksa amuk | saking ing Tirtakandhasan ||

11. gègèring wadya sanagri | samana kang para nata | sigra undhang tangarane [tangara...]

--- 81 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 81 dari 94

[...ne] | ing wadya siyagèng yuda | kinèn mapag sadaya | praptanira ingkang ripu | wadya ditya pamukira ||

12. budhal wadya jroning puri | praptèng jaba tan sarănta | sigra têmpuh ing yudane | pamuking rota danawa | tan taha nrajangira | dènira mamrih alampus | nanging kèlês yudanira ||

13. karoban mungsuh ing jurit | ramening yuda tan taha | rusuh ditya ing yudane | barubuh tan pilih lawan | carub têtandhingira | tan dangu ditya kapupu | kathah sirna tanpa sesa ||

14. punggawa ditya pêpulih | pinapag para nayaka | miwah para satriyane | tan ana ingkang kawawa | punggawa ditya sirna | Patih Gêniroga ngamuk | pinapag Sang Bimasena ||

15. dangu dènira ajurit | wus sayah pêpatih ditya | kêna ginada patine | tintrim sagunging wil ditya | sisaning pati samya | sasaran sami lumayu | angungsi mring wana wasa ||

16. nêdya mulih mring nagari | datan kawarna ing kata | malih Mandraka wuwuse | undurira saking yuda | wangsul mangun bujana | ngiras bêbungah sadarum | wadya ingkang mênang yuda ||

17. kongsi kawan dasa ari | sawêk bibaran bujana | mangkana gya siyagane | pamit Prabu Baladewa | arsa kondur sang nata | ing rama sampun jinurung | sigra siyaga ing lampah ||

18. Sri Ngamarta arsa ngiring | Kumbina lan Lesanpura | marang Madura prajane | amung Sri Jayapitana | kang jumurung pambagya | wus pamit pan arsa kondur | marang praja ing Ngastina ||

19. antara dina Sang Aji | Jayapitana budhalnya | mangkana risang pangantèn | sawadyabalanira |[46]

--- 82 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 82 dari 94

miwah katri narendra | samana samapta sampun | samya pamit mring Sri Salya ||

20. jinurung kang pudyastuti | budhalira sing Mandraka | Sri Salya anguntapake | praptèng sajawining praja | wus laju lampahira | risang pangantèn ing laku | samya kapiluh dènira ||

21. Risang Rêtna Erawati | dènnyarsa malih pisahan | kalawan rama ibune | pramèswari ing Mandraka | lawan putri kalihnya | wangwang mulat arawat luh | dangu tan sagêd ngandika ||

22. mung Sang Rêtna Banowati | amangro panggalihira | tan pati marang kadange | ingkang karasa ing nala | pisahnya lan Sang Parta | dene tinilar tut pungkur | ing raka marang Madura ||

23. nadyan sadangune nguni | Sang Parta anèng Mandraka | ngadêgi karya pangantèn | sabên ratri nilip lampah | têtinjo mring jro pura | anggung sih-sinihan nutug | wus kadi garwa priyăngga ||

24. mêpêki sêngsêming rêsmi | mung sabên rina pisahan | ketang sagung lêlangêne | sêngsêming jalu wanita | ingkang kapadhan karsa | tan beda rasaning kalbu | Sang Parta ingkang anilar ||

25. dahat wulangun ing galih | lam-lam mulat mring sang rêtna | duk umiring nguntapake | kadya akari-karia | rasaning galihira | nging ajrih raka sang prabu | yèn arsa pamit kantuna ||

26. sinigêg kang sami kingkin | putra putri pêpisahan | kawuwusa ing lampahe | pangantèn natèng Madura | wus lêpas manjing wana | duk musna pandulunipun | gya wangsul Sang Prabu Salya ||

27. manjing praja lawan sori |

--- 83 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 83 dari 94

Dèwi Satyawati miwah | ingiring putri kalihe | anèng ing rata guthaka | wus prapta jroning pura | kawuwusa Sang Rêtnayu | Banowati lir antaka ||

28. aniba nèng tilamsari | amujung kampuh anendra | mêrêm-mêlik ing netrane | kayatnan yam-yaming driya | ketang lêlangênira | duk sami têmpuh pulangyun | lawan Sang Parta kang mendra ||

29. drawaya waspa drês mijil | dhuh dewa nambadanana | karya dhadhakan lakone | gyaningsun bisa apanggya | malih lawan Sang Parta | nadyan dede pasthi ulun | dadya garwane Sang Parta ||

30. sinigêg ingkang gung kingkin | kawuwusa lampahira | wau sang nata pangantèn | datan winarna ing marga | wus prapta prajanira | anèng Madura Sang Prabu | amangun bujananira ||

31. winiwaha lan pra aji | Kumbina lan Lesanpura | miwah Ngamarta Sang Katong | anutug sawadyabala | agung alit sadaya | kongsi madya candranipun | dènnya amêmangun suka ||

32. lagya bubaran paraji | samya pamit sowang-sowang | akondur marang prajane | wus sami jinurung pudya | dahat suka ascarya | datan kawarna ing ênu | nata katri praptèng praja ||

33. wus tan ana kawis-kawis | samya manggih suka arja | sampat ing carita mangke | sinigêg ganti carita | mamêthik lakonira | lap-alapan pakêmipun | Surtikanthi ingkang nama ||

34. miwah sinêbuta ugi | lêlampahan Suryaputra | dadya maling agunane | marang nagari Mandraka | amêdhot [a...]

--- 84 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 84 dari 94

[...mêdhot] pacangannya | Jayapitana Sang Prabu | Prabu Jaka ing Ngastina ||

11. Dhandhanggula

1. lir brêmara manguswèng kang sari | pangungsêting carita ing kuna | kang warta pagêdhongane | samana kang tinutur | sabubare kang para aji | saking nagri Mandraka | Ngastina Sang Prabu | nênggih Sri Jayapitana | prabu jaka jêjuluk Sri Kurupati | pêparab Duryudana ||

2. sru karantan asmaraning galih | dènira mrih putri ing Mandraka | dene luput pangèsthine | marma dahat sang prabu | kadêdawa driya rudatin | anggung apirêmbagan | lawan para sêpuh | Rêsi Bisma Dhanyang Durna | ingkang anggung tinari-tari sang aji | mamrih kramaning nata ||

3. sampat ingkang dènira anggusthi | datan liya sang nata pinriha | anduta marang prajane | Mandraka Sang Aprabu | kinèn minta putraning aji | nênggih ingkang panênggak | ing warna pinunjul | Surtikanthi parabira | tan kuciwa dadi sorinirèng aji | nata panujwèng karsa ||

4. gya anuduh Sangkuni Kya Patih | lan nawala panglamar narendra | tarlèn pisungsung bêktane | kanthi Kurawa agung | saprapating kadang para ri | samapta nulya budhal | tan kawarnèng ênu | praptaning nagri Mandraka | kang pustaka sampun katampan sang aji | dahat sukaning driya ||

5. winangsulan sakala kintèki | aturira Sang Narpati Salya | kalangkung suka parênge | ananging aturipun | apan arsa tinari dhingin | têmbe atur uninga | mring Ngastina Prabu | nulak wangsul mring caraka | praptanira ing Ngastina

--- 85 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 85 dari 94

atur uning | sasolah laku duta ||

6. dahat èmêng tyasira sang aji | nging linipur dening Dhanyang Durna | măngsa wurunga karsane | paduka ratu agung | binathara anyakrawati | paran ta kuciwanya | dènira mèt mantu | băndha bandhu sugih bala | wadya kadang samya prawirèng ajurit | kèringan para nata ||

7. dadya lêrêm tyasira sang aji | duk samana gantya kang winarna | ing carita dhadhakane | ing nguni sang rêtnayu | maksih kênya Sang Dèwi Kunthi | katrècèt unggyanira | puruhitèng wiku | Rêsi Druwasa ranira | sinung aji panggêndam dewa sang dèwi | anêrak pacuhannya ||

8. siram wuda samana sang dèwi | nèng botrawi kataman sunarnya | Hyang Surya awas dulune | narawung kang sumunu | mor ing sorot nulya nanduki | padharanira sang dyah | mangkana sang ayu | angganira tanpa lawan | karya rudah ing driya rama sang aji | Sang Prabu Kunthiboja ||

9. praptèng măngsa tinêtêr sang dèwi | gya sajarwa ing kamulanira | samana nata karsane | kinèn anyipta gupuh | Sang Druwasa sakala prapti | tinêmpuhakên karya | ngupakarèng sunu | ywa kongsi wigar kusuma | sinagahan mangkana kang jabang bayi | cinipta wijilira ||

10. saking karnanira sang sudèwi | ingkang kering saksana waluya | sang rêtna ing kasmalane | parawanira wutuh | wau ingkang putra bêbayi | sinèlèh anèng karndha[47] | kancana mas murub | winungkus sutra diwangga | sinung ciri putranira Dèwi Kunthi | pêparab Radyan Karna ||

11. ning pinêtha pralaya sayêkti | nèng

--- 86 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 86 dari 94

kandhaga linarung narmada | saksana kentir lampahe | mangkana gya pinupu | tuwaburu ingkang marêgil | Adirata wastanya | kang ambêg mawiku | nguni tilas kusirira | Sang Aprabu Citrawirya Ngastina Sri | anulya tapabrata ||

12. jabang bayi pinulasara glis | pan pinuja-puja sabên dina | ri-ari lawan pusêre | cinipta warnanipun | dadya janma sakaro sami | samana karawuhan | Hyang Surya Sang Wiku | wau jabang bayi tiga | ingkang sêpuh jalu sinung parab mangkin | Suryaputra wastanya ||

13. kang panênggak dadyaning ri-ari | jalu bagus tan siwah lan raka | Suryanggada pêparabe | pêpusêr dadyanipun | warni wadon ayu linuwih | sinung pêparabira | Suryawati iku | lastari bayi têtiga | saya agêng samana diwasa sami | Sang Wiku Adirata ||

14. apan kasup kaloka ing janmi | sinuyudan dening sakèh janma | anulya nyêngkal kuthane | akarya praja agung | pan ingaran ponang nagari | mèngêti putranira | duk manggih sang bagus | Pêthapralaya kang praja | nulya madêg raja pandhita sang yogi | Suryapati parabnya ||

15. kawuwusa Suryaputra mangkin | wus diwasa kalangkung saktinya | prawira gambuh yudane | karêm lêlana dalu | mung pribadi tan ana uning | aturira mring rama | mung arsanggêguru | anjajah kang para tapa | puruhita wus lêbda sakèh kasaktin | sinihan para dewa ||

16. duk samana ing sajuga ari | wau sang apêkik lampahira | praptèng Mandraka prajane | kacaryan duk andulu | rarêngganing praja mênuhi | akèh

--- 87 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 87 dari 94

para wanita | kang samya kapranggul | gègèr kasmaraning nala | duk umulat marang wau sang apêkik | kataman ing asmara ||

17. kathah ingkang samya angarani | yèn Sang Parta kang anamurkula | wênèh ana nuturake | amung mirib sang bagus | yèn Sang Parta luruh mrak ati | iku rada nyalunthang | awêngis kang sêmu | mangkana Dyan Suryaputra | langkung sêrik tyasira dupi miyarsi | cineda warnanira ||

18. wênèh ana wadon angrasani | lamun iku Sang Parta sanyata | pedah apa anèng kene | mapan yêkti alaju | manjing pura marêk sang aji | krana dahat sinihan | pinarcaya tuhu | rambah-rambah sinaraya | angulari Sang Dyah Erawati nguni | dhinusthèng duratmaka ||

19. malah-malah wartane samangkin | pan ginadhang arsa dhinaupna | lan sang putri warujune | Banowati Sang Ayu | wit wus lama kapadhan ing sih | lawan sang lir kusuma | kalangkung kawilut | mung nganti dhauping raka | kang panênggak Surtikanthi Dyah linuwih | tuhu putri utama ||

20. warnanira tan siwah apsari | luwih warna kalamun cinăndra | sang rêtna kaendahane | mangkana sang abagus | duk miyarsa wartaning janmi | adrênging driya nêdya | andhustha sang ayu | Surtikanthi jroning pura | ing Mandraka arsa tumamèng jro puri | anganti ratrinira ||

21. kawuwusa praptanirèng ratri | wau radyan malêbêt jro praja | nèng bêbiting pungkurane | pagêring taman santun |

--- 88 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 88 dari 94

amarêngi purnamasiddhi | Hyang Basănta kumênyar | dyan malumpat sampun | radyan praptèng taman nulya | matak aji lêlimunanira dadi | wus laju lampahira ||

22. anèng natar pungkurirèng puri | kèh wanita kang sami dolanan | rong păntha gêgolongane | ingkang sapăntha iku | pawongane Dyah Surtikanthi | umarêk sang rêtnèng dyah | nglêlipur sang ayu | kengis duhkitaning driya | wit linamar dening Ngastina Sang Aji | tan sarju galihira ||

23. merang lawan kang rayi sang dèwi | pêpacangan kalawan Sang Parta | wus pratignya sakalihe | antuk priya abagus | măndraguna asura sakti | marma ciptaning driya | èsthining sang ayu | antuka priya utama | satriya di kang pêkik putraning aji | angungkuli Arjuna ||

24. ya mangkana ingkang asêsandi | Suryaputra duk mulat sang rêtna | langkung kasmaran galihe | nandhang wiyoga wuyung | wuyang ing tyas kayungyun kapti | asru nandhang wigêna | marang sang rêtnayu | gya mentar arsa uninga | unggyanira liyaning kang para cèthi | iku pawonganira ||

25. ramya sami dolanan mawarni | marêk marang ing Gusti Sang Rêtna | Banowati lênggah dhewe | ngronce sêkar pinangku | sêmunira kadi rudatin | kênèng lara asmara | ketang langênipun | duk panggya lawan Sang Parta | anggung dènnya among asmara sang kalih | anèng sajroning tilam ||

26. candranira sang rêtna winarni | sengoh dhenok wadana lir wulan | awêwêg gêmuh

--- 89 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 89 dari 94

slirane | payudaragung mandul | bahu pindha bubudan gadhing | abra busananira | lir tranggana murub | ukêl sêkar barondongan | rema mêmak mendra wila-wila wilis | imba nanggal sapisan ||

27. netra jait lir mutyara putih | nunjung biru lir kilat liringnya | arêta manis lathine | waja gumêbyar suluh | pamidhangan mêmbat kaèksi | gilig lêlambungira | amindha tawon gung | karya gumrêgêt kang miyat | nanging radyan ana cuwaning panggalih | dene kêndho sarira ||

28. nulya wangsul wau sang apêkik | mring unggyane Surtikanthi sigra | anyêlak marang lênggahe | waspada ing pandulu | candranira sang pindha ratih | wingit pamulunira | imbane malêngkung | nawêngi netra ngumala | rungih-rungih grana kang netra alindri | jatmika ing sêmunya ||

29. bêngle keris ajênar waradin | pasariran gilig wêwêg samya | sarêntêg payudarane | aris kalamun muwus | marêg ati sasolah titi | dangu-dangu amulat | kang anèng lêlimun | tan ana ingkang graita | kongsi prapta antarane madya ratri | ingkang nahên wiyoga ||

30. gya umatêg sêsirêp sang pêkik | sagung cèthi pan samya klakopan | sêsambat arip netrane | gya jêngkar sang rêtnayu | manjing marang gedhong kinunci | wau sagung pawongan | galasah aturu | anèng natar majar wulan | para êmban kang anèng emperan sami | cakêt têpi wiwara ||

31. kawuwusa sang rêtna wus

--- 90 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 90 dari 94

manjing | mung pribadi anèng gêdhongira | saya kapêtêg driyane | ngugung sungkawanipun | karêrantan raosing galih | merang lawan arinya | marma èsthinipun | manêdha marang jawata | pudyanira sang rêtna tumanêm galih | jawata parimarma ||

32. duk samana sadaya wus guling | jroning pura anyênyêt sadaya | tan ana ing sabawane | mung kari sang rêtnayu | kang alênggah amung pribadi | cakêt pandam unggyanya | lênggah sang rêtnayu | mangkana kang namur lampah | birat saking aji limunan wus kèksi | anèng keringing sang dyah ||

33. sarwi muwus manuhara aris | angrêrêpa mrih pangêla-êla | dhuh mirah pujanku dhewe | baya ta ratunipun | para rêtna wanudyèng bumi | pindha apsari nyata | kang nêmbe tumurun | aywa kagyat ingsun prapta | wus pinasthi karsaning dewa linuwih | iki pêpujaningwang ||

34. duk miyarsa sang rêtna anolih | langkung kagyat tumingal na janma | priya bagus suwarnane | tinarka Pandhusunu | gita tanya sapa sirèki | apa dudu ta sira | wong kang lagya mungkur | asaba anèng jro pura | tunggon kulon anggung karya solah sisip | marang Ni Banowatya ||

35. anggraita wau ingkang prapti | mèt carita kang wus piniyarsa | dadya aris pamuwuse | dhuh dewataning ayu | lamun arsa paduka uning | marang pêparab ingwang | Suryaputra ulun | Sutendra Pêthapralaya | kapiluyu ulun umarêk sang dèwi | asru tadhah dêduka ||

36. sru kapencut gumyah ing pawarti | kang kaloka marang liya praja | nênggih Mandraka putrine | Surtikanthi [Surti...]

--- 91 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 91 dari 94

[...kanthi] sang ayu | warnanira kadya apsari | kayungyun kraya-raya | nênggih raganingsun | kumawawa manjing pura | kadi dhustha laku sandi anuruti | ayun wikaning nyata ||

37. sang kusuma kang pinêndêng kapti | kasambadan ulun bangkit nêdha | anèng ngarsanta ing mangke | marma tan liya ulun | asrah jiwa raga sayêkti | dinasihna wak ingwang | rumêksa sang ayu | pratignya ing dasihira | tan amulat marang wanudya sabumi | ngamungna sang lir rêtna ||

38. lêbur luluh pan ulun antêpi | ora larang tinukua ing prang | labuh ing banjir maruse | kinudang raganingsun | praptèng lena labuh sang putri | aywa karoyan driya | têmah rangu-rangu | marang pratignya kawula | nora watak Suryaputra ngucap kalih | acidra ing ubaya ||

39. duk miyarsa wau sang rêtnadi | nulya mingsêr nênggih lênggahira | satata ngadhêp patrape | aris ing aturipun | dhuh rahadyan sampun agipih | dahat ajrih kawula | nampèni kang wuwus | nênggih pratignya paduka | ingkang kathah dhumawuh mring raga mami | mugi dipun aksama ||

40. sinaksèna ing dewa linuwih | mung sadarmi sagunging tumitah | ing dewa sagung karsane | amung panuwun ulun | diatata patraping aji | limrahe pra satriya | kang milala wau | putri kang ayu utama | amung kalih lampahira kang utami | pinintaris-arisan ||

41. anêkani bêbananing putri | kalihira rinêbat ing yuda | anèng jro sayêmbarane | makatên kang linuhung |

--- 92 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 92 dari 94

utamaning satriya adi | putrining para nata | kuncara sinêbut | tan ceda lampahanira | mung makatên panuwun amba sang pêkik | mugi lansananana ||[48]

42. duk miyarsa wau sang apêkik | ing ature wau sang lir rêtna | kalangkung kogêl galihe | dene ta wuwusipun | lêrêsipun lênggah utami | nanging ing driyanira | kêdêrêng wulangun | dadya asru angrêrêpa | adhuh nyawa tan wurung kula turuti | sakwèh dhawuh paduka ||

43. amung mugi klilana sang dèwi | aparinga usadèng asmara | wus lami nandhang wirage | tinêmpuhna wak ingsun | marang dewa kang murbèng urip | nandhang papa citraka | tumandhuk maringsun | mangkana wau sang rêtna | duk miyarsa andikanira sang pêkik | dahat èmênging driya ||

44. tan ngandika tumungkul sang dèwi | waspanira adres marawayan | saking sru kogêl galihe | mangkana sang abagus | asru wêlasira tan sipi | matrênyuh ing wardaya | dadya aris muwus | ngrêrêpa amanuhara | anoraga tandukira amaripih | mangrapu ngêla-êla ||

45. dhuh kusuma pêpujan ngong yêkti | lastaria nyuwita mring sira | mung sira pujanku dhewe | paran ta anggung wuyung | kataman ing araga rujit | aywa kadawa-dawa | anahên wulangun | êjurên dèn kadi kisma | raganingwang kalamun cidra ing jangji | marang sang lir kusuma ||

46. wusnya lipur sang rêtna watawis | sukèng driya risang Suryaputra | sang dyah gya sinambut age | tumamèng ing tilamrum | gung rinapih ingarih-arih | lêjaring driyanira | katgada sang bagus [ba...]

--- 93 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 93 dari 94

[...gus] | mangungsir madukusuma | gung ingaras-arasing rêtna kapolih | kênèng asmaranala ||

47. drênging driya satriya mangungkih | wêdharira kang langên asmara | wus kawingkis pêpinjunge | tan sarănta tumanduk | polah-polah anggung katitih | byatne drênging priya |[49] wanudya kapupu | dènira nêkani karsa | maras-maras sang rêtna ing driya kongkih | anggung kongah-kangihan ||

48. sru tar wiyang kamayangan tis-tis | de katêmbèn pinrêp ing asmara | wasising priya solahe | de solah tingkah linut | sru kaluluh nala kalingling | lir murcatma sakala | katrêsaning panduk | wêkasing asmaragama | têmpuhira ing rasa kêkês muringring | kadya atising wrêsa ||

49. wus luwaran dènira karêsmin | sang lir rêtna lupa lir antaka | margiyuh driya ngalèlèh | rahadyan duk andulu | langkung wêlas nulya sang dèwi | winawa mring patirtan | lir kataman angluh | wus sira sêsuci samya | wangsul maring lênggah jroning tilamsari | anggung mêmanuhara ||

50. kasoking tyas wau sang rêtnadi | sungkêmira marang radyan putra | wus mantêp langkung bêktine | mangkana wanci bangun | nulya pamit radyan umijil | sang rêtna kogêl ing tyas | anggung kapirangu | nanging ajrih anyêgaha | sinamayan lamun dalu manjing puri | jumurung karsèng raka ||

51. wusnya mêsat rahadyan umijil | sang rêtnayu anggung lara-lara | kalangkung êmar driyane | marma tansah kapiluh | dene manggih lampah kang kadi | kang rayi sang lir Rêtna | Banowati tuhu | kadya pamêlèhing [pa...]

--- 94 ---

Lampahan Endhang Wardèningsih, Jayasuwignya, 1930, #169: Citra 94 dari 94

[...mêlèhing] nala | anglong jiwa wadana kucêm kaèksi | kagyat kang para êmban ||

52. pantês narka sang rêtna akanin | duk tumamèng marang tilamira | katitik ana gandane | priya ngrurah jinêmrum | dadya nêdya angintip-intip | ing ratri praptanira | ingkang namur laku | dupi waspada tumingal | nulya warta marang kancanira sami | atur wikan ing nata ||

53. kang tinarka amung Sang Pamadi | sri narendra kalangkung rudita | kalawan pramèswarine | nanging maksih sinamun | Banowati miyarsa warti | andhêdhês marang raka | nanging mawa sanggup | anutup wadining raka | wus jinarwan sakaro darbe wêwadi | samya rêksa-rinêksa ||

 


Wêrdiningsih. (kembali)
Lebih satu suku kata: miwah sira Narayana marang ngêndi. (kembali)
ingsun. (kembali)
yaksadi. (kembali)
Biasanya guru lagu a: kambah. (kembali)
kakang. (kembali)
Lebih satu suku kata: lah dityaji aywa kudu baribin. (kembali)
Kurang satu suku kata: langkung gawok duk miyarsa mawêngis. (kembali)
anakêtana. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: ywa kakehan anutuh maring dhiri. (kembali)
11 mendraning. (kembali)
12 Lebih satu suku kata: marma sagung sumewa. (kembali)
13 Lebih satu suku kata: tan karuhan tibanya. (kembali)
14 Kurang satu suku kata: bêcik sira anuta karsa manira. (kembali)
15 Lebih satu suku kata: andik netra lir kilat. (kembali)
16 Lebih satu suku kata: claping netra lir kilat. (kembali)
17 Lebih satu suku kata: măngsa wurunga benjang. (kembali)
18 Lebih satu suku kata: nata panudyèng karsa. (kembali)
19 ana. (kembali)
20 Lebih satu suku kata: nggragap katiban êpang. (kembali)
21 Kurang satu suku kata: munggèng sarananira. (kembali)
22 Kurang satu suku kata: dhangkèl wrêksa sinamplukakên ing ditya. (kembali)
23 Lebih satu suku kata: sinidhikara dadya. (kembali)
24 Kurang satu suku kata: wangkêl sakêdhik amawa. (kembali)
25 Lebih satu suku kata. (kembali)
26 Kurang satu suku kata: bulêt wêwangkonganira. (kembali)
27 aksama (dan di tempat lain). (kembali)
28 maciya. (kembali)
29 Kurang satu suku kata: sakalihan para ari. (kembali)
30 pasingidaning. (kembali)
31 umèksi. (kembali)
32 Kurang dua suku kata: mapan anèng pipining kori kalih. (kembali)
33 Lebih satu suku kata: gya tiniban nanggala. (kembali)
34 Lebih satu suku kata. (kembali)
35 pèksi. (kembali)
36 Kurang satu suku kata: lingsir dalu anglêmbur andhukiri. (kembali)
37 Lebih satu suku kata: adhuh anggèr Jayapitana Aji. (kembali)
38 Lebih satu suku kata: kawuwusa ingkang anèng jroning puri. (kembali)
39 taksih. (kembali)
40 Kurang satu suku kata: Yudhisthira sakadangnya. (kembali)
41 lêga. (kembali)
42 Kurang satu suku kata: mangkana Sang Parta sigra. (kembali)
43 Lebih satu suku kata: jwalitane ngujwala manrawung. (kembali)
44 lênggana. (kembali)
45 Kurang satu suku kata: kalihira tanna kêmba ing sarêsmi. (kembali)
46 Kurang satu suku kata: lan sawadyabalanira. (kembali)
47 krandha. (kembali)
48 laksananana. (kembali)
49 Kurang satu suku kata: byatne adrênging priya. (kembali)