Dhalang
1. Kinanthi Gêndhing
1. rampunging cariyosipun | ingkang winêdhar ing ratri | lampahan duk jaman purwa | kang pinirit linaluri | winarna tumraping carma | kinarya langêning Jawa | kaidèn para narpati ||
2. marmanta pamintanipun | mring kang nanggap myang ningali | mugi sami ngaksamaa | dhumatêng ingkang angringgit | miwah dhatêng pra niyaga | kang lêpat dènnya mrih suka |
--- 4 : 104 ---
wit sayah nambut saratri ||
3. wusana pamujinipun | dhumatêng kang darbe panti | pinanjangna yuswanira | kadugèna kang kinapti | sumrambah mring garwa putra | miwah rajakayanira | dinulur ayu lêstari ||