Srikandhi Ajar Manah, H. Buning, c. 1929, #441

JudulCitra

[Srikandhi Ajar Manah][1]

--- [0] ---

[Grafik]

Wil Prakêmpa prang Arya Sêtyaki. Wil Pradêksa prang Radèn Gathutkaca.

--- [1] ---

[Grafik]

Rêtna Wara Srikandhi maguru jêmparing dhatêng Radèn Dananjaya, wontên ing patamanan Madigănda.

--- [2] ---

[...]

--- [3] ---

[Grafik]

Patih Kalapramuka. Patih Jayasudarga. Punggawa. Prabu Jungkungmardeya. Êmban.

--- [4] ---

[...]

--- [5] ---

[...]

--- [6] ---

[Grafik]

Patih Jayasudarga. Punggawa [...]

--- 7 ---

(Sambêtipun Srikandhi Ajar Manah, ingkang kamot almanak taun 1928)

1. Asmaradana

1. ngandika sri narapati | hèh apa sira miyarsa | nagri Cêmpalarêjane | bisikanira narendra | iya Prabu Drupada | adarbe putri pinunjul | wijile anglir Supraba ||

2. Mijil

1. kyana patih matur awotsari | dhuh gusti sang katong | pan kawula miyarsa wartine | lamun nagri inggih tanah Jawi | wastanipun gusti | Cêmpalarêjèku ||

2. inggih Prabu Drupada Nêrpati | darbe putri kaot | Rêtna Wara Srikandhi arane | tanah Jawa kasub ing sabumi | punapa karsa ji | dene tuwan dangu ||

3. pan gumujêng ngandika sang aji | hèh ya patih ingong | sun jarwani sira sayêktine | pan ing dalu patih ingsun ngimpi | katêmu dyah luwih | warnanira ayu ||

4. mau bêngi katêmu lan mami | wanodya yu anom | nuksmèng sasăngka bapa cahane[2] | katonira bapa jroning guling | marang tilam mami | ngunggahi maring sun ||

--- 8 ---

5. sun takoni bêlaka mring mami | akure[3] maring ngong | lamun putri Cêmpala yêktine | pêparab Rêtna Wara Srikandhi | marma tinggal nagri | amarêg maring sun ||

6. dhasar nêdya mawongan mring mami | ature maring ngong | pan pêsaja awantah sêmune | yèn anaa ingsun ora pangling | pawakane ramping | sêdhêng dêdêgipun ||

7. pidêksane aruruh rêspati | rada kaduk sêmon | kadya kilat thathit ing liringe | raga karana solah mantêsi | salewane iki | têka nganyut kalbu ||

8. gonas-ganès nènès amrakati | wilête pasêmon | lathi rêngat sêdhêp mêmanise | yèn wacana kadya madu gêndhis | mung cahyane ugi | sumunar umancur ||

9. jro supêna kacaryan ningali | duk lagya patêmon | ing asmara durung kongsi olèh | nulya kagyat ingsun nuli nglilir | rasane tyas mami | bapa maksih kuwur ||

10. apan maksih anèng ngarsa mami | cumanthèl ing panon |

--- 9 ---

pan gumantung ing tyas ingsun bae | lamun ora klakon mondhong mami | tan wurung ngêmasi | ingsun wayang-wuyung ||

11. mati ngarang kalurung ngranuhi | ngênglêng anglêlamong | ngênglêng binglêng ingsun tanpa sare | bapa nuli parentaha aglis | mring sagung bupati | lan pra mantrinipun ||

12. samêktaa kapraboning jurit | bapa karsaningong | ingsun tindak mring tanah Jawane | arsa nglamar mring Wara Srikandhi | kya patih wotsari | nêmbah sarwi matur ||

13. yèn kenginga paduka narpati | sampun tindak katong | mring Cêmpala pan kawula bae | ingkang nglamar mring sang rajaputri | paduka nêrpati | ecaa ngêdhatun ||

14. ing karaton agêng paduka ji | lan Cêmpala Katong | milanipun paduka sang rajèng | langkung nistha yèn tindak pribadi | ngasorkên kang pasthi | panjênêngan prabu ||

15. lampahipun pan kirang prayogi | kawula kimawon | gusti nuwun tinuding lampahe | pan anglamar mring sang rajaputri | kados-kados gusti | ramanta sang prabu [pra...]

--- 10 ---

[...bu] ||

16. ing Cêmpala lajêng anampèni | ing paduka katong | măngsa dadak anampik sang rajèng | yèn nampika ngupados punapi | de paduka gusti | ratu gung pinunjul ||

17. ing prang tanpa lawan ing ajurit | sudibya kinaot | măndraguna sura sêkti dhewe | băndha-bandhu sugih barana di | asugih prajurit | lan wadya gung-agung ||

18. dhasar pêkik paduka nêrpati | dèrèng darbe katong | pramèswari kang luwih warnane | măngsa dadak nampik paduka ji | yèn nampik sayêkti | kawula kang ngrêbut ||

19. anggêmpura kalawan ing jurit | ing Cêmpala Katong | măngsa wande karêbut putrine | nuntên katur paduka nêrpati | gumujêng sang aji | sarwa ngandika rum ||

20. iya bênêr aturira patih | Cêmpala Sang Katong | anggolèka mantu apa bae | yèn nampika marang jênêng mami | sawadine patih | bapa karsaningsun ||

21. sun tuturi bapa karêp mami | marang karyaningong [karya...]

--- 11 ---

[...ningong] | marmaningsun anindaki dhewe | aywa tanggung praptèng tanah Jawi | ngiras maro kardi | lêlana prang pupuh ||

22. anêlukkên ingkang para aji | sagung para katong | tanah Jawa sumêmbaha kabèh | lamun ana ingkang duwe putri | sun karya paminggir | amung sang rêtna yu ||

23. ingkang dadya jajênênging padmi | hèh patih dèn gupoh | undhangana wadyaningsun kabèh | ingsun arsa budhalkên tumuli | marang tanah Jawi | patih nêmbah mundur ||

24. nulya mêdal rêkyana apatih | saking ngarsa katong | angundhangi pra dipati kabèh | asamêkta kapraboning jurit | myang wadya pasisir | kèn samêktèng prau ||

25. miwah sagung kang bala rasêksi | samêktèng kaprabon | ingkang kamot wadyabala kabèh | nulya têdhak wau sri bupati | nitih rata rukmi | busana mas murub ||

26. sampun prapta pasisir sang aji | lampahira katong | sang aprabu wus numpak palwane | sawahananira sri bupati | wis kamot sakoci [sako...]

--- 12 ---

[...ci] | amancal sang prabu ||

27. saking Paranggubarja nagari | sagung wadya katong | sampun numpak ing pêrau kabèh | tan kawarna lami nèng jaladri | cinêndhak wus prapti | ing muaranipun ||

28. ing pasisir nagri tanah Jawi | labuh jangkar katong | minggah marang dharatan sang rajèng | lawan sagung wadyanira sami | manungsa rasêksi | mudhun saking prau ||

29. wusing minggah dharatan sang aji | sagung wadyèng katong | sri narendra wus antuk wartine | lamun ana Cêmpala nagari | Drupada Narpati | darbe putri ayu ||

30. wus diwasa apan dèrèng krami | warnanya kinaot | Rêtna Wara Srikandhi parabe | langkung suka sang nata miyarsi | nulya sri bupati | aparentah gupuh ||

31. kinèn karya pasanggrahan dadi | sawadya wus kamot | rina wêngi ingkang nambutgawe | pan ambanjêng pakuwon pasisir | saking gungirèki | wadyanya sang prabu ||

32. kadya mêndhung pakuwon pasisir | sinawang saking doh | pakuwone sang aprabu [a...]

--- 13 ---

[...prabu] dhewe | pan pinindha-pindha jroning puri | dinulu tulya sri | lir kadya kadhatun ||

33. anglir pura wangunan pan asri | gèn paseban kaot | ngarsa wuri arata lêmahe | alun-alun radin mungging ngarsi | gapura tulya sri | lan têtarub agung ||

34. nulya karya sêrat sampun dadi | parintah sang katong | kinèn gambar marang sarirane | sampun darbe sang nata kang nyungging | sing sabrang nagari | ginambar sang prabu ||

35. nèng lêpiyan tan sewah ing warni | miwah ing pasêmon | wus ngêblêgi sang nata warnane | wusnya dadya sinungkên mring patih | lan sêrat narpati | ngandika sang prabu ||

36. sêrat ingsun aturêna dhingin | ing rama sang katong | yèn wis titi iya pamaose | nuli gambar aturna tumuli | supayane patih | jêng rama sang prabu ||

37. ing Cêmpala ywa mamang kang galih | mulat gambar ingong | măngsa wandea pinaringake | gambar ingsun mring putra sang putri | miwah ibu sori | bangêt sarjunipun [sarjunipu...]

--- 14 ---

[...n] ||

38. sayêktine andulu sang putri | marang gambar ingong | maksih anom tur pêkik warnine | kaya-kaya tyasira sang putri | mulat gambar mami | kasmaran andulu ||

3. Asmaradana

1. aja liya kang nampèni | yèn dudu Natèng Cêmpala | layang miwah gambar ingong | aja sira kaya bocah | dèn awas dèn prayitna | patih sandika wus mundur | sapraptanira ing jaba ||

2. lajêng anapak wiyati | satunggal tan mawi bala | kunêng gantya winiraos | Sri Narapati Cêmpala | enjang duk siniwaka | ing păncaniti supênuh | sagung ingkang pra dipatya ||

3. kang cêlak munggèng ngarsa ji | Rahadèn Trusthadyumêna | rêkyana patih jajare | sri naranata ngandika | marang rêkyana patya | hèh ta Patih Căndrakètu | paran wartane ing jaba ||

4. ki patih matu[4] wotsari | wontên narendra lêlana | saking sabrang pinangkane | nagrine Paranggubarja | Prabu Jungkungmardeya | ambêk narendra pinunjul | balane [ba...]

--- 15 ---

[...lane] tanpa wilangan ||

5. makuwon pinggir pasisir | ing warti maksih jêjaka | kalangkung pêkik warnane | ratu abala bacingah | manungsa lawan ditya | pinggir samodra pukulun | pakuwon pindha kadhatyan ||

6. jêjêl munggèng kanan kering | pakuwone pra dipatya | radin wiyar lun-alune | pinindha pura wangunan | mawi taratag rambat | nanging wadyabalanipun | tan wontên gêndhak sikara ||

7. dhatêng abdi dalêm siti | malah sami amêrsanak | kados yèn sae kajênge | Sang Prabu Jungkungmardeya | dhatêng paduka nata | alon ngandika sang prabu | ana èmpêre turira ||

8. wus karasa ing tyas mami | Sang Prabu Jungkungmardeya | dènnya ngajawa marene | kêrigan sawadyanira | sakapraboning aprang | jumujug nagaraningsun | sayêkti yèn darbe karsa ||

9. iya marang nini putri | sêmune yèn tinampika | ratu sabrang panglamare | sayêkti ngrabasèng ing prang | gêmpur nagri Cêmpala |

--- 16 ---

mêngkono sêrapatipun | praptane nagaraningwang ||

10. ngandika dèrèng dumugi | sri bupati ing Cêmpala | kasaru wau praptane | Ki Patih Jayasudarga | anjlog saking awiyat | lajêng nunggil dènnya lungguh | awor sagung pra dipatya ||

11. surate maksih pinundhi | kawistarèng sri narendra | Căndrakètu muwus age | andangu ing kayanira | mau lamun dinuta | nênggih marang gustinipun | Sang Prabu Jungkungmardeya ||

12. kang makuwon nèng pasisir | kinèn ngaturna nawala | sawusnya katur karyane | kinèn ngirit marang ngarsa | prapta byantara nata | sêratira sampun katur | winaos sinuksmèng driya ||

13. bêbukane atur tulis | Sang Prabu Jungkungmardeya | ing sabrang ratu kinaot | ingkang abala bacingah | kutha Paranggubarja | ingkang wirutamèng kewuh | kang sudibya ing ayuda ||

14. ingkang prawira nom pêkik | sura sêkti măndraguna | katura paduka katong | Cêmpala ingkang winudya | kang

--- 17 ---

ambêk santabudya | martèng byas[5] lêgawèng kalbu | wiyose prapta kawula ||

15. saking sabrang amadosi | kabêkta dening supêna | katarik ing tyas wirage | katingal jroning supêna | putranta sang lir rêtna | Wara Srikandhi pukulun | prapta nèng Paranggubarja ||

16. tan mawi cèthi satunggil | jumujug tilam kawula | jro supêna wèlèh-wèlèh | lajêng kagarwèng kawula | milamba nuntên bidhal | sowan paduka pukulun | anuwun dèn abdèkêna ||

17. ing putranta sang rêtna di | jro pura Paranggubarja | katura lan saisine | sêdyamba saking nagara | inggih sampun pratignya | suka lêbur ing prang pupuh | yèn botên kalampahana ||

18. mondhong putranta sang putri | mantuka aran kewala | sawadya kawula kabèh | yèn mangmang paduka nata | dene dèrèng tumingal | ing warni amba pukulun | pun Patih Jayasudarga ||

19. sampun kawula bêktani | lêpiyan gambar kawula | sêrat [sê...]

--- 18 ---

[...rat] titi pamaose | Ki Patih Jayasudarga | ningali pamaosnya | ing nawala sampun putus | majêng ngaturakên gambar ||

20. mèsêm dènira nampèni | Sri Narapati Cêmpala | lajêng binuka gambare | sang prabu ngalêm ing driya | marang Jungkungmardeya | tuhu pêkik warnanipun | sêmbada pêkik taruna ||

21. sang prabu ngandika aris | hèh Patih Jayasudarga | antinên sawêngi mêngko | ingsun patih durung bisa | kalamun mangsulana | marang layange gustimu | nini putri wus diwasa ||

22. sarate nganggo tinari | nampani kalawan ora | mring gustimu panglamare | sayêktine nora kêna | wong tuwa anggêgampang | hèh ta Patih Căndrakètu | Si Patih Jayasudarga ||

23. gawanên mring wismanèki | aja kongsi kêkurangan | sawêngi ing pangrêksane | ki patih matur sandika | wusnya dhawuh narendra | kundur tumamèng kadhatun | bubar sagung kang sewaka ||

24. dutèng sabrang wus kinanthi | mring Căndrakètu [Că...]

--- 19 ---

[...ndrakètu] binêkta | mantuk marang ing wismane | rinêngga sukaning driya | asrining pasugata | wau ta ingkang ngadhatun | Sri Narapati Cêmpala ||

25. pinêthuk ing pramèswari | sawusnya tata alênggah | sang prabu ngandika alon | pajar lampahing caraka | ingkang mundhi nawala | sarta lawan gambaripun | Sang Prabu Jungkungmardeya ||

26. ratu prawira nom pêkik | kêkutha Paranggubarja | wus kêkuwu sabalane | anèng pinggiring samodra | praptane pan anglamar | marang sutanira iku | patihe ingkang dinuta ||

27. lah iki layange yayi | lawan gambare paringna | mring nini putri dèn age | pramèswari dèn abisa | mrêdi marang sutanta | lamun ingsun wus panuju | mring Prabu Jungkungmardeya ||

28. kapindhone yèn tinampik | nora wurung dadya aprang | wong sabrang abot yudane | ratune amăndraguna | abêbala bacingah | kang dadi panujuningsun | dene wus nora kuciwa ||

29. mêngkua

--- 20 ---

mring nini putri | sanajan silih anaa | ing tingkah dir dêgsurane | pan wus watake wong sabrang | adigung adiguna | dene warnane abagus | sun wêtara sutanira ||

30. samangsane aningali | gambare Jungkungmardeya | kaya yèn rêsêp atine | pramèswari matur nêmbah | lêrês paduka nata | kawula inggih panuju | tumingal ing gambarira ||

31. sang prabu ngandika malih | yayi dèn bisa kewala | maripih amrih kênane | marang tyase sutanira | pramèswari gya mintar | lumampah mring tamansantun | gambar binêkta sri nata ||

4. Sinom

1. wau ta ingkang winarna | Kusuma Wara Srikandhi | ing nguni saundurira | saking nagri Dwarawati | kêkuwu tamansari | agung dènira nahên kung | manungku ing kung rimang | kakênan kunjara kingkin | kênèng unang mangunêng tyas mangunêngan ||

2. anggung wuyung mawuyungan | mangunêng tyas poyang-paying | yayah kadya kaprêyangyang | kayungyun sruning wiyadi | marang Radèn [Radè...]

--- 21 ---

[...n] Prêmadi | satriya di ambêg sadu | widigdyèng piyêmbada | pamêrdènirèng kênya di | lir sadpada ngudi maduning kusuma ||

3. Kusuma Putri Cêmpala | tan antuk dhahar myang guling | solahira anèng taman | lir kênèng guna piranti | ing tyas tan antuk aring | agung rangu-kapirangu | saparan karungrungan | wirangrong ngarang ngranuhi | kambuh-kambah ing tyas wimbuh kawimbuhan ||

4. barubah kadya ginubah | tyase rantas rontang-ranting | katon ing sasolahira | duk anèng ing Dyarawati | ginagas ing tyas wingit | tan lyan kang pinaran dulu | namung Sang Dananjaya | gumantung tungtunging ati | wus cumanthèl anèng pêpadoning netra ||

5. dhuh lae-lae wong ika | baya nora aningali | marang ing dhêdhayohira | duk kêmbên lukar sapalih | wonga-wonga mèh kengis | gêlung lukar tan kaetung | pijêr ngênglêng tumingal | dènira liling-liniling | mendah baya nèng langêning pagulingan ||

6. sumangkeyan [sumang...]

--- 22 ---

[...keyan] duwe garwa | pinunjul yangyanging bumi | ingayap ing pasamuan | tan ana kang dèn lingsêmi | sagone dènnya linggih | dinuga nèng pangkonipun | liling-liniling gantya | mulung gantyan saking lathi | limang dina nora tumon gone bênggang ||

7. kaya mimi lan mintuna | konthal-kanthil akêkinthil | agung kanthèt kêkanthetan | marang patirtan kinanthi | apa ta amêmengin | wong agung mring dhayohipun | pantês lamun emana | garwane lumakyèng siti | saparane anèng êmbanan kewala ||

8. mangkana sang rêtnaning dyah | duk lagya awungu guling | uyanging sarira siram | lênggah maksih ngore wèni | sinêratan mring cèthi | rema rawuh ing jajêngku | mêmak cêmêng sinawang | muyêg ngăndrawila wilis | sarirane alum risak sawêtara ||

9. labêtira tajin dhahar | rarasing sarira kadi | pradapa sore sinêmpal | angalêntrih èsmu wilis | lir layone absari | tingal kocak èsmu balut [balu...]

--- 23 ---

[...t] | labête tajin nendra | liring galak èsmu lindri | cahya mancur pindha banguning kartika ||

10. pan sarwi anganggit sêkar | gambir sinawung mêlathi | jaridyalus ngrayung raras | kênaka mêmêt amanis | jăngga lunglung rêspati | tuhu lamun karya wuyung | Rajaputri Cêmpala | dènira anganggit sari | anggung dènnya sinawang-sawang nèng asta ||

11. sarwi mèsêm angandika | sapa ta pantêse iki | biyang ingkang anganggea | gon ingsun anganggit sari | gambir lawan mêlathi | rênyêp-rênyêp rayung-rayung | bok êmban matur nêmbah | pantês-pantêsipun gusti | rayi dalêm Rahadèn Trusthadyumêna ||

12. wong agung pêkik sambada | sasolahe ngrêspatèni | sang rêtna mèsêm ngandika | ya bênêr aturirèki | nanging pangrasa mami | pan maksih kuciwa biyung | ingkang pantês nganggoa | ing panganggit ingsun iki | iya amung pamadyanirèng pandhawa ||

13. kinalungakên nèng jăngga | mendah si dene rêspati | bok êmban [êmba...]

--- 24 ---

[...n] umatur latah | inggih lêrês-lêrês gusti | tuhu Radèn Prêmadi | wong agung baguse nulus | sang dyah mèsêm ngandika | upama biyang kang nganggit | pinangkua apa pantês lan wong ika ||

14. bok êmban matur anêmbah | kados lamun nyamlêng gusti | lir sotya mungging kancana | sudama anawung sasi | gumujêng sang lir Ratih | dhuh gêguyon bae biyung | măngsa dadak mikira | wong ika mring awak mami | garwane wus ngilangkên langêning swarga ||

15. duk lagyeca pagujêngan | lan nikèn ban sang lir Ratih | kasaru kang ibu prapta | sang rêtna gupuh nêdhaki | mêthuk ibunirèki | rinangkul lungayanipun | sarya lon angandika | dhuh babo putra ngong yêkti | bangêt têmên rusake sariranira ||

16. apa ana ingkang krasa | anglong sariranirèki | cahyanira ingsun sawang | ngrayung kadya gêrah gusti | sang rêtna matur aris | ibu kawula tan ngêlu | marma nglong sawatara | kawula nêmbe nglampahi | asêsirih botên dhahar lawan nendra [ne...]

--- 25 ---

[...ndra] ||

17. mangke lagyantuk sawulan | sêdyamba lamun dumugi | jangkêpa ing tigang căndra | kang ibu duk amiyarsi | dhuh nyawa putra mami | tutugna karsanirèku | sêsirih sawatara | lamun kaparênga ugi | lan karsane jawata ingkang minulya ||

18. wus cêlak jatukramanta | praptaningsun pan tinuding | marang ing sudarmanira | maringi uninga nini | ramanira sang aji | katêkan kongkonanipun | Prabu Jungkungmardeya | ratu sabrang sura sêkti | măndraguna kuthane Paranggubarja ||

19. angaturakên nawala | pêpatihe kang tinuding | Sang Prabu Jungkungmardeya | praptane nèng tanah Jawi | ramanira sang aji | ing galihe wis panuju | mring Sri Jungkungmardeya | dene ratu gung linuwih | bagus anom dhasare maksih jêjaka ||

20. sêmbada prawirèng yuda | măndraguna sura sêkti | pan ing mêngko sawadyanya | kêkuwu pinggir pasisir | balane lir jaladri | lah ta iki layangipun | lawan gambare pisan | lah ta tingalana nini |

--- 26 ---

natèng sabrang tuhu yèn bagus sambada ||

21. sang kusuma duk miyarsa | kumêpyur sakala kadi | pinêcat tyasira mêtak | karasèng Radèn Pêrmadi | saking ăngga tibaning | ingkang pinaran ing dulu | aris nampèni sêrat | lan gambar saking bunèki | namung sêratira kang lajêng binuka ||

22. sampun sinuksmèng wardaya | kadriya raosing tulis | panglamare ratu sabrang | praptane mring tanah Jawi | katarik dening ngimpi | kapanggih sariranipun | praptèng Paranggubarja | jumujug tilamirèki | sawusira sang dyah mirsani sadaya ||

23. wangun panduking sasmita | ngatirah laraping liring | sumrambah marang sarira | jaja bang lir wora-wari | sang dyah rêngu turnèki | ibu matura dèn gupuh | mring jêng rama narendra | kawula sru nuwun runtik | maksih rêmên momong sarira kewala ||

24. dahat dèrèng arsa krama | wikana ibu ing benjing | yèn wus măngsa arsa krama | nanging sanadyan upami | kawula purun laki | yêkti botên numbuk-numbuk [numbu...]

--- 27 ---

[...k-numbuk] | nubruk mring ratu sabrang | mamak tan wruh yudanagri | ngêndêlake lamun ratu sugih bala ||

25. bagus tur maksih taruna | măndraguna sura sêkti | măngsa ta klakon nyandêra | iya raganingsun iki | ngènèl ngunggah-unggahi | marang tilamsarinipun | lamun jêng rama maksa | saking wus parênging galih | inggih pintên ibu sakiting palastra ||

26. sêrat gambare binuwang | mundur sarwi lara nangis | lajêng minggah yasakambang | kang ibu èbêg ing galih | kundur marang jro puri | umatur marang sang prabu | yèn kang putra ruditya | sasampune maos tulis | sampun katur saaturira kang putra ||

27. kagyat tyasira sang nata | miyarsa aturing sori | gupuh dènira tumêdhak | mring taman sri narapati | nusul minggah botrawi | Wara Srikandhi andulu | ingkang rama wus lênggah | gupuh dènira nungkêmi | anèng pangkon sang rêtna maksih sarkara ||

5. Dhandhanggula

1. sri narendra angandika aris | sarwi ngêlus sri nataning [nata...]

--- 28 ---

[...ning] putra | klawan ngusapi waspane | dhuh babo putraningsun | sarèhêna tyasira dhingin | aywa ge kabêranang | dening layangipun | Sang Prabu Jungkungmardeya | pangêmote nawala dènira ngimpi | saking wantah prasaja ||

2. dene ana digunge sathithik | wus watake wong ing tanah sabrang | rada kurang dêdugane | pan ing besuk lamun wus | katêmua lan sira nini | iya amarènana | dènira adigung | lawan sanak-sanakira | kang anggawa marang kabêcikan nini | dene bagus taruna ||

3. dhasar ratu agung sura sêkti | lamun sira nini anampika | golèki wong apa manèh | rasane ing tyas ingsun | amêngkua mring sira nini | pan wus nora kuciwa | loking jana patut | sira laki ratu sabrang | dèn pilala panglamare dèn awaki | prapta ing tanah Jawa ||

4. lawan kakangira Si Drupadi | kagarwa ring kakangmu Ngamarta | ing tyas ingsun padha bae | panujuning tyas ingsun | kapindhone

--- 29 ---

yèn sira nampik | nagara ing Cêmpala | yêkti rêmpak rêmpu | sira nini wus diwasa | yêkti bisa bobot nimbang-nimbang budi | wêlas marang wong tuwa ||

5. sang kusuma wau duk miyarsi | pangandikanira ingkang rama | aris adrêng pamêksane | saking sampun panuju | marang ratu sabrang kang prapti | ngangên-angên upaya | sang dyah kèndêlipun | mangunêng mangunandika | baya ta wus karsane dewa linuwih | marganing raganingwang ||

6. anêmpuh byat wirang lawan isin | ambruk marang wong ing Madukara | nênuwun sihing wêlase | pangukupe maring sun | marga saking wong sabrang iki | ingkang dadya jalaran | ing panglamaripun | ambêg digung adiguna | yèn tinampik nêdya masesa ing jurit | gêmpur Cêmpalarêja ||

7. dadya sêdhêng gèn ingsun angungsi | mring wong ika lumuh yèn lakia | wong sabrang kumawambêge | kaya-kaya wong agung | yèn sun bruki bisa ngukuhi | bêcik sun samudana | marang rama prabu | amrih sarèhe [sa...]

--- 30 ---

[...rèhe] wong sabrang | sêdhêng ingsun ing wuri pradandan budi | sawusnya ngartikèng tyas ||

8. nêmbah matur sang raja pinutri | dhuh pukulun karsa padukendra | sampun pasthi panujune | marang panglamaripun | ratu sabrang kang lagya prapti | paran ta gèn kawula | sagêda pukulun | suminggah ing rèh paduka | wirang isin sayêkti kula lampahi | anyèthi ratu sabrang ||

9. pinisahkên mring yayah lan bibi | nanging rama ji panuwun amba | ratu sabrang ing karsane | wontêna sarèhipun | pan kawula lagya nglampahi | sêsirih tarak brata | sêdyamba pukulun | dumugia tigang căndra | dene ingkang sampun kawula lampahi | sawêg angsal sacăndra ||

10. ingkang dèrèng kantun kalih sasi | lamun sampun jangkêp tigang căndra | natèng sabrang pamundhute | marang kula pukulun | sampun măngga ing siyang latri | yèn dèrèng kalampahan | praptèng kalih tèngsu | kawula dahat lênggana | sri narendra langkung cumêplong ing galih |

--- 31 ---

myarsa aturing putra ||

11. pan ginalih ature sang putri | yèn satuhu dènira sêmaya | tan wruh yèn ngecani bae | andikanira prabu | aja ingkang sarèh rong sasi | sanajan patang căndra | sêmayanirèku | Sang Prabu Jungkungmardeya | sayêktine nini lamun angêntèni | marang sêmayanira ||

12. lawan sêdhêng ibunira nini | goning cawis pangrêngganing kaya | wus sampurna sadayane | lah ta wis putraningsun | tutugêna sêdyanirèki | sêsirih tarak brata | sun karya sul-angsul | layang mring nêrpati sabrang | andhawuhkên mring sêmayanira nini | poma ta wêkas ingwang ||

13. sajroning rong sasi dèn abêcik | rumêksa marang sariranira | têlas kang rama wêlinge | nulya kundur sang prabu | praptèng pura ngandikèng sori | winartan yèn kang putra | ing mangke tyasipun | wus manut ing sarèh ingwang | apan namung anyuwun inah rong sasi | wus sêdhêng yayi sira ||

14. asanega sabeyaning kardi | kurang pira mung kurang rong căndra [că...]

--- 32 ---

[...ndra] | kang garwa sandika ture | ngling malih sang aprabu | kapindhone sutanirèki | Natèng Paranggubarja | kadohan satuhu | makuwon pinggir samodra | yèn sêmbada iku yayi sun kon ngalih | marang ing Sawojajar ||

15. pasanggrahan wus katêmu dadi | sêdhêng dohe kalawan jro kitha | kaya kamot sabalane | pramèswari jumurung | kunêng dalu wuwusên enjing | Patih Jayasudarga | lawan Căndrakètu | wus saos nèng panangkilan | pinaringan sêrat sul-angsul wus tampi | Patih Jayasudarga ||

16. sampun mundur saking păncaniti | praptèng jawi lajêng dènnya mêsat | magèng gêgana lampahe | Kya Patih Căndrakètu | dhinawuhan kinèn ngrêsiki | pakuwon Sawojajar | wêwangunanipun | kang wus risak rakitira | kyana patih umatur sandika nuli | bidhal lawan punggawa ||

17. ya ta wau lampahe Ki Patih | Jayasudarga pan sampun prapta | pakuwonirèng gustine | lajêng tumamèng ngayun [ngayu...]

--- 33 ---

[...n] | katur solahira tinuding | miwah nawalanira | wangsulan wus katur | kang sêrat lajêng binuka | sinuksmèng tyas kadriya raosing galih | suka dènnya ngandika ||

18. iki bapa wus lêga tyas mami | wus tinampan ing panglamar ingwang | jêng rama ji wangsulane | kang muni sêratipun | suka lila ing lair batin | putrane yèn kagarwa | marang jênêng ingsun | miwah ing sang rêtnaning dyah | apan namung nyuwun sarèhing rong sasi | kapanggihe lan ingwang ||

19. pan kapalang lagya anglakoni | tarak brata ing sampurnanira | mung kurang rong sasi bae | yèn wus prapta rong tèngsu | pan sumăngga sakarsa mami | rama ji ing Cêmpala | iki dhawuhipun | kadohan pakuwon ingwang | nèng pasisir ingsun kinèn nuli ngalih | marang ing Sawojajar ||

20. pasanggrahan wus katêmu dadi | sêdhêng dohe kalawan jro pura | dene mêngko pêpatihe | iya Si Căndrakètu | wus dinuta kinèn ngrêsiki | pakuwon Sawojajar | ki patih

--- 34 ---

umatur | pukulun tuwan anuta | ing sakarsanipun rama paduka ji | ngandika sri narendra ||

21. iya bapa budhalna tumuli | wadyaningsun ing Paranggubarja | kêbuta sadina kiye | ki patih nêmbah mundur | praptèng jawi sigra ngundhangi | ing sagung pra dipatya | têngara gumuruh | Sang Prabu Jungkungmardeya | sampun budhal saking pakuwon pasisir | kêbut sabalanira ||

22. kunêng marga cinêndhak wus prapti | lampahira nênggih Sawojajar | masanggrahan sabalane | Ki Patih Căndrakètu | kang ambagi pakuwon sami | sagunging pra dipatya | bala ditya pungkur | ki patih makuwon ngarsa | pra dipati manungsa ing kanan kèri | wadya jro tumut ngarsa ||

23. langkung sukanira sri bupati | dene pakuwon kapanggih dadya | kamot sawadyabalane | ing têngah dalêm agung | tilamira sampun miranti | tulya sri pinapajang | gapurane munggul | paseban tinarub rambat | kanan kering sinungan bangsal pangapit [panga...]

--- 35 ---

[...pit] | alun-alun ing ngarsa ||

24. pasanggrahan Sawojajar nguni | dalêmira Radyan Găndamana | wus kadya praja rakite | radèn sasedanipun | padalêman winangun dadi | kinarya mêng-amêngan | lawan sang aprabu | Rêkyana Patih Cêmpala | tinimbalan marang ing ngarsa nêrpati | lawan catur punggawa ||

25. samya ginanjar busana adi | pan sadaya samya ngalêmbana | marang sang prabu pêkike | mung kêdhik solahipun | rongèh kirang anjêtmikani | ing tingkah kaduk ringas | kirang sarèhipun | wau Ki Patih Cêmpala | pamit mundur punggawa sakawan maksih | tinilar Sawojajar ||

26. anjagèni sêgahing nagari | binagi mring sagunging punggawa | mêntah matêng sugatane | kang katur mring sang prabu | pêparinge sang pramèswari | andina saking pura | dhaharan lumintu | sêkar miwah găndawida | Prabu Jungkungmardeya suka tan sipi | cipta tuhu sihira ||

27. Natèng Cêmpala sang pramèswari | dadya sagung ingkang rajabrana |

--- 36 ---

saking sabrang babêktane | pan kathah warnanipun | gurubakal lan gurudadi | pirang-pirang gotongan | ingaturkên sampun | marang Sang Prabu Cêmpala | linajêngkên marang salêbêting puri | tinampèn ingkang garwa ||

28. sang kusuma tan arsa ningali | pisungsunge Sri Jungkungmardeya | mung katur kang ibu bae | mangkana kang winuwus | nênggih Rêtna Wara Srikandhi | mêtêg wiyoganira | tan kêna sinayut | miyarsa lamun kang rama | myang kang ibu kalangkung dènira asih | marang nêrpati sabrang ||

29. sabên ari dènira pêparing | miwah Sang Prabu Jungkungmardeya | wus kathah atur-ature | tinampèn mring kang ibu | gurubakal lan gurudadi | Rajaputri Cêmpala | tyasira wus tamtu | dènyarsa tilar nagara | mêgat trêsna ing rama myang ibu sori | nuju sawiji dina ||

30. angandika mring êmbanirèki | hèh ta biyung êmban ingsun arsa | pati gêni ing sakiye | sarta kalawan bisu | pitung dina lan pitung bêngi | pan ora

--- 37 ---

kêna mêdal | saking tilam ingsun | poma biyang wêkas ingwang | lamun durung pitung dina pitung bêngi | kabèh parêkan ingwang ||

31. aja ana kang marak ing mami | babu inya lan cèthi parêkan | sadaya sandika ture | nulya sang rêtnaning rum | minggah tilam atangkêp samir | sagung cèthi parêkan | anèng jawi tugur | mangkana sang rêtnaning dyah | prantèng[6] dalu ing tyasira mêrêm mêlik | anggung angraras driya ||

6. Mijil

1. ngrasuk busana sang rajaputri | dènirarsa lolos | nulya têdhak angandhut patrême | tiningalan parêkan myang cèthi | wus samya aguling | lajêng lampahipun ||

2. madya ratri kentarnya mangingkis | sira sang lir sinom | saking taman miyos butulane | datan wontên cèthine udani | lampahe lêstari | wus ngambah marga gung ||

3. alon-lonan saingga nganglangi | langêning kalakon | padhang bulan gumilang langite | wulan kalangan sumilak wêning | duk lagya tumiling [tu...]

--- 38 ---

[...miling] | dumêling kadulu ||

4. angênglêngi lêlangêning langit | wulan mèh mangulon | lir nganglangi buwana langêne | kalong kalang agolong tumiling | lir kadya sung peling | samar dalu-dalu ||

5. kyèh kadulu lêlangêning latri | kang trênggana abyor | ing gêgana ambabar sêkare | lintang wuluh rênyêp-rênyêp kadi | rumêngga asrining | sênêne kang gêlung ||

6. gêtêr patêr dhèdhèt erawati | kilat thathit mawo[7] | obar-abir ambabar pinggire | kêlap-kêlap kêlamban belani | lêlidhah lumindhih | sang kusuma ngadhuh ||

7. dene lêlidhah lir dhudhah sêdhih | kêlabe tan adoh | laraping kilat singga angawe | obar-abir ambabar ing pinggir | lir kadya ngobori | mring kang lampah dalu ||

8. kup-angkupan rame pinggir margi | lir sabdaning kayon | rêrêp angrês barungan walangkrèk | singga mudada ingkang lumaris | bêluk miwah kolik | kadya cêluk-cêluk ||

9. kongkang ngungkung jroning jurang têrbis [têr...]

--- 39 ---

[...bis] | barung cênggèrètnong | lir pradăngga barungan arame | puyuh mêluh saingga nyalahi | papêlung mêlingi | mêlung lir anulung ||

10. lawa-lawa maliwêran kadi | ngawêran kang lolos | pêcruk kacêr anglêpêr ibêre | saking wuri tumutur nglancangi | ing ngarsa sang dèwi | lir tuduh marga gung ||

11. rangu-rangu risang kadi Ratih | pan sarwi amirong | rasa-rasa tumindak lampahe | kang kudhasih munya ngasih-asih | pangangsahe kadi | tangisirèng dalu ||

12. bang-bang wetan wayahe kang wêngi | mrêbabak sumorot | angênani sang ayu citrane | têturutan lir wastra macêthi | singga pangadhanging | kang pinaran ing kung ||

13. Risang Parta sêsaji asalin- | ira sang lir sinom | hyang aruna samana mijile | mêntas saking wening jalanidhi | mungup-mungup mungging | udayaning gunung ||

14. ngênthit-ênthit singga ngintip-intip | marang kang mimba lon | kathah kadi dulure lampahe | wong sapasar maring ing nagari [naga...]

--- 40 ---

[...ri] | nyimpang sang lir Ratih | saking ing marga gung ||

15. manjing wana tan etang pringganing | marga jurang singgrong | grênging ori-ori pêpinggire | nut ing èrèng-èrèng jurang trêbis | pêpèrèng amiring | parang curing cêrung ||

16. jurang bambing pinggir anggaligir | ingkang rompoh-rompoh | êmbês-êmbês barabas rêmbêse | nginggil bondhot bundhêt ri panjalin | siluk-siluk sungil | mangap singup-singup ||

17. toya mijil saking lambung wukir | gumrujug toyanjog | tirta jroning jurang gumarènjèng | lir tinalang kêkalène mili | têtilase limit | lêlumute lunyu ||

18. kang bêbaya wus tan bêbayani | margewuh tan ewoh | sampun langkung sang rêtna lampahe | saking jroning jurang singgrong ori | ngambah wana radin | têrataban ngayun ||

19. sata wana barungan munyanjrit | manyura nyêngunglong | kadya nguwuh ngampirkên lampahe | myang kukila andon rame mungging | mandira gêng

--- 41 ---

asri | ngaturi sêsuguh ||

20. singa warak andanu kang sami | kapranggul kaprêgok | giwar ajrih akongas gandane | wruh kalamun wanodya linuwih | trah kusuma yêkti | rumêmbêsing madu ||

21. buron agêng-agêng samya nêbih | lumakyèng ngarsa doh | ana ingkang rumêksèng wurine | miwah ingkang mugèng[8] kanan kèri | lir kadyanjajari | ngiring ngurung-urung ||

22. silir lumrèng satêpining margi | sasêkaran abyo[9] | neka warna sêdhêng duk panjrahe | argulo manglung sêkare kadi | lumaku pinêthik | mring sang rêtnaning rum ||

23. tan wus lamun winuwus asrining | wana kèh katongton | saya manjat baskara wayahe | mêmanisi sayahe sang dèwi | lon-lonan anut ing | iring-iring gunung ||

24. sang rêtna di ningali we wêning | kang nagapuspa yom | găndapura tumurun pinggire | parijatha pêpanthan mêrapit | satêpining bèji | mirit lir pinatut ||

25. sang kusuma kacaryan ningali | rarywan anèng kono [ko...]

--- 42 ---

[...no] | lunggwèng sela kumlasa ênggène | suku kanan kinobokan warih | kang mina lit-alit | ngrubung sukunipun ||

26. măngsa klalar lir kadya ngabêkti | mring kang lagya rawoh | mina gêng-agêng molah solahe | lir nambrama marang sang rêtna di | puspita mranani | satêpining ranu ||

27. pan sumêdhêng ingkang sarwa sari | bang putih pita byor | aliwêran brêmara arame | wor maruta gumêr prasamya mrih | mangrêbasèng sari | sarine sumawur ||

28. tibèng tirtantara sangarsaning | sang kênèng wirangrong | lar[10] nyugata brêmara kanthane | atur gănda mring sang kadya Ratih | trênyuh tyasnya tistis | sang juwitaning rum ||

29. paran baya dene awak mami | dadining lêlakon | lamun prapta ing Madukarane | tan sinapa dening Si Prêmadi | tambuhira saking | ering garwanipun ||

30. kalakona mangkono sayêkti | ingsun mati ngênggon | sang kusuma marêbêl waspane | putêk kapêtêg ing tyas nampêki | trênyuh

--- 43 ---

lir rinujit | emut namanipun ||

31. pêtêng dhêdhêt kadya têngah wêngi | udan madrês mawor | păncawora prakêmpa gorangrèh | sindhung riwut mawor brajapati | prahara gumêrit | lesus lir pinusus ||

32. grênging ori-ori rampal-rumpil | wrêksa gêng samya sol | sêmpal papal kaprapal ing pange | abusêkan isining wanadri | buron alit-alit | puyêngan sumawur ||

33. buron agêng-agêng gung kaguling | gègèr ting galêmbor | bilunglungan tambuh pangungsène | madyèng wana gênjot lir ginonjing | ladhu-ladhu mili | agraning arga rug ||

34. sang kusuma kêkês ing tyas maksih | tan owah saking don | andhêkukul angrangkul jêngkune | suruping arka kang riris aris | samirana ngidid | mawor kang rum-arum ||

35. rêrêping tyas sang raja pinutri | mudhar asta karo | mingsêt saking têlaga lungguhe | asêsèndhèn witing nagasari | yayah tanpa guling [gu...]

--- 44 ---

[...ling] | dhandha munyèng ngayun ||

7. Dhandhanggula

1. mangu-mangu anon lêlangêning | duk tumingal katon sirat wetan | pêtha pêpanthan thathite | kilat-kilat ambarung | lir sasmitanira ing ratri | matur yèn wus antara | enjang wayahipun | manuk muni mawurahan | lir mamungu barungan sata wanadri | kadya matak mangkana ||

2. byar raina baskara wus mijil | sang kusuma saksana umêsat | saking pinggir têlagane | nut iring-iring gunung | rangu-rangu sang kadi Ratih | lumampah ing satitah | madyaning wana gung | tan ana baya kaetang | kalih dalu sanggone dènira guling | rinêksèng sato wana ||

3. tan winarna laminirèng margi | sang kusuma gènnya nasak wana | miwah ngambah padesane | cinêndhak lampahipun | duk samana sang rêtna prapti | nagari ing Ngamarta | kathah kang kadulu | ngambah rêratan nagara | namur momor mring wong bêbakulan sami | tan ana kang graita ||

4. lamun iku putrane

--- 45 ---

narpati | sang kusuma sayah lampahira | raryyan pinggir lurung gêdhe | ngaub anèng ing warung | ingkang dabe[11] warung lon angling | ing ngriki dèn sakeca | bok ngantèn alungguh | ing pundi wisma andika | ayu anom têka lêlampah pribadi | pundi ingkang sinêdya ||

5. sang kusuma angandika aris | lah ta bibi ingsun atêtanya | wong agung Madukarane | lah apa karyanipun | anèng dalêm garwanirèki | matur ingkang tinanya | gustiku sang bagus | wong agung ing Madukara | kalangênan lan gawa[12] putranirèki | sawêg ambabar anyar ||

6. putranipun kalangkung apêkik | cahyanipun anuksmèng sasăngka | Ăngkawijaya parabe | ngling malih sang rêtna yu | wus karia bibi sirèki | laju sang rêtnaning dyah | tan kawarnèng ênu | wus prapta ing Madukara | nulya jujug kusuma Wara Srikandhi | mring taman Madugănda ||

7. sapraptane jroning tamansari | juru taman tan ana uninga | sang rêtna duk malêbune | nulya [nu...]

--- 46 ---

[...lya] kusumaning rum | mêthik sêkar ing tamansari | taluki sumarsana | argulo nojèku | kanikir wora-wari bang | ambêlasah pinêthikan urut margi | sagung kang kêmbang-kêmbang ||

8. supayane sang rêtnaning puri | mrih nêpsune kang adarbe taman | wong agu[13] Madukarane | nulya sang rêtnaning rum | duk umiyat marang botrawi | wus praptèng yasakambang | sang rêtna andulu | mring sagung kang mina ngambang | nèng botrawi ting kulaca ting kulicir | mina gêng samya ngambang ||

9. eram mulat kacaryan ningali | rêrêngganing taman Madukara | kadya suwarga rakite | urange runtung-runtung | wadêr bange bayak ngulincir | urang sapucang-pucang | kutuknya manglumpuk | kunêng sang rêtna nèng taman | kawuwusa satriya Madukarèki | arsa têdhak mring taman ||

10. Sêmar Bagong wau kang umiring | tan kawarna wus prapta ing taman | satriya Dananjayane | jroning taman wus rawuh | amung Sêmar Bagong kang ngiring | anèng ing jawi taman | lawan sutanipun [su...]

--- 47 ---

[...tanipun] | sami angambil wowohan | Dananjaya wau sarêng aningali | sagung kang kêmbang-kêmbang ||

11. sami rubuh bêlasah nèng siti | kocar-kacir pan saurut marga | kakêmbangan sadayane | rahadyan langkung bêndu | sapa ingkang angrusak iki | iya têka mêjana | mring sariraningsun | sapa wonge ingkang karya | amêthiki kakêmbangan urut margi | apa warnane baya ||

12. laju sarwi angandika aris | yèn lananga iya kang mêjana | sun tugêl-tugêl gulune | tan lêga ing tyas ingsun | yèn wadona ingsun kauli | sun kungkung pitung dina | iya pitung dalu | anèng sajroning paprêman | Dananjaya sarêng wau aningali | marang Putri Cêmpala ||

13. dene iku Kangbok Dèwi Ratih | kang mêthiki kêmbang urut marga | nora kêjamak anggêpe | angrusak tamansantun | mêjanani marang ing mami | sang rêtna pinarpêkan | wus cêlak gènipun | marang putri ing Cêmpala | Dananjaya ningali dèrèng anggalih | lamun [lamu...]

--- 48 ---

[...n] Putri Cêmpala ||

14. maksih nyana lamun Dèwi Ratih | sarwi gumujêng dènnya ngandika | hèh babo iki ragane | dene nora sêsiyung | wani ngrusak ing taman mami | liwat saking mêjana | yêkti kênèng ukum | wus dadi punaginingwang | ingsun kungkung nèng paprêman pitung bêngi | sang dyah sinambut sigra ||

15. miwal asta rinangkul wus kêni | nèng êmbanan pan ingaras-aras | sang dyah sumaput tingale | nèng êmbanan lir kantu | tanpanon rat idhêpirèki | miyarsa ling Sang Parta | yayah nguwus-uwus | sêmbranane parikêna | Dananjaya sarambut dèrèng anggalih | lamun Putri Cêmpala ||

16. maksih ginalih yèn Dèwi Ratih | pan satuhu warnanya mèh kêmbar | lan Dèwi Ratih warnane | mangkana dangu-dangu | Dananjaya dènnya angliling | ing wêdana sang rêtna | winawas yèn dudu | kusuma ing Cakrakêmbang | wruh kalamun Kusuma Wara Srikandhi | langkung pangungunira ||

17. dangu jêtung datan bisa angling | Dananjaya wusana ngrarêpa [ngra...]

--- 49 ---

[...rêpa] | anungkêmi wadanane | dhuh babo mirah ingsun | apuranên dasihirèki | sumăngga ing dêduka | dènnya kamipurun | akarya atur sêmbrana | ing nah anggèr sarambut botên angimpi | yèn dewaning kusuma ||

18. ingsun nyana lamun Dèwi Ratih | jêr kêkadang pan ing saban-saban | mring Madukara mung dhewe | jujug ing tamansantun | tan wruh lamun ratuning ratih | sarining Ngendraloka | sêkaring swarga gung | musthikaning jagatraya | kang nêdhaki marang ing dasih kaswasih | sun cipta pirang warsa ||

19. nalika nèng nagri Dwarawati | mèh mèh bae sun ngêmohi garwa | mulat marang sarirane | prapta ing mangke durung | ilang cipta kawula gusti | mring sang liring kusuma | karsaning dewa gung | kang asih ing kawlasarsa | gustiningsun tinibakakên pribadi | anèng ing Madukara ||

20. dadya mangke abdine tur pati | sang kusuma lamat-lamat myasa[14] | Dananjaya ing wuwuse | radyèngêt pungun-pungun | nèng êmbanan umatur aris |

--- 50 ---

mangke tuwan udhunna | kawula rumuhun | amba matur liring sêdya | saking praja Sang Parta suka miyarsi | ngaras sarwi ngandika ||

21. inggih mangke dhawuha mring dasih | liring karsa wontên ing paprêman | botên kêkècèr karsane | sang dyah binêkta sampun | mring jinêm rum ingarih-arih | sêrênging tyas pan samya | èstri lawan kakung | rarasing rèh karasikan | tan cinatur sawusnya luwaran sami | mijil lênggah kalihan ||

22. maksih munggwing pangkon sang lir Ratih | Dananjaya alon angandika | sarwi ngaras srinatane | dhuh babo mirah ingsun | dene kesah saking nagari | jarwaa liring karsa | paran kang pinundhut | gusti marang dasihira | ciptaningsun datan darbe pati urip | sumăngga ing sakarsa ||

23. sang kusuma aturira aris | mila kesah saking ing nagara | ngungsi marang sarirane | sumêdya nyuwun tulung | saking susahing tyas tan sipi | linamar ratu sabrang | masesambêkipun | yèn tinampik [tina...]

--- 51 ---

[...mpik] ngrabasèng prang | rama prabu ajrih satêmah nampèni | kawula mrih pinêksa ||

24. nglampahana ing karsanirèki | marmanipun kawulenggal kesah | saking praja sayêktine | kawula lalu lampus | laki ratu sabrang tan apti | tan lyan sêdya kawula | namung nyuwun tulung | mring paduka lawan nêdya | anggêguru pangawasaning jêmparing | marmamba kalampahan ||

25. anêmpuh byat ing wirang lan isin | mring paduka sakêthi tan nyana | lamun makatên dadine | sang rêtna gya rinangkul | pan ingaras awanti-wanti | dhuh atma jiwaningwang | kang sawang jumêrut | intên-intêne pun kakang | dasihira gusti ingkang angukuhi | brangtane ratu sabrang ||

8. Asmaradana

1. tumplêka ngêbêki bumi | ratu sabrang ingkang prapta | ing prang tan gumingsir tanggon | wuwuha sapuluh praja | dèn kêbak tanah Jawa | ditya rasêksa myang diyu | kang abdi datan suminggah ||

2. pangawasaning jêmparing | inggih gusti dasihira | ingkang mulang sasagêde [sasagê...]

--- 52 ---

[...de] | lesan rambut mamrih sigar | lawan mamrih pêgata | myang lesan dhog pêking rêmuk | mrih bolong kawula wulang ||

3. sang kusuma maleroki | andêlna yèn maksih anyar | wong iki kèwês luwêse | yèn wus lawas-lawas luwas | sang dyah sigra ingaras | sêtyanana dasih ingsun | lumuh cidra ing wacana ||

4. Sêmar Bagong dangu ngintip | saking jawi wus waspada | kalih sarêng dènnya dhèhèm | Dananjaya sigra mêdal | Sêmar umatur latah | radèn sintên rowangipun | ting garunêng gêgunêman ||

5. Dananjaya anauri | kakang ingsun acarita | Sêmar Bagong sru guyune | sintên rencange carita | tingal kula wanodya | warnanipun yu kalangkung | munggèng pangkon pindha garwa ||

6. Dananjaya mèsêm angling | kakang aja wara-wara | sun jawani[15] sayêktine | rajaputri ing Cêmpala | wus tinutur sadaya | ing tingkah myang sêdyanipun | praptane nèng Madukara ||

7. Sêmar ngungun matur aris [a...]

--- 53 ---

[...ris] | sinumpêt măngsa kenginga | lamining dina tan wande | dawaning catur kawarta | dhatêng garwa paduka | sayêktine sangêt bêndu | pênêt yèn jinarwanana ||

8. Dananjaya ngandika ris | iya kakang bênêr sira | nanging saprakara kiye | lamun kongsia kapyarsa | mring Sinuhun Ngamarta | mendah dukane maring sun | tuwin rama ji Cêmpala ||

9. miwah kangbok pramèswari | iya dukane maringwang | mulane sun sidhêm bae | dene lamun arinira | biyang kulup atanya | mulane ingsun tan kondur | lawas nèng taman kewala ||

10. warahên yèn ingsun lagi | anglakoni tapa nendra | anèng botrawi wangêne | iya patang puluh dina | iku sira gumyahna | mring kabèh kănca-kancamu | aywa na seba maringwang ||

11. yèn wus patang puluh ari | ana pikir manèh kakang | iya kang enak linakon | rolas sikêp juru nyiram | wêtokna saking taman | mungna sira dhewe kantun | iya lawan sutanira ||

--- 54 ---

12. anèng jroning tamansari | iya tunggua maringwang | lawange kuncinên kabèh | poma kakang wêkas ingwang | singa kang jaluk lawang | nadyan silih biyang kulup | iya balèkna kewala ||

13. Sêmar sandika turnèki | mêdal panggih lan Sucitra | pan sampun ginumyahake | yèn gustine tapa nendra | wangsulira mring taman | lawange kalih tinutup | pinati kuncine samya ||

14. cinatur ing sabên ari | Dananjaya pamulangnya | jêmparing marang sang sinom | lesane ingkang kinarya | ndhoging pêking lan rema | yèn dalu karongron lulut | anèng jroning madeyasa ||

15. gumyah pawartaning jawi | lamun lagya tapa nendra | langkung rêmpit pratikêle | satriya Andananjaya | lawan Putri Cêmpala | dènnya anèng tamanlulut | sagung wadya Madukara ||

16. tan ana kang graitani | ing tingkahe gustinira | nyana tapa sayêktine | namung Bagong lawan Sêmar | siyang dalu tan pisah | ngladosi [nglado...]

--- 55 ---

[...si] sakarsanipun | anèng taman Madugănda ||

17. kunêng gantya kang winarni | nênggih nagari Cêmpala | sapungkurira sang sinom | sapraptane pitung dina | sagung êmban lan inya | kang jaga jawining pintu | prasamya angarsa-ngarsa[16] ||

18. têdhake gustinirèki | dene wus praptèng antara | dadya sadaya rêmbage | sagunging cèthi parêkan | êmban babu lan inya | wus rêmbag samya amungu | sigra nikèn ban lan inya ||

19. lumêbèng jroning botrawi | minggah marang pasarean | rumangkang miyak samire | gustine datan katingal | sajroning pasarean | binalengkrah sadaya wus | suwung datan katingalan ||

20. êmban inya sarêng anjrit | sagunging cèthi parêkan | sadaya lara tangise | sampun katur ing sang nata | sigra têdhak mring taman | miwah pramèswarinipun | lara dènira karuna ||

21. langkung ribêng tyasira ji | wus pasthi panyiptanira | lamun kang putra lolose | saking dahat lumuhira [lumuh...]

--- 56 ---

[...ira] | akrama ratu sabrang | sang prabu nimbali gupuh | ing Radyan Trusthadyumêna ||

22. miwah rêkyana apatih | wus prapta ngarsa narendra | rahadyan lara tangise | sang prabu alon ngandika | lah wis aja karuna | balikan padha sirèku | iya mintara ngupaya ||

23. sira patih ingsun tuding | mring anak prabu ing sabrang | paring uninga lungane | gustimu têka nagara | murca sing pagulingan | ingsun bangêt jaluk tulung | mring anak prabu ing sabrang ||

24. ing lungane nini putri | dèn rewangana ngupaya | hèh ta kulup sira dhewe | lumakua mring Ngamarta | lêlancaran kewala | tur uninga anak prabu | ing lungane kakangira ||

25. dene wadyanira sami | Cêmpala kang pra dipatya | sêbarên sadina kiye | kabèh padha ngulatana | ngosak-asik mring wana | miwah marang gunung-gunung | kalih umatur sandika ||

26. wus mundur saking ngarsa ji | prapta ing jawi parentah | pra dipati kang saparo | budhalan sawadyanira [sawadyani...]

--- 57 ---

[...ra] | sinêbar angupaya | Kyana Patih Căndrakètu | mring pakuwon Sawojajar ||

27. Radèn Trusthadyumêna glis | lancaran marang Ngamarta | namung turăngga salawe | wau lampahe Ki Patya | Căndrakètu wus prapta | pakuwon lajêng tumundhuk | ngarsendra Jungkungmardeya ||

28. umatur saha wotsari | pukulun amba dinuta | ing rama paduka katong | kinèn maringi uninga | arinta sang lir rêtna | musna kalanirèng dalu | murca saking pagulingan ||

29. tan wontên banon kang gigrig | icale sang lir kusuma | kadya pinundhut dewane | arinta sang narpaputra | lan sagung pra dipatya | Cêmpala sinêbar sampun | prasamya kinèn ngupaya ||

30. mring wana myang wukir-wukir | pukulun rama paduka | myang ibu pramèswarine | sangêt ing pamintanira | dhatêng paduka nata | wadyanta sadayanipun | pinundhut pitulungira ||

31. ngupayaa ring sang putri | yèn kapanggih ing samăngsa | ibunta lan rama katong | tumut [tu...]

--- 58 ---

[...mut] ngèngèr ing paduka | Prabu Jungkungmardeya | myarsa ki patih turipun | wus nyipta yudakênaka ||

9. Pangkur

1. lah iya patih matura | ing jêng rama miwah ing ibu sori | aywa sungkawa ing kalbu | ilange sang kusuma | lamun isih urip ngêndi paranipun | yèn masih ngambah bantala | sayêkti lamun kapanggih ||

2. sanadyan silih ngungsia | suralaya kacandhak dening mami | Căndrakètu pamit sampun | mundur saking ngajêngan | Prabu Jungkungmardeya ngandika asru | mring Patih Jayasudarga | bapa mataha dèn aglis ||

3. sagunging bala rasêksa | budhalêna kabèh aywa na kari | ngupaya gustinirèku | lunga têka nagara | alas-alas guwa-guwa gunung-gunung | aywa na kang kaliwatan | jurang pèrèng kali-kali ||

4. konên ngosak-asik padha | dalan-dalan sajabaning nagari | kang sungil kang siluk-siluk | lah jaganana ditya | pra dipati manungsa patahên gupuh | kang sêparo budhalêna | sawadyabalanirèki [sawadyabalanirè...]

--- 59 ---

[...ki] ||

5. ngosak-asik jro nagara | sira dhewe bapa ingsun bubuhi | ngosak-asik jro kadhatun | sabên dalu namara | aywa kongsi kawruhan lakunirèku | kang sun jaga bokmanawa | panggawene sri bupati ||

6. miguna mring jênêng ingwang | kyana patih sandika turirèki | mundur saking ngarsa sampun | praptèng jawi parintah | marang sagung pra dipati ditya sampun | gumuruh nêmbang têngara | budhal sawadyanirèki ||

7. ingkang ngalèr sapunggawa | ingkang budhal mangetan sabupati | ingkang sapunggawa ngidul | mangilèn sapunggawa | alas-alas jurang guwa gunung-gunung | tan ana kang kaliwatan | sadaya dèn osak-asik ||

8. dene kang bala rasêksa | sapunggawa pinatah anjagani | sadaya kang lurung-lurung | pra dipati manungsa | sabalane pinatah sadayanipun | nalasak sajroning kitha | namur momor lan wong bumi ||

9. Ki Patih Jayasudarga | sabên dalu anjêjêp jroning puri | kunêng gantya [ga...]

--- 60 ---

[...ntya] kang winuwus | Radèn Trusthadyumêna | lampahira praptèng nagri Ngamarta wus | tinimbalan marang ngarsa | umatur lamun tinuding ||

10. mring kang rama tur uninga | yèn kang raka Rêtna Wara Srikandhi | kesah nalikaning dalu | murca sing pagulingan | purwa madya wasana pan sampun katur | yèn linamar ratu sabrang | pan dadya kesahirèki ||

11. Sang Aprabu Yudhisthira | duk miyarsa langkung ngungun ing galih | pangandikanira arum | iya yayi matura | ing jêng rama mêngko sapungkurirèku | bocahira ing Ngamarta | ingsun sêbare ngulati ||

12. Rahadyan Trusthadyumêna | amit nêmbah mundur saking ngarsa ji | Prabu Yudhisthira sampun | parintah mring ki patya | sigra mangkat pra mantri sami angruruh | mring Rajaputri Cêmpala | budhal sagung para mantri ||

13. Sang Aprabu Yudhisthira | sampun paring uninga maring sori | ingkang rayi praptanipun | Radèn Trusthadyumêna | pan dinuta mring kang rama sang aprabu | kinèn maringi uninga | kesahe Wara Srikandhi ||

14. linamar [li...]

--- 61 ---

[...namar] mring ratu sabrang | ingkang dadya margane dènira nis | saking pagulingan dalu | de wadyabalanira | ing Ngamarta kang saparo wus sun tuduh | ngubrês sagung alas-alas | jurang guwa wukir-wukir ||

15. pramèswari duk miyarsa | langkung sangking sungkawanirèng galih | sigra nuduh êmbanipun | nukma mring Madukara | Rêtna Wara Drupadi graitanipun | mring Satriya Dananjaya | ana trêkanirèng galih ||

16. dene lami tan sewaka | sang kusuma tan antuk dhahar guling | saking sungkawaning kalbu | kunêng gantya winarna | Dananjaya ingkang maksih karon lulut | anèng taman Madugănda | lan Rêtna Wara Srikandhi ||

17. apan wus saingga garwa | yèn raina sang dyah lesan jêmparing | kang kinarya lesan rambut | sang rêtna sampun wignya | miwah lesan dhoging kukila ginantung | sok wruha prênahe kêna | miwah yèn maksih kaèksi ||

18. antara samadya căndra | dènira nèng Madukara sang putri | langkung

--- 62 ---

rêmpit tingkahipun | sanadyan wadyanira | Madukara sadaya apan dèrèng wruh | anyana gustine samya | iya tapa kang sayêkti ||

19. anèng sajêroning taman | wadyanira datan ana udani | kunêng wau kang winuwus | ingkang lumampah nukma | êmbanira pramèswari Ngamatèku[17] | wus prapta ing Madukara | momor sagung para cèthi ||

20. parêkan ing Madukara | sadayanya tan ana graitani | lamun dinuta puniku | mring gusti pramèswara | tan kawarna lamènira tigang dalu | antuk warta kang sanyata | yèn Rêtna Wara Srikandhi ||

21. anèng taman Madukara | lan satriya Dananjaya pribadi | yèn dalu karêm monglulut | apan saingga garwa | yèn raina gêguru pamanahipun | lesan jêmparing nèng taman | winulang ing sabên ari ||

22. ing sawusira mangkana | nulya wangsul matur ing pramèswari | sigra-sigra lampahipun | wus prapta ing Ngamarta | laju marêg ing ngarsane gustinipun | dinangu saaturira [saatur...]

--- 63 ---

[...ira] | dhuh gusti sang rajaputri ||

23. rayi dalêm sang lir rêtna | inggih èstu anèng Madukarèki | langkung rêmit sababipun | tan wontên kang uninga | karyanipun nèng taman rayi pukulun | mring Jêng Pangran Madukara | inggih gêguru jêmparing ||

24. sabên raina winulang | ing rayinta Madukara jêmparing | makatên ing karyanipun | sampun samadya căndra | rayi dalêm sang lir rêtna anggènipun | wontên taman Madugănda | kinêkêr angore wèni ||

10. Sinom

1. narpadayita Ngamata[18] | miyarsa aturing cèthi | tan sinipi dukanira | kagagas wiranging galih | mring solahe kang rayi | pramèswari têdhak gupuh | marang ing Madukara | mung lawan cèthi satunggil | ingkang mêntas nukma marang Madukara ||

2. miyos lawang bêbutulan | mring raka tan mawi pamit | ing marga datan winarna | prapta ing Madukarèki | jumujug tamansari | asru dènnya dhodhog pintu | Sêmar kagyat miyarsa | sapa ta kang jaluk [jalu...]

--- 64 ---

[...k] kori | dhodhog lawang tan wruh liwat ing dêduga ||

3. mokal yèn ora krungua | gustine lagi aguling | age balia kewala | pramèswari anauri | kakang Sêmar dèn aglis | ingsun ingkang jaluk pintu | pramèswari Ngamarta | ngrungu lamun Si Srikandhi | anèng kene ingsun arsa katêmua ||

4. Ki Lurah Sêmar miyarsa | swarane kang mundhut kori | yèn pramèswari Ngamarta | Sêmar lumayu angênthir | nêdya atur udani | pramèswari praptanipun | satriya Dananjaya | duk mijil saking botrawi | Lurah Sêmar matur sarwi mêgap-mêgap ||

5. pukulun atur uninga | punika rakanta prapti | narpadayita Ngamarta | sru andhodhog minta kori | kawula jrih mêngani | sampun wuninga pukulun | lamun rayi paduka | Wara Srikandhi nèng ngriki | pan ing wau linge arsa pêpanggiha ||

6. Dananjaya duk miyarsa | langkung mangungunirèki | ciptaning tyas paran baya | dadine lêlakon iki | dene

--- 65 ---

kongsi kapyarsi | mring kangbok sapa kang tutur | kakang paran rèhira | bêcik êndi sun wêngani | lawan ora Sêmar alon aturira ||

7. èwêt lêlakon punika | upami tuwan wêngani | sayêkti yèn dados gêndra | tan wande ulêng sang putri | yèn botên dèn wêngani | pramèswari yêkti matur | mring raka sri narendra | mendah ta dukanirèki | kadhatêngan putri tan atur uninga ||

8. satriya Andananjaya | langkung ribêng jroning galih | alon dènira ngandika | payo kakang dèn wêngani | kapriye gone mikir | ing budi pan wus kabutuh | Sêmar sigra wangsulnya | sinorog mênga kang kori | pramèswari sampun manjing jroning taman ||

9. tumundhuk Sang Dananjaya | mêndhak satêpining kori | pramèswari mèsêm lingnya | yayi dhayohan sirèki | arinta Si Srikandhi | nèng ngêndi sun arsa pangguh | Dananjaya aturnya | wontên sakilèn botrawi | lêlangênan jêmparing sampun sakenjang [sake...]

--- 66 ---

[...njang] ||

10. lajêng sang narpadayita | Dananjaya mêdal jawi | Sêmar asru aturira | niku radèn dhatêng pundi | têka dadak ngesahi | lêrêse radèn têtulung | botên wande punika | ingkang rayi dèn gêbagi | Dananjaya gumujêng dènnya ngandika ||

11. ingsun ngadoh bae kakang | marana kang rada dhêlik | aja kongsi amiyarsa | kakang bok dukanirèki | sira bae ywa têbih | ngintipa sajaban pintu | lan Si Bagong ngawasna | paran ta dadine mangkin | Sêmar Bagong wangsul ngintip anèng lawang ||

12. wau sang narpadayita | wus praptèng kilèn botrawi | Wara Srikandhi tumingal | mring raka kagyat tan sipi | gupuh dènnya mlajêngi | tundhuk ngrangkul padanipun | sarwi lara karuna | kathah sêsambatirèki | pramèswari alon dènira ngandika ||

13. wis yayi aja karuna | dèn aris payo alinggih | sun arsa atakon warta | kang dadi lunganirèki | liwat karya prihatin | sokur wus padha rahayu [raha...]

--- 67 ---

[...yu] | kang rayi duk miyarsa | asrêping galih dinugi | ingkang raka rawuhe tan mawi duka ||

14. kèndêl dènira karuna | aris wus tata alinggih | Rêtna Srikandhi turira | milamba angikis ratri | saking praja tan mawi | pamit ing rama myang ibu | linamar ratu sabrang | jêng rama myang ibu sori | sampun parêng nampèni panglamarira ||

15. satêmah amba pinêksa | mila nuntên angesahi | kawula pilalu pêjah | laki sabrang botên sudi | prapta kawula ngriki | duk lagya samadya tèngsu | sampun lami sêdyamba | mariki guru jêmparing | dhatêng rayi paduka ing Madukara ||

16. kang raka mèsêm ngandika | apa ta wus pintêr yayi | gonira sinau manah | turnya pan sawêg sairib | lamun lesan dhog pêking | sagêt amba namung rêmuk | lamun rema mung pêgat | pramèswari ngandika ris | lah ta mara manaha sun arsa wikan ||

17. lesane nulya pinasang | rema lawan dhoging pêking | sang rêtna mênthang gandhewa | lumêpas ingkang [ing...]

--- 68 ---

[...kang] jêmparing | dhoging kukila pêking | kacundhuk sanjata sumyur | nulya rema pinanah | pêdhot kataman jêmparing | pramèswari gumujêng dènnya ngandika ||

18. yayi wus pintêr têmênan | iya gonira jêmparing | mara ingsun wurukana | kapencut bisa jêmparing | kaya pa rakitnèki | nalikanira winuruk | marang ing kakangira | kang rayi umatur aris | gih suwawi kakang bok kawula wulang ||

19. kang raka sampun ngaturan | gandhewa lawan jêmparing | kêndhênge sampun pinasang | kang rayi lênggah nèng wuri | sarwi umatur aris | dhuh kakang bok kula nuwun | langkung saking dêksura | rakite wulang jêmparing | mara yayi ngarah apa wus sun sêdya ||

20. kang rayi sigra tur sêmbah | ngrakêti pungkurannèki | asta kanan sami kanan | nyêpêng jêmparingirèki | gandhewa asta kering | rakite kadya angrangkul | jăngga manglung tumumpang | anèng pamidhangannèki | pipi kering tumèmpèl nèng pipi kanan ||

--- 69 ---

21. rakite kadya angaras | iringing grana nèmpèli | pangarasan ingkang kanan | jaja karakêt ing gigir | jêngkunira kêkalih | mipit ing wêwangkongipun | astanya kering kanan | pangrangkule angêpithing | Rêtna Wara Drupadi kalangkung duka ||

22. nulya mingêr dènnya lênggah | angajêngakên kang rayi | saryandik laraping netra | mawinga-winga mawêngis | paran ta ari mami | dhuh lae sira wong ayu | nanging jaba kewala | ing jro ulêrên wus bacin | bêcik têmên mêngkono ing solahira ||

23. dudu solahe wong manah | yèku solahe wong baring | jêjamahan kang wus lanyah | rênyuh nyunyur nyonyar-nyanyir | bok ya dèn idhêp ngisin | kapriye ta pangrasamu | wong bojone sajagad | têka dadak sira bruki | mendah lamun dhudhaa kojak ngêthoprak ||

24. pagenea kangjêng rama | wèh kadang mangkene iki | dene jêng ibu tan ramban | pêputra têka mêtoni | wadon tan darbe wadi |

--- 70 ---

trutusan mring tamansantun | sandine ajar manah | jêbul amamah kêndhali | garumutan patrape lir palanyahan ||

25. dene ta tinari krama | kumayu minggat ing wêngi | sun sêngguh nyata tan arsa | nambut silaning akrami | kalingane saiki | mamak mumuk numbuk-numbuk | mènthèl lan nunjang palang | ngêbruki wong duwe rabi | kêranjingan ambêdhog lakining kadang ||

26. eman têmên warnanira | watakmu têka sukêr jis | bêcik pidak pêdarakan | tan mamak kaya sirèki | Wara Srikandhi anjrit | anjungkêl lukar kang gêlung | layon sumawur kisma | balasah gandanira mrik | Sang Kusuma Drupadi kalangkung ewa ||

27. saking sangêtirèng duka | supe trapsilaning putri | kang rayi tandya cinandhak | dyan ingulêng rigmanèki | sarwi dipun tapuki | sinèrèt jinêjêg ambruk | têksih inguman-uman | sira lêlêthêking bumi | lah minggata nèng kene ngrêgêdi praja ||

28. sanajan sira sèdhènga | bedhanga [be...]

--- 71 ---

[...dhanga] wong liya nagri | rangkêpa sèwu sadina | sok aja gêgawa mami | ingsun datan praduli | sukêr jis minggata gupuh | sun wirang ngaku kadang | Srikandhi mundur anangis | minggah marang botrawi nganthi sanjata ||

11. Kinanthi

1. endhonge sinandhang sampun | anèng gendhongan mathinthing | gandhewa nèng asta kiwa | pantês wanguning prajurit | rajaputri ing Cêmpala | acancut ramping tarincing ||

2. ingkang pinundhut puniku | marang sang raja pinutri | apan dudu panah lesan | sanjata agêming jurit | dènira Sang Dananjaya | aran sanjata dhadhali ||

3. mijil saking tamansantun | Kusuma Wara Srikandhi | mêdal lawang bêbutulan | wau ta ingkang winarni | narpadayita Ngamarta | sawêdale ingakng rayi ||

4. ngandika mring êmbanipun | biyang timbalana aglis | ariningsun Si Sumbadra | ni êmban sigra lumaris | manjing dalêm panggih lawan | Kusuma Banoncinawi ||

--- 72 ---

5. nikèn ban nêmbah umatur | anggèr kawula tinuding | ing raka narpadayita | paduka dipun timbali | marang taman Madigănda | ing rakanta pramèswari ||

6. sang dyah miyarsa kumêpyu[19] | apa ta wis suwe bibi | kangbok rawuhe nèng taman | nikèn ban umatur aris | gusti sawêg sapunika | sang kusuma mangkat aglis ||

7. sarwi ngêmban putranipun | Sulastri lan Rarasati | tan kantun nèng wurinira | samarga pating jêrawil | hèh Sulastri tingalana | gustimu gènnya lumaris ||

8. rêspati angêmban sunu | tindake ngalêntrih ririh | mêntas babar kasangsaya | blonyoning sarira maksih | wênês ijo amêrdapa | liringe luruh alindri ||

9. tejane wênês sumunu | kasor raras ruming sari | kaya mêrdu kang kanginan | lah ing ngêndi ana putri | ingkang kungkulan ngakasa | kang kasăngga dening bumi ||

10. ana mirib ing gustimu | Sulastri alon nauri | lagi pangeran kewala | wong agung [a...]

--- 73 ---

[...gung] têka kurang sih | karêm putri ing Cêmpala | yèn mungguh pangrasa mami ||

11. nêmbah amung patutipun | marang gustiku sang dèwi | bok lawan sira kewala | warnane Wara Srikandhi | tanbuh ingkang piniliha | maksih pantês jajar linggih ||

12. wau ta sang dyah wus rawuh | salêbêting tamansari | pramèswari ngawe sigra | kene linggiha ri mami | lah ta êndi sutanira | bagus têmên sun tingali ||

13. kang putra ngaturkên sampun | anèng ing pangkon liniling | sang rêtna mèsêm ngandika | bagus têmên bocah iki | ruruh sêmune jêtmika | lan bapakne wus tan têbih ||

14. pira yayi umuripun | sang rêtna umatur aris | kangbok kalih wulanira | namung kirang pitung ari | narpadayita Ngamarta | bênêr mung kacèk sasasi ||

15. sutanira umuripun | lan Si Păncawala yayi | kakang adhine mèh kêmbar | pasêmone mèh sairib | hèh ta yayi praptaningwang | marma jujug tamansari ||

--- 74 ---

16. njujul mring arinirèku | iya Si Wara Srikandhi | lunga saka ing nagara | tanpa pamit ing rama ji | nuli pasrah rakanira | dadya ingsun angulari ||

17. ingsun kongkon nyuluh-nyuluh | katêmu arinirèki | yèn ana ing Madukara | nuli ingsun anêkani | jumujug ing tamanira | wus pangguh ingsun dukani ||

18. mbuh ta mau paranipun | lungane maksih anangis | mbuh mulih marang Cêmpala | êmbuh banjur minggat yayi | Kusuma Wara Sêmbadra | miyarsa ngungun tan sipi ||

19. nêmbah alon dènnya matur | punopoa dèn dukani | kangbok pangraos kawula | wontên Madukara ngriki | sanadyan kalih wulana | apan dalême pribadi ||

20. datan wontên sanèsipun | lawan ing Cêmpala nagri | yèn kawula mêningana | kangbok yèn tuwan dukani | yêkti malah botên suka | kesahipun saking ngriki ||

21. sêdya kawula pukulun | têtêpa dadosa kanthi | gumujêng narpadayita |

--- 75 ---

iya sukur-sukur yayi | lamun tan dadi tyasira | liwat panarima mami ||

22. lah wis ingsun pamit mantuk | yayi nya sutanirèki | Wara Sêmbadra tur sêmbah | bok inggih kèndêl rumiyin | aso nèng dalêm sakêdhap | pramèswari ngandika ris ||

23. manawa dèn ayun-ayun | mring rakanira sang aji | gon ingsun mring Madukara | nyolong bae nora pamit | putra sampun tinampanan | lajêng kondur pramèswari ||

24. Ki Lurah Sêmar andulu | yèn pramèswari wus mijil | wau ta Sang Dananjaya | prapta angandika aris | lah ta priye mau kakang | ing dadine Si Srikandhi ||

25. apa nora ana mêtu | iya saka tamansari | Ki Lurah Sêmar turira | sayêktine lamun maksih | yèn kesaha saking taman | wêdale kula udani ||

26. pramèswari ingkang kundur | nanging kawula watawis | ing wau sangêt pinala | kapyarsa dènira nangis | paduka kang damêl dosa | têka botên dèn tulungi [tulung...]

--- 76 ---

[...i] ||

27. mendah sakite tyasipun | mring paduka sang suputri | lah ta dawêg dipun inggal | inggih paduka rih-arih | mumpung maksih anèng taman | Dananjaya ngandika ris ||

28. yèn age-agea ingsun | kakang nêmoni pribadi | mring Rajaputri Cêmpala | maksih kabêranang runtik | bêcik sira bae kakang | ingkang nêmonana dhingin ||

29. dimène rèrèh tyasipun | têkakna prasêtya mami | dene apadha wanodya | lawan kadange pribadi | ingkang prapta anèng taman | mulane ingsun lungani ||

30. yèn ta wonga liyanipun | uwong lanang ingkang prapti | Cêmpala lan ing Ngamarta | praptaa ing tamansari | aywa kang padha satunggal | sanajan sri narapati ||

31. gowoa bakale mantu | sawadyabalanirèki | Sang Prabu Jungkungmardeya | ditya diyu myang rasêksi | dèn bêkta mring Madukara | nora nêdya sun ginggangi ||

32. ajura dèn kumur-kumur | sarambut datan gumingsir [gu...]

--- 77 ---

[...mingsir] | dene lamun sang kusuma | keron tyasira ningali | iya marang Si Sumbadra | jinaluk lunganirèki ||

33. aja sumêlang ing kalbu | esuk sore sun turuti | nora mada saking wănda | satuhu ayu linuwih | ing warnane Si Sumbadra | nanging atine tan bêcik ||

34. bangêt lêngus wani kakung | kongsi duwe anak siji | lan ingsun anak papêksan | saking tiwase tyas mami | bêbutuhan durung ana | ing budi ingkang nyondhongi ||

35. Sêmar jêngèk dènnya matur | niku radèn kadipundi | têka tombok gustiningwang | ingkang botên ika-iki | sajagat măngsa wontêna | brăngta bêktine ing laki ||

12. Asmaradana

1. Dananjaya ngandika ris | ujar lamis mung kinarya | angenaki sarak bae | satus putri ing Cêmpala | măngsa ta kalakona | ambuwang mring biyang kulup | lah ta wis sira mangkata ||

2. Sêmar pinêksa nuruti | sampun lumêbêt ing taman | ing wanci surup [su...]

--- 78 ---

[...rup] srêngenge | lagya tanggal kaping tiga | Rêtna Wara Sumbadra | samana lagyarsa kundur | kèndêl ningali mring Sêmar ||

3. dumuk-dumuk lampahnèki | nguwuh mring Putri Cêmpala | sang dyah anggarjitèng tyase | wus narka lamun dinuta | marang ing gustinira | mring Rarasati lingnya rum | Si Sêmar ika kang prapta ||

4. angulati Si Srikandhi | apa ta ika dinuta | iya marang bêndarane | Rarasati saurana | sira kang kêmbar swara | apa baya karêpipun | Nikèn Rarasati sigra ||

5. ngadêg ing ngarsa sang putri | cumênthèng panguwuhira | kakang Sêmar kene-kene | baya ta sira dinuta | marang ing kangjêng pangran | dene dadak cêluk-cêluk | Lurah Sêmar amiyarsa ||

6. mring swarane Rarasati | dinuga Putri Cêmpala | dene sami cumêngklinge | Lurah Sêmar sigra mara | sarya sru aturira | wontên jawi dalu-dalu | puniku mundhut punapa ||

7. kang pindha alon nauri | ninis soring nagapuspa | kang

--- 79 ---

rada isis nèng kene | sariraningsun grah uyang | Sêmar wus praptèng ngarsa | ngulap-ulap alon matur | dene wau sru karuna ||

8. dipun napakakên gusti | ing raka narpadayita | kang mindha alon saure | nora kinapakkên kakang | mapan mung dinukanan | kang dadi panangis ingsun | dene ta tininggal lunga ||

9. iya mring gustinirèki | Sêmar alon aturira | kawula niki kinèngkèn | ing rakanta jêng pangeran | maringkên prasêtyanya | milane rakanta wau | inggih ngesahi kewala ||

10. rawuhipun pramèswari | dene priyayi wanodya | sarta kadang tuwa dhewe | yèn priyoa ingkang prapta | sayêkti katandangan | sanadyan rakanta prabu | ing Ngamarta ingkang prapta ||

11. sayêktine dèn tanggoni | miwah ramanta Cêmpala | bêktaa badhe mantune | ing sabrang Jungkungmardeya | sabalane sadaya | ditya rasêksa myang diyu | dèn kêbaka Madukara ||

12. botên nêdya dèn ginggangi | rangkêpa [rang...]

--- 80 ---

[...kêpa] sayuta ngarsa | tan gumingsir ing prang tanggon | dene lamun tyas paduka | sungkawa dèrèng rêna | botên karsa kinêmaru | lan Dèwi Wara Sumbadra ||

13. sampun sumêlang ing galih | pan inggih samăngsa-măngsa | rakanta ing pambucale | dhasar wus lami dènira | uwas marang kang garwa | botên mada warnanipun | tuhu yèn ayu utama ||

14. nanging winada ing galih | lêngus wani marang priya | kang dados botên condhonge | malah ingkang pangandika | dene ngantos pêputra | satunggal ing dadosipun | papêksan ing galihira ||

15. lamine ngantos samangkin | tinaksihakên kang garwa | pan inggih saking dèrènge | antuk kang condhong ing karsa | ing mangke mung paduka | ingkang dados condhongipun | marma sih anrus ing driya ||

16. Larasati duk miyarsi | ingampêt tyase tan kêna | kadya sinêntak guyune | iku apa nyata kakang | mangkono jêng pangeran | wus uwas mring garwanipun | condhonging [co...]

--- 81 ---

[...ndhonging] tyas mung maringwang ||

17. sih trêsna ing lair batin | Sêmar umatur sêpata | botên watak gawe-gawe | lah ta mangke têtakona | yèn panggihan piyambak | manawi dora tur ulun | Rarasati latah-latah ||

18. gya jinawil saking wuri | mring Dèwi Wara Sumbadra | winisik ing sêsaure | Rarasati sawusira | winisik sigra ngucap | iya kakang yèn satuhu | mêngkono linge jêng pangran ||

19. sih trêsna ing lair batin | nuli sira aturana | sun arsa miyarsa dhewe | pangandikane jêng pangran | Sêmar umatur sagah | inggih pasthi mangke rawuh | tuwan sampun kesah-kesah ||

20. kula turane tumuli | raka paduka jêng pangran | Rarasati lon dêlinge | iya nuli aturana | kakang sira sun ganjar | lah iki sêsupeningsun | mirah rêga sèkêt reyal ||

21. Sêmar gupuh anampèni | mundur sarwi lênggak-lênggak | samarga-marga sasêndhon | Kusuma Wara Sêmbadra | alon dènnya [dè...]

--- 82 ---

[...nnya] ngandika | Rarasati nya sutamu | gawanên ngiwa marana ||

22. ringa-ringana kang bêcik | ing mêngko kalamun prapta | ingsun têmonane dhewe | priyayining Madukara | kaya pa lamun prapta | kang putra tinampan sampun | mring Rarasati ingêmban ||

23. lan Sulastri mundur aglis | ngiwa marang pojok bata | sang rêtna miranti gone | jumênêng sor nagapuspa | lagya tanggal ping tiga | sangandhaping nagasantun | maksih pêtêng tan prêmana ||

24. andulu sawiji-wiji | amung grêmênge katingal | wuwusên wau lampahe | Ki Lurah Sêmar wus prapta | ing ngarsanira radyan | wus katur saaturipun | solah tingkahe dinuta ||

25. dènnya manggihi sang putri | rahadyan suka miyarsa | kaya pa mau dêlênge | rajaputri ing Cêmpala | apa nora sungkawa | Ki Lurah Sêmar umatur | tingale sae kewala ||

26. mila radyan dèn aturi | têdhak soring nagapuspa | kêdah miyarsakkên dhewe | kang dados [da...]

--- 83 ---

[...dos] jangji paduka | mring kula datan arsa | Dananjaya sukèng kalbu | sigra dènira tumêdhak ||

27. lumêbêt ing tamansari | jujug soring nagapuspa | tan taha-taha galihe | wus pasthi Putri Cêmpala | kang jumênêng katingal | anèng soring nagasantun | lajêng pinondhong kewala ||

28. rinungrum ingarih-arih | pan sarwi ingaras-aras | gusti mirah ingsun anggèr | intên-intêne pun kakang | ingkang sawang kumala | apuranên dasihipun | dahat cidra ing ubaya ||

29. marmaningsun anglungani | rawuhe narpadayita | dene ta priyayi wadon | yèn lananga ingkang prapta | aywa ingkang satunggal | sanadyan satusa èwu | dèn kêbaka Madukara ||

30. nora sêdya sun ginggangi | dhuh anggèr pan ora dora | Si Sêmar mau ature | sayêkti lamun saking wang | ngaturakên prasêtya | mring kusuma jiwaningsun | anjanmaa kaping sapta ||

31. tan nêdya mulat dyah malih | ngamungna sang lir kusuma |

--- 84 ---

kang asih marang dasihe | Kusuma Wara Sumbadra | nalikane miyarsa | yèn ingkang raka satuhu | dènnya ngungkurakên trêsna ||

13. Pangkur

1. murup kadya binaranang | datan kêna ingampêt tyasirèki | miyarsa lingirèng kakung | dahat anglês ing driya | lir tinunjêl ing sela tinotog ngalu | pêdhês wêngis wuwusira | dhuh lae wong apa iki ||

2. jumujug prapta angêmban | singa katon tan nganggo dèn tingali | mondhong dudu bedhangipun | sun tan ngrasa sêmayan | rinarêpa manawi mangke kalintu | kula dede bedhang dika | amithing kaya wong gêthing ||

3. angaras nora nganggo was | bok dèn awas wuwuse ngasih-asih | pamuwusnya nguwus-uwus | age dika udhunna | Dananjaya miyarsa kagyat kalangkung | dene têka ingkang garwa | kalangkung ngungun ing galih ||

4. satriya Andananjaya | pan anglênggêr meranging tyas tan sipi | lêngêr-lêngêr sèwu ngungun | sakêthi nora nyana | yèn kang garwa [gar...]

--- 85 ---

[...wa] dhêlêg-dhêlêg joto jêtung | datan kêna angandika | sang rêtna bêngis dènnya ngling ||

5. lah dawêg age ulihna | awak kula mring nagri Dwarawati | prapta kawula rumuhun | apan botên nanêka | mara dhewe soroh badan nubruk-nubruk | ngêbruki wong Madukara | margane dika parani ||

6. ing mangke dika was-uwas | inggih ulihêna kalawan bêcik | sampun mawi nguwus-uwus | sayêkti tanpa tuwas | ngawètakên mring wong lawas bêngus lêngus | dhoso wani marang priya | marma ulihna dèn aglis ||

7. botên nyênyukêri tingal | yèn awèta kawula wontên ngriki | nyênyampuri mring wong agung | karya nisthaning praja | pantês dika kang timbang sayêkti namung | rajaputri ing Cêmpala | bapa raja ibu sori ||

8. botên wontên kang kuciwa | satriya di akrama putri adi | sêmbada bêkti ing kakung | beda lawan kawula | ala rupa têtampikan ora payu | lêngus wani marang priya | tan wruh kanisthanirèki ||

--- 86 ---

9. sumêngka angăngka-ăngka | nistha papa anyèthi mring wong sugih | kaningaya kakang prabu | têka sêsoroh kadang | têmahane mung dèn anggêp raganingsun | bêbutuhan têtambêlan | aji wong narutus wêngi ||

10. langkung garês wuwusira | sang kusuma saking gêrusing galih | ngoso-oso nguwus-uwus | mangundhat ngundhamana | Dananjaya èbêg tyasira kalangkung | miyarsa linge kang garwa | sèwu susah sèwu sêdhih ||

11. angrasa ing lêpatira | langkung saking ngrarêpa ngasih-asih | apuranên biyang kulup | sakèhe luput ingwang | pan wus nyata lamun ingsun sèwu luput | nanging biyang kulup aja | sira trusakên ing galih ||

12. muwus lamis mung sun karya | angenaki atine Si Srikandhi | sakêthia warnanipun | kaya Putri Cêmpala | măngsa dadak kalakona raganingsun | ambuwang kang wus pêputra | rewang ngong sapati urip ||

13. apa kang sira tamakna | yèn nêdyaa cidra prasêtya mami |

--- 87 ---

ing nguni marang sirèku | babêndune jawata | suralaya kabèh nampêga maring sun | manawa duwe panyipta | liya saking sira gusti ||

14. rowang ngong salaralapa | kongsi prapta ing ariloka benjing | têtêpa rèntèng rêruntung | kusuma lawan sira | praptaning don aywa na kang nyondhang-nyandhung | gusti ngamungna lan ingwang | sang rêtna asru ambêkis ||

15. dhuh ewa têmên wak ingwang | amiyarsa wuwus kinarya lamis | lan ewa têmên wak ingsun | mring kang tuhu ubaya | tan kayaa wong alair raganingsun | têtêp mantêp ing prasêtya | mung sêdya utamèng laki ||

16. sanadyan rabia sasra | suka lila ing lair trus ing batin | wus sun sêdya momong maru | narima dadi tuwa | ciptaningsun anjanmaa kaping sèwu | tulusa angèstupada | marang sariranirèki ||

17. tan wruh kinarya butuhan | Dananjaya ngrarêpa ngasih-asih | dadia ndhêg amun-amun | lamun duwea cipta | kêlap-kêlap marang sira biyang kulup [ku...]

--- 88 ---

[...lup] | utawa nganggêp butuhan | lêbura padha saiki ||

18. sang dyah nggabêr saurira | dhuh dhuh adhuh mambu wong tuhu jangji | inggih sukur lae sukur | botên nganggêp butuhan | mring kawula sih trêsna anrus ing kalbu | kula inggih tur prasêtya | sanadyan nèng Dwarawati ||

19. botên ginggang ing panyipta | gèn kawula marêkan anyênyèthi | marang paduka wong agung | pisah ngriki kewala | ing dêlahan têtêpa sariraningsun | angèstupada paduka | wus narima lair batin ||

20. amomong anak papêksan | nanging sampun nunggil wontên ing ngriki | karya nistha mring wong agung | inggih benjang kewala | nèng dêlahan maksiha karsa maring sun | anganggêp cèci[20] butuhan | Dananjaya duk miyarsi ||

21. aturing garwa mangkana | ngêrês-êrês tur anggarês tan sipi | sangsaya ribêng tyasipun | arum dènnya ngandika | dhuh bok aja mangkono ta biyang kulup | yèn kongsia sira tinggal | baya wurung wong ||

--- 89 ---

wak mami ||

22. marang ngêndi paranira | aja ingkang marang ing Dwarawati | lumêbua gêni murub | ambyur têlêng samodra | ingsun măngsa kèria sayêkti milu | kusuma saparanira | marang ngêndi sun tut wuri ||

23. mati urip aja pisah | marang sira Dananjaya mrêpêki | kang garwa arsa sinambut | nanging sampun prayitna | pinarpêkan mundur lajêng dènnya kundur | Sang Parta maksih tut wuntat | sang dyah nguwuh Rarasati ||

24. hèh Rarasati prènèkna | sutanira ingsun bane pribadi | putra ingaturkên sampun | ngêmban sarwi lumampah | pan ingoso-oso radyan asru muwun | Dananjaya angandika | kene kulup mèlu mami ||

25. lah biyang kulup prènèkna | ingsun bane dimène mari nangis | sang dyah wêngis aturipun | lae anak papêksan | arsa dimban mring wong agung mênèk nguyuh | wontên ngêmbanan paduka | măngsa wandea binanting ||

26. lah ta dene iki bocah | nèng

--- 90 ---

êmbanan dadak nganggo anangis | sun kapakake sirèku | kaya wong dèn la-êla | ngadi-adi angudi angadu-adu | bayi dadimu papêksan | bok iya sing lara ati ||

27. wus manjing dalêm sang rêtna | miwah Rarasati lawan Sulastri | sang dyah dènnya nutup pintu | ingantêp lir pêcaha | wus kinancing Dananjaya kèndêl mangu | myarsa tangise kang putra | cinêblèkan jêrit-jêrit ||

28. bingung tyasira Sang Parta | sigra wangsul Sêmar tibaning runtik | Lurah Sêmar kang kawuwus | marang ing warung jajan | sêsupene mirah kang kinarya urup | sêkul lawan pêpanganan | Bagong anggung dèn pêpengin ||

29. dènnya linggih têngah lawang | ambrêgagah sêgane dèn kakahi | diwit-iwit dènnya muluk | lamun wus sapulukan | nulya kèndêl nyawang pêpangananipun | kapundhung kuwèni năngka | Bagong anggung angrêrintih ||

30. dhuh ki rama bok iyaa | aku jaluk sêga iwak sathithik | lah măngsa êntèka iku [i...]

--- 91 ---

[...ku] | sêmono sira pangan | eman-eman dadi wadhang mêsthi mambu | rama angur ngong pangana | Sêmar jêngèk anauri ||

31. lah ambunên tanganira | mambu apa têka sae si anjing | jaluk sêga arsa muluk | dudu sêga jalukan | sira jaluk dene têka enak-enuk | si punuk datanpa ngrasa | mundura ja ngraregoni ||

14. Durma

1. Bagong mêksa ngrarêpa panjalukira | Sêmar tansah mamengin | Dananjaya prapta | ngadêg nèng wurinira | sinêndhal kuncungirèki | tiba kalumah | lajêng dèn uncit-uncit ||

2. ginitikan gupuh angrungkêpi pada | sêgane kocar-kacir | panganane wutah | Bagong suka alatah | panganane dèn kukupi | sêga wus wutah | kèlês awor lan siti ||

3. cikrak-cikrak Bagong sarwi amêmangan | impènku mau bêngi | tinêmune baya | katone mangan tinja | năngka madu baya iki | lêgi lir gula | Sêmar nangis anglirik ||

4. Bagong

--- 92 ---

ngèngèhana nangkane kewala | Bagong gumuyu bêlik | iki pêlêm gănda | lêgi wangi kalintang | Sêmar jêlèh dènnya nangis | pêlême gănda | ngèngèhana sathithik ||

5. Bagong nyêntak dene kobêre si gêrang | nangis akon ngèngèhi | pêlêm lawan năngka | gusti niku si murka | sudhètên wêtênge aglis | atine ala | kumêde nglêliwati ||

6. iya Bagong patine mêngko kewala | sun laranane dhingin | dosane wus katrap | gawe sakêthi wirang | iya marang awak mami | urip karya pa | wus sêdhêng dèn patèni ||

7. Sêmar myarsa kèndêl dènira karuna | ngrarêpa matur aris | nggih mangke bêndara | sanadyan patènana | dika tuduhake dhingin | dosa kawula | Dananjaya ngling wêngis ||

8. pagenea sira ngloropakên ingwang | mau tuturirèki | putri ing Cêmpala | anèng sor nagapuspa | iya gone angêntèni | banjur sun êmban | ngandêl marang sirèki [si...]

--- 93 ---

[...rèki] ||

9. dene têka jêbul biyang kulup ika | nêpsune nglêliwati | si kulup pinala | malahi karsa lunga | mulih marang Dwarawati | margane sira | kang gawe dosèng mami ||

10. liwat karya sèwu sêdhih sèwu wirang | Sêmar duk amiyarsi | andikane radyan | matur sarwi karuna | yèn puniku dosa mami | amung tinarka | ngloropakên ing gusti ||

11. wong wus tuwa cadhok duwe lara mata | wus pêtêng wayahnèki | pantês kalirua | saking nora waspada | balikan paduka gusti | kaya wong tuwa | andadak tumut pangling ||

12. nadyan silih nora awas saking tuwa | saking pêtêng wus wêngi | dene wus dèn êmban | têka botên angrasa | grayange pasthi katawis | măngsa panglinga | mring garwane pribadi ||

13. Dananjaya mèsêm aris angandika | kakang Sêmar ya uwis | bênêr saking sira | ingsun kang kaluputan | Sêmar anjrit nibèng siti | agêgulungan | saya sru dènnya nangis [na...]

--- 94 ---

[...ngis] ||

14. sarwi ngundhat-undhat ngundhamana ingkang | wus seda nguni-uni | adhuh gustiningwang | ya Sang Manumanasa | Bagawan Sakutrêm Sakri | Sang Parikênan | Rêsi Palasara Ji ||

15. gustiningsun Prabu Pandhu Dewanata | kang asih marang dasih | gusti tingalana | dasihe kawlasarsa | sabên dina dèn gitiki | mring putra dika | kula tan sagêt kari ||

16. inggih pintên turunan pamomong kula | dèrèng nate nglampahi | katibanan sada | ingugung dèn la-êla | lamun turu dèn kêbuti | lamun lêlungan | saparan dèn payungi ||

17. pêpanganan apa sadoyanan ingwang | tinêkan dèn tutugi | ing mangke tinilar | kinèn momong kang putra | kêrênge anglêliwati | anggung pinala | age gawanên mami ||

18. botên bisa momong dhatêng putra dika | Sang Parta ngrês ing galih | wis kakang mênênga | nya iki tampanana | sêsupeningsun hèr thathit | satus rêganya | sun paringkên sirèki ||

--- 95 ---

19. Lurah Sêmar nampèni maksih karuna | măngsa mênênga mami | yèn panganan ingwang | durung bali maringwang | Dananjaya ngandika ris | Bagong balèkna | besuk ingsun lironi ||

20. Bagong matur sampun têlas kula pangan | Sêmar matur saryanjrit | maksih kula ninga | kinandhut kantun năngka | Bagong wuwuse macicil | edan si picak | têka maksih udani ||

21. năngka kari sathithik anèng kandhutan | binalangakên aglis | Sêmar lênggak-lênggak | sawi[21] amangan năngka | Dananjaya ngandika ris | lah payo kakang | sira dandana aglis ||

22. anututi marang putri ing Cêmpala | kakang panduga mami | wus suwe dènira | lunga têka ing taman | putri lumaku pribadi | watir manawa | nêmu pakewuh margi ||

23. Sêmar Bagong umatur dawêk dèn enggal | Dananjaya nulya glis | minggah yasakambang | ningali sanjatanya | Dhêdhali datan kaèksi | sampun anduga | yèn binêkta sang putri ||

--- 96 ---

24. dadya mundhut sanjata Ki Sarotama | sampun binêkta mijil | lajêng lampahira | satriya Dananjaya | Sêmar Bagong atut wuri | radyan amatak | pagandan wruh ing margi ||

25. ingkang kambah marang putri ing Cêmpala | Rêtna Wara Srikandhi | kunêng kang winarna | Rajaputri Cêmpala | Kusuma Wara Srikandhi | wus byar raina | prapta madyèng wanadri ||

26. anêrajang barisanira rasêksa | têtindhihnya bupati | Wil Kalapradêksa | Ditya Paranggubarja | kagyat non putri lumaris | datanpa rowang | warnanira lir sasi ||

27. wus anduga lamun putri ing Cêmpala | matag wadyanira glis | ngêpung amêlawang | sigra Kalapradêksa | marpêki marang sang putri | arsa têtanya | sang dyah mênthang jêmparing ||

28. Wil Pradêksa kèndêl mangu lampahira | têtanya saking têbih | hèh sintên paduka | lumampah tanpa rowang | wanodya kaliwat luwih | tan wruh ing samar | lêlaku nèng wanadri ||

29. Rêtna [Rê...]

--- 97 ---

[...tna] Wara Srikandhi aris saurnya | aja tambuh sirèki | sun Putri Cêmpala | Wil Pradêgsa miyarsa | sukèng tyas asru turnèki | dhuh gustiningwang | bêgja têmên sun iki ||

30. pan kawula abdine raka paduka | Paranggubarja nagri | Sri Jungkungmardeya | dinuta angupaya | ing gusti sang rajaputri | mangke kapanggya | samadyaning wanadri ||

31. lah suwawi paduka kawula bêkta | mring Sawojajar gusti | nitiha jêmpana | sang dyah rêngu ngandika | lah apa ucapirèki | arsa anggawa | marang sarira mami ||

32. dene ngenak-enak wuwuse gumampang | mbasakkên raka aji | hèh buta lungaa | aja nèng ngarsaningwang | yèn sira nora lunga glis | yêkti sun panah | Wil Pradêgsa miyarsi ||

33. latah-latah sarwi ngungalakên jaja | dawêg gusti dèn aglis | paduka tibakna | abdine titir tatal | dinadar ing rakanta ji | gêrèt lumêpas | Dhêdhali kadya thathit ||

34. Wil Pradêksa kacundhuk janggane

--- 98 ---

pagas | gumêbruk tibèng siti | wadyanya tumingal | yèn punggawane pêjah | gumuruh sarêng dènnya ngrik | mara kumêrab | sêdyambyuk angêbyuki ||

35. ingkang anèng ngarsa kèh rampas kapapas | ing sanjata Dhêdhali | kaparêng praptanya | satriya Dananjaya | kagyat mulat ing sang putri | rinêbut ing prang | ditya lawan ing jurit ||

36. sang kusuma tan ewah saking gènira | têtêg tatag tarampil | pêsating sanjata | Dhêdhali nêngên ngiwa | mangarsa sungsun ngênèni | ditya kèh pêjah | tuhu putri prajurit ||

37. Dananjaya nguculakên sarutama | mêtu muntap nampêki | ing ditya wus sirna | sang dyah ngungun tumingal | sirnane mungsuhirèki | saking sanjata | nyambêri kadya pêksi ||

15. Dhandhanggula

1. sang kusuma nolih marang wuri | aningali yèn Sang Dananjaya | ingkang nglêpasi panahe | mawa lar kadya manuk | sang kusuma ewa ningali | kagagas meranging tyas | lajêng lampahipun | Sang Parta

--- 99 ---

maksih tut wuntat | saking têbih datan arsa amarpêki | lamun cêlak lampahnya ||

2. sang kusuma gya mêndhang jêmparing | dadya Sang Parta nêbih kewala | ngêtutakên saparane | cinêndhak lampahipun | sang kusuma pan sampun prapti | nagari ing Cêmpala | Dananjaya wangsul | anèng sajabaning kitha | de sang rêtna wus manjing jroning nagari | ilang kuwatiring tyas ||

3. tan winarna solahirèng margi | Dananjaya cinatur wus prapta | ing Madukara lampahe | ningali garwanipun | maksih sangêt rênguning galih | tan kêna pinarpêkan | dadya siyang dalu | anèng pandhapa kewala | pan anganti lilihe garwanirèki | kunêng gantya winarna ||

4. sakundure Kusuma Drupadi | saking Madukara sru sungkawa | anggung ginagas galihe | kang rayi solahipun | dahat merang marang ing laki | datan arsa matura | ing raka sang prabu | antara ing catur dina | Prabu Yudhisthira garjita ing galih | kang garwa sungkawanya ||

--- 100 ---

5. dadya nikèn êmban dèn timbali | pan dinangu kang dadya puwanya[22] | ingkang garwa sungkawane | nikèn ban aturipun | amiwiti malah mêkasi | nalika têdhakira | anilipkên laku | dhatêng Madukara duka | mring kang rayi Kusuma Wara Srikandhi | anèng taman pinala ||

6. Prabu Yudhisthira duk miyarsi | turing êmban langkung dukanira | sang prabu nimbali age | Radyan Nakula sampun | praptèng ngabyantara narpati | asru dènnya ngandika | Nakula dèn gupuh | timbalana kakangira | Madukara sabojone aja kari | lan sabocahe pisan ||

7. watês lurah sapandhuwur yayi | aja kari kabèh timbalana | Nakula sandika ture | mijil saking kadhatun | radèn laju lampahirèki | marang ing Madukara | kang umiring namung | panakawan kalih wêlas | tan kawarna ing marga pan sampun prapti | nênggih ing Madukara ||

8. manjing regol Nakula ningali | mring kang raka lênggah ing pandhapa | ndhakukul ngrangkul jêngkune [jêngku...]

--- 101 ---

[...ne] | Sêmar Bagong nèng ngayun | lan Sucitra kang datan têbih | sigra Radèn Nakula | mring raka tumundhuk | Sang Parta kagyat tumingal | mudhar asta kang rayi wus kinèn linggih | Nakula matur nêmbah ||

9. dhuh kakangmas punapa prihatin | lênguk-lênguk lênggah nèng pandhapa | sarwi angrangkul jêngkune | punapa grah pukulun | lir gagêtun tingalirèki | Dananjaya ngandika | yayi ora angluh | prihatin yayi ya ora | amung rada krêkês-krêkês awak mami | mau bêngi wiwitnya ||

10. Dyan Nakula nêmbah matur aris | dhuh kakang mas kawula dinuta | paduka ngandikan age | dening raka sang prabu | pan sadaya ayya na kèri | para mantri lan lurah | ing timbalanipun | lan abdi sagarwa putra | iya yayi dene gonira nimbali | sarta lan bakyunira ||

11. bocah namung lurah para mantri | iya yayi ingkang tinimbalan | apa kang dadi karsane | Nakula nêmbah matur | kangmas kula botên udani | kang dados [dado...]

--- 102 ---

[...s] karsanira | rakanta sang prabu | ananging dènira dhawah | tingalipun kakang mas kalangkung runtik | Dananjaya ngandika ||

12. ya sandika yayi atur mami | nanging bakyumu măngsa bodhoa | yayi dhawuhana dhewe | Nakula nêmbah matur | mila kangmas têka nyelaki | mring kangbok paran ingkang | dados wadosipun | kang raka mèsêm ngandika | satêmêne ingsun lagi padu yayi | iya lan bakyunira ||

13. kongsi mêngko maksih muring-muring | mulane sun wêdi katêmua | Nakula latah guyune | wau kumbi kalangkung | botên ngakên lamun prihatin | mangke têmah prasaja | lamun lagya padu | inggih kawula piyambak | kang ndhawuhna timbalane sri bupati | paduka siyogoa ||

14. iya yayi matura pribadi | lan bakyumu wuri sun siyaga | Nakula tur sêmbah lèngsèr | lumêbèng dalêm agung | panggih lawan sang rajaputri | wus tata samya lênggah | Nakula umatur | kakang bok kula dinuta | inggih dhatêng raka paduka [padu...]

--- 103 ---

[...ka] sang aji | paduka tinimbalan ||

15. asarênga lan salampah mami | Rêtna Wara Sumbadra ngandika | yayi apa ingsun dhewe | tinimbalan sang prabu | Dyan Nakula umatur aris | raka paduka kangmas | inggih botên kantun | saabdine tinimbalan | ingkang nama lurah miwah para mantri | dhuh kangbok ulun tanya ||

16. dene kangmas sangêt dènira jrih | andhawuhi dhatêng ing paduka | kula kinèn panggih dhewe | punapa wadosipun | sang dyah mèsêm dènnya nauri | kangmasmu lagi duka | marang raganingsun | mbuh kang dadi luput ingwang | wus sapasar dènnya tan sudi kapanggih | iya lan raganingwang ||

17. sru gumuyu Nakula miyarsi | padha bae jaba ya mangkana | kakang mas ing pangakune | lagya sinêrêng bêndu | mring kakang bok wêdine panggih | gumêr sagung pawongan | sang dyah ngandika rum | lah iya yayi sumăngga | ingsun dandan antinên nèng jaba dhingin | Nakula nulya mêdal ||

18. Dananjaya sampun [sampu...]

--- 104 ---

[...n] marentahi | mring Sucitra saosa jêmpana | sarta lawan jajarane | sadaya samakta wus | kawan dasa kang para mantri | sêlawe para lurah | andhèr ngarsanipun | Kusuma Wara Sumbadra | nulya mêdal ginarêbêg para cèthi | sampun nitih jêmpana ||

19. Rarasati kalawan Sulastri | ingkang nunggil anèng ing jêmpana | radèn putra sakawane | binudhalkên rumuhun | kawan dasa ingkang jajari | wong kaputrèn sadaya | upacaranipun | nunggil sagunging pawongan | Dananjaya dharat anèng wuri têbih | lawan saabdènira ||

20. kawan dasa ingkang para mantri | lurah salawe dharat sadaya | mêlas asih ing lampahe | songsonge maksih mingkup | miwah upacara tan mawi | nadyan Radèn Nakula | lan abdi kang nusul | belani dharat sadaya | sampun prapta Ngamarta sang rajaputri | lajêng manjing jro pura ||

21. Dananjaya kèndêl sri manganti | lajêng ingêrès sabalanira | pinundhut kêrise kabèh [ka...]

--- 105 ---

[...bèh] | orêg sapraja ngrungu | ing dukane sri narapati | mring kang rayi tan ana | wruh ing purwanipun | Wrêkodhara datan kêna | tumutura miyat dukane raka ji | dadya kèndêl kewala ||

22. Gathutkaca tinimbalan prapti | ing Ngamarta lan sabalanira | langkung sami sungkawane | datan kenging kapangguh | mring kang paman dipun awêri | santana para putra | sadaya tan sinung | pêpanggih lawan Sang Parta | dadya sanagara wuyungan gung alit | kunêng gantya winarna ||

23. nênggih Sang Aprabu Dwarawati | dahat onêng mring Nata pandhawa | wus budhal saking prajane | nitih rata sang prabu | Arya Wrêsniwira kang ngiring | Radèn Sămba pinatah | lan Udawa sampun | kantun nagri tan kawarna | lampahira Sang Aprabu Harimurti | praptèng nagri Ngamarta ||

24. Prabu Darmaputra sigra mijil | saking pura mêthuk ingkang raka | lan para ri sadayane | paglaran tundhukipun | nêng-onêngan sang prabu kalih | prasami rêrangkulan | sawusira laju | lumampah kêkanthèn [kê...]

--- [106] ---

[...kanthèn] asta | Prabu Padmanaba mèsêm aningali | kang anèng sri mangantya ||

25. Dananjaya sawadyanirèki | kinênthêngan tan ana dhuwungan | sampun kadugi ing tyase | wus rawuh jro kadhatun | tata lênggah sang prabu kalih | Wrêkodhara tan têbah | munggèng ngarsanipun | miwah Nakula Sadewa | Wrêsniwira lênggah lan Sang Bimasiwi | Sang Prabu Darmaputra ||

26. sangêt noraga aturirèki | dhuh pukulun sami karaharjan | kang tinilar sadayane | garwa utawi sunu | Nata Krêsna umatur aris | inggih sami raharja | sadaya kang kantun | ingkang wontên ing Ngamarta | kadang kula sadaya sami basuki | tan wontên manggih brănta ||

16. Asmaradana

1. Sri Yudhisthira turnya ris | pan inggih sami raharja | rayi tuwan sadayane | Sri Maha Narendra Krêsna | alon dènnya ngandika | tingal kula yayi prabu | punika kirang satunggal ||

2. ki ipe botên kaèksi | Sri Yudhisthira turira | inggih sawêk kula êrès |

--- 107 ---

punika nèng sri mangantya | sarencangipun samya | Narendra Krêsna gumuyu | punapa ta dosanira ||

3. dene ta kantos amanggih | dêdukane yayi nata | Sri Yudhisthira ature | dosanipun katamuan | rayi tuwan Cêmpala | pun Srikandhi dhatêngipun | pan sampun samadya căndra ||

4. botên mawi tur udani | inggih dhumatêng kawula | pun Srikandhi ing dhatênge | rama paduka Cêmpala | sampun paring uninga | pun Srikandhi kesahipun | ing dalu nis saking pura ||

5. kang dados purwanirèki | linamar ratu ing sabrang | pinêksa sangêt lumuhe | têmah kesah saking pura | ing dalu tan winarna | kantos samangke pukulun | ratu ing Paranggubarja ||

6. sabalane tugur maksih | kêkuwu nèng Sawojajar | angantosi pinanggihe | balane samya sinêbar | tuwin wadya Cêmpala | sadaya prasamya ngruruh | datan wruh nèng Madukara ||

7. wartinya guru jêmparing | dhumatêng pun Dananjaya [Da...]

--- 108 ---

[...nanjaya] | ingkang ginumyahkên ngakèh | pun Janaka tapa nendra | wontên ing tamanira | mila kawula sru bêndu | sagêdipun kawuningan ||

8. rayi tuwan pun Drupadi | anglampahakên panuksma | wus nyata tinêkan dhewe | dhatêng taman Madukara | pun Srikandhi pinala | mangkya tambuh purugipun | saking taman sampun kesah ||

9. Sang Aprabu Harimurti | api ngungun galihira | sarwi sidhakêp astane | dangu wusana ngandika | inggih sêdhêng kewala | dêdukane yayi prabu | sêmantên ing lêpatira ||

10. karya susah karya sêdhih | mring rama aji Cêmpala | myang yayi prabu wusdene | akarya sakêthi tiwas | rama Prabu Cêmpala | ing batin panutuhipun | inggih dhatêng yayi nata ||

11. lah ing mangke kadospundi | lajêngipun ri paduka | ingkang dados patrapane | Wrêkodhara nambung sabda | iku patrapanira | yèn bêcike pikir iku | banjur dhinaupna pisan ||

12. lanang wadone wus dadi | sênênge [sênêng...]

--- 109 --

[...e] atine padha | apa kang pinikir manèh | dene lamun ana gugat | têka nagri Cêmpala | aja na kang milu-milu | ingsun dhewe wus kaduga ||

13. mangsuli gugatirèki | lanangane nora ngundang | wadone kang têka dhewe | lah ta patrapane apa | liyane pinanggihna | lamun kudu jaluk ukum | ya wadone dèn ukuma ||

14. gumujêng Sri Harimurti | bênêr yèn pikir wong jaba | kang kaya padumu kuwe | yèn yayi Prabu Ngamarta | lan rama ji Cêmpala | sayêkti yèn ora patut | padu amasang drigama ||

15. Sri Yudhisthira turnya ris | pukulun kula sumăngga | ingkang dados patrapane | kukum pêjah miwah gêsang | kawula nut ing karsa | Narendra Krêsna umatur | yayi prabu yèn kawula ||

16. sae aturna tumuli | pun Janaka mring Cêmpala | sumanggakna sadosane | pinêjahan ginêsangan | sumanggakna kewala | ing ramanta sang aprabu | katingal taklim paduka ||

17. mring wong

--- 110 ---

tuwa tur samya ji | kawula purun dinuta | mring Cêmpala masrahake | Sang Aprabu Yudhisthira | ndhêku anêkêm sirah | kawula anut ing tuduh | sih palimarma paduka ||

18. pan inggih sèwu kapundhi | Narendra Krêsna ngandika | yayi Wrêkodhara kowe | ingsun gawa ing Cêmpala | lawan Si Gathutkaca | padha dèn samêktèng laku | karana nagri Cêmpala ||

19. ana isine samangkin | ratu têka tanah sabrang | aja gêgampang pênggawe | ewuha yèn dudu băngsa | Wrêkodhara saurnya | wus pasthi yèn ingsun milu | iya lan Si Gathutkaca ||

20. bibar kang samya tinangkil | sang prabu wus manjing pura | lan Prabu Padmanabane | kalihe kêkanthèn asta | ya ta paseban jaba | sadaya wus sinung dhawuh | marang nagari Cêmpala ||

21. lan kang putra Pringgadani | prasamya siyaga bala | mung nyèwu pilihan bae | satriya Andananjaya | pan sampun dhinawuhan | ingaturkên badhenipun | mring nagri Cêmpalarêja [Cêmpa...]

--- 111 ---

[...larêja] ||

22. linilan ambêkta dasih | sakapraboning ayuda | wadya pêpilihan bae | gangsal atus kathahira | prajurit Madukara | kajawi pra mantrinipun | lawan ingkang para lurah ||

23. prasamya trahing wira di | bagus-bagus warnanira | usrêk anata barise | wau sang prabu kalihnya | ingkang lumêbèng pura | wus prapta jroning kadhatun | tumundhuk wau kang garwa ||

24. Kusuma Wara Drupadi | ngabêkti mring Nata Krêsna | Wara Sumbadra wusdene | ngaras padane kang raka | sarwi gumujêng suka | lah puniki yayi prabu | rabine tiyang dêdosan ||

25. punopoa wontên ngriki | bojone kênèng patrapan | wajib lawan saanake | tumuta dados boyongan | matur Sri Yudhisthira | kawula jêng kaka prabu | kang nuwunkên pangaksama ||

26. sawêg rencang lare alit | adamêl susahing marga | ing lampah kathah repote | gumujêng Narendra Krêsna | panuju Si Sumbadra |

--- 112 ---

dèn maklumi yayi prabu | yèn kongsia milu sira ||

27. boyongan wajib kinardi | padang nutu sabên dina | yêkti yèn pêdhot boyoke | gumêr kang sami miyarsa | ing timbalan Sri Krêsna | Wara Sumbadra tumungkul | ngandika Sri Padmanaba ||

28. punika pun Rarasati | inggih prayogi tumuta | umiringakên gustine | wontêna kang ngladosana | kaping kalih kinarya | athungan boyongan patut | ingkang rayi tur sumăngga ||

29. kunêng salêbêting puri | ingkang samya pagujêngan | sadalu tan wontên sare | enjang pan sampun samêkta | ingkang siyaga wadya | sakapraboning prang pupuh | Radèn Arya Gathutkaca ||

30. kang pinatah manganjuri | lan sèwu wadya rasêksa | Pringgadani salamine | sabên seba mring Ngamarta | sira Radèn Guritna | amung bêkta wadya sèwu | liyane mantri punggawa ||

31. datan arsa anglangkungi | lan balane ingkang rama | amung sèwu prajurite | mung kala pangarakira | kang paman Madukara [Ma...]

--- 113 ---

[...dukara] | mring Dwarawati rumuhun | bêkta rong èwu balanya ||

32. dèn nyana wus pasthi dadi | sêsungut prang lan Kurawa | nèng Dwarawati rarêmpon | wau sadaya kang samya | samêkta wadyabala | sakapraboning prang pupuh | tan pisah golonganira ||

17. Kinanthi

1. budhal kang wadya panganjur | satriya ing Pringgadani | lan sawadyabalanira | sakapraboning ajurit | sèwu ditya pêpilihan | gumuruh lampahing margi ||

2. wurine manèh sumambung | wadyabala Jodhipati | sèwu pamuking ayuda | dharat samya mandhi bindi | siji tan ana wahana | gustine nindhihi wuri ||

3. dharat amandhi gada gung | singga prabata lumaris | lumakua marga jurang | alas gunung pèrèng kali | sukane dharat kewala | wong agung ing Jodhipati ||

4. lampahing bala gumrêgut | ingkang sumambung ing wuri | wadyabala Madukara | gangsal atus busana sri | sakapraboning ayuda | kawan dasa para mantri ||

--- 114 ---

5. anom-anom bagus-bagus | sadaya trahing wira di | prasamya wahana kuda | ngiwa gandhewane sami | sarempang endhong sinandhang | Patih Sucitra nindhihi ||

6. adhangah sarwi pêpayung | anitih turăngga putih | ingkang sumambung ing wuntat | wadyabala Dwarawati | sèwu sakapraboning prang | têtindhih Arya Sêtyaki ||

7. Prabu Padmanaba pungkur | nitih rata manik wilis | kumêlab maniking toya | Prabu Yudhisthira nunggil | lan satriya Dananjaya | kapat Nikèn Rarasati ||

8. ngampil pakêcohanipun | sumrêk lampahirèng baris | prapta sajabaning kitha | wangsul Sang Yudhisthira ji | pangatêre ingkang raka | wus ungkur-ungkuran sami ||

9. kunêng marga lampahipun | cinêndhak pan sampun prapti | nênggih nagari Cêmpala | orêg sapraja miyarsi | Rahadèn Trusthadyumêna | kang tinuduh ing rama ji ||

10. mêthuk marang rawuhipun | sang prabu ing Dwarawati | tundhuk sajawining kitha | ingaturan [ing...]

--- 115 ---

[...aturan] laju sami | manjing nagari sadaya | lumirit manjing ing baris ||

11. Sang Prabu Drupada sampun | mijil marang păncaniti | wau Sri Narendra Krêsna | sawadyabalanirèki | ing alun-alun wus prapta | têdhak saking rata manik ||

12. lan ingkang paman wus tundhuk | cinandhak astanirèki | binêkta lênggah sang nata | munggèng ing dhêdhampar sami | pra putra aglar ing ngarsa | Wrêkodhara munggèng kering ||

13. Sri Drupada ngandika rum | kawula botên angimpi | inggih kalamun tamuan | anak Prabu Dwarawati | guguping manah wor lawan | marwata suta tan sipi ||

14. cipta kawula satuhu | sasat Sang Hyang Otipati | kang tumêdhak mring Cêmpala | mring pun bapa nugrahani | punapa sami raharja | ingkang tinilar ing wiking[23] ||

15. Narendra Krêsna andhêku | pan inggih sami basuki | paman aji lampah kula | mring Cêmpala pan tinuding | lan putra tuwan Ngamarta | ngaturkên lêpatirèki ||

16. pun Dananjaya [Da...]

--- 116 ---

[...nanjaya] pukulun | dipun têlasi pribadi | dene sangêt dènnya karya | saru-saruning nagari | pocapan kang tan sayogya | kapyarsa ing kanan kering ||

17. mèh langkung samadya tèngsu | kadhatêngan pun Srikandhi | bok inggih darbe pangrasa | sanadyan kadang jêr èstri | sêmbadane maksih kênya | tunggilan samadya sasi ||

18. eca-eca manahipun | tan mawi atur udani | sanadyan silih wontêna | karyane guru jêmparing | bok inggih darbe pangrasa | yèn saru tinon ing nagri ||

19. mila sangêt dukanipun | wus supe kadang sayêkti | kawula kang sangêt ngampah | sanadyan prapta ing pati | wajibe saking jêng paman | inggih ingkang amatrapi ||

20. yèn wontên karsa pukulun | sampun sumêlang ing galih | putranta pun Wrêkodhara | ingkang anguntapna pati | mring arine pun Janaka | nèng ngarsane paman aji ||

21. Sang Prabu Drupada jêtung | miyarsa aturirèki | kang putra Sri Padmanaba |

--- 117 ---

tyasira kadya jinait | ngrarêpa dènnya ngandika | dhuh sutèngong Dwarawati ||

22. sakêthi panrimaningsun | ing sêtyanira kang rayi | Ngamarta Sri Yudhisthira | pangraos kula ing ngriki | apan dede pun Janaka | awit saking pun Srikandhi ||

23. ingkang lêpat solahipun | ananging ta kadospundi | lamun botên pinupusa | rèhning kalihira sami | wus samya sênênging driya | sayêktosipun samangkin ||

24. wontên taman siyang dalu | dènira lesan jêmparing | kawula dèrèng kapanggya | mung ibune kang wus panggih | ing mangke karsa kawula | yèn anak prabu jurungi ||

25. pun Dananjaya puniku | lan arine Si Srikandhi | lajênga ing dhaupira | Narendra Krêsna miyarsi | lingira Natèng Cêmpala | langkung cumêplong ing galih ||

26. umatur sèwu jumurung | ing karsane paman aji | lajênga ing dhaupira | pan botên bêbadhe malih | wus samya sênênging driya | Sri Drupada ngandika [ngandi...]

--- 118 ---

[...ka] ris ||

27. yèn paduka wus jumurung | balikan sri narapati | ing sabrang Jungkungmardeya | paran ta karsane mangkin | puniku măngsa wandea | gitik prang saking ing wuri ||

18. Pangkur

1. Wrêkodhara duk miyarsa | langkung suka asru dènira angling | yèn iku bubuhan ingsun | dadine ing ayuda | sira kabèh aja na kang milu-milu | bakal pangantèn lan sira | Krêsna aja mèlu jurit ||

2. karia sabalanira | nèng jro pura sun dhewe kang mêtoni | mungsuh sabrang krodhanipun | amung Si Wrêsniwira | lan Si Gathutkaca ingkang ingsun jaluk | wis kabèh padha karia | sun mêtu sadina iki ||

3. Sri Narapati Cêmpala | angandika kulup asoa dhingin | maksih sayah sabalamu | besuk esuk kewala | Radèn Wrêkodhara asru sauripun | tyas ingsun wus nora kêna | kudu ing sadina iki ||

4. Narendra Krêsna ngandika | lah ta yayi iya dèn ngati-ati | luwih abot mungsuh [mung...]

--- 119 ---

[...suh] iku | Wrêkodhara lingira | iya namung pangèstunira sun jaluk | wis kabèh padha karia | Wrêkodhara mêsat aglis ||

5. lawan Radèn Gathutkaca | Wrêsniwira sawadyanira sami | têngara budhal gumuruh | jêngkar Natèng Cêmpala | manjing pura Prabu Padmanaba sampun | ingaturan masanggrahan | sawadyabalanirèki ||

6. myang satriya Dananjaya | sawadyane sampun makuwon sami | kunêng gantya kang winuwus | Prabu Jungkungmardeya | kang kêkuwu lan sawadyabalanipun | masanggrahan Sawojajar | pan sampun miyarsa warti ||

7. saking ki patih turira | lamun Putri Cêmpala sampun prapti | Wara Srikandhi sang ayu | ing nguni kesahira | dhatêng Madukara sang dyah anggêguru | mring satriya Dananjaya | pangawasaning jêmparing ||

8. ing mangke rama paduka | katamuan Sang Prabu Dwarawati | sakapraboning prang pupuh | bêkta pun Dananjaya | Rêtna Wara Srikandhi ingkang dèn suwun | sagah mêngsah ing samăngsa |

--- 120 ---

ing prang lawan paduka ji ||

9. natèng sabrang duk miyarsa | sru gumujêng bapa aywa kuwatir | dhasare ing karsaningsun | nglamar Putri Cêmpala | maro gawe lêlana andon prang pupuh | ingkang aran Si Janaka | miwah Ratu Dwarawati ||

10. apa baya gunaning prang | dene saguh ngayoni marang mami | lagya ngandika sang prabu | kagyat ing praptanira | bala buta ingkang ingutus rumuhun | ngupaya Putri Cêmpala | prapta mung tigang bupati ||

11. ingkang sapunggawa pêjah | sabalane tumpês tan ana kari | aprang wontên ing wana gung | lawan Radèn Janaka | Rajaputri Cêmpala ingkang dèn rêbut | wontên malih tur uninga | wadya kang pacalang baris ||

12. yèn wontên dêdamêl prapta | arsa gitik aprang paduka gusti | kawarti sêrayanipun | sang prabu ing Cêmpala | akêkirab barise sampun lumurug | saking nagari Ngamarta | satriya ing Jodhipati ||

13. lawan Radèn Gathutkaca | mawa bala ditya lir paduka ji | sang prabu ngandika

--- 121 ---

asru | payo bapa papagna | ing ayuda sun tontone saking pungkur | prajurit ing tanah Jawa | apa gunaning ajurit ||

14. ki patih matur sandika | nêmbah mundur sapraptanirèng jawi | nêmbang têngara gumuruh | sagunging pra dipatya | katgadèng tyas sawadyanira gumrêgut | bala ditya kang kinarya | manggala panganjur jurit ||

15. budhal wil catur punggawa | saha bala gumuruh gêgirisi | ing wuri budhal kumrutug | sagung bala manungsa | pra dipati sagolong sajuru-juru | tumundhung matundha-tundha | asri kapraboning jurit ||

16. nawung sunare baskara | sênggani lan kyèhning busana rugmi | ting paluncar ting palancur | Prabu Jungkungmardeya | nitih rata nawa rêtna ting palancur | wuri ginarbêg ing wadya | ya ta wau kang winarni ||

17. pangarsa bala raksasa | kèndêl dening mêngsah sampun kaèksi | saking jro kitha ambrubul | tan pae lawan rowang | tur uninga kyana patih duk andulu | mulat mungsuhe kang prapta |

--- 122 ---

ditya panganjuring jurit ||

18. kya patih sigra parentah | masang byuha sagung wadya rasêksi | tinêtêpakên nèng patuk | ditya patang punggawa | pra dipati manungsa pinatah sampun | nèng tênggak patang punggawa | pangawat kanan lan kering ||

19. punggawa catur kinarya | ingkang munggèng dhadha rêkyana patih | lan sawadyabalanipun | nganthi tigang punggawa | Prabu Jungkungmardeya munggèng ing tutuk | kinubêng prajuritira | miwah sagung para mantri ||

20. ngapit kanan kering rata | mulat kèndêl wil bala Pringgadani | dene mêsah[24] wus kadulu | masang gêlaring aprang | Radèn Gathutkaca krodha dènnya dulu | asru ngandika ing bala | hèh apa sira andhêgi ||

21. dumèh mungsuh lir samodra | ing prang lamun kang nêdya derah pati | yêkti tan tumêngèng mungsuh | têmbe kuwahyon padha | gêlar sabên ing prang payo soroh amuk | aja ngetung kèhing mêngsah | ing aprang tunjangên wani ||

22. hèh paman Brajamikalpa | tindhihana wadyanira ajurit |

--- 123 ---

ingsun jangkung saking luhur | Gathutkaca gya mêsat | mring gêgana Patih Brajamikalpa wus | nglancanging sagunge bala | wil sèwu parêng dera ngrik ||

23. anut ing Brajamikalpa | ditya sèwu kumrutug rêbut dhingin | jujur banjur ing prang numbuk | Ditya Paranggubarja | angêrobi ing ayuda bakuh kukuh | tinunjang aprang apanggah | sarêng têmpuh gada bindi ||

24. caruk cakra lan căndrasa | ujung dhêndha tandhing badhama gandhi | silih piling palu limpung | nênggala alugara | ulêng lori musala trisula limpung | mangkana praptaning wuntat | Wrêkodhara lan Sêtyaki ||

25. mulat sawadyabalanya | kang pangarsa wil bala Pringgadani | wus campuh ing aprang pupuh | kuwêl samya rasêksa | Radèn Arya Wrêkodhara asru muwus | hèh Sêtyaki sutanira | ika wus campuh ing jurit ||

26. olèh tandhing padha buta | lah ta payo sira ingsun bubuhi | sawadyabalanirèku | nêmpuh pangawat kanan | kang pangawat kering bubuhna [bu...]

--- 124 ---

[...buhna] maring sun | Sêtyaki matur sandika | sawadyabalanira glis ||

27. nêmpuh kang pangawat kanan | Wrêkodhara nêmpuh pangawat kering | lan sawadyabalanipun | wadya Paranggubarja | ngêrobi ing aprang sru angrèp rumêbut | kanan kering wuri ngarsa | ambyuk parêng angêbyuki ||

28. wadyabala ing Pamênang | ing prang kadya banthèng atawan kanin | sakêthi parêng angamuk | tan kêna tinanggulang | miwah wadya Dwarawati pamukipun | kadya sardula mrih măngsa | sakêthi tan angunduri ||

19. Durma

1. Gathutkaca mulat lamun ingkang rama | wus ngawaki ngajurit | ngamuk sawadyanya | mêngsah kèh kasulayah | kababit ing gada bindi | kabubuh rêbah | bêlasah bosah-basih ||

2. myang kang paman Lesanpura pamukira | sawadyanyambêg pati | kadya mong sayuta | krura samya mrih măngsa | kang kaarsa tumpês tapis | rampas kapapas | dening Arya Sêtyaki ||

3. Gathutkaca anjlog sigra udhunira |

--- 125 ---

praptane anguwori | pamuke balanya | mulat yèn gustinira | wus mudhun ngawaki jurit | ngantêp pamuknya | gustine anindhihi ||

4. anut Patih Brajamikalpa nèng ngarsa | kadya lun anggulungi | golong pamukira | tan kêna tinanggulang | gumulung anggêgilani | nanggalanira | wil bala Pringgadani ||

5. saparane pan kadya kinarinêngga[25] | rinêbut kanan kering | wuri miwah ngarsa | tan kewran pamukira | kang katêrak bobrak-babrik | rêbah bêlasah | atusan kang ngêmasi ||

6. dene pamuk Kya Patih Brajamikalpa | kang munggèng turănggèsthi | binabit ing gada | luluh lawan kang nunggang | saparane mobat-mabit | tinut ing bala | miwah pamukirèki ||

7. Radèn Gathutkaca mung kalawan asta | dêkung-dêkung ambanting | nyandhak ngadu kumba | nyêndhal dhadhal anêpak | andêdêl cêngêl pinuntir | sirahe parah | dene Sang Bimasiwi ||

8. bubrah gêlaring prang wus worsuh liwêran | wil bala Pringgadani |

--- 126 ---

sangsaya manêngah | miwah bala Pamênang | tuwin wadya Dwarawati | wus sami nêngah | pamuke ngobrak-abrik ||

9. pan sadaya wus samya tilar wahana | anut ing Jodhipati | samya ngamuk dharat | mangkana kawistara | dening Rêkyana Apatih | Jayasudarga | eram dènnya ningali ||

10. dene mungsuh sakêdhik ing balanira | kadya tan kênèng pati | wutuh saparannya | wadya Paranggubarja | kang kapêrak tumpês tapis | ewon kang pêjah | tanpa kiwul ing jurit ||

11. krodha Patih Jayasudarga gya matag | mring sagung pra dipati | têtulung ing bala | pêpulih mamrih mêngsah | tandang sagung pra dipati | ngawaki ing prang | miwah rêkyana patih ||

12. wus tan ketung sanjata guna prabawa | saking ramening jurit | saênggon busêkan | kuwêl kèh liru papan | sadaya wus wuru gêtih | mungsuh lan rowang | wus samya ambêg pati ||

13. wadya sabrang kaduk sura ing ayuda | dhasare angêrobi | tan ketang kang pêjah | nêdya ngidak kewala [ke...]

--- 127 ---

[...wala] | tumpês ngarsa tangkêp wuri | myang kering kanan | ambyuk sarêng ngêbyuki ||

14. tanpa rungyan sambatira kang kabranan | panggrone buta kanin | byuk tibaning gada | kêpruking alugora | myang panjriting turănggèsthi | rêkatak ingkang | dyaja lêlayu sêbit ||

15. pra dipati Pranggubarja kèh samya | dharat ngawaki jurit | samya ngundha gada | ana ngikal badhama | têtulung marang bala mrih | marwasèng mêngsah | mêmalu milih tandhing ||

16. Arya Brajamikalpa lan Wil Prakênca | paguting aprang kalih | sami prakosanya | dangu prang ujung dhêndha | Ditya Prakênca sor titih | tiniban dhêndha | luluh ajur wor siti ||

17. duk tumingal krodha Wil Kalaprakêmpa | tinunjangkên kang èsthi | nrêgakên dipăngga | Patih Brajamikalpa | dèn têlabung saking kering | binarêng dènnya | rêbah tinumbuk èsthi ||

18. pan kalênggak kapagut bindi mukanya | rêbah tinumbuk èsthi | mèh linut ing gada | krodharya [krodhar...]

--- 128 ---

[...ya] Gathutkaca | lumumpat cinandhak aglis | Ditya Prakêmpa | sinêndhal saking èsthi ||

19. gya dinêdêl cêngêlira Wil Prakêmpa | pêdhot gulu pinuntir | dipăngga cinandhak | marang Brajamikalpa | rinangkus sukune kalih | gumêbrug tiba | ajur linut ing bindi ||

20. Ditya Kalapradăngga langkung krodhanya | mangsah angundha bindi | pinapag Sang Sena- | putra wus katandangan | Ditya Pradăngga ngêmasi | rêmuk mukanya | tinêpak Bimasiwi ||

21. sapêjahe punggawa tri sabalanya | giris lumayu ngisis | ngungsi wurinira | Ditya Kalapramuka | tilas ratunya ing nguni | ditya pangarsa | ing prang anglêlajêri ||

22. krodha mangsah sarwi angundha badhama | sêsumbar nguwuh tandhing | hèh sapa ranira | sêraya ing Cêmpala | ambêgmu prang nglêluwihi | matèni ditya | kaya ngrêmêti cindhil ||

23. lah ta iki bongkotane ayonana | ing mêngko sira mati | dening astaningwang | lah iki tadhahana | tibane [ti...]

--- 129 ---

[...bane] badhama mami | sumêbut mêsat | Gathutkaca nadhahi ||

24. pan gumadhug badhama suh tibèng jaja | murup tan anêdhasi | Arya Gathutkaca | asru ing wuwusira | hèh buta sapa sirèki | rupamu beda | lan kabèh kang wus mati ||

25. anauri ya ingsun Kalapramuka | ditya raja ing nguni | soring prang kabala | mring Sri Jungkungmardeya | maksih kinèn masesani | ing balaningwang | kinaryandêling jurit ||

26. hèh prajurit ngakua aranmu sapa | dene kêlar nadhahi | ing badhamaningwang | iki liwat bêbaya | pilih kang kêlar nadhahi | mung lagi sira | Gathutkaca nauri ||

27. kalingane sira iku ratu buta | pantês dhapurirèki | lan kang akèh beda | aja tambuh ya ingwang | satriya ing Pringgadani | ing rat Sang Arya | Gathutkaca ran mami ||

28. Senaputra măndra prakosèng ayuda | dèn padha ngungsi pati | wil Kalapramuka | krodha angundha dhêndha | mangsah magalak anggitik | Sang Senaputra | panggah datan gumingsir [guming...]

--- 130 ---

[...sir] ||

29. binarêngan tibaning dhêndha sinăngga | rinêbut sampun kêni | dhêndhanya binuwang | sigra candhak-cinandhak | rukêt rok tarik-tinarik | Sang Senaputra | panyêndhale nguwati ||

30. karungkêb ing siti Wil Kalapramuka | kèdêg ing Bimasiwi | mukanya dhinupak | rêmuk sirahe parah | giris wadyanya ningali | mawur sasaran | sakarine kang mati ||

31. ngungsi tênggak sapunggawa sampun dhadhal | ngêlun marang ing wuri | ngungsi dhadhaning prang | Patih Jayasudarga | myang pangawat kanan kering | wus samya sêmpal | kamuk Arya Sêtyaki ||

32. miwah kamuk marang sira Wrêkodhara | catur punggawa mati | kang munggèng pangawat | Jayapramana lawan | Jayapralaya ngêmasi | Sang Wrêsniwira | ingkang marwasèng bindi ||

33. sabalane malêdug samya sasaran | kathah ingkang ngêmasi | miwah kang pangawat | kering sami sasaran | tumpêsing prang bobrak-babrik | Jayasudarma | lan Jayataka mati ||

34. tinibanan gadane

--- [131] ---

Dyan Wrêkodhara | mawur wadyane ngungsi | marang gustinira | Prabu Jungkungmardeya | krodha ratanira gumrit | ngêmbat gandhewa | mangsah tan tolih wuri ||

20. Pangkur

1. kyana patih duk tumingal | yèn gustine ngawaki ing ajurit | mantri sêsêliranipun | gumrêdêg majêng samya | kyana patih gugup sigra unduripun | tilar mungsuh sawadyanya | ngumpul mring gustinirèki ||

2. tata malih undurira | kyana patih munggèng ngarsa tan têbih | wadya gung pinêrnah pungkur | mung mantri sêsêliran | sèwu ingkang mungging kananira prabu | prajurit jro pêpilihan | angapit-apit ing kering ||

3. bupati sakawan ingkang | ngawat-awat kanan kering tan têbih | Sri Jungkungmardeya Prabu | nglêpaskên sanjatanya | narawantah saking gandhewa kumrusuk | mawa prahara ru-ara | ngiring lêpasing jêmparing ||

4. Ki Patih Jayasudarga | anusuli sanjatanira mijil | saking gandhewa gumludhug | mawa bajra ru-ara | gumalêdhêg nanggala parasu limpung | kunta [ku...]

--- 132 ---

[...nta] cakra lan candrasa | badhama dhêndha myang gandhi ||

5. wêtune saking gandhewa | gada bindi lir ladhu-ladhu mili | mawa lesus lir pinusus | myang mantri sêsêliran | sèwu sarêng nglêpaskên sanjatanipun | myang prajurit pêpilihan | sarêng dènira nglêpasi ||

6. kumrusuk gayuh gêgana | myang punggawa sakawanira sami | sanjatanira kumrusuk | mêtu matumpa-tumpa | samya mawa prahara sanjatanipun | Wrêkodhara Gathutkaca | miwah Rahadyan Sêtyaki ||

7. kandhêg kadung pamukira | katampêg ing sanjata kang mawangin | gègèr lan sawadyanipun | dhasar wus sangêt sayah | dhêdhêg kandhêg samya têkên gadanipun | katêmpuh gunging sanjata | lan katampêg drêsing angin ||

8. tan ana bisa majua | sanjata gung tan kêna dèn susupi | prajurit kang tigang èwu | samya têguh wêntala | datan pasah katiban jêmparing timbul | nanging kèh kang galundhungan | yèn kontal tiba kabanting ||

9. kantun Arya Wrêkodhara | Radyan [Ra...]

--- 133 ---

[...dyan] Gathutkaca lan Dyan Sêtyaki | adêge kang maksih kukuh | gègèr madyaning rana | pira-pira hru prabawa tibanipun | ngurugi sariranira | katri datan măntra busik ||

10. malêdug sumyur nèng angga | nanging maju-maju paksa kabalik | dene lesus lir pinusus | kontal katampêg kunta | kandhih dening nanggala parasu limpung | trisula dhêndha badhama | kêras tibanya mawangin ||

11. Radèn Arya Wrêkodhara | kapitêmên krodhanira ing jurit | dènnya mrih parêg lan mungsuh | bayunirèng sarira | mêtu kabèh têmpuh lan bayuning mungsuh | mulêg madyaning ranangga | malêdug lêbur nglimputi ||

12. marma bayune Sang Sena | datan bisa nulak sagung jêmparing | têmpuh lan angining mungsuh | midid kang samirana | mulêg mêsês mawêrdi kadya pinusus | Sang Prabu Jungkungmardeya | mulat sukanya tan sipi ||

13. mungsuhe kèh galundhungan | tiba têbih wênèh kontal kabanting | mung tiga kang maksih pungguh | gègèr madyaning

--- 134 ---

rana | katêmpuh ing sanjata kèh datan keguh | pêksa maju datan bisa | sinurakan saking têbih ||

14. Radèn Arya Wrêkodhara | prasêtyèng tyas nêmah matiyèng jurit | merang mundur ing prang pupuh | myang Arya Gathutkaca | Wrêsniwira samya pratignya ing kalbu | kasaput surya diwasa | èsthine kadya anyapih ||

15. Sang Prabu Jungkungmardeya | saha bala undurira dhingini | praptèng pakuwon gumuruh | dalu samya bojana | suka-suka kang ginunêm tan lyan amung | prakosane mungsuhira | dene sawadyanirèki ||

16. tan ana braja tumama | rowang ewon kang mati ing ajurit | mungsuh sabalane wutuh | tatu bae pan ora | yèn ajawa bapa mungsuh lawan ingsun | prajuriting tanah Jawa | pilih kang kêlar nadhahi ||

17. bapa sapa kancanira | pra dipati kang mati ing ajurit | kyana patih nêmbah matur | gusti punggawa ditya | pan sêkawan pisan pêjah ing apupuh | lawan ing prang sami ditya | wadyane kantun sapalih ||

(Sambêtipun badhe kawrat ing Almanak taun 1930).

--- 135 ---

Sambêtipun Srikandhi Ajar Manah, ingkang kamot almanak taun 1929.

18. dene punggawa manusa | ingkang munggwèng pangawat kanan kering | sakawan pisan pukulun | pêjah kasambut ing prang | têtumpêsan balane kathah kang lampus | nanging mêngsah taksih wêtah | eram kawula ningali ||

19. gumujêng narpati sabrang | iya bapa ngeramakên ing jurit | yèn aja mungsuh lan ingsun | sapa lawaning aprang | ngêndi bae ratu kang kawawa mungsuh | besuk esuk aja owah | rakitira ing ajurit ||

20. kang prawira mungging ngarsa | pra dipati padha ngantêpa jurit | kang luwih kaya duk mau | guna santikaning prang | besuk esuk sun panahe gunung watu | mungsuh kang têguh wêntala | yèn maksih kêlar nadhahi ||

21. besuk malih têmpuh ing prang | ingsun tibanane sanjata gêni | ingkang luwih panasipun | lan gêni ngarcapada | yèn tan gêsêng pinangan ing gêni murub | panah ingsun kang pamungkas | sun tamakne ing

--- 136 ---

ajurit ||

22. kunêng kang lagya mong suka | natèng sabrang sawadyanira sami | gunêm tingkahing prang pupuh | gantya ingkang winarna | Arya Wrêkodhara ing saunduripun | Gathutkaca Wrêsniwira | sawadyane samya sêdhih ||

23. Radèn Arya Wrêkodhara | jêjêr jêtung dhêlêg-dhêlêg tan angling | sarwi ngêkêp gadanipun | myang Arya Gathutkaca | sungkawèng tyas dhêdhêp lan sawadyanipun | Radèn Arya Wrêsniwira | marêk ngarsa matur aris ||

24. pukulun paran ing karsa | lamun têmpuh prang malih binjing injing | yèn maksiha kadya wau | tan wande karisakan | paduka mung prang wantah amara bau | pupuh rosa ngadu gada | botên kondhang guna yêkti ||

25. Sang Prabu Jungkungmardeya | binjing injing lamun mêdali jurit | yêkti luwih saking wau | dènnya ngêdalkên yuda | hru prabawa ing prang kasantikanipun | tan wande ing prang kinarya | dolanan kadya duk wingi ||

26. prayogi atur uninga | ing rakanta Sang Prabu Harimurti [Ha...]

--- 137 ---

[...rimurti] | rayi paduka pukulun | kakang mas Madukara | tuwan suwun têtulunga ing prang pupuh | nadhahi sêktining mêngsah | paduka ingkang nadhahi ||

27. prangipun agal kewala | sagêndhinge botên kacuwan tandhing | Radèn Wrêkodhara bêkuh | apa kang sira ucap | ingsun wirang yèn kongsia jaluk tulung | sanadyan silih bisaa | mungsuh angrubuhkên langit ||

28. măngsa ta ingsun mirisa | lamun sira padha wêdi ngêmasi | lah minggata dèn agupuh | pan wus wiyahing aprang | rêbut pêjah kalah sirna mênang ngukup | nyênyambat asile apa | aku dhewe maksih wani ||

29. Radèn Arya Wrêsniwira | dhêku ajrih miyat kang raka runtik | kunêng gantya kang winuwus | kang wontên jroning praja | Prabu Padmanaba sumêlang ing kalbu | mring kang samya mangun yuda | manawi akarya kingkin ||

21. Asmaradana

1. Sang Aprabu Harimurti | lan satriya Dananjaya | Trusthadyumêna kanthine | sarêng dalu [da...]

--- 138 ---

[...lu] manjing pura | panggih Prabu Drupada | wus tata samya alungguh | ngandika Natèng Cêmpala ||

2. anak Prabu Dwarawati | dalu-dalu manjing pura | baya ta wontên karsane | matur Prabu Padmanaba | jêng paman kawularsa | têtinjo kang aprang pupuh | mangkat ing dalu punika ||

3. saking sumêlang tyas mami | mring putra tuwan pun Bima | lan Wrêsniwira kalihe | tuwin ta pun Gathutkaca | katri mung pupuh rosa | prang wantah mung mara bau | măngka pun Jungkungmardeya ||

4. măndraguna sura sêkti | ing sabrang wus tanpa lawan | prawira sapunggawane | ing tandhing yêkti kuciwa | suka Natèng Cêmpala | kawula sèwu jumurung | anak prabu darbe karsa ||

5. têtulung kang samya jurit | arinta Trusthadyumêna | sampun kantun salampahe | dhèrèk paduka bantu prang | kulup Trusthadyumêna | prajurit Cêmpala sèwu | gawanên bantu ngayuda ||

6. poma sajroning ajurit | anuta ing rakanira | Dwarawati

--- 139 ---

sabarang rèh | kang putra matur sandika | têtiga sarêng mêdal | saking sajroning kadhatun | prapta ing jawi sanega ||

7. sakapraboning ajurit | sèwu wadya ing Cêmpala | prajurit pilihan bae | sadaya sampun samêkta | myang wadya Madukara | gangsal atus sumêkta wus | para mantri Madukara ||

8. wadyabala Dwarawati | mung kantun kang upacara | ingkang sèwu prajurite | sadaya sampun binêkta | mring Radèn Wrêsniwira | prajurit budhale dalu | saking jro kitha Cêmpala ||

9. Sang Aprabu Harimurti | lan satriya Dananjaya | kalih dhingini lampahe | sami anampak gêgana | mung kantun ratunira | kang ginarbêg ing wadya gung | lan Radèn Trusthadyumêna ||

10. ingkang nindhihi ing wuri | ing ngarsa Patih Sucitra | amung matah mantri bae | kang rumêksa pasanggrahan | mangkana kang ngumbara | Prabu Padmanaba sampun | rawuh pasanggrahanira ||

11. wong agung ing Jodhipati | lan satriya Dananjaya [Dana...]

--- 140 ---

[...njaya] | tan ana wruh ing lêbête | Radèn Arya Wrêkodhara | maksih jêjêr kewala | sarwi ngrangkul gadanipun | gêrêng-gêrêng tan ngandika ||

12. Gathutkaca munggèng ngarsi | lawan Arya Wrêsniwira | ngadhêp sawadyabalane | siji tan ana sêbawa | mèsêm Sri Nata Krêsna | winêdalan saking pungkur | kagyat Radèn Wrêkodhara ||

13. mulat ingkang raka prapti | lan kang rayi Madukara | sigra nyèlèhkên gadane | wus sami atata lênggah | Sêtyaki Gathutkaca | samya asrêp manahipun | Wrêkodhara lon lingira ||

14. dene prapta bêngi-bêngi | apa ta karyane padha | liwat saking karya kagèt | gumujêng Narendra Krêsna | yayi tinjo kewala | paran wartane prang pupuh | Wrêkodhara lon saurnya ||

15. wingi têmpuhing ajurit | ya saking pangèstunira | mungsuh kèh tumpês balane | rowang wong siji tan ana | ingkang mati ing aprang | nanging ingsun lan sutamu | lan Si Arya Wrêsniwira ||

--- 141 ---

16. tan abisa marêpêki | marang gone ratunira | kadhangan dening panahe | mawa prahara ru-ara | ing paprangan kèbêkan | gumlêdhêg dhêdhêg tumêmpuh | batur kabèh galundhungan ||

17. kurugan panah mawangin | kaya gunturing prabata | lah iya ta sesuk bae | ngong susupane kewala | panahe lamun kêna | bisaa prak ratunipun | kêmbul padha aprang gada ||

18. singa tiwasa ngêmasi | Sri Padmanaba ngandika | ya yayi ingsun dulune | sesuk tingkahira aprang | Wrêkodhara lingira | iya sakarsanirèku | yèn nêdya dulu kewala ||

19. yèn arsa têtulung jurit | marang sun yêkti tan arsa | pan maksih wani wak ingong | lan Ratu Paranggubarja | yèn sira nêdya aprang | iya pranga dhewe sesuk | apan akèh mungsuh sabrang ||

20. sasukanira prang tandhing | yêkti nora kêkurangan | aja têtulung maring ngong | lamun durung asêsambat | gumujêng Nata

--- 142 ---

Krêsna | iya ngong ora têtulung | sun prang dhewe binjang injang ||

21. suka sagung kang miyarsi | ing dalu datan kawarna | gagat enjing ing praptane | Rahadèn Trusthadyumêna | sawadyabalanira | lajêng tata barisipun | miwah wadya Madukara ||

22. injing Prabu Harimurti | lan satriya Dananjaya | sampun munggèng ing ratane | kinubêng prajuritira | Wrêkodhara kalawan | Sêtyaki Gathutkaca wus | sabalane tata ngarsa ||

23. ing prang kang badhe nadhahi | nêmpuh marang mungsuhira | pêpulih wingi yudane | sasat kinarya dolanan | mangkana natèng sabrang | sabalane mijil sampun | aglar munggèng pabaratan ||

24. tata baris kadya wingi | kang para prawira ngarsa | samya ngiwa gandhewane | bala gung pinêrnah wuntat | kagyat dupi tumingal | dene mungsuhira rawuh | Sang Prabu Jungkungmardeya ||

25. krodha asru dènira ngling | hèh bapa Jayasudarga | mungsuh têka

--- 143 ---

bêbantune | baya Narpati Cêmpala | iya kang munggèng rata | payo kabèh wadyaningsun | ing prang ayya na pêpeka ||

26. dèn ngeja sadina iki | pêpungkasaning ayuda | sagunging guna kasêktèn | lah payo padha wêtokna | wusnya matag ing wadya | mangsah gumrit ratanipun | ing prang tan nêdya mundura ||

22. Durma

1. ngêmbat langkap Sang Prabu Jungkungmardeya | ginêdhêg-gêdhêg mijil | yeka hru prabawa | sela wor lan prahara | kadya ladhu-ladhu mili | saking gandhewa | gumlêdhêg gêgilani ||

2. sawusira wêtuning prahara sela | gêdhêg gandhewa malih | mijil kang sanjata | muntap saking gandhewa | nênggala parasu piling | cakra candrasa | dhêndha badhama gandhi ||

3. gada bindi salukun lan alugora | samoga pugal lori | musala trisula | limpung parasu kunta | kumrusuk ngayuh wiyati | mawa prahara | miwah rêkyana patih ||

4. sanjatane mêtu pirang-pirang

--- 144 ---

yuta | panthan makêthi-kêthi | myang catur punggawa | prajurit jro sadaya | lan sèwu mantri sinêlir | sarêng dènira | anglêpaskên jêmparing ||

5. kadya têdhuh gêgana kèhing sanjata | dhêdhêt ngampak-ampaki | sela lêng-ulêngan | wor jêmparing arakan | kumrusuk srêsêg nêsêgi | mara kumêrap | kumêrug gêgirisi ||

6. sira Prabu Padmanaba sigra matag | mring Parta kinèn aglis | mêthuk ing payudan | miwah Trusthadyumêna | ngêmbat langkapira kalih | sarêng dènira | nglêpasakên jêmparing ||

7. apan samya hru prabawa eka warna | sela wor angin-angin | têmpuh nèng gêgana | ibêgan dirgantara | paworing sanjata kalih | goraning swara | li[26] guntur gêgêtêri ||

8. kêpruk ingkang sela têmpuh samya sela | bindi pan samya bindi | gada samya gada | kunta prang samya kunta | piling têmpuh samya piling | dhêndha lan dhêndha | gandhi prang samya gandhi ||

9. alugora têmpuh

--- 145 ---

samya alugora | lori prang samya lori | musala trisula | limpung cakra candrasa | sadaya kaprabon jurit | kang têmpuh ing prang | tan ana liru tandhing ||

10. Wrêkodhara Wrêsniwira Gathutkaca | giyuh ing tyas tan sipi | gègèr yudanira | tan antuk mangsah ing prang | kadhangan gunging jêmparing | katêmpuh ing prang | jêjêl tan kêna pinrih ||

11. sela-sela lêlumbungan lêng-ulêngan | jêmparing lir sêsiring | tan kêna tinrajang | nulya Sucitra prapta | mêndhak nèng ngarsanirèki | matur manêmbah | ulun dinutèng gusti ||

12. ing rakanta Sang Aprabu Padmanaba | paduka dèn timbali | mundur sabalanya | sampun mangsah ing yuda | kinèn asoa rumiyin | raka paduka | karsane anuruti ||

13. ing krodhane Sang Prabu Jungkungmardeya | dènnya ngabên kasêktin | lan rayi paduka | satriya Madukara | ing mangke yèn wus dumugi | tuwan kêlilan | mangsah ing aprang malih ||

14. Wrêkodhara myarsa ature Sucitra [Su...]

--- 146 ---

[...citra] | kêju krodhaning jurit | ajrih tan nuruta | ing rèh Narendra Krêsna | mundur sawadyanirèki | lan ingkang putra | Gathutkaca Sêtyaki ||

15. sampun nunggil lawan baris Madukara | Sang Prabu Harimurti | ngatag mring Sang Parta | kinèn nyampuni dènnya | ngabên prabawa kasêktin | sanjatanira | kang samya têmpuh jurit ||

16. Radèn Parta musthi sanjata pratiwa | angin ratuning angin | linêpaskên sigra | kêlapira kumupak | wêdaling kang bajrapati | saking gandhewa | nyapu sagung jêmparing ||

17. sirna larut hru prabawane kawarna | siji tan ana kari | Sri Jungkungmardeya | kagyat ngungun kalintang | sirnane sagung jêmparing | asru ngandika | marang rêkyana patih ||

18. hèh ta bapa prajurit ing tanah Jawa | nyata lamun linuwih | gunane ing aprang | padha sadhela bisa | nimbangi kadibyan mami | tan măntra kewran | nyapu sagung jêmparing ||

19. sêdhêng dadya kalokaning tri bawana |

--- 147 ---

matur rêkyana patih | lêrês padukendra | sampun kirang prayitna | ing aprang dèn ngati-ati | mêngsah paduka | botên kewran ing tandhing ||

20. prange kasap prakosa lêmbut ngaguna | gumujêng sri bupati | iya bênêr sira | prawirane sêmbada | yèn aja mungsuh lan mami | sapa kuwawa | nanggulang ing ajurit ||

21. iya mêngko prajuriting tanah Jawa | ingsun balange tulis | sun jake prang rupak | tandhing prang lawan ingwang | nganggo panah kang sayêkti | singa tiwasa | yèn maksih ngadu sakti ||

22. tiwas-tiwas tanpa wêkasing ayuda | sira bae dèn eling | gêlar sabêning prang | yèn wus panah-pinanah | ingsun lan mungsuh dèn aglis | sira nilipa | nyidra saking wiyati ||

23. Patih Jayasudarga matur sandika | natèng sabrang nulya glis | nênurat wus dadya | tinrap anèng sanjata | kumêlap ingkang jêmparing | ingarah-arah | tibanira nglêrêsi ||

24. nèng ngarsane satriya Andananjaya [Andana...]

--- 148 ---

[...njaya] | kagyat dènnya ningali | jêmparing cinandhak | pinundut sêratira | winaos sinuksmèng galih | bêbukanira | panantang ing prang wuri ||

23. Pangkur

1. pèngêt iki layang ingwang | natèng sabrang kang prawira nom pêkik | măndra prakosa dibya nung | lêlana andon yuda | marang tanah Jawa ingkang ajêjuluk | Sang Prabu Jungkungmardeya | Paranggubarja Narpati ||

2. ingkang abala bacingah | kalokèng rat tan na lawaning jurit | angakua mumpung durung | payo nuli prang rupak | ngadu wulêting kulit tosing bêbalung | padha nganggo panah wantah | singa tiwas angêmasi ||

3. yèn maksih ngadu prabawa | măngsantèka tanpa wêkasing jurit | iya sun puji satuhu | ing guna sêktinira | anèng tanah Jawa ing prang bau pupu | ananging samêngko sira | sayêkti yèn antuk tandhing ||

4. prajurit ing tanah sabrang | ingkang prapta lêlana andon jurit | wus titi pamaosipun | satriya [sa...]

--- 149 ---

[...triya] Dananjaya | mèsêm ing tyas sêrat ingaturkên gupuh | mring raka Narendra Krêsna | winaos sinuksmèng galih ||

5. wus titi pamaosira | sru gumujêng Sang Prabu Harimurti | yayi wangsulana gupuh | layange natèng sabrang | kudu ngajak amungkasi aprang pupuh | iya sarahên kewala | satriya Dananjaya glis ||

6. akarya surat wus dadya | angsul-angsul tinrap anèng jêmparing | sanjata agêm prang pupuh | hru graita lir janma | Sarotama suwiwi lar kadi manuk | linêpasakên saksana | lumarap lir kilat thathit ||

7. ngarsane Jungkungmardeya | Sarotama kêkêjêr kadya pêksi | natèng sabrang kagyat dulu | jêmparing lir kukila | bêkta sêrat wus dinuga angsul-angsul | kang sêrat wus tinampanan | Sarotama wangsul aglis ||

8. natèng sabrang eram mulat | gya binuka sêrat sinuksmèng galih | pèngêt iki layang ingsun | satriya Madukara [Ma...]

--- 150 ---

[...dukara] | pamadyaning Pandhawa ingkang jêjuluk | satriya Andananjaya | pêparap Prabu Kalithi ||

9. iya Rahadèn Arjuna | iya Radèn Janaka Dyan Pêrmadi | Pandhuputra kang jêjuluk | Radèn Endratênaya | kang ingambil sraya tur binakal mantu | mring Narapati Cêmpala | têkaa marang sirèki ||

10. Sang Prabu Jungkungmardeya | natèng sabrang lêlana andon jurit | kang ambêg narendra punjul | amrih putri masesa | lire sira awèh layang marang ingsun | iya wus prapta maringwang | sarta wus sun tupiksani ||

11. surasane layangira | sira ngajak mungkasi ing ajurit | prang rupak tandhing lan ingsun | nganggo panah pamungkas | ngadu wulêting kulit tosing bêbalung | lah iya sakarêpira | ing aprang ingsun ladèni ||

12. wus titi pamaosira | natèng sabrang gumujêng sarya angling | babo dene pirang puluh | jênêng saijab-ijab | dèn dhèwèki sumangkeyan kang

--- 151 ---

pinunjul | prajurit ing tanah Jawa | durung tau olèh tandhing ||

13. ingkang padha lig-uligan | hèh ta bapa kabèh prajurit mami | mêngko têmpuhing prang pupuh | dèn pajêg barisira | aja owah mung sun pundhut surakipun | sira bae dèn waspada | patih sandika turnèki ||

14. sang prabu ngêtab ratanya | gumrit nêngah gêbyar-gêbyar tulya sri | rêngganing rata mas murub | kataman diwangkara | prabawaning makutha muncar ngênguwung | pan sarwi ngiwa gandhewa | enthong pamungkasing tandhing ||

15. pantês wanguning prawira | asêmbada pêkike sri bupati | Sri Krêsna mulat lingnya rum | hèh yayi mungsuhira | sida ngajak mungkasi ing aprang pupuh | lah sira ingkang prayitna | aywa weya ing ajurit ||

16. jêr samangko mungsuhira | rajèng sabrang anak brahmana sêkti | luwih gêntur tapanipun | tan kêna ginagampang | Gathutkaca sira dèn prayitnèng luhur | miwah yayi Wrêkodhara |

--- 152 ---

ing dharat dèn ngati-ati ||

17. têrombolan jaganana | wusnya mangsit Sang Prabu Harimurti | gumrit nêngah ratanipun | kênèng sunaring surya | gêbyar-gêbyar prabanira rata murup | kadya paguting baskara | timbangan ratanirèki ||

18. lan ratane natèng sabrang | dohnya sêdhêng satimbaling jêmparing | kalih kèndêl ratanipun | dangu sawang-sinawang | samya ngiwa gandhewa pamungkasipun | dèrèng nguculkên sanjata | mrih papan pantêsing jurit ||

19. prasamya molahkên rata | natèng sabrang ratane ngèrèt ngering | Dananjaya ratanipun | mingêr ingèrèt nganan | adu ngarsa adu iring adu pungkur | tan owah têbihing rata | pan sami ngasta jêmparing ||

20. wusnya mubêng kaping tiga | rata kèndêl sarêng dènnya nglêpasi | jêmparing tikêl pinêthuk | têmpuh sami sanjata | sarêng salin laras sami limpatipun | laraping warastra kadya | sêsiringing kilat thathit ||

21. wadya gung surak gumêrah |

--- 153 ---

awor maras-maras surake sami | mar kumêsar dènnya dulu | solah bawaning aprang | Dananjaya lan Jungkungmardeya Prabu | yayah lir wus caruk wastra | rukêting ratanya kalih ||

22. rêkyana patih tumingal | yèn gustine wus têmpuh ing ajurit | panah-pinanah lan mungsuh | sigra mêsat gêgana | ngikal limpung arsa nyidra saking luhur | Gathutkaca awas mulat | garjita ing tyas nulya glis ||

23. mêsat marang ing gêgana | wus ngungkuli marang rêkyana patih | ngawaskên sasolahipun | kya patih tan graita | yèn mungsuhe wus anèng ing luhuripun | dupi niyub arsa nyidra | sinambêr saking wiyati ||

24. limpunge sinêndhal kêna | wus binuwang kya patih kagyat nolih | dhinupak mukanira sru | kontal tibèng bantala | sajabaning barisan sru dènnya kantu | kasilir ing samirana | èngêt tan mundur ing jurit ||

24. Durma

1. Patih Jayasudarga sangêt krodhanya | nyandhak kunta nulya

--- 154 ---

glis | mêsat ing gêgana | nguwuh-uwuh sêsumbar | hèh sapa aranirèki | mungsuh kang cidra | mukul prang saking wuri ||

2. angakua mumpung maksih duwe nyawa | apa dumèh sirèki | prakosa birawa | bisa ngambah gêgana | lan apa lungguhirèki | anèng Cêmpala | Gathutkaca nauri ||

3. hèh wruhanta ingsun dudu wong Cêmpala | wong sêrayan sun iki | prajurit Ngamarta | umiring kangjêng rama | lan jêng paman ing ajurit | ingambil sraya | mring eyang Cêmpala Ji ||

4. ingsun Senaputra ya Bimaatmaja | Gathutkaca ran mami | ya Radèn Guritna | parap Prabu Têtuka | satriya sasat narpati | kratoning uwa | prabu kang ingsun goni ||

5. Pringgadani waris saking ibuningwang | balikan sira iki | dhapurmu sambada | gagah dêdêg prakosa | lan apa lungguhirèki | anèng ing sabrang | satriya pa bopati ||

6. ninggal dhapur nêdya culikèng ayuda | nyidra saking wiyati [wi...]

--- 155 ---

[...yati] | iya mring jêng paman | kaya dudu prawira | marmane ingsun dhingini | jêr sira cidra | kya patih sru nauri ||

7. aja tambuh iya ingsun patih sabrang | Paranggubarja nagri | patih amisesa | aran Jayasudarga | hèh Gathutkaca sirèki | sêdhêng wus timbang | ing prang tandhing lan mami ||

8. sira iku satriya prasasat raja | ingsun iki pêpatih | nanging tilas raja | Ratu Paranggubarja | soring prang maksih kinardi | patih misesa | kinaryandêling jurit ||

9. mring gustiku Sang Prabu Jungkungmardeya | aywa sira kuwatir | manawa kacuwan | nora tutug ing aprang | sagêndhingmu sun tadhahi | angajak apa | toh pati jayèng jurit ||

10. apa ngajak prang tata panah-pinanah | ngadu wulêting kulit | apa pupuh rosa | prang rupak bindi gada | apa ingsun kang dhingini | apa ta sira | kang dhingin ing ajurit ||

11. Radèn Gathutkaca asru wuwusira | ya wus sêdhêng sirèki | tandhing prang lan ingwang | pêpatih tilas raja [ra...]

--- 156 ---

[...ja] | pantês prawira ing jurit | aja ngucira | dèn padha ngungsi pati ||

12. lah ta payo apa kang ana ing sira | tibakna sun tadhahi | krodha ngikal dhêndha | Patih Jayasudarga | pamupuhe dèn tadhahi | gapyuk cinandhak | dhêndhane kyana patih ||

13. rame sêndhal-sinêndhal anèng gêgana | Gathutkaca nguwati | nyêndhal sarwi dhupak | jajane kyana patya | kontal dhêndhanya wus kêni | sêbut binuwang | krodha rêkyana patih ||

14. anarajang tinadhahan sarêng tandang | caruk rok rukêt sami | kuwêl nèng gêgana | sami prakosanira | sarêng dènnya tibèng siti | pan kalihira | wangsule rukêt malih ||

15. anèng dharat angadu sudiraning prang | dêdêr-dinêdêr sami | rame drêg-udrêgan | silih gon maputêran | untiran untir-inguntir | pêluk pulêtan | kêkêt banting-binanting ||

16. rame dugang-dinugang sarêng gumlimpang | gulungan gantya guling | rame lêng-ulêngan | lir

--- 157 ---

cakra panggilingan | rêkyana patih katitih | kadêkung ing prang | dinêdêl wus kalindhih ||

17. kèngêr cêngêlira jaja suh dhinupak | pêjahe kyana patih | sarêng lan praptanya | rêsi brêmana tapa | saking ing sabrang miyarsi | yèn ingkang putra | dènira mamrih putri ||

18. marang tanah Jawa têmah dadya aprang | marma sang brêmana glis | sumusul ing putra | praptèng nagri Cêmpala | mênangi ramening jurit | kang anèng wiyat | ngungun dènnya ningali ||

19. ing patine Kya Patih Jayasudarga | mung mungsuh padha siji | duk anèng ing sabrang | wus wudhu tanpa lawan | ing mangkya nèng tanah Jawi | luwih apêsnya | prangira tan ngundhili ||

20. mung tinangan mring mungsuhira kewala | mati madyaning jurit | lan malih tumingal | kang putra sri narendra | wusnya campuh ing prang tandhing | lan mungsuhira | samya nèng rata manik ||

21. rame tuju-tinuju panah-pinanah | dèrèng wontên kasilip | sami wasisira | rikat awase [a...]

--- 158 ---

[...wase] samya | myang wêgigira mèh sami | brêmana tapa | krura sru dènira ngrik ||

22. nèng gêgana swaranya lir gêlap sasra | gumuruh gêgirisi | ibêgan ngawiyat | sarêng papêtêng prapta | sumaput pêtêng nglimputi | madyèng payudan | pêtêng lir têngah wêngi ||

23. dadya kèndêl kang samya prang kalihira | pêdhut dene nglimputi | Sri Jungkungmardeya | suka ing tyas wus duga | lamun ingkang rama prapti | têtulung ing prang | angrik anèng wiyati ||

24. dadya mundur Sang Prabu Jungkungmardeya | ngingêrakên rata glis | bênggang lan mungsuhnya | sampun mawor ing bala | para wadya Dwarawati | Cêmpala lawan | Pamênang Pringgadani ||

25. samya sêdhih tan bisa mangsah ing yuda | dene pêtêng nglimputi | swara kadya gêrah | ibêgan dirgantara | kang darbe swara tan kèksi | kaku tyasira | tan wruh sawiji-wiji ||

26. Wrêkodhara Sêtyaki lan Gathutkaca | samya prayitnèng jurit | dhêdhêp sawadyanya | lawan Trusthadyumêna [Trusthadyumê...]

--- 159 ---

[...na] | mung Sang Prabu Harimurti | kang nora samar | Arjuna wus winangsit ||

27. hèh ta yayi iki si brêmana tapa | praptarsa nyidrèng jurit | iya marang sira | angrik anèng gêgana | karya pêtêng anglimputi | aywa pêpeka | ing prang dèn ngati-ati ||

28. ramanira Sri Prabu Jungkungmardeya | brêmana luwih sêkti | wus gêntur tapanya | ing ajur-ajèr bisa | lah payo yayi dèn aglis | sira lêpasna | bramastra mring wiyati ||

29. yèn wus padhang Sarotama tamakêna | mring si brêmana sêkti | kalamun wus pagas | dhase sira pisaha | lan gêmbunge ingkang têbih | dhase tibakna | anèng ngarsanirèki ||

30. ing ngarsane Sang Prabu Jungkungmardeya | gêmbung buncangên ngangin | lamun maksih pêrak | lan sirah yêkti bisa | patrap dhewe urip malih | marma dohêna | payo yayi dèn aglis ||

31. nora nistha dhingini prang mungsuh cidra | Dyan Parta wus winangsit | ngêmbat langkapira [lang...]

--- 160 ---

[...kapira] | lumêpas kang bramastra | murub nungsung mring wiyati | brêmana tapa | kênèng padhanging gêni ||

32. gugup ing tyas sigra anarik candrasa | niyup saking wiyati | pan arsa nigasa | nging pinapag sanjata | Ki Sarotama ngênèni | pagas kang jăngga | dhas arsa patrap malih ||

33. mring gêmbunge tinadhahan endrasara | tinibakakên aglis | anèng ratanira | Prabu Jungkungmardeya | gêmbung binuwang ing angin | kabuncang sirna | tiba anèng jaladri ||

34. tulus pêjahira sang brêmana tapa | dhase pinisah têbih | lawan gêmbungira | sarêng lawan ilangnya | pêdhut kang pêtêng nglimputi | katut maruta | padha ngasmarèng jurit ||

25. Asmaradana

1. sang prabu kagyat tan sipi | duk sirah wau tibanya | gumêbrug tibèng pangkone | tiningalan nora samar | yèn sirahe kang rama | mustaka nulya sinambut | sinungkêman anèng asta ||

2. pan sarya dipun tangisi | sang

--- 161 ---

prabu wusnya karuna | sêkala èngêt ing tyase | sigra dènira parentah | mring sagung pra dipatya | sadaya kinèn angruruh | marang jisime kang rama ||

3. miwah sagung para mantri | sadaya samya ngupaya | brêmana tapa jisime | sajawining pabarisan | mubêng datan kapanggya | katur marang sang aprabu | kalangkung ngungun ing driya ||

4. dene mungsuhe udani | pêjah gêsange kang rama | liwat guna waspadane | sirah tinibakkên rata | gêmbungira binuwang | saking pabarisan agung | tan karuan tibanira ||

5. anglês ing tyas sri bupati | têlasing pangarsa-arsa | ingkang rama katigase | mring mungsuh datanpa bisa | miwah pêpatihira | mati ing prang tanpa kiwul | tuwin sagung pra dipatya ||

6. wus ngrasa kasor ing jurit | Sang Prabu Jungkungmardeya | nanging wus pratignyèng tyase | tan arsa yèn ngoncatana | ing prang miwah nungkula | suka lêbura wor mungsuh | sadina mêngko kewala ||

--- 162 ---

7. lawan sawadyanirèki | aywa na kèri satunggal | ing aprang sarêng sirnane | ambelani mring kang rama | miwah pêpatihira | wusnya pratignya ing kalbu | Sang Prabu Jungkungmardeya ||

8. mêdal krodhaning ajurit | ngêtap rata gumrit kontrag | pan sarwi ngawe balane | sasmita garubuh ing prang | garjita pra dipatya | ing karsane gustinipun | nêdya mungkasi ngayuda ||

9. ngantêp garubuh ing jurit | wadya ing Paranggubarja | samya sêtya ing gustine | sami labuh karsanira | tan nêdya lumayua | miwah nungkula mring mungsuh | nadyan sikêpe sadaya ||

10. suka matiyèng ajurit | lêbur awor mungsuhira | anèng ngarsane gustine | sigra parêng dènnya mangsah | kumrêtêg rêbut ngarsa | nêdyamuk ing aprang numbuk | sigra Radèn Wrêkodhara ||

11. Gathutkaca lan Sêtyaki | miwah Dyan Trusthadyumêna | nadhahi aprang balane | têmpuhing yuda kèbêkan | wadya Paranggubarja | mêrêm ing

--- 163 ---

prangira numbuk | tan ketung kèhing palastra ||

12. lir sulung malêbu gêni | kamuk dening Arya Sena | myang Gathutkaca pamuke | miwah Arya Wrêsniwira | lawan putrèng Cêmpala | mungsuh kang kaarsa lêbur | ing wuri ngidak kewala ||

13. tumpês ngarsa tangkêp wuri | Narendra Krêsna tumingal | garjita ing tyas wuwuse | hèh kaipe tingalana | mungsuhira ing aprang | wadya Paranggubarjèku | ing prang wus darah palastra ||

14. sapunên ing sanjatangin | tibakna Paranggubarja | aywa kari sabalane | yèn wus ilang sêrêng ing prang | yêkti duwe pangrasa | ing aprang wus tanpa kiwul | angeman karatonira ||

15. Sang Dananjaya nulya glis | musthi astra pawanendra | ratuning angin têgêse | kumyus ingkang bayu bajra | mêtu saking gandhewa | prahara gora gumêntur | Sang Prabu Jungkungmardeya ||

16. katut dening sanjatangin | kabuncang sabalanira | sirna gusis sabangkene | tinibakakên [tini...]

--- 164 ---

[...bakakên] sadaya | nagri Paranggubarja | kunêng wau kang winuwus | kang maksih anèng payudan ||

17. Sang Aprabu Harimurti | miwah kang rayi sadaya | wus budhalakên barise | datan winarna ing marga | lumirig manjing kitha | swaraning bala gumuruh | wus katur ing sri narendra ||

18. yèn unggul kang magut jurit | nulya miyos pagêlaran | angurmati ing praptane | kang mêntas unggul ing aprang | tan dangu katingalan | pangarsaning lampahipun | manjing alun-alun samya ||

19. bala wil ing Pringgadani | surak-surak giyak-giyak | bêngkilung rame gêndhinge | nulya piyak ngering nganan | baris angapit marga | wadya Cêmpala sumundhul | nulya wuri Madukara ||

20. nulya wadya Dwarawati | kang mungkasi wuri pisan | wadya Jodhipati kabèh | anut bala ingkang ngarsa | piyak angering nganan | rakit baris urung-urung | wong agungira sadaya ||

21. lajêng marang păncaniti [pă...]

--- 165 ---

[...ncaniti] | Sri Maha Narendra Krêsna | gya têdhak saking ratane | sapraptanirèng têratag | Sri Bupati Cêmpala | nyandhak astanira gupuh | kinanthi binêkta lênggah ||

22. satata nèng păncaniti | Sri Maha Narendra Krêsna | pra putra glar nèng ngarsane | sri bupati ing Cêmpala | mèsêm dènnya ngandika | pan kawula mèh sumusul | anak prabu mring payudan ||

23. sangking sumêlang miyasi[27] | ing warti Jungkungmardeya | langkung awrat ing yudane | umatur Narendra Krêsna | saèstu lamun awrat | marma tilar prajanipun | mring tanah Jawa andon prang ||

24. saking wus tan angsal tandhing | wontên sabrang gunaning prang | nêracak sapunggawane | samya prawirèng ayuda | wadyanipun sadaya | sami sêtya ratunipun | marmane awrat sinăngga ||

25. sajroning prang tigang ari | wadyanipun têtumpêsan | tanpa kiwul ing yudane | tan wontên kang lumayua | maksih ambyuk kewala | mêrêm ing

--- 166 ---

prang soroh amuk | nèng ngarsane ratunira ||

26. marmanya glis dèn lêpasi | ing sanjata pawanendra | mring pun Dananjaya age | awlas kathahing papêjah | Prabu Jungkungmardeya | kabuncang sadayanipun | tiba ing Paranggubarja ||

27. miwiti malah mêkasi | solah tingkahing ayuda | sampun katur sadayane | sri bupati ing Cêmpala | langkung sukaning driya | yèn makatên anak prabu | tumuntên kalampahana ||

28. rayi tuwan pun Srikandhi | dhaupe lan pun Arjuna | ing Soma ngarsa pênêde | sêdhêng ngaso ingkang wadya | matur Narendra Krêsna | inggih kawula jumurung | paman prabu karsa tuwan ||

29. punapa kang dèn antosi | ing rèh wus dadya ubaya | prayogi nuntên panggihe | lingira Natèng Cêmpala | kulup Trusthadyumêna | lan Si Patih Căndrakètu | besuk ari Soma ngarsa ||

30. padha dèn sumêktèng kardi | ing dhaupe

--- 167 ---

bakyunira | kang putra sandika ture | nulya kundur sri narendra | lumêbèng dhatulaya | Prabu Padmanaba sampun | masanggrahan saha bala ||

31. bubar sagung kang anangkil | wau Sang Prabu Drupada | sarawuhirèng kadhaton | pinêthuk marang kang garwa | sawusnya tata lênggah | alon ngandika sang prabu | hèh ta yayi mungsuhira ||

32. samêngko wus tumpês tapis | Sang Prabu Jungkungmardeya | sirna lêbur sabalane | sutanira Si Arjuna | ingkang marwasèng yuda | wus dadi ubayanipun | yèn kalakon mungsuh sirna ||

33. sutanira Si Srikandhi | ingkang sun karya ganjaran | mau wus sun dhawuhake | besuk ari Soma ngarsa | dhaupe sutanira | samêngko wus sêdhêngipun | kanthinên marang jro pura ||

26. Kinanthi

1. watir anèng tamansantun | bêcik rêksanên jro puri | kang garwa matur sandika | wus mundur saking ngarsa ji | lajêng marang patamanan | kunêng gantya kang winarni ||

2. kang

--- 168 ---

kêkuwu tamansantun | Kusuma Wara Srikandhi | rawuh saking Madukara | dalu jujug tamansari | dèrèng sowan mring kang rama | miwah dèrèng dèn timbali ||

3. wira-wiri mung kang ibu | nênggih ingkang atêtuwi | cinatu[28] sang rêtnaning dyah | ing galihira wus têbih | mring satriya Dananjaya | tan ana labêtirèki ||

4. brangtanira kang rumuhun | wus supe ing tyasnya saking | asru karêm kaprawiran | tan antuk dhahar myang guling | tan lyan namung ciptanira | dadia putri prajurit ||

5. Sang Parta wêwulangipun | pratingkah ngadoni jurit | wus kacakêp sadayanya | mangkana sang rajaputri | panglêpasaning sanjata | miwah jaya wijayanti ||

6. kang dadya sêngsêming kalbu | nalika binegal margi | ditya ing Paranggubarja | tan rêkasa ing ajurit | pira-pira ingkang sirna | dening sanjata Dhêdhali ||

7. sêmana sang rêtnaningrum | duk lagya siniwèng cèthi | lênggah soring nagapuspa | dangu wartaning ajurit [a...]

--- 169 ---

[...jurit] | nikèn ban umatur nêmbah | wau praptanipun gusti ||

8. kang saking magut prang pupuh | pinêthuk nèng păncaniti | ing ramanta sri narendra | wartine mêngsah wus tapis | Sang Prabu Jungkungmardeya | sabalane wus sirnanting ||

9. sakantunira kang lampus | sinapu sanjatèngangin | mring satriya Dananjaya | tan wontên kantun satunggil | dadya rama padukendra | kenging ing sayêmbarèki ||

10. jangjènipun sang aprabu | marang Rahadèn Prêmadi | sintên kang sagêd nyirnakna | mring mungsuh ginanjar putri | ingkang kinarya bang-êbang | pan inggih paduka gusti ||

11. ing wau pan sampun dhawuh | sang prabu nèng păncaniti | binjang ari Soma ngarsa | ing panggih paduka gusti | lan satriya Dananjaya | sang rêtna duk amiyarsi ||

12. mèsêm sarwi ngandika rum | gumampang jêng rama aji | ingsun kinarya ganjaran | mring wong ika tan tinari | apa ta dumèh wak ingwang | wus nunggal [nungga...]

--- 170 ---

[...l] samadya sasi ||

13. nèng Madukara gêguru | pangawasaning jêmparing | măngsa ta nora uwisa | nunggal budi golong pikir | mangkono panggalihira | marma tan nganggo tinari ||

14. baya badhêdhêg sagunung | atine kang mênang jurit | wus pasthi tămpa ganjaran | dhasare wus wanuh nguni | yêkti yèn ora bêbakal | ukur jinawil sumrinthil ||

15. babo aja gupuh-gupuh | mondhong mring Wara Srikandhi | samêngko mênèk tan kêlar | pêpanggilirèng akrami | putrine Natèng Cêmpala | ayu prawirèng ajurit ||

16. lah ta dene rama prabu | girisan têmên ing galih | ukur mungsuh ratu sabrang | dadak nyênyambat ing jurit | yèn ing nguni ngandikaa | sadina ingsun tadhahi ||

17. bubar sirnane kang mungsuh | ngandika dèrèng dumugi | kasaru ing rawuhira | ingkang ibu pramèswari | gupuh mêthuk sang lir rêtna | tundhuk ing ngarsa wotsari ||

18. rinangkul [rinangku...]

--- 171 ---

[...l] lungayanipun | wusnya tata lênggah sami | munggèng soring nagapuspa | kang ibu ngandika aris | babo nini putraningwang | lakuningsun pan tinuding ||

19. mring ramanira sang prabu | kinèn maringi udani | yèn mungsuh sabrang wus sirna | sabalane tumpês tapis | rakanira Madukara | iya kang marwasèng jurit ||

20. wus dadya punagènipun | ramanira sri bupati | sira nini kang kinarya | ganjarane ing ajurit | mring rakanira Ki Parta | mau anèng păncaniti ||

21. ramanira pan wus dhawuh | mring Sang Prabu Harimurti | besuk ari Soma ngarsa | karsane ginawe pasthi | iya dadi dhaupira | kalawan rakanirèki ||

22. timbalane wong tuwamu | sira ywa nèng tamansari | kurang pira Soma ngarsa | bêcik rinêksa nèng puri | ila-ilane wong kuna | sang rêtna umatur aris ||

23. dhuh ibu paduka matur | ing jêng rama sri bupati | karsane ingkang punika | kawula tur pati

--- 172 ---

urip | nuwun dukane jêng rama | dèrèng arsa nambut krami ||

24. sawêg kasêngsêm tyas ulun | kaprawiraning ajurit | kang ibu duk amiyarsa | kang putra rinangkul aglis | dhuh ta nini kayaparan | mangkono aturirèki ||

25. mendah ramanta sang prabu | sungkawanira ing galih | ratu iku nora kêna | cidra sasamining aji | dene wus kêna jangjinya | mring Sang Prabu Harimurti ||

26. ing satêmah nora wurung | mindho papat dadi jurit | ala mungsuh ratu sabrang | dene mungsuhira nini | iya lan Nata Pandhawa | apa kang kinarya wani ||

27. sang rêtna nêmbah umatur | yèn kêdah misesèng jurit | satriya ing Madukara | kawula ingkang ngêmbari | sagêndhingirèng ayuda | ewadene jêng rama ji ||

28. kapidêrêng galihipun | ibu dènnyarsa angambil | mantu mring wong Madukara | saking jangjine wus kêni | mring Sang Prabu Padmanaba | inggih kawula lampahi ||

29. nanging paduka umatur |

--- 173 ---

ibu mring kangjêng rama ji | apan ing nguni kawula | inggih gadhah pasanggiri | botên arsa nambut krama | yèn tan antuk satriya di ||

30. kang sagêd dhatêngi ibu | amba nuwun apêpanggil | lamun akrama tampia | tiba sampir wanodya di | ingkang wasis ananjata | bangkitipun kang ngungkuli ||

31. lan pamanah kula ibu | lamun tan sagêd dhatêngi | panuwun kula punika | nadyan praptèng nini-nini | yêkti wadat tan akrama | dipun dhawuhna tumuli ||

32. dhatêng kang binadhe mantu | yèn botên sagêd dhatêngi | sampun yèn mênggah ginarwa | wanuh kewala tan sudi | lah sisan dadosa mêngsah | ing prang pundi gène panggih ||

33. upami jêng rama prabu | dukani pan mrih nêkani | paripaksa mring kawula | pintên sakite wong mati | kang ibu langkung sungkawa | miyarsa aturing siwi ||

34. ngandika sarwi angrangkul | lah ta kayaparan nini | mring ramanira sang nata | iya sun aturkên nini | yèn mangkono [mang...]

--- 174 ---

[...kono] ing tyasira | nulya kundur pramèswari ||

35. sapraptanirèng kadhatun | ing ngarsa sri narapati | matur solahe dinuta | miwiti malah mêkasi | dènnya dhawuh mring kang putra | miwah wangsulanirèki ||

36. kang putra panuwunipun | sadaya wus katur sami | sang prabu duk amiyarsa | anglêngglêr[29] ing tyas tan sipi | cipta sru duka mring putra | mèh têdhak angore wèni ||

27. Sinom

1. kasaru ing praptanira | Sang Aprabu Harimurti | lan Radèn Trusthadyumêna | gupuh dènnya ngacarani | wus tata lênggah sami | Sri Drupada ngandika rum | kaparêng putraningwang | lumêbêt sajroning puri | yèn sampuna rawuh kawula utusan ||

2. inggih ngaturi paduka | saking sungkawaning galih | dene ta ari paduka | pun Srikandhi ing samangkin | karya beka tan sipi | ibunta kang kula tuduh | dhawuhi dhatêng taman | mring arinta pun Srikandhi | lamun mêngsah ing sabrang mangke wus sirna ||

3. ing

--- 175 ---

prang dening pun Arjuna | sawadyane tumpês tapis | pun Srikandhi ulun kaya | ganjaran ungguling jurit | kula panggihkên nuli | inggih lawan kadangipun | benjang ing Soma ngarsa | mopo datan anglampahi | pamopone arinta gadhah panêdha ||

4. marma dahat tyas kawula | sungkawa wor muring-muring | kadi wus kolu-kolua | mring arinta pun Srikandhi | dene beka tan sipi | sadaya sampun tinutur | mring Prabu Padmanaba | panuwunira sang putri | mung punika mêsgule manah kawula ||

5. dhaupe lan pun Arjuna | mawi gadhahi punagi | kang dados panêdhanira | botên kaprah ing sabumi | lah kono pramèswari | aturna marang putramu | kabèh-kabèh kang dadya | panuwune Si Srikandhi | aturêna aja na kang kêkurangan ||

6. pramèswari aturira | mring Sang Prabu Harimurti | dènnya dhawuh mring kang putra | miwah wangsulanirèki | panuwune sang putri | sadaya pan sampun [sa...]

--- 176 ---

[...mpun] katur | pêpanggiling akrama | tampia patiba sampir | wanodya di kang wignya ulah sanjata ||

7. awase kang ngasorêna | marang gènipun jêmparing | lamun botên kadhatêngan | inggih botên nêdya krami | Sang Prabu Harimurti | gumujêng alon umatur | paman sampun aduka | mring putra tuwan Srikandhi | pinêksaa punika măngsa kenginga ||

8. panêdhanipun wus dadya | pasanggirining pawèstri | lamun botên kadhatêngan | yêkti yèn pilaur mati | dhasar nêdya ngayoni | inggih dhatêng gurunipun | putranta pun Arjuna | prayogi tuwan dhawuhi | Sri Narendra Cêmpala alon ngandika ||

9. anak prabu tyas kawula | sampun bodho tanpa budi | sumanggèng karsa kewala | rayi tuwan pun Srikandhi | Sang Prabu Harimurti | nolih sarwi ngandika rum | yayi Trusthadyumêna | pan sira kang ingsun tuding | dhawuhana kakangira Si Arjuna ||

10. kabèh sapanjalukira [sapanjaluki...]

--- 177 ---

[...ra] | bakyumu dhawuhna sami | mring rakanira ing kana | lamun bisa anêkani | yêkti yèn sida rabi | yèn tan bisa yêkti wurung | Radèn Trusthadyumêna | sandika tur sêmbah mijil | praptèng jawi lampahe lajêng kewala ||

11. mung lan panakawan sapta | mangkana ingkang winarni | sira Radyan Dananjaya | wontên pakuwonirèki | lagya karya jêmparing | Rarasati munggèng ngayun | sarwi ngrêmpêlas gandar | radèn ingkang angêlari | Dananjaya alon dènira ngandika ||

12. Larasati bêcik sira | iya muliha dhingini | marang nagara Ngamarta | mangkata ing benjing enjing | lakunira sun tuding | matura mring biyang kulup | lamun Putri Cêmpala | karsane sri narapati | pan ing mêngko pinaringakên maringwang ||

13. besuk ari Soma ngarsa | ingsun mopo nora kêni | rèhning putra wus kinarya | sayêmbaraning ajurit | gustimu konên pamit | iya mring jêng kaka prabu | mulih mring Madukara [Maduka...]

--- 178 ---

[...ra] | ngrêsiki wismanirèki | lan nampani praptane Putri Cêmpala ||

14. paturone dèn prênahna | yèn lêga gustinirèki | iya anèng sênthong wetan | Rarasati maleroki | sarwi mènjêp turnèki | dhuh lae mambu wong lumuh | bok sampun samudana | karya ewa kang miyarsi | sêjatine pan inggih galih paduka ||

15. lamun kawula maksiha | wontên Cêmpala nênggani | panggihe pangantèn benjang | bokmanawi makèwêdi | akarya sănggarunggi | mring pangantèn manahipun | suwawi supatanan | yèn botên kadya tur mami | gusti sang dyah malah kula gêgasaha ||

16. kundur asile punapa | mindhak anyênyakit ati | Dananjaya duk miyarsa | gumujêng sarwi anjiwir | lambene Rarasati | gya tinampèl astanipun | aja mangkono sira | bok sing wêlas marang mami | măngsa dadak ngalahna kang wus pêputra ||

17. mung lawan sira kewala | ing

--- 179 ---

tyas ingsun wus sayêkti | nora bisa angalahna | mulane sira dèn bangkit | ing besuk amaripih | mring atine biyang kulup | yèn kongsi bisa ilang | muring-muringe mring mami | sayêktine gêdhe ganjaran manira ||

18. sapatut pamintanira | sayêktine sun turuti | busana kang adi endah | samana ingkang maripih | eca imbalan angling | kêsaru ing praptanipun | Radèn Trusthadyumêna | majêng sarwi awotsari | Radyan Parta gya nambrama tamunira ||

19. Rarasati mundur sigra | nèng wuri ragi kapering | cêlak lênggahira radyan | sarwi mulat ingkang prapti | mêksih dènira ngampil | dêdêr ampêlasan wau | Dyan Trusthadyumna mulat | mring raka umatur aris | dhuh kakang mas têmbe kawula tumingal ||

20. sintên ing wingking paduka | ingkang ngrampêlas jêmparing | satriya Andananjaya | nolih sarwi lon dènnya ngling | iku bocah ngong yayi | palihane bakayumu | sinungakên [si...]

--- 180 ---

[...nungakên] maringwang | sun karya garwa paminggir | nêmbah matur Rahadèn Trusthadyumêna ||

21. kakang mas lampah kawula | dinutèng kangjêng rama ji | myang raka Sri Padmanaba | ingutus paring udani | mring paduka manawi | panggih tuwan dèrèng tamtu | lan kangbok Soma ngarsa | wontên pakèwêd nusuli | rayi tuwan kakang bok akarya beka ||

22. mawi gadhahi panêdha | pasanggirining akrami | panuwune mring paduka | tampia patiba sampir | wanodya kang linuwih | awase pamanahipun | kang sagêd ngasorêna | marang gènipun jêmparing | panuwune kakang bok amung punika ||

23. kang wus kinarya ubaya | yèn kangmas sagêd dhatêngi | sampun mênggah kang ginarwa | padmi sanadyan paminggir | marêkan anglampahi | kakang bok pratignyanipun | kangmas lamun paduka | botên sagêd andhatêngi | praptèng nini-nini wadad tanpa krama ||

24. dhuh kangmas manah kawula | mring kangbok sèwu [sè...]

--- 181 ---

[...wu] anggêni | dene kumingsun kalintang | nuntên upadosna tandhing | yèn kasor kangbok benjing | sayêkti kawula kaul | Sang Parta duk miyarsa | Trusthadyumêna turnèki | langkung kagyat anglênggêr sajroning driya ||

25. nanging sinamun ing netya | gumujêng dènnya nauri | yayi mas aja gumampang | mring rakanira sang putri | awase yèn jêmparing | sipat katon ora luput | walikên tri bawana | yèn padha samaning putri | nora nana kang nimbangi sang lir rêtna ||

26. lah ta wis yayi matura | iya mring sang prabu kalih | ingsun wus nora kaduga | iya yayi anêkani | pamundhute sang putri | ing tyas ingsun uwis mupus | yèn wus karsaning dewa | durung jinodho lan mami | Radèn Trusthadyumêna matur ngrarêpa ||

27. dhuh kangmas sèwu dupara | paduka botên kadugi | măngsa dadak akewrana | inggih ngupadoskên tandhing | ingkang sagêt jêmparing | kakang bok sintên [si...]

--- 182 ---

[...ntên] kang muruk | inggih saking paduka | Dananjaya ngandika ris | ingsun yayi ingkang muruk wus kasoran ||

28. Rarasati duk miyarsa | ing ngarsa gunêmirèki | turing Dyan Trusthadyumêna | pamundhutira sang putri | Sang Parta tan nyagahi | nulya jawil saking pungkur | bêbisik aturira | paduka tuwan sagahi | pamundhute Sang Rajaputri Cêmpala ||

29. kawula kang ngladosana | sagêndhingipun jêmparing | ature tan piniyarsa | nanging Nikèn Rarasati | sinikut-sikut maksih | jawil matur saking pungkur | dènnya kèn nyagahana | Dananjaya rêngu nolih | Radèn Trusthadyumêna tyase graita ||

30. tumingal marang kang raka | gung jinawil saking wuri | sinikut maksih kewala | Rarasati dènnya jawil | dadya umatur aris | kangmas paran karsanipun | dene èsmu dêduka | mring kang jawil saking wuri | punapa kang dados brangtane aturnya ||

28. Asmaradana

1. Dananjaya [Da...]

--- 183 ---

[...nanjaya] ngandika ris | sun srêngên ing bocahira | cangkême angomèl bae | nora patut piniyarsa | ature wong angomyang | lah wis kondura riningsun | aturna mau tur ingwang ||

2. wus nora bisa nêkani | wau Dyan Trusthadyumêna | maksih kèndêl ngawasake | Rarasati solahira | rinêngu mring kang raka | maksih jawil saking pungkur | sangsaya asru turira ||

3. Sang Parta èbêg ing galih | nolih wuri asru nyêntak | Kèn Rarasati ambêkès | yèn pangeran botên sagah | kula sakêthi merang | darbe gusti mantuk ngunthul | awirang angur matia ||

4. luhung paduka ing nguni | sampun bêkta mring kawula | kundur ngunthul sakarsane | wau Dyan Trusthadyumêna | miyarsa langkung suka | mring raka sru aturipun | dhuh kangmas dene punika ||

5. tan mawi ngupados têbih | bakayu wingking punika | pan sampun nyagahi dhewe | têka dadak dinukanan | Dananjaya [Dananja...]

--- 184 ---

[...ya] ngandika | yayi aja sira rungu | ing ature bocahira ||

6. saguhe wong andalêming | gêpok gandhewa pan ora | durung tau sajêg-jêge | têka saguh ngayonana | pamanahe sang rêtna | dêstun tan wruh awakipun | mundhak mêmirang kewala ||

7. lah ta wis kundura yayi | Rarasati duk miyarsa | tan kêna tinata tyase | sigra majêng dènnya lênggah | nèng iringe Sang Parta | dhuh radèn paduka matur | ing ramanta sri narendra ||

8. yèn kawula kang nyagahi | pamundhutipun sang rêtna | angladosi samangsane | ngabên pawasan sanjata | Radèn Trusthadyumêna | miyarsa suka kalangkung | sarwi kêplok saurira ||

9. inggih bakyu inggih inggih | kula kang matur jêng rama | lamun bakyu saguh dhewe | kakang mas ingkang anakal | wong saguh dinukanan | radèn tur sêmbah gya mundur | saking ngarsane kang raka ||

10. latah sarwi asêsirig | satriya Andananjaya |

--- 185 ---

nguwuh asru pêngampahe | hèh ta yayi aja aja | ature bocahira | kongsia katur sang prabu | măngsa dadak sayêktia ||

11. ingkang pasthi atur mami | aturêna sri narendra | pan wus nora sagah ingong | iya yèn anêkanana | pamundhute sang rêtna | Trusthadyumêna gumuyu | sadasa kangmas matura ||

12. inggih botên anyagahi | jêr bakayu ingkang sagah | yêkti kula aturake | inggih dhatêng kangjêng rama | lan kangmas Nata Krêsna | Dananjaya mangu jêntung | dhêlêg-dhêlêg tan ngandika ||

13. èbêging tyas muring-muring | muring-muringira marang | Rarasati cinawowo | sarwi angagagi asta | dhuh sirèku wong apa | cangkêm calêbang-calêbung | matur mring Putri Cêmpala ||

14. têka dadak anyaguhi | pamundhute sang lir rêtna | apa kang kok saguhake | kapan gonmu amêmanah | lah ing mêngko kaya pa | kang pasthi ika umatur | iya marang sri narendra |

--- 186 ---

15. lamun sira wus nyagahi | dhuh adhuh iki wong apa | dene mangkono cangkeme | Rarasati matur nêmbah | punapa kang dèn ucap | sagah kang sampun katrucut | paran gène mangsulana ||

16. kajawi dipun ayoni | inggih kantênane benjang | yèn sampun sami kalakon | kula ingabên êlèsan | lawan Putri Cêmpala | kantênan sor unggulipun | Sang Parta atêbah jaja ||

17. dhuh kabanjur si wong iki | baya kasurupan apa | dene kumini kumênès | sêdya wani ngayonana | lawan Putri Cêmpala | awase pamanahipun | wong kudu bêbarang wirang ||

18. kapan gonmu anjêmparing | gêpok gandhewa pan ora | durung tau sajêg-jêge | iya putri ing Cêmpala | nguni lamun mêmanah | kang kinarya lesan rambut | amung wruh pêrnahe kêna ||

19. mèsêm Nikèn Rarasati | Dyan Parta maringi sigra | gandhewa lan jêmparinge | karsanira [karsa...]

--- 187 ---

[...nira] kinèn nyoba | Rarasati tur sêmbah | bok sampun tanggêl pukulun | inggih lesanipun pisan ||

20. rema lan terong galathik | dhoging pêking pinasanga | pan kawula salamine | sapisan dèrèng tumingal | gèn tuwan lesan liyan | inggih namung lesan rambut | terong lan dhoging kukila ||

21. Sang Parta ngêmpus sarya ngling | ewa têmên sun miyarsa | ing ature si mêngkonok | lesane nulya pinasang | terong gêlathik lawan | tiganing pêking ginantung | rema pinasang nèng têngah ||

22. sinami longkangirèki | terong lan dhoging kukila | angapit rema ênggone | Nikèn Rarasati nulya | ngewahi lungguhira | rêspati pangêmbatipun | gandhewa pamawasira ||

23. mèh lumêpas kang jêmparing | cinandhak gandhewanira | Sang Parta lon andikane | dhuh dene parigêl sira | pacak tandang tanduknya | kaya wong wus olèh wuruk | pangêmbatirèng [pang...]

--- 188 ---

[...êmbatirèng] gandhewa ||

24. miwah pamawasirèki | pan wus nyamlêng lungguhira | rada kêmiringên bae | lawan kamanglungên jăngga | yèku pangincêngira | rada mambu pacak kakung | dudu pacaking wanodya ||

25. iya nora angewani | lakune jêmparingira | nanging saru sawangane | pawèstri lamun mêmanah | anganggo pacak lanang | lah tirunên ingsun wuruk | kang nyamlêng pacak wanodya ||

26. nulya mundhut dhoging pêking | terong galathik kalawan | rema kinandhang ênggone | pan anèng têngah jinăngka | sinami longkangira | terong lawan dhoging manuk | Sang Parta ngêmbat gandhewa ||

27. mawas sanjata sarya ngling | lah ta iki tingalana | pamawas ingsun rakite | kang nyamlêng pacak wanodya | dudu pacaking priya | awasna ingkang katiru | wus lumêpas kang sanjata ||

28. terong gêlathik kang pinrih | têngah bênêr ingkang kêna | maksih tumancêp panahe | nulya malih anyanjata [a...]

--- 189 ---

[...nyanjata] | dhoging kukila kêna | bolong panahira laju | dhog katon wutuh kewala ||

29. nulya rema jinêmparing | kêna têngah bênêr sigar | maksih kêkanthil panahe | Dananjaya angandika | lah ta sira manaha | tiru pamanahku mau | sarwi ngusapi srinata ||

29. Sinom

1. iku putri ing Cêmpala | durung kongsi sun wuruki | manah rambut mamrih sigar | panahe maksih kêkanthil | lan manah dhoging pêking | bolong têngah panah laju | nora jaluk maringwang | lan manah terong gêlathik | jêmparinge maksih tumancêp kewala ||

2. kang wus sun wurukkên marang | putri ing Cêmpala naming | bisane mung manah rema | pêdhot nora bisa kanthil | yèn manah dhoging pêking | pasthi kêna nanging rêmuk | mrih bolong durung bisa | yèn manah terong gêlathik | kêna sigar mrih tumancêp durung bisa ||

3. nora kudu sira bisa | manah rambut mamrih kanthil [kanthi...]

--- 190 ---

[...l] | bisaa papak kewala | kalawan sang rajaputri | wus narima tyas mami | dadi ana sasabipun | gon ingsun wurung krama | duwea kêlik sathithik | mung sêlire bae kang ingabên lesan ||

4. manah kalawan sang rêtna | bisa pur dènnya jêmparing | lah mara sira manaha | sun awasne saking wuri | Rarasati nampèni | langkap lan jêmparingipun | lajêng ngêmbat gandhewa | nyamlêng pacaking pawèstri | Dananjaya tumingal kalangkung suka ||

5. mêngko mandhêga sadhela | rada kadohan sathithik | iku ing pamawasira | yêkti lamun angowani | mara mawasa maning | yèn wus amor bedhoripun | lan lesan nuli culna | sigra Nikèn Rarasati | ngêmbat langkap wus awor pamawasira ||

6. bedhore kalawan lesan | lumêpas ponang jêmparing | lesan rambut kang dèn angkah | kêna sigar panah maksih | anèng ing rema kanthil | Rarasati gya rinangkul | ingaras asru

--- 191 ---

nyêngkah | dhuh priyayi apa iki | têka dadak angregoni wong mêmanah ||

7. kula dugèkne punika | lesan ingkang kantun kalih | bokmanawi mangke lêpat | Dananjaya ngandika ris | adhuh woding tyas mami | apuranira sun pundhut | anggon ingsun dêduka | akèh-akèh mring sirèki | iya sapa wonge ingkang duwe nyana ||

8. dene dadakan kewala | iya gon ingsun muruki | mung dulu sadhela bisa | angungkuli kang wus lami | gonira anjêmparing | nuli bisa manah rambut | mendah kaul ngong benjang | yèn kalakona sirèki | kongsi bisa angrabèkakên maringwang ||

9. ingsun kêmbong pitung dina | anèng sajroning jinêmrik | dèn kongsi nêlaskên karsa | Rarasati maleroki | boya kudu wak mami | ginanjar mangkono iku | namung sok kalakona | sarirane sida krami | ingkang dados panase manah kawula ||

--- 192 ---

10. mendah dene yèn ajaa | jaba jêrone wus kêni | têka dadak alêlewa | nganggo duwe pasanggiri | mêjanani ngilani | iya marang kang amuruk | satriya Dananjaya | gumujêng ngandika aris | lah ta mara tutugna pamanahira ||

11. ingkang lesan karo ika | Rarasati nêmbah nuli | ngêmbat gandhewa winawas | lumêpas ingkang jêmparing | dhoging kukila pêking | kêna bolong nora rêmuk | nulya malih nanjata | kêna kang terong galathik | têngah bênêr têrus maksih jêmparingnya ||

12. tumancêp satêngah gandar | gya pinondhong saking wuri | angayang-ayang pinêksa | pangeran mangke rumiyin | bok dèn sarèh ing galih | kirang pintên Soma ngayun | panggih lawan paduka | Kusuma Wara Srikandhi | kawularsa dugèkkên lesan sanjata ||

13. satriya Andananjaya | ngaras sarwi ngandika ris | lah măngsa kuranga dina | sesuk manèh iya bêcik [bêci...]

--- 193 ---

[...k] | sun ngêmping kaul dhingin | gya binêkta mring jinêmrum | nahan ta ingkang lagya | angêla-êla mring dasih | kawuwusa Rahadèn Trusthadyumêna ||

14. wus prapta sajroning pura | ngarsane sang prabu kalih | Sri Maha Narendra Krêsna | apan ta maksih ngêntosi | praptanira kang rayi | rahadèn nêmbah umatur | sasolahnya dinuta | miwiti malah mêkasi | dènnya dhawuh mring kang raka Madukara ||

15. katur ing pamoponira | sadaya wus katur sami | wande krama wus tinêmah | wasana ingkang nyagahi | garwanipun paminggir | dinukanan mêksa maju | sagah samăngsa-măngsa | mring kakang bok angêmbari | sami ngabên pangawasaning sanjata ||

16. gumujêng Narendra Krêsna | mring kang paman matur aris | paman aji putra tuwan | sae nuntên dèn dhawuhi | yèn sampun dèn sanggupi | kang dados panuwunipun | matur Natèng Cêmpala | pun bapa wus pasrah yêkti | pan sumăngga ing anak prabu

--- 194 ---

kewala ||

17. inggih ingkang andhawuhna | Sri Padmanaba lingnya ris | hèh yayi Trusthadyumêna | banjura mring tamansari | iya sira sun tuding | dhawuhana bakayumu | yèn mêngko ingkang dadya | panjaluke dèn saguhi | iya marang kakangira Madukara ||

18. sêlire ingkang kinarya | sasrahan patiba sampir | iya marang bakyunira | sagêndhinge dèn ladèni | ngêndi gone nglêkasi | apa anèng tamansantun | lah iya besuk apa | dènira lesan jêmparing | ing samăngsa-măngsa kene wus sadhiya ||

19. radèn tur sêmbah gya mentar | lajêng marang tamansari | wau ta ingkang winarna | Kusuma Wara Srikandhi | lagya siniwèng cèthi | lênggah soring nagasantun | êmban inya nèng ngarsa | sang rêtna ngandika aris | hèh ta biyang kayaparan duganira ||

20. priyayine Madukara | apa bisa anêkani | kang dadi panjaluk ingwang | patiba sampir pawèstri |

--- 195 ---

kang wignya anjêmparing | ngasorna pamanah ingsun | bok êmban matur nêmbah | kados botên sagêd gusti | lah ing pundi inggih gènipun ngupaya ||

21. èstri kadi sang lir rêtna | wignyanipun anjêmparing | wikan yèn ing Endraloka | lamun salumahing bumi | măngsa wontêna kalih | kados paduka sang ayu | jêmparing lesan rema | ukur wruh prênahe kêni | sang kusuma mèsêm aris angandika ||

22. hèh biyang aywa gumampang | nora kêna dèn kilani | priyayining Madukara | garwane putri linuwih | lan sêlire kêkalih | bokmanawa wus winuruk | iya marang kang lanang | pangawasaning jêmparing | nanging iya sanadyan wis winulanga ||

23. lagya lawase sawarsa | sanadyan wisa rong warsi | ingsun mung samadya căndra | biyang rasane tyas mami | kaduga angungkuli | marang ingkang wus rong taun | malah-malah tyas ingwang | wis kaduga angayoni | mring kang muruk [muru...]

--- 196 ---

[...k] pangawasaning sanjata ||

24. dèrèng dugi angandika | kagyat praptane kang rayi | ingawe majêng mangarsa | sang dyah angandika aris | yayi apa tinuding | dene sun dulu agupuh | kang rayi matur nêmbah | inggih kakang bok tinuding | ing rama ji myang raka Sri Padmanaba ||

25. kinèn dhawuhi paduka | panuwun tuwan samangkin | kakang mas ing Madukara | inggih sampun anyagahi | sêlire kang kinardi | patiba sampir pukulun | satunggal kang binêkta | punika ingkang nyagahi | ing samăngsa-măngsa mêngsah ing paduka ||

26. pangawasaning sanjata | nama Nikèn Rarasati | warnanipun yu utama | lan paduka mèh sairib | pathênthênge mêdosi | wau kasagahanipun | sinawang ing wangunan | pantês wignya anjêmparing | dhuh kakang bok yèn parêng atur kawula ||

27. bok inggih krama prasajan | sampun mawi kêdhah-kêdhih | inggih asile punapa | yèn kawon ngisin-isini |

--- 197 ---

sagêd tuwan jêmparing | inggih kakang mas kang muruk | ngrika măngsa wandea | wus dèn ulig rina wêngi | marma gadhah kandhutan manah kaduga ||

28. sang rêtna rêngu ngandika | lah ta wis aja cariwis | pan wus dadi karêp ingwang | kaya pa gone balèni | yèku Si Rarasati | nadyan bisa manah lêmut | ingsun măngsa ulapa | kang rayi umatur aris | yèn saèstu mawi pocunging akrama ||

30. Pocung

1. inggih kangbok ing pundi kambanganipun | lan benjang punapa | murwani lesan jêmparing | sang rêtna ngling iya nèng kene kewala ||

2. bangsalipun cilik taman kulon iku | bakal gone kana | lan kene sêdhêng dohnèki | tarubana lan wangunên tatuwuhan ||

3. gustinipun sayêktine iya mèlu | kêkinthil mring taman | sêlire kang dèn botohi | sun wangêni bature ingkang binêkta ||

4. patang puluh aja luwih saking iku | ingsun gawe padha | lan kèhe parêkan [pa...]

--- 198 ---

[...rêkan] mami | iya patang puluh kalêbu mban inya ||

5. bangsal agung ana taman ingkang kidul | iya tarubana | palênggahane rama ji | lawan sira Sang Aprabu Padmanaba ||

6. santanèku nunggala kono gonipun | pêrak gone lesan | waspada dènnya ningali | têngah-têngah lan kene myang kulon ika ||

7. pasang tarub rêngganên kang sarwa patut | singa kang amanah | maju mring bangsal gonnèki | dènnya lêkas têtandhingan manah lesan ||

8. iya besuk Buda Cêmêngan puniku | sêdhêng purnamanya | lêbokna Si Rarasati | ingsun jake lêkas manah ingkang enjang ||

9. lan sirèku matura jêng rama prabu | yèn wus padha lesan | ingsun lan Si Rarasati | bêcik nganggo gamêlan kalawan surak ||

10. bangsal loro ing kana lawan gon ingsun | bêcik nganggo padha | mangku gamêlan pribadi | tinon ngakèh nora kêmba piniyarsa ||

11. lamun antuk Rarasati [Ra...]

--- 199 ---

[...rasati] panahipun | ya bature kana | dèn rame surakirèki | patang puluh kabèh aloka yèn kêna ||

12. lamun luput ika na pamanahipun | nora tibèng lesan | ing kene ingkang nyuraki | binarunga gamêlan myang êmban ingwang ||

13. patang puluh kabèh ngêlokna yèn luput | yèn tumibèng lesan | parêkan sun sadayèki | patang puluh barêng padha alok kêna ||

14. aturipun kang rayi sarwi gumuyu | kangbok sayêktosan | karsa paduka puniki | tandhing lesan sênjata mawi gamêlan ||

15. sartanipun surak lir wong abên sawung | dhulipun kambêngan | kakang bok dèn ngati-ati | mêngsah tuwan sawung sampun lig-uligan ||

16. sawungipun wêton mrapi simpên ampuh | kangbok kula sawang | punika Kèn Rarasati | kadi-kadi katetesan trah kusuma ||

17. kula dulu dede alit wijilipun | sang rêtna ngandika | iya karuhane benjing |

--- 200 ---

gêgitike yèn wus mêtu ing kalangan ||

18. panuwunku yayi aturna sadarum | aja kêkurangan | pangrêngganing tamansari | dèn samêkta poma yayi atur ingwang ||

19. awotsantun kang rayi wus pamit kundur | saking patamanan | wangsul manjing jroning puri | praptèng ngarsanira sang prabu kalihnya ||

20. awotsantun mring Nata Krêsna turipun | lampahnya dinuta | panggih kang raka sang dèwi | panuwune wus ingaturakên samya ||

21. duk miyarsa Narendra Krêsna gumuyu | Sang Prabu Drupada | pangandikanira aris | anak prabu paran ing karsa paduka ||

22. nulya Prabu Padmanaba ngandika rum | yayi parentahna | kabèh-kabèh ingkang dadi | panuwune bakayumu dèn samêkta ||

23. Sang Aprabu Padmanaba pamit sampun | mêdal masanggrahan | Trusthadyumêna tan kari | praptèng jawi lajêng dènnya aparentah ||

24. dhawuhipun mring Ki Patih Căndrakètu | lawan pra dipatya | ngrêsiki

--- 201 ---

ing tamansari | lan amangun angrêngga bangsal têtiga ||

25. tarub-tarub kêmbang têtuwuhanipun | wau kang winarna | sang prabu ing Dwarawati | sampun dhawuh mring kang rayi Madukara ||

26. karsanipun Putri Cêmpala wus tamtu | ing Buda Cêmêngan | dènira tandhing jêmparing | anèng taman mawi surak lan gamêlan ||

27. wangênipun gawabdi mung patang puluh | ingkang badhe surak | ing benjang nèng tamansari | cinarita satriya Andananjaya ||

28. pan amêsu rong dina gonira jangkung | ing pamulangira | marang Nikèn Rarasati | wus tan owah wignyane jêmparingira ||

29. lan winuruk pratingkahing aprang pupuh | kalamun pinanah | tan kewran dènira nangkis | miwah nyandhak jêmparing lumarab bisa ||

30. myang winuruk ing aji jaya pinunjul | kabèh wus tinampan | Rarasati sampun bangkit | sapraptane ing ari Buda Cêmêngan ||

31. samêkta wus sarêngganing tamansantun | kang bangsal têtiga | panggènanira [panggè...]

--- 202 ---

[...nanira] jêmparing | tarub-tarub rinêngga ing tatuwuhan ||

32. Sang Aprabu Krêsna ingaturan sampun | manjing jroning pura | lajêng têdhak tamansari | lênggah bangsal agêng ingkang tinaruban ||

33. Radyan Parta Rarasati datan kantun | Radèn Wrêkodhara | Gathutkaca lan Satyaki | amung bêkta kang ngampil-ampil kewala ||

34. tata lungguh nèng bangsal gêng kang tinarub | sagung pra dipatya | sadaya wus dèn timbali | manjing taman kerid Dyan Trusthadyumêna ||

35. Dananjaya lawan Rarasati sampun | lan saabdinira | kawan dasa manggèn sami | anèng bangsal alit kilèn kang rinêngga ||

36. samêkta wus gamêlan niyaganipun | miwah bangsal wetan | panggènanira sang putri | pan pinajang-pajang lungsir lir kaswargan ||

37. sri dinulu kinêmbang-kêmbang kang tarub | Sang Putri Cêmpala | lênggah munggèng kursi gadhing | andhèr ngarsa parêkane kawan dasa ||

38. lesanipun têtiga pinasang sampun | dhoging pêksi

--- 203 ---

lawan | rema myang terong gêlathik | kadya saban rema ingkang anèng têngah ||

39. praptanipun Dyan Trusthadyumêna matur | kangbok kang timbalan | ramanta kangjêng rama ji | kinèn nuntên anglêkasana sanjata ||

40. dhawuhipun paduka kinèn rumuhun | mangke yèn wus gantya | pun Rarasati jêmparing | sang rêtna ngling lah kanthine dhawuhana ||

31. Kinanthi

1. kang rayi tur sêmbah mundur | wangsul mring ngarsa sang aji | sang rêtna nyandhak gandhewa | têdhak saking kursi gadhing | rêspati sasolahira | ajênge sang rajaputri ||

2. munya gêndhing ladrang mangu | wusnya lênggah sang rêtna di | anèng taratag wangunan | ginêlaran prangwêdani | lajêng angêmbat gandhewa | kaping tiga dèn kèndêli ||

3. ngewahi pamasangipun | kêndhêngnya lawan jêmparing | sarwi ngêluk dêdêrira | sawusnya ingêmbat malih | lambunge kadya pêpêsa | bêsus tangkêping jêmparing ||

4. nanging maksih pacak kakung | lênggahira [lênggah...]

--- 204 ---

[...ira] kaduk miring | lawan kamanglungên jăngga | pangawasirèng jêmparing | linêpasakên saksana | êndhoging kukila kêni ||

5. kataman sanjata sumyur | surak sagung para cèthi | patang puluh alok kêna | wus mundur sang rajaputri | ladrang mangu sêsêg niba | sang dyah lênggah kursi gadhing ||

6. surak kèndêl gêndhing suwuk | eram kang samya ningali | sagung ingkang pra dipatya | kang mungging ngarsa narpati | sajêg dèrèng nate mulat | lesan panah dhoging pêking ||

7. saking kadohan kadulu | nora luput jinêmparing | prasamya angalêmbana | mring gustinira sang putri | kawignyanira sang rêtna | tuhu punjuling sabumi ||

8. lesan sinalinan sampun | gantya majêng anjêmparing | Sang Dananjaya sasmita | tanggap Nikèn Rarasati | nêmbah umatur sandika | sigra nyandhak kang jêmparing ||

9. têdhak saking dènnya lungguh | gandhewanira cinangking | sinawung nèng asta kiwa | rinangkêp lawan jêmparing | ajênge

--- 205 ---

binarêng lawan | gêndhing gandrung mangu muni ||

10. sapraptanipun têtarub | kèndêl nata silanya ris | tarub gèn pamanahira | ginêlaran prangwêdani | lajêng angêmbat gandhewa | prasaja nanging rêspati ||

11. pacak èstri solahipun | sêrêngnya angrêspatèni | wus ingêmbat langkapira | winawas lesanirèki | wus awor lumêpas sigra | dhoging kang kukila kêni ||

12. bolong têngah panah laju | saking doh datan kaèksi | nyana kasrèmpèt kewala | obah ingkang dhoging pêking | tiningalan maksih wêtah | surak sagung para cèthi ||

13. patang puluh alok luput | suka kêplok-kêplok sami | Rarasati mèsêm ing tyas | nolih sarwi angêjèpi | mring Lurah Bagong lan Sêmar | tanggap sarêng surak anjrit ||

14. garjita wong patang puluh | anut ing ki lurah kalih | sarêng surak alok kêna | kang wetan surake maksih | arame [a...]

--- 206 ---

[...rame] surak-sinurak | wetan kulon surak sami ||

15. alok kêna alok luput | swaranira ting jalêrit | binarung swarèng pradăngga | dhinawuhan kèndêl sami | sarêng suwuking gamêlan | nulya Prabu Harimurti ||

16. utusan lesan pinundhut | prapta katur ing sang aji | Cêmpala eram tumingal | bolonge kang lesan dening | liwat saking nora majat | wutuhe lesan dhog pêking ||

17. ingkang pasthi yêkti rêmuk | dhog pêking kênèng jêmparing | satêmah bolong kewala | pra santana pra dipati | sadaya eram tumingal | muji Nikèn Rarasati ||

18. wasise pamanahipun | tuhu punjuling sabumi | sandhinge nambungi sabda | punggawa ing Dwarawati | satriya ing Madukara | yèn bab siji anjêmparing ||

19. wus nora kêna ginayuh | iya sêsamaning janmi | pan kabèh sanjatanira | wong agung Madukara di | duwe graita lir janma | bonggane sang rajaputri [rajapu...]

--- 207 ---

[...tri] ||

20. gurune ingkang amuruk | têka arsa dèn ayoni | mundhak abêbarang wirang | kasoran mring Rarasati | wau Dyan Trusthadyumêna | wus dinuta andhawuhi ||

21. lan ambêkta lesanipun | praptèng raka matur aris | kangbok kawula dinuta | ing rakanta sri bupati | myang ramanta sri narendra | gèn paduka anjêmparing ||

22. lesan dhoging pêking sumyur | timbalan Sri Harimurti | kangbok kang kinarya andhap | inggih mring pun Rarasati | ing ngrika dènnya nyanjata | lesanipun wêtah maksih ||

23. nanging têngah bolong têrus | saking têbih tan katawis | punika kawula bêkta | lesane tuwan tingali | pan amung bolong kewala | botên rêmuk jinêmparing ||

24. sang rêtna tumingal ngungun | dahat merang jroning galih | nanging sinamun ing netya | sarwi gumujêng dènnya ngling | iya yayi wus kasoran | manah lesan dhoging pêking ||

25. ingkang [ing...]

--- 208 ---

[...kang] kari loro durung | manawa bisa nusuli | lah ta wis sira matura | kang rayi mundur wotsari | sang rêtna nyandhak gandhewa | munya gêndhing gonjang-ganjing ||

26. majêng marang ing têtarub | kèndêl nata silanya ris | lajêng amênthang langkapnya | lumêpas ingkang jêmparing | sapêngarahira kêna | tugêl kang terong gêlathik ||

27. kang nginggil maksih gumantung | kang andhap tumibèng siti | gumêr suraking pawongan | mundur sang raja pinutri | munya sêsêg gêndhingira | wusnya lênggah kursi gadhing ||

28. surak kèndêl gêndhing suwuk | kilèn sampun dèn dhawuhi | gantya majêng anyanjata | nulya Nikèn Rarasati | majêng anyangking gandhewa | munya gandrung angrêrangin ||

29. praptèng têngahing têtarub | lênggah nata silanya ris | lajêng amênthang gandhewa | lumêpas ingkang jêmparing | kras kêndhone winatara | kang terong gêlathik kêni ||

30. têngah bênêr bolong têrus | kèndêl jêmparinge maksih [ma...]

--- 209 ---

[...ksih] | tumancêp satêngah gandar | nèng lesan terong gêlathik | surak wadya Madukara | mundur Nikèn Rarasati ||

31. gêndhing sêsêg lajêng suwuk | Dyan Trusthadyumêna prapti | ngarsaning raka turira | kakang bok kasoran malih | gèn paduka anyanjata | tugêl kang terong gêlathik ||

32. sêpalih maksih gumantung | kang sêpalih tibèng siti | ing ngrika dènnya nyanjata | bolong jêmparinge maksih | tumancêp satêngah gandar | kangbok kasor kantun wasis ||

33. sang rêtna ngandika rêngu | iya wus narima mami | ingkang rong lesan kasoran | dhog pêking terong gêlathik | kèri siji pêpungkasan | lesan rambut kang kawuri ||

32. Pangkur

1. iku gone ingkang nyata | sor unggule ingsun lan Rarasati | yèn wus padha manah rambut | lah wis sira matura | mring jêng rama ingkang rayi amit mundur | sang rêtna nyandhak gandhewa | têdhak saking kursi gadhing ||

2. majêng marang [ma...]

--- 210 ---

[...rang] tarub têngah | sarêng munya kang gêndhing găndasuli | lajêng mênthang langkapipun | winawas gya lumêpas | angênèni tugêl ingkang lesan rambut | giyak sagung kang pawongan | surake gumuruh asri ||

3. patang puluh alok kêna | mundur saking tarub sang rajaputri | gêndhing sêsêg lajêng suwuk | sarêng kèndêle surak | bangsal kilèn apan dhinawuhan sampun | gantya majêng anyanjata | Dananjaya lingira ris ||

4. lah payo nuli majua | sun rowangi ngêdên dèn ngati-ati | kari siji manah rambut | Kèn Rarasati nêmbah | nyandhak langkap mudhun saking lungguhipun | majêng marang tarub têngah | munya gêndhinge mangungsi ||

5. lajêng mênthang langkapira | wus lumêpas jêmparing angênèni | sigar ingkang lesan rambut | sanjata maksih tinggal | kanthil-kanthil anèng lesan datan runtuh | giyak wadya Madukara | gumuruh surake asri[30] ||

6. patang puluh alok kêna | mundur saking tarub Kèn Rarasati [Ra...]

--- 211 ---

[...rasati] | gêndhing sêsêg lajêng suwuk | Radèn Trusthadyumêna | sampun prapta ngarsaning raka umatur | dhuh kangbok ingkang timbalan | ramanta kangjêng rama ji ||

7. lan raka Sri Padmanaba | kangbok kandhap anggènipun jêmparing | tugêl ingkang lesan rambut | ngrika sigar kewala | kanthil-kanthil jêmparing maksih gumandhul | kasor tuwan kaping tiga | inggih namung kantun wasis ||

8. dhawuhipun kangjêng rama | kangbok kinèn manjinga jroning puri | sampun wontên tamansantun | benjang ri Soma ngarsa | linajêngkên panggih paduka pukulun | lan kakang mas Madukara | jangji paduka wus kêni ||

9. botên kenging yèn selaka | duk miyarsa Rêtna Wara Srikandhi | ingkang rayi aturipun | jaja bang winga-winga | wus tan kêna sinayutan dukanipun | ginagas merang ing driya | ringas pasuryanirandik ||

10. ya wus kasor panah ingwang | nanging maksih ana kèri sawiji | iya ing punaginingsun | kang durung kalampahan [ka...]

--- 212 ---

[...lampahan] | ngadu wulêding kulit tosing bêbalung | prang tandhing panah-pinanah | yèn nyata Si Rarasati ||

11. bisa ngalahakên mringwang | sakarsane jêng rama sun lakoni | aja ingkang Soma ngayun | nadyan samêngko iya | pan sandika sakarsane rama prabu | kinèn mawongan mêrana | yèn durung karuan yayi ||

12. luware pêpanggil ingwang | aprang tandhing lawan Si Rarasati | angadu tosing bêbalung | yêkti ingsun lênggana | yèn pinaripaksa lawan rama prabu | dhawuhkên duka maringwang | pira larane wong mati ||

13. lah ta wis sira matura | mring jêng rama mêngkono atur mami | kang rayi sidhakêp jêtung | langkung èmêng tyasira | amiyarsa kang raka timbalanipun | dadya matur angrêrêpa | ragi sêndhu nanging ririh ||

14. dhuh kakang bok kadyaparan | dene mawi pasanggiri nusuli | jangji ngajêng inggih namung | panah lesan têtiga | mangke têka mawi garêndhèl ing pungkur | nusuli gadhah panêdha |

--- 213 ---

punagi dolanan pati ||

15. angajak panah-pinanah | ngabên tosing balung wulêding kulit | dede pabênan satuhu | punagining akrama | ingkang kadi karsa paduka puniku | angajak panah-pinanah | singa tiwas angêmasi ||

16. ing ngrika măngsa sukaa | kangmas Madukara kang darbe sêlir | punapa ingkang binuru | upami nurutana | yèn paduka kasoran sayêkti lampus | punapa ngrabèni bathang | yèn kasor pun Rarasati ||

17. kenging panah yêkti pêjah | wurung krama malah sêlire mati | utawi yèn kongsi sampyuh | têmbung kopar-kapiran | wus kelangan sêlir bakal bojo lampus | dhuh kakang bok kadang ingwa[31] | dununge sêmbah ngong yêkti ||

18. apan botên wontên adat | putri adi kangbok cidra ing jangji | tan sae pinanggihipun | yèn kangbok anglajêngna | ing karsane kang kadya punika wau | kang pasthi botên narima | kakang mas ing ||

--- 214 ---

Jodhipati ||

19. lan pun Arya Gathutkaca | watak kaku rêmêne gêdhag-gêdhig | wong kinarya alêlucu | yêkti sangêt krodhanya | dhuh kakang bok wêlasa mring rama ibu | utawi dhatêng kawula | sang rêtna ngandika wêngis ||

20. sira iku bocah apa | wong dikongkon cangkême acariwis | măngsa mundura wak ingsun | dening ing aturira | yèn kasuwèn mêngko sun panah matamu | Rahadèn Trusthadyumêna | myat dukane kang raka jrih ||

21. mundur sarwi garundêlan | prapta ngarsanira sang prabu kalih | ngaturkên saaturipun | ingkang raka sang rêtna | nênggih dènnya nusuli panyuwunipun | sri narendra ing Cêmpala | miyasa[32] duka tan sipi ||

22. jaja bang mawinga-winga | gya rinapu mring Prabu Harimurti | paman aji sampun-sampun | krodha duka mring putra | pun Srikandhi punika bibèkanipun | sae tinurut kewala | yayi Trusthadyumêna glis ||

23. iya banjurna kewala | panjaluke [panja...]

--- 215 ---

[...luke] bakyumu Si Srikandhi | kapriye wangsulanipun | kakangmu Si Janaka | Radèn Trusthadyumêna tur sêmbah mundur | bangsal kilèn sampun prapta | umatur saha wotsari ||

24. kakang mas kula dinuta | ing rakanta Sang Prabu Harimurti | dhawuhkên panuwunipun | inggih rayi paduka | kakang êmbok ing mangke nusuli atur | jêmparing lesan têtiga | wus kasor sadaya sami ||

25. kakang bok sampun narimah | kasoripun anging kantun satunggil | nênggih ing pêpanggilipun | kang dèrèng kalampahan | ngabên wulêding kulit tosing bêbalung | prang tandhing panah-pinanah | lan bakyu Kèn Rarasati ||

26. yèn ngriku sagêd ngasorna | mring kakang bok sakarsanta nglampahi | sampun kang ginarwa tuhu | dados èndhèl parêkan | pan sumaos sakarsa tuwan pukulun | sampun ari Soma ngarsa | samangke dhatêng nglampahi ||

27. nanging yèn dèrèng kantênan | kasoripun ing prang tandhing

--- 216 ---

jêmparing | lan bakyu kang anèng pungkur | kakang bok sru lênggana | dhinaupkên lawan paduka pukulun | prasêtya datan akrama | wadad praptèng nini-nini ||

28. utawi pinaripêksa | mring jêng rama yêkti lampu ngêmasi | lah punika aturipun | kadospundi paduka | ing wangsulan tuwan kang pasthi pinundhut | mring raka Sri Padmanaba | sagah lan botênirèki ||

29. satriya Andananjaya | duk miyarsa gumujêng dènira ngling | lah wis-uwis ariningsun | nora kudu akrama | dudu padu mangkono pamundhutipun | prang tandhing panah-pinanah | uwis-uwis yayi uwis ||

30. mung pamitêna kewala | mring sang prabu ingsun mêtu saiki | saking tamansari banjur | mulih mring Madukara | ing saduka-dukane pan ingsun suwun | lan aturna sêmbah ingwang | katura sang prabu kalih ||

31. apan wus karsaning dewa | ingsun durung jinodho lan sang putri | mulih isin wus sun pupus | Rarasati [Rara...]

--- 217 ---

[...sati] miyarsa | de Sang Putri Cêmpala pamundhutipun | yayah kadya kabêranang | tyase tan nêdya ngunduri ||

33. Durma

1. dhuh pangeran lamun makatên kewala | pamundhute sang putri | kawula pan sagah | inggih angladosana | sagêndhinge prang jêmparing | nadyan rukêta | inggih kula kêmbari ||

2. Dananjaya nolih wuri asru nyêntak | mênênga aja muni | cangkêmmu gumampang | pan dudu jêjalukan | pasanggiri rêbut pati | asile apa | angur muliha aris ||

3. ingsun ora kudu krama saking sira | marga dolanan pati | si cilik caluthak | apa asoroh badan | maju kono bosah-basih | bangkemu basah | ajur dening jêmparing ||

4. Rarasati tur sêmbah nadyan ajura | sampun kula andhêmi | pan sakêthi merang | lamun kula mêdala | ngunthul saking taman ngriki | luwung pêjaha | aprang lawan sang putri ||

5. Dananjaya langkung kakuning

--- 218 ---

wadaya[33] | binungkêm Rarasati | iki cangkêm apa | dene mangap kewala | apa lambene dèn iris | marine mênga | lah wis payo dèn aglis ||

6. lah dhisika mêtu maring jaba kana | aja kèh sira pikir | wirang-wirang apa | apan ta dudu sira | ingkang nora sida rabi | isin lan wirang | sun andhêmi pribadi ||

7. lah wis-uwis lah payo mêtu dèn inggal | Rarasati sru bêkis | nadyan kang tinantang | inggih dede paduka | dhumatêng sang rajaputri | apan kawula | kang ingajak prang tandhing ||

8. praptèng pêjah pan inggih dede paduka | kawula kang ngêmasi | lamun padukarsa | kundur inggih kundura | kawula kantun pribadi | ngladosi aprang | tandhing lawan sang putri ||

9. Dananjaya asru dènnya gablog jaja | saking kakuning galih | Dyan Trusthadyumêna | nêmbah sru aturira | dhuh kakang mas kadipundi | dene grêjêgan | bakayu wus nyagahi ||

10. têmah kakang mas ngêkahi [ngê...]

--- 219 ---

[...kahi] lajêng duka | paran ta inggih pasthi | mangke tur kawula | Sang Parta èbêk ing tyas | ngandika sarwi ngesahi | sira taria | angur aja miyarsi ||

11. Rarasati nulya matur mring rahadyan | matura ing sang aji | yèn kawula sagah | latah Trusthadyumêna | inggih bakyu inggih inggih | mangke kawula | ingkang matur sang aji ||

12. pan ing mangko matane kangbok kewala | dika sipat jêmparing | wuwuh kaul kula | lamun kangbok kasoran | sanadyan kadang pribadi | tyase tan kaprah | langkung ngakokkên ati ||

13. sigra wangsul wau Dyan Trusthadyumêna | praptèng ngarsa wotsari | matur mring kang rama | sasolahe dinuta | yèn Rarasati nyagahi | tinandhing ing prang | lan kakang bok kadugi ||

14. wau kangmas sangêt kêkah botên suka | nanging pun Rarasati | dinukanan mêksa | majêng ing sagahira | prang tandhing mawi jêmparing | nadyan rukêta | ing prang dipun kêmbari ||

15. sru gumujêng [gu...]

--- 220 ---

[...mujêng] Narendra Krêsna ngandika | iya banjura yayi | mring bakyumu kana | lamun wus sinaguhan | iya mring Si Rarasati | dènira karya | pasanggiri prang tandhing ||

16. nêmbah mundur Rahadèn Trusthadyumêna | bangsal wetan wus prapti | alon aturira | nèng ngarsane kang raka | dhuh kangbok dèn ngati-ati | pamundhut tuwan | pan sampun dèn saguhi ||

17. mring pun Rarasati prang tandhing sanjata | sakarsanta ngladosi | dhuh kangbok tur kula | bok bibaran kewala | sampun mawi kêdhah-kêdhih | lamun paduka | lumuh-lumuh sayêkti ||

18. mring kakang mas kawula ingkang matura | yêkti tan dados runtik | saene punapa | ing wong dolanan pêjah | manah kawula kuwatir | miyat dènira | sagah pun Rarasati ||

19. kadya wêsi ingêluk-êluk tan kêna | sang dyah ngandika wêngis | dhasar wus sun sêdya | tandhing padha prawira | hèh ta dhawuhna dèn aglis | gamêlan ingwang | ing mêngko yèn wus [wu...]

--- 221 ---

[...s] muni ||

20. ingsun nuli mijil kana nimbangana | mêtu gamêlan muni | ing prang nganggo padha | panah lesan kewala | kang rayi mundur wotsari | mring bangsalira | kilèn wus dèn dhawuhi ||

21. Rarasati lan sang rêtna sarêng dènnya | ngrasuk kaprabon jurit | endhonge sinandhang | ngiwa gandhewa samya | acancut singsêt mathinthing | pantês kalihnya | wangun putri prajurit ||

22. sang dyah mijil gamêlan munya angangkang | bangsal kilèn nimbangi | muni sobrang barang | mijil sarêng lan surak | wus ayun-ayunan kalih | sawang-sinawang | ngiwa gandhewa sami ||

23. sêdhêng dohe dènira samya mrih papan | satibaning jêmparing | lir kadya kinêmbar | warnane kang tandhing prang | kalihe ayu linuwih | lir Wilutama | tandhing prang lawan Ratih ||

24. prabu kalih sarêng têdhak dènnya lênggah | jumênêng satêpining | tarub dènnya lênggah | myang sagung pra santana | pra dipati dhodhok sami | langkung marasnya | mulat kang arsa

--- 222 ---

jurit ||

25. Dananjaya sèwu miris sèwu susah | tambuh solahing jurit | nora têgêl mulat | mring kalih kang tandhing prang | sakêthi saking kuwatir | yèn ta sampuna | ajrih Sri Harimurti ||

26. Rarasati kadya linarak kewala | sinêndhal saking wuri | sagung kang pawongan | lan wadya Madukara | kang surak sadaya sami | arawat waspa | wau ta kang ajurit ||

27. sang dyah ngawe sasmita kèn dhinginana | Rarasati nulya glis | mênthang langkapira | jêmparing wus lumarap | praptane cinandhak kêni | gantya nyanjata | tikêl binuwang aglis ||

28. kalihira sigra sarêng anyanjata | pur pupug papag sami | sanjata suh sirna | larape kang warastra | lir sêsiring kilat thathit | marma kang samya | mulat tingkahing jurit ||

29. kalihira wasis miwah awasira | tan ana kang kasilip | wus dangu dènira | aprang lancaran panah | gantya nyandhak gantya tangkis | yèn sarêng culnya | papag [papa...]

--- 223 ---

[...g] sami jêmparing ||

30. dangu-dangu kaledhon panangkisira | Rêtna Wara Srikandhi | gandhewanya pagas | sinipat ing sanjata | tumamèng jaja sang putri | kantêp tan pasah | mung badhonge kang sêbit ||

31. langkung merang yayah kadi tanpanon rat | narik patrêmira glis | Rarasati mulat | nimbangi sigra buwang | gandhewa patrêm tinarik | paran-pinaran | kumêsar kang ningali ||

32. kalahira kantun gapyuke kewala | nulya Sri Harimurti | anyandhak sang rêtna | Sang Parta gurawalan | gya nyandhak mring Rarasati | sapih kalihnya | ingundurakên sami ||

33. sang kusuma grêjêgan anjrit karuna | kang raka ngarih-arih | lah wis aja-aja | sêdhêng samene uga | ing wong ngluwari punagi | lamun luwiha | ilang manising putri ||

34. Dhandhanggula

1. pan kantaka sang raja pinutri | lajêng binêkta manjing jro pura | pawongan gumêr tangise | bubar sadaya sampun | mêdal [mê...]

--- 224 ---

[...dal] saking ing tamansari | wau ta sang lir rêtna | wungu pungun-pungun | èngête saking kantaka | sang dyah wangsul têdhak tamansari malih | kang ibu nulya prapta ||

2. ngrangkul putra sarwi ngandika ris | nini lakuningsun pan dinuta | mring wong tuwanira anggèr | anodhi mring sirèku | karêpira ingkang sayêkti | samêngko ingkang dadya | panjalukira wus | kalakon sadayanira | tandhing lesan jêmparing miwah prang tandhing | wus kêni jangjinira ||

3. nora kêna selak sri bupati | yèn wus dadi parênge tyasira | ing Soma ngarsa dadine | dhinaupkên sirèku | lan Ki Parta karsa sang aji | ewadene yèn sira | nini bangêt lumuh | dhaup lan Si Dananjaya | wus tinanggung mring Sang Prabu Harimurti | ing kana wus narima ||

4. ingkang putra sang dyah matur aris | botên ewah ibu tur kawula | rumiyin dalah samangke | panêdha kawula mung | pasanggiri lesan jêmparing | mangkya wus kalampahan [ka...]

--- 225 ---

[...lampahan] | inggih luwaripun | panêdha kula tinêkan | lesan panah miwah prang tandhing jêmparing | ibu atur kawula ||

5. botên wontên putri cidrèng jangji | sampun mênggah kang kinarya garwa | sanadyan ibu ginawe | garwa paminggiripun | sayêktine kula lampahi | kang ibu duk miyarsa | kang putra rinangkul | ya mangkono putraningwang | mendah baya ing mêngko sukaning galih | ramanira sang nata ||

6. wus karia anèng tamansari | ingsun matur mring sudarmanira | pramèswari kondur age | praptèng ngarsa sang prabu | pramèswari matur wotsari | saature kang putra | sadaya wus katur | sang nata kalangkung suka | sigra dènnya parentah marang apatih | tuwin marang kang putra ||

7. asanega samêktaning kardi | panggihira sang rêtna kalawan | satriya Madukarane | myang rêrêngganing tarub | ing jro pura lan păncaniti | kunêng malih winarna | nênggih tamansantun | Kusuma

--- 226 ---

Putri Cêmpala | lênggah anèng botrawi siniwèng cèthi | êmbanira dinuta ||

8. sira biyang sebaa dèn aglis | iya mring wong agung Madukara | yèn parêng lêga galihe | abdine ingsun suwun | mring jro pura Si Rarasati | ngladènana maringwang | anèng jro kadhatun | lah biyang nuli mangkata | lan pêthukên lêbune Si Rarasati | rongpuluh kang pawongan ||

9. apan iya sêlire kêkalih | sasat garwa rêngganên ing marga | êmban sandika ature | saking ngarsa wus mundur | lawan upacara sapalih | pawongan kang ambêkta | wau kang winuwus | satriya Andananjaya | nèng pakuwon duk lênggah siniwèng dasih | Sêmar Bagong nèng ngarsa ||

10. kagyat mulat pawongan kang prapti | gumarêdêg satane ambêkta | pacara raja karaton | nikèn êmban tumundhuk | praptèng ngarsa matur wotsari | gusti lampah kawula | dinuta pukulun | ing ari sang rêtnaning dyah |

--- 227 ---

pan anyuwun abdinta Kèn Rarasati | tinimbalan mring taman ||

11. ngladosana ing ari sang dèwi | sakarsane praptèng ari Soma | punika upacarane | kang sêpalih pukulun | pinêthukkên abdinta gusti | sampun kuciwèng marga | mangke lampahipun | Dananjaya mèsêm ing tyas | sarwi nolih ngandika mring Rarasati | sirèku tinimbalan ||

12. mring gustimu sang raja pinutri | kaya ngapa mangke aturira | Rarasati tur sêmbahe | pintên-pintên pukulun | sinaruwe marang ing gusti | mugi tuwan paringna | Sang Parta lingnya rum | iya dèn bisa kewala | angladèni sun karya patiba sampir | nuli sira dandana ||

13. hèh Sucitra iringna pribadi | arènira lakune nèng marga | dharat lan jajaran bae | aja anganggo tandhu | pira dohe ing tamansari | Sucitra tur sandika | Rarasati sampun | nêmbah mundur saking ngarsa | Dananjaya têdhak angatêr ing

--- 228 ---

kori | ningali lampahira ||

14. Rarasati pinayungan putih | ginarêbêg rongpuluh pawongan | sêkawan bêktane dhewe | nênggih parêkanipun | Sang Kusuma Banoncinawi | pan rare sêsêngkêran | warnanya yu-ayu | binêktakkên mring Cêmpala | munggèng ngarsa wor pawongan ingkang sami | angampil upacara ||

15. jajarane waos rolas sisih | mantri patang puluh wurinira | Arya Sucitra tindhihe | adhangah apêpayung | ing samarga-marga pan dadi | tontonan lampahira | têpining marga gung | jêjêl tan kêna piniyak | jalu èstri tiba kalêngêr kang kèri | akèh kang tinggal karya ||

16. tilar jăntra ingkang lagya ngantih | tinggal dandang ingkang lagya adang | kang ngliwêt tinggal kêndhile | ingkang ngangsu tinggal jun | kang nusoni tinggal bêbayi | kêmbêne kuleweran | nora ketang-ketung | susone sinanggèng asta | pan kasusu pêrlune dènnya ningali | kang sawênèh [sa...]

--- 229 ---

[...wênèh] wanodya ||

17. ngêmban anak dènira ningali | praptanira pinggiring dêdalan | gumuyu ngliling anake | milua bapakamu | yèku ingkang apayung wilis | ana kang nyablèk anak | lah milua gupuh | iya marang ibunira | kang ginarbêg ing ngarsa kang payung putih | pangantèn ngêndi baya ||

18. dene dharat lumaku sarimbit | eman-eman pantêse kalihnya | nungganga jaran bêcike | wadone nunggang tandhu | kang wus wikan alon nauri | dudu pangantèn anyar | yèku patihipun | satriya ing Madukara | kang dèn iring iku garwane paminggir | kang dèn adu nèng taman ||

19. panah lesan rambut dhoging pêking | terong gêlathik sang dyah kasoran | iku sun wêruh pêrake | iya nora sri gunung | nyata lamun ayu linuwih | sairib lan sang rêtna | ing pasêmonipun | iku gumyahing pawarta | palihane Kusuma Banoncinawi | anake

--- 230 ---

Ăntagopa ||

20. juru sawah ing Mandura nguni | kang anggadhuh Sang Rêtna Sumbadra | miwah kang raka kalihe | Sri Baladewa Prabu | myang Sri Krêsna ing Dwarawati | anake Ăntagopa | amung loro iku | Patih Udawa kang tuwa | wuragile iku Nikèn Rarasati | nanging panduganingwang ||

21. dudu Ăntagopa kang nètèsi | iya baya mambu trah kusuma | sun sawang anèng tèmpèle | iku kêkuwungipun | lir trênggana angikis ratri | layak sang dyah kasoran | prang tandhing lan iku | galak ulate wus samya | lan sang rêtna pawakan ramping tarincing | pantês wantêring driya ||

22. tan wun wuwusên ingkang ningali | pan lam-lamên samya ngalêmbana | mangkana prapta lampahe | Kèn Rarasati sampun | lajêng manjing ing tamansari | wangsul Patih Sucitra | lan sakancanipun | wau ta sajroning taman | sang kusuma wus têdhak saking palinggih | mêthuk ing praptanira ||

--- 231 ---

23 Rarasati ginarbêg pra cèthi | pan kinanthi marang nikèn êmban | sang rêtna gupuh angawe | Rarasati tumundhuk | praptèng ngarsa mêndhak wotsari | sang dyah angrangkul sigra | sarwi ngandika rum | lah ta yayi basaningwang | marang sira sun ngambil kadang sayakti | iya kadang taruna ||

35. Sinom

1. iya milu raganingwang | mring kangbok Banoncinawi | pamundhute marang sira | ingakên kadang sayêkti | lir tunggal yayah bibi | dhasare palihanipun | aywa sira bedakna | panganggêpira ing mami | lawan marang kakang bok gawenên padha ||

2. dene sagung kaluputan | ingkang wis kalakon yayi | padha binuwang kewala | salin pikir ingkang kari | gone arsa ngladèni | yèn salamêt marang kakung | ingsun yayi tuduhna | kang dadi wadining laki | lan kang dadi parênge iya tuduhna ||

3. Rarasati matur nêmbah | dhuh gusti botên kuwawi | kang abdi yèn nampènana | pangandika [pangandi...]

--- 232 ---

[...ka] sang rêtna di | dènnya dhawuhkên ing sih | dasihe arsa pinundhut | kadang dede sawawrat | mila-mila trahing abdi | nèng dêlahan pantêse angèstupada ||

4. ing gusti sang rêtnaning dyah | Kusuma Wara Srikandhi | langkung rêsêping wardaya | myarsa turing Rarasati | mèsêm ngandika aris | yayi sun tanya satuhu | lawase pirang căndra | sira winulang jêmparing | mring jêng pangran samono kawignyanira ||

5. Rasasati matur nêmbah | inggih namung kalih ari | wontên ing ngriki kewala | sarêng dhawah sang rêtna di | mundhut patiba sampir | rakanta pamulangipun | ingkang kinarya lesan | waluh bokor gêng sakêndhil | têbihipun namung kalih dasa tindak ||

6. punika awis kengingnya | gèn kawula anjêmparing | mila ngong ngungun kalintang | wingi kala angladosi | ing gusti sang rêtna di | lesan wontên tamansantun | sarambut tan supêna | lesan tigan dènnya

--- 233 ---

kenging | mila sarêng pêpungkasan lesan rema ||

7. ciptèng ulun datan angsal | ing pamawas langkung têbih | lêt sadhêpa saking lesan | dumadakan kang jêmparing | menggok mara pribadi | mring lesan rema tumundhuk | kanthil-kanthil tan rêntah | kados-kados dèn japani | jêmparinge gusti mring raka paduka ||

8. dene graita lir janma | mara mring lesan pribadi | sang rêtna duk amiyarsa | gumujêng sarwi gablogi | gêgêre Rarasati | suthik têmên sira iku | yayi ingaran wignya | bojone ingkang kinardi | aling-aling kang dèn aranana guna ||

9. măngsa ta dadak iyaa | panah nganggo dèn japani | gumêr gujênge pawongan | sadaya rêsêp ningali | marang Kèn Rarasati | gandês luwêsing pamuwus | wasising pasang cipta | ing têmbung manis patitis | cinarita Kusuma Putri Cêmpala ||

10. yayah kasok ing tyasira | sihira mring Rarasati | tan kêna pisah [pi...]

--- 234 ---

[...sah] sadhela | kinanthi ing siyang ratri | dhasar sare tinunggil | nèng tilam sakarangulu | prapta ing ari Soma | jaba jro samêkta sami | ing sauparênggane sadayanira ||

11. rêroncène tan winarna | cinêndhak ramening kadi | rêrênggan sang pinangantyan | wus pinanggihakên kalih | Sang Parta lan sang putri | sinêmbahkên rama ibu | Sri Bupati Cêmpala | lan Sang Prabu Harimurti | pra santana para putra pra dipatya ||

12. nutug suka parisuka | jaba jro sukanya ngênting | samya amboga drawina | karamèn ing siyang ratri | miwah sajroning puri | sang pangantyan kalihipun | rêsêping pagujêngan | rapête karamèn sami | Rarasati kang dadya sêsêdhêpira ||

13. karya bêbukaning suka | dhèmêse pangucap manis | kakênan tyase sadaya | jro pura myang pramèswari | asih mring Rarasati | rêsêping galih rumasuk | lir yayah gènnya yoga | cinatur

--- 235 ---

panggihirèki | Dananjaya lan Rajaputri Cêmpala ||

14. pan maksih anunggil warsa | kalawan lairirèki | Rahadèn Ăngkawijaya | jamanira purwa maksih | sêngkalanira karti | yèn wulana rasa mungguh | mangkana sawusira | nênggih ing panggihirèki | catur dina Sri Krêsna sampun anduta ||

15. Radèn Arya Gathutkaca | ingkang tinuduh dhingini | tur uninga mring Ngamarta | dadosa lampahirèki | radèn amung pribadi | mêsat ing gêgana ngayuh | wadyanira tinilar | ing wuri samêkta sami | enjing badhe budhale Narendra Krêsna ||

16. angundhuh pangantènira | ing dalu datan winarni | enjingira wus samêkta | Narendra Krêsna wus pamit | lan pangantèn kêkalih | nêmbah marang rama ibu | Radèn Trusthadyumêna | nênggih kang kinèn umiring | mring Ngamarta lan sêpalih pra dipatya ||

17. pênganjur têngara budhal | bala wil ing Pringgadani | Ki Patih [Pa...]

--- 236 ---

[...tih] Brajamikalpa | ingkang anindhihi baris | umyung kêndhang saruni | ing wuri ingkang sumambung | wadyabala Cêmpala | pra dipati kang nindhihi | munggèng wuri Rahadèn Trusthadyumêna ||

18. nitih rata nawa rêtna | nulya wadya Dwarawati | Radèn Arya Wrêsniwira | ingkang anindhihi baris | nulya upacarèstri | jêmpana ingkang sumambung | titihane sang rêtna | prajurit ingkang jajari | wolung dasa prajurit kapraboning prang ||

19. wadyabala Madukara | ingkang sumambung ing wuri | Sri Maha Narendra Krêsna | lawan ingkang rayi nunggil | nèng jroning rata manik | ing wuri ingkang sumambung | mungkasi wuri pisan | wong agung ing Jodhipati | mandhi gada dharat lan sawadyanira ||

20. samarga dadya tontonan | lampahing baris tulyasri | sabên saupacara bra | sagung ingkang pra dipati | ingkang samya nindhihi | pangkat-pangkat lampahipun | praptèng jawining kitha | wus lêpas lampahing [lampah...]

--- 237 ---

[...ing] baris | kari tistis nagari Cêmpalarêja ||

21. lir koncatan ing sêsotya | kunêng kang maksih nèng margi | gantya malih kawuwusa | satriya ing Pringgadani | kang dinuta dhingini | margèng gêgana prapta wus | nagari ing Ngamarta | tumamèng ngabyantara ji | ngraup pada rinangkul lungayanira ||

22. wus kinèn lênggah nèng ngarsa | dinangu matur wotsari | lamun dinuta kang uwa | Sang Aprabu Dwarawati | kinèn atur udani | raharjane lampahipun | marang nagri Cêmpala | dhawuhing pangapura ji | mring kang paman linajêngakên kewala ||

23. pinaringkên putranira | ing têmah dadosing jurit | lan Prabu Jungkungmardeya | miwah duk nèng tamansari | dènnya lesan jêmparing | praptèng prang tandhinganipun | wus katur sadayanya | sasolah tingkahirèki | nèng Cêmpala tan wontên kang kêkirangan ||

24. inggih sapêngkêr kawula | rakanta ing Dwarawati | budhalan sawadyanira [sawadyani...]

--- 238 ---

[...ra] | saking Cêmpala nagari | sang prabu duk miyarsi | mèsêm ing tyas sigra dhawuh | mring Nakula Sadewa | miwah marang pramèswari | asanega samêktanira ing karya ||

25. badhe pangantèn praptanya | ing mangke wus anèng margi | sagung sapangiringira | miwah kaka Harimurti | Sang Dyah Banoncinawi | ya ta wus kalilan kundur | marang ing Madukara | saneganira ing kardi | wus samêkta antara ing tigang dina ||

26. rawuh kang saking Cêmpala | Sang Aprabu Harimurti | ngambah rêratan nagara | tinata lampahing baris | sagunging pra dipati | ing sapangkat-pangkatipun | tuwin para santana | sabên saupacara sri | ingkang nitih rata myang kang munggèng kuda ||

27. busêkan wadya sapraja | kayungyun tyasira sami | ing rawuhe gustinira | satriya Madukara di | suka-sukanya ngênting | dene nguni angkatipun | marang nagri Cêmpala | sapraja samya prihatin | bokmanawa gustine manggih dêduka ||

28. satêmah [satê...]

--- 239 ---

[...mah] rawuh raharja | malah antuk boyong putri | Wara Srikandhi kabêkta | marma sukanya tan sipi | yayah kadya punagi | tyase kang wadyabala gung | jêjêl têpining marga | jalwèstri ingkang ningali | pan kasmaran ing rawuhe gustinira ||

36. Asmaradana

1. tan wus sukanira sami | punagi ing gustinira | saking kayungyun rawuhe | miwah srine lampahira | ingkang saking Cêmpala | cinêndhak sadaya sampun | praptèng alun-alun samya ||

2. wadya gung anganan ngering | amèt gon tata barisnya | umyung gumuruh swarane | Sang Aprabu Yudhisthira | wus mijil pagêlaran | jêmpana sadhatêngipun | linajêngakên mring pura ||

3. rawuh Prabu Harimurti | lan satriya Dananjaya | atêdhak saking ratane | anèng têpining têratag | Sang Prabu Yudhisthira | mring raka sigra tumundhuk | ngrarêpa nyandhak astanya ||

4. sarya mèsêm sasmitaning | matur raharjaning lampah | Sri Krêsna

--- 240 ---

latah gujênge | karasa larasing karsa | dènnya sarèh sumarah | mring Cêmpala Sang Aprabu | sapaekanira kêna ||

5. pangancase nora sisip | dènnya mirapêt rarênggang | gumrèwèl kêna putrine | nulya kalih kanthèn asta | aris ing lampahira | pra santana garbêg pungkur | sapraptanirèng jro pura ||

6. tata lênggahira sami | anèng madyaning pandhapa | wus aglar sêsaosane | asrining kang pasugata | tan ana kêkurangan | samya dhaharan anutug | miwah sang narpadayita ||

7. dhaharan lawan kang rayi | luwar saking ing sungkawa | Kèn Rarasati wagêde | akarya sukane samya | anggung dènnya gujêngan | cucut ing mêmanisipun | gumêr gujênging parêkan ||

8. ingkang anèng păncaniti | pra dipati tinimbalan | angladosi ing karamèn | wadya gung wus sinêgahan | tan ana kêkurangan | gumuruh ing alun-alun | cinatur ing tigang dina ||

9. sang

--- 241 ---

prabu ing Dwarawati | dènnya mong sukaning driya | mring kang rayi sadayane | tan pêgat suka drawina | suka anutug suka | ing sawuse tigang dalu | anèng nagari Ngamarta ||

10. Prabu Padmanaba pamit | kundur maring prajanira | budhal sawadyabalane | miwah putra ing Cêmpala | lan Radèn Gathutkaca | budhalan sawadyanipun | mantuk marang prajanira ||

11. nulya enjangira malih | satriya Andananjaya | sampun linilan pamite | kundur kalawan kang garwa | marang ing dalêmira | kang umiring lampahipun | Radèn Nakula Sadewa ||

12. ing samargi maksih dadi | tontonan ing lampahira | tan wus sukaning wadya kèh | kang mulat ing gustinira | cinêndhak srining marga | ing Madukara prapta wus | têdhake saking jêmpana ||

13. Kusuma Wara Srikandhi | Rarasati tan kêna sah | kinanthi kiwa astane | Kusuma Wara Sumbadra | mêthuk nèng paringgitan | Wara Srikandhi tumundhuk [tumundhu...]

--- 242 ---

[...k] | nêmbah anungkêmi pada ||

14. cinandhak astanirèki | kinanthi binêkta lênggah | nèng madyaning dalêm gêdhe | Rarasati maksih dènnya | datan sinung misaha | acakêt dènira lungguh | wuri ragi keringira ||

15. Sulastri munggèng wurining | gustine Rêtna Sumbadra | kêpara ragi kanane | aglar sagunging pawongan | Rêtna Wara Sumbadra | mèsêm angandika arum | hèh yayi Putri Cêmpala ||

16. ingsun pasrah ing sirèki | jroning dalêm Madukara | tampanana saisine | lan sapawongane pisan | sira kang bakonana | aja sumêlang maring sun | lair batin wus narima ||

17. momong mring sutanirèki | lan ngawat-awati sira | iya têka wuri bae | barang parentahing priya | sira kang nampanana | ingsun dama dadi sêpuh | amung titip bocahira ||

18. Rarasati lan Sulastri | kanthinên nèng wurinira | amung yèn ana lupute | dèn agung aksamanira [aksama...]

--- 243 ---

[...nira] | miwah wêwulangira | karana bocahirèku | karone padha ugungan ||

19. durung pati ingsun pêrdi | trapsilanira wanodya | marma ing tandang tanduke | kurang trapsilaning krama | mung wanine kewala | nanging yayi lothung-lothung | kanthinên wuri kewala ||

20. Sulastri lan Rarasati | myarsa linge gustinira | samya tumungkul kalihe | miwah sagung kang pawongan | wau Putri Cêmpala | Wara Srikandhi anjêtung | kakênan tyasira kadya ||

21. rêmêg rêntah tibèng siti | marêbêl mijil waspanya | èsmu karuna ature | dhuh sang dèwining wanodya | kangbok gusti kawula | sarambut pinara sèwu | botên andarbèni cipta ||

22. manawi amba mbawani | kadya ingkang pangandika | ing nguni dalah samangke | prapta ulun Madukara | nêdya angèstupada | mring paduka nut ing tuduh | kadya yayi kalihira ||

23. Sulastri lan Rarasati | ngamping-amping ing

--- 244 ---

paduka | worên dèn atêmah layon | lamun gadhahana cipta | lyan saking sapunika | Wara Sumbadra lingnya rum | witne lamun mangkonoa ||

24. prasêtyanta yayi dèwi | nêdya ngambil kadang tuwa | marang ingsun lamis bae | yèn sira tan nampanana | marang ing pasrah ingwang | yèn anggêp ingsun satuhu | yayi dèwi marang sira ||

25. kadang sayayah sabibi | praptèng don aja sulaya | lêbur luluha wong roro | angladèni marang priya | duk sira durung prapta | iya bocahira iku | karo pisan pan ugungan ||

26. aling-aling anampani | barang parentahing priya | ingsun jangkung buri bae | ing mêngko wus ana sira | wajibe mêngko sira | wêrana ling-aling ingsun | Wara Srikandhi miyarsa ||

27. sumungkêm ing pada kalih | dhuh kangbok inggih sandika | amba nglampahi sapakon | lêbura awor lan kisma | sarambut tan suminggah | mangkana

--- 245 ---

pawonganipun | babêktan saking Cêmpala ||

28. kawan dasa dongong sami | mulat mring Wara Sumbadra | miyarsa pangandikane | kadya tumètèsing kilang | jawil-jinawil samya | dene mau ingsun dulu | warnane babag kewala ||

29. lawan gustiku sang putri | mung kacèk ruruh lan ladak | mêngko basa suwe-suwe | ayune sangsaya prapta | miwah mêmanisira | katongton cahyane muncul | kêkuwunge kang wadana ||

30. ngasorkên rêsmining sasi | soring wiyat ngêndi ana | putri kang kaya mêngkono | sandhinge nambungi sabda | mendah sira mulata | nguni duk pêngantènipun | rinêngga dening busana ||

31. ingayap ing para cèthi | ayune mijil sadaya | miwah sêdhêp mêmanise | kang sinimpên kabèh prapta | kalusuting sarira | cahya kêkuwunge rawuh | mulêk sênêne kang cahya ||

32. jro kadhaton Dwarawati | rasa tinênggèng markata | para putri [pu...]

--- 246 ---

[...tri] surêm kabèh | kang dadya pangarihira | garwa Hyang Kamajaya | wartane guruning ayu | absari Ngendrabawana ||

33. ingkang aran Dèwi Ratih | parandene nora bisa | ngasorake putri kuwe | ing warna miwah kang cahya | malah-malah kêpara | Dèwi Ratih kèri ruruh | kurang mucunging wanodya ||

37. Pocung

1. tan wus lamun winuwus kang samya muwus | pawongan Cêmpala | kidung ngidungên prasami | ngalêmbana mring Rêtna Wara Sumbadra ||

2. ya ta wau kang karamèn pandhapa gung | Radèn Dananjaya | nyunggata mring yayi kalih | lan punggawa Ngamarta dhèrèk sadaya ||

3. pan sadalu dènira bojana nutug | wadya Madukara | prajurit kang para mantri | lir punagi sukane anutug suka ||

4. nênggih dènnya mêntas ungguling prang pupuh | gustinya akrama | Kusuma Wara Srikandhi | ingkang măngka boyongan ing kundurira ||

5. enjingipun Dyan Nakula Sadewèku | kundur dalêmira |

--- 247 ---

kang kantun karamèn malih | cinarita satriya Andananjaya ||

6. suka dulu garwanira ingkang sêpuh | gène wus tan ana | labêt rênguning panggalih | sênêng dènnya nampèni Putri Cêmpala ||

7. tangkêpipun wus tan măntra lamun maru | wus saingga kadang | tunggil sayayah sabibi | miwah Putri Cêmpala tansah bêktinya ||

8. sungkêmipun mring kang garwa sakalangkung | anrus ing wardaya | luwih saking ibu sori | lêbur luluh sapakone linampahan ||

9. sang dyah sampun pinatah panggenanipun | nèng sênthong kang wetan | Kusuma Banoncinawi | sênthong kilèn wau pasareanira ||

10. sêliripun kêkalih samya sih lulut | mring Putri Cêmpala | basane sami anggusti | nanging Putri Cêmpala yayi basanya ||

11. kalihipun inganggêp kadang satuhu | marmanya sih samya | runtut datan walangati | dene sungkêmira mring Wara Sumbadra ||

12. katigane sungkême kadya mring ibu | dènira [dèni...]

--- 248 ---

[...ra] mrih gungan | nanging ing batin anggusti | luwih saking mring wong agung ajrihira ||

13. lamun nuju marak marang kakungipun | garwa kalih jajar | tan têbih nèng kanan kering | munggèng kanan Kusuma Wara Sumbadra ||

14. Sang Dyah Ayu Srikandhi nèng keringipun | Rarasati ngarsa | jajar lan Nikèn Sulastri | ngêpalani garwa paminggir sadaya ||

15. patang puluh pêpingitan ayu-ayu | andhèr wuri ngarsa | pawongan parêkan cèthi | êmban inya wurine garwa kalihnya ||

16. sêlir loro sami kaduk purunipun | mring Radèn Arjuna | tan măntra garwa paminggir | wit salami tansah ingugung mring priya ||

17. tuhu lamun winowong ing jawata gung | Rahadèn Janaka | tinutug karsanirèki | sinatriya wibawa ngluwihi raja ||

18. iti purna caritèng sêrat pinugut | gênti cinarita | sarênging lampahan nguni | ngaran Sêrat Kalimahusada sirna ||


Judul merupakan tambahan dari Yayasan Sastra Lestari. (kembali)
Judul merupakan tambahan dari Yayasan Sastra Lestari.
cahyane (kembali)
cahyane
ature (kembali)
ature
matur (kembali)
matur
tyas (kembali)
tyas
praptèng (kembali)
praptèng
mawor (kembali)
mawor
munggèng (kembali)
munggèng
abyor (kembali)
abyor
10 lir (kembali)
lir
11 darbe (kembali)
darbe
12 garwa (kembali)
garwa
13 agung (kembali)
agung
14 myarsa (kembali)
myarsa
15 jarwani (kembali)
jarwani
16 angarsa-arsa (kembali)
angarsa-arsa
17 Ngamartèku (kembali)
Ngamartèku
18 Ngamarta (kembali)
Ngamarta
19 kumêpyur (kembali)
kumêpyur
20 cèthi (kembali)
cèthi
21 sarwi (kembali)
sarwi
22 purwanya (kembali)
purwanya
23 wingking (kembali)
wingking
24 mêngsah (kembali)
mêngsah
25 kinarirêngga (kembali)
kinarirêngga
26 lir (kembali)
lir
27 miyarsi (kembali)
miyarsi
28 cinatur (kembali)
cinatur
29 anglênggêr (kembali)
anglênggêr
30 atri (kembali)
atri
31 ingwang (kembali)
ingwang
32 miyarsa (kembali)
miyarsa
33 wardaya (kembali)
wardaya