Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 71–82)

Judul
Sambungan
1. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 01–09). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 10–19). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 20–28). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 29–37). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 38–47). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
6. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 48–57). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
7. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 58–70). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
8. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 71–82). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
9. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 83–91). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 20-01-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

71. Durma

1. andalêdêg balane Sri Dasamuka | saking kitha wus mijil | umèb rêbut papan | sagung bala wanara | kagyat mungsuhira mijil | warnaning ditya | beda lan wingi-wingi ||

--- 544 ---

2. wus anarka lamun Prabu Dasamuka | ingkang ngawaki jurit | Narpati Sugriwa | ngundhangi wre prawira | prasami ngubêngi gusti | sang binathara | orêk wre saos jurit ||

3. amangsiti Sang Gunawan Wibisana | yèn èstu kang miyosi | Prabu Dasamuka | katawis kang busana | sagung têngêran jro mijil | kang wre sanega | têtêp pangkate sami ||

4. wus agêlar rêksasa kang sampun prapta | jawining kitha rakit | saking jro kumêrap | wêdale dèrèng têlas | sira sang danawa aji | lagyarsa minggah | munggèng rata gêng manik ||

5. kadya Mèru kinuswa ing êmas-êmas | anglir prabata rukmi | mubyar sinasotya | kuda rinawis abra | ing cêmara manik-manik | gêbyaring sotya | lir surya anêngahi ||

6. linimput ing sotya kang turăngga sasra | tinon kuda pangirid | lan lintang sumêbar | liwêran lawan rata | ditya kang rinukmi-rukmi | busananira | garêbêg kanan kering ||

--- 545 ---

7. kadya mega kêna gêbyaring baskara | kanaka manik-manik | sêsotya mutyara | gumilap gumarilap | kumêlap angilat thathit | pating pancurat | umung kêndhang gong bèri ||

8. akêthèn kang gurnang gubar kêndhang-kêndhang | ewon salomprèt muni | praptèng dirgantara | gurnitaning kang swara | buta barêng gro sakêthi | sayuta-yuta | yayah manêngkêr langit ||

9. daludage makuwung-kuwung kawangwang | wangkawa ngobar-abir | mantri kang manggala | busanèng udan êmas | badhama parasu piling | nanggala kunta | gada dhêndha magandhi ||

10. tuwêk lori limpung candrasa myang cakra | muncar-muncar ngênani | liwêran mancurat | pra jawata gumêrah | mangigêl saturut margi | wus praptèng jaban | kitha sri yaksa aji ||

11. galak samya mrih mungsuh bala rêksasa | bupati kang mangirid | Sang Wilohitaksa | Gathodrama Odara | kadya bubula kang bumi | bumi prakêmpa | wadya

--- 546 ---

wanara aglis ||

12. punggawane mangsah tumindak mêmolah | prasamya dingkik-dingkik | ngadhèdhèrmakanjar | samya mêmangun suka | de Sang Rawana prapta glis | bala wanara | ing tyas kadya punagi ||

13. bala ditya kumêrap samya galaknya | têmpuh ramening jurit | majêmur wurahan | mungur-mungur liwêran | samya mrih kasuran amrih | pati umangsah | parêng pyuk tan apilih ||

14. anduk-dinuk angrêmpak têpak-tinêpak | mawrêk sambit-sinambit | myang kunta nanggala | limpung parasu cakra | candrasa têmpuh lan wukir | watu-watu tal | gumrujug magênturi ||

15. udan wukir riris watu sela tala | sumyar ngampak-ampaki | ampuhan palu tal | lêbu mulêk walikan | caruk awor kang ajurit | kuwêl-kuwêlan | pêtêng dhêdhêting jurit ||

16. rukêt awor kèh kaliru mungsuhira | saking pêtêng nglimputi | paworing payudan | kèh wre lawan wanara | hèh wre aja ingsun iki [i...]

--- 547 ---

[...ki] | gapyuk sigra wal | miwah sami dityèki ||

17. gapyuk rukêt siyung-siniyung wuwusnya | rêksasa ingsun iki | buta ing Ngalêngka | bature rukêt mojar | bok butane sira iki | Sang Wibisana | banjur ingsun patèni ||

18. ingsun dudu butane Sang Wibisana | buta Ngalêngka pasthi | aja ngunta ringwang | aja anyiyung ringwang | tan wus ramening ajurit | sigra Anoman | mangsah nêngah ing jurit ||

19. anguwori kang awor patyan-pinatyan | kang katêrak wal sami | urip kalihira | wau Sang Bayusuta | gèning yaksa dèn têngahi | nyandhak anyêndhal | sêbrak sêbit anarik ||

20. kumarêcêk anênanggul ananggulang | kinuwêk kèh kawalik | kawilêt gulunya | mring kuku Sang Anoman | sinêndhal uwang kabalik | kalêngêr rêbah | akèh kang angêmasi ||

21. ana ingkang kêsambut siyung suwaknya | kang kapalindhês gathik | ginêthuk ing pathak | pêcah wutah ingkang rah | malêbêt rahnya

--- 548 ---

umili | dhêmèl ing lêmah | rah sumrambah ing siti ||

22. mari mêlêk lêbu kasiram ludira | padhang madyaning jurit | Dyan Sang Ragutama | têtulung mring wanara | sigra nguculkên jêmparing | ingarah-arah | lumêpas sanjata di ||

23. katarajang ditya sèwu ana pêjah | gusis lir dèn saponi | pinindho tiniban | balasah kênèng panah | ngisis buta magêrsari | angiri nganan | akèh angungsi wuri ||

72. Pangkur

1. Prabu Rawana Bramantya | pangayape ditya mantri kèh mati | para manggala kapusus | katiban ing sanjata | ngatag kusir gumrit ratanya tumanduk | ana prapta angin nampak | Sang Dasamuka kabalik ||

2. angin-angin gora prapta | awor sindhung gagak angrèp ing nginggil | nguliling ulêngan umung | praptane wèh ngalamat | marang Prabu Dasamuka asung pemut | asor ngasmaradilaga | hèh babo dèn ngati-ati ||

3. kadya trunaning udaya | kang wadya [wa...]

--- 549 ---

[...dya] wre umèb kumrêtêg sami | Sri Dasamuka agupuh | angatag wil punggawa | Gathodara Maodara parêng magut | katri Sang Wilohitaksa | sarêng mangsah apêpulih ||

4. munggèng dipăngga angiglak | ngagêm limpung solahe mobat-mabit | Narpati Sugriwa gupuh | nêmbah sigra umêsat | mangsah dharat Wilohitaksa pinagut | ingêmbat muka tinêpak | Ilohitaksa ngêmasi ||

5. tan pinindho pêjahira | Gathodara sigra mangsah pêpulih | agah-agah amrih pupuh | Sugriwa sigra nyandhak | gunung watu Sang Gathodara binêntur | rêmuk tiniban ing wungkal | karingkêl wus angêmasi ||

6. Maodara sigra mangsah | apêpulih Sang Anggada nulya glis | amalu ing tal wus lampus | pêcah mukane rêmak | pêjah pisan punggawa tri sarêngipun | anglela Sri Dasamuka | patine patih jro katri ||

7. krura muntab Dasamuka | tyas ru-ara galak sakala [saka...]

--- 550 ---

[...la] angrik | wutah kasudiranipun | kadya anglêburêna | marang bala wanara tapis amusus | sadina mêngko kewala | nora nganti dina malih ||

8. mangsah gumritratanira | kadyanggane sarpa galak angêlih | kadya ge-agea naut | lir dahanakanginan | mawut-mawut murub ginawa ing lesus | pangamuke sang yaksendra | mêngkap wre ebating jurit ||

9. sigra sang narendra putra | lan kang rayi sami nadhahi jurit | katiga Wibisanèku | ngapit Narpati Rama | mungging kanan sang ari Lêksmana sadu | Sang Gunawan Wibisana | angapit kang munggèng kering ||

10. Dasamuka mênthang langkap | mêtu buron alas mulêk ngêbêki | andaka maesa danu | singa warak dipăngga | wraha sarpa saking jêmparing kumrutug | arak-arakan abayak | nadhahi wong agung katri ||

11. Rama Lêksmana kalawan | Wibisana sarêng dènnya nglêpasi | nir baya pamanahipun | katri [ka...]

--- 551 ---

[...tri] sangkêping guna | pamungkasing sanjata panulakipun | kinawih ing trilokaya | sirna gêmpang kang jêmparing ||

12. naraca bubul wus sirna | Dasamuka sarosa datan ajrih | ing prang kinarubut têlu | ngêdalkên kasantikan | lir jawata purusa katri wong agung | Rama Lêksmana kalawan | Wibisana pêkik-pêkik ||

13. Sang Gunawan Wibisana | nguculakên sanjata mêtu agni | mulat tumeja ngênguwung | krodha Sang Dasamuka | mêtokakên sanjata ngin-angin lesus | tumundha panah naraca | kumêbul dalêdêg mijil ||

14. akêthèn limpung candrasa | kunta piling parasu lawan gandhi | badhama mêtu ambubul | tumamèng kapi bala | Sri Bupati Sugriwa tinuduh ngimpun | nênêtêgi kapi bala | wau kang rame ajurit ||

15. muntab trisula kartala | yaksa prabu mêmanah wanti-wanti | ing payudan kadi mêndhung | dening panah pangabar | manah malih Dasamuka mijil gunung |

--- 552 ---

sigra mênthang gandar wastra | Narpati Rama nglêpasi ||

16. têmpuk pyuk anèng gêgana | gandarwastra panulak sirna gusis | yaksendra pangabaripun | gumuruh kang wanara | dewa-dewa ing awiyat surak umung | anyuraki Dasamuka | ngudanakên wangi-wangi ||

17. Rawana soring sarana | ngêntha asasênggrang mênthang jêmparing | Gunawan Wibisana wus | mêsat panah panulak | katut kombul Dasamuka panahipun | punggêl daludag katrajang | ing panah panulak gusis ||

18. saya sru dènira krura | nglêpasakên limpung lumêpas aglis | narendra putra tinuju | limpung sêdhêng mèh prapta | sigra ari Lêksmana sanjata mamprung | limpunge punggêl pinanah | Rawana kaku tyasnèki ||

19. ratane rêmak pinanah | sirna lawan kusire myang turanggi | katut ngrata sumyuripun | malumpat Dasamuka | tan adangu kang nyaosi rata rawuh | minggah malih Dasamuka | ing tyas tan ngunduri jurit [ju...]

--- 553 ---

[...rit] ||

73. Durma

1. krodha muntap Sang Buminata Ngalêngka | dene kaprabon jurit | singa linêpasna | punggêl ana kang sirna | katut kabuncang ing angin | asalin kunta | mrêpêki ing ajurit ||

2. ngayat kunta sarya sru pamuwusira | hèh Rama dèn abêcik | iki kuntaningwang | dèn prayitna atadhah | Rama ingkang dèn ayati | dupi lumêpas | Lêksmana ingkang pinrih ||

3. jajanira sira Sang Truna Widagda | niba gumuling siti | kunta nrus ing jaja | ngungun nangis kang raka | sungkawa dènnya ningali | Prabu Sugriwa | wre kabèh sêdhih kingkin ||

4. Sang Gunawan Wibisana kagyat mulat | Lêksmana nandhang kanin | sigra dènnya nyandhak | sinundhang Sang Lêksmana | kunta tumancêp tinarik | tatu ingusap | mring Wibisana aglis ||

5. wus cinatu waluya Truna Lêksmana | sigra dènnya ngabêkti | mring rakanarendra | Rama angrangkul sigra | ngaras êmbune kang rayi | Prabu Sugriwa [Su...]

--- 554 ---

[...griwa] | ilang dènnya prihatin ||

6. lan sagunging prawira wanara mulat | Lêksmana dènnya kanin | ing mangke waluya | sinambut Wibisana | tan ana labêting kanin | mêre wurahan | suka-suka tan sipi ||

7. angandika Bathara Ramawijaya | hèh ta Andayapati | ing kene saosna | iya kang sandilata | panguripe wong sabumi | sira gadhuha | prayoga ing ajurit ||

8. manawa na kang kanin sira nambakna | iya kang maosadi | Anoman tur sêmbah | nuwun inggih sandika | wau kang ayuda kalih | Sang Dasamuka | amundhut rata salin ||

9. datan antuk dènnya ngadu pangabaran | pêpulih tanpakolih | tan apilih papan | Prabu Ramawijaya | dènira ngladèni jurit | sakarsa-karsa | sinarah sarèhnèki ||

10. tyasira ge gugup nuli matènana | mring mungsuhira aglis | Prabu Dasamuka | sigra minggah ing rata | ratane manik pramati | kapraboning prang | wus munggèng rata [ra...]

--- 555 ---

[...ta] manik ||

11. angadhangkrang ngiglag Prabu Dasamuka | nèng luhur rata manik | gêbyaring makutha | murub kadya baskara | Dasamuka mêmpêng kapti | kadya matia | mungsuh sadina iki ||

12. gumrit ratanira kuda ngombak-ombak | parêng sèwu dènnya ngrik | gumrah swaranira | awor bala wanara | sandeya Hyang Endra ngèksi | Ramawijaya | dènnya dharat ing jurit ||

13. lawaning prang Dasamuka munggèng rata | saksana anêdhaki | rata nawarêtna | lawan sarati dewa | kang juru ngingêr ing jurit | lawan sanjata | Guwawijaya prapti ||

14. bramastra kang tinurunakên Hyang Endra | gumêbyar amratani | nadyan ing ranangga | kagyat bala wanara | sadaya ebat ningali | praptaning rata | ngarsane gustinèki ||

15. sigra nitih Wong Agung Ramawijaya | munggèng ing rata manik | kang rayi Sang Arya | Truna Widagda minggah | gumuruh wre surak sami | pangrasanira | ing aprang dhandhanggêndhis ||

--- 556 ---

74. Dhandhanggula

1. wusnya Prabu Ramawijayèki | munggèng ratasaking Batharendra | jawata ngawiyat kabèh | urmatira jumurung | sarwi ngudanakên wêwangi | lumrang găndakusuma | sumêbar sumawur | Sang Gunawan Wibisana | duk tumingal nyatane luwih-linuwih | sayêkti ungguling prang ||

2. gustiningsun sang binathara di | nora ana sangsayaning yuda | Dasamuka sajatine | tuhu prajurit punjul | nanging datan bisa nglong-longi | tyase kang aru-ara | dèniranggung rusuh | mangsah mrêpêki Rawana | wruh mungsuhe wus munggèng ing rata manik | yaksendra mênthang langkap ||

3. nglêpasakên jêmparing linuwih | mêtu sakathahe kang sanjata | narendra putra nulya ge | amênthang langkapipun | lumêpas kang sanjata luwih | sanjata kang ginawa | duk anèng wana gung | nglêbur ditya ing pratapan | têmpuh êpur adangu panahnya gênti | panah pinuja-puja ||

4. sigra nglêpasi sanjata malih | yaksendra [yakse...]

--- 557 ---

[...ndra] mêtu bujăngga pasa | kumêbul panah wêdale | Ramawijaya gupuh | nglêpasakên sanjata luwih | wêtune tanpetungan | samya ambêbujung | mring panahe Dasamuka | sangsaya gung panah ngêbêkiwiyati | sirna bujăngga pasa ||

5. Dasamuka sigra jinêmparing | kêna murdane niba ing rata | mulat wau ta kusire | yèn gustinira lampus | susah sigra mêdhun mring siti | ngungsèkkên sariranya | Dasamuka wungu | katon kusire lumajar | tinudingan hèh dhustha têmên si kusir | atinggal rataningwang ||

6. apa sinêngguh ingsun ngêmasi | kusire sigra adhêrakalan | wangsul marang rata age | saking jrih gustinipun | Dasamuka nglêpasi malih | limpungipun trisula | pêpujan rumuhun | sigra Sri Ramawijaya | nguculakên bramastra panulak aglis | limpung pinutêr sirna ||

7. lan măntra Sang Hyang Endra kinardi | panulake sagunging gêgaman | sigra sang aprang kalihe | gênti pagut-pinagut [pa...]

--- 558 ---

[...gut-pinagut] | sami ngabên sanjata sêkti | têmpuh pur kang sanjata | gêsang dadi awu | samya angêtog kabisan | ngêntèkakên ing pratingkah sura sêkti | dènnya sami digdaya ||

8. samya angambil sanjata malih | gantya nglêpasi panah bramastra | sanjata akèh warnane | ana kang rupa diyu | ana rupa iwak jaladri | kang rupa buron alas | ana rupa manuk | manuk garudha iya na | danguning prang tutug tatag ing ajurit | atangguh-tinangguhan ||

9. datan kurang kasudiran sêkti | tuju-tinuju sadangunira | anutug angên-angêne | tan ana kang cidra wus | putus marang wêweka sami | rata gantya putêran | aliru gènipun | kadi cakraning gilingan | dènnya aprang tata tètèh têmu tandhing | sêdhêng atêtandhingan ||

10. mêlêg mulêg lêbu angin-angin | anut ing rata dangu putêran | angin-angine sumêrèt | lesus mulêg malêdug | lêbu kentas katampêg ngangin | kadya lintang

--- 559 ---

liwêran | sêsotya kumêpyur | rêrêngganing rata rêtna | ratanyobah lêbunira prapta malih | ibêkan ing paprangan ||

11. gêbyaring sotya kèsisan angin | kadi lintang asêsiring kilat | anut tinut lan gêbyare | lir Hyang Bramana nawung | lawan Yama ngadu prang tandhing | umung jawatèng tawang | suka andêdulu | wanara ngrèb akalangan | tan wruh samar midêr tan ajrih kaplipis | samya calêking rata ||

12. dangu maputêran rata kalih | kadya gonjing siti magiwangan | gumêtêr otêr patêre | wukir kadya gumuntur | orêg agra kagiri-giri | gumuruh anglir gêrah | gora guntur kêtug | prabawane kang ayuda | apan samya winongwonging jawata di | dadya gung kang prabawa ||

13. gêbyaring surya sirêm nyirêmi | anglir palimarma mring kang aprang | kumocak ing samodra rèh | anut pandhêlongipun | dènnya bumi agonjang-ganjing | wanara kudhêmpalan | rumêmpak tumumpuk | kang

--- 560 ---

samya garêbêg rata | uwal kuwêl ngudhampêl guling-gumuling | yayah kadi kasukan ||

14. sela tala gunung-gunung sami | anjagani kadi matak japa | dènnya obahing bumine | amrih luputing gugrug | ringgang-ringgung gênjoting wukir | manawa graning arga | kadya rug gumuntur | kusir buta anggung tiba | kusir dewa mèpèt mrêpêki pok tali | dhêpès ngrapêti tampar ||

15. parandene anggung kontrang-kantring | kusir dewa kêtampèl ing barat | linuding rata gonjinge | dhêpès-dhêpès kêbandul | kusir dewa matur wotsari | dhuh sang narendra putra | sampun dangu-dangu | paduka angladosi prang | lan Rawana pijêr linawaning tandhing | inggih tuwas punapa ||

16. dhuh wêlasa ing bumi lan langit | gênjot-gênjot sadanguning aprang | kadya rug kang samodra rèh | prabata kadi guntur | salah lamun pinèt ing tandhing | yèn anggung makatêna | bumi têmah bubul | lah ta nuntên lêpasana |

--- 561 ---

dangu-dangu ing prang pijêr mamèt silip | apan pun Dasamuka ||

17. salamine rêrêgêding bumi | ratu murka ru-ara andadra | yèn paduka wèh prang rèrèh | si murka anênungkul | inggih măngsa tumamèng aji | nanging mêwahi risak | ing jagad pukulun | yèn paduka mêndha-mêndha | tuwan anti bok sêktine ana kèri | wingking manggih wisesa ||

18. sampun têlas kanuragan sêkti | Dasamuka upamane damar | salami tan kadi mangke | sangête urubipun | amaraman murub tan sipi | ujêr lisahe têlas | murub nuli lampus | wus jamak damar mèh sirna | murub sangêt lah prabu suwawi nuli | paduka lêkasana ||

19. sampun sêdhêng paduka ngajèni | yudaning ratu sanadyan murka | pantês rinewang prang rèrèh | apan punika sampun | gèn paduka nyabari budi | amrih aprang utama | kalampahan dangu | sampun mangsane punika | ing pêjahe rêrêgêding pitung bumi | bumi pinanas-panas [pinanas-pa...]

--- 562 ---

[...nas] ||

20. tri buwana ngajêng-ajêng sami | asrêp padèning panah paduka | ing jagad măngka sirame | Guwawijaya gupuh | lêkasêna sanjata sêkti | luwih ing tri bawana | pinuji pinunjul | tibaning Guwawijaya | apan sasat Mèru lan Himawan wukir | boting Guwawijaya ||

21. măngka kêndhêng ratuning ngin-angin | barat sajagad mangatêr mêsat | ratuning agni landhêpe | lan surya-surya putus | măngka êlar-êlarirèki | wuluning pêksi raja | mawa sindhung-riwut | lan angin-angining gêlap | aliwêran katon pangruwating silip | sajagad mati atap ||

22. dursila murka mêmala lalis | kadi pinusus Guwawijaya | lah nuntên pênthangên age | tan luput patinipun | Dasamuka murkaning bumi | kunêng ta aturira | kusir dewa wau | sigra Sang Ramawijaya | ngadêgakên langkap pinênthang pinusthi | tajêm ingarah-arah ||

23. sarwi nguwuh sakêdhap dènnya ngling | ujar ngoko bae tanpa

--- [0] ---

[Grafik]

Prabu Sugriwa. Prabu Rama. R. Lêksmana. R. Anoman.Prabu Dasamuka. R. Wibisana.

--- 563 ---

krama | dèn prayitna iya kiye | Dasamuka patimu | dyan lumêpas Rawana kêni | tênggak pêgat kaparah | rubuh kabarubuh | gumêbrug sapuluh pisan | sirahira ya ta lajêng angêmasi | Buminata Ngalêngka ||

24. kapi bala gumrudug parêng jrit | gora gurnita manêngkêr wiyat | kumrubut mulat sirahe | atub susun atimbun | kadya gêrah wre êncak-êncik | ana kang lumba-lumba | ana mumbul-mumbul | cikrak-cikrak lincak-lincak | akêkèjèk ana jêngking ngolang-ngaling | miring arêrangkangan ||

25. tan wus ucapên kang bala kapi | dènnya suka kapasuk ing suka | tan ana siku-sikune | gunging suka sinungku | kadi pêjah amanggih urip | kadya rare ru-ara | tanpa rungyan dangu | dening solahing wanara | kunêng wiyat jawata samya ngurmati | ngudanakên sri nata ||

75. Sinom

1. sapêjahe Dasamuka | pêtêng dhêdhêt angin-angin | anggarubuh gula dupa |

--- 564 ---

sumawur saking wiyati | lan sagung wangi-wangi | kumukus kumêpyur arum | sagung para jawata | suka ngêsorakên sami | samya ngigêl munggèng luhur madyantara ||

2. kèh katon mukaning dewa | tapake datan kaèksi | dènnya sêsanti wus jaya | jayane sang jayèng bumi | kombang lumrèng wiyati | mêmara mamrih rum-arum | wau Sang Wibisana | duk pêjah yaksa narpati | malayoni nungkêmi padaning raka ||

3. Sang Gunawan Wibisana | angarang tikbra nêkani | pasuking tyas kamanungsan | luhnyandrês karasèng galih | sêsambat amlasasih | dhuh kadangingong satuhu | Buminata Ngalêngka | dulunên ta sêmbah mami | arinira Si Gunawan Wibisana ||

4. kakang prabu aksamanta | atur ingsun nguni-uni | sakêcap tan ana salah | ing mêngko kabèh pinanggih | papa têmahan pati | patine amurang laku | laku murka dursila | silane kang dèn ugêmi | pêksa mungsuh risang para martèng jagad ||

5. jagad [ja...]

--- 565 ---

[...gad] juga tanpa sama | Narpati Rama sayêkti | sêsotya rêtnaning jagad | amumpuni jayèng bumi | miwiti anguwiti | ing bumi Bathara Wisnu | baboning sabuwana | barang tumitah kumêlip | datan liyan mijil sing Wisnu Bathara ||

6. Ngendraloka Janaloka | mung Wisnu nuragèng bumi | bumi langit angin mega | wukir-wukir jalanidi | jurang lan kali-kali | alas lan saisinipun | lintang baskara wulan | tan lyaning Wisnu murwani | nadyan sukêt garinting lan kalamênta ||

7. sangkane ana tumitah | Wisnu babone sayêkti | ing mangkya angejawantah | têka wani ngajak jurit | tinuturan wêwadi | sakèhing atur katawur | upama anêmbaha | wuwuh karatone luwih | sangsaya gung gunggunging nagri Ngalêngka ||

8. mung murka ala kewala | ambêke ingkang ginati | mung ewuh pakewuh lampah | iku kang dèn kaluwihi | tan ana guna malih | amung durmala pinuwung | suka mring siya-siya | puwa-puwa [puwa-pu...]

--- 566 ---

[...wa] ambêg julig | liwat-liwat aturku amrih raharja ||

9. karya ngong wêlasing jagad | prabu kadangku sayêkti | siya-siya maring jagad | isine dèn obrak-abrik | pangrasane tan kêni | ing bilai lara lampus | dhuh ah ah kadang ingwang | liwat sêdhih ngong ningali | dene iya patine pati druhaka ||

10. êndi rupane punggawa | kang matur angkara budi | tan lyan kadang mamrih arja | têtêpe karatonnèki | budi sikara budi | lah iki pinanggihipun | patine anggêgawa | mati salah-salah sami | salah kabèh patine druhakèng dewa ||

11. mangke têtêp kalampahan | nampik ing atur sayêkti | yèn ta nguni ginugua | sagunge atur sayêkti | pantês awèting urip | ing karaton luwih luhur | Narpati Ramabadra | sêmbahên akunên yêkti | tuwanggana sasat kaki binathara ||

12. duk padha apagunêman | kang padha pait tan yêkti | tan ana

--- 567 ---

ginawe rasa | gêmpur panggawe kangbêcik | iki ta kang pinanggih | wong kadêrêng kudu bêrung | darung kasurang-surang | tan ana manggih basuki | wong sineba tan ana rèh kasumbaga ||

13. anasabana bêbaya | ingkang bêbayani bumi | sabda yu tindak raharja | kaluhuraning kang pinrih | kakinta mituturi | miwah wêwêlinging ibu | padha kinèn nêmbaha | mring Wong Agung Dasarati | padha dewa pan iku dewa musthika ||

14. sagung bupati kang guna | guna wêweka undhagi | dene tan ana kinarsan | ngêndi ana narapati | nora nitèn-nitèni | maring laku iya dudu | biru dèn gawe abang | abang ta dèn gawe kuning | nadyan kêna măngsa dadia mas kentar ||

76. Maskumambang

1. ingkang dudu pênggawe-pênggawe nguni | agawe mirungga | pangrasane luwih bêcik | tan wruh kêkêmbanging rusak ||

2. dhuh kadangku liwat luwih karya sêdhih | patining narendra | têka nora amrih bêcik | ing mêngko akarya susah ||

--- 568 ---

3. ngêndêlakên aji păncasonanèki | êndi toging karya | pangrasane luput pati | dene ta datan kadia ||

4. dhuh putrane si ibu putuning kaki | anake si bapa | têka murang kramaniti | pan si bapa pandhitarja ||

5. amumpuni paramarta sadu budi | sanadyan butaa | kaki Bagawan Sumali | iya tyase pinandhita ||

6. kudu-kudu angalap putri Mantili | kêsêl aturingwang | pira-pira kang malangi | siji tan ana dhinahar ||

7. ngêndi ana tan kandhêg tuturing kaki | pan ing jaman apa | băngga pituturing kaki | warahing ibu pinugal ||

8. pangrasane sanadyan ibu jêr èstri | pututur kaarjan | sanadyan ta ibu èstri | jêrku trahing witaradya ||

9. kocap anggung papa pira kang pinanggih | băngga ing wong tuwa | tan pantês madêg narpati | nora pantês pêparentah ||

10. sangsaya sru Gunawan dènira nangis | Arya Wibisana | katut kulit kêna daging [da...]

--- 569 ---

[...ging] | katut otod balung darah ||

11. dhuh kadangku patimu pati rasêksi | dene nguni padha | puruhita basa luwih | mati maria raksasa ||

12. ah ngong matur panggawe awèt basuki | têka anggung galak | tan pinirsa tutur bêcik | dadak dêduka andhupak ||

13. parandene mêksa matur kongsi ail | trêsnaning kêkadang | aja katêkan bilai | bilai gêgawa bala ||

14. ah ah adhuh kadangku tuwa sayêkti | pagene awuta | tuli-tuli tanpa tali | mung ala katula-tula ||

15. lagi tumon wong kudu nêdya bilai | gampang tanpa srana | malah kêdah dèn karêpi | jêr basuki nganggo beya ||

16. cacad têmên kakang prabu sira iki | saarda-ardanya | dosanira amratani | mring sakèhing wong atuwa ||

17. maring bala maring langit lawan bumi | mring isining alas | miwah isining jaladri | kabèh padha pinadosa ||

18. Sang Gunawan Wibisana

--- 570 ---

dènnya nangis | danguning sêsambat | kalangkung marma ningali | Wong Agung Ramawijaya ||

19. kadya ngungun ambalèni kang prihatin | Lêksmana widagda | myang Sugriwa Narapati | dhêdhêp tan ana ngandika ||

20. myang bala wre kabèh tan ana cumuwit | dhêdhêp sapayudan | nadyan mega lawan angin | mênêng tan ana lumampah ||

21. kadi milu jêtung ingkang bumi langit | baskara kêlaran | sirêm-sirêm mêtu riris | Wong Agung Ramawijaya ||

22. tinon sampun adangu dènira nangis | Sang Ramawijaya | aririh dènnya marani | mring Gunawan Wibisana ||

23. lan taruna Lêksmana lan Sugriwa Ji | Anoman Anggada | prasamya mèlu mrêpêki | nèng pungkurira narendra ||

77. Pangkur

1. Narpati Ramawijaya | angandika kadi angarih-arih | hèh Wibisana ta uwus | aywa prihatin dahat | Dasamuka pan uwis manggih linuhung | narendra mati ing rana | wus punagi [puna...]

--- 571 ---

[...gi] nguni-uni ||

2. pan iya Si Dasamuka | wus amangun ing kautaman nênggih | karana gagahing ratu | kacakra wartèng jagad | nora mingkêt ing wacana wus kawuwus | tan suruding rananggana | kautamaning narpati ||

3. nêtêpi patining raja | aprang rame nutug sagêlarnèki | ing aprang anggung angamuk | amrih ayuning bala | iya amrih karusakaning kang mungsuh | wajibing ratu rumêksa | balane mênangajurit ||

4. ing mêngko Si Dasamuka | balanira kabèh rêmpu ing jurit | punggawa satriyanipun | rêmak ngasmarèng laga | Si Rawana anglabuhi lara lampus | uwus tan ana cinacad | patining ratu sayêkti ||

5. luhung ta prasêtyakêna | tanpa tuwas yèku sira tangisi | pancakanên mring patunu | atêrna mring kamulyan | malar-malar nêmua apurèng lampus | mungguh Hyang Jagad Pratingkah | amanggiha swarga adi ||

6. kagyat Arya Wibisana | wungu nolih [no...]

--- 572 ---

[...lih] dhêku ngarsaning gusti | bukuh misih sênggruk-sênggruk | anut kang pangandika | angêjèpi marang ditya wadyanipun | prapta angatêri wrêksa | aking lênga lawan agni ||

7. tinunu wangkening raka | kalih wus pinujan dupa sêmadi | kumutug kukus kumêlun | minantran sampun sirna | wangkenira ingkang raka kalihipun | sinêksèn Bathara Rama | narpati ngandika malih ||

8. hèh Gunawan Wibisana | sira ingkang madêga narapati | Ngalêngka gumatya prabu | siniwi ing rêksasa | prabawanta mardikèng bawana nulus | krêtarta mumpuni guna | wêweka asihing dasih ||

9. pulihna praja Ngalêngka | rahayune payunên waluyaning | rêksasa kèh mudha punggung | lumrah ati durjana | undhangêna ngalapa ing rèhirèku | wênang anut marènana | tingkah kang murka ing bumi ||

10. ngêntèkna pituturira | ing bêcike sasolahing praja di | apan ta sira pinutus | ing susila tan kurang |

--- 573 ---

ing wêweka norantèk ing krama tuhu | dèn tata yayi yèn sira | pitutur amarentahi ||

11. mring balanira sadaya | barang ing rèh mriha panggawe bêcik | amrih utama tinêmu | aja atinggal sarat | iya wajib sarat wong arsa pitutur | dhèwèke anêtêpana | dèn panggah dèn anglakoni ||

12. yèn sira wus kalampahan | angawruhi kalawan anêtêpi | tan angèl balanirèku | sagung mantri punggawa | myang apatih patih kang mêmatah laku | iku padha bisakêna | ing rèh ayu kramaniti ||

13. warata sarewangira | sarerehan kabèh sayêkti pinrih | panggawe rahayunipun | jêr wus nêtêpi sira | panggawe kang dèn pituturakên iku | sapatih lan sapunggawa | kabèh wus padha ngakoni ||

14. samantri-mantri warata | wonge cilik măngsa na gêlêm kari | saanak sarabinipun | kudu milya sadaya | nadyan [na...]

--- 574 ---

[...dyan] praja milu tangi nêdya ayu | marmane wajibing raja | agawe tuladan bêcik ||

15. yêkti tinelat sajagad | yèn ratune ing rèh wus dèn ugêmi | têtêp ing asama tutug | sumêbaring parentah | marma yayi prayitnanên yèning prabu | yêkti tiniru sajagad | mungguhing rèh ala bêcik ||

16. ala ya tiniru ala | yèn abêcik yêkti tiniru bêcik | anut sasolahing ratu | tiniru isining rat | lawan sira elinga bathara wolu | poma iku munggèng sira | lire kang sawiji-wiji ||

17. wêwolu sariranira | yêkti nora kêna sira ngoncati | salah siji saking wolu | cacad karatonira | yèn tinggala salah siji saking wolu | kang dhingin Bathara Endra | Bathara Surya ping kalih ||

18. Bayu ingkang kaping tiga | Kuwera kang sakawanipun nênggih | Baruna kalimanipun | Yama Căndra lan Brama | jangkêp wolu kang mêsthi măngka ing prabu | angganira [ang...]

--- 575 ---

[...ganira] ngastha brata | sayêkti ing narapati ||

19. lampahe Bathara Endra | ngudanakên wêwangi ing sabumi | dana sumêbarsumawur | maratani sajagad | kawaratan gung alit sadayanipun | pan ora amilih janma | lakuning Endra sayêkti ||

20. iku yayi lakokêna | sawadyane kabèh amot ing bumi | dene Yama lampahipun | milara krama ala | wong durjana ing praja kabèh linêbur | nora ngetung kadang warga | yèn durjana dèn patèni ||

21. barang kang laku dursila | ingupaya kabèh dèn osak-asik | sagone ingusir tinut | kacandhak pinatenan | rêrêgêding praja pinrih beratipun | mangkono Bathara Yama | gone rumêksa praja di ||

22. maling mêmalaning praja | pinrih ilang dursila ngrêrêgêdi | angundhangi wadyanipun | tan na kêna omaha | ingkang sandhing panggawe ala tinundhung | kang ala wus pinatenan | sajinise tumpês [tumpê...]

--- 576 ---

[...s] tapis ||

23. kang jinis panggawe ala | lah anggonên Bathara Yama yêkti | Surya kaping tiganipun | lakuning palamarta | ngudanakên sabarang rèh arum-arum | amanjingakên rêrasan | asrêping kang dèn têtêpi ||

24. tan galak nutut sakarsa | tan karasa wadya pinrih ing bêcik | tan ana rêrêngunipun | sumusupa mrih kêna | ingkang pinrih rinasan-rasanan alus | pangisêpe rêrêsêpan | kasêsêp kêna kang pinrih ||

25. tan age saliring karsa | nadyan lumuh tyase kêni pinulih | tan katêngên pan rinasuk | pangisêpe sarasa | pan kaping pat Bathara Căndra ing laku | apura sarananira | amênuhi ring sabumi ||

26. mrih eca isining praja | ing pangrèhe wêwangi lan mêmanis | sawuwuse manis arum | saulat parikrama | guyu-guyu èsême winor ing tanduk | satindak datan rêkasa | mung marentahkên mêmanis ||

27. ambêk santa sabuwana | nrus ing manah marta-marta [marta-mar...]

--- 577 ---

[...ta] mêmanis | sangsaya sru arum-arum | asih sagung pandhita | kaping lima lampahe Bathara Bayu | nging tekat pakartiningrat | budining rat dèn kawruhi ||

28. tanpa wangên tan têngêran | gène amrih mèt budining dumadi | kêna kabudayanipun | ing rèh datan kawruhan | bisa amèt budine wadya sawêgung | dursila mulya kawruhan | sasolahe wadya kèksi ||

29. sinambi angupaboga | myang busana anggung mangun kamuktin | tan ana antaranipun | mring kasukaning bala | amêmaès sang para yogyaning wadu | sarta gung tyase sinuksma | gunaning yuwana pinrih ||

30. ing tyas datan kêna molah | sapolahe kabèh wus dèn kawruhi | dibyandanadana tinut | lampah susila arja | wus kakênan jagad kautamanipun | ing mêngko Bayu lampahnya | iya èngêtên sayêkti ||

31. kaping nêm Sang Hyang Kuwera | agung mukti boga sarya ngenaki | tan agêpok raganipun [ragani...]

--- 578 ---

[...pun] | namakakên sarana | kang wus kinon amusthi pasthining laku | amung pracaya kewala | dènira tan amrih silib ||

32. gung ning praja pinarcaya | dananya sru kasêktèn dèn ugêmi | nora ngalêm nora nutuh | samoa sinasama | rèhning sun srah kabèh kawiryan wus sinung | tan wruh ingupaya sira | tuhuning pribadi pinrih ||

33. kasaptanira Baruna | anggung ngagêm sanjata lampahnèki | bisa basuki ing laku | amusthi ing wardaya | guna-guna kagunan kabèh ginêlung | angapus saisining rat | putus wêweka kaèksi ||

34. angapus sagung durjana | sêdhih kingkin dursila silajuti | saisining rat kawêngku | kèsthi kang ala arja | têmpuhing sarana datan kegah-keguh | kukuh kautamanira | tuladên Baruna yêkti ||

35. bratane Bathara Brama | ngupa boga sawadyane gung alit | kabèh galak marang mungsuh | bisa basaning wadya | sirna parangmuka kaparag [kapara...]

--- 579 ---

[...g] kapusus | tirunên Bathara Brama | lakine Ni Rarasati ||

78. Mijil

1. nora tungkul rumêksèng wadya lit | tyasira katonton | sabuwana yèn owah lakune | agung ngulahakên sarwa gusthi | agung tan apilih | panggusthining laku ||

2. tinutakên tinatuman kêni | ing rèh kang ginayoh | pinaryitna panggawene kabèh | angowahkên iku gêng binudi | yèn laku wus bêcik | panggahên dèn kukuh ||

3. pratingkahayuananimbangi | kang akarya keron | wawasên ing lakunira têmbe | wêwalêre aja sira lali | wuwus ingkang uwis | gumêlaring ngayun ||

4. angên-angên ing tyas aja lali | angkuhên bêbadhong | asêmadi angkuhên sêsupe | luluse mangunah mangun êning | angigêla yêkti | tataglaring kalbu ||

5. agung sukanên driyanirèki | aja gung wirangrong | yèn kagêma ing rèh kawulane | makutha aywa kathung kalapi | liring [lir...]

--- 580 ---

[...ing] rêgêm ati | buwangên dèn gupuh ||

6. ririh bênêr nguwitên nèng ati | ulat dèn katongton | putusing tyas sumuk mêmanise | ing tyas ingkang anênangi runtik | japanên sayêkti | arda nuting nêpsu ||

7. ing tyas suci sumuk ulat manis | sagung rèh kawêngkon | ing tyas rêgêd asiru ulate | suka sêtya manis amrakati | ayême tyas titi | pangrèh nora luput ||

8. sarjana măngka gandaning bumi | rêratus kêkonyoh | ngulahakên ing rat kaluwihe | arjaning praja tan lirip bangkit | yèn ta winowor ing | pangridhuning laku ||

9. pakolihe yèn panggah tan osik | bakuh ing pakewoh | aja miris yèn miris dadine | kalong-longan darajate gêmpil | lakokna sayêkti | ngawruhi wadya gung ||

10. măngka akasing jagad sayêkti | rumêksa gung anom | mariksa maring wadyabalane | ngêlu mulês waras dèn kawruhi [ka...]

--- 581 ---

[...wruhi] | sajroning praja di | aja na katungkul ||

11. apura paramarta măngka wit | anggêpên dèn manggon | kalêpasan bae pamawase | aja keguh dumèh gêdhe cilik | ing rèh bênêr sisip | wawasên dèn putus ||

12. mungguhing suka miwah prihatin | ing wadya katongton | gampang ewuh ing praja sukêre | dèn karuruh ing rèh tan karirih | dèn katêmu budi | budinênsakayun ||

13. arjaning praja nora manasi | tan ana lêlakon | ngowahakên marang pikukuhe | pêngkuh ngaubi rumêksèng bumi | kaluhuran pasthi | pinayu pikukuh ||

14. yayi Prabu Wibisana pasthi | luhuring kaprabon | kang wus kocap busanèng jagade | kamulyane pèni-pèni manis | aywa bot sirèki | duwèke praja gung ||

15. êmas măngka busananing dasih | kang langlanging kewoh | kang nangggulang praja sêsukêre | kang jagani jagad siyang ratri |

--- 582 ---

nora ngèl ta yayi | arjaning praja gung ||

16. nora kêna pinèta ingmaling | malinge katanggor | saking nora ana pangungsène | dènnya rêmpêg saprajanirèki | rumêksane sami | tan ana talutuh ||

17. talutuhe kapipit kacêpit | kapêngkok kasompok | lami-lami marèni alane | jrih malumêmala milalati | ulate katawis | bok kawawas kawus ||

18. sagung ingkang ala dadi bêcik | ingkang bêcik wuwoh | imbuh susila mring krahayone | saking kêna prabawanta yayi | pracayèng praja di | sawadyanira yu ||

19. prihên têmên para sarjanèki | kang bisa ambobot | ing bot repot amrih sujanane | ing rat panut panuragèng budi | pragnyana udani | jroning jurang parung ||

20. pêtênging guwa-guwèng wanadri | wawasên kang kinon | sarjana wèh kawruhing isine | pinanduking sastra wus kaèksi | paprênahan sungil | sungapan sastra [sa...]

--- 583 ---

[...stra] yu ||

21. prayogyane wruh robing jaladri | jaba jro katonton | parang-parang curi batining we | sastra dibya sabarang pakarti | tan kulêdira mrih | pragnyananing laku ||

22. saratana sêsuluh mrih titi | titi kang winêngkon | mêmala kang mêmulêt ing tyase | rinampasing pitutur sayêkti | ririhên dèn kêni | kinulit rinasuk ||

23. rasukên ing krama siniwêri | wruhênèng kadudon | robana rum mêmanis pawore | amrih aja sangsayèng pakarti | sidaning kamuktin | lir gêlah manaput ||

24. yèn wus kakênan rèh kang sawiji | wisata kang adoh | kasumbaga prayitna ambêge | susila mrih kasatmatèng gusti | dènnya wus miyarsi | prabunya mrih ayu ||

25. samoaning kang sumewa sami | pasang karahayon | munah ingkang durcara silane | dènnya mrih sinatmatèng ing aji | kawawas ing bumi | wikrama satuhu ||

26. ratu aywa amisesèng rukmi | pan yayi tan pandon [pando...]

--- 584 ---

[...n] | êmas iku pasamuan gone | pan wajibing busananing bumi | yèn sira kukuhi | wisaning praja gung ||

27. saguna-guna gununging bumi | kondhanging kaprabon | upa boga sawadya-wadya kèh | tan apilih sawadya gung alit | tan bênggang ingkang sih | mrih sapraja lulut ||

28. kawibawaning prabu ta yayi | yèn ambêgira bot | ngandumakên ing kawibawane | iku cacading karaton yayi | rusak dama nisthip | rusak patinipun ||

29. karana jroning urip puniki | ana kang dèn antos | mung sadhela tan langgêng uripe | yayi rusak jamaning wong urip | jamaning wong mati | têtêp ananipun ||

30. yèn lalia pangrèhirèng bumi | dhusthanya tan pandon | pira-pira rusake patine | tuna yayi wong madêg narpati | tiwasa ing pati | Wibisana nuhun ||

31. gunaning ratu prihên amardi | tinut karahayon | lan paksanên marga pakewuhe | mriha lêstari sagung lumaris [lumari...]

--- 585 ---

[...s] | wajibing narpati | bêciki marga gung ||

32. damaring praja ja mati-mati | sadêging kaprabon | aja kandhêg madhangi jagade | măngka panarik ing rèh sayêkti | ing pati pinanggih | kautamèng prabu ||

33. yèn arêsik prajanira yayi | sagung ingkang tumon | praja kang lyan kontap prabawane | takut tulad kaarjaning bumi | trusing budi yêkti | Wibisana nuhun ||

34. tilasing wadya kang galak nguni | ingunên aywa doh | manjing maring ratu kagunane | iya dadi busananing bumi | atur tanpa uwis | sikakna kadyasu ||

35. Prabu Wibisana awotsari | wre samya anjomblong | miyarsa ring prabu pituture | lan maninge adêgira yayi | Ngalêngka Narpati | winongwong tumuwuh ||

36. nguni kadya winisan prajèki | sira madêg katong | iya ingkang dadi panawane | mawèh suka saisining bumi | de prabunya titi | titi yèn mêgatruh ||

79. Mêgatruh

1. isining rat lêng-lêng [lêng-...]

--- 586 ---

[...lêng] kadya sih andulu | ing rèh prabu tama kalih | kasmaran myarsa pitutur | samodra ombake aris | minggir gumulung anggolong ||

2. ima-ima amuntir langkung tumiyung | sumêrot kang maruta ris | kadya matag ngigêlipun | sang lalita miwir samir | ngurmati sang madêgkatong ||

3. darma mangkin apanggah manahira nut | ring pamulang pasang putih | nêtêpi ambêg pinunjul | amolah arjaning bumi | Prabu Gunawan kinaot ||

4. patitising pasang tuju tanggap saur | mêmunah manah mênuhi | marjayèng mêmala lulut | binengkasing pasang suci | Wibisana waskithèng don ||

5. anglir têlakaririsan măngsa pitu | rumêsêp sumusup êning | sinêtya prasêtyanipun | kadya tunggil yayah bibi | angganira karahayon ||

6. purwa taru mandira ring gunung-gunung | anjêtung tan anamosik | isthane jingglêng pitutur | pradapanira tumiling | kadya mrih talingankaro ||

7. sumbagambêg [su...]

--- 587 ---

[...mbagambêg] sumiwèng rat tuhu-tuhu | rum-arum sumêkar amrik | pala-pala mêndhuh-mêndhuh | wijah dènnya amiyarsi | ing ngrèh sang mulang kaprabon ||

8. limanmilu manungku tulalenipun | anglabèt talingan amrih | kadya mirsaa pitutur | andakamènglèng tumiling | lir pasang talingan karo ||

9. sêkar jambu kentaring angin sumawur | lawa mêkar mrak ngigêli | urmat suka-suka dulu | mring Sang Gunawan atampi | wulanging sumbaga katong ||

10. ăngsa muluk munya têpi talaga gung | lir suwarèng rowangnèki | mriha nêniling warta yu | kidang mangsul marêpêki | lir kantun mirêng pawartos ||

11. singa-singa kagyat ing kidang umangsul | lir cipta kantuning kardi | mêkar macicil angungun | ngisis siyung nungsung angin | netranekalih malorok ||

12. sato-sato sêtya nut pasangan runtut | samya wèh rêngganing bumi | prabawabawaning nusul | sang rumêksèng prabu titi | wuruke [wuru...]

--- 588 ---

[...ke] rum-arum mawor ||

13. wus sinêksèn ing walangtaga kêkutu | ing rèh molahakên bumi | isining rat ngastutyayu | kupu-kupu kipik-kipik | sru kanginan rum umawor ||

14. mari muntêl ing êtal kuntul andulur | dalidir ngidêr-idêri | têpining kang sètu-sètu | băndalayu ngilayuni | arum sumawur sumêrot ||

15. titip atap têpining sètu aturu | tan ana winalangati | linanglangan arum-arum | keritingmaruta aris | mamrih amarasi panon ||

16. sakèh murka-murka marimurkanipun | mangimur-imur ngêmori | sarjana jênak majênu | jinatèn mardu mrik minging | mapanggah mungguh ginugon ||

17. nora bêtah katitih botoh kabutuh | baskara băngsa basuki | sastratamardi mamêrdu | sihirèng susela êning | kêna bawaning kaprabon ||

18. tan akêndhat narendra pituturipun | lir cêndhana munggèng rukmi | dinupan ngambar rum-arum | tinon [ti...]

--- 589 ---

[...non] warnane nêlahi | rumêsêp kadang kinatong ||

19. wutuh atah narpati jroning tyasipun | mawantah mamrês punanggih | dêstuning rèh mamrih luhur | mangayubagyaning bumi | miliring prabu kinaot ||

80. Dhandhanggula

1. lawan yayi prabu dèn nastiti | anitèni ing wadya punggawa | amrênahakên karyane | kang bisa ing alêmbut | aja wèhi agaling kardi | kang bisa maring agal | aja wèhi lêmbut | kang prakosa ing ayuda | ana ingkang prakosa sabarang kardi | dèn bisa matah-matah ||

2. miwah wadya kang alul sêmadi | karêm marang pangulah mêmuja | tulusêna panggawene | aja ta wowor sambu | keron laku dhompo ing budi | tumpangsoning prakara | rêgêd êmpanipun | yayi Prabu Wibisana | watêking wong tumpangso sabarang budi | cacad maring wêweka ||

3. angingua punggawa kang pêkik | yayi dadi kumaraning praja | ambusanani jagade | punggawa kang

--- 590 ---

dibya nung | kang prakosa maring ajurit | yèku minăngka wisa | amisaring mungsuh | punggawa kang bisa basa | basukine marang krama kukuh titi | karyanên tuwanggana ||

4. sarta ingkang wignya marang budi | wruhasanta budi paramarta | lêpas marang wêkasane | wêkasing rèhrahayu | aja adoh lan sira yayi | palane aja pêgat | rewangêna muwus | wuwus maring kawusanan | wêkasane ing aurip nêmu pati | patipatitis mriha ||

5. nora beda pangrèhira yayi | iya maring ing jagad samoa | lawan jagadira dhewe | myang walêr ngakiripun | luputing wong angulah budi | lawan angulah badan | padha pajunipun | pondurane kering kanan | yèn wus kêna kang dadi gêgawa sisip | dene wus kinawruhan ||

6. kawruhana sadina ja lali | pama damar urube kanginan | atajêm dadi urube | yayi pêpêtêng pitu | tutupana singkurên ugi | kaluputaning badan | lawan [la...]

--- 591 ---

[...wan] praja iku | sami amitung prakara | yèn karêksa brukut pangunjaranèki | marang pitung prakara ||

7. yayi Prabu Wibisana iki | lire pêpêtêng pitu ing jagad | iya sawiji-wijine | mungguh jênênging ratu | aja cidramaring pêpatih | pêpatih aja cidra | mring punggawanipun | para punggawa pan aja | anyidrani iya marang para mantri | para mantri ja cidra ||

8. marang janma-janma desa tani | lan balike dadi saprakara | patih ywa cidrèng ratune | miwah punggawanipun | iya aywa cidrèng pêpatih | lan mantri aywa cidra | mring punggawanipun | miwah saturute pisan | yèn nêraka têmahan salaya budi | bumi mring kabudayan ||

9. yèku wite ingkang mêmêtêngi | pêtêng pêpitu yèku kêpala | dene yayi kapindhone | apan jênênging ratu | ing santana mantri kêkasih | aywa sih sampun katrap | adile prajèku | yèn ratu iku gêgampang | marang adil lan marang mantri kêkasih [kêka...]

--- 592 ---

[...sih] | yèn katrap ingalingan ||

10. yèku yayi pêpêtêng ping kalih | dene pêpêtêng kang kaping tiga | pêpatih lan punggawane | aja matur ing ratu | ngaturakên dadia mantri | ing anak miwah kadang | myang santananipun | kalamun durung prayoga | durung bisa basa busananing mantri | basukining wêweka ||

11. apan kathah sarat karya mantri | iya nora kêna ginagampang | dhingin wruha ing awake | lamun wêkasan lampus | nora awèt jamaning urip | kapindho mantri wruha | wêkasaning dudu | lawan wêkasaning iya | lanwêkasing lor kidul ngulon udani | wetan miwah ing têngah ||

12. lan wêruha isining jaladri | tuwin isining wana sadaya | utamèng bumi langite | lawan manising têmbung | wruh ing têmbung kang kandêl tipis | miwah kang dawa cêndhak | mandhêg lawan maju | myang purwa madya wasana | băngsa mantri sudarsanane ing budi | busananing nagara ||

13. kang apêkik utamaning mantri |

--- 593 ---

ulat tangguh nrus ing kalbu tatag | trangginas marang karyane | ayêm marang pakewuh | ririh rèrèh marang ing pamrih | aris marang rêrasan | putusing rahayu | têtêg yèn amanggih laga | titi tètèh têtela mring siyang ratri | ratrining puruhita ||

14. mantri sami busananing budi | jrih durcara awasing wêwirang | nora gumunggung ambêge | arjaning tyas kadurus | dêrêsing kang wêweka titi | têtika tan antara | pantaraning atur | wêruh sandining sampeka | sulêksana tan galak tututing liring | larang liring sandeya ||

15. mantrimukya kondhanging praja di | kang wus tatal rèh tinula-tula | tuman tutut têtulade | tan dadak tindak-tanduk | wruhing dudu dandanan dadi | kasuda winisuda | kang luput linampus | winongwong winangun krama | supayane miyata kang miyatani | pulihing pangupaya ||

16. wruha ing rèh saking ngiring ririh | yèn ingkang wus bisa gancang awas | wus kawawas pakèwuhe [pakèwuh...]

--- 594 ---

[...e] | nistha madyaning laku | kautaman kaciptèng galih | gêgala nora gagal | mantri agul-agul | manggala golonganing prang | myang bicara putus musthikaning mantri | sumèh ing pasamuan ||

17. tan asamar sêmuning sasami | sumuking netya madya utama | tinaman krama pamète | susila dursila yu | kontap pinèt saking pakarti | samangsane tinatap | wus atap tan luput | putus patitising tingkah | kang mangkono aja doh kathikên yayi | busana natèng praja ||

18. mantri punggawa lajêring bumi | nora kêna yayi singawonga | adêging wisma pamane | ana sakane guru | saka rawa mantri lit-alit | yèn ana kang anyêlak | upamane bubuk | iku mantri kang durcara | mêmarahi iya nora anguwati | marang adêging wisma ||

19. kaping pate pêpêtêng ta yayi | aja amèt artane punggawa | lan aja mundhut sutane | lan kaping limanipun | yayi aja nglarangi

--- 595 ---

kali | aja nglarangi alas | têgal-têgal gunung | ara-ara lan samodra | isi apa yayi aja anglarangi | upajiwaning wadya ||

20. kaping nême aja sănggarunggi | marang sagunging prajuritira | miwah juru tampingane | aja anêrang bêndu | mring prajurit mring juru tamping | kang sira patah jaga | nadhahi pakewuh | têtêpe pitu durjana | singgahêna gêgêlah rêgêding bumi | kabèh wisaning praja ||

21. pêtêng pitu jroning badan yayi | patraping pati pati pantaka | êndi dadirêrêgêde | ayya karêm dyah ayu | aja karêm ing êmas manik | sêsotya nawarêtna | ing pati nênungkul | kêkêsên tyasira arda | kunjaranên ing puja lawan sêmadi | kasukan apêsêna ||

22. yèn sira mrih utamaning pati | iya yayi Prabu Wibisana | tumus praja utamane | anggêpe ngrèh wadya gung | yèn lupute padhanên yayi | lawan luputing pêjah | iku yayi prabu | yèn luput [lu...]

--- 596 ---

[...put] dera mrih pêjah | yêkti luput pangrèhira ing praja di | padha kang dadi beka ||

23. tunggal pêtêng pitu jroning jisim | ayya ngêkèhakên asêsumbar | iku wong sumêkti dhewe | ambêg prawira digung | iku yayi pêtênging ati | apan iku larangan | tan patut kawuwus | yayi dudu duwèkira | kagungane kang akarya bumi langit | kibir dirdirèng jagad ||

24. lawan aja galak sirèng lathi | agung dêduka tan angapura | mêmisuh saru wuwuse | tunggal pêpêtêng pitu | lamun ora ilanging galih | nora bisa utama | ing patining ratu | kalêthêk arsa nênacad | iku yayi sêsukêr nyukêri galih | barang salayèng karsa ||

25. bekaning pati mala malilit | mulêt ati lulut nora kentas | bekaning praja ruwêde | tuturkatawur-tawur | nora tawar dènnya mrih yêkti | sêsingating andaka | dinadak tinanduk | kasulak kapêlak-pêlak | ing tyas gugup nora [no...]

--- 597 ---

[...ra] kongsi anggagapi | anggah atur kagean ||

26. lamun ana punggawanta wêgig | nanging drêmba warêgana ing mas | dêdimèn dadi sêtyane | ampuh kinarya panduk | maring mungsuh asring kajodhi | nora kalawan aprang | panungkuling mungsuh | yayi Prabu Wibisana | yèn wus pêpak kundhang pangulah nagari | sumbaga jayèng rana ||

27. lan sumêbar murahira yayi | lansumawur paramartanira | mungsuh prapta nungkul dhewe | sasat Bathara Guru | panganggêpe si wong sirèki | sawab lêgawanira | pracayèng pakewuh | dene sira wus pratama | rêrêgêding badan sampun angawruhi | wruh rêrêgêding jagad ||

28. mungsuh jroning badan wus kajodhi | mungsuh sêsukêre praja bisa | binengkas basuki bae | yèku digdaya tuhu | surèng rana ing agal alit | pan jatining wisesa | wasistha kawêngku | kakangira Dasamuka | pan pinunjul ing prang prakosa linuwih | nanging agal kewala [kewa...]

--- 598 ---

[...la] ||

29. mungsuhing badan tan dèn kawruhi | pira yayi wawrating ayuda | apranga lan sira dhewe | tan wurung kasoripun | ing sayêkti-yêktining yayi | timbang kalawan sira | kaprawiranipun | kari kasujananira | iya pira kuwate wong gêdhag-gêdhig | pan misih kuwat nalar ||

30. yayi prabu dèn awas dèn eling | babon ingkang marang kaluhuran | apura parikramane | adil pan suku bau | adil iku pan madya yayi | apura pan utama | bêtah dadi luhur | samêktanên yèn kacandhak | poma yayi apura trusên nèng galih | prabawa paribawa ||

31. mrihên têmên apuranirèki | andarmaa ngaubi sajagad | nuragèng bisa basane | basuki sabiyantu | bêbayane nora bayani | rêksanên buta desa | buta gunung-gunung | kabèh salina parentah | padha nuta parentah winangun iki | wêwangunan kamulyan ||

32. kamulyaning sajagad dumadi | karêksane [karêksa...]

--- 599 ---

[...ne] berating durjana | dursila salah lêpase | suyasanên pinangguh | guwa pêtêng lan jurang trêbis | kali-kali kalingan | ing sastra sang prabu | amadhangi sabuwana | jroning guwa katon pinanduking tulis | padhang rêgêd katawang ||

33. kas mêmala mêmalaning bumi | yayi prihên waluya kang ala | elinga mèle kalalèn | lilanana ja nglulu | têtulanên dimèn katali | aja kongsi katula- | tula alanipun | dènira rumêksèng bala | balabane maring bala angêlèbi | kaleban sabuwana ||

34. prabawane sarjananta yayi | prayogyakna kêrtagnyananira | wignya susila darma wèh | ayunira mahayu | ngilangakên malawèh mukti | mrih titi parikrama | kramanira nulus | sira Narpati Gunawan | susilawan punyawan marta mênuhi | sampêta pasang cipta ||

35. datan liyan sêtyanira nguni | amêmuhung apura kewala | Wibisana tur sêmbahe | mugèstuwa pukulun [puku...]

--- 600 ---

[...lun] | sabdaning kang binathara di | Sang Prabu Wibisana | matur têmbung arum | danawa ditya rêksasa | kêthèn yutan sakantune kang ngêmasi | prapta mring Wibisana ||

36. buta wanara sampun anunggil | dhêdhêt samadyaning ranagana | ing pasanggrahan siwine | dèrèng karsa ngadhatun | rèhning pura tapis kabêsmi | Prabu Ramawijaya | nêlaskên pamuruk | mring Narpati Wibisana | pyuking trêsna sasat nunggil kulit daging | otod bêbalung darah ||

37. tan kemutan mring putri Mantili | sabêdhahe nagari Ngalêngka | mring Wibisana karême | dènnya timbalan wuwus | sawuruke katampan sami | sadaya tanpa ilang | dadya wêwah sêngkut | yèn dèrèng pati kaduga | nyundhul atur ing lire sawiji-wiji | wijining karaharjan ||

38. samya sêngkute kang anampani | kang anampakakên suka wutah | tan apatah tèh-tinètèh | tata titi tinutuh | têtuhune iwah linuwih | wuwuh ewon [e...]

--- 601 ---

[...won] tan owah | pamuwuhing ayu | kauyun yu warnanira | jagad-jagad jêjêg Ngalêngka nglangkungi | kalêngkaning sri nata ||

81. Sinom

1. hèh yayi Prabu Ngalêngka | ana karyane mas manik | sêsotya myang nawarêtna | ing gêdhong gantungên yayi | măngka praboting bumi | beya busananing ayu | asrining prajanira | gumantung lawan mas manik | sarêgêpa ambêciki prajanira ||

2. punggawa ambêg dipăngga | sira ngingua ta yayi | lan punggawa ambêg singa | lan ambêg andaka yayi | padha kathikên katri | lawan ingkang pindha nujum | kang pindha pinandhita | sira duwea ta yayi | kabèh iku dadi busananing praja ||

3. wadya kang bêcik swaranya | lawan ingkang pêkik-pêkik | lawan kang pintêr lah-olah | kang bisa mêmatut malih | kêbon-kêbon prasami | yayi ngingua sirèku | aywa pêgat mêmuja | barang prakaraning bumi | atasêna marang Hyang Jagad Pratingkah ||

4. kunêng

--- 602 ---

Sang Bathara Rama- | wijaya amituturi | marang Prabu Wibisana | kadêrêng samya dera mrih | ing kamulyaning bumi | panggahing panganggêpipun | Narpati Wibisana | manut sawulangirèki | tan tinilar rèh saking Narendra Rama ||

5. lir pratala kapanasan | rêngka tatibanan[1] riris | tyasira Sang Wibisana | rinêsêp sinanta budi | sumusup mukêt ati | rumêsêp marang jêjantung | sacipta-ciptanira | pinrih kalêngkaning bumi | mastu kabèh jawata sami sumbaga ||

6. dènira praja Ngalêngka | tisonya binengkas adi | sadaya sinalin tindak | wêwangunaning prajèki | bumi kalawan langit | mega angin samodra gung | sadaya urun suka | mulat ing praja lêstari | kang jumênêng nata manik tanpa una ||

7. maharsi sewa sogata | jawata-jawatènglangit | girang-girang mastutia | mulat prabu santa budi | têtêp anyakrawarti | ing jagad ambêg pinunjul | rêngrêng wuwuh

--- 603 ---

prabanya | lèn toya marta nibani | amuwuhi kuwunge praja Ngalêngka ||

8. suka-suka Sang Hyang Endra | agung dènira ngudani | we maya marta sugănda | ngurmati sang madêg aji | ala-ala kaili | dursila luntur katawur | kari sêsucinira | bumi rame amênuhi | arum-arum sumawur nagri Ngalêngka ||

9. têmpuhing pawaka gănda | manjing ing Ngalêngka nagri | sangsaya wêwah yunira | rahayu kang bumi-bumi | Ngalêngka nglêluwihi | danawa rêksasa diyu | umèb amitakonan | amrih panggawe kang bêcik | mukti mulya sagung kang buta pandhita ||

10. rusake wukir Suwela | Batharendra kang minulih | miwah wukir ing Maendra | wuwuh wowohane malih | dewa ngundhang-undhangi | samya amêmulih gunung | Sang Prabu Wibisana | têtêp karatonirèki | jawi kitha sakala praja raharja ||

11. lawan karatoning kaka | Ngalêngka arja samangkin | miwah

--- 604 ---

tyase buta desa | buta tani eca sami | angrasa luput sami | ing bilai sapraja gung | wus amacak punggawa | nayaka kang pra dipati | buta juru tampingan wus pinacêkan ||

12. Bathara Ramawijaya | wus anyipta udan sari | sinawuran sandilata | ing payudan maratani | bangke wanara sami | katiban prasami tumtum | kang tangi-tangi dilat | ing sandilata wus sami | urip sagung wanara kang mati yuda ||

13. lir angimpi idhêpira | lir tangi turu prasami | tuwuh kang bala wanara | tan ana kalong sawiji | suka-suka prasami | ing payudan kadi mêndhung | kèhe bala wanara | lan ditya ingkang sumiwi | kang asaos suguh mring bala wanara ||

14. samya amukti wisaya | wanara kabèh gung alit | akèh warnaning sugata | myang busana sotya manik | pinăngka sawarga di | para prawira tinêmu | sêmbulih sudirèng prang | pamalêse wus pinanggih | suka-suka gung alit bala wanara [wa...]

--- 605 ---

[...nara] ||

15. wus sampurna paripurna | dènnya madêg narapati | Ngalêngka gagah apurba | misesa sih amêrtani | sagung buta nèng wukir | pitêkur gundhala gundhul | samya mêdhun sung urmat | mring sang madêg prabu niti | tata tètèh titih Prabu Wibisana ||

16. winongwong kaunang-unang | wêwangunaning tyas êning | sumbaga pangupa boga | ing pêpantaran patitis | putus tatas undhagi | apandhega băndha bandhu | bêbudènnya lir rêtna | tan owah anrus ing batin | pinasthika narendra kanthi utama ||

82. Kinanthi

1. adèn-adèn apan timbun | pasugatanira luwih | marang kang bala wanara | surasaasalin-salin | mangkana adining praja | Ngalêngka puja sêmadi ||

2. sato-sato ing wana gung | prasamya salin pakarti | merang ring sang madêg nata | prabawane ambawani | macan mari amêmăngsa | badhog kidang lawan kancil ||

3. sêsaba atut aruntut | macan [maca...]

--- 606 ---

[...n] kidang lawan kancil | gêlathik prit alap-alap | atut sêsabane nunggil | badhog-binadhog tan ana | runtut kang sarwa gumêlip ||

4. kodhok lawan ula runtut | samya jrih sang narapati | Maha Prabu Wibisana | prabawa diwangkarani | kadya sasăngka we marta | gêgănda manut ing riris ||

5. riris raras arum-arum | ramya sumawur sumilir | sapraja Ngalêngka sumyar | lir kinênan riris manis | mangkana Sang Bayusuta | umatur saha wotsari ||

6. paran ing karsa pukulun | ari paduka sang putri | ing mangke sampun alama | nênggih samadyaning sasi | bêdhahe nagri Ngalêngka | pêjahe rêksasa aji ||

7. paduka tan arsa dangu | ing ari putri Mantili | ngandika Narpati Rama | sira lumakua aglis | maring taman argasoka | matura ring yayi dèwi ||

8. lamun wus sirna kang mungsuh | yêksa prabu wus ngêmasi | tumpês mantrine satriya | mantri punggawane [punggawa...]

--- 607 ---

[...ne] ênting | yayi Prabu Wibisana | sun adêgkên narapati ||

9. Anoman tur sêmbah mundur | lajêng manjing dalêm puri | praptèng taman Ngargasoka | ngarsane sang rajaputri | putri Mantilidirêja | ngandika lah sira prapti ||

10. lami sun angayun-ayun | dene tan paring udani | Anoman matur anêmbah | raka paduka jêng gusti | lagya amêmulang krama | Wibisana madêg aji ||

11. ngandika kusumaning rum | Anoman sêksinên mami | luwara ing duka cipta | ilang sagung kang prihatin | matura ring gustinira | yèn ing nguni sun punagi ||

12. yèn jaya prange gustimu | ngong mêthuk madyaning jurit | sumêmbah nèng pabaratan | Anoman mêsat wotsari | datan dangu praptanira | ngarsane sri narapati ||

13. Bayusuta nêmbah matur | ari paduka sang putri | arsa umangsah manêmbah | ing pada panggihèng ngriki | sasat pinăngka ubaya | yèn paduka mênang jurit ||

14. Narpati Rama

--- 608 ---

lingnya rum | konên sêsuci rêrêsik | anjarag sêdya sujana | kusuma ari Mantili | têtela sêtya-sumêtya | yêkti sarat arêrêsik ||

15. Anoman tur sêmbah mundur | tan adangu nulya prapti | anèng taman Argasoka | umatur timbalannèki | raka paduka narendra | paduka kinèn rêrêsik ||

16. kagyat sang putri angrungu | sêdyane katona ugi | brangtane kapati brăngta | salin daging salin kulit | sêtyane kauningana | mring raka dènnya gêng brangti ||

17. katona yèn salin wulu | sêdyane sang rajaputri | dene ta ana parentah | sayêkti têka nglakoni | Anoman kaliru basa | dudu rêrêsik ing warih ||

18. sang putri sêtya satuhu | saparentah anglakoni | asiram sarwi gêgănda | asalin sinjangirèki | ukêl sinêkar dinupan | kasor Dèwi Rarasati ||

19. wus kawêtu saking kidung | yune tan kêna ginurit |

--- 609 ---

kasor kabèh dyah ing swarga | apsari pantês nyênyèthi | putri Mantilidirêja | pantês siniwèng apsari ||

20. saking Argasoka sampun | mangkat Sang Putri Mantili | tansah Kusuma Trijatha | lawan sapawongannèki | lawan Radèn Bayusuta | kang umiring anèng wuri ||

21. ing taman soka kapungkur | ing pasanggrahan wus prapti | ngarsane Narendra Rama | siniwèng bala wre sami | lawan kang bala rêksasa | prabu kalih munggèng ngarsi ||

22. Sugriwa sawadyanipun | Wibisana sawadyèki | Kusuma Mantili ngarsa | manêmbah ing raka aglis | Narpati Rama tumingal | kapasuk emut ing galih ||

23. dènira laminèng mungsuh | dadyanêg dènnya ningali | pan amung sakêdhap netra | tumungkul dènira linggih | sarwi nurat-nurat kisma | kèndêl Sang Putri Mantili ||

24. makidhupuh ngarsanipun | rapuh sumaput tyasnèki | sarandu lir pinarjaya | lalu laranira lami | kadya duk pisah sawarsa [sa...]

--- 610 ---

[...warsa] | dènnya sakit manakiti ||

25. dènnya ingewan kalangkung | pijêr nulis-nulis siti | lan asintru mukanira | sang rajaputri sru nangis | dhuh lae batharaningwang | paran dosaningsun iki ||

26. kapati-pati gustiku | dasih arsa mangabêkti | ingewan nora kinarsan | pijêr nulis-nulis siti | saya sru dènnya karuna | Sang Rajaputri Mantili ||

27. Kusuma Trijatha anglud | mingsêk-mingsêk mêrbês mili | sêdya-sinêdya mangkana | wong agung katiga sami | Lêksmana Sugriwa lawan | Wibisana mêrbês mili ||

28. miwah sagung ingkang dulu | wanara rêksasa sami | kamiwêlasên tumingal | kusung-kusunge tinampik | samya nutuh gustinira | wre ditya kang alit-alit ||

29. sang rêtna sêsambatipun | pamularira mlasasih | kang tênggak kadya pinêkak | kapipit tyasira rujit | sagunging lara tan ana | pati brăngta mêmungkasi ||

30. merang ngarsaning wadya gung |

--- 611 ---

tangise putri Mantili | dhuh kasmala têmên sira | sarira tan amèt uwis | ênggoning dana bêndana | paranbaya awak mami ||

31. tan kandêl pan dasih ingsun | sun labuhi larapati | ingaran karya nênuntak | ngênêg-ênêgi tyasnèki | Wong Agung Ramawijaya | pangandikanira aris ||

32. hèh Janakatmaja ulun | măngsawusa ing tyas mami | măngsa rinêbuta pêjah | yèn uwusa ing tyas mami | lah ta uwus aja lara | pan uwis kalakon iki ||

33. sira panggih lawan ingsun | ananging ana sakêdhik | ênêge wardayaningwang | dene wus sawarsa mangkin | lamine sira nèng mêngsah | mêlanging tyas sănggarunggi ||

34. kusuma ing tyas kapasuk | sukêre Ngalêngka iki | dadi tumamèng tyas ingwang | tinanduk ênêging galih | pan sira wus jodhoningwang | siniwêr ing walangati ||

35. tan pramănca ing tumuwuh | nora cancala ing bumi | karane apa kinarya [ki...]

--- 612 ---

[...narya] | pambengkas ênêging galih | pan sira putri utama | tan wangwang akarya brangti ||

 


katibanan. (kembali)