Cariyos Dhalang Karurungan, Anonim, #1302

JudulCitra
Terakhir diubah: 10-07-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Cariyos Dhalang Karurungan

----------

Nyariyosakên wiwit lairipun Sang Hyang Kala, ingga karuwat dening: Dhalang Karurungan, inggih Sang Hyang Wisnu.

--- [0] ---

[Grafik]

--- 259 ---

1. Dhandhanggula

1. lir sadpada kewran pamèting sri | sanityasa kawêkèning driya | tan tuk sarining artate | ingkang yogya sinêrung | truh kang karsa ngambara mèksi | kèh puspita kawuryan | mambak munggwing ranu | ewuh-aya tyas katrêsan | yèku pindha driyane kang nawung ruwi | dènnya paksa mangemba ||

2. para ingkang awicarita di | myang mardawèng lagu nganyut prana | titi pèni pangikête | wahyaning kata wimbuh | wèh arsayèng para nupèksi | pae si mudha dama | ceda gung tumpang-suh | ketang wrat sotaning nala | mung kayungyun mèt wasita jaman dhihin | nut pakêm padhalangan ||

3. rasaning tyas wani toh jiniwit | andupara karya kawismaya | dêstun karyewaning akèh | wah pinandarèng guyu | ingèsêman pra mardyèng kawi | wit tan wèh mandyasana | marma gung pamuwung | mung lowung kang măngka panglimbang[1] | dimèn dadya widada parasdyèng wuri | hong lahèng mangarcana ||

4 hong ilahèng awignamastuti | ingkang mugi patikbra tulusna | pangikêting gita mangke | dera dahat kayungyun | mèt wasita caritèng nguni | jaman purwa kadewan | kang sinawung lagu | kanang sêkar macapatan | ya ta ingkang kinăndha

--- 260 ---

jêjêring ruwi | duk Sang Hyang Caturboja ||

5. wusing jêngkar saking suranadi | akayangan ing Tangguru arga | sagarwa putra pan dene | para wandawa wandu | wus umiring tan ana kèri | praptèng tlatah Maendra | Sang Hyang Guru sampun | makahyangan Lawu arga | pambukaning Rêtna Dumilah duk nguni | karoncèn yèn winarna ||

6. Sang Hyang Guru alêlana niti | raras srining jagad pramudita | sakaroron lan garwane | Dèwi Uma Hyang Guru | karsa nitih lêmbu andini | munggwing gigir wrêsaba | parêng arka surup | yèku wayah sandikala | nèng luhuring udaya Hyang Guru duk wrin | cahyaning Dèwi Uma ||

7. kasunaran hyang pratănggapati | ingkang kadi malbèng jroning tirta | nglayung bang jênar sênêne | cahyaning garwa wimbuh | angalela wênês nêlahi | wadana maya-maya | sajroning pandulu | lir nèng alaming supêna | Sang Hyang Guru kadadak wungu ing galih | hyun mangrurah asmara ||

8. wrat sotaning tyas asmara gati | adrêng datan kêna sinayutan | kang garwa sinambut age | kinuswa-kuswa dangu | Dèwi Uma lêngganèng kapti | lumuh sakaron jiwa | nèng gigiring lêmbu | manganjali nyêngkah jaja | lon umatur dhuh hong Siwahboja [Si...]

--- 261 ---

[...wahboja] lêwih | ngêgungna pangaksama ||

9. rumêntahing sih wilasa mugi | amba merang mangun rarasmara | nèng gigiring lêmbu mangke | dhuh dewaning jagad gung | sarantăsna jroning panggalih | yèn wus praptèng kahyangan | tan lênggana ulun | patikbra cumadhang karsa | tan kacuwan mohitèng tyas sakaron sih | nanging Hyang Girinata ||

10. saya adrêng tan kampah ing galih | umyat garwa wimbuh endahira | warnayu karya wirage | pasuryannya ngênguwung | amradapa manis liningling | Hyang Pramèsthi kagiwang | limut andalarung | nulya nandukkên wasesa | dyah cinandhak Hyang Guru mêksa sarêsmi | purusambêg angkara ||

11. Dèwi Uma saksana nginggati | kacarita Sang Hyang Girinata | parêng korut sêsotyane | dhawah mring samodra gung | baya pan wus karsaning Widhi | gyan karya kaelokan | tan kêna ginayuh | sotya kang tibèng samodra | asabawa jumêgur ngebat-ebati | ngèbêki jagadraya ||

12. tirtanira kanang jalanidhi | amalyawan umob lir kinocak | pindha hyun ngêlêm dharate | Dyah Uma amêrbêng luh | ing puwara manganjali ngling | pangraning tri bawana | têbihna sêsiku | tulah sarik aksamanta | patikbra

--- 262 ---

dhuh hong arcamaya Hyang Manik | ngrêntahna sih wilasa ||

13. dhuh pukulun kalimputing galih | darbe karsa ayun sacumbana | muhung saênggèn-ênggène | nistha lir budi diyu | tanpandhahar atur prayogi | ya ta Hyang Girinata | sanalika wau | kênèng upataning garwa | mawa siyung lir wêca kang wus pinasthi | nguni de Sang Hyang Tunggal ||

14. sangêt kagyat jêtung nglênggêr tan ling | dahat lingsêm sru rudatinira | wus kundur lan garwa age | têkèng kahyangan sampun | nulya karsa pêparab malih | Bathara Ratu Wandha | sabab cacad siyung | kocapa sêsotya salah | kang tumibèng samadyaning jalanidhi | murub gung ngalad-alad ||

15. yayah ngayuh ngakasa kang agni | mawa swara karya girising tyas | mring kadewatan sumuke | kapita dewa sagung | gurawalan samya nêdhaki | praptèng luhur samodra | myat warna kadulu | maujud angkara-kara | ngalad-alad murub lir soroting rawi | ngungun kodhêng pra dewa ||

16. samya gita-ginupita ing ngling | datan bangkit anduga mring warna | kang mawa swara nyalênèh | sayuk tyas dewa sagung | atur wikan mring Sang Pramèsthi | Hyang Guru gya sinewa | pra dewa supênuh | myang putra wandu wandawa | Sang Hyang Endra Hyang Sambo Bathara [Batha...]

--- 263 ---

[...ra] Agni | Bayu Hyang Sakra Suman ||

17. Sang Hyang Wungku bongkokan Wraspati | Sang Hyang Surya Tamburu Kuwera | Yamadipati maswèng rèh | Hyang Kamajaya sampun | pêpak para dewa sumiwi | Sang Hyang Guru sajarwa | mring Hyang Kaneka wus | anjola sang sinung sabda | wah winantu aturing pra dewa sami | wit sumuking kahyangan ||

18. Hyang Kaneka angguguk sarya ngling | Sang Hyang Guru pangraning rat raya | kênèng coba tyas kalalèn | hawa napsu angirup | ngrasuk tindak nganyar-anyari | umyat wênêsing cahya | warna sri ngênguwung | labêt kasunaran aka[2] | kang kawuryan pagut lan manising liring | kagiwang ambêk syarda ||

19. amahywakkên sotya salah dadi | warna murub nèng madyèng samodra | angkara-kara têmahe | kahyangan kênèng têdhuh | sru jumêgur keblat pat kandhih | lir gêlap bandhung sasra | erawati lesus | gêtêr-patêr lêlimêngan | bagaskara sayarda katon sumilib | dhi Guru salah tindak ||

20. kabarêngan karsaning Hyang Widhi | akaryelok tan kêna dinuwa | kadiparan ing samangke | ngandika Sang Hyang Guru | hèh pra dewa wruhanta sami | kang murub nèng samodra | sotya salah yèku | lah payo enggal [engga...]

--- 264 ---

[...l] sirnakna | tumandanga ngêbyuki gêgaman sami | kang tinuduh gya mêsat ||

21. para dewa wus sawegèng jurit | praptaning don nandukkên warastra | bramastra hru gêgaman kèh | cabar warna tan surud | kwèh tikswara tan mitayani | wus pasthi karsanira | Hyang Kang Maha Agung | karya kaelokan titah | miwah tăndha yèn kuwasanira yêkti | angèl ginayuh janma ||

22. sangkin lama sayarda kaèksi | gêng kagiri salin sipat yaksa | jatine warastra kabèh | kang lumêpas cumundhuk | marang warna kang murub dadi | saranduning kang badan | sang yaksa gora sru | nabda marpêki pra dewa | têtanya hèh sapa kang yêyoga yêkti | pra dewa tiksnèng driya ||

23. asarsaran bubar angoncati | samya makswèng Sang Hyang Ratu Wandha | sang yaksa tut wuri age | prapta ngarsèng Hyang Guru | para dewa gugup sumingkir | sotya salah sru nabda | ah sapa aranmu | baya têtungguling dewa | mungging ngarsa sun watara nora wêdi | cahyanta lir sasăngka ||

24. Sang Hyang Ratu Wandha ngandika ris | rêngênta hèh sun ratuning jagad | ambawani bawana ngrèh | Hyang Jagadnata ingsun | sotya salah sukèng tyas angling | lamun mangkono sira | wruh sudarmaningsun [sudarma...]

--- 265 ---

[...ningsun] | Sang Hyang Guru tanggap sabda | iya wikan sirèku yèn kudu uning | marang sudarmanira ||

25. ngabêktia marang jênêng mami | yèn tan manut sun suthik wêwarah | sotya salah tandya age | manêmbah mring Hyang Guru | nguswapada mawanti-wanti | sotya salah ingasta | Hyang Girinata wus | anigas thi-athinira | myang kinêthok pucuking rema watawis | kagyat sang warna yaksa ||

26. gya tumênga siyungnya dwi kèksi | gya cinandhak pinugut saksana | lidhah cinublês tikswa ge | upas mijil sumêmbur | sotya salah goraya ngêrik | andheprok nir budaya | lir tan darbe bayu | upas myang pucuking jatha | karsaning Hyang Pramèsthi cinipta dadi | pasopati lan kunta ||

27. kadwi iku tikswara linuwih | de pucuking rema sotya salah | karsaning Hyang kang murwèng rèh | musna dadya lêlêmbut | brêkasakan para dhêdhêmit | nahên Hyang Girinata | mêmardawèng wuwus | samêngko ingsun wêwarah | iya ingsun sudarmanta kang sayêkti | sira nganggoa aran ||

28. kang amirib kalanira lair | kapinujon wayah sandikala | yèku suruping srêngenge | Bathara Kala ranmu | risang warna raksasa angling | dhuh bapa Ratu Wandha | minta [mi...]

--- 266 ---

[...nta] pangan ulun | Sang Hyang Girinata nabda | hèh ta Kala bab panganira wus pasthi | manuta panduming hyang ||

29. nging samangkya sira durung kêni | amamăngsa pêpancèning boga | hèh Kala mentara age | turutên tuduh ingsun | sira Kala tapaa dhihin | marang Nuswa Kambangan | tan sandeya besuk | sun jêjarwa panganira | Sang Hyang Kala manêmbah wisata aglis | wus lêpas tan winarna ||

30. wusing purna Hyang Guru siniwi | tandya kundur mring kaswarganira | Dyah Uma nguswa padane | ananging Sang Hyang Guru | dènya duka mring garwa maksih | tan suda malah arda | myat sori tyas limut | kang garwa nulya ingasta | asarosa sinêndhal ukêling sori | pucung keswane wudhar ||

2. Pocung

1. rinêgêm wus kang garwa sampeyanipun | jinungkir saksana | Dyah Uma karuna anjrit | asêsambat sêbute mêmalad prana ||

2. dhuh pukulun purusangkara andarung | patikbra tan dosa | nadyan ginalih asisip | mung paduka wajib paring pangaksama ||

3. Sang Hyang Guru tan pisan sarèh kang bêndu | nabda sru mêmirang | hèh ta Uma sira iki | sajatine pêpêthinganing wanita ||

4. warna ayu wênêsing cahya narawung | pindha [pi...]

--- 267 ---

[...ndha] căndrawela | keswanta wudhar ambalik | kareyaban jêrit lir pangriking yaksa ||

5. sakala wus kênèng upataning kakung | Dyah Uma saksana | dadya danawa pawèstri | gya nguncalkên Hyang Guru ngungun ing driya ||

6. sru anjêtung gêtun kaduwung ing kalbu | minggu tri pandurat | sang dyah karuna mlasasih | ing puwara Hyang Guru ririh sabdanya ||

7. hèh Uma wus karsaning Kang Murwèng Tuwuh | gyanta rupa yaksa | narimaa aywa nangis | wus mênênga lawan manèh sumurupa ||

8. yèn jodhomu wus pinasthi sutaningsun | Si Bathara Kala | ing Nuswa Kambangan nagri | lawan sira paraba Bathari Durga ||

9. lah digupuh mangkata Durga sirèku | ya ta sang sinabdan | mêsat musna wus tan kèksi | cêkaking rèh wus panggya Bathara Kala ||

10. Sang Hyang Guru samana sêngkêl ing kalbu | tambuh kang kadriya | tantara mangsah sêmadi | mêsu cipta amêpêti păncadriya ||

11. saksana pyuh myat cahya padhang ngênguwung | nglimputi rat raya | Hyang Guru wêning kang galih | wus tan samar yèn Sang Hyang Caturkanaka ||

12. baya lamun darbe garwa ayu kasub | pilih kang amemba | kalêngkaning rat Dyah Laksmi | citranira mèh kêmbar [kê...]

--- 268 ---

[...mbar] lan Dèwi Uma ||

13. duk rumuhun kala dèrèng sipat diyu | Dyah Laksmi winarna | cinipta ing Hyang Pramèsthi | mung sakêdhèp netra kewala wus prapta ||

14. sang rêtna yu nulya ginarwèng Hyang Guru | ngêtrêpi pêparab | Bathari Uma lir dhihin | kacarita Hyang Guru nèng pulo Jawa ||

15. pan wus antuk watara pănca wlas taun | têranging pamyarsa | yèn Jêng Nabi Ngisa lalis | kawismaya jroning tyas Hyang Ratu Wandha ||

16. jêngkar sampun sing pulo Jawa akêbut | myang putra santana | wandu wandawa umiring | Sang Hyang Guru karsanjujug Selan praja ||

17. karya sampun kahyangan nèng graning gunung | Kelasa rinêngga | sêsotya nawa rêtna di | sigêg kanang rêroncèning dhatulaya ||

18. gênti nawung kang tapa ngambang nèng ranu | madyaning samodra | saryanggêgêm lingga manik | katrimèng hyang prabawa tumejwangkawa ||

19. anarawung saking kahyangan kadulu | Hyang Guru tan samar | yèn kang tapa iku rêsi | Hyang Narada sutèng Hyang Caturkanaka ||

20. kang nahên kung ketung wrat sotaning wuyung | murcaning kang garwa | kalêngkaning rat Dyah Laksmi | kongsi korut sotyanira winadhahan ||

21. ing cêcupu rêtna [rê...]

--- 269 ---

[...tna] lingga manik sampun | sinungkên mring putra | nênggih Hyang Narada Resi | duk samana Hyang Guru parentah sigra ||

22. para wandu wandawa santana sunu | kinèn mariksaa | mring kang mawa teja luwih | wisata glis pra dewa praptèng samodra ||

23. trang mèksi wus mring kang ngambang luhur ranu | mêsat para dewa | wangsul maswèng Hyang Pramèsthi | atur wikan ing rèh sasolah dinuta ||

24. Sang Hyang Guru mangaknya pra dewa gupuh | payo timbalana | kerida lakunira glis | kang liningan wisata sakêdhap prapta ||

25. sang manungku ginugah pra dewa minggu | têmah gêmpang ing tyas | sang tapa gya pinisakit | tan rinasa eca pitêkur kewala ||

26. cinêndhak wus pra dewa maswèng Hyang Guru | angaturkên wikan | cabaring pra duta sami | dadya rêngu Hyang Guru têdhak pribadya ||

27. panggya sampun myang sang tapa wawan wuwus | ngadu kalêpasan | mingiting budya Hyang Giri | têmah kasor ing kawruh sampurnèng gêsang ||

28. nabda arum kakang yèn paduka rujuk | condhong ing wardaya | muktia nèng suranadi | măngsa borong dadya sêsêpuhing dewa ||

29. mangrèh sagung pra nata satlatah Indhu | kang nungkul ing kula | ayya mawi wanwancak [wa...]

--- 270 ---

[...nwancak] galih[3] | muhung benjang ulun minta sih wilasa ||

30. babaripun wimbaning sasmita luhung | lir kang pangandika | mrih trang tyas ngumala wêning | Hyang Narada tan lênggana tur sandika ||

31. kadwi sampun kundur mring kahyanganipun | kunêng Hyang Narada | gya sung têdah Hyang Pramèsthi | pambabaring wimbaning sasmita tama ||

32. pranawa wus Hyang Guru dènira nyakup | wimbuh trang ing nala | riwusnya antara warsi | Hyang Pramèsthi kundur mring Tangguru arga ||

33. wus akêbut putra santana tumutur | ring kaswargan lama | Junggringsalaka winarni | ingkang risak wus sami ingupakara ||

34. sangkêp sampun tan kuciwa lir rumuhun | sukèng tyas pra nata | satlatahing Indhu nagri | lumastari mangidhêp mèt mêmardawa ||

35. gênti nawung wus lama Hyang Kala tumrun | marang ngarcapada | nèng madyaning jalanidhi | amamăngsa sarupaning buron tirta ||

36. tyas margiyuh Hyang Gangga dewaning ranu | gya maswèng Hyang Kala | nguswa pada matur aris | dhuh Hyang Kala ywa anggung nangsayèng mina ||

37. yogyanipun ywa dhahar isining ranu | pênêt ing dharatan | Hyang Kala sumambung angling | kabèh bae bêburon isining tirta ||

38. wênang lamun sun măngsa

--- 271 ---

tan karya têruh | Sang Bathara Gangga | wacana sarywa ngaswasih | dhuh putraning jawata ingkang minulya ||

39. amba nuwun sabda jarwanana tuhu | asaling tumitah | punika punapa nunggil | ing kaanan jati mrih bondhèting sêdya ||

3. Kinanthi

1. Hyang Kala nabda wor guyu | cubluk têmên Gangga iki | mungguh asaling tumitah | anunggal kaanan jati | mara iya apa ora | Bathara Gangga suka ngling ||

2. yèn makatên padukèstu | sing pangraos amba sisip | dèn sampun karsa angrisak | băngsa pukulun pribadi | măngka tus wijil paduka | kajawi asal kang jati ||

3. têrang sing pamyarsa ulun | tumitah nèng jalanidhi | salèring kang pulo Jawa | dadya lair batin nunggil | asal sing bêburon toya | ing puwara kadipundi ||

4. Sang Hyang Kala dupi ngrungu | dahat merang jroning galih | blas musna barêng sakala | Hyang Gangga suka tan sipi | sigêg gênti kawuwusa | kang anêng Paparywa Warni ||

5. iya Hyang Pramèsthi Guru | pêpak pra dewa sumiwi | lagyanggusthi kalêpasan | kawruh sampurnaning budi | wahyaning sasmita tama | katungka Hyang Kala prapti ||

6. dinangu puwara matur | nyuwun pêpancèning bukti | Hyang Narada

--- 272 ---

nyêla sabda | dhi Guru murih prayogi | rèhne Kala maksih wuda | sinunga busana dhihin ||

7. Hyang Paramasidhi tundhuk | tantara ngandika ririh | sumăngga kakang Narada | gupuh Hyang Narada Rêsi | nyipta sandhanganing Kala | wus sangkêp rinasuk aglis ||

8. pra dewa myat sukèng kalbu | ya ta Hyang Narada Rêsi | ngêngudang Bathara Kala | byong-byong seguwar sagwarsi | si cêkuthu busanantya | Kala bagus dhewe yêkti ||

9. mèsêm nabda Sang Hyang Guru | Kala sira nganggya ciri | juga bathuk kadwi dhadha | kang kaping katri ing gigir | Hyang Kala matur sumăngga | gya winangsit Hyang Pramèsthi ||

10. wahyaning ciri têtêlu | Hyang Kala sakêdhap tampi | Sang Hyang Ratu Wandha nabda | hèh Kala pancimu bukti | lamun surya tunggang arga | sang sinung sabda mèstuti ||

11. nguswa pada amit sampun | mêsat sing Paparywa Warni | ngambara myat keblat papat | winawas-wawas mawanti | kêmput cakraning bawana | gênti kang rinênggèng kawi ||

12. kang ngudi raharja tulus | ratwagung mardawèng budi | ing Rum Kangjêng Sultan Albah | karsa amijèni janmi | yèku marang pulo Jawa | duk samana maksih sêpi ||

13. grêng awêrit kèh lêlêmbut | brêkasakan setan dhêmit |

--- 273 ---

wah sagung sato sambawa | jêng sultan wus karsa nuding | cundaka mring pulo Jawa | wisata duta narpati ||

14. kanthi janma dwi lêksa wus | jajodhon sapalakarti | kabèh kamot palwa layar | nèng udaya tan winarni | menggal praptèng pulo Jawa | asêlur tumamèng kisik ||

15. tantara anjujug gunung | Kandha laju nambutkardi | sakèh wana binabadan | kunêng wus antara warsi | pra janma kèh kang palastra | samya kaparak pagêring ||

16. tinêluh setan lêlêmbut | brêkasakan lan dhêdhêmit | kongsi kaping dwi rambahan | jêng sultan mijèni janmi | iya marang pulo Jawa | èmênging tyas tan winarni ||

17. sangsaraning janma sagung | cêndhaking gita lêstari | arja kang nèng pulo Jawa | tinumbalan sarana di | Sang Ngusman Aji pandhita | dibya praja Banisrail ||

18. yèku mula purwanipun | pulo Jawa kisèn janmi | nahên Hyang Bathara Kala | kang ngambara nèng wiyati | waspada dera umiyat | Hyang Surya nèng luhur wukir ||

19. cukat Hyang Kala manaut | Hyang Surya cinandhak wani | rinêgêm arsa inguntal | kapita Hyang Surya angling | Kala aywa salah karya | baya arsa măngsa mami ||

20. Bathara Kala sru muwus | sira arsa

--- 274 ---

ingsun bukti | sing pakoning Guru bapa | lamun surya tunggang wukir | iku dadi pangan ingwang | Hyang Surya ngandika ririh ||

21. Kala kliru panampamu | surya iku dudu mami | surya arka têrangira | srêngenge tumunggang wukir | apa sira bisa mangan | lah uculna ingsun nuli ||

22. lamun ingsun sira ulu | sapa kang ngirid hyang rawi | têmah pêtêng sèsining rat | duhkita para dumadi | jagad tanpa bagaskara | ewuh gyanta ngupa bukti ||

23. iya ing salawasipun | puwara kapriye binjing | yèn ora katrangan arka | lêgêg Hyang Kala duk myarsi | Hyang Surya nguculkên sigra | Bathara Kala mêsat ngrik ||

24. gora rèh maswèng Hyang Guru | mawa prabawa matistis | pra dewa bingung sarsaran | angungsi mring Hyang Pramèsthi | Hyang Jagadnata ngandika | Kala sira ywa kuwatir ||

25. mringa marcapada gupuh | mêngko bakal ingsun panci | Hyang Kala sumambung sabda | bapa Guru ywa cidrèng ngling | ywa wacana lalawora | srêngenge kinèn ambukti ||

26. tangèh kalêksananipun | nyrekal ing basa basuki | bapa Guru minta janma | Hyang Guru rudah ing galih | tantara alon ngandika | hèh Kala rungunên dhihin ||

27. pangraning jagad mung ingsun [ing...]

--- 275 ---

[...sun] | tan bakal cidra ing jangji | sirarsa sun panci pangan | nging janma kang anêtêpi | ing rèh bêbasan sukrêta | liya iku nora kêni ||

28. Bathara Kala sru muwus | paran sukrêta kang êndi | bapa Guru apajarna | Hyang Sidhajati nabda ris | rêngên ta hèh sira Kala | kaya ta wong ontang-anting ||

29. tanpa kadang têgêsipun | tuwin kadhana-kadhini | sakadang priya wanita | kêmbar mahya nunggal ari | yèku priya sami priya | lamun èstri padha èstri ||

30. gondhang kasih têgêsipun | yèku ingkang kêmbar ugi | nanging bule kang sajuga | dene kang sajuga langking | wungkak wungkuk wêdalira | wungkus wahya tanpa bingbing ||

4. Sinom

1. lir tarunaning udaya | dhawuhing Hyang Sidhajati | akèh yèn winarnèng kata | jêmpina tan măngsa lair | kalawan tiba sampir | ingkang lair kalung usus | tiba ungkêr têgêsnya | kagubêt usus duk lair | julung wangi nuju palêthèking surya ||

2. julung sarab plonging surya | julung wujud surup lair | julung sungsang wêdalira | amarêngi madya ari | margana ingkang arti | lair nèng paran puniku | myang ana nèng prameyan | sarimpi kadang pat èstri | kadang papat priya ingaran sarămba [sară...]

--- 276 ---

[...mba] ||

3. pancuran kaapit sêndhang | priya juga èstri kadwi | sêndhang kaapit pancuran | wadon juga priya kalih | sadulur kalih èstri | kêmbang sapasang ranipun | myang ugêr-ugêr lawang | yèku kadang priya kadwi | yèn lêlima priya ran pancala putra ||

4. yèn kadang pawèstri lima | iku ran pancala putri | pipilan sadulur lima | èstri catur priya siki | padangan wadon siji | nanging ingkang jalu catur | wungle bule walika | yèku bajang wiwit bayi | wujil cebol dhêngkak bucu munggwing ngarsa ||

5. butun bucunirèng wuntat | wungkuk uga wiwit lair | Kala iku panganira | Hyang Kala sumambung angling | paran tunggalnya malih | Hyang Sidhajati nabda rum | rungunên manèh Kala | wong tan dêdupa sêsaji | myang têtawur anglêlabuh lan mêmulya ||

6. karya sumur ngarsèng dwara | lumbung nora dèn dhasari | nugêlke gandhik pipisan | lan mêmipis durung mranti | racikaning jêjampi | mipis marêp ngalor ngidul | ngetan sawênèh janma | kang kêkêlut nganggo jarit | ambuwang wuh ana sajêroning longan ||

7. myang kêkêlut nganggo tangan | ngadêg satêngahing kori | manèh gêgandhulan lawang | asêsèndhèn pipi kori [ko...]

--- 277 ---

[...ri] | lan dhêmên ngore wèni | asăngga wang kêthok kuku | cinokotan kewala | lungguh nèng bantal myang tambir | ngingu-ingu rajakaya nèng jro wisma ||

8. samana Hyang Girinata | kanggêg gyanira mêmêling | mring putra Bathara Kala | awit Hyang Narada Rêsi | datansah nyêndhu liring | ya ta Bathara Kala wus | prastawa sigra mêsat | tumrun mring ngarcapada glis | Sang Hyang Kala ingêmbanan Hyang Antaga ||

9. antuk wawênanging rama | nênggih Sang Hyang Sidhajati | dènnya ngupaya sukrêta | nahên ta gênti winarni | Sang Hyang Narada Rêsi | giyuh ing tyas nabda sêndhu | dhi Guru wuru sabda | nir wêwekaning panggalih | tyas kalimput kabêndon kang murwèng gêsang ||

10. angaku pangraning jagad | ing puwara kadipundi | Kala dhatêng ngarcapada | ngupaya sukrêta janmi | pêpancènaning bukti | iba truhing janma sagung | kladuk dhi Guru nabda | Hyang Pramèsthi ngraos sisip | èmênging tyas ririh dènira ngandika ||

11. kakang Narada ing mangkya | baya wus karsaning Widhi | katrucut kaladuk basa | wus măngsa boronga sami | Sang Hyang Narada Rêsi | angguguk manabda arum | sajak cingkrang budaya | dhi Guru cupêt pamanggih | lah puniku pakolèhe ambêg syarda ||

--- 278 ---

12. mangke dhi Guru yèn karsa | kula tur rêmbug prayogi | mung manawi sotya salah | Kala miturut sakapti | sing parmaning suksma di | luwaring kanang bêbêndu | dhi Guru mrih widada | ambawani bawana tri | wus rinilan Hyang Narada sigra têdhak ||

13. sakêdhap wus panggih lawan | Bathara Kala nulya ngling | hèh ta apa karananya | sira wisata ring ngriki | Sang Hyang Narada Rêsi | anglètèr ngigêl nabda rum | Kala bêcik wurungna | ywa ngupa sukrêta janmi | Sang Bathara Kala sugal wuwusira ||

14. sun mung manut pandoning hyang | nadyan sikarèng pakarti | kagawa witing dumadya | baya sira wus mangêrti | tan katambuhan yêkti | marang asal ngong tumuwuh | aja kang kaya ingwang | nadyan para dewa ugi | kasandhangan pêpêtênging kang wardaya ||

15. sangkêp dènira tumitah | rèhne padha sipat urip | nganggo ruwêding budaya | apês rusak murka lali | nora bisa sumingkir | pêpêtêng kang patang dhapur | ya uga bangkit ilang | nanging yèn wus têkèng jangji | Hyang Narada latah saksana ngandika ||

16. wasis têmên sira Kala | nyata sutèng Hyang Pramèsthi | limpad mring laku tekadan | nglênggahi sandhangan urip | kang tan kêna tinampik [tinampi...]

--- 279 ---

[...k] | rêngên ta hèh Kala Martyu | lamun ingkang waspada | babagan kawruh sajati | yêkti wignya amberat rèhing angkara ||

17. ruwêding budaya papat | apês rusak murka lali | ingulihkên purwanira | sampurna lir wingi nguni | beda karo si pingging | tan wruh wudharing syarda gung | ardaning napsu hawa | kang tansah ngrêridhu amrih | sêmang-sêmang sasar-susuring pangrasa ||

18. kalamun kang wujud titah | sipat manusa puniki | kang dadya warananing hyang | wus jumênêng insan kamil | sayêkti nora pangling | ya marang pêpêtêng catur | nadyan wiwarèng raga | dadi warananing Widhi | iyèku kang ran babahan hawa sanga ||

19. sakala ripu Hyang Kala | tantara sumambung angling | kabèh bênêr ujarira | nging wus pandoning dumadi | sira pribadi myarsi | bapa Guru kanang dhawuh | kêni măngsa sukrêta | lir kang wus kacrita ngarsi | Hyang Narada alon dènira wacana ||

20. kalingane sira Kala | mung kagawa drênging pikir | dènirarsa măngsa janma | têmah kliru ing panampi | sukrêta ingkang arti | wong kang pêtêng jroning kalbu | kang durung tinarbuka | ing kawruh kasidan jati | sangkan paran rêringkêsaning kang basa ||

21. dadi cingkrang ing budaya | tan wrin rasa-pangrasa sir |

--- 280 ---

ana ing ngêndi dunungnya | miwah triloka kang dadi | adêg-adêging urip | kadunungan rasa mardu | Kala sira rasakna | hawa napsu sinrang budi | tangèh lamun syardikara bisa dadya ||

22. yèku măngka pindhanira | sira sikarèng pakarti | anglês Hyang Kala jroning tyas | tri pandurat datan mosik | puwara nabda wêngis | ingsun nora bakal manut | sanadyan Guru bapa | anjabêl sabda tan gingsir | nora wurung sun lêbur sèsining jagad ||

23. Bathara Kala ngambara | musna Hyang Narada Rêsi | wus maswèng Hyang Ratu Wandha | ya ta Hyang Kala winarni | gora rèh gêgêtêri | lir sumilib Sang Hyang Banu | wrin Kala măngsa janma | nèng ngarcapada wèh giris | tiksnèng driya kumêlap para sukrêta ||

24. arda ru-araning Kala | pra janma ing nuswa Jawi | kadadak gênging duhkita | Kala Martyu ngosak-asik | padesan wonge tistis | datan wruh darunanipun | yèn Kala măngsa janma | nyana kaparak pagêring | pagêblug gêng lara sore esuk pêjah ||

25. lara esuk sore pêjah | tambuh tyasing para janmi | dahat gêng rudatinira | kunêng gênti kang kawarni | Hyang Kala nyeluman glis | anjajah myat keblat catur | nèng gêgana [gê...]

--- 281 ---

[...gana] mor ima | nahan kang rinênggèng kawi | wontên juga pandhita kang gêntur tapa ||

26. yayah salingga bathara | waspada ing driya wêning | darbe wêka dwi ranira | Ulamdarma Ulamdarmi | marêngi ing nujwari | tinuduh sudarmanipun | kadwi kinèn suwita | Dhalang Karurungan binjing | awit iku kang bangkit ngruwat sukrêta ||

27. marmanira sang pandhita | sung agnya mring suta kadwi | wit ngusi[4] antuk sasmita | wangsiting jawata luwih | wus mêsat kang tinuding | wisata wêka dwi nglangut | samarga wirandhungan | andina ratri lumaris | nir bancana bêbaya manrang wikara ||

28. tilar guling minum boga | ketang susêtyèng tyas kadwi | lumaksana rèhing bapa | tan lyan kang ciniptèng galih | mantêp têtêp sang kalih | tanpa was sumlang ing kalbu | tan tolih pringga baya | kasangsayèng marga sungil | anarima nalosa[5] ngandêl ing suksma ||

29. ya ta Sang Bathara Kala | kang mahawan nèng wiyati | waspada dera umiyat | marang sang andon lumaris | marêngi madya ari | sumirat soroting banu | Hyang Kala niyup tandya | jlêg prapta ngarsèng sang kadwi | kagyat mulat Ulamdarma sajroning tyas ||

30. Bathara Kala wacana | sapa aranira janmi | kang pinăngka lan sêdyanta [sê...]

--- 282 ---

[...dyanta] | de têngange nèng wanadri | tan ngidung singsot sami | kang tinanya wacana rum | ya ingsun Ulamdarma | dene kang nèng wuri mami | Ulamdarmi yèki kadang ngong taruna ||

31. lumaksana rèhing bapa | kinèn suwita yèn panggih | marang Dhalang Karurungan | kang bangkit ngruwat sukrêti | wit si bapa kanang ling | kadhana-kadhini ingsun | têmah mulyèng sukrêta | ingsun lawan ari mami | sru angguguk manabda Bathara Kala ||

32. ing mangkya kapasang yogya | aku kang sira upadi | iya Dhalang Karurungan | kang ngruwat sukrêtanta dwi | sira arsa sun bukti | Ulamdarma kagyat muwus | hèh sapa aranira | prasajaa aywa kumbi | lah raksasa tan gampang ngruwat asmara ||

5. Asmaradana

1. Bathara Kala nglingnya ris | ah Ulamdarma wruhanta | Hyang Jagadnata sutane | ran ingwang Bathara Kala | kang misesèng sukrêta | sing dhawuhe bapa Guru | kabèh dadi pangan ingwang ||

2. paran sira dwi samangkin | rèh klêbu basa sukrêta | kadhana-kadhini kowe | wah têngange lumaksana | tan ngidung singsot samya | nêrak laranganing laku | rêngên ta hèh sun jêjarwa ||

3. Hyang Kala carita nuli | para janma kang sukrêta | kadi Hyang Guru sabane | sajuga [saju...]

--- 283 ---

[...ga] tanna kliwatan | lêgêg kang pinajaran | rinasa cocoging wuwus | myang warahe sang pandhita ||

4. cèplês tan ana nalisir | gya wacana mring rinira | lah yayi manjinga age | marang kancing gêlung ingwang | lan aywa mijil sira | saka jroning kancing gêlung | yèn tanna panguwuh ingwang ||

5. Ulamdarmi sigra manjing | mring kancing gêlunging raka | Ulamdarma lon wuwuse | hèh hèh ta Bathara Kala | sira ywa salah karya | ganggu gawe wong lumaku | Hyang Kala goraya nabda ||

6. budia sun sambadani | yèn băngga ngong roda paksa | padha nut bapa sapangrèh | nadyan sira kadang dewa | kanthi suksma tan wêgah | Hyang Kala sigra manaut | trêngginas Dyan Ulamdarma ||

7. panggah tan nêdya gumingsir | nir baya manrang wikara | rêbut jaya gunastine | muka Hyang Kala tinêpak | dening asta glayaran | jênggirat kurda pinupuh | Bathara Kala gumlimpang ||

8. tangi dyan sinaut aglis | cukat trêngginas malumpat | kadwi sudirèng jurite | bawane dwi trah bathara | rame wuru ing yuda | prabawa bantala kêtug | sindhung riwut bayu bajra ||

9. yayah manêngkêr wiyati | Bathara Kala kruraya | gora lir nglêbur jagade | sang

--- 284 ---

kadwi prang asiluman | tan katon dening janma | dyan oncat Hyang Kala mbujung | ing saparan ngêtut wuntat ||

10. Ulamdarma èsmu miris | wit Kala tan kêni lena | dwi têkèng padesan age | kapanuju ana janma | lagya adandan wisma | kono ana juga bumbung | wungwang dyan manjing saksana ||

11. Hyang Kala bêndu tan sipi | mring janma kang nambutkarya | awèh ewuh pamburune | têmah dyan manjing jro wungwang | kunêng kang karya wisma | ginigit ing Kala layu | rame busêkan pra janma ||

12. bingung wênèh ana nangis | tyas gugup tan wruh ing sabab | mring kang kadadak patine | Bathara Kala sru nabda | nanging maksih limunan | hah hah narakarya sagung | aywa gawe bumbung wungwang ||

13. yèku marganing pêpati | janma dadi pangan ingwang | Bathara Kala têmêne | lamun gawe bumbung wungwang | ya ta Bathara Kala | sumusup malbèng jro bumbung | Ulamdarma mêsat sigra ||

14. Hyang Kala tandya nututi | Ulamdarma ing saparan | prapta liyan desa manèh | dyan manjing sajuga wisma | tanpa tutup keyongnya | kang darbe wisma tan wêruh | gêmpung liwung Sang Hyang Kala ||

15. kang darbe wisma ginigit | kapisanan têkèng lena | pra warise bingung kabèh | swarèng tangis tanpa [ta...]

--- 285 ---

[...npa] rungyan | tan wrin darunanira | tambuh-tambuh solahipun | Hyang Kala nabda limunan ||

16. ah janma kang karya panti | yèn tanpa tutup keyongnya | eling-eling yèku têmbe | dadi panganirèng Kala | kalêbu rèh sukrêta | pra waris dupi karungu | ing swara kang tanpa rupa ||

17. tiksnèng driya samya tistis | ya ta dyan wus tinututan | tantara wus manjing manèh | wisma kang dwara têrusan | giyuh Bathara Kala | dyan sinaut oncat laju | kang darbe wisma tan wikan ||

18. krura Hyang Kala mawêngis | kang darbe wisma cinandhak | ginigit têkèng patine | kapisanan tanpa sambat | Bathara Kala nabda | ah elinga janma sagung | lamun sira karya wisma ||

19. asujèn têrus kang kori | benjang dadi panganira | Bathara Kala têmahe | mangkana pra warisira | janma kang têkèng pêjah | wimbuh jrih rudatinipun | Bathara Kala wus mêsat ||

20. limunan ngumbara aglis | tut wuri saparanira | Ulamdarma ing playune | dahat kasangsayèng marga | nusup-nusup padesan | Hyang Kala tansah tut pungkur | gênti kang rinênggèng gita ||

21. Hyang Jagadnata siniwi | munggwing bale marcukundha | pra dewa sumahab andhèr | anggusthi Bathara

--- 286 ---

Kala | dera ngupa sukrêta | mawèh truhing janma sagung | ingkang anèng ngarcapada ||

22. Hyang Guru ngandika ririh | kakang Narada ing mangkya | kadiparan wêkasane | Kala anggung măngsa janma | Sang Hyang Narada nabda | kilap punapa dhi Guru | pinangran ing tribawana ||

23. antuk parmaning Hyang Widhi | sinêmbah sèsining jagad | wrin krêntêging janma sakwèh | Sang Hyang Guru mangsul sabda | kakang Kanekaputra | lêrês kang sabda dhumawuh | nging manira kalah tuwa ||

24. sor kawruh sampurnèng urip | tan wruh sajatining tunggal | kaananing kang murwèng rèh | kawistara lamun mudha | kasoran kawruhira | Hyang Rêsi Narada muwus | kabilêt gumuyu latah ||

25. ulun malih lamun dugi | cingkrang ing kawruh tan dungkap | kaananing Pangran mangke | myang malih duk maksih sunya | suwung wangwung kang jagad | dèrèng dumadi puniku | dhihin kang wontên punapa ||

26. ngong ugi cupêt pamanggih | ceda Narada tinuwa | têtuwaning dewa kabèh | nging lamun ngrêmbag Si Kala | cobi dhi Guru mangkya | ingambalan manawantuk | parmaning Hyang Suksmanasa ||

27. adhi Guru mrih prayogi | pun Wisnu lawan garwanya | kinèn mring ngarcapada ge | dwi mancala namur kula | ran [ra...]

--- 287 ---

[...n] Dhalang Karurungan | ambêbarang ringgitipun | maring desa-ingadesa ||

28. kula ingkang manjak binjing | surendra kanang pradăngga | para dewa wiyagane | panggêndère Sri utama | sandi ngruwat sukrêta | de benjang yèn Kala pangguh | Wisnu boya kêkilapan ||

29. marganing Kala lêstari | kèndêl datan măngsa janma | Wisnu tuhu dibya ing rèh | mêmayu hayuning jagad | mangruwat ambêk syarda | murka angkara sirna wuk | nging suthik andhinginana ||

30. lamun tan ingagnyan pasthi | dening rèhira sudarma | dhi Guru dhawuhna mangke | Sang Hyang Pramèsthi duk myarsa | Hyang Narada kang sabda | dahat suka jroning kalbu | kawismaya rarasing tyas ||

6. Mijil

1. dhuh sutèngwang Wisnu sira kaki | tumruna karongron | myang garwanta Sri namura age | lir sabdaning kakang Nrada Rêsi | sira sun idini | ngruwat sukrêta dus ||

2. gya winêling wigatining sandi | Hyang Wisnu wotsinom | para dewa wus ingagnyan sakèh | kang tumutur namur dhalang ngringgit | anjajah ngadèsi | cêkaking gita yu ||

3. wus tumurun mring ngarcapada glis | sangkêping wigatos | para dewa mancala warnane | têdhakira wirandhungan sami | wus anjajah [anja...]

--- 288 ---

[...jah] dèsi | pangruwate kasub ||

4. dadya rame tumularing warti | wartaning pra nongton | mangkin lama para nanggap akèh | têmah arja nir uwasing ati | têtêp pangidhêping | trus pracayanipun ||

5. warna-warna pangalêming janmi | gunêming pra anon | anggupita ki dhalang wignyèng rèh | dènnya ngruwat pra sukrêta janmi | têmah kèh basuki | nir ridhuning idhup ||

6. wênèh ngalêm wiyagane wasis | panjak baut banyol | dhala[6] bagus ayu panggêndère | canthas bêrgas prabot ngringgit bêcik | tanna cacad thithik | gênti kang winuwus ||

7. ana juga buyut langkung sugih | duk ngrungu pawartos | dhalang bêrgas lêlana karyane | ambêbarang wignya ngruwat salwir | rèh sukrêta janmi | ki buyut gya nuduh ||

8. rowangira wisata ngulati | gancaring cariyos | wus kapangguh myang ki dhalang age | nulya kerid sarowangnya sami | glis prapta ing panti | kaki buyut gupuh ||

9. ngacarani mring kang têmbe prapti | awacana alon | dhuh ki sanak raharja rawuhe | ingkang sinung pambagya basuki | amangsuli manis | dhuh kyai kasuwun ||

10. sing pangèstu kiyai basuki | tan kirang sawiyos | makatêna ing ngriki tan pae [pa...]

--- [0] ---

[Grafik]

Sang Hyang Wisnu mancala warni dados Dhalang Karurungan, dewa-dewa pandhèrèk sami mindha dados niyaga, ambêbarang ringgit urut padhusunan.

--- 289 ---

[...e] | kaki buyut sukèng tyas duk myarsi | nglocitèng jro ati | dhalang bagus tulus ||

11. andhap asor prasaja maladsih | kang gêndèr ayu nom | amradapa gumilang cahyane | lir hyang sita duk purnamasidhi | kanggêg buyut kyai | panglocitèng kalbu ||

12. wit katungka praptane kang èstri | mudyastuti alon | dhuh ki dhalang kang pinudyèng sihe | myang sarowang paduka basuki | kang tinanya angling | saking gêng pangèstu ||

13. karaharjan tan kirang sasiki | de wasta ambawon | Karurungan kang sudi naruwe | kaki buyut duk mulat kang èstri | rêngu nyêndhu liring | marang semahipun ||

14. kaki panjak wruh pasmon winadi | api-api tan wroh | mung maoni lungguhnya adhèhèm | nocog prana sinamun nglus rawis | ngudasmarèng ati | butarêpan agung ||

15. kyai wisma wus pikun watawis | mêmpênge katongton | layak bae gêng butarêpane | wit bojone ênom moblong kuning | kênès ngrêspatèni | ki panjak lon muwus ||

16. kyai sanak kula nuwun inggih | aksamanta mawon | rèh kalepyan watawis wus kasèp | datan minta jatining kanang sih | dhuh ta sintên kyai | sinêbut ing arum ||

--- 290 ---

17. kang tinanya mangsuli manis[7] | ki sanak wastèngong | Buyut Buwal katêlah wit rare | o ki dhalang kula nênuwun sih | miwah kănca èstri | minta gung pangèstu ||

18. măngka sampun wawrat sêpuh kyai | mamrih karahayon | mung sumarah ki dhalang sapangrèh | awit kadwi sami ontang-anting | kula kănca èstri | sakarsa tumutur ||

19. Kyai Buyut Buwal wus kawijil | panêdyaning batos | mring ki dhalang mrih rêntah kawruhe | bab patraping manêmbah mring Gusti | ingkang Maha Suci | têmah nora ewuh ||

20. kyai dhalang amangsuli manis | kyai ywa kuwatos | sarantosna yèn wus purnèng gawe | nanging dahat gyan ngong minta jangji | cêgahên ywa kongsi | kawêtu sing tutuk ||

21. wit nyalênèh tumrap dewa sami | kêkêraning batos | boya gampil pinriha lêbdane | beda lan kang wus wikan sêsandi | wadi kang sinêlir | yêkti amung manthuk ||

22. rèh tan kasamaran panggayuhing | jati wasanèng don | marma kêdah bangkit ajur-ajèr | dhatêng tatacara kang lumaris | pranatan agami | yêkti kudu tinut ||

23. mangidhêp mring Dewa Budha sami | nging ywa praptèng batos | mung ing lair nut caraning ngakèh | jroning

--- 291 ---

batin têtêp angukuhi | manêmbah Hyang Widhi | Pangeran Maha Gung ||

24. kang tan arah tan gon kăntha warni | nora jaba jêro | ingkang têtêp langgêng salamine | Kyai Buyut Buwal mangèstuti | gênti kang winarni | Ki Buwal gya nuduh ||

25. wong sagotra tata-tata sami | wigatining ewoh | para èstri busêkan ing gawe | ngrêratêngi myang karya sêsaji | sadaya wus mranti | tinata mrih patut ||

26. ya ta wusing sangkêp dènnya ngrakit | gancaring cariyos | wus tumapak ing lêkasirèng rèh | kaprah têkèng samangkya puniki | para dhalang sami | ngruwat wiwit esuk ||

27. parêng wayah tabuh astha injing | purnaning wigatos | têngah rawi mung manawa biyèn | anglêluri duk ing kuna sami | ki dhalang sajati | kang widagdèng kewuh ||

28. nging kang mangun carita puniki | satata nyalêmong | pangikêting carita nawung rèh | mung miyagah tan wani ngêcupi | piyandêling dhiri | marma gung pamuwung ||

29. rarasing srat tangèh amranani | lajêr gugon tuhon | ngalangut trus mring akal malèsèt | angalela liding tulad kèksi | lukitaning urip | mulêt traping laku ||

30. sadèrènge dhalang wiwit ngringgit | sangkêping wigatos [wiga...]

--- 292 ---

[...tos] | sêsêndhonan lêlangên swarane | wahywèng kidung binarung lan gêndhing | nganyut-anyut galih | pindha wèh mêmardu ||

31. ruming swara kang mrih maranani | sukèng tyas pra anon | duk angrungu tabuhan talune | kang pradăngga munya angrêrangin | kadya rakêting sih | lêlambaning pangkur ||

7. Pangkur

1. mardawèng lagu pra dewa | cêkaking rèh tanna cacad sathithik | trampil luwês wus sarujuk | tindak-tanduke mapan | kanthi duga prayoga jatmikèng sêmu | sumèh prasaja kang solah | tantara wus wiwit ngringgit ||

2. kang sinawung ing gupita | lêlakone nênggih Sang Hyang Pramèsthi | sangkin kêni kalamarcu | ing tyas mahambêk syarda | rèh kalimput masesa garwa salulut | dilalah wus karsaning Hyang | karya kaelokan luwih ||

3. dumadining Sang Hyang Kala | mawèh otêr pra dewa tiksnèng galih | mangkana pangringgitipun | Ki Dhalang Karurungan | purwa madya wasana ngêplêki lugu | sabarang kang wus tinêmah | dening Hyang Prasidhajati ||

4. sapisan jêjêr kahyangan | marcukundha Sang Hyang Guru siniwi | Lalêr Mêngêng gêndhingipun | dupi pra dewa budhal | mring samodra hyun ambrastha cahya murub | gêndhing Lintang Karainan | slendro

--- 293 ---

pathêt manyura glis ||

5. pangidunging kyai dhalang | Babad Kêncêng lasêm larasing gêndhing | dadya muhung warna têlu | gêndhing parênging ngruwat | têkèng mangkya kang para dhalang lêstantun | nglêluri rèhirèng kuna | Dhalang Karurungan nuli ||

6. wus ambrastha rèh sukrêta | myang mêmulang mring para janma sami | bab kasunyataning kawruh | mrih waskitha pranawa | purnaning kang mêmalanirèng jro kalbu | supadya wruh uripira | putus ing kasidan jati ||

7. mring kang sinêmbah wus wikan | dununging don kang sêmbah datan sisip | myang tan nêdya ewah-ewuh | têmah kala samana | kathah janma kang limpad lèjêming kawruh | pralambang ingkang sinamar | sinamun sasmita lungid ||

8. nanging praptaning samangkya | têka maksih ana kang kliru tampi | gugon tuhon têmahipun | kandêl-kumandêling tyas | tan rinaras kang tumbuk lan jatinipun | êmpaning duga prayoga | wus kaprah marang pra pingging ||

9. ing rèh bêbasan sukrêta | kadya kang wus kawarsita ing ngarsi | sabdanira Sang Hyang Guru | dhumawuh mring Hyang Kala | pra katunan darung kadurus ing kalbu | uwas sumêlanging driya | têmah ambabar rudatin ||

10. samasa rudah kang nala | rangu-rangu ari ratri kuwatir | tuwas-tiwas kang pamangguh | gagal [ga...]

--- 294 ---

[...gal] ingkang sinêdya | tan katêkan sabarang kinarsan wurung | bubrah trênyuh nalar ura | nyataning rèh kurang titi ||

11. tan tiniti kang karana | kang ketang mung gugon tuhone dadi | kumandêl kandêling kalbu | rusak traping dêduga | tuwuh manèh pracaya sukrêtanipun | ibut ngupaya pangruwat | tan ketang beyaning kardi ||

12. dadakan tanpa rinasa | saksana pyuh sanadyan utang silih | cinêndhak gênti winuwus | ki dhalang dènnya ngruwat | asarana aji pangruwating diyu | kala samana Ki Buwal | pinagas pucuking wèni ||

13. dening kang katga pusaka | sinarêng ing dupa ratus binasmi | wusing kadyeka gya dinus | dening tirta sugănda | kang minăngka sarana dènnya nrang kewuh | de lamun jaman samangkya | kang maksih kaprah linuri ||

14. sêsaji sajèn pangruwat | dimèn para nupiksa ngawikani | prayoga sinawung kidung | mung mrih dadya panglimbang | kèhing wragad binobot lan pêrlunipun | êmbuh bênêr luputira | kawêkèn kang nawung kawi ||

15. saji-sajèn kawuwusa | pari têbu gêdhang tundhunan cêngkir | dara pitik enthong pêcut | sapu rakitan samya | kang jinajar kiwa têngên kêliripun | kêmbar mayang payung bantal | bêras sapitrah [sapi...]

--- 295 ---

[...trah] kêmiri ||

16. êndhog pitu kluwak brambang | bawang gêrèh dom waja winor siki | myang gêgêrangan wêsi wus | uga winor sawadhah | klasa anyar jarit anyar warna pitu | rong pangaron rasulannya | kalawan ambêng sarakit ||

17. tukon pasar saadunya | gêdhang ayu suruh ayu sarakit | jênang tumpêng warna pitu | lan rujak warna sapta | myang waragang sêga golong warna pitu | gêcok mêntah kupat luwar | banyu sêmbur ingkang wangi ||

18. tindhihe rong wang saprapat | kaping pitu lungguhe dhalang mori | kang rinuwat uga lungguh | mênggêp nèng mori pêthak | dhuh Mandhoblang kadipundi pitu-pitu | ping pitu dèrèng ki dhalang | rowa têmên wragad kardi ||

19. nanging wus sabênêrira | bot-abote sakalih mamrih melik | boga yu măngka pikukuh | têtalining tumitah | nèng jagad gung marmanta kang yitnèng kewuh | aywa ninggal eling awas | mèt mêmardu nora gampil ||

20. kèksi wuryaning ruwiya | ingkang ugi marang kasidan jati | kèh wasita wose kumpul | nunggal misahing rasa | sajatine para wignya dènira sung | sasmita tataning gêsang | sayêkti mawarni-warni ||

21. kang sinamar munggwing carma | myang ingukir pakirtyan [pakir...]

--- 296 ---

[...tyan] èdi pèni | winastan wayang purwèku | nunggal misah wosira | tan lyan muhung purwa madya wasana wus | sangkan paran ringkêsannya | murih pinarsudi binjing ||

22. sagunging suta sewaya | dimèn samya uninga purwèng dadi | dadi ananing tumuwuh | yèn nguni ora ana | dadi ana kapriye bisane wangsul | mulih mula-mulanira | wawasên jroning samadi ||

23. nahên ta kala samana | amarêngi ki dhalang dènnya ngringgit | wong jro wisma kang cinatur | iyèku somahira | Kyai Buwal dènira wawrat wus sêpuh | kaparêng wus ing lèkira | nglairakên jabang bayi ||

24. priya kang warna sulistya | kyai dhalang kanggêg kapita myarsi | tangising jabang bayi sru | ri saksana têtanya | marang kulawarganing Ki Buwal sampun | kang tinanya asung wikan | sigêg mrih gancaring ruwi ||

25. ki jabang pininta sigra | dening kyai dhalang kang murwèng sandi | sinungakên dyan pinangku | wola-wali sinawang | tan antara kyai dhalang nabda arum | mring kang nêmbe darbe wêka | kiyai yèn condhong galih ||

26. ki jabang ngong akên suta | têngêrana wêkanta pêparap sih | Jaka Wahana puniku | mrih kalis sambekala | parêg [parê...]

--- 297 ---

[...g] arja sukarêna sakwèhipun | Kaki Buwal langkung suka | myang winêling kang wigati ||

27. têbiha sing păncabaya | wêwadine ki jabang wus sinung wrin | jabang bayi tinampèn wus | ing yayah renanira | kyai dhalang pangringgitira wus laju | nêngna gênti kacarita | Hyang Kala kang ngêtut wuri ||

28. saparan Dyan Ulamdarma | tinututan sarwi limunan sami | tan ana janma kang wêruh | dyan praptèng wismanira | Kyai Buwal kang nêdhêng rinuwat iku | ya ta risang kawlasarsa | nèng kono kewran ing galih ||

29. karana tyas kamigilan | wimbuh saking sayah dènnya lumaris | tan darana manjing gupuh | mring pawoning Ki Buwal | pra pawèstri kang olah-olah tanna wruh | Hyang Kala nututi sigra | malbèng jro pawon wus panggih ||

30. Hyang Kala dahat kruraya | dyan sinaut pupul tyas panggah jurit | Hyang Kala tinêbak limut | anjungkêl tanpa sambat | dupyantara èngêt dyan sinaut mrucut | cukat trêngginas malumpat | lir dênta timbul ing warih ||

8. Maskumambang

1. duk rikala malumpatnya sang kaswasih | anyinggol wran adang | kang sininggol kagèt nolih | kadadak dandangnya rêbah ||

2. kapitèng tyas alok [alo...]

--- 298 ---

[...k] busêkan pra èstri | wruh dang-dangan wutah | watak wantuning pawèstri | kang gugon tuhone kêkah ||

3. panggah puguh tan wrin êmpaning dêdugi | marang rèh sukrêta | têmah tan nganggo pinikir | mung kandêl-kumandêling tyas ||

4. kang mangkono kaprah pra kang kurang budi | nging sanyatanira | yèn manusa maksih urip | pasthi nora bisa ninggal ||

5. gugon-tuhon sayêkti tansah kumanthil | rumakêt ing tekad | nèng panganggêping wong urip | tan mawang sadhengah băngsa ||

6. kawuwusa gêdêr rudahing pra èstri | eling rèh sukrêta | sawênèh ana kang angling | si adhi kudu diruwat ||

7. lamun nora mangkono sirèku mêsthi | dadi pangan Kala | kalêbu sukrêta janmi | wit ngrubuhake dang-dangan ||

8. ana manèh juga èstri pikun angling | tan susah diruwat | disranani bae ya wis | jogedan nèng têngah latar ||

9. dadya rame jroning pawon swarèng èstri | ana gumya latah | ana kang sumêla angling | tênèh ingaran wong edan ||

10. jêjogedan nèng têngah latar wong èstri | yèn rujuk prayoga | ngubêngana wisma nuli | nging ana sarate iya ||

11. ngure rambut [ra...]

--- 299 ---

[...mbut] wuda wudêlmu dinjêti | dadya wuwuh gumrah | pra èstri krungu dènnya ngling | uwas kang ngrubuhkên dandang ||

12. samana dyan wus mêsat Hyang Kala tan wrin | antuk parmaning Hyang | Suksmana Kang Maha Asih | mring titah kang kawlas-arsa ||

13. ri sang prapta gyaning ki dhalang angringgit | mawor janma kathah | kang nêdhêng samya ningali | pangruwate Kyai Buwal ||

14. pra ningali mring Ulamdarma tanna wrin | risang kawlas-arsa | samana wus trang umèksi | myang cêtha dènnya miyarsa ||

15. yèn puniku Dhalang Karurungan yêkti | tan darana radyan | marêpêki nulya linggih | andhêkukul anoraga ||

16. Kyai Dhalang Karurungan wus udani | mring kang nêmbe prapta | salêlakonira kang wis | myang sêdya pakoning bapa ||

17. ing puwara sang namur awlas ningali | ririh sung pujyarja | nilakrama mring kang prapti | sang sinung sabda ngrêrêpa ||

18. mêmaladsih manuhara ngasih-asih | dhuh kilap punapa | pukulun mring kawlas-asih | sing kadrêng pakèning bapa ||

19. rèhning amba kalêbêt sukrêta sami | marma pinarêngna | ulun dahat mêminta sih | lêpata sing sambekala ||

20. myang mêminta wimbaning kawruh sajati | mrih nir sêmanging tyas | ing rèh tan samar kapusthi | kawaskithaning [ka...]

--- 300 ---

[...waskithaning] wardaya ||

21. kaki dhalang amangsuli sabda manis | kaki ywa sumêlang | ruwating sukrêtanta dwi | sira miwah arinira ||

22. myang wimbaning kawruh kasunyatan jati | kèsthi rèh tan samar | murih pranawa awêning | kaki sira kawruhana ||

23. rasa iku kanugrahaning Suksmadi | dinum sakwèh titah | manira sung tuduh margi | dhuh ki bagus sabarêna ||

24. antènana babo yèn wus purnèng kardi | mangruwat Ki Buwal | sakaroron lan kang èstri | sang sinung ngling tan lênggana ||

25. sigêg gênti Hyang Kala krodha tan sipi | mring janmèstri adang | cinandhak ginitik nuli | kapisanan wus palastra ||

26. wit dinalih wèh marga kelangan lari | panautnya gagal | kalingan dandang gumuling | kang rubuh nèng ngarsa Kala ||

27. tambuh-tambuh solahing para pawèstri | tangis tanpa rungyan | pinaripurna kang mayit | kunêng Sang Hyang Kala tandya ||

28. mêsat ngayuh nèng madyantara manoni | akèh para janma | gêng alit samya myat ringgit | Hyang Kala niyup saksana ||

29. prapta gyaning pra janma kang lagya mèksi | ki dhalang mangruwat | Hyang Kala arsayèng galih | kapiluyu myat pangruwat ||

30. nulya raryan nèng wurining wran ningali [ninga...]

--- 301 ---

[...li] | sèndhèn wit kalapa | ki dhalang gênti winarni | samana dènira mayang ||

31. dungkap rampung purnaning nawung wigati | Dhalang Karurungan | maladi samadi êning | wus gambuh lan Hyang Wisesa ||

9. Gambuh

1. ki dhalang wus wrin kewuh | nora samar ing pamawasipun | jroning wisma ana ingkang mara sandi | yèku bangsaning lêlêmbut | anggung ngrusak karahayon ||

2. ya ta ki dhalang gupuh | nglinang suksma tilar raganipun | sang amindha tuhu widagdèng rèh lungit | wignya manjing agal lêmbut | waskitha tan kewran kewoh ||

3. saksana nabda asru | hèh ta sapa aranmu lêlêmbut | kang singidan nèng sênthong kiwa dèn aglis | balia marang dunungmu | sira ayya anèng kono ||

4. kang mara sandi muwus | kula Kala Undhung băngsa lêmbut | ah kiyai punapa wrin dunung mami | yèn tan wruh kula tan purun | wangsul marang dununging gon ||

5. kyai dhalang nabda rum | mêsthi iya ngong wikan dunungmu | saka alam janaloka kono yêkti | asalira sotya wurung | wiji kang kurang don-adon ||

6. sangkêping tri murtèku | karsaning Hyang kang nèng alam mau | kabèh padha nandhang cacad kanang warni | myang gêndhak sikara tuhu | kagawa

--- 302 ---

witing dumados ||

7. Kala Undhung amuwus | nadyan cêtha sabdanta puniku | ulun boya nêdya sumingkir sing ngriki | kyai dhalang nabda asru | yèn tan lunga mêngko klakon ||

8. sigra ki dhalang gupuh | matak măntra pangruwating diyu | blas wus sirna sotya salah durtèng kardi | ki dhalang malih nabda rum | kang nèng sênthong têngên kono ||

9. angakua sira dur | mara sandi kang nèng kono muwus | kula Kala Pangantèn bangsaning êjin | kyai dhalang wacana rum | gya sumingkira kang adoh ||

10. sirèku băngsa alus | sotya salah ingkang adêdunung | nèng sajroning alam janaloka ugi | ing tundha loro dunungmu | de asalira dumados ||

11. sotya kang tanpa biyung | yèn tan têrang mangkene liripun | sotya kang tan katampan baganing èstri | marma tan cacad warnamu | nging gêndhak sikara yêktos ||

12. tan pae sotya wurung | glis minggata sing kono dèn gupuh | kang sinabdan amangsuli têmbung wêngis | ah janma tan nêdya ingsun | kapenak nèng kene manggon ||

13. ki dhalang dadya rêngu | nuli matak măntra kamayan wus | sakala blas sotya salah tan kaèksi | tantara ki dhalang muwus | sapa kang nèng

--- 303 ---

têngah sênthong ||

14. kang tinanya lon muwus | kula parayangan băngsa alus | asal kula saking alam sunyaruri | Kala Janggol wasta ulun | kyai dhalang nabda alon ||

15. sumingkira sirèku | yya nèng kono yya sikarèng laku | parayangan kang sinabdan amangsuli | tan nêdya sumingkir ulun | ki dhalang gya matak gupoh ||

16. aji kamayan sampun | kang kataman sirna tan kadulu | tan antara Dhalang Karurungan mèksi | băngsa pêri nèng jro sumur | sinapa wangsulannya lon ||

17. bengsa[8] pêri pukulun | saking alam panasaran alus | ugi alam panasaran tundha katri | janaloka kang kasêbut | kilap punapa sang kaot ||

18. asaling băngsa ulun | Kyai Dhalang Karurungan muwus | asalira saka wiji kurang murni | sotya salah sotya wurung | nèng janaloka rêraton ||

19. alam katundha têlu | Hyang Ismaya kang rinatu-ratu | angratoni jroning alam sonyaruri | yèku kadanging Hyang Guru | Hyang Pramèsthi jagad katong ||

20. sumingkira sirèku | yya nèng kono myang ayya ngrêridhu | gora-godha gêndhak sikara durkardi | balia marang asalmu | kana dunungira manggon [mang...]

--- 304 ---

[...gon] ||

21. pêri mangsuli wuwus | botên nêdya sumingkir sing sumur | Kyai Dhalang Karurungan matak aji | kamayan pêri tandya wus | blas sirna tan ana katon ||

22. tiniti ka[9] rêridhu | ingulatan yèn panggya tinundhung | brêkasakan dhêmit prayangan jin pêri | kang nèng kori tritis lumbung | pawuhan aranira won ||

23. pawuhan Kala Umbuk | Kala Drêmba Kala Boros lumbung | Kala Ingsêr nèng kori kang anèng tritis | Kala Idêr sirna larut | sawiji tan ana katon ||

24. duk samana winuwus | wusing purna dènnya manrang kewuh | kyai dhalang saksana maluyèng dhiri | paripurna nging tanna wruh | mra[10] ki dhalang kang wigatos ||

25. Hyang Kala kang cinatur | duk manoni ing pangringgitipun | kyai dhalang samana arsa cinobi | Hyang Kala marani gupuh | sêsèndhèn kêlir mandhêlong ||

26. pra nonton tan ana wruh | mring Bathara Kala kang ngrêridhu | gora-godha gêndhak sikarèng pakarti | ki dhalang wrin Kala Martyu | gya ngêningkên tyas gumathok ||

27. pulih kadewanya wus | datan samar ing pamawasipun | Sa[11] Bathara Kala sinapa mêmanis | rêngên ta hèh Kala Martyu | sira yya karya pakewoh ||

--- 305 ---

28. ngregoni wong mêmangun | mrih kaharjan arjaning tumuwuh | nir sakwèhing păncabayaning dumadi | berat para pakarti dur | puwara tan gugon-tuhon ||

29. Bathara Kala muwus | paran baya sira kumapurun | ngruwat janma kang klêbu sukrêta sami | măngka yèku pangan ingsun | dhawuhe Hyang Giri natong ||

30. ki dhalang nabda arum | kang sun ruwat pêpêtênging kalbu | mung mrih brastha sanggya mêmalaning ati | wikana nyataning kawruh | tan sêmang anggêpirèng don ||

31. yèn wus mangkono tamtu | mahyakakên bawa laksana yu | Sang Bathara Kala tandya sumambung ngling | nadyan bawa laksana yu | sun tan wêgah mrih wirangrong ||

32. amèt kabêgjanipun | atas saka sabdaning Hyang Guru | Kyai Dhalang Karurungan nabda malih | bênêr sira Kala Martyu | mung pucunge durung manggon ||

10. Pocung

1. yèn si punggung kêna sira aru biru | rêngên ta hèh Kala | yèn bawa laksanèng janmi | kang winantu cipta mardi martotama ||

2. sarya nulus marang kasutapan gêntur | adat pupul ing tyas | mardu santosa ing budi | sun pasthèkkên tan kêna sira wasesa ||

3. kang sira nut nguni sabdaning Hyang Guru | pra janma sukrêta | măngka pancènira bukti |

--- 306 ---

dene lamun ana kang bawa laksana ||

4. sira muhung kinèn mêpêt bêgjanipun | myang sandhang pangannya | nanging yèn santosèng budi | Sang Hyang Guru dhawuh tan parêng masesa ||

5. têrang lamun titah tan kuwasa têmtu | masesa sasama | kajaba Kang Murwèng Pasthi | lah rasakna badan kawasesèng nala ||

6. ati iku kawasesèng nyawa ayu | nyawa kawasesa | dening Hyang Kang Maha Luwih | sumarmanta ayya ninggal titi priksa ||

7. mungguh ratu wajib masesa wadya gung | nanging kawruhana | ratu kawasesèng adil | nitipraja adil kawasesèng nala ||

8. Kala Martyu minggata aywa ngrêridhu | Sang Bathara Kala | amangsuli găra wêngis | ah ki dhalang sun tan ulap kadibyanta ||

9. dumèh lamun bangkit manjing ajèr-ajur | ing rèh nora kewran | wus ayya kakehan angling | cêkak bae samêngko sun arsa wikan ||

10. nyatanipun dènira paksa kumlungkung | musthi osiking rat | ngruwat janma kang sukrêti | myang andumuk kaalusaning triloka ||

11. sajak wêruh mring asaling băngsa alus | kaananing asal | asaling jin sarta pêri | parayangan lawan asalmu priyăngga ||

12. risang namur Dhalang [Dha...]

--- 307 ---

[...lang] Karurungan muwus | rêngên ta hèh Kala | asalmu beda lan mami | lamun sira sotya salah tibèng tirta ||

13. têgêsipun sotya salah Kala Martyu | sotya tan katampan | baganing biyung sayêkti | kang kadyèku wênèh sotyaning manusa ||

14. nuju turu kawawa narik wijèku | korutirèng sotya | lir cumbana jroning ngimpi | wiji mau uga banjur bangkit gêsang ||

15. adêdunung anèng alam kang kasêbut | ya ing janaloka | kaalusan tundha kadwi | lah ing kono băngsa alus gêgolongan ||

16. kang tinamtu tanpa cacad kanang wujud | nging gêndhak sikara | dadya beda lawan mami | asal ingsun saka jati rasaning Hyang ||

17. iya ingsun wahyuning bawana agung | musthikèng pêpadhang | hèh Kala minggata aglis | ywa ngregoni ngong mêmayu ayuning rat ||

18. tandya limut Bathara Kala nabda sru | ah ta dhalang syarda | si kêparat jêr cariwis | lamun nyata sira măngka wahyuning rat ||

19. pasthi tuhu sira wruh mring ciriningsun | manut ing ubaya | sun enggal lunga sing sriki | kyai dhalang mèsêm puwara wacana ||

20. sayêkti wruh ciri kang munggwing anggamu | siji bathukira |

--- 308 ---

kapindho dhadhanirèki | kaping têlu dumunung nèng gigirira ||

21. ciri têlu iya kang munggwing anggamu | rajah kalacakra | hèh Kala rungunên dhihin | kawuwusa risang sampurna ing guna ||

22. matak sampun rajah kalacakra kasub | ya ta Sang Hyang kala | lêsah anglês budaya nir | angalumpruk prasasat tan darbe kêrkat ||

23. tandya muwus sêrêt wijiling pamuwus | dhuh sang lêbdèng guna | yèn mangkono nrima mami | nora măngsa wong sukrêta jangjiningwang ||

24. nanging muhung isih ana pamintaku | mrih lêga tyas ingwang | jarwanana kang sayêkti | aja tanggung si[...][12] angucap triloka ||

25. mèsêm wuwus Kala sira ywa tumpang-suh | kang ran janaloka | karaton wijining janmi | hèh ta Kala yèku alam kaalusan ||

26. kang sajuru alamira sotya wurung | mangkene têgêsnya | sotya wurung kanang arti | yèku wiji ingkang maksih kêkurangan ||

27. sangkêpipun don-adoning trimurtèku | kaya ta wanodya | kang wus katon anggarbini | măngka têrag dadi wiji mau kurang ||

28. kanang wujud lagi ana sirahipun | myang sapêpadhanya | ewadene bangkit urip | nanging urip uriping

--- 309 ---

kaanan cacad ||

29. kaya kang wus kasêbut ing dhuwur mau | kabeh wiji samya | dumunung nèng kono ugi | kanang wujud nganggo kadunungan cacad ||

30. wuwuh-wuwuh padha gêndhak sikara dur | labêt kêkurangan | adon-adoning trimurti | manèh kaalusan tundha pindho yèka ||

31. alam iku maksih jroning wiji manus | iya janaloka | alaming jin sarta pêri | parayangan kang anduduk wuluh samya ||

11. Dudukwuluh

1. hèh ta Kala kang kasêbut iku mau | sotya salah kang sayêkti | lah mangkene têgêsipun | sotya tan katampan dening | baganing biyung mangkono ||

2. upamèku sotyaning manusa turu | kawawa anarik wiji | de wêtuning sotya mau | sarana ngimpi sarêsmi | lah ing kono sotya dados ||

3. bisa urip nèng alaming manusèku | kaalusan tundha kadwi | gêgolongan băngsa alus | manggonira nunggal jinis | myang gêndhak sikara yêktos ||

4. angrêridhu nanging nora cacad wujud | lir tataran kang kasiki | ing mangkya gênti ngong tutur | kaalusan tundha katri | rungunên dimèn mangêrtos ||

5. kang ingaran alam sunyaruri iku | ing kono kakwa

--- 310 ---

sayêkti | murbèng tundha kang katêlu | mangrèh sarupaning pêri | parayangan jin rêraton ||

6. ya ing kono Hyang Ismaya kang kadhatun | Kala salin crita ganti | rungokna ayya kaliru | pasang sopana karna dwi | pangrungumu aywa siwo ||

7. jroning alam ngendraloka kang sinêbut | tan prabeda lan ing ngarsi | uga padha tundha têlu | têlung kaalusan pasthi | de babaraning wigatos ||

8. kaalusan iya kang kapisan iku | alaming manusa jati | kang wus badan rohkhani yu | badan alus kanang wardi | mungguh kadunyane kang wong ||

9. kang mangkono klêbu dawêg ananipun | lire kang nora utami | nora murka nora luhur | nora bodho datan ngèlmi | de tataran kang kapindho ||

10. sajêroning alam ngendraloka iku | alaming manusa ugi | kang ngêgungake cipta yu | wêlas asih mring sasami | kang munggah tataran karo ||

11. de tataran kaalusan kang katêlu | jroning ngendraloka ugi | dêdununganing pra wiku | pandhita ulah wirangi | ana manèh kang nèng kono ||

12. yèn narendra kang luhur bêbudènipun | nunggal sang pandhita bangkit | mangkya gênti kang sun wuwus | jroning

--- 311 ---

alam kang kaping tri | rêngên ta hèh Kala siwo ||

13. guruloka kahyanganing Sang Hyang Guru | karatoning suksma luwih | iya uga tundha têlu | têlung kaalusan jati | arane sagolong-golong ||

14. kang sapisan lamun jaman purwa kasbut | tejamaya ingkang dadi | alaming pra satriya nung | pra nata kang mardu budi | anggung pudya karahayon ||

15. puja brata tancêbing cipta martayu | welas asih mring sasami | Kala priye panampamu | apa bênêr apa sisip | panggonan ingkang mangkono ||

16. piyarsakna ujarku dèn têkèng kalbu | gênti kaalusan kadwi | jroning guruloka mau | janma uga bisa ngancik | angambah alam kaloro ||

17. nging manusa kang lêbda nawung pakewuh | lir para nata myang rêsi | wit ing kono alamipun | pandhita rêsi myang nabi | dadi ora sabên uwong ||

18. pungkasaning kaalusan tundha têlu | jroning guruloka ugi | janma kang wus bangkit gayuh | ngambah alam kang sajati | iya alaming Hyang Manon ||

19. kang mangkono bali alaming rumuhun | yèku alaming trimurti | marmanta yèn sêdya gayuh | gêgayuhan kang prayogi | mligi ginigit yya anggop ||

20. rèh puniku [pu...]

--- 312 ---

[...niku] măngsa borong panampamu | gumantung lêpasing budi | dadi atanapi wurung | ana sarira pribadi | nut lêlabêt myang lêlakon ||

21. Sang Hyang Kala dangu tan bangkit amuwus | wit kapranan têmbung awig | kèlu warsita linuhung | unggyaning rasa mênuhi | ing puwara muwus alon ||

22. hèh ki dhalang mêngko ingsun nêdya manut | nging priye panciku bukti | kang wus kacrita rumuhun | lir dhawuhe Hyang Pramèsthi | Hyang Jagadnata maring ngong ||

23. măngka ingsun mung manut sabdèng Hyang Guru | sang namur ngandika ririh | iya bênêr Kala Martyu | abot pangrèhing sudarmi | sira kang sabar yya siwo ||

24. lamun nyata manut sabdaning Hyang Guru | anggugua ujar bêcik | lan elinga duk ing dangu | dhawuhe Hyang Sidhajati | tan parêng masesa kang wong ||

25. salawase mring kang santosa budya yu | Hyang Kala sumambung angling | iya wuwusmu ngong turut | nanging sun mêksa drêng ngudi | sakarêpmu mêngke dados ||

26. jêr wus nuduh sira marang awak ingsun | mêngko dak lakoni bêcik | Dhalang Karungrungan muwus | Kala panjalukmu gampil | iki ana jangjining ngong ||

27. sira kêna măngsa janma kang balilu | de yèn tan kêna kang dhiri |

--- 313 ---

mèta sandhang buktinipun | nanging mungguhing wong ngèlmi | sira tan kêna marono ||

28. saya lamun yèn ana janma kang wêruh | iya mring cirinta katri | lêbda jatining rasa wruh | rajah kalacakra yèki | sira minggata dèn adoh ||

29. Sang Hyang Kala prastawèng karna musna wus | sanalika tanpa pamit | Hyang Wrêga musna tumutur | ya ta gênti kang winarni | ki dhalang wus purnèng kewoh ||

30. Kyai Buwal dahat gyanira nênuwun | kawahya lêganing pikir | cêkaking gitaya sampun | bibaran purna wigati | sowang-sowangan pra nongton ||

31. kyai dhalang sarowang wus pamit laju | prasamya andum basuki | tan kacrita kang nèng ênu | ki dhalang dènnya lumaris | ngèsthi sinom karahayon ||

12. Sinom

1. andina ratri lumampah | kalantur kalunta têbih | anjajah desa-ngadesa | gyanira manawung sandi | wus kawaratan sami | pra janma winulang kawruh | nyataning kawusanan | marma kèh prayitnèng wèsthi | kang ginusthi tarlèn wêkasing kasidan ||

2. ginuman sakwèhing rasa | rarasing wulang dumêling | labêtane linalêbda | lêlangên pungkasing dadi | wêlingnya sang sinandi | wus linakyan sakwèhipun | bab pangrurahing [pangru...]

--- 314 ---

[...rahing] Kala | panulaking satru sakti | lah iyèku kang ran rajah kalacakra ||

3. mangkene ing jarwanira | pangrancana kang linuwih | ilanga kasaktènira | heh ta kang ambêbayani | maria durtèng kardi | hèh kang awèh lapa sagung | muga amarêgana | hèh sira kang karya miskin | nyukupêna hèh sira kang asikara ||

4. muga maria nangsaya | hèh sira kang murang bêcik | laruta kêkuwatannya | hèh kang para cidrèng kardi | kogêla ardèng juti | hèh ta kang dadi ama gung | yogya para asiha | purna rajah kang sinung wrin | samya kinèn anglakoni ulah brata ||

5. cacahe limang prakara | juga pasa wiwit wanci | surup arka praptèng wayah | têngange ingkang kaping dwi | wungu wit bangun enjing | têkan sirêpe wong turu | dene yên arsa nendra | uga wayah sirêp janmi | kudu siram de lamun wungu sing nendra ||

6. siram parêng bangun enjang | nuli lumaksa sakarsi | sakuwating lampahira | tapa ambisu kaping tri | wiwit wungu sing guling | ing wanci mèh gagat bangun | kăngsi plêthèking surya | nging jrone ambisu sarwi | mêsu budi nyipta rahayuning angga ||

7. dene kang kaping pat wadat | yèku [yè...]

--- 315 ---

[...ku] yèn arsa sarêsmi | kudu pêndhak satus dina | utawi salapan ari | kalima mangrèh pikir | sabar ing salawasipun | amêpêt napsu hawa | samana kèh kang lêstari | anglakoni ulah brata păncawarna ||

8. têmah duk jaman samana | kèh tuwuh bagya basuki | awit saka mantêping tyas | nalangsa ngandêl mring Widhi | winantu ing têtèki | amêmardi budi mardu | dumadya kalaksanan | dadi saciptanya sami | myang katêkan sabarang ingkang sinêdya ||

9. tan lyan parmaning Pangeran | kang maha murah myang asih | kunêng duk pangruwatira | Hyang Wisnu kang namur sandi | mindha dhêdhalang ngringgit | dènnya mêmangun rahayu | mêmayu ayuning rat | rikala tumurun saking | kadewatan amarêngi masa sitra ||

10. rampunging pangruwatira | masa palguna marêngi | kawuwusa Hyang Antaga | samana nulya manggihi | mring Hyang Narada mèt wrin | minta sabdaning Hyang Guru | kang dadya pancinira | mangsaning Kala pinasthi | Hyang Narada angguguk winor ing sabda ||

11. rêngên ta kakang Antaga | sakèh lêlara puniki | waluya dening usada | bêcik tulusa basuki | rahayua salami | saka parmaning Hyang Agung | Sang Hyang Antaga merang | sakêdhap musna

--- 316 ---

tan kèksi | de Hyang Kala kapêksa tantuk mêmangsan ||

12. kapêpêt kataman daya | dayaning ulah wirangi | winantu mardi kotaman | Kala tan bangkit nyêdhaki | sru merang jroning kapti | musna sanalika iku | wus tan bangkit ngêngarad | pangayam-ayaming ati | tarlèn muhung katrêsan gênging prabawa ||

13. gya ngumpulkên brakasakan | pra lêlêmbut lan dhêdhêmit | cêkaking rèh wus suwita | angidhêp Hyang Kala sami | akèh anggusti-gusti | puruhitèng Kala Martyu | parêng masa wisaka | jroning Istrimuka warsi | kacarita Hyang Kala mêsu kadibyan ||

14. anggêlar kasaktènira | kèh janma kasmaran sami | têmah kathah sumawita | Hyang Kala nata agami | nyirêp gangsal agami | ingkang wus lumaku dangu | kaprah kanggo ing kathah | kaya ta Sambo agami | kadwi Brahma katelu agama Endra ||

15. kacatur Bayu agama | kalima Wisnu agami | ing kono para manusa | kèh ninggal agama lami | ngrasuk Kala agami | nging kang santosa budya yu | kukuh agama lama | sowang-sowang den antêpi | Sang Hyang Kala amarêngi taun Pawa ||

16. etanging surya sangkala | kalih atus langkung kadwi | anêmbah kang tanpa asta | yèn [yè...]

--- 317 ---

[...n] candra sangkala warsi | ngèsthi sirnaning dhêsthi | taun kalih atus wolu | nuju manggasri masa | Sang Hyang Kala yasa candhi | wasta candhi Kamale asri kawuryan ||

17. nèng kiduling pulo Jawa | sajêroning jalanidhi | ya ta nuju taun Ipa | warsa kalih taun katri | surya sangkala warsi | tinêrêngan kanang têmbung | wruh barakan asêmbah | de căndra sangkala warsi | tinêngêran gapura kang tanpa timbang ||

18. taun kalih atus sanga | manggakala amarêngi | Sang Hyang Kala malih yasa | candhi nèng têpi udadi | pinindha gapura di | minăngka wiwaranipun | candhi Kamale ngarsa | winastan Kalaka candhi | ing sajrone taun Tadu winursita ||

19. etanging surya sangkala | dwi atus sakawan warsi | têngran warna tanpa boja | yèn căndra sangkalèng warsi | têtêngêr kanang tulis | patining janma kacaksuh | kalih atus sadasa | masa sitra amarêngi | Sang Hyang Kala yasa candhi Wanatulyan ||

20. salèring wukir Maendra | ardi Lawu yèn samangkin | yèku tanah Surakarta | kanan keringnya kang candhi | sinung pacrabakan sri | candhi Sali wastanipun | nuju taun Iswara | surya sangkala kang warsi | tinêngêran tata barakaning [bara...]

--- 318 ---

[...kaning] sêmbah ||

21. taun kalih atus gangsal | yèn căndra sangkalèng warsi | wus kalih atus sawêlas | tinêngêran kanang warsi | manut unining ruwi | Pustakaraja Jarwa nung | rupèstri kasikara | masa kartika marêngi | para janma kang manut agama Kala ||

22. uga yasa candhi samya | nèng ngarêping candhi Sali | candhi Mali wastanira | karoncèn lamun winarni | yogya pinunggêl kawi | gênti samana Hyang Wisnu | wus wangsul makahyangan | myang pra dewa kang umiring | Hyang Narada mukswa mring kahyanganira ||

23. iti purnaning gitarja | sumăngga para nupèksi | pangayam-ayaming Kala | dènira sami manggalih | miwah sukrêtèng janmi | kang nawung gitaya punggung | mudha tunèng budaya | tangèh yèn bangkita manggih | rèh mung amèt caritaning para kuna ||

24. kang kamot Pustakaraja | pra sukrêta kathah yêkti | satus pitung dasa tiga | tan lyan ulun mêmalad sih | kuciwaning pangawin | de tan sadaya tinurun | jêr mung mrih sapêrlunya | kang pinèt mung sawatawis | kang minăngka pamèting kuswalalita ||

25. de ta kalamun yun wikan | para sukrêta sakalir | sayogya mundhuta sêrat | dhatêng toko Kolêf Buning | Ngayogyakarta nagri | kang sampun [sampu...]

--- 319 ---

[...n] kasusra dangu | cêcawis kwèh pustaka | piranti gambar myang tulis | amêpaki tur rêgi kalangkung mirah ||

Nglêrêsakên ingkang lêpat[13]

 


Lebih satu suku kata: mung lowung măngka panglimbang. (kembali)
arka. (kembali)
Lebih satu suku kata: ayya mawi wancak galih. (kembali)
nguni. (kembali)
nalăngsa. (kembali)
dhalang. (kembali)
Kurang satu suku kata: kang tinanya amangsuli manis. (kembali)
băngsa. (kembali)
kang. (kembali)
10 mring. (kembali)
11 Sang. (kembali)
12 sira. (kembali)
13 Erata sudah langsung dimasukkan dalam teks. (kembali)