Ringgit Madya Lampahan Jayapurusa, Mangkunagara IV, 1914, #98 (Pupuh 01–10)

Judul
Sambungan
1. Ringgit Madya Lampahan Jayapurusa, Mangkunagara IV, 1914, #98 (Pupuh 01–10). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Ringgit Madya Lampahan Jayapurusa, Mangkunagara IV, 1914, #98 (Pupuh 11–20). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 20-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Pêthikan saking Pakêm Ringgit Madya, Lampahan: Jayapurusa

Yasan dalêm Suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, kaping IV ing nagari Surakarta. Kasêkarakên Macapat.

--- [2] ---

[...]

--- [3] ---

1. Asmaradana

1. kasmaran dènnyarsa mardi | aluraning sêrat madya | ingkang pinèt caritane | lampahan Jayapurusa | ya ta ingkang pinurwa | măngka jêjêr lajêripun | carita kang ginupita ||

2. praja Yawastina nagri | radyagung tata raharja | mirah boga busanane | sabarang tinandur dadya | marma janma sapraja | gung alit amuwah-muwuh | tan ana ngrasa kurangan ||

3. mila sabawèng nagari | tansah têntrêm wong we wisma | niring godha rêncanane | durta duskarta tan ana | de ta kang madêg nata | binathara ajêjuluk | Sang Prabu Sariwahana ||

4. angrèh ratu măncanagri | dhasar sakti măndraguna | sugih bala sêntanane | tyas ambêk marta kotama | sih trêsna maring wadya | gung dêdana siyang dalu | lumintu datanpa kêndhat ||

5. susilambêk kramaniti | putus rèh cipta sasmita | dene sang nata garwane | putri adi yu utama | putranira sang nata |

--- 4 ---

Sriwadari praja agung | Mahaprabu Maèswara ||

6. pêparap Dyah Rarasati | kasor pra apsari swarga | lir sasăngka ujyalane | ya ta wau winuwusa | ari Rêspati Krêsna | Sri Sariwahana Prabu | karsa miyos sinewaka ||

7. munggwing bale păncaniti | duk miyosing dhatulaya | ginarêbêg para sinom | manggung srimpi myang badhaya | cèthi parêkan inya | ngampil pacarèng kaprabun | sarawuhing panangkilan ||

8. sang nata gya lênggah mungging | dhampar mas tinaturêngga | lêlèmèk prangwadanine | siniraming găndawida | mrik arum gandanira | yèn sinêrang maruta gung | ngèbêki sapanangkilan ||

9. pêpak kang sumewa sami | andhèr kang putra santana | punggawa sapanêkare | balabar kadya samodra | busananeka-neka | asri kalamun dinulu | yayah ka[1] sêkar sataman ||

10. dene kang kaparèng ngarsi | Rêkyana Patih Sunjaya | kapering [kape...]

--- [0] ---

Ringgit Madya Lampahan Jayapurusa, Mangkunagara IV, 1914, #98 (Pupuh 01–10): Citra 1 dari 2
Brahmana RêsiKèstu, Bagawan Wasusarma, Patih Sunjaya, Arya Wisabadra, Arya Sindurja, Arya Sindusena, Prabu Sariwahana, parêkan.

--- 5 ---

[...ring] kanan jajare | Sang Bagawan Wasusarma | pujangga Yawastina | lan Brahmana RêsiKèstu | de wingkinging kyana patya ||

11. punggawa ingkang nambungi | sira Arya Wirabadra | Arya Sindurja jajare | nulya Arya Sindusena | jajar lan Sindupatya | lawan punggawa lènipun | sinambungan pra panêkar ||

12. ulubalang datan kari | supênuh ing panangkilan | saking gunging wadya katong | ya ta sri nata ngandika | maring dyan mantrimukya | hèh wa patih wruhanamu | samêngko ing karsaningwang ||

13. arsa angalih nagari | rèhning praja Yawastina | pan wus sarwa tuwa kabèh | marmanta samêngko sira | nitika desa-desa | ngêndi kang prayoga iku | kulon wukir Căndramuka ||

14. ya ta wau nindyamantri | lan sagung para punggawa | myang kang samya nangkil kabèh | duk myarsa sabdèng narendra | samya kagyat sadaya | ing driya sami kumêpyur | sanggya osiking wardaya ||

15. lah samêngko

--- 6 ---

sri bupati | wus karsa gorohing driya | tan nêtêpi wacanane | apa kang bakal pinanggya | nata malècèng[2] sabda | nanging sadaya puniku | ajrih lamun mambêngana ||

16. bok sami amanggih sisip | wêkasan osik mangkana | samya sinamun sêmune | sandi jumurung ing karsa | ya ta Patih Sunjaya | manêmbah lon aturipun | dhuh gusti batharaningwang ||

17. karsa paduka puniki | amba langkung ngayubagya | mung dhawuh tuwan sang katong | tanah kilèn Căndramuka | tan wontên kang sayogya | kathah jurang pèrèngipun | myang kasompok ing aldaka ||

18. punika kirang prayogi | dene gusti kang sayogya | tanah saêlèr kilène | dening wukir Căndramuka | wasta dhusun Malawa | wiyar radin sitinipun | jajahan wana ing Roban ||

19. pantês punika kinardi | praja gung botên kuciwa | ya ta wau jêng pamase | Narendra Sariwahana | dupi wau [wa...]

--- 7 ---

[...u] miyarsa | mring dyan patih aturipun | dahad rênanirèng driya ||

20. ngraos karênaning karsi | ya ta sri narendra nabda | hèh wa patih yèn mangkono | nuli mataha punggawa | maring desa Malawa | murwani pakaryanipun | pilihên ingkang widakda ||

21. ingkang bangkit angrêrakik[3] | mantês rêrakiting praja | lan pura wêwangunane | yya siwah lan Yawastina | bocahmu kartipraja | padha gawakna sadarum | kang samya anambut karya ||

22. kang tampi dhawuh narpati | sira Dyan Patih Sunjaya | manêmbah sandika ture | ya ta Sri Sariwahana | sampating pangandika | tandya jêngkar sang aprabu | kondur malbèng purantara ||

23. sarawuhira ing puri | pinêthuk sang pramèswara | Dyah Rarasati ge-age | tundhuk samadyèng witana | dyah pramèswari sigra | mangraup ing pada gupuh | mring raka sri naradipa ||

24. sang nata gupuh anarik | ing astanira kang garwa | kinanthi

--- 8 ---

tumindak age | binêkta lênggah satata | munggwing jrambahing pura | pramèswari nêmbah matur | mring raka sri narèswara ||

25. dhuh pukulun jêng sang yogi | amba manungsung pawarta | wontên paran prawitane | tuwan dangu sinewaka | tan kadi sabanira | sang nata mèsêm lingnya rum | dhuh ari mas pramèswara ||

26. marmane ingsun siniwi | rada suwe sawatara | sabab ingsun dhawuhake | mring uwa Patih Sunjaya | yèn mêngko karsaningwang | arsa angalih kadhatun | rèhning praja Yawastina ||

27. kalêbu wus lawas yayi | yêyasan lêluhur kuna | marma yayi prayogane | manira ayun bêbakal | amangun praja anyar | wa patih pamilihipun | anèng desa ing Malawa ||

28. tanah jêmbar rata gêsik | jajahan alas ing Roban | ngong mau wus dhawuhake | utusan para punggawa | maring desa Malawa | miwiti pakaryanipun | bocah ingsun kartipraja ||

--- 9 ---

29. kang padha anambutkardi | ngrêrakit-rakiting praja | myang ing pura wêwangune | ywasiwah lan Yawastina | pramèswari duk myarsa | mring sabdaning raka prabu | langkung suka ngayubagya ||

30. kunêng kang gunêm jro puri | sang nata lan pramèswara | tandya mêne kacariyos | kang kari ing panangkilan | Kyana Patih Sunjaya | prêpatan lan kancanipun | sagung kang para punggawa ||

31. palêsta gita wigati | pranataning kyana patya | pra punggawa loro-loro | kang lumaku mring Malawa | miwiti nambutkarya | gêgiliran lampahipun | sabên-sabên wus nêm wulan ||

32. sinusulan kang giliri | punggawa ro yèn wus prapta | ing Malawa nulya age | kang dhihin mantuk mring praja | mangkono lakunira | kongsi pakaryane rampung | samana ingkang pinatah ||

33. mring Malawa andhingini | miwiti anambutkarya | Sang Arya Wirabadrane | lawan Arya Sindusena | sami sapanêkarnya |

--- 10 ---

kanthi wong margasa agung | yèku wadya kartipraja ||

34. kang wus lêbda nambutkardi | ya ta Arya Wirabadra | lan Arya Sindusenane | kalih samya tur sandika | wus pinaringan samya | waragat prabeyanipun | wus winêling-wêling samya ||

35. wangun rêrakiting nagri | wus kamot arya kalihnya | kyana patih pitungkase | arya dwi nulya samêkta | lawan panêkarira | pamitan kalilan sampun | gya budhal kalih punggawa ||

36. lan sapanêkare sami | paseban nulya bubaran | sêsowangan mantuk kabèh | ya ta wau kang lumampah | dyan arya kalih pisan | praptèng jawi kithanipun | kagyat wong desa kang miyat ||

37. marang lampahnya ing baris | akèh sami salah cipta | sinêngguh wadya sang katong | budhal anglurug andon prang | kang wus uningèng karya | wêwarah mring rowangipun | yèn lampahing wadyakuswa ||

38. mring desa Malawapati | jajahan [jajaha...]

--- 11 ---

[...n] wana ing roban | prasamyarsa nyambutgawe | yun kinarya praja enggal | karsane jêng sri nata | arsaapindhah karatun | lêga tyase kang jinarwan ||

39. kunêng punggawa kêkalih | kang lumampah mring Malawa | tan winarna rêroncène | sasolahira nèng marga | cinêndhak sampun prapta | ing Malawa ingkang dhusun | amung kèndêl sawatara ||

40. wusnya rêrêm sawatawis | dyan arya kalih gya prentah | maring para panêkare | lawan wadya kartipraja | kinèn miwiti samya | panambuting karyanipun | ywa mingkuring pringgabaya ||

2. Pangkur

1. adan lêkas nambutkarya | wadyabala tan ana wigah-wigih | dèn pranata tindakipun | bêbah-bêbahan karya | para wadya panambuting karya sêngkut | wênèhana babat wana | ana ingkang mradin siti ||

2. wênèh sami ngukur kitha | nyipat marga ngukur calon jro puri | sagolong-golonganipun | tan worsuhing pakaryan | samya [sa...]

--- 12 ---

[...mya] grêgut lir pendah amagut pupuh | rame gumuruh swaranya | sagon-gon kèbêkan dening ||

3. janma ingkang nambutkarya | sigêg para wadya kang nambutkardi | gantia ingkang winuwus | nagri ing Yawastina | Sri Narendra Sariwahana duk nuju | karsa miyos sinewaka | anèng bale păncaniti ||

4. kadya adat saban-saban | wadyabala kang sami sowan nangkil | dene kang kaparêk ngayun | Kyana Patih Sunjaya | lagya eca sang nata imbal pamuwus | kasaru wau praptanya | putra kalihan sang aji ||

5. Narendra Mêndhangkamulan | dumarojog anjujug păncaniti | Dyan Kalisara ranipun | anjujug kyana patya | ya ta kagyat narendra rikala dulu | praptane Dyan Kalisara | wangune ngêmu wigati ||

6. ingawe marang sang nata | majêng nêmbah wau kang lagya prapti | sang nata nambramèng wuwus | wusing paring pambagya | sri narendra nulya lon andikanipun [andi...]

--- 13 ---

[...kanipun] | yayi Arya Kalisara | paran wigatinta prapti ||

7. anèng praja Yawastina | ingsun sawang kaya gita sayêkti | kang dinangu nêmbah matur | dhuh batharaning jagad | prapta ulun atur uningèng sang prabu | yèn pamanta kangjêng rama | lawan ibu pramèswari ||

8. kêkalih wus samya muksa | dene jalarannya wus katur sami | purwa madya wêkasipun | tan ana kalangkungan | ya ta wau Sang Sariwahana Prabu | lan sagung para punggawa | duk mirêng aturirèki ||

9. putrendra Mêndhangkamulan | langkung kagyat ing tyas èsmu prihatin | karêrantan muksanipun | risang prabu kalihan | lawan garwa wêkasan samya pinupus | pêpasthèningabathara | sang nata gya nabda manis ||

10. ngêngimur Dyan Kalisara | mrih lipuring driya ingkang prihatin | Dyan Kalisara andhêku | tampi dhawuh narendra | sanalika wus lêjar ing manahipun | Sang Prabu Sariwahana | tandya ngandika mring patih ||

--- 14 ---

11. hèh uwa Patih Sunjaya | samuksane paman sri narapati | Mêndhangkamulan puniku | samêngko karsaningwang | kang sun angkat gumantya jumênêng ratu | sutane jalu kang aran | Dyan Kalisara puniki ||

12. lan ingsun paringi nama | Sang Aprabu Kalisara prayogi | Patih Sunjaya wotsantun | sandika aturira | nulya dhinawuhkên marang kang jinunjung | sira Arya Kalisara | sandika dyan majêng aglis ||

13. mangaras padaning nata | wus winulang liring rèh madêg aji | Prabu Kalisara dhêku | nulya matur manêmbah | dhuh pukulun yèn wontên lilah sang prabu | amba nyuwun badhe bela | andhèrèk pindhah nagari ||

14. kang ulun pilih tan têbah | maksih jroning laladan Mêndhang nagri | aran dhusun Sanasèwu | ya ta Sri Yawastina | langkung suka maluyèng sabda jumurung | kalawan nuli kalilan | budhal mantuk mring prajèki ||

15. ywa suwe nèng Yawastina | awit arsa samêkta [samê...]

--- 15 ---

[...kta] pindhah nagri | kang sinung sabda anuwun | manêmbah tur sandika | duk samana têlas sabdane sang prabu | nulya jêngkar angadhatyan | paseban bubaran sami ||

16. kya patih sakancanira | sowang-sowang mantuk wismanta sami | ya ta sigêg kang winuwus | duk ing antara căndra | Kyana Patih Sunjaya mèngêt ing kalbu | yun nusuli kang punggawa | kang gumilir nambutkardi ||

17. maring dhusun ing Malawa | sigra dhawuh abdi kinèn nimbali | Arya Prabasana iku | lan Arya Sindupatya | aywa kari kabèh sapanêkaripun | dèn sikêp rumanti karya | mêsat abdi kang tinuding ||

18. tan dangu arya kalihnya | sampun kerit ngarsèng sang nindyamantri | lawan sapanêkaripun | nulya dwi dhinawuhan | samya kinèn gilir ing pakaryanipun | maring dhusun ing Malawa | wus sinung prabeyèng kardi ||

19. arya kalih tur sandika | sampun pamit kalilan budhal sami | mêdal sing patihan sampun |

--- 16 ---

nyarêngi bidhalira | Sang Aprabu Kalisara kang yun kondur | mring praja Mêndhangkamulan | ing ênu datan winarni ||

20. kang gilir maring Malawa | anèng purug sewang-sewangan margi | lan Kalisara Sang Prabu | mêne tan kawursita | sampun lêpas punggawa dwi lampahipun | gantia kang ginupita | praja Yawastina malih ||

21. Sang Prabu Sariwahana | miyos anèng păncaniti tinangkil | para wadya pêpak sampun | kang samya ngabyantara | datan siwah lawan ngadat sabanipun | ya ta dèrèng imbal sabda | Sariwahana Sang Aji ||

22. katungka ing praptanira | caraka sing Madurarêja nagri | punggawa dwi kang ingutus | namarya Sarabisa | Arya Sariwahana kêkalihipun | amundhi ingkang nawala | saking Prabu Suranadi ||

23. jujug Dyan Patih Sunjaya | ngaturakên sasolahnya tinuding | ya ta risang manindya nung | gupuh marêk ing nata | ngaturakên yèn wontên cundakanipun | ari nata ing Madura | Sang Aprabu Suranadi ||

24. praptanipun [praptanipu...]

--- 17 ---

[...n] mundhi sêrat | langkung kagyat Sri Sariwahana Ji | nawala sampun pinundhut | binuka sinuksmèng tyas | bêbukane atur sêmbah bêkti ulun | rinta ing Madurarêja | Sang Aprabu Suranadi ||

25. konjuk ing pada paduka | kakang prabu nata dibya di murti | Yawastina ratu agung | Prabu Sariwahana | sasampuning makatên ing wiyosipun | kawula atur uninga | yèn uwa sri narapati ||

26. Sang Mahaprabu Wirastha | sampun praptèng wêwatêsing prajangji | dumugining muksanipun | datan sarana gêrah | wusnya têlas sang nata pamaosipun | katon sulaking wadana | ngêmbêng waspa sru prihatin ||

27. sêrat gya ngunculkên marang | Kyana Patih Sunjaya tinupèksi | gantya-gantya lawan sagung | sanggyaning pra punggawa | wusnya wradin sadaya pamaosipun | sadaya ngungun ing driya | wêkasan bela prihatin ||

28. ya ta wusing samantara | Sri Narendra [Na...]

--- 18 ---

[...rendra] Sariwahana agling | maring sang mantri pangayun | hèh wa Patih Sunjaya | mungguh pamuksane uwa sang aprabu | Wirastha Madurarêja | saka ing panduga mami ||

29. ingkang dadya jêjalaran | ingsun wori lawan sutanirèki | Suranadi yayi prabu | anèng Madurarêja | kang mangkana nora rêna galihipun | saking rupaking pamanggya | tinêmah muksa ngendrani ||

30. dhêku sang nayaka waktra | matur nêmbah nglêrêskên sabda aji | ya ta wau sang aprabu | malah ngandikèng patya | hèh wa patih apa uwa sang aprabu | datan tilar waris putra | Patih Sunjaya wotsari ||

31. dhuh gusti jêng narèswara | yèn wontêna têtilaripun siwi | yêkti rayi tuwan sampun | ngaturakên pratelan | kawrat sêrat sarêng sanalika wau | nata manggut angandika | yèn mangkono hèh wa patih ||

32. ngularana waris prênah | kadang naking-sanak utawa maning | kaponakan tuwin putu |

--- 19 ---

lamun wus antuk nulya | ladèkêna konjuk maring ngarsaningsun | kya patih matur sandika | ya ta wau sri bupati ||

33. dhawuh maring Sang Bagawan | Wasusarma kinèn akarya tulis | kang kinarya angsul-angsul | maring Madurarêja | tur sandika Rêsi Wasusarma sampun | nênurat sakêdhap dadya | gya konjuk mring sri bupati ||

34. winaos sinuksmèng driya | sampun cocog saraosing kang tulis | nawala tandya tinutup | pinaringakên sigra | maring duta ing Madurarêja iku | lan cundaka dwi ginanjar | brana busana waradin ||

35. dalah sapanêkarira | ingkang tampi suka anuhun sami | wusnya kang sêrat sul-angsul | tinampèn amit nêmbah | wus kalilan caraka dwi budhal sampun | ya ta sapungkuring duta | nata kang maksih siniwi ||

36. nglajêngkên imbal wacana | lawan sira Sunjaya Sang Apatih | samangkana gya kasaru | praptanira Sang Arya | Wirabadra lan Arya Sindusenèku [Sindusenè...]

--- 20 ---

[...ku] | kang saking dhusun Malawa | murwani manambut kardi ||

37. maksih mêningi sewaka | samya jujug pasowan păncaniti | kagyat wau sang aprabu | miyat kang sami prapta | langkung suka ingawe umajêng sampun | arya kalih awotsêkar | lir sarkara nèng ngarsa ji ||

3. Dhandhanggula

1. arya kalih wusnya marêk sami | munggwing byantaraning sri narendra | sang nata gya dangu age | hèh priye wartanipun | dèn ta padha anambutkardi | maring dhusun Malawa | apa kiranipun | bisa mèmpêr Yawastina | kang sinabdan umatur saha wotsari | dhuh gusti kang minulya ||

2. sing pangèstu paduka mênawi | malah nglangkungi ing Yawastina | bagus myang panjang wiyare | tanapi asrinipun | kados sampun tan nguciwani | rêrakit myang wangunan | sami langkung bagus | sang nata kalane myarsa | mring ature wau risang arya kalih | dahad êntyarsèng driya ||

3. dènnya sagêd kasambadan karsi | dènirarsa mangun kitha enggal |

--- 21 ---

anocogi lan galihe | têmah sakala wau | risang arya kêkalih sami | ginanjar busanarta | myang warastra agung | wradin sapanêkarira | langkung suka kang tampi sihing narpati | ya ta sri naradipa ||

4. nulya jêngkar kondur ngênyapuri | ing paseban Kya Patih Sunjaya | lan punggawa panêkare | bubaran samya mantuk | sigêg gantya ingkang winarni | ingkang gilir pakaryan | mring Malawa dhusun | sira Arya Prabasana | kanthi lawan sira Arya Sindupati | sami sapanêkarnya ||

5. wiwit prapta lajêng nambutkardi | sakancane wadya kartipraja | tanpa kêndhat sadinane | tan kêmba tambah sêngkut | wênèh dalu yèn padhang sasi | kèh para wadyabala | kang sami anglêmbur | bêbahane sowang-sowang | saking daya-daya palêstaning kardi | marmanta dèrèng lama ||

6. pakaryaning kitha wus mèh dadi | kantun nganti adêging purendra | dalah sauparênggane | kira satêngah taun | wus sampurna adêging [a...]

--- 22 ---

[...dêging] puri | ya ta tan rinancana | rèhing pra wadya gung | kang sami anambutkarya | kunêng mêne ingkang ginupita malih | praja ing Yawastina ||

7. nujya ari Soma Manis enjing | sira Sang Prabu Sariwahana | akarsa miyos pamase | sineba ing wadya gung | munggwing bale ing păncaniti | kadya ing saban-saban | lênggah dhampar murup | wus pêpak wadya kang sowan | duk ing wau sang nata ngandika maring | risang nayaka waktra ||

8. hèh wa patih apa ta ing mangkin | bocah ingsun pamagang wus ana | kang widakda saliring rèh | gêlaring aprang pupuh | putus titi ring pramaniti | kang wus pantês ngong angkat | dadya punggawa gung | ya ta dyan Patih Sunjaya | matur nêmbah dhuh pukulun jêng dewaji | abdi tuwan pamagang ||

9. ingkang sampun kawula priksani | sawêg wontên kêkalih walaka | ingkang pantês upamine | tampi nugrahèng prabu | winisudha ing pangkat nênggih | dadya punggawèng nata |

--- 23 ---

inggih sutanipun | sira Arya Wirabadra | apêparap Dyan Grêndakalawan malih | sutarya Sindusena ||

10. Radyan Wirasena awêwangi | kalihipun wus prasamya limpat | putusing rèh wêwekane | wantêr prayitnèng kewuh | tatag tangguh ngadoni jurit | tan kewran wrining gêlar | sandi agal lêmbut | wirotamambêg tyas arja | yèn saèstu jêng paduka arsa galih | yêkti langkung sayogya ||

11. kados sampun botên nguciwani | lan paduka têtêp tyas tamarja | milanta makatên lire | Radyan Grêndaka wau | sutanipun jalu sayêkti | dening Dyan Wirabadra | myang patutanipun | saking rakanta sang rêtna | arum-arum Kusuma YuMahanari | putri Sri Gêndrayana ||

12. ing sabotên-botênipun gusti | yèn kapirêng ing raka paduka | ing Widarba sayêktine | suka panggalihipun | pulunanta kang wontên ngriki | sinung ing kawiryawan | paduka sinêbut | mêngku tyasing [tya...]

--- 24 ---

[...sing] kautan |[4] angurmati mring kulawangsanirèki | rakanta Sri Widarba ||

13. dene lamun Dyan Wirasenèki | yèn èstua pinangkat punggawa | datan kuciwa yêktose | tuwan yêkti sinêbut | amèngêti lêlabêt nguni | duk Patih Danurwedha | lampahan ing dangu | rikala eyang paduka | Mahaprabu Yudayana ngantos dugi | uwa paduka nata ||

14. Prabu Gêndrayana kala maksih | akadhaton ing nagri Ngastina | Dyan Dhanurwedha labête | lena madyèng prang pupuh | nanggulang prang mungsuh rasêksi | sira ditya Drawaya | tan mingkêt sarambut | Kyana Patih Danurwedha | angrungkêbi karaton nêmahi lalis | nuhoni trah utama ||

15. prandosipun darahe samangkin | Arya Danurja lawan Sindurja | yèn katimbang lêlabête | lêluhurirèng dangu | kawiryane dèrèng nyêkapi | amung pangkat punggawa | lawan malihipun | ramanipun kalih pisan | ing samangke [sa...]

--- 25 ---

[...mangke] wus katon damêle sami | dènnya wus lêbda karya ||

16. amurwani pakaryaning nagri | ing Malawa botên pindho karya | dènnya ngreka rêrakite | cocog lan karsa prabu | sampun botên amadal sumbi | têlas ing aturira | sira sang nindya nung | Sang Bagawan Wasusarma | nambung sabda umatur marang sang aji | dhuh gusti sri narendra ||

17. mugi linêpatna tulah sarik | dene ulun dahat cumanthaka | kamipurun nêrangake | munjuk ing ngarsa prabu | lêrêsipun pamagang katri | kapantês winisudha | kajunjung ing luhur | pinangkat dadya punggawa | ingkang kalih lêrês kang sampun jinarwi | dening Patih Sunjaya ||

18. dene mênggah jangkêpipun katri | sutanipun dyan patih priyăngga | Dyan Sudigda kêkasihe | kalêrês arinipun | dening Radyan Arya Sunjali | putus pratomèng sastra | wêweka winêngku | parikramambêg budyarja | saliring rèh jaya kawijayan ngênting | prawira

--- 26 ---

măndraguna ||

19. duk miyarsa wau sri bupati | mring ature Rêsi Wasusarma | gumujêng arum sabdane | hèh kalingane iku | si wa patih dhapur masangi | kala cipta sasmita | marang jênêng ingsun | yèn mangkana wus tan ana | wong sarjana sujanambêk sadu budi | sudibya wirotama ||

20. tumpêg tumpuk wus dadya sawiji | anèng tyase wa Patih Sunjaya | tangèh ana timbangane | ya ta sang mantri anung | dupi myarsa sabdanira ji | dahat ingalêmbana | netya gung sinamun | nganglangi pringganing driya | bokmanawi cinoba dening sang aji | yèn kongsi kawatgata ||

21. sukaning tyas têmah tibèng nisthip | mila wau sang nayaka waktra | mung andhêku sadangune | ya ta wau sang prabu | nabda malih hèh uwa patih | bocahmu pamagangan | timbalana maju | katri maring ngarsaningwang | tur sandikan[5] dyan patih sampun nimbali | tan dangu kerit samya ||

22. munggèng ngarsanira sri bupati | sang iswara malih [ma...]

--- 27 ---

[...lih] angandika | hèh wa patih ing samangke | dhawuhna mring wadya gung | yèn samêngko sutanirèki | kakang Arya Sudigda | sun junjung ing luhur | sinêngkakkên saking ngandhap | dadya bocah punggawa kang mangarêpi | wadya pranitidata ||

23. angampila pangawasa mami | matrapake kukum ngadil ingwang | dene ta si kulup kuwe | Arya Grêndaka iku | ingsun angkat punggawa dadi | pangarsaning wadyèngwang | sêsêliran iku | de Si Arya Wirasena | ingsun junjung punggawa anguwasani | rajabranartèng pura ||

24. lêbu wêtune kudu ngawruhi | de aran lan sêsêbutanira | ya padha lêstari kabèh | Arya Sudigda iku | lawan Arya Grêndaka tuwin | Dyan Arya Wirasena | têlas sabda prabu | Rêkyana Patih Sunjaya | tur sandika tandya dhinawuhkên maring | katri kang winisudha ||

25. lan sanggyaning wadya kang sumiwi | pra punggawa umatur sandika | samya angèstrèni kabèh | ya ta kêpyakira wus | katri [ka...]

--- 28 ---

[...tri] ingkang winisudhèng sih | nulya majêng anêmbah | ngaraspada prabu | wusnya têlas sabdèng nata | tandya jêngkar kondur marang jroning puri | dene ing panangkilan ||

26. kyana patih sarowange sami | samya mantuk asowang-sowangan | mring wismane dhewe-dhewe | ya ta ingkang winuwus | dupyantara samadya sasi | nuju ing arinira | GaraKasihipun | Sang Prabu Sariwahana | eca sare tinêngga dening garwa ji | kusuma pramèswara ||

27. jroning nendra supêna sang aji | aningali tirta agêng prapta | angêlèbi dharatane | tanêman akèh lêbur | sri narendra sajroning galih | dahat pangungunira | tan dangu we mirut | sirna sat nulya na prapta | prahara gêng wrêksa kèh katêmpuh ngangin | pang sêmpal kapêrapal ||

28. rone rontog blasah tibèng siti | nata ebat sajroning wardaya | tan dangu prahara lèrèn | sirna nir labêtipun | tan watara [wa...]

--- 29 ---

[...tara] ana kaèksi | dahana gêng kalintang | marap murap-murup | yayah sundhul dirgantara | sri narendra èsmu maras jroning galih | gugup aguragapan ||

29. têmah wungu sing nendra sang aji | saking sangêt gêtêr tarataban | dyah pramèswari nulya ge | kagyat raka tinubruk | sinungkêman lan matur aris | têtanya mring rakendra | nihanta turipun | dhuh pukulun sri narendra | wontên paran tuwan wungu saking guling | de sangêt guragapan ||

30. sang iswara dupyèngêt ing galih | langkung ngungun dangu tan ngandika | wêkasan arum sêbdane | hèh nimas ariningsun | wruhanira mau ngong ngimpi | sadaya wus winêdhar | ing supênanipun | maring dyah rêtna dayita | amiwiti kongsi prapta amêkasi | tan wontên kalangkungan ||

31. sang kusuma pramèswari dupi | amidhangêt sabdaning rakendra | ngungun dahat sungkawane | nyipta supênan wau | wahanane kirang prayogi [prayo...]

--- 30 ---

[...gi] | sang nata myat ing garwa | kawistara giyuh | nulya nabda manuhara | anglêlipur maring kang garwa mrih lilih | duhkitaning wardaya ||

32. dhuh yayi mas aywa ta prihatin | ngèngêtana janma marcapada | titahing jawata kabèh | yêkti wajib anglindhung | mring karsaning dewa linuwih | sabarang lêlampahan | ala lawan ayu | manusa darma lumakya | mati urip papa mulya atas saking | karsaning abathara ||

33. sang dayita Rêtna Rarasati | duk miyarsa sabdaning narendra | sakala lêjar galihe | ya ta datan winuwus | rêroncène rikala ratri | samana wus praptenjang | sri iswara gupuh | ngutus kêkalih pawongan | animbali Dyan Sunjaya Kyana Patih | lan Rêsi Wasusarma ||

34. enggal-enggal kerita mring puri | pawongan kalih nulya umêsat | mêdal saking jro purane | gêgancangan ing laku | tan antara kalih wus kerit | umanjing dhatulaya | pratingkahnya [pra...]

--- 31 ---

[...tingkahnya] gugup | kalih kang samya ngandikan | narka lamun jroning pura ana kardi | praptaning byantarendra ||

35. gya ngandika wau sri bupati | marma karo ngong timbali padha | mring jro pura age-age | ana wigatinipun | iya arsa ingsun wartani | impèn ingsun rikala | nendra mau dalu | dahat eloke kalintang | kang wiwitan sapisan ingsun ningali | banjir gêng ingkang prapta ||

36. bangêt gawok sajroning tyas mami | dene banjir ngêlèbi dharatan | têtanêman rusak kabèh | mati kinêlêm banyu | wusnyantara iku kang warih | sirna sat tan karuwan | tan watara dangu | prahara gêng ingkang prapta | bayu badra lir pinusus gêgirisi | nêmpuh kang wrêksa-wrêksa ||

37. akèh sêmpal pang kaprapal tapis | rone rontog lir uwuh nèng kisma | sasirnaning angin gêdhe | datan nganti sapangu | ingsun bangêt kagèting ati | umiyat dahana narda |[6] marap-marap murup | yayah sundhul [sundhu...]

--- 32 ---

[...l] ngantariksa | kongsi tumus kagèt ingsun têmah tangi | lan bangêt garagapan ||

38. yayi pramèswari durung guling | maksih lungguh anèng kanan ingwang | umyat ingsun èsmu kagèt | gita ingsun tinubruk | lan têtanya paran sumarmi | ngong wungu garagapan | ingsun tan sumaur | saking tyas maksih tab-taban | wusnya èngêt pungun-pungunku kapati | dene jêbul supêna ||

39. ingsun sidhêp kabèh kang ngong èksi | kadya yêkti katon wêwentehan | basa wus watara suwe | ingsun lagi sumaur | amangsuli ing yayi dèwi | ngong jarwakke sadaya | mungguh impèn mau | yayi sori duk miyarsa | sajar ingsun sêmune bangêt prihatin | lah bapa Wasusarma ||

40. jarwanana kabèh impèn mami | wahanane bêcik lawan ala | aturêna dipun barès | aywa nganggo pakewuh | marga bapa ing karsa mami | yèn ilapate ala | kênaa [kê...]

--- 33 ---

[...naa] ngong suwun | mring jawata kang winênang | aparinga pangaksama maring mami | tulusing widadarba ||

41. ya ta wau sang rêkyana patih | lawan Sang Bagawan Wasusarma | duk myarsa nata sabdane | kalih dahat angungun | jroning driya sami prihatin | wêkasan Sang Bagawan | Wasusarma matur | dhuh gusti kang binathara | ulun badhe ngunjukakên kang pamanggih | wontên ngarsa sri nata ||

4. Sinom

1. dhuh gusti kang binathara | mênggah supênan puniki | sapisan tuwan umiyat | kanang tirta agêng prapti | banjir bandhang ngêlèbi | pasabinan myang têtalun | tanêman samya pêjah | ing pambatang kula gusti | Yawastina badhe kataman bancana ||

2. sangsara awis kang têdha | sangêt dènira pacêklik | kawulanta wong sapraja | rêkaos pangupabukti | têmahan kathah lalis | jalaran kalapanipun | myang ambyur ting salêbar | ngungsi maring lèning nagri | kang sakintên murah sandhang [sa...]

--- 34 ---

[...ndhang] lawan têdha ||

3. riwusing pacêklik mêndha | nulya supênan ping kalih | paduka umyat prahara | angin gora gêgirisi | wrêksa gêng-agêng sami | kang katêmpuh dening lesus | pang sêmpal kapêrapal | ron rontog tumibèng siti | kang makatên gusti ing pambatang amba ||

4. tan dangu watawisira | lawan bêbaya pacêklik | praja tuwan kadhatêngan | pagêblug agêng sayêkti | kang sakit wêdal enjing | sontênipun têmah lampus | kang sontên sakitira | enjingipun yêkti lalis | saking dening kathahipun kang pêpêjah ||

5. bangke kongsi tan kawratan | kabucal ing margi-margi | tan kobêr maring pasetran | ingkang gêsang têmah giris | miris lumayu ngungsi | mring praja ing sanèsipun | ri sampuning bêbaya | pagêblug nulya ginanti | wahananing supênan ingkang pamungkas ||

6. sasirnaning kang prahara | tuwan nuntên amriksani | wontên dahanarda prapta |

--- 35 ---

murup asundhul wiyati | punika tan wêtawis | lawan sirêping pagêblug | paduka sri narendra | kados badhe anglampahi | ambrawala ngadoni bratayudarda ||

7. de asor ungguling aprang | punika taksih piningit | gumantung karsèng jawata | ngalamatnya dèrèng kèksi | ya ta sri narapati | kalih lawan sang nindya nung | duk myarsa warsitanya | Risang Wasusarma Rêsi | langkung ngungun wêkasan samya sungkawa ||

8. ginagas saya karasa | myang arda dènnya prihatin | têmah katri ngêmbêng waspa | dangu-dangu sami lilih | pinupus lan ngèngêti | sadaya manusa iku | titah amung sadarma | lumampah amung nglampahi | ala ayu manglindhung karsèng jawata ||

9. sawusira kang mangkana | sang nata tandya nabda ris | hèh uwa Patih Sunjaya | prentahêna wadya mami | dalah kawula alit | dèn ngati-ati ing laku | kang padha bêbakulan | tanapi kang among

--- 36 ---

tani | panganggone rajadarbe dèn watara ||

10. aywa brah-brèh tanpa duga | sabarang dèn sarwa iwit | lawan dèn padha rumêksa | ring kasarasaning dhiri | boga kang kira dadi | panyakiting badanipun | padha dèn singkirana | lawan kabèh wadya mami | gêgulanga saulah kridhaning yuda ||

11. lawan maning parentahna | mring wong sapraja kang wradin | wiwit mêngko dipun samya | nêmên padha anglakoni | panêmbah mring dewa di | kang mangkono pedahipun | antuka pangaksama | sakèh ilapat tan bêcik | ywa tumiba wuk dening laku mangkana ||

12. sanadyan ta dhumawaha | angamungna sawatawis | aja sangêt sinangsaya | têlas dhawuhnya sang aji | wau sang nindyamantri | lan Sang Wasusarma Wiku | samya matur sandika | wus kalilan mêdal sami | saking pura samya mantuk sowang-sowang ||

13. tan winarna duk samana | Dyan Sunjaya Kyana Patih | wus wradin parentahira | mring

--- 37 ---

wadya myang kawula lit | kya patih dènnya mardi | maring sagung punggawa gung | ulah gêlaring yuda | ing tingkah datan winarni | mêne gantya kinocap nagri Widarba ||

14. Sang Prabu Jayapurusa | lan kang garwa pramèswari | lagya nuju pinarakan | nèng madyaning dalêm puri | pinarak para putri | andhèr pawongan ing ngayun | dèrèng ngantos sang nata | imbal sabda lan kang rayi | Dèwi Sara kusuma rêtna dayita ||

15. kasaru panampinira | palapuranira saking | sira Dyan Arya Suksara | wigatine tur upaksi | lamun ramanirèki | Dyan Sutiksna sang nindya nung | duk wau gagat enjang | muksa jalaranirèki | roganira kang wus koningan sang nata ||

16. nanging sawusira muksa | tilas pasutanirèki | wontên cahya gêng sakonang | sunaripun anêlahi | sumunu sulak wêning | madhangi sakubêngipun | jro wisma kapatihan | kèdêr kasorotan dening | cahya [cah...]

--- 38 ---

[...ya] ingkang sumunu gêngnya sakonang ||

17. kagyat sang naraiswara | duk wau kalane myarsi | muksane Patih Sutiksna | langkung sungkawaning galih | wau ta pramèswari | duk myarsa yèn ramanipun | Kyana Patih Sutiksna | wus praptèng muksanirèki | lajêng anjrit sang rêtna kantakèng kisma ||

18. Sang Prabu Jayapurusa | saya putêk ing panggalih | kang garwa sinambut sigra | ingimur ingarih-arih | kinèn mupus yèn pasthi | karsèng jawata linuhung | kalawan sinung sabda | arsa binêkta tumuli | tindak mêdal maring dalêm kapatihan ||

19. ya ta sang rêtna dayita | myarsa dhawuhing raka ji | kèndêl ing pamularira | jroning galih sampun lilih | tandya sang nata aglis | dhawuh arsa tindakipun | marang ing kapatihan | sigra têdhak sri bupati | sakalihan lawan garwa Dèwi Sara ||

20. duk miyos ing dhatulaya | ginarêbêg para putri | praptaning pasowan jaba | pra punggawa [pungga...]

--- 39 ---

[...wa] ingkang sami | badhe dhèrèk sang aji | mring patihan sampun kumpul | dupi wau narendra | dumuginirèng sitinggil | pra punggawa garêbêg wingking narendra ||

21. rawuhira kapatihan | laju nata manjing panti | lan garwa dyah pramèswara | jujug doning kang cahya di | Dyan Suksara umiring | lan punggawa sanggyanipun | samya ayun uninga | kaelokan kang kaèksi | sang iswara lan garwa myang pra punggawa ||

22. kagyat duk umiyat cahya | sakonang sumunu wêning | sami langkung kagawokan | kaelokaning dewa di | ya ta ponang cahya di | wusnya koningan sang prabu | lan garwa Dèwi Sara | sorot mirut dadya alit | wusing kantun samrica binubuk gêngnya ||

23. plas sirna tanpa karana | nulya na swara kapyarsi | jumêgur ing dirgantara | kadya rêbah ingkang langit | yèku pratăndha yêkti | katrima pamuksanipun | Kyana Patih Sutiksna |

--- 40 ---

gègèr kang samya miyarsi | wong sapraja narka yèn bêbaya prapta ||

24. sang nata lan pra punggawa | rikalanira umèksi | sirnaning wau kang cahya | nulya na swara kapyarsi | jumêgur ing wiyati | yayah kang galudhug sèwu | samya ngungun ing driya | wasana sri narapati | nulya dhawuh maring Dyan Arya Suksara ||

25. dèn samêkta cêcaruhan | lawan dupa wangi-wangi | măngka panutur kamuksan | Dyan Suksara awotsari | sandika wus miranti | ing saupakartinipun | wusing sinidhikara | pra pandhita myang maharsi | sanggyanira mujamantrastuti samya ||

26. tan dangu wus paripurna | cêcaruhan wus binagi | mring sagung para pandhita | tanapi punggawa mantri | sadaya wus waradin | ya ta mêne sang aprabu | gya dhawuh mring punggawa | hèh sagung pra wadya mami | piyarsakna ing mêngko karsa manira ||

27. kang wus kaidèn ing dewa | samuksane uwa patih | mêngko kang ingsun wisudha | ingsun junjung anggêntèni [anggê...]

--- 41 ---

[...ntèni] | dadya warăngka mami | Si Arya Suksara iku | manira sungi aran | Patih Suksara prayogi | lawan ingsun srahi among mêngku praja ||

28. satalatahing Widarba | dalah sataluke sami | hèh ta sagung wadyaningwang | padha ngèstrènana sami | lawan ngidhêpa tuwin | manut saparentahipun | sing sapa kang suwala | antuk sapudhêndha mami | ngong pidana kadi pidanèng durjana ||

29. sagunging kang wadyakuswa | sadaya umatur pêksi | manêmbah matur sandika | ya ta sang winisudhèng sih | sawusnya dèn èstrèni | majêng ngaraspadèng prabu | nulya nata lan garwa | jêngkar kondur ngênyapuri | Kyana Patih Suksara sakancanira ||

30. dhèrèk kondurnya sang nata | tan dangu wus sami bali | ngumpul anèng kapatihan | wau risang nindyamantri | minta rêmbage sami | mring punggawa sêpuh-sêpuh | paran sayogyanira | ingkang lumampah tinuding | alêlayu maring nagri Yawastina [Ya...]

--- 42 ---

[...wastina] ||

31. tur uninga mring kang paman | Dyan Sunjaya Kyana Patih | warăngkendra Yawastina | rèh dede duta narpati | sintên pantês lumaris | yèn punggawa kang tinuduh | kados kirang prayoga | yèn ngutusa para mantri | têmah kusut nir parikramèng pêpatya ||

32. dangu dèrèng antuk manah | kang gumolong ing pamanggih | ya ta Sang Arya Danurja | sumêla matur mring patih | ki lurah yèn suwawi | kula piyambak lumaku | marang ing Yawastina | ngiras pantês atêtuwi | kadang kula yayi Dyan Arya Sindurja ||

33. ya ta Dyan Patih Suksara | duk nampèni turirèki | sira Dyan Arya Danurja | dahat dènira mambêngi | saking sandeyèng galih | rèh sang arya sampun sêpuh | bokbilih wontên marga | repot lêlampahan têbih | Sang Danurja adrêng ing panuwunira ||

34. dènnya lumaku dinuta | maring Yawastina nagri | ya ta dyan nayaka waktra | dangu-dangu mituruti |

--- 43 ---

wus konjuk sri bupati | nuwun ing palilahipun | sang nata wus maluya | panuwunnya dèn lilani | langkung suka sira Dyan Patih Suksara ||

35. sira Dyan Arya Danurja | wus binêktan ingkang tulis | lan winêling-wêling têrang | mênggah ijêmanirèki | ywa kongsi nguciwani | dèn wignya mêmalat kalbu | sira Arya Danurja | sandika srat wus tinampi | amit budhal lan sawadya panêkarnya ||

36. kang kantun ing kapatihan | Dyan Arya Suksara patih | lan sakănca pra punggawa | anulya bubaran sami | dyan patih malbèng panti | pra punggawa sami mantuk | mring wisma sowang-sowang | ya ta wau kang lumaris | Dyan Ariya Danurja sapanêkarnya ||

37. rêroncène anèng marga | cinêndhak datan jinarwi | duk samana lampahira | Dyan Arya Danurja prapti | ing Yawastina nagri | sigra manjing kithanipun | ing rikala punika | nujwari Rêspati Manis | Sri Narendra Sang

--- 44 ---

Prabu Sariwahana ||

38. nuju miyos sinewaka | munggwing bale păncaniti | kadya dening ngadat saban | pêpak kang sami sumiwi | Arya Danurja aglis | laju mring paseban agung | jujug rêkyana patya | matur yèn lampahirèki | dinuta ring sira Dyan Arya Suksara ||

39. kinèn ngaturkên nawala | kang sêrat sampun tinampi | dening Dyan Patih Sunjaya | kagyat wau sri bupati | umyat kang lagya prapti | sukèng tyas nabda andangu | hèh wa Patih Sunjaya | matakapèn kaya iki | ingkang prapta si kaki Arya Danurja ||

40. Rêkyana Patih Sunjaya | manêmbah aturira ris | lêrês tarkanta sang nata | èstu punika pun kaki | Arya Danurja prapti | Yawastina dipun tuduh | dening Arya Suksara | maring amba asung tulis | sêrat maksih tutupan konjuk sang nata ||

41. srat dèrèng kongsi binuka | narendra ngandika manis | lan ngawe Arya Danurja | kaki [ka...]

--- 45 ---

[...ki] dèn kapèrèng ngarsi | parêka lawan mami | Arya Danurja andhêku | gya majêng mring ngarsendra | sinambramèng ing pambagi | myang dinangu karaharjaning Widarba ||

42. dhêku Sang Arya Danurja | ngaturakên kang pawarti | satingkah katur sadaya | miwiti praptèng mêkasi | titi tan ana cicir | kagyat wau sang aprabu | lawan Patih Sunjaya | tuwin pra punggawa sami | duk miyarsa ature Arya Danurja ||

43. muksane Patih Sutiksna | sangêt pangungune sami | wêkasan samya sungkawa | angêmbêng waspane sami | ya ta sri narapati | sajroning sungkawa wau | sarwi ambuka sêrat | winaos sinukmèng galih | wusing tamat ragi lêjar galihira ||

44. tandya nata paring sabda | pangimur maring dyan patih | hèh uwa Patih Sunjaya | prakara muksanirèki | Uwa Sutiksna Patih | wus aywa rinasa iku | mupusa lamun titah | kapurba dening dewa di | mulya papa kudu gambuh tyas narima [nari...]

--- 46 ---

[...ma] ||

5. Gambuh

1. anadene puniku | kamuksane rakanta sawastu | luwih tama dene sajronira maksih | mêngku kawiryan linuhung | nugrahèng dewa sayêktos ||

2. kalawan malihipun | samuksane uwa sang nindya nung | ing samêngko karsane kakang sang aji | si kakang Suksara iku | ingkang jinunjung gumantos ||

3. dumadya patih anung | kaonang-onang mêngku praja gung | kawiryane tan ana kang dèn owahi | lir nguni duk ramanipun | sakêdhik tan ana seos ||

4. lah iki suratipun | mara coba wacanên dèn gupuh | sêrat tandya inguncalkên mring dyan patih | pustaka tinampèn sampun | sinuksmaya jroning batos ||

5. tamat pamaosipun | sêrat nulya ingulungkên gupuh | pra punggawa pamaose gênti-gênti | samya suka ing tyasipun | ilang lajêring prihatos ||

6. namung sang mantri anung | saya dangu sangsaya [sang...]

--- 47 ---

[...saya] margiyuh | karêrantan karaos lêlakyan wuri | tinitik galagatipun | tan eca yèn winiraos ||

7. karantên datan wurung | sasirnaning wadya sêpuh-sêpuh | ginantyanan narapraja kang taruni | nuntun rêngating sadulur | dènnya kêkadang praja ro ||

8. ing Yawastina besuk | lan Widarba bakal rêbut unggul | datan ana punggawa kang gêgendholi | mangkin mangajab ing kewuh | watak wantu băngsa anom ||

9. mila sang patih anung | Dyan Sunjaya sanalika wau | tyasnya adrêng arsa lèrèh sing palinggih | yun bagawan sêdyanipun | gya umatur mring sang katong ||

10. dhuh gusti sang aprabu | mugi sampun dadoskên bêbêndu | linêpatna ing sêsiku tulah sarik | yèn wontên lilah pukulun | amba nuwun sih sayêktos ||

11. lèrèh saking palungguh | amba ayun bagawan pukulun | Sri Narendra Sariwahana miyarsi | mring dyan patih aturipun | ing galih

--- 48 ---

èsmu prihatos ||

12. waluyèng sabda arum | hèh wa patih wong atuwaningsun | paran marma mangkono karêpirèki | apa tan wêlas maringsun | kang maksih truwilun yêktos ||

13. myang mudha dama punggung | salamine ngong mêngku kaprabun | kaèringan binathara nusa Jawi | tarlèn dayanta sawastu | ngong nata sadarmi lunggoh ||

14. paran mêngko kalamun | sira ninggal maring jênêng ingsun | datan wurung sinangsaya tyas gung atis | marma kalamun panuju | karsanta dipun sarantos ||

15. kya patih duk angrungu | maring sabdanira sang aprabu | ingkang dahat mêmalat mêmulêt ati | sakala galihe kêju | nyipta sêdyane kacanthol ||

16. mila kèndêl sapangu | sinamuning raosan lènipun | nging jroning tyas tansah nganam-anam budi | mrih kalimpe galihipun | sang nata dènira gendhol ||

17. marang ing sêdyanipun | lèrèh saking dadya patih anung | wusnya antuk nalar kinarya [kinar...]

--- 49 ---

[...ya] mlimpingi | nulya ngambali umatur | maring wau sang akatong ||

18. dhuh gusti sang aprabu | pami wontên dhêdhaharanipun | warni kalih lagya enggal kang sawiji | kang wus lungse sijinipun | pundi kinarsan kang yêktos ||

19. punapa kang wus layu | datanapi kang enggal puniku | sri narendra ngandika ingkang pinêsthi | milih kang anyar saèstu | mangkono jamake kang wong ||

20. kya patih nêmbah matur | lêrês dhawuh paduka pukulun | nanging èwêt badhe kang enggal binukti | yèn kang lungse maksih wujud | yêktine manah kêmeron ||

21. dene ta sagêdipun | kalampahan ing panyiptanipun | nêdya bukti têtêdhan kang enggal gusti | kang lami siningkir pungkur | kang têbih amrih tan katon ||

22. sang nata myarsa atur | wus kadhadha jroning galihipun | mring ature Dyan Sunjaya Kyana Patih | ing cipta sasmitanipun | wus katampèn mring sang katong ||

23. samangkana sang prabu | tandya [ta...]

--- 50 ---

[...ndya] dhawuh mring punggawanipun | hèh rêngênta sanggyaning punggawa mami | kaparênging karsaningsun | si uwa patih samêngko ||

24. ngong ingsêr pangkatipun | gone dadya ing warangkanipun | jumênênga raja pandhita jro nagri | ingsun paringi jêjuluk | Bagawan Sunjaya kaot ||

25. dene kang ingsun junjung | anggêntèni palungguhanipun | dadi tuwanggana Yawastina nagri | kakang Sunjali puniku | dene arane samêngko ||

26. Patih Sunjali patut | sakabèhe wadyabalaningsun | gêdhe cilik padha ngèstrènana sami | lawan ngidhêpa sêdarum | manut miturut sapakon ||

27. pra wadya punggawa gung | tur sandika sarêng saur manuk | ya ta wau sira Dyan Arya Sunjali | sawusnya ngestrenan sampun | gya marêk ngarsèng sang katong ||

28. mangaraspada prabu | wus winulang saliring rèhipun | pratikêling panindak mêngku praja di | amrih karaharjanipun | sandika kang tampi

--- 51 ---

dhawoh ||

29. anulya sang aprabu | jêngkar kondur umanjing kadhatun | kang sewaka sira Dyan Patih Sunjali | lan sapara kancanipun | pra punggawa samya bodhol ||

30. sami bubaran mantuk | sowang-sowang maring wismanipun | sira Arya Danurja arêrêm maring | ing wismane arinipun | Arya Sindurja makuwon ||

31. sigêg gantya cinatur | kacarita ing Malawa dhusun | kang kinarya praja enggal sampun dadi | wangun myang rêrakitipun | wus paripurna mirantos ||

32. kawarna duk ing wau | Arya Prabasana kang winuwus | kalih lawan sira Arya Sindupati | kang anèng Malawa dhusun | nalika surya wus ngayom ||

33. pakaryan sampun kukut | arya kalih pinarakan lungguh | nèng nataring dhatulaya dèn adhêpi | kang para panêkaripun | gunêm pakaryan wus dados ||

34. dènnyarsa saos unjuk | tur uninga mring kangjêng sang prabu | lamun mangke pakaryanira [pakarya...]

--- 52 ---

[...nira] wus dadi | sampat sarêrakitipun | pantês tan ana winaon ||

35. cumadhangnyadhang dhawuh | kadyaparan ing salajêngipun | ingkang dados kaparênging narapati | Arya Prabasana muwus | mring Dyan Sindupati alon ||

36. mênggah prayoginipun | ngutus kalih para mantrinipun | tur uninga maring Yawastina nagri | yèn pakaryan sampun rampung | binêktan sêrat kemawon ||

37. kalawan gambaripun | praja enggal sarêrakitipun | murih lêga galihe sri narapati | yèn sagêda sesuk esuk | duta dwi dimène bodhol ||

38. Dyan Sindhupati manthuk | kula dhèrèk ing karsa puniku | wusnya golong pamikire arya kalih | sigra dènira dhêdhawuh | mring mantri carik cumaos ||

39. Ngabèi Sastrabanyu | lawan mantri juru gambaripun | Ki Ngabèi Gunawicitra cumawis | kalih wus sinungan dhawuh | mring karsane arya karo [ka...]

--- 53 ---

[...ro] ||

40. sandika kang tinuduh | nyandhak krêtas ginarisan sampun | sarwa rikat sinêrat sakêdhap dadi | tuwin ing panggambaripun | sawêg sapanguwus dados ||

41. winulat langkung bagus | sinungging-sungging sapetakipun | ana ijo biru dadu miwah kuning | abang tuwa tuwin wungu | wênèhana pulas jambon ||

42. langkung adi dinulu | dhasar alus ing pakirtyanipun | sampun sami katur mring sang arya kalih | pustaka lan gambaripun | tinupiksa sampun condhong ||

43. ungêling sêratipun | myang warnining gambar langkung bagus | wus rinakit ingulêsan sutra kuning | gambar lan nawalanipun | ginandhèng dadya sawiyos ||

6. Kinanthi

1. wusnya srat rinakit sampun | sang arya nimbali aglis | mantri kalih majêng ngarsa | tandya samya dèn dhawuhi | yèn karo arsa dinuta | maring Yawastina nagri ||

2. budhala ing sesuk esuk |

--- 54 ---

sandika ingkang tinuding | lawan nampèni pustaka | kalih wus winêling-wêling | kang dadya ijêmanira | katur Dyan Sunjaya Patih ||

3. riwusing pitungkas rampung | mangkana kasaput ratri | sang arya kêkalihira | kondur amakuwon sami | pra mantrine sowang-sowang | mring pondhokannya pribadi ||

4. kunêng dalu tan winuwus | cinêndhak praptaning enjing | mantri kalih sampun bidhal | lancaran wahana wajik | wus lêpas ing lampahira | tan kawarna anèng margi ||

5. gantia ingkang winuwus | nagri Yawastina malih | nênggih dalêm kapatihan | sira Sang Patih Sunjali | duk lagya eca pinarak | munggwing madyaning pandhapi ||

6. ingadhêp andhèr ing ngayun | para pamagang myang abdi | dèrèng kongsi imbal sabda | kasaru praptanirèki | duta mantri kalihira | saking ing Malawa dèsi ||

7. ingawe majêng mring ngayun | dinangu wosing wigati | duta kalih aturira | kalamun samya tinuding |

--- 55 ---

dening Arya Prabasana | lan Dyan Arya Sindupati ||

8. kang wontên Malawa dhusun | wigatine atur tulis | maring Dyan Patih Sunjaya | miwiti praptèng mêkasi | ijêman katur sadaya | titi tan ana ngurangi ||

9. ya ta wau duk angrungu | mring aturing duta kalih | sira sang nayaka waktra | dahat sukaning kang galih | sêrat sampun tinampanan | ngalamat dèn tupiksani ||

10. ungêlipun taksih katur | maring Dyan Sunjaya patih | nulya risang mantrimukya | kondur malêbèng ing panti | marêk Bagawan Sunjaya | ngaturkên kang sêrat saking ||

11. Arya Prabasana wau | lawan Arya Sindupati | kang anèng dhusun Malawa | Bagawan Sunjaya aglis | nampèni kanang pustaka | binuka sinuksmèng galih ||

12. tamating pamaosipun | sang bagawan sukèng galih | sêrat pinaringkên sigra | mring kang putra radyan patih | duk winaos paripurna | langkung rêna nindyamantri [nindya...]

--- 56 ---

[...mantri] ||

13. nulya dandan kalihipun | sira Dyan Patih Sunjali | lan kang rama sang bagawan | ayun marêk ing ngarsa ji | maring jroning dhatulaya | wusing busana gya mijil ||

14. laju tindak sang nindya nung | lan ramarsa manjing puri | para mantri kapatihan | tuwin pamagangan kêrig | samya umiring sadaya | mring wau dyan nindyamantri ||

15. duta sing Malawa dhusun | binêkta marêk ngarsa ji | ya ta wau sang bagawan | lan putra Patih Sunjali | kandhêg pasowan jro pura | tur uninga sri bupati ||

16. ya ta wau sang aprabu | myarsa turing punggawèstri | langkung sukaning wardaya | gita kinèn animbali | laju manjing jroning pura | kang sinabdan mêsat aglis ||

17. lèngsèr praptèng jawi sampun | andhawuhkên mring dyan patih | lan Sang Bagawan Sunjaya | timbalane jêng sang aji | kinèn laju malbèng pura | kalih kerit mring ngarsa ji ||

18. manêmbah dèrèng sapangu | sira Dyan Patih [Pa...]

--- 57 ---

[...tih] Sunjali | nulya ngunjukkên nawala | saking Arya Sindupati | lan Sang Arya Prabasana | kang prasamya nambutkardi ||

19. wontên ing Malawa dhusun | sêrat wus konjuk narpati | sang nata mawas pustaka | cirining ngalamat maksih | muni maring Dyan Sunjaya | mèsêm wau sri bupati ||

20. lan sêrat binuka sampun | langkung kagyating panggalih | duk wau mirsani gambar | kang winor dadya sawiji | kalawan ingkang pustaka | dahat karênan sang aji ||

21. nawala winaos sampun | kadriya raosing tulis | gambar gung sinawang-sawang | munggwing ing asta sang aji | ya ta arum angandika | Sri Sariwahana maring ||

22. Dyan Sunjali sang nindya nung | hèh kakang Patih Sunjali | têka karo wasis padha | siwa Arya Sindupati | lan Si Arya Prabasana | pangrekane amantêsi ||

23. lawan iku padha durung | prapta wanci dèn giliri | pakaryan wus paripurna | yèn mangkono [mangko...]

--- 58 ---

[...no] kakang patih | nuli age kirimana | punggawa loro kang gilir ||

24. praptaning Malawa dhusun | siwa Arya Sindupati | lawan Arya Prabasana | padha dhawuhana sami | mulih maring Yawastina | dimèn pradandanan sami ||

25. ngrêrakit pangalihipun | kakang patih lawan malih | nuli padha dhawuhêna | marang sagung wadya mami | myang sagung kawulaningwang | wong ing Yawastina nagri ||

26. yèn samêngko karsaningsun | dèn padha ngaliha sami | marang ing desa Malawa | prajèngsun kang nêmbe dadi | nanging kakang dhisikêna | bocah ingsun magêrsari ||

27. lan barang rowa sadarum | uga angkatna kariyin | mungguh kang padha alihan | kabèh paringana sami | kang măngka prabeyanira | dene sagung wadya mami ||

28. padha barênga lan ingsun | besuk tindak ingsun ngalih | bocah magêrsari ingkang | padha ngalih andhisiki | sapraptane anèng kana | padha anjaluka [a...]

--- 59 ---

[...njaluka] sami ||

29. papan lawan prênahipun | marang ing punggawa mami | pangagênging nambutkarya | kang mranata myang ngrêrakit | pinta-pintaning we wisma | sagolong-golong pribadi ||

30. sandika kang tampi dhawuh | sira Dyan Patih Sunjali | riwusing têlas sabdendra | kalih gya linilan mijil | sira Bagawan Sunjaya | lan putra Patih Sunjali ||

31. kêkalih wus sami mundur | mêdal saking jroning puri | mantuk praptèng kapatihan | dhawuhkên dhawuh narpati | mring sagung para punggawa | myang kawula magêrsari ||

32. kang tampi undhang sadarum | mring dhawuh karsaning aji | sadaya matur sandika | ya ta Dyan Patih Sunjali | mijil kalih kang punggawa | ingkang dinuking panggalih ||

33. Dyan Arya Grêndaka iku | lan Dyan Wirasena kalih | wus marêk ngarsa dyan patya | kalih dhinawuhan sami | gilir marang ing Malawa | myang sampun winêling-wêling ||

34. sri narendra karsanipun | wangun rêrakite [rêraki...]

--- 60 ---

[...te] sami | jro pura lan jawi pura | aywa kongsi nguciwani | arya kalih tur sandika | wus samya dipun paringi ||

35. waragat prabeyanipun | gya budhal punggawa kalih | kathah kang nyarêngi lampah | para tiyang magêrsari | kang pangkat dhatêng Malawa | brangkatan saanak rabi ||

36. miwah rajakayanipun | andina-dina anggili | lumintu datanpa kêndhat | saking Yawastina ngalih | marang dhusun ing Malawa | prajenggal kang lagya dadi ||

37. tan winarna lampahipun | rêroncène anèng margi | cinêndhak lampahe prapta | kalih punggawa kang gilir | marang dhusun ing Malawa | Dyan Grêndaka lawan malih ||

38. Dyan Arya Wirasenèku | panggih lan Dyan Sindupati | lan Sang Arya Prabasana | wus pasrah-pasrahan kardi | ya ta ring wusnya mangkana | tandya kasaput ing ratri ||

39. bubar pra punggawa sagung | prasamya makuwon sami | tanapi para panêkar | mondhok sêsowangan sami | tan winarna

--- 61 ---

ratrinira | samana wus praptèng enjing ||

40. Dyan Arya Prabasanèku | lan Dyan Arya Sindupati | kêrig sapanêkarira | budhal kêbut mantuk sami | maring nagri Yawastina | tan pêgat samargi-margi ||

7. Mêgatruh

1. arya kalih kang saking Malawa dhusun | arsa mantuk mring nagari | Yawastina urut dlanggung | tansah misuka wadya lit | dènnya lumampah lon-alon ||

2. pra panêkar lawan wong pakathikipun | tan ngrasa sayah lumaris | dening suka manahipun | mangan minum urut margi | sakarêp-karêpe dados ||

3. wênèhana ura-ura angêngidung | tanapi ana mênyanyi | tangèh winursitèng wuwus | sukane ingkang lumaris | sigêg gênti winiraos ||

4. Yawastina Sri Sariwahana Prabu | nuju ri Rêspati Kasih | karsa sinewakèng wadu | anèng bale păncaniti | lir adat kang wus kalakon ||

5. wusnya miyos lênggah ing dhampar mas murup | andhèr pêpak [pê...]

--- 62 ---

[...pak] kang sumiwi | dene kang kaparêk ngayun | sira Dyan Patih Sunjali | dèrèng ngantos sang akatong ||

6. imbal sabda kasaru ing praptanipun | Arya Prabasana tuwin | Arya Sindupatinipun | sapanêkarira sami | jujug panangkilan karo ||

7. duk andulu wau sira sang aprabu | praptane arya kêkalih | langkung sukanirèng kalbu | ingawe wus majêng sami | cakêt munggwing ngarsa katong ||

8. gya dinangu ing sasolah tingkahipun | dènira anambutkardi | anèng ing Malawa dhusun | tanapi sawusnya dadi | arya kalih awotsinom ||

9. duk ing wau kang dadya pangajêng atur | Dyan Arya Prabasanèki | matur ing sasolahipun | dènira karya nagari | kongsi praptanipun dados ||

10. ngantos galur Dyan Prabasana turipun | pamungkas ngaturkên aglis | gambar kaping kalihipun | wusing paripurna yêkti | rêrênggan sanggya wus kamot ||

11. sang aprabu [apra...]

--- 63 ---

[...bu] sukèng tyas nampèni gupuh | gambaran kang nomêr kalih | pinirsanan ngantos dangu | karênan jroning panggalih | dènnya rêrakite cocog ||

12. langkung bagus tan siwah wêwangunipun | lawan Yawastina nagri | gambar inguncalkên sampun | maring Dyan Patih Sunjali | kakang tontonên dèn gupoh ||

13. gambaripun dene têka luwih bagus | Malawa dadya praja di | dyan patih nampèni sampun | gambar nulya dèn tingali | wusnya tamat sigra gêntos ||

14. pinaringkên maring punggawa sadarum | pinrih mulat gênti-gênti | sawusnya waradin sagung | punggawa dènnya ningali | kathah ngalêmbanèng batos ||

15. bagusipun myang wiyaring kithanipun | dhasar pasitène wradin | ya ta wau sang aprabu | saking sangêt rênèng galih | paring ganjaran sang katong ||

16. maring sira Sang Arya Prabasanèku | tandya Arya Sindupati | warni wastra warastra gung | wradin sapanêkarnèki [sapanêkarnè...]

--- 64 ---

[...ki] | datan klangkungan sawiyos ||

17. ingkang sami tampi ganjaran sang prabu | sêmbah nuhun sukèng ati | sang nata malih nabda rum | maring Dyan Patih Sunjali | kakang mêngko karsaningong ||

18. ing Malawa ingsun sungi namanipun | nagara Malawapati | undhangna sawadyaningsun | tanapi mring wong sanagri | sandika patih wotsinom ||

19. wusnya rampung sri narendra tandya kondur | jêngkar manjing kênyapuri | kang sewaka bubar sampun | sira Dyan Patih Sunjali | praptèng jawi undhang gupoh ||

20. dhawuhakên maring dhawuhnya sang prabu | dènnya amaringi nami | mring praja kang nêmbe rampung | nagara Malawapati | sandika kang tampi dhawoh ||

21. duk samana wus byawara sapraja gung | malah misuwur dumugi | ing măncapraja lènipun | yèn Sang Yawastina Aji | ayun pindhah ing karaton ||

22. wusnya dhawuh patih lan sakancanipun | sagunging punggawa

--- 65 ---

mantri | sowang-sowang samya mantuk | maring wismane pribadi | ya ta mêne kacariyos ||

23. Risang Arya Danurja sadangunipun | anèng Yawastina nagri | rintên dalu tansah nutug | lênggahan lawan kang rayi | Dyan Sindurja ginêm raos ||

24. duk ing dalu arya kalih lênggah nuju | nèng bale doning sêmadi | rêrasan raosing kawruh | wêkasing kasidan jati | ywa nganti kirang waspaos ||

25. sarasehan sampun cundhuk ing pamangguh | nulya Dyan Danurja angling | mring kang rayi wuwusipun | hèh Sindurja kadang mami | kalamun pikirmu condhong ||

26. yogyanipun padha muksa bae bagus | rèh sira kalawan mami | wus padha golong panêmu | tan samar mamoring Widi | êtraping patrap tan keron ||

27. ingkang rayi Dyan Sindurja kagyat ngrungu | mring raka sabdanirèki | andhêku ris aturipun | dhuh kakang sadhèrèk mami |

--- 66 ---

parankarsanta mangkono ||

28. yèn paduka lan amba muksa pukulun | paranta praja kêkalih | Yawastina Widarbèku | sintên kang tinari-tari | wus tan ana ingkang sêpoh ||

29. yêkti badhe kirang yogya tundonipun | tan wande risak sayêkti | rèh paduka ingkang sêpuh | ing Widarba ingkang wajib | ruwêt rêntêng kang kabuboh ||

30. Yawastina amung amba kang tinantun | mila kalamun manawi | paduka kalawan ulun | ayun muksa angendrani | badhe sintên kang gumantos ||

31. among praja amrih karahayonipun | kang raka mèsêm nabda ris | bênêr yayi ing wuwusmu | kabèh iku nora sisip | nanging rasakna sayêktos ||

32. kadyaparan mungguh larap-larapipun | sêmuning lêlakon iki | surya kêmbar paminipun | nêdhênging têngangelagi | dwi lagya imbangan sorot ||

33. kalihipun merang surêm sorotipun | liring bêbasanku [bêba...]

--- 67 ---

[...sanku] iki | ratumu lan ratuningsun | padha ancung rêbut inggil | rêbut gêng rêbut kuwaos ||

34. kang kadyèku lamun salah sijinipun | lumuh kasosor kang pêsthi | siji adrêng siji puguh | apa ta tan wurung dadi | karo têmah arêrêmpon ||

35. kalamun wus sida ngadoni prang pupuh | kapriye solahmu yayi | apadene raganingsun | apa klakon sida jurit | ingsun lan sira rêbut rok ||

36. lah rak lucu iba kèhe wong kang guyu | lah mara pikirên yayi | ya bênêr sira lan ingsun | tinuwa praja kêkalih | nging tuwa tuwas kemawon ||

37. kang kadyèku têgêse sira lan ingsun | padha tan bisa gendholi | mrih lêlakon kang rahayu | praja widada lêstari | ngrukunkên kadang tan benjoh ||

38. yêkti kusut sinatmata ing tumuwuh | dhuh-adhuh adhiku adhi | pikirên kang kongsi atus | apa tan mangkono yêkti | mungguh glagating lêlakon [lê...]

--- 68 ---

[...lakon] ||

39. nging baya wus karsaning dewa linuhung | marganing pêpasthèn dadi | jalaraning kang dahuru | wus tan kêna dèn owahi | mung priye tekatmu kono ||

40. lamun ingsun kêncêng muksa bae muhung | aywa kongsi amênangi | mring lêlakon kang kadyèku | ya ta Dyan Sindurja myarsi | girising driyèsmu katon ||

8. Girisa

1. ya ta Dyan Arya Sindurja | duk wau kalane myarsa | kang raka amêdhar jăngka | lakyan kang badhe pinanggya | dahat trênyuhing wardaya | dangu datanpangandika | mangangên-angêning driya | wusnyantuk wênganing cipta ||

2. nulya matur mring kang raka | dhuh kakang lamun mangkana | amba mung dhèrèk kewala | kang dados karsa paduka | suwawi benjing punapa | kasidanipun ing sêdya | kang raka arum ngandika | yayi yèn sira sêmbada ||

3. mêngko bae sirêp janma | sêdhêng kabèh baturira | sadaya wus sami nendra | dadi nora wancakdriya | sakarsa

--- 69 ---

datan sangsaya | kang rayi dhêku sandika | ya ta wau kang winarna | duk lingsir dalu wayahnya ||

4. sidhêm tan ana sabawa | mung kari swarèng brêmara | brêngêngêng mamrih puspita | sinêsêp madune padha | myang buron grêmêt sadaya | pangêriking jangkrik upa | barung rame kapiyarsa | nulya arya kalihira ||

5. umadêg tumindak sigra | marang ing panendranira | wus mapan ngêningkên cipta | ngumpulkên sakèhing rahsa | sakala kang tirtamaya | kagulung dadya sajuga | anèng prameyaning jiwa | wusnya titis patrapira ||

6. gya mêlêng manthêng ing driya | nyipta mor mring Hyang Wisesa | sakêdhap pangracutira | plas kêkalih sampun muksa | nulya na tăndha katrima | jumêgur ing dirgantara | lir jugruging giri sasra | kagyat kang samya miyarsa ||

7. abdine Arya Sindurja | ing dalu kang ngadhêp samya | gugup padha tangi nendra | wênèh mahya saking wisma | tanya maring rowangira [ro...]

--- 70 ---

[...wangira] | swara jumêgur kapyarsa | tan ana ingkang uninga | wênèh manjing kamarira ||

8. pasareane dyan arya | arsa mungu sêdyanira | nanging wau praptanira | jroning kamar katon sunya | arya kalih wus tan ana | cangkelak bali mring jaba | wêwarah ing rowangira | kagyat kang sinung pawarta ||

9. gumrubyug barêngan padha | umanjing mring kamar sigra | ngyêktèkkên bandaranira | sarêng wus têrang tan ana | wus samya nyipta sadaya | yèn sang arya kalihira | ing dalu prasamya muksa | tandya sami tur uninga ||

10. mring Dyan Arya Sindusena | lan Sang Arya Sindupatya | kagyat kalih kang miyarsa | yèn kang rama sampun muksa | sarêng lawan ingkang uwa | sira Dyan Arya Danurja | sigra-sigra tindakira | katri lan Dyan Wirasena ||

11. samana sapraptanira | ing dalêmira kang rama | putra wayahe sadaya | prasamya nandhang sungkawa | têmahan samya udrasa | ya ta Arya Sindusena | nulya matah

--- 71 ---

panêkarnya | kêkalih samya dinuta ||

12. umatur atur uninga | maring sang nayaka waktra | wus winêling aturira | mantri kalih tur sandika | sampun mêsat saking ngarsa | duta kalih lumaksana | gêgancangan lampahira | datan dangu sampun prapta ||

13. kapatihan wus pinanggya | lan wau sang mantrimukya | kagyat Sunjali Dyan Patya | dahat pangunguning driya | mirêng kalamun Sang Arya | Sindurja pamuksanira | sarêng lawan ingkang raka | sira Dyan Arya Danurja ||

14. sigra dyan mantri wisesa | tur uninga mring sang nata | kagyat Sri Sariwahana | midhangêt lamun sang arya | Sindurja duk dalu muksa | sarêng lan Arya Danurja | sangêt pangunguning driya | wêkasan langkung sungkawa ||

15. ngraos sêmpal baunira | nulya sang nata anduta | nimbali Dyan Sindusena | lawan Arya Sindupatya | tuwin Arya Wirasena | lawan suta wayahira | sira Dyan Arya Sindurja | lan pra mantri ing Widarba [Widar...]

--- 72 ---

[...ba] ||

16. panêkarnya Dyan Danurja | kerita sang mantrimukya | lan kancane pra punggawa | marêk ngabyantarèng nata | marang jroning dhatulaya | kang dèn timbali sadaya | prasami matur sandika | tan dangu wus manjing pura ||

17. anèng ngarsaning narendra | nulya nata paring sabda | ngêngimur kang duka cipta | kinèn sami anarima | marang karsaning jawata | marga titah marcapada | mati urip mung sadarma | atas pasthining bathara ||

18. lan sira panêkarira | si kaki Arya Danurja | para mantri ing Widarba | uga padha dèn santosa | èngêta janma manusa | kawêngku dening jawata | anane amung sumăngga | datan kêna darbe karsa ||

19. sadaya kang tampi sabda | pangimur-imuring nata | sadaya sami sandika | ngèstokkên dhawuh narendra | ya ta riwusnya mangkana | Sang Prabu Sariwahana | ngandika mring kyana patya | hèh kakang paran samangkya ||

20. pikirên ingkang sakeca | sapa kang bakal anduta | lêlayu maring Widarba |

--- 73 ---

arahên ingkang prayoga | Arya Sunjali Dyan Patya | manêmbah atur pranata | dhuh gusti kang binathara | kajawi karsa narendra ||

21. tarlèn kawula kewala | kang lêlayu mring Widarba | kados duk nguni muksanya | pun uwa Patih Sutiksna | kang mriki suka uninga | pun kakang Patih Suksara | têlas ature dyan patya | ya ta Rêsi Wasusarma ||

22. nambungi atur sumêla | dhuh gusti ingkang minulya | lêrês ature dyan patya | puniku langkung sayogya | ananging utaminira | duta kang maring Widarba | bêktaa kalih nawala | dene wijange punika ||

23. pustaka ingkang sajuga | saking dyan nayaka waktra | dhatêng Dyan Arya Suksara | warăngkendra ing Widarba | de sêrat satunggalira | sumêrêp saking paduka | katur raka padukendra | Sang Prabu Jayapurusa ||

24. rèhning muksane punika | pun kaki Arya Danurja | wontên ngriki mapan lagya | dhapur martamu punika | dumadakan [du...]

--- 74 ---

[...madakan] damêl moga | muksa wontên Yawastina | dados paduka punika | kabrêgan sarah wastanya ||

25. mila paduka yèn karsa | andhahar atur kawula | kintun sêrat ing rakanta | Sang Prabu Jayapurusa | mikawoni tatakrama | sakêdhik mring kadang wrêdha | èstu botên tibèng nistha | malah wimbuha utama ||

26. tuwin kaping kalihira | lajêng sêpên kira-kira | panggrayangan kang tan yogya | sirna sing rèh parikrama | têlas wau aturira | Sang Bagawan Wasusarma | kagyat Sri Sariwahana | myarsa atur kang mangkana ||

27. langkung duka jroning nala | katawis sumuking netya | sêrêng wijiling kang sabda | hèh baparsi Wasusarma | kabèh mau aturira | luput tanpa kira-kira | sasat ngasorake sira | mring kawibawan manira ||

28. wruhanta jênênging nata | kang sinêbut binathara | tan ana kaki sudarma | tuwin putra kadang tuwa | aran kabèh iku padha | kawulaningsun sadaya |

--- 75 ---

marma mêngko ingsun arsa | andhawuhkên pamrayoga ||

29. ngamungna layang sajuga | saka si patih kewala | asung wruhing muksanira | si kaki Arya Danurja | mring kakang Patih Suksara | layang iku kagawakna | ulihe mantri Widarba | panêkare Dyan Danurja ||

30. ya ta sang nayaka waktra | lan Bagawan Wasusarma | dupi myarsa dhawuhira | Sang Prabu Sariwahana | kawistara èsmu duka | kalih ajrih mambêngana | têmah dhêku tur sandika | wus kalilan mêdal samya ||

31. sapraptanira ing jaba | sira dyan mantri wisesa | lan sagung para punggawa | wus mantuk ing wismanira | kunêng wau winuwusa | antara wus astha dina | Dyan Sunjali Kyana Patya | wus karya ingkang nawala ||

32. kang maring nagri Widarba | katur marang ingkang raka | Rêkyana Patih Suksara | sampating kanang panitra | pinaringakên tumulya | mring para panêkarira | sira Dyan Arya Danurja | ingkang badhe mantuk samya [sa...]

--- 76 ---

[...mya] ||

33. maring praja ing Widarba | wus winêling ijêmannya | kang bisa mêmalad driya | pra panêkar wau tandya | ginanjar kang busanarta | langkung kathah cacahira | pra panêkar tur sandika | nging tyas wus rêngat sadaya ||

34. wus pamit budhalan samya | sampun mêdal saking kitha | pra panêkar ing Widarba | kunêng mêne kawuwusa | Sang Bagawan Wasusarma | saundure saking pura | saya kagagas ing driya | sangêt tatu manahira ||

35. dangu tan arsa sumewa | mung mindêng mêmuja brata | anèng wismane priyăngga | kang ginusthi jroning cipta | amung sidaning parasdya | ing driya ayun amuksa | ywa kaliru ing panjăngka | mrih mulyaning jiwasmara ||

9. Asmaradana

1. ya ta ing ari sawiji | Sang Bagawan Wasusarma | adrêng sangêt ing sêdyane | dènnyarsa têtinjo marang | wismanira kang raka | Sang Brahmana Rêsi Kèstu | ing tyas tan kêni dèn ampah ||

2. tandya tindak mung pribadi | panggih lawan sang

--- 77 ---

brahmana | pinanggihan jroning bale | wisma doning pamidikan | samya suka ing driya | rèh onêng dangu tan pangguh | jênak sami wawan sabda ||

3. bawa raos gênti-gênti | gosok-ginosok pamanggya | alap-ingalap kawruhe | nutuk samya pagunêman | tan ana kêmbanira | duk praptaning têngah dalu | Sang Bagawan Wasusarma ||

4. mêdhar karsa lingira ris | mila kakang kula prapta | ragi wontên wigatose | tur uninga mring paduka | kalamun sêdya kula | yèn pinarêng ing dewa gung | kula niyat badhe muksa ||

5. wontên marcapada urip | sampun sêpuh tanpa karya | mung dados têtahan bae | mamrih yogya lan utama | milalah olèh cêla | mrih rahayu botên ayu | malah karya tyas sangsaya ||

6. kagyat wau duk miyarsi | Sang Brahmana Kèstu nabda | yayi paran karantêne | dene dadakan kewala | paduka badhe muksa |

--- 78 ---

yèn pun kakang dèrèng rujuk | maring sêdyanta punika ||

7. lamun sayogyane yayi | sayogi datan sarănta | gege măngsa kirang sae | pangangkahirèng kamuksan | saking sêrênging manah | bok têmah akarya bawur | samar pamoring Suksmana ||

8. Risang Wasusarma Rêsi | gya bêbisik angsung warta | ngandhar kabèh saanane | supênanira narendra | wus samya kalampahan | lan kakang punapa limut | wahyaning kang kalamasa ||

9. wahyuning karaton Jawi | ingkang binatharèng jagad | ayun mingsêr sajatose | maring nagari Widarba | dhasar ngalamatira | sapunika wus kadulu | Sang Prabu Sariwahana ||

10. wêkdal punika wus salin | sirna labêting utama | mandar gêng ngugung ardane | Sang Bagawan Wasusarma | kathah pangandharira | mring lêlakyan ingkang durung | kababar sami kawêdhar ||

11. miwiti kongsi mêkasi | Sang Bagawan [Ba...]

--- 79 ---

[...gawan] Wasusarma | dènnya gêlar wêwadose | karaton ing Yawastina | jayane badhe sirna | Sang Brahmana Rêsi Kèstu | dupi myarsa kang mangkana ||

12. dahat pangunguning galih | têmahan kalayu ing tyas | yun anut muksa sêdyane | mring Bagawan Wasusarma | nulya lon sabdanira | yayi yèn makatên èstu | kula nut karsa andika ||

13. yèn kantuna tanpa kardi | lah yayi benjang punapa | kula namung dhèrèk bae | Sang Bagawan Wasusarma | arum maluyèng sabda | byar enjing kakang pakantuk | wanci mêdal sayêmpraba ||

14. kunêng tan winarnèng latri | kang samya gunêm kasidan | datan ana sulayane | cocog kikisaning tekad | dupi wus gagat enjang | sang pandhita kalihipun | samêkta sangkêping driya ||

15. tandya patrape rinakit | ngêningkên cipta sajuga | wusnya gêlêng pamêlênge | sirna rahsaning manusa | sakala sampun muksa | jumênêng ing gêsangipun | kalih

--- 80 ---

wus lingga Suksmana ||

16. anèng jagad têtêp suci | nulya na tăndha katrima | kalih wau pamuksane | ing awiyat ana swara | jumêgur kapiyarsa | yayah kang sèwu arga rug | gègèr wong sajroning praja ||

17. narka yèn bêlah kang bumi | janma kèh wayang-wuyungan | tambuh-tambuh ing solahe | ngalor ngidul bilulungan | ya ta wau rencangnya | Sang Brahmana Rêsi Kèstu | samya kagyat myarsa swara ||

18. kathah sami malbèng panti | minggah maring pamidikan | arsa ngungsi bêndarane | nanging sêdyane nirdaya | sang wiku datan ana | kalih lawan tamunipun | Sang Bagawan Wasusarma ||

19. sangêt pangungune sami | dangu-dangu anggraita | lamun muksa bêndarane | sarêng lawan tamunira | Bagawan Wasusarma | sakănca sami gêgêtun | wêkasan samya karuna ||

20. ya ta sigêg kang anangis | rencangira Sang Brahmana | gantya wuwusên sang katong | Sang Prabu Sariwahana | kagyat duk mirêng

--- 81 ---

swara | nulyage sang nata ngutus | nimbali rêkyana patya ||

21. lan para punggawa sami | ngandikan maring jro pura | sakêdhap patih sumaos | nata sigra angandika | maring sang mantri mukya | kakang ulatana gupuh | prênah ênggoning kang swara ||

22. kang jumêgur ngawiyati | lan apa jatining swara | patih sandika ature | nêmbah lèngsèr saking pura | lan sagung pra punggawa | praptèng pagêlaran ngungun | mring solahing janma kathah ||

23. kadya gabah dèn intêri | ngalor ngidul ngulon ngetan | bingung ting bilulung kabèh | nyipta bumi arsa bêlah | ya ta mantri wisesa | dèrèng kongsi badhe dangu | mring solahing janma kathah ||

24. ingkang samya kontrang-kantring | katungka ing praptanira | sadaya janma rencange | Brahmana Kèstu kalawan | rencangnya sang bagawan | Wasusarma gumarudug | tur uninga mring dyan patya ||

25. ngaturkên yèn wau latri | Sang Bagawan Wasusarma | nuju tinjo [ti...]

--- 82 ---

[...njo] ing wismane | Sang Brahmana mung anggana | dènira lêlênggahan | nèng jro pamidikanipun | tan mawi dèn adhêp rencang ||

26. jroning sadalu sang kalih | tan ana wruh kang rinêmbag | praptèng enjing wasanane | kalih sami sarêng muksa | kagyat sang mantrimukya | lawan sagung punggawa gung | kang sami myarsa turira ||

27. rencange Brahmana Rêsi | lan Bagawan Wasusarma | samya dahat pangungune | kang sarta sami sungkawa | dene pangungunira | pamuksane kalihipun | sami tan sarana roga ||

28. dene sungkawane sami | mênggah kalih pamuksanya | yêkti dadya ilapate | nagara ing Yawastina | arsa manggya lêlakyan | kang elok karsèng dewa gung | mangkana ciptane samya ||

29. riwusnya sang nindyamantri | lan sagung para punggawa | anampèni ing ature | rencangira Sang Brahmana | lan Rêsi Wasusarma | sigra dènira dhêdhawuh | mring janma kang bilulungan ||

30. kinèn [ki...]

--- 83 ---

[...nèn] samya têtêp sami | wus tan ana kara-kara | janma kèh têntrêm manahe | wangsul mring wismane padha | ya ta sang mantrimukya | nulya manjing pura gupuh | marêk byantarèng narendra ||

31. umatur saha wotsari | angaturkên aturira | Brahmana Kèstu rencange | lawan janma rencangira | Bagawan Wasusarma | radyan patih aturipun | purwa madya lan wasana ||

32. sadaya wus katur sami | maring Sri Sariwahana | titi datan mawi kècèr | sang nata dupi miyarsa | Bagawan Wasusarma | lan Brahmana Rêsi Kèstu | kalihe wus sami muksa ||

33. jêngêr sapangu tanpangling | wus ngraos kalamun tiwas | dènnya jumênêng pamase | nanging maksih sinasaban | ing galih sinantosan | nulya nata ngandika rum | maring sang mantri wisesa ||

34. hèh kakang rêkyana patih | ing mêngko karsa manira | wong loro kalungguhane | maksih lowongna kewala [ke...]

--- 84 ---

[...wala] | sabab samêngko lagya | arungan panggalih ingsun | arsa boyong mring Malawa ||

35. matur sandika dyan patih | wus samya kalilan mêdal | lan para punggawa kabèh | sapraptanira ing jaba | sira sang mantrimukya | kalawan sakancanipun | sami mantuk sowang-sowang ||

36. sigêg gantya kang winarni | nênggih praja ing Widarba | nujyari Soma Manise | Sang Prabu Jayapurusa | karsa miyos sewaka | munggwing păncanitinipun | andhèr pêpak kang sumewa ||

37. dene kang parêk ing ngarsi | sira Dyan Patih Suksara | dèrèng ngantos sang akatong | dhawuh imbal pangandika | kasaru praptanira | pra mantri panêkaripun | sira Dyan Arya Danurja ||

38. saking Yawastina nagri | laju maring pasewakan | jujuk dyan patih wurine | kagyat Dyan Patih Suksara | andangu mring panêkar | uluning panêkar matur | ngaturkên solah tingkahnya ||

39. duk nèng Yawastina nagri | myang ngaturkên [ngatur...]

--- 85 ---

[...kên] kang nawala | kang minăngka sul-angsule | Dyan Sunjali Kyana Patya | warăngka Yawastina | lan wêling ijêmanipun | wus sami katur sadaya ||

40. gupuh Dyan Suksara Patih | nampèni kanang pustaka | ingunjukkên mring sang katong | tinampèn sêrat binuka | winaos sinuksmèng tyas | titining pamaosipun | nawala nguncalkên sigra ||

41. maring sang anindyamantri | winaos sakêdhap tamat | nulya gantya sinungake | mring kancanira punggawa | winaos gantya-gantya | ya ta katri sutanipun | sira Dyan Arya Danurja ||

42. wus dadya punggawa sami | ingkang sêpuh apêparab | Dyan Danurdhara arine | nama Arya Danumaya | nulya wuragilira | Dyan Hèrkamaya ranipun | dupi wus samya nupiksa ||

43. marang saraosing tulis | katri sami rawat waspa | karêrantan ing muksane | kang rama Arya Danurja | nèng nagri Yawastina | katri tyasira margiyuh | yayah koncatan [ko...]

--- 86 ---

[...ncatan] sri nata ||

10. Sinom

1. ya ta Sri Jayapurusa | miyat kang sami prihatin | nulya paring pangandika | pangrêrapu têmbung manis | hèh uwa arya katri | aywa sira tyas kabanjur | arda rudatin dahat | pupusên karsèng dewa di | samuksane si kaki Arya Danurja ||

2. padha eling lan nolèha | maring panjênêngan mami | narimaa lamun titah | mulya papa pati urip | mung darma anglakoni | atas karsaning dewa gung | ya ta arya katiga | myarsa sabdaning narpati | kang mêmalat miluta karya srêping tyas ||

3. manêmbah matur sandika | ngèstokkên dhawuhira ji | wus lipur driya santosa | sri narendra nabda malih | hèh kakang nindyamantri | ing samêngko karsaningsun | pangkat kalungguhannya | kaki Arya Danurjèki | ginantia si wa Arya Danurdhara ||

4. dene kalungguhanira | si wa Danurdhara iki | sinêntega arinira | Arya Danumaya mangkin | pangkat lungguhirèki |

--- 87 ---

Arya Danumaya iku | sinêntèga rinira | Arya Hèrkamaya dening | pangkatira si wa Arya Hèrkamaya ||

5. kang ingsun karsakkên dadya | kakang sutanta pribadi | kang tuwa Arya Sarana | sandika rêkyana patih | sigra dhawuh tumuli | maring katri kang jinunjung | samya matur sandika | nulya tiga majêng sami | ngaraspada mring sang nata gantya-gantya ||

6. ya ta riwusnya mangkana | narendra ngandika malih | hèh kakang Patih Suksara | ingsun bali angrasani | prakara layang saking | Yawastina bangêt ngungun | mungguh panêmuningwang | wong ing Yawastina mangkin | nyirnakake parikramaning kêkadang ||

7. priye kakang mungguh sira | pakantukmu ing pamikir | apa cocog apa ora | lawan panêmu ngong iki | sira sang nindyamantri | andhêku manêmbah matur | lêrês dhawuh sang nata | kawula makatên ugi | duk miyarsa suka Sri Jayapurusa ||

8. ngambali malih ngandika | kakang lamun karsa mami | muhung

--- 88 ---

pasrah ing jawata | sumendhe marang ing pasthi | lawan kakang samangkin | prayoga padha nênuwun | maring dewa bathara | ingkang mangkono supadi | dhewe-dhewe padhantuka pangaksama ||

9. patih dhêku tur sandika | sang nata dèrèng dumugi | dènnya wawan pangandika | samana kasaru dening | sang nata aningali | janma pepe wringin kurung | èstri kalawan priya | nulya dhawuh animbali | tan antara sampun kerit ing ngarsendra ||

10. dinangu maring sang nata | sirèku janma ing ngêndi | lawan sapa aranira | lan apa marmane dadi | sira jalu lan èstri | pepe soring wringin kurung | kang dinangu tur sêmbah | dhuh gusti nataning bumi | ingkang èstu tuwan rêksakaning jagad ||

11. lamun andangu patikbra | awasta pun Sadya gusti | amba tiyang narakarya | wisma ing Dhadhap Bong dèsi | dene èstri puniki | semah kawula pukulun | pun Tingkêp wastanira | mênggah parlunipun gusti |

--- 89 ---

ulun pepe sowan ngarsa padukendra ||

12. amba umatur prasaja | makatên ingkang sakawit | anggèn kawula sêsemah | kalawan pun Tingkêp gusti | sampun salangkung warsi | sabên-sabên darbe sunu | sawêg cêprot kewala | bayi mêdal sampun lalis | yèn drêmana gusti sutamba wus sanga ||

13. langkung judhêg manah amba | ngantos kalampahan gusti | ulun kesah jajah praja | ngupados guna piranti | sabên amba miyarsi | wontên pandhita myang dhukun | ingkang sampun kaloka | yêkti kawula dhatêngi | nuwun sarat sarana jampi myang măntra ||

14. nanging nirdaya kewala | sarat măntra myang jêjampi | sadaya datanpa guna | yèn manah ulun pribadi | sampun mupus ing pasthi | sumendhe karsèng dewa gung | dhasar ulun lan semah | sampun sami kaki nini | yèn sagêda sêsuta yêkti dupara ||

15. namung gusti semah amba | pun Tingkêp malah andadi | dèrèng purun anarima [a...]

--- 90 ---

[...narima] | siyang dalu tansah nangis | anggubêl minta siwi | manah ulun saya bingung | saking putêking driya | nuju malêm Gara Kasih | wanci dalu ulun kesah saking wisma ||

16. nênêpi têpining jurang | saking tyas susah tan sipi | mila salêbêting driya | kang kacipta botên malih | kajawi mung minta sih | tinurunana dewa gung | amba yun nuwun têdah | kang dados sarana mamrih | semah ulun darbe suta kang widada ||

17. dumadakan tan pantara | wontên jawata nêdhaki | tumurun katon sawantah | paring sabda asung uning | hèh Sadya ingsun iki | sajatine Sang Hyang Guru | nêdhaki maring sira | hèh Sadya ingsun tuturi | lamun sira kapengin darbe atmaja ||

18. sarta kang tulus widada | sira lan somahirèki | Si Tingkêp nuli sowana | maring Widarba Sang Aji | nênuwuna ingkang sih | kang măngka sarananipun | somahmu darbe suta | apa sadhawuhe pasthi | èstokêna yêkti nora pindho [pi...]

--- [0] ---

Ringgit Madya Lampahan Jayapurusa, Mangkunagara IV, 1914, #98 (Pupuh 01–10): Citra 2 dari 2
Sadya. Tingkêp. Prabu Jayapurusa. Patih Suksara. Punggawa.

--- 91 ---

[...ndho] karya ||

19. jêr narendra ing Widarba | titise Hyang Wisnumurti | kang kawasa sung martana | ngruwat sakèhing prihatin | lakonana tumuli | Sadya iki dhawuh ingsun | maring nagri Widarba | têlas sabdaning dewa di | tandya muksa wau Sang Hyang Girinata ||

20. dèrèng antawis dangunya | nuntên suwara kapyarsi | nanging tan wontên katingal | janma kang nyuwantên gusti | liring suwantên mamrih | amba kinèn gupuh-gupuh | sowan ngarsa paduka | milamba mantuk tumuli | praptèng wisma panggih lan semah kawula ||

21. inggih pun Tingkêp punika | sasat botên mawi linggih | nuntên lajêngan kewala | ulun ajak pangkat aglis | sowan ngarsa sang aji | salêbêtipun lumaku | ulun tansah carita | maring semah ulun gusti | ngandharakên dhawuh wêwangsiting dewa ||

22. pun Tingkêp semah kawula | dahat êntyarsaning ati | makatên gusti purwanya | amba ngantos kumawani | sowan byantara [bya...]

--- 92 ---

[...ntara] aji | kang èstu namung nênuhun | pasihan jêng paduka | kang wajib asih mring dasih | aparinga pangruwating duka cipta ||

23. Sang Prabu Jayapurusa | lan sagung wadya kang nangkil | sami ngunguning wardaya | lan èsmu wêlas miyarsi | mring Sadya aturnèki | mangkana wau sang prabu | nulya lon sabdanira | hèh Sadya aywa prihatin | karo pisan iya lawan rabinira ||

24. ingsun kang bakal ambengkas | ngruwat sakèhing prihatin | sira karo ngèstokêna | marang dhawuh ingsun iki | sarat minăngka dadi | sarananing antuk tuwuh | ing têmbe rabinira | lamun nuju anggarbini | sadurunge wanci lair ingkang jabang ||

25. poma aywa wani sira | anangsaya mêmatèni | mring kabèh kang sipat nyawa | dene lamun ana kardi | sira ayun sêsaji | sidhêkah salining taun | yèn sira bêlèh sata | isarate sira mêsthi | anyambata bayi kang nèng jro kandhutan [kandhuta...]

--- 93 ---

[...n] ||

26. kaping pindho dhawuh ingwang | manawa nuju marêngi | dina Tumpak lawan Buda | Si Tingkêp rabinirèki | adusa aywa lali | ing tirta narmada iku | ciwuke kang kinarya | satugêl wohingkang tiris | yèn wus rêsik kandhutana cêngkir dênta ||

27. kang ginambar warnanira | Hyang Wisnu lawan Dèwi Sri | brojolna runtuh mangandhap | minăngka tumbal sayêkti | isarat kang kaping tri | sawusing adus puniku | wêtênge kêndhitana | ron têbu tulak sawiji | kêndhit mau nuli tigasên ing katga ||

28. mangka luwaring sangkala | kaping catur dhawuh mami | riwusing sarat kalakyan | muliha mring wisma aglis | salin busana sami | kang sarwa sukci sadarum | liring sukci punika | busana kang sarwa rêsik | ping limane sun wulang mantrane pisan ||

29. hong hyang hyangning kang amarta | martani sarwa umèki | iya umaningsun nyata | iya umaning sajati | wisesa wisesani | wisesanira Hyang Luhung [Lu...]

--- 94 ---

[...hung] | iya wisesaningwang | ngong sidhikara sayêkti | sun pêpuja sampurna dadya manusa ||

30. iku kanggone kang măntra | yèn nuju somahirèki | adus ing banyu narmada | ing dina tumpak pituwin | dina Buda marêngi | iya iku mantranipun | têlas sabda narendra | sinauran kang dhatêngi | gêtêr-patêr dhèdhèt erawati ngakak ||

31. yayah kadi jumurunga | sabda karsane sang aji | Sang Prabu Jayapurusa | Sadya sadaya wus tampi | mring dhawuhing narpati | myang ginanjar branarta gung | kangge pawitanira | sarana pangupa bukti | lan ngupaya sangkêping sarat sadaya ||

32. Sadya lawan rabinira | suka nuhun sampun tampi | amit mantuk wus kalilan | saundure Sadya nuli | sang nata jêngkar aglis | kondur manjing jro kadhatun | sira Patih Suksara | sakănca-kancane sami | wus bubaran samya mantuk sowang-sowang ||

33. sigêg gantya kawursita | ing Yawastina [Ya...]

--- 95 ---

[...wastina] nagari | kocap wismèng kapatihan | sira Dyan Arya Sunjali | duk malêm Soma Manis | wanci ngajêngakên bangun | ecaning janma nendra | kagyat dening samya myarsi | swara gora jumêgur ing antariksa ||

34. gègèr umyung wong sapraja | sadaya kapêksa tangi | bingung ing tyas sami narka | bumi bêlah dadya warih | sira Patih Sunjali | ge-age dènnya lumayu | maring pasareannya | ramèbu sêdyaning galih | yun winungu rèh wontên swara goraya ||

35. sapraptaning cakêt kamar | pintu katon mênga kêdhik | inginjên kang ibu rama | kalih samya tan kaèksi | kumêpyur kyana patih | kori winêngakkên sampun | manjing sajroning kamar | pasarean sampun sêpi | mung kumbaya kalih sami mèsi tirta ||

36. sumunar amawa cahya | wêning wênês anêlahi | ngungun risang mantri mukya | ing galih sampun andugi | yèn rama ibu sami | kalih sarêng muksanipun | wau

--- 96 ---

nayaka waktra | ing galih langkung prihatin | nulya mêdal nimbali wadya sadaya ||

37. jalu èstri sampun pêpak | sigra sami dèn paringi | uninga yèn ibu rama | sampun sarêng muksa sami | wadya jalu lan èstri | anglut karuna sadarum | kyana patih nangsaya | rêntêng rudita tan sipi | dangu-dangu sami pinupus ing driya ||

38. pêpasthèningabathara | titah tan kêna nyelaki | atas karsaning jawata | ya ta wau nindyamantri | dèrèng kongsi tur uning | marang kangjêng sang aprabu | katungka praptanira | utusan saking jro puri | kyana patih ngandikan maring jro pura ||

39. yun dinangu prênahira | swara jumêgur kapyarsi | duk ing wanci bangun enjang | gugup risang nindyamantri | sandika nulya kerit | manjing pura gupuh-gupuh | prapta byantara nata | kagyat wau sri bupati | duk umiyat biluting netra dyan patya ||

40. lan èsmu mangêmbêng waspa | sang nata ngandika aris | hèh ta paran [pa...]

--- 97 ---

[...ran] marmanira | kakang patih sun tingali | kaya ngandhut prihatin | lan kakang ingsun andangu | ing ngêndi prênahing swara |[7] swara jumêgur kapyarsi | karya bingung lir si pucung wong sapraja ||

 


kang. (kembali)
malèncèng. (kembali)
angrêrakit. (kembali)
Kurang satu suku kata: mêngku tyasing kautaman. (kembali)
sandika. (kembali)
Lebih satu suku kata: umiyat dahanarda. (kembali)
Lebih satu suku kata: ngêndi prênahing swara. (kembali)