Ringgit Madya Lampahan Jayapurusa, Mangkunagara IV, 1914, #98 (Pupuh 11–20)

Judul
Sambungan
1. Ringgit Madya Lampahan Jayapurusa, Mangkunagara IV, 1914, #98 (Pupuh 01–10). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Ringgit Madya Lampahan Jayapurusa, Mangkunagara IV, 1914, #98 (Pupuh 11–20). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 20-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

11. Pocung

1. nêmbah matur wau sang mantri pangayun | dhuh gusti sang nata | patikbra atur udani | duk ing wau wanci mèh gagat raina ||

2. nêdhêngipun janma eca tilêmipun | pun ibu lan rama | kalih sarêng muksa sami | botên wontên juga janma kang uninga ||

3. nadyan ulun sumêrêp amba pukulun | dupi mirêng swara | jumêgur ngèbêki bumi | ulun nusul mring ênggèn panendranira ||

4. rama ibu yun anggugah nêding kalbu | wusanamba miyat | ing tilam wus katon sêpi | sanalika tyas ulun sampun graita ||

5. lamun èstu sampun muksa rama ibu | mangkana dyan patya | aturira mring sang aji | purwa madya wasana katur sadaya ||

6. ya ta wau duk miyarsa sang aprabu | aturing dyan patya | anglês [a...]

--- 98 ---

[...nglês] sajroning panggalih | ăngga nglumpruk bayu yayah linolosan ||

7. tyas piduhung lêlakyan kang wus kalangkung | dènnya karya praja | ing nagri Malawapati | tuwin dènnya tambuh maring aturira ||

8. Sang Awiku Wasusarma duk ing dangu | dadya anggêgawa | karya sikuning dewa di | têmahira koncatan wadya pituwa ||

9. dangu-dangu pinupus sajroning kalbu | kinikising cipta | nata tan arsa ngingkêdi | maring sabda kang wus kabanjur kawahya ||

10. mila laju jroning sungkawa sang prabu | paring sabda tama | pangimur-imur mring patih | kinèn mupus pêpêsthènirèng jawata ||

11. ingkang mêngku masesèng titah puniku | sèsining bawana | alam marcapada iki | mobah mosik jawata ingkang akarya ||

12. nêmbah nuhun sandika patih turipun | ngèstokkên sadaya | dhawuh sabdaning narpati | sri narendra nulya dhawuh mring dyan patya ||

13. karsa prabu ayun tindak dintên wau | maring [ma...]

--- 99 ---

[...ring] kapatihan | nata badhe amriksani | warnanira kumbaya dwi mawa cahya ||

14. punggawa gung kinèn dhèrèk sanggyanipun | patih tur sandika | sang nata tan dangu mijil | nitih rata ginarêbêg pra punggawa ||

15. rawuhira kapatihan sigra tumrun | saking jroning rata | tandya nata manjing panti | pra punggawa myang patih tumutur samya ||

16. ya ta wau Sariwahana Sang Prabu | lan para punggawa | kagyat kalane umaksi | mring kumbaya kalih sami mèsi tirta ||

17. cahya mancur anglir kartika mabangun | samya kagawokan | kaelokaning dewa di | ya ta wau kumbaya kang mawa cahya ||

18. dupi sampun kauningan sang sinuhun | mirut sorotira | saya dangu saya alit | winatara kantun samrica gêngira ||

19. datan dangu kumbaya kalih puniku | muksa tanpa krana | nulya ing wiyat kapyarsi | wontên malih swara jumêgur goraya ||

20. lir galudhug sèwu barêng swaranipun [swa...]

--- 100 ---

[...ranipun] | angèbêki jagad | kagyat wau sri bupati | lan punggawa myarsa goraning kang swara ||

21. sangêt ngungun têmah sungkawa sadarum | sagung pra punggawa | tanapi jêng sri bupati | sanggyanira kapiluh angêmu waspa ||

22. riwusipun sadaya prasamya lipur | sang nata anulya | dhawuh mring Patih Sunjali | kinèn ngrakit panuturirèng kamuksan ||

23. sang nindya nung nêmbah sandika turipun | nulya tata-tata | cêcaruhan wus cumawis | dupa-dupa sirat sari găndawida ||

24. pêpak sampun sumaji ing ngarsanipun | kangjêng sri narendra | wusnya dèn puja mantrani | dening para maharsi myang pra pandhita ||

25. wusnya rampung caruhan binage sampun | maring pra punggawa | tuwin pandhita maharsi | wus warata praptèng wadya lit sadaya ||

26. tandya gupuh sri narendra jêngkar kondur | maring purantara | pra pandhita myang maharsi | datanapi sagung kang para punggawa ||

27. sanggyanipun sami sowang-sowang

--- 101 ---

mantuk | ya ta cinarita | praja Yawastina mangkin | samuksane Risang Bagawan Sunjaya ||

28. datan dangu kadhatêngan kalabêndu | angancik pailan | larang sandhang lawan bukti | wêwulanan tan ana tibaning jawah ||

29. sumur-sumur kali-kali kalènipun | sêndhang myang bêngawan | sadaya kasatan warih | tanêm tuwuh tiwas tan tuwuh palastra ||

30. buron banyu pitik iwèn akèh lampus | tan antuk pasaban | sumawana para janmi | ting bilulung kèh mati saking kalapan ||

31. kuwur-kawur saparan-parane bingung | kang samyarsa pindhah | mring nagri Malawapati | malah kesah ngungsi mring praja Widarba ||

32. saya dangu janma wimbuh ura-uru | rêbut sandhang boga | rusuh rina lawan wêngi | tanpa kêndhat lakuning bangsat bêradhat ||

33. dupi sampun ngancik wolung wulanipun | pacêklik wus suda | karana udan nuruni | sumur-sumur kali kalèn isi toya ||

34. nanging lintu praptaning kang kalabêndu [ka...]

--- 102 ---

[...labêndu] | mangkya buron wana | kèh samya mamăngsa janmi | ewon lêksan praptaning sato alasan ||

35. ngamuk punggung manjing praja tanpa etung | janma bubar-bubar | tambuh paraning angungsi | wadyabala nagari ing Yawastina ||

36. samya magut sato ingkang soroh amuk | nadyan kèh kang pêjah | wuri barubul ngêjogi | wadyabala têmah giris asasaran ||

37. samya mlayu malbèng wisma tutup pintu | wusnyantara dina | sato kewan ing wanadri | ragi mêndha gantya kèh swara kapyarsa ||

38. sabên dalu têkak kolik lawan tuhu | buntit miwah dhandhang | manuk wêk tuwin kudhasih | gêgantêran wèh atis janma sapraja ||

39. dupi esuk katon anuntak nanahwuk | dahat karya maras | maring tyase wong sanagri | kang mangkana ngantos catur dasa dina ||

40. wusnya iku dèrèng sawatawis dangu | praja Yawastina | pagêblug agêng dhatêngi | lara

--- 103 ---

sore wanci enjing mêsthi pêjah ||

41. sakit esuk wanci sontên têmtu lampus | wus tanpa etangan | kèhing janma kang ngêmasi | datan kobêr mayit binêktèng pasetran ||

42. sungsun timbun wangke nèng têpining lurung | giris wong sapraja | sagon-gone katon atis | nyênyêt sêpi tan ana sabawèng janma ||

43. tansah têdhuh sayêmpraba awis muncul | kalimputing ima | mêsum cahyaning nagari | kawlasarsa kadi maskentaring tirta ||

12. Maskumambang

1. ya ta wau Sariwahana Sang Aji | ing sadangunira | praja risak bosah-basih | kèh longe wong Yawastina ||

2. katarajang kalabêndu bêbayani | pêpêjah gêlasah | tumpuk undhung pinggir margi | saparan gănda tan eca ||

3. Yawastina kadi dhangkaning rasêksi | wangkening manusa | wor wangkening kêbo sapi | tanapi wangkening kuda ||

4. wangke pitik iwèn buron alit-alit [alit-a...]

--- 104 ---

[...lit] | kadya wuh balasah | karya sukaning kang pêksi | dhandhang ambyuk mawurahan ||

5. bêrkasakan suka wijah-wijah sami | măngsa wangke samya | janma ingkang maksih urip | giris maras samya bubar ||

6. kesah ngungsi maring Widarba nagari | marmanta sang nata | ing driya sangêt prihatin | dangu tan miyos sewaka ||

7. tansah muja nritis sanggaring panêpin | tajin dhahar nendra | saking mêndênging sêmadi | yayah seda jroning gêsang ||

8. rintên dalu nata waspanya drês mijil | ing tyas gung kagagas | tiwasing mêngku praja di | mila jroning pujamăntra ||

9. kang pininta aksamanirèng dewa di | waluyaning praja | lamun datan dèn idini | suka pinugut kang yuswa ||

10. saking dahat garês garantêsing galih | drêsing waspa mêdal | marawayan angêbêsi | sakojurirèng sarira ||

11. duk samana lingsir dalu ingkang wanci | Sri Sariwahana | mêtêking cipta sêmadi | antuk [a...]

--- 105 ---

[...ntuk] tăndha katarima ||

12. jroning puja ana swara amêmangsit | hèh kaki narendra | wudharên dèn ta sêmadi | sirantuk aksamèng dewa ||

13. nora suwe nuli sirna kang pagêring | kulup prajanira | sadhela waluya jati | mulih kadi mulanira ||

14. marma mêngko bengkasên dera prihatin | hèh kawruhanira | ingsun sudarmanta kaki | Sang Aprabu Yudayaka ||

15. mung samantên wontêning swara wêwangsit | byar sang nata kagyat | mulat ngiwa nêngên wingking | tan ana labêting janma ||

16. tarlèn amung maruta manda sumribit | gandaning puspita | korut katiyub ing angin | ngambar gandanira kongas ||

17. ananduki grana sang mudhar sêmadi | sêgêr angga sumyah | marêngi wanci byar enjing | adrêsing bun mawa gănda ||

18. sri narendra langkung ngungun ing panggalih | dènnya myarsa swara | sung wangsit amituturi | samadinira katrima ||

19. yèn samangke jawata paring

--- 106 ---

aksami | lan kang darbe swara | ngakên kang rama suwargi | Mahaprabu Yudayaka ||

20. pangunguning de nata tan ngraos guling | têmah lir supêna | wêkasan narimèng batin | suka sukuring jawata ||

21. sampun lêjar sang nata dènnya prihatin | nulya karsa tindak | kondur maring dalêm puri | panggih lan narpadayita ||

22. sri narendra nutur solahing sêmadi | mring sang pramèswara | miwiti praptèng mêkasi | kang garwa ngungun ing driya ||

23. awêkasan suka sukuring dewa di | mangkana winarna | ing Yawastina nagari | dènnya kambah ing lêlara ||

24. laminipun têtêp mung satêngah warsi | ya ta cinarita | nuju dintên Soma Manis | Sang Prabu Sariwahana ||

25. karsa miyos sewaka ing păncaniti | pêpak kang sumewa | punggawa prameya mantri | supênuh ing panangkilan ||

26. ya ta wau Sariwahana Sang Aji | arum sabdanira | maring Dyan Patih Sunjali | nahên wijiling sabdendra ||

--- 107 ---

27. hèh ta kakang patih lêlakon ingkang wis | tumrap prajaningwang | kalabêndu kang dhatêngi | wus nora wajib rinasa ||

28. krana iku pakaryaning jawata di | kang murba masesa | sèsining bawana iki | titah tan kêna suminggah ||

29. ya marmane kakang mêngko karsa mami | sira andhawuhna | kèhing wrahatbala mami | padha kinèn buwangana ||

30. bangke janma bangke sato pinggir margi | bangkening manusa | dèn ruktènana kang bêcik | wusing prapta ing pasetran ||

31. padha sinungana panuturan sami | de kang maksih gêsang | kakang priksanên kang titi | apa kêkuranganira ||

32. paringana pawitan ingkang nyukupi | arta rajabrana | dimèn ayêm tyase sami | măngka panglipur sungkawa ||

33. kaping pindho mungguh kakang dhawuh mami | ingsun sida arsa | pindhah mring Malawapati | sira nuli samêktaa ||

34. wahanane para garwa putra mami | myang pambêktanira | kabèh isine jro puri | pèni-pèni

--- 108 ---

rajabrana ||

35. aywa kongsi ana barang ingkang kari | lan wadya sadaya | padha pradandana sami | budhal ingsun nora lama ||

36. kang mung kari nganti sawatara ari | dyan patih sandika | sang nata jêngkar tumuli | kondur manjing purantara ||

37. pasowanan sira Dyan Patih Sunjali | lan kănca punggawa | bubaran wus mantuk sami | mring wismane sowang-sowang ||

38. tan winarna wau Dyan Patih Sunjali | wus karya parentah | ngèstokkên dhawuh narpati | sadaya wus kalêksanan ||

39. tuwin karya nawala kang katur maring | kang raka dyan patya | Suksara Widarba nagri | lêlayu muksaning rama ||

40. Sang Bagawan Sunjaya sarêng sarimbit | lawan ingkang garwa | pustaka sawusnya dadi | matah mantri kapatihan ||

41. rong kêmbaran gangsal kalawan têtindhih | sampun dhinawuhan | ijêmannya wus winêling | duta umatur sandika ||

42. sêrat sampun tinampèn anulya pamit | kalilan gya

--- 109 ---

budhal | sapungkuring duta nuli | sira sang nayaka waktra ||

43. lawan sagung wadyabala agêng alit | samya tata-tata | umyung janma sanagari | ingkang sami pradandanan ||

44. samangkana wusnya samêkta dyan patih | lan wadya sadaya | gung alit wus sami rakit | sri narendra tandya budhal ||

45. kêbut saha wadyakuswa sampun kêrig | mring nagri Malawa | praja ingkang nêmbe dadi | laladan wana ing Roban ||

46. prênah salèr kilèn căndramuka wukir | lampahnya sang nata | sawadyabala gêng alit | gumuruh samarga-marga ||

47. swarèng kuda swarèng janma myang raywalit | swarèng rajakaya | pitik iwèn ingkang sami | samya binêktèng alihan ||

48. janma desa rèntèp anon pinggir margi | katêmbèn umiyat | narendra pindhah nagari | dhasar wau sri narendra ||

49. agung nyêbar dêdana saurut margi | kawula pradesan | sukantuk kucahing gusti | lir dhandhang

--- 110 ---

manggih mêmangsan ||

13. Dhandhanggula

1. tan winarna dangune nèng margi | lampahira nata saha wadya | cinêndhak wau lampahe | Malawa sampun rawuh | sri narendra lan garwa siwi | laju tumamèng pura | sira sang nindya nung | lan sagung para punggawa | sumawana pra mantri myang kawula lit | wus manggèn sowang-sowang ||

2. kang ngaturkên prênah siji-siji | Arya Grêndaka lan Wirasena | wus pinantês dhewe-dhewe | tan gèsèh lan rumuhun | rikala Yawastina nagri | ya ta sri naradipa | lawan sawadya gung | riwusing têntrêm sadaya | pindhahipun sang nata mring Mlawapati | wus kawandasa dina ||

3. nulya têdhak mêng-amêng sang aji | midêr ing jro miwah jawi praja | wadyabala dhèrèk kabèh | sauruting marga gung | sri narendra gêganjar maring | wong magêrsari samya | jinajahan kêmput | wradin tan ana klangkungan | wusnya tutug nata kondur ngênyapuri | dene kang wadyakuswa ||

4. sowang-sowang samya [sa...]

--- 111 ---

[...mya] mantuk sami | sigêg nagri ing Malawapatya | gantya winursitakake | nagri Widarba iku | nuju dintên ing Soma Manis | Prabu Jayapurusa | siniwèng wadya gung | munggwing bale panangkilan | pêpak andhèr wadyendra ingkang sumiwi | sang nata rum ngandika ||

5. maring patih nihan sabdanta ji | hèh ta kakang patih apa sira | antuk warta kaanane | ing Yawastina iku | kadiparan ingkang pawarti | nêmbah Patih Suksara | dhuh gusti sang prabu | patikbra miyarsa warta | yèn samangke rayi paduka sang aji | Prabu Sariwahana ||

6. lagya sangêt kataman prihatin | dening sabab nagri Yawastina | kadhatêngan pagring gêdhe | yèn sontên sakitipun | wanci enjing yêkti ngêmasi | yèn enjing sakitira | sontên tamtu lampus | wangkening janma alêksan | binucalan wontên satêpining margi | wor bangke lêmbu kuda ||

7. saking datan kobêr anyaèni | mring

--- 112 ---

pasetran lir tata kang limrah | saking pêpêjah kathahe | mung dados sukanipun | pêksi dhandhang mêmăngsa mayit | sapraja Yawastina | ing sagèn-gènipun | kèbêkan gandaning sawa | Yawastina sasat dhangkaning rasêksi | kang gêsang giris maras ||

8. bubar kabur mawut samya ngungsi | samya dhèrèk wisma ing Widarba | ngantos praptane samangke | tan wontên kêndhatipun | rintên dalu tansah anggili | tiyang ing Yawastina | marmanta pukulun | praja tuwan ing Widarba | ngantos sêsak tiyang gêgriya apipit | jèjèr pepet-pepetan ||

9. pramilanta ing samangke gusti | ngêlar wana tuwin parêdenan | ewamakatên prandose | tan wontên kèndêlipun | sabên dintên janma kang prapti | saking ing Yawastina | ya ta sang aprabu | duk kalanira miyarsa | mring ature sira Dyan Suksara Patih | sangêt ngunguning driya ||

10. awêkasan sungkawa ing galih | akèngêtan talêring kêkadang | barêbêl ngêmbêng waspane | ketang wlas jroning kalbu | mring kang

--- 113 ---

rayi sri narapati | Prabu Sariwahana | wêkasan sang prabu | arum wijilingkang sabda | yèn mangkana kakang patih kèhing janmi | playon sing Yawastina ||

11. kabèh padha paringana sami | rajabrana myang wastra warastra | lan wiji têtanêmane | măngka pawitanipun | nuli dhawuhana prasami | nênandur sasukanya | mrih ayêm tyasipun | jêjêka anggone padha | awêwisma nèng Widarba praja sami | patih matur sandika ||

12. dèrèng têlas dhawuhnya sang aji | gya katungka duta Yawastina | laju mring panangkilane | jujug sang mantri anung | langkung kagyat Suksara Patih | duta dinangu turnya | kêlamun dèn utus | Arya Sunjali Dyan Patya | ingkang dhihin ngaturakên pangabêkti | dene ping kalihira ||

13. ulun kinèn ngaturkên kang tulis | mring paduka srat sampun tinampan | patih kumêpyur galihe | thika maksih tinutup | tan winaos dening dyan patih | laju konjuk narendra |

--- 114 ---

kagyat sang aprabu | anampi ponang wilapa | gya binuka winaos sinukmèng galih | bêbukaning kintaka ||

14. saking patih Dyan Arya Sunjali | katur maring Dyan Patih Suksara | atur uninga wiyose | dening ta muksanipun | rama ibu barêng salatri | lan ngandharkên sadaya | kawontênanipun | nagari ing Yawastina | samuksane Brahmana Kèstu pituwin | Bagawan Wasusarma ||

15. gya lumintu kamuksanirèki | rama ibu tan pantara lama | kadhatêngan pagring gêdhe | mangkana sang aprabu | duk uninga surasèng tulis | wimbuh ing tyas duhkita | srat nguncalkên sampun | maring Dyan Patih Suksara | kinèn maos lan punggawa gênti-gênti | patih matur sandika ||

16. wus cinandhak wau ponang tulis | gya winaos sinuksmèng wardaya | wus tamat dèn ulungake | mring punggawa sadarum | kinèn maos agênti-gênti | winaos wus warata | sadaya

--- 115 ---

angungun | têmahan bela sungkawa | dangu-dangu pinupus karsèng dewa di | nulya nata ngandika ||

17. mring dyan patih hèh kakang tumuli | wangsulana padha kamot layang | dèn bisa manis têmbunge | lairna cihnanipun | yèn ing kene bela prihatin | lan duta Yawastina | sakabèhe iku | ganjarên arta busana | myang warastra aywa kongsi nguciwani | patih matur sandika ||

18. nulya jêngkar kondur sri bupati | manjing pura kang sowan bubaran | patih lawan sakancane | pra mantri punggawa gung | sowang-sowang mantuk prasami | dupi wus pêndhak dina | sira sang nindya nung | Rêkyana Patih Suksara | sampun karya nawala sul-angsul maring | risang nayaka waktra ||

19. Yawastina Dyan Patih Sunjali | miwah duta sadaya ginanjar | busanarta warastrane | kang tampi suka nuhun | kanang sêrat sampun tinampi | pamit kalilan budhal | lampah tan winuwus | mangsuli prajèng Widarba | rikalane nuju

--- 116 ---

ing dina Rêspati | Prabu Jayapurusa ||

20. karsa miyos midêr mariksani | mring rakite kang sami we wisma | janma Yawastina kabèh | ingkang samya lumayu | angungsi mring Widarba nagri | patih sakancanira | para punggawa gung | dhinawuhan dhèrèk samya | wanci enjing sri narendra sampun mijil | rawuhing panangkilan ||

21. amung kèndêl sapangu sang aji | tandya têdhak anitih dipăngga | murub mubyar palanane | patih sakancanipun | dhèrèk wontên wingking narpati | samya wahana kuda | uyêl sapraja gung | untaping janma umiyat | jêjêl uyêl tarap rintip pinggir margi | kongsi tan kêna piyak ||

22. tan winarna solahirèng janmi | kang suk-sukan rêbut anèng ngarsa | ya ta sang nata lampahe | wus prapta prênahipun | ing wismane wong magêrsari | kang saking Yawastina | sukèng tyas sang prabu | dene nguni kang wanarga | mangke dadya tata raharjane sami | lawan sajroning [sajro...]

--- 117 ---

[...ning] praja ||

23. lampahira nata urut margi | lan gêganjar branarta busana | kang tampi suka manahe | manêmbahnêmbah nuhun | dupi lampahipun sang aji | wus têmpuk têmu gêlang | tandya laju kondur | kèndêl lênggah panangkilan | Kyana Patih Suksara lan pra dipati | samya majêng sumewa ||

24. sri narendra nulya ngandika ris | maring patih hèh kakang wruhanta | prajanira tambah rame | yêkti parmèng dewa gung | sung nugraha mring jênêng mami | andhêku mantrimukya | nêmbah lon turipun | kluhuran dhawuh narendra | tingalipun sadaya wong magêrsari | kang wisma ing Widarba ||

25. sampun sami têntrêm tyase sami | nadyan manggènipun dèrèng lama | sampun sami nambutgawe | ananêm tanêm tuwuh | pasabinan myang têgil-têgil | tan wontên siti bêra | ya ta sang aprabu | myarsa aturing dyan patya | langkung suka nulya tan dangu sang aji | jêngkar kondur ngadhatyan ||

26. kyana patih sarowange sami [sa...]

--- 118 ---

[...mi] | sampun bibar mantuk sowang-sowang | ya ta sigêg caritane | gantya ingkang winuwus | nênggih praja Malawapati | nuju ing ari Soma | Krêsna wayah esuk | Sang Prabu Sariwahana | karsa miyos sinewaka păncaniti | pêpak kang wadyakuswa ||

27. jro paseban lir robing jaladri | sri narendra lênggah dhampar rukma | ingkang parêk ing ngarsane | sira dyan mantri ngayun | sri narendra nulya nabda ris | maring nayaka waktra | hèh kakang karsèngsun | mêngko ngong arsa utusan | sung uninga mring Widarba kakang aji | Prabu Jayapurusa ||

28. lamun ingsun samêngko wus ngalih | pindhah praja ing Malawapatya | kaping pindho wigatine | Widarba kakang prabu | ngong timbali mring Mlawapati | sawadyabalanira | lan bêktaa sagung | pèni-pèni ing Widarba | lamun lumuh nêdya balela mring mami | sun antêp karsaningwang ||

29. nanging kabèh dhawuh ingsun iki | akamota sajroning

--- 119 ---

nawala | mula kakang dipun age | mataha punggawa gung | sakêmbaran ingkang prayogi | kang wasis liring basa | bisa bengkas nambung | lantip ing cipta sasmita | kang supaya kakang aywa pindho kardi | kang bakal ingsun duta ||

30. ya ta sira Dyan Patih Sunjali | duk miyarsa dhawuhing narendra | ribêt aribêng galihe | mangudasmarèng kalbu | de kabanjur tyase sang aji | ardambêg puwa-puwa | kalimput amuput | supe talêring kêkadang | nging dyan patih lamun mambêngana ajrih | bok tampi ing dêduka ||

31. atêmahan sandika turnèki | lan ngaturkên kalih kang punggawa | kang dadya pêpilihane | punggawa ingkang sêpuh | kang kinira tan nguciwani | Dyan Arya Sindusena | dene kalihipun | sira Arya Sindupatya | sri narendra suka kapadhan ing galih | srat pinaringkên sigra ||

32. lan winêling-wêling wosing kardi | ingkang wignya ngrakit ngrakêt [ngra...]

--- 120 ---

[...kêt] basa | ing têmbung adu manise | duta kalih wotsantun | sêrat sampun dipun tampèni | amit kalilan budhal | sapanêkaripun | ya ta sapungkuring duta | sri narendra tandya ngandika mring patih | he kakang dhawuhêna ||

33. mring sagunging wadyabala mami | yèn samêngko kakang sutanira | ngong wisudha sakarone | dadya punggawa agung | ingkang tuwa arana mangkin | sira Arya Sudarma | dene arinipun | arana Arya Sumarma | langkung suka sandika Patih Sunjali | sutane karo pisan ||

34. mapan sampun dhinawuhan sami | tur sandika ingkang winisudha | manêmbah majêng nulyage | mangaraspadèng prabu | arya kalih agênti-gênti | riwusira mangkana | nata jêngkar kondur | manjing jroning dhatulaya | pasowanan sira dyan Patih Sunjali | lan kănca-kancanira ||

35. pra punggawa tuwin para mantri | samya bubar mantuk sowang-sowang | sigêg kang winarna ing rèh | gantia kang winuwus | lampahira duta kêkalih | Dyan Arya Sindusena | lawan arinipun [a...]

--- 121 ---

[...rinipun] | sira Arya Sindupatya | lawan para panêkar lampahe prapti | praja di ing Widarba ||

36. kalêrêsan duk samana lagi | amarêngi ari pasewakan | duta dumrojog praptane | lan sapanêkaripun | laju manjing ing păncaniti | jujug Patih Suksara | kagyat sang aprabu | miyat duta ingkang prapta | tinimbalan majêng marêg ing ngarsa ji | duta dwi gurawalan ||

37. tur sandika majêng awotsari | dupi sampun cêlak ing ngarsendra | sang nata nambrama age | hèh uwa kalihipun | praptanira Widarba nagri | apa padha raharja | sajroning lumaku | miwah kang kari nèng praja | yayi aji sagarwa putra pituwin | sanak kawulawarga ||

38. apa uga prasamya basuki | matur nêmbah Arya Sindusena | dhuh gusti kangjêng pamase | kados lamun pakantuk | ing pangèstu paduka aji | lampah amba ing marga | nir sangsayanipun | dene jêng rayi paduka | sri narendra lawan [lawa...]

--- 122 ---

[...n] para garwa siwi | tuwin para santana ||

39. sanggyanipun prasamya basuki | dene gusti pisowan kawula | ing ngarsendra sayêktine | mapan dhapur ingutus | rayi tuwan sri narapati | Prabu Sariwahana | kang sapisanipun | ngaturkên pudya istawa | katur maring paduka sri narapati | dene ping kalihira ||

40. amba kinèn ngaturkên kang tulis | kagyat Sang Prabu Jayapurusa | nampèni srat age-age | nulya binuka sampun | gya winaos sinukmèng galih | bêbukaning nawala | kang sinawung têmbung | Sang Prabu Sariwahana | ingkang pindhah kadhaton Malawapati | ngungkurkên Yawastina ||

14. Pangkur

1. ingkang dhihin sêrat kula | kintun pudya istawa myang sêsanti | mring andika kang prabu |[1] Sang Sri Jayapurusa | kang kadhaton nagri Widarba linuhung | dene kaping kalihira | kula asung kang udani ||

2. lamun panjênêngan kula | sampun pindhah kadhaton Mlawapati | kalihdene [kalihde...]

--- 123 ---

[...ne] kakang prabu | dèn dhanganing wardaya | kula pinta prapta saha wadyanipun | maring nagri ing Malawa | ambêktaa rajapèni ||

3. pèni-pèni ing Widarba | măngka kangge sèn-isèn ing jro puri | Malawa kadhaton ingsun | kakang prabu dipema | pituhunên arinta ing wuwusipun | sarênga lan lampahira | wangsuling duta mong kalih ||

4. titi saraosing sêrat | Prabu Jayapurusa jroning galih | saklangkung ing rêngunipun | nging maksih sinasaban | nulya mèsêm nata manis sabdanipun | maring Dyan Patih Suksara | hèh kakang wacanên iki ||

5. layange yayi narendra | Prabu Sariwahana Mlawapati | ratakna lan sakancamu | sagung para punggawa | kang pustaka tandya nguncalakên sampun | katampèn Patih Suksara | winaos raosing tulis ||

6. sakêdhap sampun sampurna | pinaringkên punggawa gênti-gênti | wus wradin pamaosipun | srat wangsul mring sang nata | kyana patih

--- 124 ---

lan sadaya kancanipun | wusing sami maos sêrat | samya jêngêr tan bisangling ||

7. Sang Prabu Jayapurusa | angandika winor gujêngirèki | maring duta kalihipun | hèh wadyan Sindusena | lawan uwa Arya Sindupatinipun | ngong sawise maos sêrat | paringe yayi sang aji ||

8. Sang Prabu Sariwahana | têka gawok têmên ing ati mami | măngka prasaning tyas ingsun | prajaningsun Widarba | datan ana solah tingkah kang barênjul | myang sabawa kang tan yogya | salawas-lawase sêpi ||

9. kajaba kabèh mung nêdya | dhewe-dhewe mrih rahayuning dhiri | lan ngêgungkên sêmbahipun | maring dewa bathara | kang supadi antuk pangaksamanipun | myang dhaku-dhinaku nora | mandar rumêngkuhe sami ||

10. ing Malawa ya Widarba | ing Widarba iya Malawapati | apadene sungkêmipun | kang para wadyakuswa | nora beda ingsun lawan yayi prabu | loro inganggêp [ing...]

--- 125 ---

[...anggêp] sajuga | mangkono ingkang sayêkti ||

11. lan lagi tumindak pira | yayi prabu kalawan jênêng mami | têka bangêt wus kalimput | tanpa rèh parikrama | ilang kabèh têpane mring kadang sêpuh | iya yèn ingsun priyăngga | ingkang aran kulit daging ||

12. sêdene para punggawa | uga akèh kulawargane sami | kabèh ya padha sadulur | durung adoh tumimbal | yèn kongsia abrawala têmahipun | yayi prabu ing Malawa | tan asih mring kulit daging ||

13. ewa mangkono manawa | yayi prabu kabanjur gone lali | mung manut kewala ingsun | lan pasrah ing jawata | dènnya karya lêlakon mring raganingsun | titah mung darma lumaksa | atas karsaning dewa di ||

14. amung yèn ingsun pinêksa | kinèn prapta sowan mring Mlawapati | yêkti manira tan sanggup | sapisan durung ana | ingkang dadya têpa myang tuladhanipun | wrêda nêmbah kadang mudha | sêdene jêng rama

--- 126 ---

swargi ||

15. durung nate seba marang | Yawastina malah jêng paman aji | Yudayaka Sang Aprabu | kêrêp tinjo kang raka | mring Kadhiri lah iku tuladaningsun | iku bae lêstaria | aywa na salayèng budi ||

16. ing kalihe durung ana | ing dhawuhnya jawata maring mami | kinèn sowan raganingsun | maring nagri Malawa | dene lamun jawata wus paring dhawuh | aja manèh raganingwang | manêmbah mring yayi aji ||

17. kalamun ingsun lumuha | nadyan silih kinèn manêmbah mami | maring wong bangsaning pikul | yêkti datan suminggah | lah mung iku kang dadi wangsulan ingsun | hèh wa Arya Sindusena | lawan Arya Sindupati ||

18. karo padha aturêna | yayi nata iku wangsulan mami | nora susah jênêng ingsun | gawani kang nawala | dene sira karo kang padha dèn utus | măngsa dadak karya durta | rêrêngatan mrih tan yukti ||

19. dhêku arya kalihira | tur sandika wusnya sang nata ênting | dènnya dhawuhkên [dha...]

--- 127 ---

[...wuhkên] sul-angsul | mring duta ing Malawa | nulya kondur jêngkar ngadhaton sang prabu | Patih Suksara bubaran | lan sagung kancane sami ||

20. samya mantuk sowang-sowang | Arya Sindusena makuwon maring | wismane raka puniku | Dyan Arya Danurdhara | Arya Sindupati lêrêm dalêmipun | sira Arya Danumaya | sadangune duta kalih ||

21. anèng nagari Widarba | sakalangkung sinuba-suba dening | kang raka sakalihipun | Dyan Arya Danurdhara | lawan sira Sang Arya Danumayèku | miwah sunggataning nata | andina-dina anggili ||

22. arya kalih langkung suka | dènnya dahat sinuka-sukèng kapti | riwusing sadasa dalu | Dyan Arya Sindusena | lawan Arya Sindupati sami mantuk | wangsul mring nagri Malawa | kalilan wus budhal sami ||

23. ya ta lampahe nèng marga | enggal laminipun datan jinarwi | cinêndhak caritanipun | wus prapta ing Malawa | duta kalih kapatihan kang jinujug [jinuju...]

--- 128 ---

[...g] | kagyat risang mantrimukya | umyat praptaning duta dwi ||

24. sukèng tyas tandya tur priksa | mring sang nata marang sajroning puri | ya ta duk miyarsa atur | Prabu Sariwahana | langkung suka duta tinimbalan gupuh | manjing jroning purantara | kerit Dyan Patih Sunjali ||

25. myang sagung para punggawa | datan dangu wus sowan byantara ji | duta kalih gya dinangu | dènnya lumaku duta | Arya Sindusena manêmbah umatur | ngaturkên sasolahira | duk wontên Widarba nagri ||

26. purwa madya myang wusana | sampun katur sadaya mring sang aji | kagyat wau sang aprabu | dupi myarsa turira | maring duta kalih langkung dukanipun | sêmuning netya ngantirah | kumukus lir mêtu agni ||

27. kang dadya marganing duka | dening duta purun dipun wangsuli | ijoan mantuk ngalênthung | nata sru sora nabda | hèh hèh karo tiwas têmên ingsun tuduh | alah dene ngong utusan [utu...]

--- 129 ---

[...san] | wrêdaning punggawa mami ||

28. têka sasat mulih wara | tanpa labêt lamun duta narpati | ilang karo sêsipatmu | tandhaning duta tama | têmah nistha caraka mulih jarunthul | hèh wa Arya Sindusena | karo Arya Sindupati ||

29. lamun ingsun trima tămpa | wêwangsulan kojah kadi sirèki | tan parlu manira ngutus | punggawa ingkang tuwa | angutusa wrahatbala bae ingsun | măngsa ta nora antuka | wangsulan kadi sirèki ||

30. dhuh sae têmên ta sira | êndi tandhanira duta utami | ya ta dwi kang tampi bêndu | Dyan Arya Sindusena | lawan ari Arya Sindupatinipun | duk myarsa dukaning nata | jroning tyas kalangkung runtik ||

31. jaja bang kadi jêblosan | dènnya sangêt merang rinungu dening | pra punggawa kancanipun | nging lair sinasaban | langkung ajrih arya kalih tansah dhêku | ya ta nata wusnya têlas | dukane mring duta kalih ||

--- 130 ---

32. tandya dhawuh mring dyan patya | hèh ta kakang Patih Arya Sunjali | nuli undhanga dèn gupuh | mring kabèh wadyaningwang | dipun sami pradandanan ing prang pupuh | ingsun nuli arsa tindak | nglurug mring Widarba nagri ||

33. lah uwis padha mundura | tur sandika sira Patih Sunjali | gya mêdal sakancanipun | praptèng jawi bubaran | sêsewangan sami sowang-sowang mantuk | sira sang nayaka waktra | wus dhawuh samêktèng jurit ||

34. arsa binêkta sang nata | tindak nglurug maring Widarba nagri | ya ta wau kang winuwus | Dyan Arya Sindusena | lawan ari Arya Sindupatinipun | undure saking jro pura | sayarda runtiking galih ||

35. mring Prabu Sariwahana | dènnya datan parimarma mring dasih | dêduka sakarsanipun | arya kalih datan sah | rintên dalu kumpul sapanêkaripun | rêmbag nêdyarsa balela | balik mring Widarba nagri ||

36. malah kang para panêkar | kathah sami matur mring arya kalih |

--- 131 ---

yèn parêng yun soroh amuk | ngrisak prajèng Malawa | nanging arya kalih ing galih tan cundhuk | têmah golonging kang rêmbag | nungkul mring Widarba nagri ||

37. wusnya golong ingkang rêmbag | Arya Wirasena sampun ngrujuki | mring kang rama karsanipun | Dyan Arya Sindusena | garwa putra tuwin wayah wus ngalumpuk | wêkdal dalu tandya budhal | lolose punggawa katri ||

38. sawadya panêkarira | ya ta cinarita praptaning enjing | Dyan Sunjali sang nindya nung | dhawuh arsa kumpulan | sakancane sadaya pra punggawa gung | anèng dalêm kapatihan | sadaya wus sowan sami ||

39. amung punggawa têtiga | Arya Sindusena lan Sindupati | Wirasena katrinipun | padha sapanêkarnya | dèrèng prapta dèn anti-anti wus dangu | nulya dyan patih utusan | mantri kapatihan kalih ||

40. kinèn ngenggalkên sadaya | punggawa tri sapanêkare sami | kalih duta mêsat sampun [sampu...]

--- 132 ---

[...n] | sakêdhap wangsul prapta | matur maring sang nindya mantri kalamun | arya katri tan kapanggya | ing wisma sadaya sêpi ||

41. dupyantuk janma sajuga | tinakenan puruging arya katri | wangsulaning janma wau | duk wanci dalu budhal | saha wadya tuwin garwa putranipun | lampahe lajêng mangetan | kilap badhe dhatêng pundi ||

42. lamun dènnya tata-tata | pakumpulan wus wontên pitung ratri | nanging kathah ingkang nyêngguh | rêmbag sawegèng yuda | rèhning tampi dhawuh nata arsa nglurug | mangun prang maring Widarba | dadya tan wontên kang dugi ||

43. yèn arya tri yun miruda | kagyat wau Risang Patih Sunjali | rikala miyarsa atur | lan kănca pra punggawa | sampun nyipta arya tri mirudanipun | mêntas dinukan sang nata | mundur mring Widarba sami ||

15. Durma

1. nulya Patih Sunjali sakancanira | sagung punggawa sami | manjing jroning pura | tur uninga sang nata | mirudaning arya katri | Dyan [Dya...]

--- 133 ---

[...n] Sindusena | lawan Dyan Sindupati ||

2. tiganipun sira Arya Wirasena | praptaning ngarsa aji | wus katur sadaya | prakawis tri punggawa | ya ta sang nata miyarsi | kalangkung duka | asru ngandikèng patih ||

3. hèh ta kakang sira age amataha | bocah punggawa kalih | sapanêkarira | nututi kang miruda | ngêndi kacandhake katri | pocokên samya | murdane arya katri ||

4. aturêna maringsun êndhas kewala | sandika nindyamantri | sigra sami mêdal | patih sakancanira | sapraptanira ing jawi | dyan mantrimukya | matah punggawa kalih ||

5. kang satunggal sira Dyan Arya Subala | Arya Sutarsa kalih | sapanêkarira | nututi kang miruda | wus samya winêling-wêling | dhawuhing nata | sandika kang tinuding ||

6. amit budhal sakancanira panêkar | sikêp kaprabon jurit | lampahe nèng marga | tan mawi cinarita | cinêndhak sampun nututi | arya têtiga |

--- 134 ---

kagyat wau ningali ||

7. yèn lampahnya tinututan ing wadyendra | nuju wanci byar enjing | Arya Sindusena | lan Arya Sindupatya | Arya Wirasena katri | saklangkung duka | kandhêg dènnya lumaris ||

8. pra panêkar baris nêdya mapag ing prang | dupi clak kang nututi | wadya kang miruda | tan kongsi atêtanya | tadhah lajêng angêmbuli | rame ing yuda | mungsuh rowang bêg pati ||

9. caruk rukêt wadyane kang tinututan | lan wadya kang nututi | dangu-dangu kandhap | wadyane Dyan Subala | lan Arya Sutarsa kalih | bubar sar-saran | ngungsi sang arya kalih ||

10. Dyan Subala kalih lan Arya Sutarsa | duka yayah sinipi | wadyane kasoran | ngamuk tan tolih wuntat | wadyane sang arya katri | kathah kang pêjah | dèn amuk arya kalih ||

11. langkung duka sira Arya Sindusena | lan putra mangsah aglis | Arya Wirasena | panggih Arya Sutarsa | Arya [Ar...]

--- 135 ---

[...ya] Subala kapanggih | Dyan Sindusena | rame gantya kalindhih ||

12. dangu-dangu Arya Sutarsa palastra | kaparjaya ing kêris | dening mêngsahira | sira Dyan Wirasena | Arya Subala kalindhih | prang samya gada | tan dangu wus ngêmasi ||

13. pêjahira tandhing Arya Sindusena | ya ta kang kasor jurit | pra panêkarira | sira Arya Subala | lan Arya Sutarsa kalih | sasisaning prang | lumayu samya bali ||

14. mring jro praja tur uninga mring dyan patya | yèn tiwas kang nututi | arya kalih pisan | pêjah kasambut ing prang | kagyat Dyan Patih Sunjali | myarsa pawarta | gugup umanjing puri ||

15. sakancane punggawa sowan sang nata | praptaning byantara ji | wus katur sadaya | purwa madya wasana | lampahe arya kêkalih | kang sami nungka | lolosing punggawa tri ||

16. campuhing prang wontên madyaning dêdalan | arya kalih ngêmasi | wau ta narendra | Prabu Sariwahana | myarsa [myar...]

--- 136 ---

[...sa] ature dyan patih | netya ngatirah | duka yayah sinipi ||

17. waja gathik jaja bang kadi dahana | pratăndha sangêt runtik | tandya sru ngandika | maring nayaka waktra | kakang dhawuhna tumuli | mring wadyabala | samêkta ing ajurit ||

18. ingsun arsa ngawaki tindak priyăngga | nglurug ngadoni jurit | gêpuk ing Widarba | lawan mataha wadya | punggawa kang tunggu nagri | yèn wus samêkta | ingsun budhal tumuli ||

19. tur sandika sira dyan mantri wasesa | sampun kalilan mijil | nulya undhang-undhang | mring wadya pra punggawa | satriya prameya mantri | sudhiyèng yuda | andhèrèk sri bupati ||

20. tindak nglurug maring nagari Widarba | lawan mêmatah sami | mring para punggawa | kang kantun têngga praja | orêg wadya sanagari | apradandanan | asikêping ajurit ||

21. wusnya rakit sagunging wadyakuswala | mêpak atata baris | ngalun-alun kêbak | kèbêkan ing gêgaman |

--- 137 ---

gumuruh kêndhang gong bèri | samya gambira | untaping pra prajurit ||

22. tandya miyos Sang Prabu Sariwahana | kèndêl ing păncaniti | patih myang punggawa | sampun sami sumewa | sawatara sri bupati | nulya ngandika | maring Patih Sunjali ||

23. hèh ta kakang baris nuli budhalêna | dimèn lumaku ngarsi | de bocah punggawa | padha anindhihana | wadya-wadyane pribadi | kakang mung sira | lawan bocah sinêlir ||

24. angayapa lampah ingsun anèng wuntat | sandika nindyamantri | dhinawuhkên sigra | maring para punggawa | bêdhol kang wadya prajurit | rame swaranya | tabuhan samya muni ||

25. barung lawan bangingèhirèng turăngga | myang krincinging kêndhali | wuri sri narendra | têdhak nitih dipăngga | palana lawak rinukmi | rêkyana patya | tan têbih lan sang aji ||

26. munggwing kuda sira sang mantri wasesa | para wadya sinêlir | lan wong kapatihan | ngayap Sri Naradipa | wus mêdal jawi

--- 138 ---

nagari | sigêg lampahnya | nata ing Mlawapati ||

27. gantya ingkang winursita ing Widarba | Jayapurusa Aji | nuju ari Soma | enjing miyos sewaka | anèng bale păncaniti | lir saban-saban | pêpak ingkang sumiwi ||

28. Kyana Patih Suksara sakancanira | punggawa para mantri | andhèr ambalabar | kadi samodra bêna | sri narendra lênggah munggwing | dhampar kancana | ya ta wau sang aji ||

29. mapan dèrèng ngantos wawan pangandika | kasaru ingkang prapti | Arya Sindusesa | lan Arya Sindupatya | Arya Wirasena katri | sagarwa putra | lan panêkare sami ||

30. dumarojog laju maring panangkilan | jujug rêkyana patih | kagyat sri narendra | umyat kang lagya prapta | katimbalan mring ngarsa ji | agurawalan | tiga umajêng sami ||

31. sri narendra wusnya paring kang pambagya | nulya andangu maring | katri sang nararya | mênggah wigatinira | Dyan Sindusena [Sinduse...]

--- 139 ---

[...na] wotsari | matur prasaja | yèn praptanira nguni ||

32. saking nagri Widarba praptèng Malawa | dinukan mring sang aji | wus katur sadaya | purwa madya wasana | ya ta wau sri bupati | kalane myarsa | turnya dyan arya katri ||

33. langkung suka arum wijiling wacana | hèh uwa arya kalih | mungguh praptanira | anèng nagri Widarba | dahat karya suka mami | ingsun rumasa | antuk wong tuwa maning ||

34. ingkang bakal rumêksa mring raganingwang | anaa sèkêt iji | wong tuwa lir sira | sayêkti ingsun tămpa | jêr araning kulit daging | yêkti tan beda | ana ing Mlawapati ||

35. yèn nèng kana pikire kurang sakeca | maring Widarba nagri | yèn anèng Widarba | uga pikir tan eca | pindhah mring Malawapati | tan paenira | jêr padha kulit daging ||

36. marma mêngko hèh kakang Patih Suksara | kang dadya karsa mami | uwa karo pisan | kalawan sutanira | kakang Wirasena [Wirase...]

--- 140 ---

[...na] mangkin | kawiryanira | lan cêcatuning siti ||

37. aywa owah lan duk ana ing Malawa | tumrape anèng ngriki | panganggêp manira | yêkti tan ingsun beda | kalawan si uwa katri | Dyan Danurdhara | Arya Danumayèki ||

38. katrinira si wa Arya Hèrkamaya | manêmbah kyana patih | umatur sandika | jumurung karsa nata | ya ta wau arya katri | dupi miyarsa | sabdanira sang aji ||

39. langkung dening sami asrêp manahira | dènnya sampun katampi | pasuwitanira | Dyan Arya Sindusena | umatur saha wotsari | mring sri narendra | dhuh gusti jêng dewaji ||

40. kintên-kintên gusti rayi jêng paduka | Natèng Malawapati | tan antawis dina | yêkti tumuntên prapta | nglurug mring Widarba nagri | margi duk kala | gusti kawula maksih ||

41. wontên praja Malawa rayi paduka | sampun dhawuh mring patih | undhang wadyabala | samêkta ing ayuda | sang nata arsa ngawaki | tindak priyăngga [pri...]

--- 141 ---

[...yăngga] | gêpuk Widarba nagri ||

42. kaping kalih nalika lolos kawula | gusti dipun tututi | kêkalih punggawa | sami sikêping yuda | kasusul ing têngah margi | ingkang dinuta | Arya Subala kalih ||

43. sira Arya Sutarsa sawadyanira | dados ing têngah margi | ulun kandhêg ing prang | kalih punggawa pêjah | panêkare kathah lalis | sakantunira | lir pucung samya ngungsi ||

16. Pocung

1. yêktinipun rayi tuwan sang aprabu | Sri Sariwahana | tambah dukaning kang galih | mila amba ngintên botên dangu prapta ||

2. ya ta wau Jayapurusa sang prabu | rikala miyarsa | Dyan Sindusena turnèki | langkung suka tandya ngandika mring patya ||

3. liring dhawuh jagi prayitnèng pakewuh | hèh kakang Suksara | dhawuhna mring wadya mami | gêdhe cilik dèn sami samêktèng yuda ||

4. nanging dipun nyamar ing pratingkahipun | baris pêpêndhêman | aywa kongsi ngatawisi | lan sakèhing

--- 142 ---

kawula nagri Widarba ||

5. siyang dalu nuju mêlèk tuwin turu | anèng jroning wisma | tanapi lêlungan sami | aywa ana kapisah gêgaman yuda ||

6. sang nindya nung nêmbah sandika turipun | nata wusnya têlas | dhawuhipun mring dyan patih | tandya jêngkar kondur manjing jroning pura ||

7. pra wadya gung kang sowan bubaran sampun | mantuk sowang-sowang | ya ta wau arya katri | rêrepote sakadang garwa myang putra ||

8. samya dunung wismaning rakatrinipun | Arya Danurdhara | Arya Danumaya tuwin | katrinira sira Arya Hèrkamaya ||

9. tan winuwus enjingipun sang nindya nung | Dyan Patih Suksara | wus dhawuh maring wadya ji | tuwin maring kawula prajèng Widarba ||

10. sanggyanipun dèn sami prayitnèng kewuh | nadyan anèng wisma | miwah yèn lêlungan sami | aja kongsi pisah sanjataning aprang ||

11. pra wadya gung matur sandika sadarum | wus sami sawega | baris pêpêndhêman [pêpêndhêma...]

--- 143 ---

[...n] sami | ya ta wau Sang Prabu Jayapurusa ||

12. jroning kalbu langkung dènira amêsu | sabên dalu tansah | sêmadi maladi êning | tanpa ginggang saking sanggar palanggatan ||

13. ciptanipun jroning puja kang dèn suwun | ing rahayunira | dènirarsa mangun jurit | lan kang rayi Sang Prabu Sariwahana ||

14. duk anuju satunggalira ing dalu | sang nata kang lagya | arsa umangsah sêmadi | kagyat ing tyas umyat kang rawuh sing wiyat ||

15. laju jujug sanggar palanggatanipun | yèku Hyang Naradha | nata kang ayun sêmadi | gurawalan nêmbah mring kang lagya prapta ||

16. ngraup sukunira Hyang Kanekasunu | ya ta Hyang Naradha | gumujêng ngandika aris | wruhanira kaki ing prapta manira ||

17. dipun utus Hyang Guru aparing dhawuh | maring pêkênira | pamintanta jro sêmadi | jinurungan dening Hyang JagadPratingkah ||

18. iya besuk aprangira yêkti unggul | arinta narendra | Sariwahana ing benjing [be...]

--- 144 ---

[...njing] | yêkti sirna kaki dening panahira ||

19. ingkang kasup Kyai Pasopati ampuh | liya iku nora | ana braja kang nêdhasi | sabawana tumpêkên gêgaman yuda ||

20. yêktinipun tanpa karya sanggyanipun | ujêr arinira | Sariwahana Sang Aji | luwih têguh wirasakti măndraguna ||

21. marganipun saking nguni timbulipun | Bagawan Mintuna | marma kaki dipun eling | lamun têmbe sira sida băndayuda ||

22. ywa kalimput kasuwèn dèn ta umagut | nuli lêpasana | jêmparing Ki Pasopati | mêsthi dadya pangatêre arinira ||

23. kaki Prabu Sariwahana puniku | mring jaman kamuksan | dene yèn kasuwèn kaki | sisip-sisip tiwas dhewe pêkênira ||

24. Sang Aprabu Jayapurusa duk ngrungu | maring dhawuhira | sira Hyang Kanekasiwi | langkung suka nuhun-nuhun aturira ||

25. dhuh pukulun jawata ingkang linuhung | yêktine kawula | botên badhe angingkêti | ngèstokakên dhawuhing [dha...]

--- 145 ---

[...wuhing] jawata mulya ||

26. nadyan lêbur datan garantês sarambut | Hyang Kanekaputra | langkung êntyarsèng panggalih | amiyarsa turing Sri Jayapurusa ||

27. manthuk-manthuk lan malih ngandika arum | hèh kaki narendra | kajaba dhawuh ngong kang wis | anamanèh karsane Hyang Girinata ||

28. sira kulup pinaring pusakanipun | karo rupa rêca | siji priya siji èstri | ingkang priya kulup mimba warnanira ||

29. Sang Hyang Guru lan kadadyanirèng dangu | kang wêsi garita | anadene ingkang èstri | warnanira mimba Hyang Bathari Uma ||

30. asalipun rêca èstri duk rumuhun | iya kadadyannya | aran kang wêsi Sri Kandhi | karopisan dadia pusakanira ||

31. wit puniku sajatine kang sawastu | iya pusakanya | eyangira duk ing nguni | Sri Ngastina kaki Prabu Dipayana ||

32. kongsi tumrun anak putu praptanipun | ing sudarmanira | Gêndrayana kaki aji | de

--- 146 ---

baline pinundhut Hyang Girinata ||

33. duk rumuhun barêng kabasmaranipun | kadhaton Ngastina | ya ta Jayapurusa Ji | langkung suka nampèni rêca dwinira ||

34. gupuh-gupuh pinarnah nèng madyanipun | sanggar palanggatan | wusnya nata rêca kalih | sri narendra tandya wangsul marêk sigra ||

35. ngarsanipun Hyang Kaneka sarwi matur | pukulun patikbra | dahat kapengin udani | purwanipun wontên tosan dados rêca ||

36. dadosipun kawarti kala rumuhun | tan srana kinarya | tuwin caritane nguni | kalanipun kabêsmi kraton Ngastina ||

37. ya ta wau sira Hyang Kanekasunu | duk myarsa turira | Sri Jayapurusa Aji | langkung suka gumujêng lajêng carita ||

38. hèh ta kulup ing nguni caritanipun | wêsi dadya rêca | kwasane Êmpu Brangtadi | Hyang Naradha agalur caritanira ||

39. ngantos nutug linêkasan wiwitipun | kala jênêngira | Mahaprabu [Mahapra...]

--- [0] ---

Ringgit Madya Lampahan Jayapurusa, Mangkunagara IV, 1914, #98 (Pupuh 11–20): Citra 1 dari 2
Sang Hyang Naradha, rêca, Prabu Jayapurusa.

--- 147 ---

[...bu] Parikêsit | kongsi prapta alam Prabu Gêndrayana ||

40. wêkasipun Hyang Naradha kojahipun | karaton Ngastina | purwakanira kabasmi | suka ngungun Sang Prabu Jayapurusa ||

41. sukanipun dene wruh lêlakonipun | jaman kina-kina | para eyang kongsi prapti | ingkang rama Mahaprabu Gêndrayana ||

42. ngungunipun dene lampahan rumuhun | kathah kang pinanggya | kaelokaning dewa di | wusnya têlas dhawuhing Rêsi Naradha ||

43. amit kondur wangsul ing kahyanganipun | sakêdhap wus muksa | Sri Jayapurusa Aji | karyanggana lêstantun amuja brăngta ||

17. Asmaradana

1. ya ta wau tan winarni | Sang Prabu Jayapurusa | ingkang mêndêng sêmadine | nèng sanggar panêpinira | sigêg gêntya winarna | kang lagya lêlampah nglurug | Sang Prabu Sariwahana ||

2. lan wadya punggawa sami | enggal lamine nèng marga | datan nganggo kacariyos | duk samana [sa...]

--- 148 ---

[...mana] sampun prapta | nagari ing Widarba | sang nata tandya kêkuwu | kilèn wukir Nilandusa ||

3. pakuwon sampun rinakit | rinareka bêbitingan | cêkapan têbih cêlake | lan jro kitha ing Widarba | lampahan kalih dina | kamot ing sawadyanipun | Sang Prabu Sariwahana ||

4. wus dhawuh marang ing dasih | datan ana kang kalilan | karya risak karya gègèr | mring janma bumi sadaya | milanta wong padesan | ing sakanan keringipun | pakuwon Natèng Malawa ||

5. malah suka-suka sami | jalu èstri sêsadean | têtêdhan barang wêdale | palakirna ing padesan | marma kongsi katêlah | prênah pasanggrahan wau | sinêbut karan Malawa ||

6. kabêkta saking dèn broki | pakuwon Natèng Malawa | ya ta wau sang akatong | Sang Prabu Sariwahana | lênggah siniwèng wadya | rêrêmbagan lan nindya nung | myang sagung para punggawa ||

7. ing lampah ingkang sayogi [sayo...]

--- 149 ---

[...gi] | dènirarsa mangun aprang | Patih Sunjali ature | dhuh gusti jêng sri narendra | kajawi karsa nata | mênggah mrih utaminipun | rèh badhe prang sami kadang ||

8. kêdah utusana dhihin | pangantêp mring raka tuwan | nadyan gusti sawaune | sampun sami puguh ing tyas | nanging dintên punika | bokmanawi galihipun | binuka dening jawata ||

9. lajêng kadunungan eling | dene lamun wus mangkana | raka tuwan maksih wangkot | nêdyarsa mêthuk ing yuda | gusti jêng padukendra | botên kainan ranipun | kaping kalih loking jana ||

10. sampun botên nguciwani | tan tilar ing parikrama | tataning prang sami katong | Sang Prabu Sariwahana | myarsa aturing patya | langkung suka galihipun | sigra dhawuh karya surat ||

11. maring wadya juru tulis | nawala sakêdhap dadya | nulya ngaturkên sang katong | dèn waos surasanira | sampun kapadhan karsa | kang sêrat [sêra...]

--- 150 ---

[...t] sigra tinutup | matah kalih kang punggawa ||

12. kang badhe mlampah tinuding | kang pinilih majêng ngarsa | Arya Sudigda arine | sira dyan nayakawaktra | dene ta kanthinira | Dyan Grêndaka kalihipun | sutèng Arya Wirabadra ||

13. patutan Dyah Mahanari | putrine Sri Gêndrayana | prênah raka lan sang katong | Sang Prabu Jayapurusa | wau kalih kang duta | pinaringan sêrat sampun | wus winêling ijêmannya ||

14. tur sandika duta kalih | nêmbah lèngsèr saking ngarsa | dèn dhèrèkkên ing wadyane | panêkar mung sawatara | sami wahana kuda | sêsandêran lampahipun | tan winarna anèng marga ||

15. cinêndhak samana prapti | sajroning kitha Widarba | nuju Rêspati dinane | Sang Prabu Jayapurusa | lagya miyos sewaka | munggwing păncanitinipun | andhèr pêpak kang sumewa ||

16. jroning sewaka sang aji | kang rinaos datan liya | lêlakon kadadeyane |

--- 151 ---

yèn èstu amangun yuda | lan kadang rêbut pêjah | ya ta nata ngandika rum | maring Dyan Patih Suksara ||

17. kadiparan kakang patih | lamun sida mangun ing prang | mungsuh kadang rêbut layon | dyan patih nêmbah turira | gusti sadasa-dasa | karsaning dewa linuhung | lagya kinarya lampahan ||

18. tan kenging dipun singgahi | sang nata manggut ngandika | iya kakang bênêr kowe | dèrèng dumugi sang nata | dènira angandika | kasaru ing praptanipun | dutaning Natèng Malawa ||

19. datanpalarapan kalih | jujug maring pasewakan | kalih lungguh ing ngarsane | sagunging para nayaka | wurinira dyan patya | dene pra panêkaripun | kèndêl soring wringin kêmbar ||

20. kagyat wau sri bupati | tuwin kang samya sumewa | nanging wus andugi kabèh | yèn duta saking Malawa | sang nata dangu sigra | mring Arya Sindusenèku | hèh Wa Arya Sindusena ||

21. sapa karo ingkang [ing...]

--- 152 ---

[...kang] prapti | matur Arya Sindusena | gusti punika èstune | nama Sang Arya Sudigda | arinipun dyan patya | dene kang satunggalipun | anama Arya Grêndaka ||

22. pulunan tuwan pribadi | sutèng Arya Wirabadra | patutan saking garwane | Mahanari Sang Kusuma | putri saking Widarba | putra jêng ramanta èstu | Mahaprabu Gêndrayana ||

23. wusnya sang nata udani | alurane ingkang prapta | nulya sinapa kalihe | pinaring sabda pambagya | dinangu praptanira | Arya Sudigda umatur | pukulun ulun dinuta ||

24. arinta sri narapati | Sang Prabu Sariwahana | angaturkên nawalane | katur maring jêng paduka | sêrat ngaturkên sigra | tinampèn maring sang prabu | winaos sinuksmèng driya ||

25. kadhadha raosing tulis | mèsêm Sri Jayapurusa | maring wau duta karo | hèh kakang Arya Sudigda | kulup Arya Grêndaka | anadene layangipun | yayi

--- 153 ---

prabu ing Malawa ||

26. kang sapisan mundhut maring | bêburone kang andaka | têtêlu waja tracake | miwah netrane kumala | ucul saking Malawa | ginalih yèn raganingsun | ngukuhi banthèng trinira ||

27. pangrasane ing tyas mami | kang mangkono nora pisan | amung sabênêr-banêre[2] | rumasa padha kawogan | duwe kawulawarga | ing sakarêp-karêpipun | tan enak anèng Malawa ||

28. banjur mring Widarba ngalih | nèng Widarba tan sakeca | mring Malawa sasukane | kana kene tan prabeda | Widarba lan Malawa | padha kulit dagingipun | tan bisa akon myang nyêgah ||

29. mangkono panêmu mami | dene kaping kalihira | nawalane yayi katong | ingsun tinimbalan seba | maring pakuwonira | bangêt gon ingsun pakewuh | rèh ingsun jumênêng nata ||

30. anèng Widarba praja di | kinèn seba mring wong desa | dhasar wêwêngkonku dhewe | sêdene yayi narendra [na...]

--- 154 ---

[...rendra] | tindak prajèng Widarba | andadak tan karsa laju | manjing jro kitha Widarba ||

31. kapanggih kalawan mami | abangêt gone kumliya | gawe gawoke tyas ingong | kaping têlu sêratira | yayi Prabu Malawa | angantêp ing sêdyaningsun | kang dadi wangsulan ingwang ||

32. biyèn-biyèn praptèng mangkin | prajaningsun ing Widarba | nora ana antarane | karya dhadhakan tan yogya | tan liya sêdyanira | ngagêngkên panêmbahipun | maring jawata minulya ||

33. alah gêlar dene yêkti | sira karopadha wikan | kadiparan kaanane | kene katon kadiparan | têlas sabdèng narendra | yatarya Sudigda matur | dhuh gusti sri naradipa ||

34. karsanya rinta sang aji | saking praja mung anêdya | ambêbujêng bujêngane | tri andaka tracak waja | sami netra kumala | pundi ênggène kapangguh | yêkti lajêng winasesa ||

35. dene arinta sang aji | makuwon jawining kitha |

--- 155 ---

botên katênta èstune | saking sêngsêming panggenan | punika botên pisan | mung èngêt rayi pukulun | kalamun ingkang sarira ||

36. ratu agung nyakrawarti | ingkang binatharèng jagad | lasar kinalêpèhane | nata agung binathara | yèn karsa apêpara | wontên ing pundi dhokipun | lajêng dados pacangkraman ||

37. nuntên ratu kanan kering | kang miyarsa sami sowan | lan nungsung pakurmatane | karantên sasèsining rat | sampun sami kongkulan | wibawane rinta prabu | makatên pamanggih amba ||

38. pramilanipun sang aji | jêng paduka akarsaa | paring srat wêwangsulane | wêwaton karsa paduka | dèn wratna ing nawala | yèn dhawuh tuwan pukulun | amung kalawan ijêman ||

39. kawula ajrih nampèni | lan malih rayi paduka | yèn karsaa upamine | nampèni wangsulan wara | măngsa dadak ngutusa | pun sudigda yêktinipun | cêkap wadya wrahatbala ||

40. pramila [pra...]

--- 156 ---

[...mila] kawula gusti | yèn tan kaparingan sêrat | lêhêng mantuk aran bae | têlas wau aturira | sira Arya Sudigda | sang nata kalangkung bêndu | myarsa atur kang mangkana ||

41. kang netya ngatirah andik | jaja bang mawinga-winga | tansah kumêdut lathine | sêrêng wijiling sabdendra | hèh hèh Arya Sudigda | abane bocah kêkuncung | tan wrin rèhing subasita ||

42. tanpa nganggo sidhang siring | micara tanpa ukara | anggêr bisa ngêtokake | yèn mangkono ing samangkya | matura ratunira | têtêpe ing karsaningsun | padha mrih yuda kênaka ||

18. Pangkur

1. samêngko banthèng têtiga | tracakwaja netra kumala sami | ngong umbar nèng alun-alun | dèn cêkêla priyăngga | mring ratumu dèn enggal turana rawuh | ngalun-alun ing Widarba | pancèn wus ngong sudhiyani ||

2. ya ta wau Dyan Grêndaka | duk miyarsa sabdanira sang aji | lir sinêbit kupingipun | kêrot anggêgêt [ang...]

--- 157 ---

[...gêgêt] waja | sarwi majêng sacêngkang dènira lungguh | asru matur mring sang nata | lah sinuhun dipun aglis ||

3. ponang andaka têtiga | dèn umbara kawula kang kadugi | nyêpêng ijèn banthèng wau | mila rayi paduka | ngutus dhatêng pun Grêndaka yêktinipun | sampun ginalih pitaya | sagêd bengkas angrampungi ||

4. ature Arya Grêndaka | lawan gigit waja amêdal gêtih | saking sruning runtikipun | ya ta wau sang nata | duk miyarsa Dyan Grêndaka aturipun | saya wimbuh dukanira | mèh dadya brawala yêkti ||

5. tanggap Dyan Patih Suksara | majêng nêmbah matur mring sri bupati | dhuh gusti jêng sang aprabu | kapilare kalintang | yèn paduka nimbangi wirodèng kalbu | lan malihipun tan ana | tuladhaning nguni-uni ||

6. wontên duta manggih tiwas | kyana patih wusnya matur sang aji | sigra dènnya nolih pungkur | mring duta kalihira | hèh ta adhi Dyan Sudigda kalihipun | anak [a...]

--- 153 ---

[...nak] mas Arya Grêndaka | paranmarmanta kêkalih ||

7. padha kalimput ing driya | gawe tingkah kang karya walangati | tindak tanduk ingkang saru | niring rèh parikrama | têmah mamak mring adat tatèng karatun | ilang ing lêlabêtira | lakuning duta utami ||

8. yèn mangkono pantêsira | amung dadi dutaning ratu wukir | kang kulina padhas watu | lah mêngko wruhanira | kabèh-kabèh prakara ingkang tumangguh | iya Si Patih Suksara | piyarsanên wuwus mami ||

9. matura mring gustinira | ingsun ingkang mancas prakara iki | nuli praptaa dèn gupuh | Prabu Sariwahana | besuk wani ing samêngko iya purun | mapan wus padha sinêdya | ngadêg satêngahing baris ||

10. kadi nora karya cuwa | ing Widarba dhasar wus mirantèni | têlas wau sabdanipun | sira Patih Suksara | lêga tyase duta arya kalihipun | pamit mundur sigra budhal | prapta gèn panêkar nganti ||

11. nèng

--- 159 ---

soring waringin kêmbar | arya kalih nyengklak kudane sami | sinabêt turăngga mamprung | tanapi panêkarnya | ya ta sapungkuring duta kalih wau | Sang Prabu Jayapurusa | nulya dhawuh mring dyan patih ||

12. kinèn budhalakên wadya | pacakbaris sasikêping ajurit | maring jawi kithanipun | pasang gêlar sinamar | sri narendra yun nindaki aprang pupuh | sandika Patih Suksara | nata kondur manjing puri ||

13. Rêkyana Patih Suksara | sakancane para punggawa sami | wus sami bubaran mantuk | nulya ri enjingira | sang nayaka waktra sampun adhêdhawuh | mring sagung wadya sadaya | samêkta kaprabon jurit ||

14. wusnya samêkta sadaya | tandya nêmbang têngara budhal aglis | swaraning wadya gumuruh | praptaning jawi praja | pangrakiting gêlar baris tan winuwus | gantya mangsuli lampahnya | duta ing Malawapati ||

15. Arya Sudigda kalawan | sira Arya Grêndaka lan pangiring | pra mantri panêkaripun | wus [wu...]

--- 160 ---

[...s] prapta pasanggrahan | duk samana Sariwahana Sang Prabu | nuju lênggah pakêmpalan | lan sagung punggawa sami ||

16. kagyat sri narendra miyat | sapraptaning duta arya kêkalih | gya dinangu gupuh-gupuh | saliring rèh dinuta | sira Arya Sudigda nêmbah umatur | ngaturkên sasolahira | dènnya lumampah tinuding ||

17. purwa madya myang wasana | sampun katur sadaya mring narpati | sri narendra langkung bêndu | tandya dhawuh sang nata | mring dyan patih kinèn undhang mring wadya gung | budhal arsa manjing praja | wus nêdya rêrêmpon jurit ||

18. dyan patih matur sandika | sampun lajêng undhang budhalkên baris | kêndhang gong bèri tinabuh | rame umyung swaranya | dupi sampun baris cêlak lampahipun | cakêt sajawining praja | kagyat dènira ningali ||

19. kalamun wadya Widarba | sampun sami masang gêlaring jurit | mila tan dangu gya têmpuh | arame long-linongan | mungsuh rowang sami

--- 161 ---

kathah ingkang lampus | ing wuri majêng anunjang | wuru riwut kang ajurit ||

20. wutahing rah ambalabah | jawi kitha yayah abanjir gêtih | dangu-dangu saya liwung | aprang sami punggawa | duk samana Arya Sudigda kapangguh | tandhing lan Dyan Sindupatya | arame ungkih-ingungkih ||

21. samya ngêtog kasudiran | têmah kalih pêjah sampyuh ing jurit | Arya Grêndaka angamuk | tadhah Dyan Sindusena | rame kalih kang aprang caruk-cinaruk | sami kasudibyanira | kalih pêjah sampyuh malih ||

22. ya ta Arya Wirabadra | duk umiyat Arya Grêndaka lalis | sangêt krodha ngamuk punggung | nir baya nir wikara | wong Widarba kang katrajang akèh lampus | kang kari miris abubar | ngungsi maring senapati ||

23. sira Arya Wirabadra | saya liwung wruh mungsuhe angisis | solahe lir banthèng tatu | duk samana kapapag | lan arine Jayapurusa Sang Prabu | Arya Prabu Dipayana |

--- 162 ---

wus ajêng-ajêngan kalih ||

24. Arya Prabu Dipayana | sru nabda hèh Arya Wirabadrèki | sira trah prajurit luhung | dene pangamukira | muta tuli tan nganggo amawang mungsuh | yèn sira dhasar murina | patine sutanirèki ||

25. si kulup Arya Grêndaka | dudu ingsun kang marjaya matèni | aprange wus padha sampyuh | lan Arya Sindupatya | Arya Wirabadra wus datanpa kengguh | malah pangucape sora | hèh sira dhasar panyakit ||

26. kolu maring kaponakan | dènnya ngucap kalawan gigit lathi | kalawan narajang mungsuh | sirarya prabu sigra | anadhahi ing aprang nêdya tumangguh | ramening prang kalihira | sami prawirèng ajurit ||

27. dangu-dangu risang arya | Prabu Dipayana kêni kasliring | kataman nênggala lampus | kuwănda lajêng muksa | Sang Aprabu Jayapurusa andulu | pêjahe kang rayi sigra | krodha mangangsahkên èsthi ||

28. nêdya ngawaki ing yuda | ya ta

--- 163 ---

Patih Suksara amêgati | mring angsahira sang prabu | sarwi matur ngrêrêpa | dhuh pukulun yogya kèndêla rumuhun | yèn paduka ngawakana | ing aprang dèrèng winanci ||

29. margi mêngsah dede timbang | taksih kathah gusti punggawa aji | kang sami prawirèng pupuh | de sedane ri nata | Arya Prabu Dipayana apan ta wus | karsaning dewa winênang | titah sadaya darbèni ||

30. pêpêsthèn pyambak-piyambak | botên kenging gusti dipun ewahi | ya ta wau sang aprabu | dupi myarsa turira | kyana patih kèndêl kanggêg krodhanipun | wêkasan panggalihira | mupus narimèng dewa di ||

31. ngingêrkên titihanira | kang dirada maring barisan wuri | ya ta wau ingkang ngamuk | Dyan Arya Wirabadra | lir sardula wikrigita tandangipun | giris wadya lit Widarba | singa kang katrajang ngisis ||

32. krodha Arya Danurdhara | mangsah nêngah sumêdya nanggulangi | marang kang mangamuk [mangamu...]

--- 164 ---

[...k] liwung | sirarya Wirabadra | wus kapanggih ijèn arame prangipun | kalihe sami prawira | dangu tan ana kalindhih ||

33. saking riwut tandangira | têmah weya Dyan Wirabadra kêni | jinojoh nênggalanipun | sirarya Danurdhara | kapisanan pêjah nèng bantala ambruk | kuwănda umêsat muksa | kèndêl kasaput ing ratri ||

34. mungsuh rowang samya bubar | sowang-sowang mring pakuwone sami | sajroning ratri puniku | kang susah tan jinarwa | pakuwoning Widarba kalawan mungsuh | malah sami andrawina | bujana kasukan ngênting ||

35. ing dalu tan winuwusa | dupi enjing têngara aprang muni | kêndhang gong bèri angungkung | baris mungsuh lan rowang | sarêng mêdal datan dangu nulya campuh | anggung sami long-linongan | langkung ramening ajurit ||

36. mèh sadintên dènnya aprang | gênti unggul miwah gênti kalindhih | ingkang yuda saya riwut | Dyan Arya Prabasana | pêjah sampyuh [sa...]

--- 165 ---

[...mpyuh] ajêng-ajêngan acampuh | lawan Arya Hèrkamaya | dangu-dangu ing ajurit ||

37. wong Malawa mirut dhadhal | ngungsi wuri unggyaning senapati | ya ta wau duk andulu | Prabu Sariwahana | wadyanira akèh larut ngungsi pungkur | duka ngawaki ngayuda | sarêng lan Patih Sunjali ||

38. tuwin kang para punggawa | sasisane ingkang sampun ngêmasi | sadaya sarêng angamuk | singa katrajang bubar | kang kapikut mêsthi nyawanira jabut | wadya Widarba sar-saran | bubar kabur ngungsi wuri ||

39. tanda[3] Sri Jayapurusa | apêpulih mring wadya ingkang ngisis | Patih Suksara tan kantun | myang sagung pra punggawa | ingkang maksih gêsang sarêng samya ambyuk | anut dening gustinira | wus nyalirani ngajurit ||

40. Sang Prabu Sariwahana | mênthang laras dèn arah ngati-ati | kang sinipat jangganipun | raka Natèng Widarba | wusnya lêrês pamênthang pamawasipun | tandya jêmparing lumêpas | sumêbut saengga [saeng...]

--- 166 ---

[...ga] thathit ||

41. Sang Prabu Jayapurusa | wus waskitha mring laraping jêmparing | dupyarsa nata kacundhuk | endha sakêdhik mêndhak | kang warastra sumiyut sanginggilipun | mustakanya Sri Widarba | têmahan makutha kêni ||

42. uwal kasingsal mring kisma | Prabu Jayapurusa langkung runtik | saking lingsêmnya kalakung[4] | dene makuthanira | wus kasingsal uwal sing mastakanipun | krodha angayat sanjata | jêmparing Ki Pasopati ||

43. pamênthangira dèn wawas | jajanira rayi Sri Mlawapati | wusnya pamawase cundhuk | jêmparing gya lumêpas | langkung kêras saking gandhewa sumêbut | Sang Prabu Sariwahana | kacundhuk Ki Pasopati ||

44. lêrês madyaning pranaja | kumaleyang ambruk lênggah ing siti | lawan ngadhuh sambat lampus | ya ta kang samya aprang | mungsuh rowang dupi umiyat Sang Prabu | Sariwahana Malawa | kanin kêni ing jêmparing ||

45. duk lagine kumaleyang | pindha ingkang pangantèn [panga...]

--- [0] ---

Ringgit Madya Lampahan Jayapurusa, Mangkunagara IV, 1914, #98 (Pupuh 11–20): Citra 2 dari 2
Patih Sunjali, Prabu Jayapurusa, Prabu Sariwahana, Patih Suksara.

--- 167 ---

[...ntèn] anyar lagi | niba anèng tilamsantun | rikala karsa nendra | kang umiyat kumêsar sadayanipun | bayu kadya linolosan | kang aprang kèndêl prasami ||

46. lumajêng marêg sadaya | mring ngarsane wau kang nandhang kanin | lan karuna sanggyanipun | ya ta Natèng Widarba | malajêngi mring kang rayi gupuh-gupuh | angrangkul lungayanira | ngandika sarwi anangis ||

47. dhuh yayi prabu riningwang | lah kapriye yayi sira nêmahi | prapta ing antakanipun | kalamun nguni sira | aywa bangêt ngugung ardaning tyas digung | lalu lali mring pun kakang | tambuh rèh laku utami ||

19. Gambuh

1. yèn ta yayi rumuhun | tyasnya têtêp anèng praja amung | lawan ingsun dhewe-dhewe padha mukti | tan nganggo dhaku-dhinaku | limut mring kadang sayêktos ||

2. lah mêngko wus kabanjur | puluh-puluh wus dadi rong puluh | yayi prabu kudu muksa andhingini | tarlèn pun kakang jumurung [ju...]

--- 168 ---

[...murung] | sudya istawa kemawon ||

3. ing patrap ywa tumpangsuh | dipun têtêp sêdyaning panggayuh | yèn tan samar maring pamoring atunggil | sayêktine tan pakewuh | ancasing kasidan dados ||

4. ya ta wau sang prabu | Sariwahana dupi angrungu | sabdèng raka talingannya lir pinêtik | tumênga mangsuli wuwus | sugal nanging wus rêkaos ||

5. pêgat-pêgat lingipun | kakang prabu nirdaya ing wuwus | tanpa wêkas lir ucaping lare alit | apa Sariwahanèku | tinarka bodho kemawon ||

6. amamak mudha punggung | muta tuli tan wrin unggah-ungguh | barang karya wus katimbang lawan titi | nindaki prang takêr marus | uruping toh wus binobot ||

7. lan maning kakang prabu | têka pindho karya ing wuwusmu | măngsa dadak ratune wong Mlawapati | maèlu ujar kadyèku | mapan wus mangkene katon ||

8. palimarma sathekruk |

--- 169 ---

nora dadi marganing pikantuk | jêr Si Sariwahana dudu raywa lit | wusing têlas wuwusipun | sang nata mangracut gupoh ||

9. ing păncadriyanipun | rasa gănda pangrungu pandulu | winasesa rinupak pinêpêt sami | mung mêlêng sawijinipun | mrih nunggal kaanan jatos ||

10. wêninging cipta sampun | dadya juga ginêlêng kinumpul | sanalika Sang Prabu Malawapati | muksa sakuwandanipun | tandhaning nata kinaot ||

11. wiyat swara jumêgur | angèbêki sabawana kêmput | sinarêngan gara-gara andhatêngi | jawah puspita sumawur | găndra mrik minging kasêrot ||

12. kilat thathit abarung | pracalita sarêng riris tumrun | karya maras wong paprangan tyas muriring | ing palagan kadi têdhuh | yayah dalu măngsa panglong ||

13. wusnya antara dangu | katiyup ing samirana mirut | têdhuh sirna sarêng lan têranging riris | ya ta kang wadyabala gung | èngêt sajroning palugon [palu...]

--- 170 ---

[...gon] ||

14. nyandhak gêgamanipun | Kyana Patih Suksara amuwus | angraripih mring ari Patih Sunjali | hèh yayi mas ariningsun | prayogane kang lêlakon ||

15. rèh mêngko Sang Aprabu | Sariwahana mapan wus murut | tanpa karya yèn dèn tutukkên ing jurit | apa ta ingkang rinêbut | luhung bae ariningong ||

16. sayogya padha kumpul | anungkula mring Widarba bagus | kumpul kadang bali kadi nguni-uni | dhêdhasare wong sadulur | kang durung tumindak adoh ||

17. pikirên ingkang mulur | cocogêna lan wosing pamangguh | aywa pijêr ngugung ardaning tyas runtik | apa tan wêlas riningsun | rusaking wadya kèh kalong ||

18. ya ta dupi angrungu | Dyan Sunjali maring wuwusipun | ingkang raka sirarya Suksara patih | sugal wêngis sauripun | santak wijiling wiraos ||

19. hèh kakang nora patut | ujarira [ujari...]

--- 171 ---

[...ra] nisthane kalangkung | têka mamak nora nganggo nênitèni | Si Sunjali pinrih mêsum | ngucirèng prang wêdi layon ||

20. cacak panêkar ingsun | wani labuh ewon padha lampus | anggulasah wangke wor bathanging wajik | Si Sunjali pinrih ngunthul | lalu tan wruh unggah-unggoh ||

21. yèn wong kadi sirèku | pantês patihe wong dèrès iku | wani wirang kêndêl ngisin wêdi mati | dene yèn têmên sira yun | lêstari rèh karahayon ||

22. tulus rukun sadulur | ratunira ladèkna maringsun | lan bêbandan arsa sun aturkên maring | putraning narendraningsun | Dyan Ajidarma kinaot ||

23. yèn mangkono sawastu | sira bisa widada rahayu | lamun nora kalakon mangkono yêkti | mung têtêp doracaramu | mangapus krama kemawon ||

24. tan parlu anggadêbus | lah ta payo prang manèh barubuh | aywa pijêr angrêrimuk [angrêri...]

--- 172 ---

[...muk] angapusi | tanpa tuwas têmahipun | bêcik nuli arêrêmpon ||

25. wau pangucapipun | Dyan Sunjali sora tan pakewuh | nèng ngarsane Sri Jayapurusa Aji | lan malangkrik tanganipun | tan ngangge rêringa yêktos ||

26. ya ta kalane ngrungu | Patih Suksara lan sang aprabu | mring wuwuse sira Dyan Patih Sunjali | krodha sangêt dènnya bêndu | ngatag wadyabala gupoh ||

27. nyandhak sanjatanipun | wadya Malawa trangginas magut | lajêng campuh langkung ramening ajurit | gênti asor gênti unggul | mungsuh rowang pêjah ewon ||

28. Patih Sunjali gupuh | lajêng mênthang ing gandhewanipun | kang dèn arah sira Dyan Suksara Patih | lumêpas sanjata mamprung | lir kilat thathit cumlorot ||

29. Dyan Suksara kacundhuk | ing warastra lêrês jajanipun | dhawah ambruk nging jêmparing tan nêdhasi | namung sangêt dènnya kantu | rinêbut [ri...]

--- 173 ---

[...nêbut] wadya ginotong ||

30. maring pakuwon pungkur | ya ta duk samana panahipun | Kyana Patih Sunjali taksih anggili | ngudani ing mêngsahipun | wadya Widarba kèh kalong ||

31. kang kari kagum-kagum | ana arining nata jêjuluk | Arya Prabu Jayawiyana akêni | kataman jêmparing ambruk | kulit tan pasah mung gosong ||

32. myang sangêt datan emut | tandya ginosongan ing wadya gung | ya ta Arya Danumaya mangsah aglis | kataman jêmparing ambruk | nibèng kisma laju layon ||

33. muksa kuwandanipun | ya ta wau Sri Widarba Prabu | langkung duka miyat wadyane kèh mati | risak dening panahipun | Dyan Sunjali kadi jawoh ||

34. tandya mênthang sang prabu | gandhewane nyipat kang tinuju | ing jajane sira Dyan Patih Sunjali | warastra umêsat mamprung | Ki Pasopati cumlorot ||

35. Dyan Sunjali kacundhuk [kacu...]

--- 174 ---

[...ndhuk] | dening Pasopati jajanipun | nibèng kisma sanalika datan lalis | nanging wus nyipta kalamun | dadya lantarane layon ||

36. nulya ambêngok nguwuh | mring sutane jalu kalihipun | ingkang sêpuh Dyan Sudarma awêwangi | Dyan Sumarma arinipun | lawan sambat-sambat layon ||

37. ya ta wau angrungu | Dyan Sudarma lawan arinipun | ingkang lagya ngamuk samadyaning jurit | kanggêg myarsa yèn dèn uwuh | ing rama lan sambat layon ||

38. kèndêl pangamukipun | malajêngi ing rama gènipun | duk umiyat arya kalih samya nangis | ya ta wau sang nindya nung | Dyan Sunjali patih anom ||

20. Sinom

1. ya ta sang mantri wasesa | ngawe mring putra kêkalih | lan ngulungkên katganira | kalih ingkang sinangkêlit | pêgat-pêgat dènnya ngling | kulup karo putraningsun | sira padha muliha | mring praja Malawapati | lah rêbutên gustimu sang rajaputra ||

--- 175 ---

2. sira Radyan Ajidarma | adêgêna narapati | anèng nagara Malawa | poma kaki wêling mami | pituhunên sayêkti | kalih sandika turipun | sarwi lara karuna | katga kalih wus tinampi | nulya mêsat kalih nilapakên wadya ||

3. mêdal saking jro paprangan | lumajêng mantuk prasami | wau ta nayaka waktra | sapêngkêring putra kalih | tandya ngukut sakyèhning | rahsa-rahsa wus ginulung | mêlêng maring kamuksan | sakala Patih Sunjali | sampun sirna muksa sakuwandanira ||

4. nulya wontên gara-gara | jumêgur ing awiyati | yayah kang akasa rêbah | tăndha kamuksanirèki | sira Patih Sunjali | tinarimèng jawata gung | ya ta wadya Malawa | duk umyat Patih Sunjali | sampun muksa kasambut ing adilaga ||

5. gègèr lumayu sar-saran | wênèh ngungsi ing wanadri | ana mantuk mring prajanya | nagari Malawapati | wênèh anungkul aris | ya ta Widarba Sang Prabu | umyat [umya...]

--- 176 ---

[...t] kalangkung suka | tandya dhawuh mring dyan patih | kinèn sami ambubarkên barisira ||

6. wangsul manjing jroning kitha | sang nata kondur tumuli | sakèhing wadya têlukan | wus samya pinarnah sami | binoga amênuhi | sinuka-suka tyasipun | sawusing pêndhak dina | nuju ing dina Rêspati | sri narendra karsa miyos sinewaka ||

7. pêpak andhèr kang sumewa | ya ta ngandika sang aji | hèh kakang Patih Suksara | wadyaningsun ingkang mati | anèng madyaning jurit | para warise kang kantun | padha gumantyakêna | kalamun tan darbe siwi | anak mantu sadulur myang kaponakan ||

8. de yèn tanpa sanak kadang | kakang rabine kang kari | paringana panguripan | lan wadya têlukan sami | padha dhawuhna mulih | bali maring prajanipun | nagari ing Malawa | konên ngadêgake aji | putranira yayi prabu ingkang tuwa ||

9. kang aran Dyan Ajidarma | madêga Malawapati | kabèh [ka...]

--- 177 ---

[...bèh] padha paringana | ganjaran ingkang waradin | arta busana tuwin | myang warastra ingkang cukup | patih matur sandika | dhinawuhakên tumuli | maring wadya ingkang sami winisudha ||

10. lan maring wadya Malawa | kang sami kalilan mulih | sadaya matur sandika | lawan suka-suka sami | wusnya misudhèng dasih | sri narendra sigra kondur | jêngkar manjing jro pura | patih sakancane sami | wus bubaran samya mantuk sowang-sowang ||

11. dene wadya ing Malawa | wus sami budhalan pamit | mantuk maring prajanira | ya ta sigêg kang winarni | sutanira Dyan Patih | Sunjali kêkalihipun | sira Arya Sudarma | Arya Sumarma kang rayi | ingkang samya oncat saking ing paprangan ||

12. enggal lamine nèng marga | wus datan winarnèng tulis | samana wus samya prapta | ing praja Malawapati | laju manjing jro puri | lawan tawan tangisipun | marêk mring rajaputra [ra...]

--- 178 ---

[...japutra] | ngaturkên solahing jurit | purwa madya wasana katur sadaya ||

13. kagyat Radèn Ajidarma | myang katiga ingkang rayi | sarêngan anjrit karuna | kadi tangising pawèstri | nulya radyan ngaturi | kang ibu dyah narpawadu | sakêdhap sampun prapta | Sang Kusuma Rarasati | wusnya lênggah kang putra atur pawarta ||

14. lamun kang rama narendra | seda kasambut ing jurit | anèng nagari Widarba | ya ta Dèwi Rarasati | dupi miyarsa warti | sedaning raka sang prabu | anjrit nibèng bantala | saking sangêting panangis | akêkêjêng satêmah kalajêng seda ||

15. rame swaraning jro pura | pra parêkan para cèthi | sadaya anglut karuna | ya ta wau rajasiwi | lan para kadang sami | langkung ribêng galihipun | sira Arya Sudarma | lan Sumarma ingkang rayi | kalihira ngêngimur mring rajaputra ||

16. dhuh gusti sang narpatmaja | paduka ywa gung prihatin [prih...]

--- 179 ---

[...atin] | tuhu dahat tanpa karya | sampun karsaning dewa di | luhung anggalih gusti | mênêdi layon sang ayu | ibunta pramèswara | yèn kadangon amlasasih | lamun sampun layoning ibu sampurna ||

17. paduka sang rajaputra | ulun jênêngkên narpati | wontên prajanta Malawa | gumantya ramanta aji | ya ta sang rajasiwi | sakadang wus samya lipur | Rahadèn Ajidarma | nulya angandika aris | maring Arya Sudarma lawan Sumarma ||

18. lah kakang karo mêtua | lawan cêcawisa sami | pirantining pantesawa | sauparêngganirèki | nêmbah sang arya kalih | mêdal saking jro kadhatun | praptanira ing jaba | dhawuh mring pra wadya sami | rajaputra lan para ari têtiga ||

19. sami nambut layonira | kang ibu dyah pramèswari | binêktèng sanggar langgatan | sawusira dèn sucèni | binusana sarwa di | ing raja kaputrènipun | kadi pangantèn anyar | tan dangu arya kêkalih |

--- 180 ---

Dyan Sudarma lan ari Arya Sumarma ||

20. sowan bêkta pantesawa | sauparênggane sami | malêbèng jro dhatulaya | lan pandhita myang maharsi | samya anjujug maring | sanggar palanggatanipun | marêk ing rajaputra | ngaturkên ingkang piranti | pantesawa awarni kardha candhana ||

21. layoning narpadayita | sawusnya sarwa miranti | pinanjingkên pantesawa | kardha candhana ingukir | siniram buratwangi | ing găndawida rum-arum | nèng sanggar palanggatan | datansah dipun tuguri | pra punggawa maharsi myang pra pandhita ||

22. wusnya antuk pitung dina | layon gya binêkta mijil | ginarbêg ing para putra | pra pandhita myang maharsi | para punggawa sami | agêng alit anggarubyug | winantu pakurmatan | satata pangantèn panggih | sapraptaning madya ngalun-alun sigra ||

23. ponang kardha gya pinasang | ingurugan kajêng jati | siniram dening kang lisah | tan dangu nulya binêsmi | dahana gêng nglangkungi | mulat-mulat urupipun | lir wukir kabasmaran |

--- 181 ---

umung pra pandhita sami | muja măntra panuturaning kamuksan ||

24. sasirêping kang dahana | nulya na swara kapyarsi | jumêgur ing antariksa | kadya galudhug sakêthi | măngka pratăndha yêkti | sampurna kamuksanipun | ya ta wusnya mangkana | sakathahing kang sêsaji | gya binage mring sagung para pandhita ||

25. myang sagung kang wadyabala | sadaya sampun waradin | nulya Dyan Arya Sudarma | ngaturi sang rajasiwi | sineba păncaniti | lan wadyabala sadarum | tuwin para pandhita | kinèn sowan păncaniti | rajaputra sira Radèn Ajidarma ||

26. sapraptaning panangkilan | Arya Sudarma nabda ris | hèh ta kabèh kancaningwang | sasedane sri bupati | karsaning jawata di | samêngko ingkang sun junjung | gumantya naradipa | putra kakung kang pangarsi | kang jêjuluk sira Radyan Ajidarma ||

27. têtêp kadi ingkang rama | binathara nyakrawarti | juluk Prabu Ajidarma | para wadya

--- 182 ---

kang sumiwi | sandika saurpêksi | sampun ngèstrèni sadarum | tuwin para pandhita | wusnya kêpyak rajasiwi | gya ingangkat lênggah ing dhampar kancana ||

28. kang pinatik nawarêtna | tandya sang nata nabda ris | hèh sagunging wadyaningwang | padha pyarsanên samangkin | kang dadya karsa mami | Arya Sudarma puniku | ingsun wisudha dadya | warăngka Malawapati | ajênênga Dyan Patih Arya Sudarma ||

29. dene Dyan Arya Sumarma | dadya sor-soraning patih | liya iku karsaningwang | ari-ariningsun katri | samêngko padha dadi | senapatining prang pupuh | para wadya sadaya | tanapi pandhita rêsi | tur sandika sami jumurung karsendra ||

30. ya ta ingkang winisudha | umarêk ngarsa sang aji | ngaraspada gantya-gantya | ya ta dèrèng sawatawis | kasaru ingkang prapti | wadya kang saking ngalurug | sasesaning kang pêjah | laju manjing păncaniti | langkung kagyat sira Prabu Ajidarma ||

--- 183 ---

31. wusing sami sinambrama | sadaya kang nêmbe prapti | gya dinangu marmanira | iku padha bisa mulih | mangkana ingkang dadi | pangarsanira ingatur | sira Arya Suwarsa | Arya Sarana kêkalih | matur nêmbah maring Prabu Ajidarma ||

32. ngaturkên sasolahira | duk anèng paprangan nguni | purwa madya lan wusana | sampun dèn aturkên titi | ya ta wau sang aji | duk miyarsa aturipun | sira arya kalihnya | dahat pangunguning galih | awêkasan suka sukur ing jawata ||

33. de maksih sami raharja | sri narendra nulya gênti | paring warta sedanira | kang ibu dyah pramèswari | miwiti amêkasi | Arya Sutarsa angungun | tuwin Arya Sarana | kalihe èsmu prihatin | dangu-dangu wus sami pinupus ing tyas ||

34. riwusira kang mangkana | ngandika sri narapati | maring Dyan Patih Sudarma | Arya Sutarsa kêkalih | Arya [Ar...]

--- 184 ---

[...ya] Sarana tuwin | sawadya panêkaripun | kinèn sami mangsulna | mring klênggahanira lami | tur sandika sira dyan nayakawaktra ||

35. sadaya wus dhinawuhan | sandika ature sami | tandya Sang Sri Ajidarma | jêngkar kondur ngênyapuri | Patih Sudarma tuwin | sakancane punggawa gung | tanapi pra panêkar | bubaran wus mantuk sami | samangkana sira Dyan Patih Sudarma ||

36. andina-dina datansah | ngimpun sakathahing waris | sutane para punggawa | myang sutane para mantri | kang tiwasing ajurit | aprang Widarba rumuhun | kang wisma desa-desa | tanapi măncanagari | tinimbalan maring nagari Malawa ||

37. lajêng konjuk ing narendra | samya winisudha sami | ing sapangkat datan ewah | lênggahe kang dèn gêntosi | marma Malawapati | sakêdhap kewala wangsul | tata raharjanira | kadya duk sang nata nguni | jumênênge Sang

--- 185 ---

Prabu Sariwahana ||

38. titi tamating panitra | nujwaari Isnèn Lêgi | tanggal kaping tiga wêlas | Saban tumanggaping warsi | awaling taun Alip | angkaning warsa pinetung | kinarya kang sêngkalan | tri caturing pandhita ji |[5] kang manitra namane datan jinarwa ||

Sambêtipun badhe kawrat ing Almênak taun 1915 ngajêng punika.

 


Kurang satu suku kata: mring andika sang aprabu. (kembali)
sabênêr-bênêre. (kembali)
tandya. (kembali)
kalangkung. (kembali)
Tanggal: Isnèn (Sênèn) Lêgi tiga wêlas (13) Saban (Ruwah) Alip: tri caturing pandhita ji (AJ 1743). Tanggal Masehi: Selasa 9 Juli 1816. Tanggal ini bermasalah. Tahun AJ 1743 adalah tahun Dal dan bukan Alip, dan hari Sênèn Lêgi tidak jatuh pada bulan Ruwah atau pada tanggal 13 di bulan lain pada tahun AJ 1743. (kembali)