Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 13-30), Van Dorp, 1923, #1083

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 01-12), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  2. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 13-30), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  3. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 31-43), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  4. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 44-52), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  5. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 01-17), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  6. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 18-34), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  7. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 35-51), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  8. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 52-67), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  9. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 01-17), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  10. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 18-33), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  11. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 34-52), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  12. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 53-69), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  13. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 01-17), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  14. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 18-35), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  15. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 36-52), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  16. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 53-69), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
Image

13. Dhandhanggula

1. saya agêng ingkang jabang bayi | sarirane lir prada binabar | lagya lumiling wayahe | cahyanira umancur | sinung aran Rara Nawangsih | rama ibu kalintang | sihira mring sunu | tan pêgat sinawang-sawang | langkung asih rama ibu maring siwi | kadi putra pêpujan ||

2. Nawangwulan matur marang laki | kula dhatêng ing lèpèn sakêdhap | angumbah popoking rare | pan botên dangu-dangu | mung dandangan kula puniki | dika têngga sakêdhap | nanging wêkas ingsun | dhatêng andika ki omah | poma-poma sampun andika ungkabi | mangke sapungkur ingwang ||

3. mung punika botên mêkas malih | kakungira nauri lah iya | yayi ingsun tunggonane | nulya mangkat sang ayu | nyangking popok maring ing kali | wau ta kawarnaa | ki agêng ing Tarub | ingkang atunggu dandangan | sarwi momong ingkang putra maksih alit | ngadhêp tunggu dandangan ||

4. Kyagêng Tarub amicarèng ati | dene suwe babo ariningwang | lah iya apa wadine | ingsun kayani pantun | mung salumbung pan ora rêmpid | sababe apa baya | luwih bêrkatipun | sun kaliwat nora duga |

--- 1 : 79 ---

pan ki agêng amicarèng jroning ati | sarwi ngadhêp dandangan ||

5. nora kandhêg nyugokakên gêni | Kyai Tarub ya ta wus dilalah | astanira salah gawe | kêlangkung ènthèngipun | dandangane dipun ungkabi | sarêng kêkêb ingangkat | ki agêng anjêtung | kukusan tan ana bêras | ingsinira pan amung pari sawuli | punika kang dipun dang ||

6. ya ta nulya dèn kêkêbi malih | ênêngêna kang têngga dandangan | kocapa kang dhatêng lèpèn | tan dangu praptanipun | nulya mepe popok kang bayi | sigra marang dandangan | agêntosi tunggu | kang raka lèngsèr mring wisma | sang juwita adangu dènnya nunggoni | ginêlak dènnya adang ||

7. pan sinantêr urube kang gêni | wêtarane karon wayahira | dangu tan sumub dandange | sang dyah micarèng kalbu | dene owah adate lami | dandangan ingsun uga | dene nora sumub | sun wêtara kyai omah | salah gawe mau duk kala nunggoni | sêmana ingungkaban ||

8. pan wus pêsthi dandangan puniki | dèn ungkabi marang kyai omah | anglirake wêkas ingong | sun tilikane iku | ponang kêkêb dèn angkat aglis | kagyat sang dyah angucap | bênêr tarkaningsun | ujar ingsun lah ta apa | baya sira ki omah sampun pinêsthi | sira pisah lan ingwang ||

9. dene têka anglirakên wêling | mendah aja diwêkasa mana | dene têka salah gawe | sang

--- 1 : 80 ---

dyah alon amuwus | lakinira dipun takoni | ki omah pêkênira | wau ganggu-ganggu | inggih sapungkur manira | kang dandangan baya ta dipun ungkabi | kalane dika têngga ||

10. wêkas ingsun dene wanti-wanti | dhatêng dika ing wau ki omah | siya-siya marang ingong | sira panggih lan ingsun | salamine pan ora wani | samangke kaningaya | ki omah maring sun | mapan manira ing kuna | angsal kula apan inggih widadari | kamanungsan wit dika ||

11. duk nalika kawula kêpanggih | lawan dika sanggup botên pisah | samangke ènthèng bobote | anêrak walêr ingsun | baya pêsthi ki omah mangkin | tan tunggal lawan ingwang | ki agêng anjêtung | lan ingsun dudu manungsa | yêkti amit manira pan arsa mulih | wangsul marang kayangan ||

12. dene lami kula dika rabi | kamanungsan saking polah dika | baya ta sampun takdire | kakung tan kêna muwus | sakêlangkung ngungun ing galih | kaya winangsulêna | tingkah kang wus luput | alêsu sarira lupa | ingkang garwa dene sangêt dènnya runtik | gêtun kaya matia ||

13. dèn rêrêpa sangêt ingkang rayi | apuranên mirah luput ingwang | ingsun ora manèh-manèh | sang rêtna dèrèng lipur | kunêng solah alami-lami | ilang katrisnanira | tan kadi rumuhun | dene sampun kamanungsan | kasêktène tan kadi ing wingi-wingi | Sang Rêtna Nawangwulan ||

14. kêlampahan wau sabên ari | angratêngi [angratêng...]

--- 1 : 81 ---

[...i] sêkul lawan jangan | padha lan wong akèh-akèh | sabên ari anutu | datan pêgat anggêntang pari | ing lami-lami têlas | parine salumbung | dèn ambili sabên dina | awusana ponang kêlambi kêpanggih | wontên ing dhasar pisan ||

15. sang dyah jêtung datan kêna angling | sakêlangkung runtike tyasira | datanpa ingan dukane | pan ora saya lipur | saya katon cidraning laki | ginagas saya gagas | bêndune kêlangkung | tan dêrana sigra ngucap | lah ki omah manira iki apamit | mulih maring kayangan ||

16. bokmênawa anakira nangis | mara damêlêna pêpanggungan | yèn arsa anusu bae | pan rare maksih nusu | milaningsun kula mêmêling | ingunggahna panggungan | mêrang kêtan wulung | sarate dika obonga | soring panggung sayêkti kula turuni | lah poma wêkas ingwang ||

17. Kyagêng Tarub mangsuli sabda ngling | adhuh gusti gon ingsun suwita | kêlamun ana sisipe | apuranên katèngsun | ingsun benjang tan malih-malih | mas ayu ngapuraa | wêlasa maring sun | sapa baya kang wêlasa | liya sira mas ayu pêpujan mami | suka sun pêjahana ||

18. yèn manira gusti sampun lalis | lah tinggalên ing sakarsanira | sintên wikan ing wurine | datan bisa katèngsun | lamun sira tilar mas ari | manira pêsthi pêjah | datan bisa kantun | kaya ngapa putranira | sira tinggal sayêkti [sayê...]

--- 1 : 82 ---

[...kti] tan pêgat nangis | atakon marang sira ||

19. nora bisa manira mas ari | pan amomong marang putranira | lah punapa nêng-ênênge | putramu maksih nusu | kayaparan akal ngong yayi | mojar Dyah Nawangwulan | unggahna ing panggung | dimèn mênêng anak ingwang | tutug nêcêp yèn mênêng jupukên aglis | lah dika titènana ||

20. ingsun iki ingampah tan kêni | pan wus tutug jangjine Suksmana | amung sêmene pêsthine | ya ta Ki Agêng Tarub | waspanira tan pêgat mijil | andulu mring atmaja | tinilar ing ibu | angling Rêtna Nawangwulan | lah kantuna ki omah manira pamit | dèn bêcik momong putra ||

21. sang rêtna yu angrasuk kulambi | arsa mantuk mring kayanganira | anyandhak mêrang sagèdhèng | mêrange kêtan wulung | Kyagêng Tarub awas ningali | kang rayi pinêrpêkan | pan arsa sinambut | sang rêtna yu wus prayitna | gya cinandhak sang rêtna inggal nginggati | mêrang sampun ingobar ||

22. dyan amuluk awor kukus gêni | Kyagêng Tarub gumyur ing tyasira | arsa anusul garwane | ginayuh-gayuh luput | sang rêtna yu datan anolih | wus muluk angumbara | lêpas tan kadulu | kakunge kari anggana | supe dhiri mung garwa ingkang kaèksi | kang mantuk mring kayangan ||

23. ingkang putra tansah dèn tangisi | waspa mijil tansah ingusapan | kang putra kèndêl tangise | dhuh nyawa putraningsun | anglakoni [a...]

--- 1 : 83 ---

[...nglakoni] kawêlasasih | lah paran polah ingwang | yèn sira rêp nusu | anèng ngêndi ibunira | baya lali kêlamun putrane nangis | èngêt wêkasing garwa ||

24. gya ki agêng nurut ing wêwêling | ana wite ingkang kayu anggas | lêlima iku kathahe | ingkang kinarya panggung | tan antara tumulya dadi | luhur kang pêpanggungan | mêrang kêtan wulung | sinaos luhur panggungan | arsa nangis ingkang putra jabang bayi | sinambut ingkang putra ||

25. inginggahkên ingkang jabang bayi | pan sinèlèh anèng pêpanggungan | nulya tinilar putrane | têdhak Ki Agêng Tarub | jabang bayi sangêt anangis | sêksana dipun obar | mêrang kêtan wulung | sêksana datan antara | ingkang ibu Nawangwulan angudhuni | anusoni kang putra ||

26. nulya mênêng putra dènnya nangis | Kyagêng Tarub eca ing wardaya | kang putra kèndêl tangise | wus tuwuk dènnya nusu | Nawangwulan dènnya nusoni | sèlèh putra tinilar | ngumbara sang ayu | mantuk marang ing kayangan | lamun mular kang putra dipun udhuni | yèn wus mênêng tinilar ||

27. datan arsa nusu malih-malih | antarane mung nusu sapisan | pêndhak wayah ing têngange | jabang bayi atutut | cinarita ngalami-lami | wancine kang atmaja | datan arsa nusu | ananging sangêt wêlagang | dyan sinapih sira Ni Rara Nawangsih | wayahira dêmolan ||

28. prèjèng-prèjèng ayune kêtawis | tingkah warna Sang Rêtna Kasihan [Kasiha...]

--- 1 : 84 ---

[...n] | datan roro lan ibune | sêmana wayahipun | apan lagi anjêbêng tapih | sêdhêng pangrusak taman | gêntia winuwus | nêgari ing Majalêngka | Brawijaya kang jumênêng narapati | ratu ngrèh para raja ||

29. tanpa sama Rajèng Maospait | jênêngira wau Sri Narendra | Brawijaya kêratone | ing tanah sabrang nungkul | sumiwèng ngrèh ing Maospait | ngèstupada tumawang | tumêngèng aluhur | ya ta mangke winurcita | putranira Brawijaya saking padmi | kang sampun mijil samya ||

14. Mijil

1. duk sêmana garwane sang aji | Drawati sang sinom | sampun tiga wau ta putrane | pêmbajêngnya pawèstri yu luwih | têngran rêtna adi | kang panggulu kakung ||

2. sinung nama Lêmbu Pêtêng pêkik | wuragile kaot | priya luwih abagus warnane | Radèn Gugur nênggih kang wêwangi | putranira èstri | adiwasa sampun ||

3. kunêng wontên satunggal bupati | abôngga ing katong | Adipati Blambangan nagrine | ingkang aran Menak Dhaliputih | akanthi wong Bali | balela ing ratu ||

4. dadya undhang wau sri bupati | sapa sanggup kang wong | ngalahakên Dhaliputih prange | ingsun ganjar ing Pêngging nêgari | lawan rabi putri | rêtna adiluhung ||

5. wus misuwur undhangnya sang aji | wontên winiraos | amangsuli dhingin caritane | arinira Maudara Patih | Radèn Juru nami | mêrtapa ing gunung ||

6. gunung Êduk dènnya

--- 1 : 85 ---

mati ragi | darbe putra wadon | langkung endah kang putra warnane | wus diwasa sêdhêngnya birai | asring saba kali | Sumanggi ranipun ||

7. lami-lami sang dyah dèn rêmêni | kumaraning katong | nênggih Bajul Sêngara wastane | langkung sêkti mindha warna jalmi | nanging sang rêtna di | tan uning satuhu ||

8. wus kêlakon cumbana karonsih | lami winiraos | anggarbini sang rêtna samangke | ingkang rama amerang ing galih | wawrat ingkang siwi | dèrèng darbe kakung ||

9. lolos kesah Radèn Juru nênggih | sarira linayon | Radèn Juru lêstari sedane | ingkang putra kantun tanpa kanthi | nèng dhepok nênggani | sarwi wawrat sêpuh ||

10. tanpa rewang langkung kawlasasih | yèn dalu kimawon | jinaganan papat kumarane | sarwi bêkta êmpon-êmpon sami | yèn rina tan prapti | têkèng mangsanipun ||

11. wawratannya mijil ingkang siwi | jalu bagus kaot | ingkang putra rinêsikan dhewe | lamun dalu ingkang raka prapti | mindha warna jalmi | sang rêtna tan wêruh ||

12. ingkang raka yèn bajul sayêkti | wus lami sang sinom | darbe putra sadasa dinane | sabên dalu ingkang raka prapti | sang rêtna winangsit | yayi dèn mituhu ||

13. lamun ingsun akawanan guling | ywa kungkulan ingong | pêkakase uwong wadon anggèr | sang rêtna yu mituhu ing laki | nanging ingkang siwi | dèrèng sinung juluk ||

14. kawarnaa sang kumara prapti | akêmit [akê...]

--- 1 : 86 ---

[...mit] sang sinom | apinarak jajar lan garwane | trus sêdalu kumara tan guling | sarêng bangun enjing | sang kumara tuhu ||

15. langkung eca akawanan guling | dumadak sang sinom | tan kemutan kang raka wêlinge | ngalap marang likasan sang dèwi | ngungkuli kang guling | nulya warni bajul ||

16. baya putih mêmplak angajrihi | anjêngêr sang sinom | bajul putih angling ing garwane | ngêlirakên wêkas ingsun yayi | wus pêsthi wak mami | tan bisa tatêmu ||

17. lawan sira yayi wus pinêsthi | amung mêling ingong | putraningsun besuk yèn wus gêdhe | li-ali iki ênggokna yayi | lan putramu iki | sun wèhi jêjuluk ||

18. Radèn Jaka Sêngara kang nami | karia riningong | nulya kesah ponang bajul age | sang rêtna yu angungun ing galih | tan nyana tan ngimpi | darbe laki bajul ||

19. wus amupus karsaning Suksmadi | gancange cariyos | sawusira lami tênayane | wus diwasa Dyan Sêngara luwih | sarira winanting | tapanira bêntur ||

20. linampahan salire kang tapi | marmane kinaot | kèdhêp jalma têpis wiring kabèh | langkung kathah wong milwa wismèki | desa agung dadi | kèdhêp printahipun ||

21. Dyan Sêngara amiyarsa warti | kêlamun sang katong | ngadêgakên ing sayêmbarane | lamun ana jalma kang nanggupi | ngasorkên Dipati | Menak Dhalipingul ||

22. kang wus kanthi kêlawan wong Bali | ginanjar mring katong | nagri [na...]

--- 1 : 87 ---

[...gri] Pêngging lan krama putrane | ingkang siwi nênggih sri bupati | ingkang saking padmi | Drawati kang sunu ||

23. Dyan Sêngara karsanirèng galih | nyanggupi ing katong | tuhu punjul kaduk ing kuwanèn | nulya sowan nuwun idin maring | kang ibu sang dèwi | kêlangkung jumurung ||

24. lèngsèr kesah Jaka Sêngara glis | yun sowan sang katong | tan kawarna ing marga lampahe | sampun prapta nêgri Majapait | jujug Kyana Patih | Gajahmada sampun ||

25. malbèng pura sowan ing sang aji | matur awotsinom | wontên abdi paduka sang rajèng | anyagahi nanggulang ing jurit | mêngsah lan Dipati | Menak Dhalipingul ||

26. tyang gunung duk ingkang awêwangi | asalipun criyos | Kyai Juru kapêrnah eyange | sang aprabu angandika aris | hèh ta nuli patih | konên mangsah pupuh ||

27. tur sandika kya patih wus mijil | dhawuhakên pakon | hèh ta Jaka Sêngara karsane | Sang Aprabu Brawijaya nuli | umangsah ajurit | mangrurah ing mungsuh ||

28. lawan sira pinaringan kanthi | bupati sawiyos | amriksani ing prangira mangke | ing nêgara Prabalingga nênggih | Sapulaga nami | iku ingkang mèlu ||

29. Dyan Sêngara sandika turnèki | lumaksanèng pakon | mugyantuka pangèstu sang rajèng | kunêng Jaka Sêngara tumuli | lèngsèr angabêkti | datan olèh pungkur ||

15. Pangkur

1. lêstari ing lampahira | Radèn [Radè...]

--- 1 : 88 ---

[...n] Jaka Sêngara mantuk aglis | yun panggih sudarmanipun | tan dangu sampun prapta | ing Sêmanggi Jaka Sêngara anggêbyur | malêbu sajroning toya | kadya nèng dharat ningali ||

2. kang rama lagya pinarak | pêpak andhèr kang seba anèng ngarsi | Dyan Sêngara praptèng ngayun | Bajul Sêngara nabda | ana paran praptanira sira kulup | sun tingali dene sigra | kang putra matur ngabêkti ||

3. kawula atur uninga | pan ingutus dhatêng sri narapati | kinêrsakakên prang pupuh | dhatêng nagri Blambangan | lan ing Bali kawula kinèn anggêmpur | yèn unggul yuda kawula | tinariman putri adi ||

4. lawan malih dipun ganjar | pinaringan inggih nêgari Pêngging | kawula anuwun tulung | paduka ngrencangana | Prabu Bajul Sêngara alon amuwus | lah aja kuwatir sira | sira uga sun rewangi ||

5. lah uwis sira mangkata | mring Blambangan ingsun kang mêtu kali | Dyan Sêngara nêmbah mundur | wus mêntas ing dharatan | praptèng wisma sowan marang ingkang ibu | sêdaya lungiding lampah | ingaturkên ibu titi ||

6. ya sira aja pêpeka | wêkas ingsun kulup dèn ngati-ati | sun rewangi putraningsun | muga unggula yuda | rinêksaa ing Suksmana ingkang agung | kang putra matur anêmbah | ibu kula nuwun amit ||

7. wus mangkat Jaka Sêngara | gêgancangan mung lawan ingkang abdi | wolung iji kathahipun | jujug ing Prabalingga | lampahira ing marga datan winuwus [winu...]

--- 1 : 89 ---

[...wus] | Prabalingga sampun prapta | sowan marang sang dipati ||

8. Sapulaga angandika | besuk apa sira radèn lumaris | Dyan Sêngara aris matur | inggih èstu lumampah | kadospundi karsa paduka pukulun | sintên kang dhèrèk kawula | ngandika sang adipati ||

9. tan kêna ora manira | pêsthi mèlu dhawuhira sang aji | sun takon pira rowangmu | mring nagri Bêlambangan | Radèn Jaka umèsêm alon umatur | namung wolu rencang kula | kang liya sampun rumiyin ||

10. sang dipati angandika | lumakua sira radèn rumiyin | ingsun dombani ing pungkur | dhawuhira sang nata | iya nora kalilan mèlu prang pupuh | mung kinèn andêlêng sira | Dyan Sêngara matur aris ||

11. anuwun pamit kawula | sigra budhal ing marga tan kawarni | Bêlambangan sampun rawuh | anamur lampahira | ing sêgara rupêk dhingin kang jinujug | amriksani wadyanira | para bajul wus miranti ||

12. bajul uyêl jêjêl ngrangap | ewon kêthèn pinggir sêgara Bali | tuwin ing Blambangan pênuh | Radèn Jaka Sêngara | sigra kesah mung lawan bature wolu | panggih Menak Dhalipêthak | ngadêg jêjêr anèng ngarsi ||

13. kagyat Menak Dhalipêthak | sarwi angling sapa aranmu jalmi | wani ngadêg ngarsaningsun | hèh baya bosên gêsang | Radèn Jaka Sêngara mèsêm amuwus | aja tambuh Dhaliseta | ingsun dutane Sang Aji ||

14. Brawijaya Majalêngka | Radèn Jaka Sêngara aran mami | sira lawas [lawa...]

--- 1 : 90 ---

[...s] tan kadulu | yèn gêlêm tinimbalan | yèn tan gêlêm utamanggamu pinundhut | mring Sang Prabu Brawijaya | tanpa ngrasa sira urip ||

15. nora wêruh kabêcikan | endah-endah turune asu larik | Dhaliputih asru bêndu | sugal pangucapira | pêksa sura sirarsa nêlukkên mring sun | payo apa karêpira | bok ratumu dhewe prapti ||

16. môngsa ta ingsun wêdia | katêmua ing ngêndi ingsun wani | tan bêtah dupi angrungu | cinandhak sang dipatya | wus binuwang Sang Dhaliputih sumêbrung | rewang wolu kinon ngobar | dalêmira Sang Dipati ||

17. Dhalipêthak tibèng jaba | kang suwara gumuruh awor tangis | jro pura pating bilulung | wisma kobong sêdaya | sang dipati amêpêk prajuritipun | wong nagri gègèr wurahan | bajul munggah saking kali ||

18. kathah galak môngsa jalma | agêng alit kang bajul anyokoti | wong Blambangan giris kawur | bajul tanpa wilangan | ponang bajul sumahab jêjêl supênuh | wong kang nungkul liniwatan | kang bôngga dipun patèni ||

19. kunêng Dyan Jaka Sêngara | sumbar-sumbar hèh payo Dhaliputih | lamun sira arsa lampus | papagna tandang ingwang | iya iki prajurit ing Majalangu | wirutama ngadilaga | trah Majapait sinêkti ||

20. datan bêtah amiyarsa | Sang Dipati Menak Kêdhaliputih | lamun sira arsa lampus | Radèn Jaka Sêngara | sinudukan tan busik sariranipun | Rahadèn Jaka Sêngara | sigra malês [malê...]

--- 1 : 91 ---

[...s] anglarihi ||

21. Dhaliputih datan pasah | antuk sisih suduk-sinuduk gênti | Bajul Sêngara was dulu | kang putra bôndayuda | sigra nglarap sang dipati wus sinaut | binanting-banting ing kisma | wong Blambangan mulat giris ||

22. kang gêsang lumayu ngarga | ingkang nabrang bêngawan sirna gusis | sang dipati sampun lampus | tinigas murdanira | Dyan Sêngara anyabrang mring Bali wau | wong Bali gègèr wurahan | bajul munggah mring nêgari ||

23. lêksan kêthèn jêjêl ngrangap | angamuk mring wong Bali kathah mati | kang gêsang prasami nungkul | marang Jaka Sêngara | dipatine wus tinigas murdanipun | wong Bali têluk sêdaya | jro pura wus dèn jarahi ||

24. sinabrangakên kang dunya | langkung kathah wus sami dèn bêktani | ginèthèk ginendhong bajul | angambah ing samodra | Dyan Sêngara anitih ing luhuripun | Sang Dipati Sapulaga | mulat gawok ingkang galih ||

25. sang dipati ingaturan | nitih gèthèk wus numpak sang dipati | agancang ing lampahipun | prapta ing Majalêngka | inginggahkên sêdaya bandhanganipun | Sang Dipati Prabalingga | angêrig wadya pasisir ||

26. ing Garêsik Surabaya | ing Madura sêdaya dipun kêrig | angusungi dunya agung | lêstari lampahira | Sang Dipati Sapulaga gya rumuhun | atur uninga sang nata | lajêng sowan ing apatih ||

27. lajêng umarêk jro pura | prapta ngarsa dinangu solahnèki | Sapulaga nêmbah matur | purwa madya [ma...]

--- 1 : 92 ---

[...dya] wusana | sasolahe Jaka Sêngara wus katur | sang prabu gawok miyarsa | kêlangkung sukaning galih ||

28. sang dipati kinèn mêdal | mring paglaran kêlawan kyana patih | punggawa pêpak sêdarum | sami nganti sang nata | Adipati Sapulaga alon matur | mring patih sasolahira | sakêlangkung dening manis ||

16. Dhandhanggula

1. langkung gawok sagung kang miyarsi | ing sêktine Dyan Jaka Sêngara | mrintah bajul sêdayane | warnanên sang aprabu | amiyosi paglaran nênggih | ginrêbêg pra biyada | upacara ngayun | pinarak ing dhampardênta | pra punggawa sêdaya pêpak sumiwi | kya patih munggèng ngarsa ||

2. tan adangu siniwi sang aji | dyan kêsaru Ki Jaka Sêngara | prapta ngirid jarahane | lajêng sumiwèng ngayun | sri narendra ngandika aris | bageya sira prapta | paran ta lakumu | apa sira olèh karya | Dyan Sêngara umatur sarwi ngabêkti | antuk pangèstu nata ||

3. amba gusti ngaturakên inggih | kang mustaka Menak Dhalipêthak | Dipati Bali kalihe | Menak Badhong pukulun | ulun bêkta kunjuk sang aji | tuwin ingkang jarahan | Blambangan lan Wangsul | sumôngga sri naranata | sang aprabu pangandikanira aris | lah iya sun tarima ||

4. sira Jaka Sêngara sun kardi | ngilangakên ing kalilip ingwang | samêngko angganjar ingong | nèng Pêngging dadi ratu | Dayaningrat sun paring kasih | lah padha ngèstrènana | kabèh punggawa gung | lan maninge [maning...]

--- 1 : 93 ---

[...e] putraningwang | rêtna adi ingsun tarimakkên mangkin | dadia jodhonira ||

5. Dyan Sêngara sumungkêm ing siti | sarwi matur kapundhi mustaka | pasihan dalêm sang katong | mung sêtya tuhu ulun | kaunjuk ing pada nêrpati | ya ta sri naranata | ngandikanya arum | Gajahmada kang jarahan | ya bagenên puniku ingkang wêradin | dèn adil pêmbagenya ||

6. nêmbah matur sandika kya patih | nulya jêngkar wau sri narendra | ingkang nangkil bubar kabèh | gancanging carita wus | lulus Jaka Sêngara nênggih | nèng Pêngging madêg nata | ya ta kang winuwus | Sang Aprabu Brawijaya | Majapait ing mangke winarna malih | apan ta karsa yasa ||

7. dhuwung ingkang kêlangkung prayogi | dyan utusan nimbali sêmana | Sang Dipati Supa mangke | ing Sêdayu seba wus | sri narendra ngandika aris | hèh Supa karyakêna | kêris jênêng ingsun | ingkang aluwih prayoga | dhapurira gawenên kang anèh yêkti | luwih sagung pusaka ||

8. sang dipati umatur ngabêkti | dhawuh dalêm kawula sandika | sigra maringa sang katong | wêsi ingkang linuhung | winadhahan gêndhaga adi | lèngsèr Dipati Supa | ing tyasira wuyung | ing wismanya sampun prapta | wimbuh ing tyas Ki Supa dènira galih | amikir dhapurira ||

9. karsanira Supa Sang Dipati | yun sêmèdi nênuwun ing dewa | manjing maring kaluwate | sigêgên tan winuwus | ya ta wau ingkang winarni | putranira Ki Supa | kang tinilar

--- 1 : 94 ---

wau | nèng Blambangan wus diwasa | ingkang ibu lawan eyang wus ngêmasi | Sura kêkasihira ||

10. ingkang ibu nguni sampun mêling | ya ta wau arsa ngularana | nênggih dhatêng sudarmane | mring nagri Majalangu | rowangira namung sawiji | Ki Bêkti wastanira | bêkta calon dhuwung | tilarane ingkang rama | lampahira ing marga datan winarni | wus praptèng Majalêngka ||

11. wirandhungan dènira lumaris | atêtanya tan ana kang warta | anjujug êmpu wismane | anuju êmpu iku | Kyai Jigja kinarya silih | kang rama Sang Dipatya | Supa marmanipun | asadhiya karsanira | sri narendra miwah ingkang putra aji | Sura lumêbèng wisma ||

12. langkung dènnya ngênorakên ragi | lan Ki Jigja wus tata alênggah | Ki Jigja ngandika alon | adhi kang lagi rawuh | kêtambêtan pun kakang yayi | wingking pundi pinôngka | sintên kang sinêbut | ing ngajêng pundi sinêdya | Sura matur wisma kawula sayêkti | nêgari Bêlambangan ||

13. nami Sura mila sowan mriki | angupaya mring sudarma kula | wontên ing ngriki wartose | Supa pêparabipun | inggih kakang milanya prapti | kala wontên Blambangan | krama antuk ibu | nging kawula dèrèng wikan | duk tinilar ing rama kawula maksih | wontên ing jro wawratan ||

14. Kyai Jigja kagyat amiyarsi | gya rinangkul wau arinira | dhuh yayi ari ngong dhewe | tan nyana sun katêmu | wus kaliwat diwasa yayi | sayêkti kangjêng rama |

--- 1 : 95 ---

wus warta maring sun | anèng Blambangan akrama | kangjêng ibu duk tinilar wus garbini | yayi aja kasmaran ||

17. Asmaradana

1. langkung kasmaran ing galih | Ki Jigja alon ngandika | hèh yayi Sura ing mangke | kangjêng rama wus ginanjar | jumênêng adipatya | nèng Sêdayu nagrinipun | mêdanani sêdayanya ||

2. sagung wong kang pandhe wêsi | kangjêng rama kang marentah | kang rayi umatur alon | bilih parêng kakang Jigja | arsa sowan kawula | dhatêng nêgari Sêdayu | badhe ngabêkti mring rama ||

3. kakang kula nuwun kanthi | supados nêdahna marga | Ki Jigja ngandika alon | lah iya sakarsanira | mangkana caritanya | Sura lèrèh tigang dalu | anèng wismane Ki Jigja ||

4. kunêng Sura sampun pamit | mring kang raka Kyai Jigja | linilanan sampun lèngsèr | binêktan rencang satunggal | Sura samarga-marga | karya kêris tanpa latu | pinijêt asta kewala ||

5. rencange gawok ningali | Ki Salaheta wastanya | kêcatur kurang sangune | kinèn amade curiga | rewangnya Salaheta | wus pikantuk ingkang sangu | lêstari ing lampahira ||

6. ing marga datan winarni | ing Sêdayu sampun prapta | anjujug bêsalèn gêdhe | pojokira Kyai Supa | kang sami nambutkarya | Dipati Supa tan mêtu | maksih anèng jro kaluwat ||

7. kang dadi bêkêle nênggih | Dipati Supa mantunya | Kiyai Jêbad wastane | kyai modin kang pêputra [pêpu...]

--- 1 : 96 ---

[...tra] | ya ta mulat Ki Jêbad | Salaheta dhatêngipun | Ki Jêbad alon têtanya ||

8. Salaheta sira prapti | ana paran karyanira | apa ta sira kinongkon | kêlawan si kakang Jigja | umatur Salaheta | inggih kawula ingutus | ngaturkên raka andika ||

9. kang saking Blambangan nagri | ingkang apêparab Sura | arsa sowan ing ramane | Kiyai Dipati Supa | Ki Jêbad sigra têdhak | kang raka nulya rinangkul | adhuh kadang ingsun kakang ||

10. tan nyana kawula panggih | paduka kakang katuran | Sura angandika alon | anêdha yayi manira | sihira lawan ingwang | praptaningsun kang satuhu | arsa sowan mring jêng rama ||

11. kang rayi umatur aris | kangjêng rama kasêngkêlan | ingutus dera sang katong | akarya curiga endah | ingkang anèh dhapurnya | dhuwung siji dhapur sèwu | kenginga dados pusaka ||

12. inggih prayogi ngantosi | jêng rama anèng kaluwat | Sura anurut karsane | mring kang rayi Kyai Jêbad | ngantosi mring kang rama | ya ta ingaturan sampun | ing wismane Kyai Jêbad ||

13. wus jinarwan ingkang èstri | sinugatan ingkang raka | kêlangkung suka driyane | Sura ingkang kawurcita | wus antuk kalih dina | kesah ing bêsalènipun | lawan ingkang rayi Jêbad ||

14. wus karya bêsalèn kalih | Sura alon angandika | yayi Jêbad karsaningong | yun amandhe calon ingwang | tilare kangjêng rama [ra...]

--- 1 : 97 ---

[...ma] | ayun ingsun karya dhuwung | buh dadine dhapurira ||

15. saenake ati mami | kang rayi matur sumôngga | Sura nulya nyandhak age | inggal nyupit nuli bakar | ingobong calonira | kang ngububi arinipun | Salaheta ingkang manjak ||

16. kang calon pinalu aglis | nanging cinêkêl kewala | tan sinupit mung astane | eram sagung kang tumingal | kasêktènira Sura | pra panjak ajrih sêdarum | anênggih dhumatêng Sura ||

17. kang calon pan sampun dadi | ya ta lajêng kinikiran | sarêng sadina dadine | sinêpuhan kang curiga | luwih prayoganira | ingkang rayi alon matur | punika dhapur punapa ||

18. kang raka alon nauri | ingsun yayi tan uninga | lawan ora bisa ingong | angarani dhapurira | gumujêng Kyai Jêbad | ingkang karya nora wêruh | inyong maning yèn bisaa ||

19. utawi liyaning jalmi | bangkita angaranana | Sura nulya kesah alon | marang kali arsa siram | curiganya tinilar | kang lagya dadi puniku | Sang Dipati Supa mêdal ||

20. saking dalêm sang dipati | amriksa bêsalènira | pêpak sagung pandhe-pandhe | pinarak sang adipatya | ngandika mring Ki Jêbad | wus salawas ingsun nêkung | durung olèh pikir nyata ||

21. kang dadi dhapuring kêris | kang prayoga kagêm nata | Ki Jêbad alon ature | punika wontên curiga | sawêg nêmbe kinarya | prayogi ing warnanipun | pantês [pa...]

--- 1 : 98 ---

[...ntês] kagêm sri narendra ||

22. sang dipati sigra ngambil | pinariksa kang curiga | sumlêngêrên langkung gawok | angluwihi bagusira | prayoga ingagêma | marang Brawijaya Prabu | sang dipati lon ngandika ||

23. sapa gawe kêris iki | Ki Jêbad matur manêmbah | pun kakang Sura wastane | angakên putra paduka | saking nagri Blambangan | kang damêl punika dhuwung | calon saking ing paduka ||

24. èngêt ing tyas sang dipati | anèng ngêndi ta Si Sura | Ki Jêbad umatur alon | kesah adus mring bêngawan | ngandika sang dipatya | lah undangên dèn agupuh | Ki Jêbad lajêng utusan ||

25. tan adangu Sura prapti | aseba anèng ing ngarsa | sang dipati mawas age | tuhu lamun ingkang putra | ngandika sang dipatya | hèh ta Sura putraningsun | bageya satêkanira ||

26. tan nyana ingsun kêpanggih | iya kaki lawan sira | kang putra alon ature | kapundhi wontên mustaka | sabda paduka rama | wus matur sêdayanipun | Sura dhumatêng kang rama ||

27. ngungun ing tyas sang dipati | sarwi alon angandika | kêris iki sapa gawe | lan arane dhapur apa | kang putra matur nêmbah | kula kang damêl puniku | calon saking ing paduka ||

28. nanging dhapurira kêris | kawula botên uninga | curiga kalih dhapure | parung kalawan carita | mila èwêt wastanya | kula amêstani bingung | nami dhapuring curiga ||

29. milane ulun puniki | sumôngga

--- 1 : 99 ---

karsa jêng rama | nulya pradandanan age | Sang Dipati Supa budhal | ing marga tan winarna | prapta nagri Majalangu | sri narendra magêlaran ||

30. supênuh ingkang anangkil | kyana patih munggèng ngarsa | pra dipati tata andhèr | Dipati Supa nèng ngarsa | sang prabu angandika | Supa êndi rupanipun | jênêng para sun kon karya ||

31. kêris kang dhapure bêcik | Dipati Supa tur sêmbah | inggih punika warnane | curiga katur paduka | ananging sanès amba | punika kang karya dhuwung | ingkang damêl anak kula ||

32. kang saking Blambangan gusti | punika ingkang akarya | calon saking ulun mangke | ing nguni ingkang têtilar | pun Sura wastanira | sang prabu sampun amundhut | kang dhuwung sampun ingasta ||

33. pinariksa ingkang kêris | sang prabu kêlangkung rêna | hèh Supa apa dhapure | sang dipati matur nêmbah | ulun botên uninga | borong punapa sang prabu | mitêdhani dhapurira ||

34. kang curiga dhapur kalih | inggih parung lan carita | èmêng tyasira sang katong | mitêdhani dhapurira | ginalih ing wardaya | angandika sang aprabu | lah iku dhapur sangkêlat ||

35. dene luwih sêngkêl mami | mikir dhapuring curiga | hèh sagung punggawaningong | padha sira ngèstrènana | iki wangkingan ingwang | sun karya pusaka besuk | ing anak putu manira ||

36. kang mêngku nêgara Jawi | kang duwe iki curiga | bupati sarêng ature | abdi nata ngèstudeya | sang prabu

--- 1 : 100 ---

malih nabda | Si Sura sun junjung lungguh | namaa tumênggung sira ||

37. Suracuriga wêwangi | nèng Majapait wismaa | aja sira karya manèh | kêris liya-liyanira | kêjaba ingsun duta | yèn sira karya ing pungkur | kêris kanggo ing wong liya ||

38. cêndhak umurira pêsthi | matur Sura sarwi nêmbah | sandika dhawuh sang katong | kang abdi datan lênggana | kapundhi ing mustaka | timbalan dalêm sang prabu | mung nyaoskên pêjah gêsang ||

39. sang prabu ngandika malih | sira Jigja nisihana | mring arimu karsaningong | anama tumênggung sira | jêjuluk Jigjasura | Ki Jikja nêmbah umatur | kapundhi munggèng mustaka ||

40. pêparing paduka aji | sri narendra angandika | wêsi gêndhaga karsèngong | sun paringakên ing sira | Sura karyanên crita | bagenên lan kakangamu | Si Tumênggung Jigjasura ||

41. tumênggung kalih ngabêkti | kapundhi wontên mustaka | pitêdhan dalêm sang katong | ya ta jêngkar sri narendra | malêbèng dalêm pura | kang nangkil wis sami mundur | sami mantuk dhandhanggula ||

18. Dhandhanggula

1. kawuwusa mangke juru sabin | dènnya gadhuh mring raja pinutra | sakêlangkung ing asihe | dèn môngsa karsanipun | atanapi ki juru sabin | dènira kadhawuhan | sangêt rumatipun | pan kadya yoga pribadya | ya ta ngucap wau kyai juru sabin | dhumatêng rabinira ||

2. ingsun arsa angaturkên bêkti | lah tungkulên bokne ywa kongsi myat | lah iku adating rare | anggung [ang...]

--- 1 : 101 ---

[...gung] kudu kêlayu | arsa mèlu marang nêgari | pan ora bêtah pisah | anak ta maring sun | iku mumpung lagi dolan | tungkulêna sêksana ki juru sabin | sêmana pan umangkat ||

3. anak putu sêdaya kinêrig | kinèn bêkta pantun lawan bêras | utawi liya-liyane | sigra mangkat andulur | sakancane ki juru sabin | kocapa Radèn Bondhan- | kêjawan kang kantun | atakon êndi si bapa | ni mbok juru aris dènnya anauri | dhuh babo anak ingwang ||

4. mring nêgara angaturkên pari | nora suwe anggèr nuli prapta | Radèn Bondhan lon saure | biyung ingsun anusul | mring si bapa lunga nêgari | mojar ni juru sawah | aja sira nusul | abangêt palimarmèngwang | apan adoh lumaku maring nêgari | tan ana rowangira ||

5. nulya mêksa lumayu anggêndring | Radèn Bondhan lumampah pribadya | karêp anusul bapake | datan kawarnèng ênu | prapta ngêmbul rowange sami | kang saos ing paglaran | rowange ki juru | satunggal atur uninga | mring ki juru lamun Radèn Bondhan prapti | anusul ing sampeyan ||

6. dyan ingundang radèn marang ngarsi | mara prapta alendhehan bapa | adhuh anak ingsun anggèr | pêkênira anusul | radèn putra saurira ris | ingsun arsa mring pura | anatab gong ingsun | kang aran sêkar dalima | ya kêlawan si kêbo ganggang namèki | iku [i...]

--- 1 : 102 ---

[...ku] pan darbek ingwang ||

7. têbah jaja kyai juru sabin | dhuh ta aja wani-wani sira | bilaèni têmahane | tan wurung ingsun lampus | sira dhewe pêsthi bilai | rahadèn ginondhelan | sinjang cindhe ciyut | ki juru sangêt angampah | datan kandhêg dènnyarsa malêbêt puri | datan mawi rêringa ||

8. tur atembak ingkang têngga kori | nanging siji tan ana uninga | duk Radèn Bondhan lêbune | prapta sampun alungguh | Radèn Bondhan ing bangsal alit | panggonane gamêlan | sêksana tinabuh | tinitir maesa ganggang | lawan sêkar dalima tinabuh nitir | kagyat sri naranata ||

9. dènnya sare janggirat markitik | wadana bang jaja winga-winga | yayah sinipi dukane | asru dènira muwus | dhatêng para niyaga èstri | lah sira pariksaa | sapa wani nabuh | gong ingsun sêkar dalima | sarêng lèngsèr sêdaya niyaga èstri | lampahe sigra-sigra ||

10. praptanira gong panggonannèki | Radèn Bondhan tan ajrih ing jalma | tansah nitir panabuhe | ayêm ing solahipun | eca lênggah nèng bangsal alit | sinambi nabuh gôngsa | niyagèstri muwus | lah bocah ing ngêndi sira | têka wani nabuh kagungan nêrpati | pan iki sêsêngkêran ||

11. nora muni yèn tan sri bupati | kêlangênan parentah anatab | iki gong wasiyat gêdhe | sirèku pêsthi kuntung | baya sira bosên [bo...]

--- 1 : 103 ---

[...sên] aurip | payo sira ngakua | ing ngêndi omahmu | angling Dyan Bondhan Kêjawan | ingsun iki anake si juru sabin | si bapa anèng jaba ||

12. ingsun iki natab darbèk mami | lah matura marang sri narendra | iki gong duwèkku dhewe | niyaga sami mundur | gêlacutan niyaga èstri | umarêk sri narendra | kawula pukulun | ing jawi sampun mariksa | ingkang natab kagungan dalêm dewaji | ature ulun tanya ||

13. anakipun abdi juru sabin | inggih nuwun wêtawise bocah | sawêg sapangèn wancine | dene ta bapakipun | wontên jawi pun juru sabin | Brawijaya miyarsa | kêraos ing kalbu | sirna larut dukanira | dangu-dangu amèsêm sajroning galih | aris wijiling sabda ||

14. lah samêngko iya karsa mami | bapakane iku timbalana | dèn aglis prapta ngarsèng ngong | parêkan nêmbah mundur | pan kêpanggih ki juru sabin | kang saos ing paglaran | parêkan amuwus | hèh ki juru pêkênira | ingandikan dhumatêng sri narapati | lah dawêg inggal-inggal ||

15. ya ta gêtêr kyai juru sabin | lampahira wus praptèng ngayunan | konjêm ing siti mukane | angandika sang prabu | anakira malêbèng puri | apa ta baya sira | kang akon malêbu | umatur ki juru sawah | ila-ila patikbra datan udani | Brawijaya ngandika ||

16. lah ta payo paranana [pa...]

--- 1 : 104 ---

[...ranana] aglis | ya gawanên marêk ngarsaningwang | payo lumakua age | sandika nêmbah mundur | saking ngarsa ki juru sabin | sutanya pinaranan | kêpanggih alungguh | ngêdhangkrang nèng bale êmas | kyai juru ningali gumuyu angling | babo sira ngandikan ||

17. payo anggèr sira dèn timbali | mring sang nata payo dipun inggal | aja kêlayatan manèh | dyan putra gya anurut | kering dene ki juru sabin | glis prapta ing ngajêngan | sang nata andulu | mring Radèn Bondhan Kêjawan | èsmu èmêng sadangunira ningali | abagus anak ingwang ||

18. angandika marang juru sabin | apitambuh sapa aranira | juru sawah lon ature | dhuh gusti sang aprabu | amba asung ingkang wêwangi | Jaka Bondhan Kêjawan | mèsêm sang aprabu | dangu-dangu Brawijaya | angandika dhumatêng ki juru sabin | lah sira lumakua ||

19. gya ingawe marêk juru sabin | binisikan marang sri narendra | juru wruhanira têmbe | Majapait wus sêpuh | marma sira ingong poyani | lawan maninge sira | lungaa sun utus | Si Jaka Bondhan Kêjawan | lungakêna têka nagri Majapait | saiki wruhanira ||

20. êmèh bêdhah nagri Majapait | anakira Si Bondhan Kêjawan | sira singkirêna age | pan dhingin jênêng ingsun | duwe pawong sanak sawiji | dene ta aranira | ki gêdhe ing Tarub | iku pasrahna ing kana | anakira iku

--- 1 : 105 ---

pantês angêmbani | wus karsaning Hyang Suksma ||

21. lah ta môngsa bodhoa ki bayi | jêr dhèwèke wong amaratapa | wêruh sadurung linakon | dèn akêbat lakumu | baya sira nora mênangi | bêdhahe Majalêngka | ing wirayatipun | mapan ingsun juru ingkang | amêkasi kêraton ing Majapait | jênênge Ratu Buda ||

22. juru sawah matur angabêkti | sintên ingkang purun ing paduka | ratu gêng ngrèh jagad kabèh | ing sabrang Jawi suyud | sumiwèng ngrèh ing Maospait | tan wontên kang rumêngkang | ing karsa sang prabu | pan uwis ingêring jagad | ing samêngko sarengat pan arsa salin | mulane singkirêna ||

23. pan ing besuk iku kang malêsi | anak ingsun Si Bondhan Kêjawan | satêdhak turune têmbe | rat Jawa ingkang mêngku | kang kèdêran dening jêladri | anak ingsun Si Bondhan | turune kang mêngku | lah uwis sira mangkata | ya gawanên putranira juru sabin | mumpung esuk mangkata ||

24. pinaringan kang dhuwung kêkalih | wau sira Dyan Bondhan Kêjawan | nora malela dhapure | tinampan gya tinundhung | awotsêkar ki juru sabin | Radèn Bondhan Kêjawan | lèngsèr atut pungkur | mring bapa ki juru sawah | sampun mêdal kalihe saking jro puri | lêstari lampahira ||

25. datan kandhêg kyai juru sabin | lan kang putra Dyan Bondhan Kêjawan | tan mawi mampir wismane | lajêng dhumatêng Tarub | sarwi mundhi wasiyat [wasi...]

--- 1 : 106 ---

[...yat] aji | têbah dènnya lumampah | saking Majalangu | anglangkungi wanawasa | kawarnaa wontên wong angadhang margi | ambegal radèn putra ||

26. sinikara binegal ing margi | Radèn Bondhan Kêjawan sêmana | arsa jinaluk dhuwunge | rahadèn datan asung | agambira lajêng nglarihi | wong begal kawatgata | jajanira têrus | rahira muncar nyêmburat | kapisanan ingkang begal angêmasi | dhuwung punggêl sabêras ||

27. kari tiga kang begal nyuduki | dyan cinandhak gya ingabên kumba | wong begal sarêng pêjahe | ya ta radèn amuwus | asêngara ing wuri-wuri | aja na anganggoa | ing saturun ingsun | kêris kang pêngawak waja | mila sami mituhu saturunnèki | iku purwane kuna ||

28. dyan lêstari dènira lumaris | Radèn Bondhan lan ki juru sawah | angalèr ngulon lampahe | datan kawarnèng ênu | ya ta wau ingkang lumaris | gantia cinarita | ki agêng ing Tarub | ingkang tinilar ing garwa | mung atêngga putrane èstri satunggil | dadya woding wardaya ||

29. wayahira duk rumaja putri | midêr ing rat pan môngsa antuka | kang mimba sang liring sinom | pantês ngêblêgi ibu | pan samêndhang tan mawi silir | pantêse kang mêngkua | panjênêngan ratu | kang rama aris ngandika | adhuh babo anak ingsun Nawangsasi | lah sira atêbaha ||

30. anggêlara kêlasa lan lampit | lawan anggèr sira angracika | suruh ayu jambe wangèn [wa...]

--- 1 : 107 ---

[...ngèn] | ing mêngko ana tamu | trah kusuma andana warih | mung siji rowangira | nimas rara gupuh | anuli gêlara klasa | tan antara ponang tamu kalih prapti | kandhêg anèng plataran ||

31. Kyagêng Tarub aris ngancarani | lah ing ngriki ki putra lênggaha | gupuh lênggah ingkang kinon | radèn lênggah ing pungkur | pan ing ngarsa ki juru sabin | anulya kinèn mucang | têtêp dènnya lungguh | umatur ki juru sawah | amba prapta wiyose inggih tinuding | dhumatêng sri narendra ||

32. ngandikane Prabu Maospait | gih punika putrane sang nata | Bondhan Kêjawan namine | kasraha Kyagêng Tarub | lah andika tampi kiyai | kyagêng sumaur suka | tilarên sutèngsun | manira uwis uninga | sakarsane Sang Aprabu Majapait | wus ana ing tyas ingwang ||

33. ya ta dangu dènnya gunêm angling | wus luwaran dènira micara | ki juru pamit lumèngsèr | kunêng sapungkuripun | Kyagêng Tarub ngandika aris | Radèn Bondhan Kêjawan | alênggah tumungkul | ki agêng mèsêm tumingal | dhuh ki putra apa krasan anèng ngriki | wong anèng ing padesan ||

34. iki sanak pêkênira gusti | kawlasarsa tinilar ing biyang | siji tan ana tunggale | ya anggêpên kadangmu | apêparab Rara Nawangsih | sira kadange lanang | Nawangsih inguwuh | rara sira marenea | iki nyawa kadangira lagi prapti | saking ing pangumbaran ||

35. amituhu Ni Rara Nawangsih [Na...]

--- 1 : 108 ---

[...wangsih] | mring wuwuse ing sudarmanira | wantunipun maksih rare | sang rêtna wayahipun | prêmpêng-prêmpêng ngangkat birai | dèrèng pirsa wêweka | kusumaning ayu | mapan ta dèrèng kêmbênan | lagya sampur pêmbayun mêmêt amanis | manisira pêsaja ||

36. dadya lulut Ni Rara Nawangsih | sinadulurkên lan Radèn Bondhan | rumakêt kakang basane | lir tunggil rama ibu | pangraose Rara Nawangsih | kêlawan Radèn Bondhan | tan na sigan-sigun | tan ana taha-tinaha | wantu rare pinardi sinungan wangsit | mituhu ing sudarma ||

37. Kyagêng Tarub angandika aris | sira kulup sun lih namanira | saking wasiyatku dhewe | aranira karuwun | Radèn Bondhan ingsun marèni | mangke ngaliha nama | nyawa anak ingsun | Dyan Lêmbu Pêtêng prayoga | duk miyarsa rahadèn suka ing galih | mijil angaras pada ||

19. Mijil

1. datatita sêmana wus panggih | wau sang wiranom | lan sang ayu ki agêng karsane | rinarêngga rikala kêpanggih | gumrah wong ningali | wong ing desa Tarub ||

2. Dyah Nawangsih solah sêmu isin | rikala patêmon | rasa-rasa duk durung panggihe | wus sasêcan saudara wèdi | mêngko dadi laki | mila sang dewa yu ||

3. sêmu wirang ing sajroning ati | dènira patêmon | pan kagagas sang rêtna driyane | lir supêna dènira akrami | gêtun ping sakêthi | rikuh kaping sèwu ||

4. mila

--- 1 : 109 ---

lami dènira wor rêsmi | saking amirangrong | rangu-rangu kakung nganti sihe | kunêng kyagêng warnanên mêrtapi | minta sihing Widi | gêrah sangêt wau ||

5. nulya seda pinêtak anuli | ing rèh tan winartos | kang kocapa nênggih atmajane | sasedane kang rama gung brangti | kagagas ing galih | lamun lola tuhu ||

6. rama ibu wus datan kaèksi | mila gung mirangrong | dadya luntur ing laki asihe | Nawangsasi ngaturakên ing sih | wus niring prihatin | supe rama ibu ||

7. ngadi-adi ing warna rêrêsik | bigaring pasêmon | olah jêbad kasturi wêdhake | dhasar srira kadi mas sinangling | midring rat tan olih | lir dewaning ayu ||

8. arja ngagêm sinjang cindhe wilis | linud ing pêraos | jingga tinêpi kasêmêkane | rinarêngga ing toya mas asri | abyore rêspati | sinangkara murub ||

9. waja gumyur lir tètèsing warih | sinawang mêncorot | gilar-gilar kang waja gêbyare | alisira roning imba manis | netranira jait | kocak-kocak mancur ||

10. cundhuk sêkar kêncana rinujit | ginubah krang mêlok | ngagêm wida mrik ngambar gandane | rikma kêbêk ing sêkar mêlathi | tan pantês nèng bumi | lir muksa dinulu ||

11. dhasar ayu Sang Rêtna Nawangsih | tan ana winaon | ayu tulus tur ing sawantahe | nora nganggo kawoworan sikir | mêmpêng ing birai | manisira mêtu ||

12. suruping

--- 1 : 110 ---

arka gumanti kang wêngiLebih satu suku kata: surup arka gumanti kang wêngi | kang côndra angayom | tanggal limalas gumêbyar padhangeLebih satu suku kata: tanggal malas gumêbyar padhange | lir raina sunare kang sasi | sumawur kang sari | trênggana mawêlu ||

13. ri sêksana dyan marêk ing laki | jiwa raga anor | ngasih-asih rahadèn solahe | lir cintaka kang aminta riris | dènira ngalap sih | lunturing salulut ||

14. kusuma yu tan pêgat liningling | driyanira kepon | angrarêpa mlasasih têmbunge | dhuh kusuma ingkang mindha ratih | amung sira gusti | ratuning wong ayu ||

15. ingkang abdi gusti aminta sih | sumiwèng paturon | dyan kinuswa sang dyah sarirane | tanpa bayu agung rinarêmih | kakunge mangukih | tyasira suh rêmpu ||

16. gya sinambut kusumaning adi | mring kakung pinondhong | binêkta mring paprêman praptane | sinarèkkên munggèng kasur sari | tumangkêb kang samir | sang kakung anggrêgut ||

17. sampun dugi dènnya among rêsmi | ôngga sru kalêson | amurcita sang rêtna driyane | duk tinêmbe kaprananing gati | kakung aningali | wêlasira muput ||

18. gya ingêmban pinondhong sang dèwi | mring patirtan alon | sinucenan wus suci nulya ge | wangsul malih maring jinêm wangi | lir mintuna mimi | tansah runtung-runtung ||

19. jalu èstri prasami lulut sih | tansah akarongron | datan pisah saparan-parane | siyang dalu tan pêgat karonsih | kêlangkung lulut sih | kramanira runtut ||

20. satilare kang rama suwargi [suwar...]

--- 1 : 111 ---

[...gi] | rahadèn gumantos | Lêmbu Pêtêng Radèn pêparabe | ngalih nami Kyagêng Tarub nênggih | wus kontap lyan dèsi | padhusunan Tarub ||

21. sang rêtna yu pan sampun garbini | sarira mêncorong | saya mêmêt pêmbayun bundêre | srira mêmêk muwuhi rêspati | kang cahya dumêling | lir wulan sumunu ||

22. sampun prapta ing sêmayannèki | jabang bayi miyos | jalu bagus umancur cahyane | rama ibu langkung dènnya asih | wus lami sinapih | kusumaning ayu ||

23. antarane lami wawrat malih | putra miyos wadon | dadya kalih ki agêng putrane | jalu sêpuh kang anèm pawèstri | kandhêg tan siniwi | mangkana winuwus ||

24. Kyagêng Tarub nulya angêmasi | tan tutug jêjodhon | duk sêmana puput ing yuswane | ingkang rayi kantun among siwi | gênti kang winarni | kapungkur ing Tarub ||

20. Pangkur

1. ing Madura katêtêpan | dhatêng Radèn Sahid pan sangêt ajrih | sêdaya pan sampun suyud | sami Islam sêdaya | wus jumênêng pangeran Madura Prabu | kangjêng pangeran punika | pan sampun ayasa masjid ||

2. Rahadèn Rahmat punika | anèng Ampèl langkung dhèniradènira mukti | akathah tiyang gêguru | samya malêbêt Islam | Radèn Rahmat pan sampun salin jêjuluk | Jêng Susunan Ngampèldênta | pan sampun wibawa mukti ||

3. ya ta Sèh Jumadil Kobra | amêrtapa anênggih pêrnahnèki | asangêt prayoganipun |

--- 1 : 112 ---

wontên ardi Pragota | pan akathah tiyang kang sami gêguru | sangêt kabul pandonganya | sumungkêm sagunging murid ||

4. Radèn Ripin kang winarna | kang jumênêng anèng ing Surabanggi | tiyang nagri sami suyud | dhumatêng radèn putra | nuntên radèn asalin jêjulukipun | nama Pangeran Purbaya | sampun kathah putranèki ||

5. pulo Upih kang winarna | Kyai Êsèh Maolana kang tapi | tapa lan sakhabatipun | Daraputih kang nama | Maolana ngandika mring sabatipun | Daraputih lah karia | sun lunga mring tanah Jawi ||

6. mênawa ana wong arsa | anggêguru wurukên sun idini | mungguh prayogane ngèlmu | môngsa bodhoa sira | Maolana sigra lumampah puniku | dhumatêng nagri Kamboja | wontên juragan akramiagrami ||

7. tiyang Madura kang dagang | ki juragan pinuju arsa mulih | Ki Maolana anjujug | lênggah anèng baita | arsa mangkat tan obah baitanipun | ki juragan pirêmbagan | kaki dika ragi mriki ||

8. Maolana lajêng mara | sampun nunggil lawan juragannèki | wus obah baitanipun | sigra ambabar layar | dèrèng kongsi mêndhêt toya karya sangu | baita layar manêngah | dhatêng têlatahing Tubin ||

9. sagunging wong awak palwa | sami sambat awit kirangan warih | kasatan tan antuk nginum | prasami anggarêsah | Maolana awêlas maring wong prau | dene iki têka

--- 1 : 113 ---

toya | banyu tawa nora asin ||

10. wong baita nurut samya | nginum toya banyune nora asin | sêdaya prasami nginum | sami tuwuk sêdaya | ana ngucap luwih endah banyu laut | puniki langkung akathah | kyai sae numpak ngriki ||

11. sêdaya wus tuwuk toya | lajêng turu wit kuwarêgên warih | baita wus layar banjur | nglêrêsi kang sinêdya | tan antara dhatêng Madura alabuh | wontên babagan Madura | wong baita sami tangi ||

12. sêdaya sami angucap | iki batur prau anèng ing ngriki | têka ewuh atiningsun | mau ana ing Tuban | kang baita puniku pan uwis labuh | kaya mingêr kang baita | kaslêmpitan godhong jati ||

13. Ki Maolana gya mêntas | lajêng malbèng dalême kyana patih | sêksana ingirid sampun | seba dhatêng pangeran | wus kêpanggih pangeran kêlangkung bêndu | dhumatêng Ki Maolana | apa sira ana kardi ||

14. Ki Maolana lingira | pramilane sira anèng ing ngriki | pangeran sumaur sêndhu | printahe Brawijaya | kang sun pundhi Maolana pamit mundur | lajêng marang Bêlambangan | nuju rêtu kang nêgari ||

15. nêgara ing Bêlambangan | waktu iku sangêt ingkang gêgêring | sang adipati ing ngriku | dhawuhkên sayêmbara | sarupane sapa uwong ingkang sanggup | anulaka kang lêlara | ingsun ganjar rabi putri ||

16. ngong dhaupkên putraningwang | Maolana myarsa sigra nyaguhi | mring sang adipati matur [ma...]

--- 1 : 114 ---

[...tur] | prasami prajangjean | sampun rampung sêdaya prajangjinipun | ya ta wau sang dipatya | lan Maolana wus jangji ||

17. nagri pinaringan jimat | sampun mulya sagung kang sami sakit | Ki Maolana kêmantu | mring Dipati Blambangan | Maolana rabi putri prawan ayu | sang putri sêmana wawrat | sêpuh dènnya anggarbini ||

18. Adipati Bêlambangan | mring kang mantu pinurih Islamnèki | ki dipati langkung bêndu | duka mring Maolana | arsa bithi lajêng cikêr astanipun | kang netra satêmah wuta | tan uning anêningali ||

19. Maolana lajêng kesah | mring lautan anêngah mring jêladri | kang kinarya prau bêruk | êcis kinarya teyang | sêrbedira kang kinarya layaripun | alêpas ing lampahira | kocapa wau sang putri ||

20. wawratanira ambabar | miyos jalu warnanira apêkik | sang nata parentah nglabuh | binuwang mring samodra | winadhahan kêndhaga kêncana mancur | rèhning têrahing kusuma | têdhake wong agung brangti ||

21. Asmaradana

1. kunêng wau kang winarni | nêgari ing Majalêngka | sêmana winarna manèh | wontên rôndha langkung kaya | nyai patih arannya | dagang nglampahkên pêrau | nèng laut manggih kêndhaga ||

2. binuka isi bêbayi | binêkta mantuk sêmana | ingaturkên nyai patèh | nyai patih suka-suka | binabokakên sigra | akathah pêmbayaripun | banyu susu panumbasnya ||

--- 1 : 115 ---

3. wêlagang kang jabang bayi | sêmana sinungan nama | Rahadèn Giri wastane | sampun kinèn angajia | marang ing nyai rôndha | nulya kesah anggêguru | dhumatêng ing Ngampèldênta ||

4. kêlangkung dipun kasihi | Radèn Giri mring jêng sunan | sampun sinadulurake | kêlawan Rahadèn Bonang | atut dènnya kêkadang | Jêng Sunan Ngampèl puniku | putranipun pan têtiga ||

5. Ni Pancuran ingkang nami | kêkalih Nyai Manyura | Radèn Bonang katigane | Ni Pancuran Ni Manyura | kalih sampun akrama | pikantuk Madura Prabu | kêpanggih lan kadang misan ||

6. samya jumênêng kêkalih | nèng Madiun kalih pisan | wong kono pinasrahake | kinèn mulanga agama | punika Radèn Bonang | kalih Radèn Giri rukun | pangajine sampun tamat ||

7. punika Rahadèn Giri | ingutus mring kangjêng sunan | Rahadèn Bonang kanthine | dikakakên dhatêng Mêkah | sêmana lajêng layar | anêngah dhumatêng laut | kapêthuk Ki Maolana ||

8. baita bêruk kêrambil | sêrbède kinarya layar | êcis kinarya teyange | punika wali sanyata | andangu Radèn Bonang | padha marang ngêndi kulup | sira katêmu lautan ||

9. Radèn Bonang Radèn Giri | badhe arsa dhatêng Mêkah | Maolana ngandika lon | lah sira padha balia | yèn sira sida lunga | nêgara Jawa pan têdhuh | lah kulup sira balia ||

10. payo barêng lawan mami [ma...]

--- 1 : 116 ---

[...mi] | ingsun yun wruh wismanira | Molana nimbal praune | gènira lênggah nèng têngah | wangsul dènira layar | pinancêt kêlate sampun | radèn kalih rêraosan ||

11. Radèn Bonang Radèn Giri | sami suka ing wardaya | rumaos mundhi jimate | kalihnya sami anêmbah | apikir ing wardaya | Ki Maolana lingnya rum | dhatêng radèn kalihira ||

12. sira karo sun tuturi | prakarane wong agêsang | aja sira merangake | sumungkêma adhêpira | iku ana ing sira | radèn kalih sarêng sujud | wus kèndêl baitanira ||

13. ing Ngampèl pan sampun prapti | kêpanggih kêlawan kadang | Sunan Ngampèl bagèkake | dhumatêng têtamunira | pundi ingkang pinôngka | labêt kawula atambuh | Ki Maolana awêca ||

14. ing purwane nguni-uni | iku ta ingkang wirayat | ingsun ingkang tuwa dhewe | iya sira ariningwang | lawan Jumadil Kobra | iku arimu panggulu | ingsun ingkang tuwa pisan ||

15. inggaling carita nênggih | Maolana wus atuwa | seda pinêtak layone | ing Gêsêng kuburanira | wontên malih kocapa | Brawijaya putranipun | Radèn Sahid guladrawa ||

22. Dhandhanggula

1. wontên malih winurcitèng kawi | Radèn Sahid putra Brawijaya | kêlangkung sangêt mursale | gimêr kècèk lan dhadhu | ngabên sawung gêmak kêmiri | maling ngampak ambegal | ngapusi angècu | nèng wana Kudus bêbegal |

--- 1 : 117 ---

pan kêpapag Sunan Ngampèl ngagêm êcis | nyangking bêruk kêlapa ||

2. bêrukira binêlongsong rukmi | rantenira kêncana di mulya | ingkang êcis bêbungkule | nênggih kêncana mancur | mênurira pan intên adi | Radèn Sahid angucap | kaki aja mlaku | ki tuwa sira mandhêga | kangjêng sunan amèsêm sarwi ngandhêgi | ngandhap arèn kèndêlnya ||

3. Radèn Sahid pangucapnya bêngis | kene êcis lawan bêrukira | iku kaki sun êmpèke | jêng sunan ngandika rum | rêgi pira bêruk lan êcis | tan warêg sira pangan | êcis lawan bêruk | lah ta payo marenea | ya ta wau Jêng Sunan Ngampèl nulya glis | arèn sinogok cisnya ||

4. witing arèn lawan kolang-kaling | tuwin godhong lawan pupusira | sêdaya pan dados jêne | murub pating pêlancur | Radèn Sahid awas ningali | wit arèn dadya êmas | murub ting pêlancur | radèn sumungkêm anêmbah | lajêng matur nuwun apuntên kiyai | kula dhèrèk sampeyan ||

5. kangjêng sunan angandika aris | sira kulup ngêndi omahira | Rahadèn Sahid ature | kilap punapa ulun | yèn ngakêna putraning aji | kawula Majalêngka | nênggih kang sêsunu | Brawijaya Majalêngka | kang jumênêng Majapait kaping katri | arsa dhèrèk sampeyan ||

6. kangjêng sunan angandika aris | sira arêp gêguru maringwang | maringa ing pasar Ngampèl | yèn ana wong

--- 1 : 118 ---

lumaku | kang arupa wong kaki-kaki | gawa bêruk kêlapa | tut wurinên iku | Dyan Sahid wus amit mentar | sampun prapta ing pasar Ngampèl Dyan Sahid | lèrèn anèng ing pasar ||

7. Radèn Sahid anulya tut wingking | mirsa tiyang bêkta bruk kêlapa | lajêng malêbêt dalême | Radèn Sahid tut pungkur | lajêng kèndêl anèng ing margi | nèng korine jêng sunan | lamine sêtaun | wus pasrah kang jiwa raga | kang cinipta pan amung ngèlmu sêjati | muga antuka wêjang ||

8. Kangjêng Sunan Ngampèl nulya mijil | praptèng kori sêmana umiyat | Radèn Sahid nulya lunggoh | ya ta wau dinangu | apa baya karêpirèki | nèng kene sira lênggah | Radèn Sahid matur | inggih panêdya kawula | ulun arsa anuwun ngèlmu sêjati | Sunan Ngampèl ngandika ||

9. sira jaluk ing ngèlmu sêjati | nora nana ngèlmu ingkang nyata | mapan ingsun ora duwe | mung aku awèh tuduh | lah lungaa ing pulo Upih | Daraputih kang nama | iku kang amêngku | Radèn Sahid langkung suka | nêmbah mangkat kesah dhatêng pulo Upih | anumpak ing baita ||

10. sampun layar sira Radèn Sahid | anèng laut sêmana kêpapag | Ki Daraputih arane | Ki Daraputih muwus | sira arêp lunga mring ngêndi | Radèn Sahid angucap | alon sauripun | mring pulo Upih kawula | badhe panggih lan Kyai Sèh Daraputih | nênuwun ngèlmu nyata ||

11. anauri [ana...]

--- 1 : 119 ---

[...uri] Ki Sèh Daraputih | aja tambuh iya raganingwang | Daraputih pulo Upèh | payo mèlua mring sun | Radèn Sahid sigra tut wuri | wong kalih alêlampah | wong kalih wus rawuh | prapta têngah wanapringga | nyêmpal wringin wau Ki Sèh Daraputih | tinancêbakên sigra ||

12. angandika Ki Sèh Daraputih | lah ta kulup sira tunggonana | iya kayu wringin kiye | aja lunga sirèku | tur sandika Rahadèn Sahid | ya ta wau tinilar | ki sèh sigra nglangut | nglêlana mring pulo Jawa | midêr-midêr sêtaun anuli prapti | pêrnahe kang tinilar ||

13. sira Radèn Sahid sriranèki | kagubêd ing sulure kang wrêksa | Sèh Daruputih wuwuse | payo mrenea kulup | dene pêkênira puniki | mangko maksih waluya | anulya lêlaku | Radèn Sahid atut wuntat | mubêng-mubêng ing tanah Carêbon prapti | pinggire kali ika ||

14. angandika Ki Sèh Daruputih | kulup sira ing kene karia | poma wêkas sun mring kowe | aja lunga sirèku | lamun datan ana wong prapti | ngajak marang ing sira | gya tinilar gupuh | Sèh Daruputih lêlana | mubêng-mubêng tanah Ngarab tanah Jawi | lamine tigang warsa ||

15. kang lêlana ya ta wau prapti | pulo Upih atampi sasmita | pêparingira Hyang Manon | sasmita kang dhumawuh | sapa mangan sêmôngka iki | wus karsaning Hyang Suksma | dadi wali luhung | nulya wangsul angêjawa | ya ta prapta ing Carêbon [Ca...]

--- 1 : 120 ---

[...rêbon] pêrnahnèki | Dyan Sahid duk tinilar ||

16. Radèn Sahid kang dipun ênggèni | pinggir kali sêmana wus dadya | kêdhung jêro wêkasane | Radèn Sahid puniku | maksih lênggah nèng nginggil warih | Sèh Daraputih prapta | angandika arum | kulup sira marenea | ya ta marêk sêmana Rahadèn Sahid | sarêng prapta ing ngarsa ||

17. nyandhak sukêt Ki Sèh Daraputih | dèn byukakên amêdal dahana | kulup mênèk atis kowe | ya ta sami lumaku | duk sêmana wus prapta singgih | anèng ing Ngampèldênta | ki sèh wus apangguh | Sunan Ngampèl wus uninga | ya ta wau marêngi wêngi sawiji | prasami pakumpulan ||

18. sami babar ing ngèlmu sêjati | para wali wus jangkêp sêdaya | amung wêwolu kathahe | sêmôngka pinêcah wus | mung wêwolu dènira ngiris | ya ta binagi sigra | wus jangkêp wêwolu | irisan kari satunggal | ya ta kagèt wau Ki Sèh Daraputih | kinôntha kanthinira ||

23. Kinanthi

1. Ki Sèh Daraputih muwus | wali iki kurang siji | pratôndha iki sêmôngka | puniki luwih sairis | ya ing jaba ulatana | bokmênawa ana jalmi ||

2. Sunan Kalijaga mêtu | kêpanggih ana ing kori | tinanya wau namanya | sumaur kang dèn takoni | kula nami Sitijênar | sêksana binêkta aglis ||

3. sapraptanira ing ngayun | ngandika Sèh Daraputih | wus kakdiriratakdirira Hyang Suksma |

--- 1 : 121 ---

ki bayi sira duwèni | sêmôngka sira pangana | sirèku gênêping wali ||

4. sêmôngka tinampan sampun | sêmôngka sampun binukti | ya ta wau abubaran | sagung para wali-wali | wus dhêdhukuh sowang-sowang | sami amulang agami ||

5. gantia malih cinatur | ing Plembang pinurwèng kawi | sira wau Arya Damar | sampun jumênêng dipati | suyud wong tanah Palembang | langkung arjaning nêgari ||

6. putri Cina garwanipun | ingkang rama amaringi | putranira Brawijaya | Radèn Patah ingkang nami | dene putra Arya Damar | anama Rahadèn Husin ||

7. dyan kalih kêlawun-lawun | wêlagang kalis ing sakit | cahyane saya katingal | ingugung sasolahnèki | wus umur nêm bêlas warsa | ing wau Rahadèn Husin ||

8. siyang dalu runtung-runtung | kinêmbar busananèki | ya ta wau winurcita | Radèn Patah kang ginupit | kêlangkung susahing driya | ya ta marêk sang dipati ||

9. praptèng ngarsa nêmbah matur | kawula anuwun pamit | badhe dhatêng pulo Jawa | ngandika sang adipati | kulup aja lunga-lunga | kaya ngapa ingsun kari ||

10. asangêt pamênggakipun | sira wau sang dipati | mangkana Rahadèn Patah | kêlangkung susah ing galih | praptaning dalu sajuga | Radèn Patah lan kang rayi ||

11. lolos saking jro kêdhatun | lajêng malêbèng wanadri | lampahe katiwang-tiwang | wau ta satriya kalih | wana ingkang kamarganan [kamargana...]

--- 1 : 122 ---

[...n] | burone prasami ngiring ||

12. miwah sagung manuk-manuk | arubung sami mayungi | Radèn Patah micarèng tyas | pan sampun angèsthi pati | wus prapta pinggir samodra | kèndêla satriya kalih ||

13. mangu mulat samodra gung | cipta kewuhan ing margi | kaya ngapa marganingwang | bisa anyabrang jêladri | cêp mênêng ing sanalika | pucuking grana kapusthi ||

14. liyêping paningal sampun | pôncadriya dèn pêpêti | katrima panêdhanira | dhawuh nugrahaning Widi | angin pôncawara prapta | gênjot bumi gonjang-ganjing ||

15. samodra kadya kinêbur | sirêping prahara nênggih | ya ta wontên jalma prapta | mung sawiji kaki-kaki | ngagêm êcis têkênira | ngadêg alon dènnya angling ||

16. lah ta babo putuningsun | paran ta karêpirèki | Rahadèn Patah anêmbah | kularsa mring pulo Jawi | kèwêdan tan sagêd nyabrang | ki tuwa mangsuli angling ||

17. sun jurungi karêpamu | nanging sira dèn aririh | pamita wong tuwanira | aja sira anis ratri | agawe sêmange nala | musna ki tuwa tan kèksi ||

18. ya ta mantri kang dèn utus | ngulati rahadèn kalih | waspada dènnya tumingal | rahadèn anèng gêgisik | lajêng wau pinaranan | mantri kalih anungkêmi ||

19. dhuh gusti suwawi kundur | rama tuwan sang dipati | miwah ibu jêngandika | asangêt dènnya prihatin | ya ta radèn kalihira | wus kering caraka

--- 1 : 123 ---

mantri ||

20. datan pinurcitèng ênu | wus prapta sajroning puri | marak ing sang adipatya | kang putra rinangkul aglis | kang ibu anjrit karuna | putra kalih dèn tangisi ||

21. roncene datan cinatur | cinêndhak caritanèki | radèn kalih wus kalilan | layar marang pulo Jawi | wus prapta ing pulo Jawa | amucung ing Ngampèlgadhing ||

24. Pocung

1. ganti malih Kyai Supa kang cinatur | miwah Surajigja | sami anggêguru ngèlmi | amalêbêt dhumatêng agama Islam ||

2. mring Jêng Sunan Kalijaga wong têtêlu | tuwin mring Jêng Sunan | Giri dènnya guru ngèlmi | wus amantêp umasuk agama Islam ||

3. ya ta Kangjêng Sunan Kali kang winuwus | mring Sêdayu têdhak | Tumênggung Supa ningali | yèn Jêng Sunan Kalijaga ingkang têdhak ||

4. amanggihi ngraup pada sang awiku | lajêng tata lênggah | ngandika sang maha yêkti | lah ta Supa manira sira karyakna ||

5. kêris ingkang prayoga luwih binagus | kang dhapur sangkêlat | arsa ngong karya pêparing | iya marang ingkang dadi bêkêl Jawa ||

6. supayane dadia pusakanipun | ing kêraton Jawa | Tumênggung Supa miyarsi | sangêt ajrih lamun matur amopoa ||

7. dadya nêmbah sandika ing aturipun | mring parapèn nulya | kêlawan Jêng Sunan Kali | praptèng prapèn amasang pirantinira ||

8. Sunan Kali amundhut ing wêsinipun | kang anèng ing surban | sakêlungsu agêngnèki [agêngnè...]

--- 1 : 124 ---

[...ki] | pinaringkên dhumatêng Tumênggung Supa ||

9. gya tinampan Ki Supa sangêt angungun | osiking wardaya | paran gon ingsun akardi | wêsi iki dene luwih cilikira ||

10. dadya nêmbah alon wau aturipun | pukulun punika | wêsi langkung saking alit | punapa ta cêkap kinarya curiga ||

11. ya ta mèsêm Jêng Sunan Kali lingnya rum | dadi iku Supa | kurang gêdhe ingkang wêsi | sigra mêkar kang wêsi agêng sawisma ||

12. angrênggunuk nèng latar bêsalènipun | Ki Supa tumingal | dhêlêg-dhêlêg tanpa angling | sakêlangkung angungun wardayanira ||

13. Sunan Kali pangandikanira arum | lah mara ta ika | wus agêdhe ingkang wêsi | payo Supa iku nuli lêkasana ||

14. Supa matur pangaksama sang awiku | inggih kang rumêntah | dhumatêng kawula gusti | awit saking sangêt gêng lêpat kawula ||

15. yèn sêmantên ingkang wêsi agêngipun | ulun tan kuwawa | anyupit ngangkat kang wêsi | langkung agêng gusti kang wêsi punika ||

16. Sunan Kali alon pangandikanipun | yèn kaya mangkana | hèh wêsi balia cilik | ponang wêsi wangsul malih agêngira ||

17. sakêlungsu jêng sunan ngandika arum | lah payo karyakna | Ki Supa nêmbah wotsari | gya sinupit kang wêsi arsa ingobar ||

18. ponang wêsi mancolot mring paron wangsul | wus dadya curiga | dhapur sangkêlat rêspati | sami lawan pusaka Sang Brawijaya ||

19. Kyai Supa saya sru pangungunipun [pangungu...]

--- 1 : 125 ---

[...nipun] | datan bisa ngucap | jêng sunan ngandika aris | hèh ta Supa wêsi iku wruhanira ||

20. têka swarga pantês ingsun karya iku | pusakaning nata | kang mêngku ing tanah Jawi | ya ta nêmbah Ki Supa angaras pada ||

21. angaturkên curiga tinampan sampun | mring kangjêng susunan | sarwi angandika aris | lah karia Supa sun arsa mring Arga ||

22. pan sakêdhap umêsat datan kadulu | Ki Supa nèng wisma | asangêt pangungunnèki | kawurcita wusira ngalama-lama ||

23. Sunan Giri rawuh marang ing Sêdayu | wismane Ki Supa | Ki Supa lajêng ngabêkti | Sunan Giri sêmana wus tata lênggah ||

24. Kyai Supa umarêk anèng ing ngayun | jêng sunan ngandika | Supa praptaningsun iki | jaluk tulung ingsun karyakna curiga ||

25. ingsun gawe wasiyat ing Giri iku | Ki Supa anêmbah | sandika dhatêng nglampahi | ya ta lèngsêr mring parapèn tata-tata ||

26. wus arakit Jêng Susunan Giri rawuh | alon angandika | hèh Supa bakale iki | kalam sruwa agêm ngong nulis slawasnya ||

27. gya tinampan sinupit arsa tinunu | kang kalam malêsat | nèng paron mubêng kaèksi | sarêng kèndêl pan sampun warni curiga ||

28. langkung ewuh wastane dhapure dhuwung | Ki Supa tumingal | sangêt ngunguning panggalih | dhêlêg-dhêlêg asangêt eraming driya ||

29. sinaoskên mring jêng sunan ingkang dhuwung | sêksana tinampan | jêng sunan ngandika aris [ari...]

--- 1 : 126 ---

[...s] | hèh ta Supa kêris ingsun wèhi nama ||

30. Kyai Kalamunyêng ingsun karya iku | pusaka ing Arga | aja nganti lunga iki | kêris iki iya têka Giripura ||

31. wus karia Supa ingsun arsa kundur | Ki Supa manêmbah | jêng sunan wus datan kèksi | Kyai Supa asangêt pangungunira ||

32. sangsaya sru suhude dènnya gêguru | dènnya gami Islam | tan mawi was-was ing galih | saya sangêt Ki Supa pandhandhangira ||

25. Dhandhanggula

1. datatita lingira ing nguni | putranira Prabu Brawijaya | Lêmbu Pêtêng panênggake | jumênêng Madurèku | arinira wastanirèki | Radèn Gugur punika | amêrtapa bêntur | anèng dhukuh wana sonya | cinarita putra kang sêpuh pawèstri | pan kinarya ganjaran ||

2. marang Dayaningrat Adipati | marma putra kinarya ganjaran | duk nagri Bali mogoke | têdhakira puniku | Dayaningrat Sang Adipati | putranya Sang Dipatya | Dayaningrat wau | Ki Agêng Pêngging punika | ya ta malih Brawijaya putranèki | patutan putri buta ||

3. Arya Damar nênggih kang wêwangi | wus tinanêm anèng ing Palembang | nulya putranira manèh | patutane rumuhun | putri Cina laire nênggih | anèng nagri Palembang | wus sinung jêjuluk | anama Rahadèn Patah | wontên malih putra ampeyan winarni | saking Baglèn ibunya ||

4. putra jalu pan amung kêkalih | Radèn Jaran Panolih

--- 1 : 127

kang tuwa | nèng Sumênêp Mêkasane | nèng Balega ngêdhatun | dene wau arinirèki | kang tunggal ibu rama | lan Panolih iku | tinanêm ing Panaraga | apêparab Sri Bêthara Katong nênggih | ya ta malih winarna ||

5. Brawijaya putranira malih | mêdal saking ing ibu ampeyan | sampun dipun kramakake | Adipati Lowanu | lan ing Gowong putrane malih | putrane Brawijaya | lan Wandhan puniku | ibune Rahadèn Bondhan | pinêrnahkên kalawan kang rama nguni | Tarub Bondhan Kêjawan ||

6. anèng Tarub pan ingêlih nami | Radèn Lêmbu Pêtêng namanira | aja kaliru surupe | samya putraning ratu | Brawijaya kêkalih nunggil | anèng Tarub punika | ing satunggilipun | pilênggahan nèng Madura | Kyai Agêng Tarub namane kariyin | Radèn Bondhan Kêjawan ||

7. kawarnaa putra Majapait | Radèn Patah pan sampun suwita | angaji mring Sunan Ngampèl | Sunan Ngampèl winuwus | garwanira ingkang winarni | putrane Arya Teja | Tuban ibunipun | pan lagya putra têtiga | putra sêpuh Nyi Agêng Manyura nênggih | anulya Sunan Bonang ||

8. Kangjêng Sunan Dêrajat kang rayi | Nyai Agêng Manyura pêputra | Nyai Agêng Malokane | pinanggihakên sampun | lawan Radèn Patah anênggih | pan dadya Radèn Patah | kambil mantu putu | mring Jêng Sunan Ngampèldênta | Radèn Patah wus kandêl [ka...]

--- 1 : 128 ---

[...ndêl] agama suci | tinundhung mring kang eyang ||

9. radèn sira alungaa aglis | angulona lamun ana alas | gêlagah wangi gandane | dhêdhukuha sirèku | amuruka agama suci | sarengat Rasullullah | sira iku besuk | lawas-lawas dadi raja | amarentah satriya punggawa mantri | mêkasi nata Buda ||

10. Radèn Patah atur sêmbah pamit | sakêlangkung mêlêng lampahira | anut duduhe gurune | mangilèn lampahipun | tan winarna lamining margi | prapta manggih gêlagah | wangi gandanipun | ya ta wau dhinukuhan | lami-lami akathah ingkang tut wuri | dhukuh aran Bintara ||

11. amêmuruk agamaning nabi | kathah ingkang sami tumut wisma | saya kathah wong kang rawoh | ngadêg jumuwahipun | wong pasisir ing kanan kering | awisma ing Bintara | wus dadya praja gung | wêtara wontên salêksa | amiyarsa Brawijaya Majapait | nimbali Pêcattôndha ||

12. adipati ing Têrung wus prapti | ing ngarsane Prabu Brawijaya | ya ta asru ngandikane | hèh Adipati Têrung | asaosa kêprabon jurit | ing kulon kene ana | iya wong dhêdhukuh | ing Dêmak tanah Bintara | wus angrêda mênawa rêraton benjing | nuli gitikên ing prang ||

13. Pêcattôndha ing Têrung wotsari | dhuh pukulun kang dhukuh Bintara | kadang kawula wiyose | sadhèrèk tunggil ibu | inggih sanès ingkang mancêri |

--- 1 : 129 ---

kawula pun Dipatya | Palembang kang sunu | pun kakang Rahadèn Patah | gih pun ibu kang bêkta wawratan uni | saking ing tanah Jawa ||

14. duk miyarsa ature Dipati | Brawijaya emut ing wanteyan | lamun punika putrane | dadya ngandika arum | yèn mangkono iya dipati | lah sira lumakua | timbalana gupuh | praptaa ing ngarsaningwang | sigra lèngsèr lampahe sang adipati | ing Têrung marang Dêmak ||

15. tan kawarna lampahirèng margi | sampun prapta nêgari Bintara | wus panggih lawan kadange | dhinawuhakên sampun | timbalane sri narapati | kêlamun ingandikan | dhumatêng sang prabu | sigra mangkat Radèn Patah | kerid dene kang rayi sang adipati | ing Majapait prapta ||

16. adipati ing Têrung kariyin | ingkang raka kantun anèng jaba | Dipati Têrung praptane | munggèng byantara prabu | apranata ing sri bupati | katur sêdayanira | solahe ingutus | nimbali dhatêng pun kakang | sampun sowan ing mangke wontên ing jawi | sumôngga karsa nata ||

17. sri narendra dhawuh animbali | tinimbalan wus prapta ing pura | tumamèng munggèng ngarsane | Brawijaya andulu | Radèn Patah pinandêng liring | sêmu myang pasariran | Radyan Patah mungguh | Brawijaya mundhut kaca | sigra ngilo sêmana awas ningali | wêdana nèng paesan ||

18. Brawijaya amicarèng ati | iya nyata iki anak ingwang | kang sun titipkên ibune | sun paringkên rumuhun [ru...]

--- 1 : 130 ---

[...muhun] | ing Palembang mêtêng nêm sasi | wus sun wêkas Dipatya | Palembang rumuhun | yèn mêngkono putraningwang | nagri Dêmak sun paringakên sirèki | namaa adipatya ||

19. wus tinundhung mulih sang dipati | saking ngarsanira ingkang rama | lan sawadyane wus bodhol | nulya panggih lan guru | kangjêng sunan ing Ngampèlgadhing | nêgari Surabaya | sasênênge iku | wus Islam sêdayanira | timbalane Brawijaya Majapait | angrèhna ingkang putra ||

20. Adipati Bintara wus prapti | Ngampèldênta ngarsane pandhita | asujud ngaras sukune | manêmbah aris matur | pan kawula anuwun idin | kawula arsa bêdhah | nagri Majalangu | nadyan mêngsaha pun bapa | ratu kapir tan anut agama nabi | sang wiku angandika ||

21. hèh ta aja mêngkono ki bayi | ramanira mapan ora nyêgah | mring wong masuk agamane | sarengate jêng rasul | apan ingsun dipun paringi | iya wong dadi imam | anèng Surèngkewuh | apadene sira iya | pinaringan wong salêksa Bintarèki | klilan agama mulya ||

22. iya apa cacade ramèki | Brawijaya durung karsa Islam | ya durung pinarêngake | karsane Hyang Kang Agung | ramanira titahing Widi | kang wayah duk miyarsa | tumungkul andhêku | kawarnaa pitung dina | Sang Dipati Bintara nèng Surawèsthi | wus kundur marang Dêmak ||

23. datatita lingira ing nguni | kang kocapa gancange carita | cinêkak [cinê...]

--- 1 : 131 ---

[...kak] wau kandhane | kathah molana rawuh | saking Mêkah samya ngêjawi | nênggih molana Islam | ing Blambangan rawuh | krama putri Bêlambangan | mapan sampun pêputra jalu satunggil | sampun ingambil putra ||

24. maring nyai agêng ing Garêsik | wus diwasa kinèn angajia | angaji mring Sunan Ngampèl | pan wus ingambil mantu | maring sunan ing Ngampèlgadhing | antuk putra ampeyan | pan sampun tinuduh | pan dadi imam Madura | myang Garêsik jumênêng Susunan Giri | wontên malih kocapa ||

25. maolana saking Ngatasangin | pan kalipah Husèn namanira | pan sampun prapta ing Ngampèl | sampun lami tinuduh | marang sunan ing Ngampèlgadhing | dadya imam Madura | lan Sumênêp iku | Islam kabèh wong Madura | myang Sumênêp Balega lan Surawèsthi | kalipah Husèn Kobra ||

26. kambil mantu mring Arya Baribin | wontên malih maolana prapta | ngêjawa prapta lampahe | ing Ngampèl kang jinujug | kinèn dhukuh ing Pakisaji | dadya imam Samarang | wontên malih rawuh | samya trahing Rasullullah | dhêkahira maolana Manil Kabri | ya ta sampun ngêjawa ||

27. wus tinuduh wau angimami | ing Barêbês Carêbon sadaya | Pêjajaran Kêrawange | agung jumungahipun | nama sunan ing Gunungjati | kèh ajar kapêlajar | manguyu kêplayu | mangkana ing nungsa Jawa | sampun kathah pandhita kang para wali | wontên malih

--- 1 : 132 ---

kocapa ||

28. Ki Tumênggung Wilatikta nênggih | putranira Arya Teja Tuban | kaipe mring Sunan Ngampèl | pan darbe putra jalu | akêkasih Rahadèn Sahid | gêguru Sunan Bonang | naking-sanakipun | ing pulo Upih kocapa | angêjawa kaipe Jêng Gunungjati | pêparab Sèh Mêlaya ||

29. adhêdhukuh Kalijaga nênggih | Sèh Mêlaya bêntur tapanira | dadya luhur kuwalène | jumênêng wali kutub | Panêmbahan Johar Manrakim | kunêng Ki Sèh Mêlaya | mangkana winuwus | kang Sinuwun Ngampèl seda | wus sinare ing Ngampèl kang para wali | rêmbag akarya raja ||

30. mangruraha kutha Majapait | mapan wênang angrusaka kopar | kang para wali karsane | Dipati Bintarèku | kang kinarya ratu agami | Susunan Giripura | angèstrèni sampun | Sunan Gunungjati prapta | sampun pêpak anèng ing Dêmak nêgari | miwah para dipatya ||

31. wali kilèn sêdaya wus prapti | Sunan Bonang prasami rêmbagan | ngrabasèng Majapaite | prajurit Sunan Ngudung | senapati pangirid baris | wus budhal saking Dêmak | wadya gung gumuruh | dene para wali samya | anèng Dêmak pirêmbagan karya masjid | para wali rêmbagan ||

32. kawarnaa kang lumampah jurit | Sunan Ngudung lan para dipatya | wus prapta Majapaite | gya katur sang aprabu | yèn gêgaman ing Dêmak prapti | èstu lamun kang putra | angrabasèng pupuh | sru ngungun [ngungu...]

--- 1 : 133 ---

[...n] Sang Brawijaya | balakuswa Majapait wus miranti | amapag ing ayuda ||

33. Adipati Têrung kang nindhihi | sagung wadyabala Majalêngka | lan Gajahmada kanthine | lan putra sang aprabu | Radèn Gugur tumut nindhihi | wus campuh ing ayuda | Ki Dipati Têrung | kêlangkung prawirèng yuda | èsmu kewran ing Dêmak kadang sayêkti | gusti ing Majalêngka ||

34. sagunging wong kang sampun agami | tumut Dêmak ingkang maksih Buda | tumut Majapait kabèh | lami gènnya prang pupuh | tan winarna lamining jurit | sinigêg ing barisan | Dêmak kang winuwus | abahan mêsjid wus pêpak | bubuhane sêdaya kang para wali | kantun pasang kewala ||

35. amung kantun Jêng Susunan Kali | bubuhane ingkang durung ana | ngadhêpi wong madung bae | Sinuwun Bonang muwus | lah ta sira Ki Jêbèng Kali | êndi bubuhanira | bakal sakaguru | pan uwis pêpak prasamya | mung anganti jêbèng Ngudung praptanèki | mung sira durung ana ||

36. iki bakal sun adêgkên nuli | iya jêbèng dina benjang enjang | nganti jêbèng Ngudung bae | sadina sesuk rawuh | ya ta matur Jêng Sunan Kali | mangke dalu ngupaya | Sunan Bonang muwus | ki jêbèng aja gêgampang | tan winarna rêmbage kang para wali | wus mupakat sêdaya ||

37. pan sêdalu dènnya gunêm pikir | para wali wêwolu punika | tan ana ingkang asare | ya ta Jêng Sunan Ngudung | kundur saking madyaning jurit | kang wadya kathah pêjah | kêsambut [kêsambu...]

--- 1 : 134 ---

[...t] ing pupuh | mila kewran ing wardaya | Sunan Ngudung tan kuwawa ing ajurit | mungsuh lan Pêcattôndha ||

38. tan kawarna lampahirèng margi | Sunan Ngudung prapta nagri Dêmak | wus tundhuk pra wali kabèh | Jêng Sunan Bonang muwus | kayaparan wartaning jurit | gonira mangsah yuda | Sunan Ngudung matur | wadya Dêmak kathah pêjah | mêngsah lawan prajurit ing Majapait | ing Têrung Pêcattôndha ||

39. Sunan Bonang angandika aris | lah ta gampang masalahing pêrang | Allah durung marêngake | balikan bubuhamu | iya sira gawea dhingin | sigra wau ngupaya | bakal sakaguru | sêksana sami sêdhiya | balik sira lah iya Ki Jêbèng Kali | bagèhamu tan ana ||

40. dina sesuk adêge kang mêsjid | ya ta dalu Sunan Kalijaga | tatal dèn kalumpukake | sampun sinambung-sambung | apan sarwi binêngkêk tali | agêng sami lan saka | tinalenan êduk | wus jangkêp saka sêkawan | amung siji sakane tatal kinardi | pinasang ing lor wetan ||

41. pan Ki Agêng Bintara wus prapti | sigra matur mring Jêng Sunan Bonang | kadospundi prayogine | Ki Agêng Ngudung wangsul | wadya Dêmak kathah ngêmasi | Sunan Bonang ngandika | lah ki jêbèng gupuh | sira nuli utusana | mring Palembang Madura lan Panaragi | iku kang dadya marga ||

42. Sunan Bonang angandika aris | lah ki bayi sira kawruhana | wong ngrusak praja wiyose [wiyo...]

--- 1 : 135 ---

[...se] | nyandhang duraka agung | lamun wadya kathah ngêmasi | nadyan èstri lan priya | puniku tan tamtu | kapir wus awor lan Islam | yèn ngamungna wong tuwanira pribadi | ingkang yuda kênaka ||

26. Pangkur

1. wus dadya masjid ing Dêmak | tundha tiga langkung dènnya rêspati | têngah pangimanan agung | kanan kèri ginatra | sinêngkalan kori roga wongSengkalan: kori roga wong (911 A.J.). puniku | Sinuwun Bonang ngandika | mring Dipati Bintarèki ||

2. lah ki jêbèng utusana | mring Palembang sira wèha upêksi | aprakara sutanipun | iya Si Pêcattôndha | pan wus Islam puniku ing batinipun | nanging labuh ratu kopar | jalukkên lilane singgih ||

3. mapan ta nora winênang | wong angrusak utawa amatèni | wong padha Islam puniku | sang dipati wotsêmbah | sigra nuduh mantri sêkawan ingutus | wus layar marang Palembang | bêkta sêrate dipati ||

4. kunêng duta kang lumampah | para wali pradondi keblatnèki | satêngah kirang mangidul | lêrêse Kakbatullah | kang satêngah kirang ngalor lêrêsipun | ingoyog-oyog tan pêgat | prasami asta sawiji ||

5. obahing masjid upama | lir dèn oyog wong wolung atus nênggih | mingêr ngalor mingêr ngidul | amung jinawil asta | Kangjêng Sunan Bonang angandika arum | lah uwis padha mèndêla | luhung iya mêngko bêngi ||

6. padha nênêdha pangeran | ing bênêre keblat [ke...]

--- 1 : 136 ---

[...blat] lan Kakbah iki | ya ta wuwusên ing dalu | wali wolu prasamya | anênêdha ing lêrêse keblatipun | Kakbah ing Mêkah katingal | saking ing Dêmak nêgari ||

7. para wali samya mawas | ing bênêre keblat maksih pradondi | Sunan Kali nêmbah matur | dhatêng Sinuwun Bonang | yèn mêkatên tanpa wêkasan puniku | ngadêg Sunan Kalijaga | ing guru sarya ngabêkti ||

8. madhêp mangidul mêrgagah | asta kiwa nyandhak sirahing mêsjid | asta ingkang têngên iku | nyandhak sirahing Kakbah | tan antara mêsjid lan Kakbah wus gathuk | matur Sunan Kalijaga | lah punika kadipundi ||

9. puniku môngsa owaha | mingêripun nganan kalawan ngering | saking pitulung Hyang Agung | sami mawas sêdaya | wus mupakat Kakbètullah sigra wangsul | wus pajar sidik wayahnya | asalat kang para wali ||

10. Sunan Bonang dadya imam | Kangjêng Sunan Kali ingkang ngamati | sampunira salat Subuh | gumêbyar lir radetya | pamidhangan kang kilèn ana gumandhul | kagèt pra wali sêdaya | prasami awas ningali ||

11. Sunan Bonang angandika | apa iku gumandhul sun tingali | ulêse walulang wêdhus | isine iku apa | babuntêlan kinèn nguthik sampun runtuh | katur marang Sunan Bonang | cinandhak dipun ungkabi ||

12. ing jêro isi rasukan | dhapur takwa ana cirine tulis | lorodane kangjêng rasul | dene [de...]

--- 1 : 137 ---

[...ne] kang kagadhuhan | Sèh Mêlaya punika ingkang anggadhuh | Sunan Bonang angandika | anêdha Ki Jêbèng Kali ||

13. sira ingkang pinaringan | Sunan Kali sujud sarwi nampèni | sigra dènnya donga sokur | ngungun wali sêdaya | Sunan Bonang pangandikanira arum | pan iku ôntakusuma | lungsurane kangjêng nabi ||

14. ulêse puniku nyata | walulange wêdhus pan kongsi gundhil | sawab saking laminipun | kinarya pêsalatan | mring jêng nabi lah iya karyanên iku | kêlambi dhapure takwa | dene ta kang nganggo benjing ||

15. bêbêkêle tanah Jawa | singa ingkang dadi ratu duwèni | ki gundhil arane iku | Sunan Kali wotsêmbah | wus mangkana lamine datan winuwus | Susunan Ngudung pinatah | nutugkên karyane dhingin ||

16. ingkang wêling Sunan Bonang | ing ayuda mênawa anadhahi | kêlawan Dipati Têrung | rewangên sawêtara | Sunan Ngudung anyambut rasukanipun | mring Jêng Sunan Kalijaga | kyai ôntakusumèki ||

17. wus budhal saking Bintara | tan kawarna ing marga sampun prapti | pêbarisan Majalangu | inggar para dipatya | dene senapati Sunan Ngudung rawuh | kocapa lajêng campuh prang | wong Dêmak lan Majapait ||

18. kêlangkung ramening yuda | pan akathah prajurit Majapait | ki adipati ing Têrung | senasatiningsenapatining aprang | Kyana Patih Gajahmada êmbanipun | lan Radyan Gugur kang putra | minôngka [mi...]

--- 1 : 138 ---

[...nôngka] wakil sang aji ||

19. ramening prang long-linongan | Sang Dipati Têrung ingkang nadhahi | Susunan Ngudung kêsambut | kanin lambunge kiwa | kyai ôntakusuma mantuk karuwun | wus prapta nagri Bintara | apan sarwi kuthah gêtih ||

20. kang Sinuwun Kalijaga | sigra nyandhak anulya asung warti | mring garwane Sunan Ngudung | bok raka katiwasan | kyai raka pan kêsambut ing prang pupuh | garwa Sunan Ngudung mojar | yayi sintên kang sung warti ||

21. Jêng Susunan Kali mojar | kyai ôntakusuma mantuk kriyin | ingkang sarta kuthah marus | Nyi Sunan Ngudung mojar | dene nganggo ki ôntakusuma lampus | kêlambi sigra nyuwara | ngong rêksa jawining pêsthi ||

22. sintên kuwawi nyêgaha | lamun sampun salêbêtipun pêsthi | duk miyarsa anjrit muwus | wus kesah Sèh Mêlaya | tan antara layon Sunan Ngudung rawuh | wus prapta nêgari Dêmak | sinare lèr kilèn mêsjid ||

23. kocapa duta ing Dêmak | ingkang dhatêng Palembang sampun prapti | ingkang nuwala wus katur | mring Dipati Palembang | wus sinuksma sinungan sêrat wêwangsul | Ki Arya Damar ngandika | lah iki gawanên pêthi ||

24. duta Dêmak sampun mentar | prapta Dêmak marêk sang adipati | katur solahe ingutus | sarta kêkintunira | ki dipati ing Palembang sampun katur | sigra Dipati Bintara | marêk dhatêng sang ayogi ||

25. ngaturakên duta prapta | awotsêmbah wau sang adipati [adipa...]

--- 1 : 139 ---

[...ti] | wus katur sêdayanipun | duta kang saking Plembang | purwa madya wusana katur sêdarum | Sinuwun Bonang ngandika | Sinuwun Kudus tinuding ||

26. sumiliha senapatya | Jêng Pangeran Kudus putrane singgih | lawan susunan ing Ngudung | aturipun sandika | Sunan Gunungjati bêktani pangulu | kêlawan bêbadhongira | kirabêna madyèng jurit ||

27. cisipun Sinuwun Bonang | binêktakkên marang kang mangun jurit | gêgaman Madura rawuh | ing Giri pakumpulan | pan sêkawan putra ingkang dadi mungsuh | kang wus sami apirêmbag | Madura lan Panaragi ||

28. Sumênêp lawan Mêkasan | wus akumpul lan wadya Dêmak aglis | pangirid Jêng Sunan Kudus | ing Majapait prapta | Sunan Giri ambêktani kang pangulu | kêlawan wangkinganira | Ki Kalamunyêng kang nami ||

29. kinèn ngunus ing paprangan | sampun kêbut gêgaman Dêmak aglis | sakilène Majalangu | gènira pagunêman | wadya Majapait ri sêksana magut | ing dalu apagunêman | pangulu Dêmak lan Giri ||

30. bêbadhonge kangjêng sunan | ing Carêbon kinèn ngirabkên dhingin | ing Giri pan besuk esuk | miwah kang saking Plembang | sampun rêmbug bêbadhong kinirab dalu | nèng jawine pêbarisan | byar mêdal tikus sakêthi ||

31. ping kalih rong kêthi mêdal | kaping tiga mêdale tigang kêthi | sêdaya tikus tumanduk | marang pakuwon mêngsah | pan kumêrab pêbarisan udan tikus [tiku...]

--- 1 : 140 ---

[...s] | amôngsa sangune mêngsah | sêdaya kang sangu ênting ||

32. miwah ambêne turôngga | sêdhih kingkin tan kêna dèn sayuti | ginêbug saya kèh rawuh | giris wong Majalêngka | pênyanane tikus alasan puniku | gègèr sakèhing panggonan | suwe-suwe nyalawadi ||

33. sêdalu gègèr puyêngan | sêdhih kingkin manahe saya giris | ya ta enjing kang winuwus | gêgaman samya kirab | yun-ayunan Ki Kalamunyêng ingunus | byar mêdal tawon awêndran | ngêbyuki wong Majapait ||

34. pêthi kang saking Palêmbang | wus binuka jumêgur pêthi muni | ing awiyat gumaludhug | pêtêng dhêdhêt limêngan | angin mêsês bayu bajra awor lesus | lir ginonjing bumi obah | prahara gurnita ngidid ||

35. gumlêdhug jagad prakêmpa | gêtêr-patêr kilat barung lan thathit | wrêksa agung akèh rubuh | gumêrah buron wana | têtumpêsan wong Majapait sêdarum | dene tawon gung liwêran | Dipati Têrung wus ngisis ||

36. tan mundur marang nêgara | lajêng mantuk mring wismane pribadi | Brawijaya lolos sampun | lan garwa putranira | nanging Ratu Dwarawati datan tumut | pramèswari putri Cêmpa | pan kêdah seda agami ||

37. wus anut dhatêng kang putra | Sunan Ngampèl masuk agama suci | duk bêdhahe Majalangu | sêmana sinêngkalan | sirna ilang kartining bumiSengkalan: sirna ilang kartining bumi (1400 A.J.). winuwus | pêtêng ilang wus apadhang | wong Dêmak manjing jro puri ||

38. putra

--- 1 : 141 ---

jalu kèh kaplêsat | Radèn Gugur sêmana wus angungsi | atapa munggah ing gunung | tan purun tunggil kadang | mati raga adhêdhukuh gunung Lawu | sakêlangkung mati raga | emut wijiling nêrpati ||

27. Mijil

1. wadya Dêmak kawuwusa malih | wus manjing kêdhaton | anjêjarah jro pura isine | kang paseban binubrah tumuli | kinarya surambi | Dêmak badhenipun ||

2. pan gumuruh wadya lit ngusungi | gung sêlur ponang wong | pra dipati abubuhan kabèh | Pêcattôndha ing Têrung winarni | pan umadêg baris | dèrèng purun nungkul ||

3. kang mawi jrih solahirèng nguni | kang sampun kêlakon | Sunan Ngudung kala kêsambute | Pêcattôndha ingkang amêjahi | dadya abêbiting | Ki Dipati Têrung ||

4. Pangran Kudus anuduh dipati | pêpitu kang kinon | anggitika ing Têrung yudane | pan kalindhih sagunging dipati | samya atur uning | mring Pangeran Kudus ||

5. ingkang maksih anèng Majapait | lumampah kang kinon | pra dipati atur sor yudane | Kangjêng Pangran Kudus anindaki | tan mawi wadya lit | amung wong pêpitu ||

6. praptèng pakuwon kang pra dipati | gumrah kang pawartos | wadya Têrung saningga yudane | myarsa lamun senapati prapti | angongak ing biting | katingal kang mungsuh ||

7. yutan wêndran ingkang sami prapti | pangrasane kang wong | wadya Têrung samya ngênês tyase | pra dipati manahira miris | rêmbag pra dipati [di...]

--- 1 : 142 ---

[...pati] | angaturi nungkul ||

8. adipati ing Têrung nuruti | anduta kang uwong | apan sarwi mundhi nuwalane | sampun katur Pangran Kudus nênggih | atur pati urip | Ki Dipati Têrung ||

9. Pangran Kudus asuka ing galih | angandika alon | dhingin paman bok iya mangkene | nora kongsi wong cilik kèh mati | si paman dipati | sumêlang maring sun ||

10. dumèh kangjêng rama seda dhingin | nèng têngah palugon | pan si paman marwasèng yudane | iya apa wong urip puniki | tan wêruh ing pêsthi | takdiring Hyang Agung ||

11. duta Têrung lêga ingkang ati | tyasira cumêplong | dene Pangran Kudus timbalane | wus tinulak caraka wotsari | sampun dèn paringi | kang surat wêwangsul ||

12. praptèng biting kang duta kêpanggih | dyan umatur alon | ponang surat sinuksmèng driyane | lêga ing tyas myat têmbunging tulis | mapan iki wali | nora laku bujuk ||

13. sigra mêdal mring jawining biting | gumêrah ponang wong | sampun prapta ing pêbarisane | Pangran Kudus utusan nimbali | praptèng ngarsa panggih | lan Dipati Têrung ||

14. arsa nêmbah ing Têrung Dipati | cinêgah wotsinom | têmah sami sêsalaman bae | Pangran Kudus angandika aris | lah ngarah punapi | paman lawan ulun ||

15. inggih paman samya nunggil jinis | ki dipati bukoh | Pêcattôndha mangrêpa ature | ngaturakên pati lawan urip | miwah

--- 1 : 143 ---

anak rabi | rajabrana katur ||

16. Pangran Kudus suka aningali | angandika alon | paman dawêg kula sowanake | marang Dêmak panggiha pribadi | lan raka pribadi | tuwin sang awiku ||

17. Sang Dipati Bintara anênggih | lêga tyase bolong | ingkang paman kabêkta lampahe | miwah Kangjêng Sunan Benang nênggih | pan trustha ing galih | Pêcattôndha katur ||

18. wus apanggih lan raka dipati | Bintara sang katong | asru nangis sumungkêm padane | lêpat kula katura sang aji | kang raka ningali | wêlase kêlangkung ||

19. lah wungua ariningsun yayi | aywa walangatos | ing samêngko sun bubuhi kowe | wadyanira iridên prasami | marang Majapait | padha usung-usung ||

20. Pêcattôndha umatur ngabêtingabêkti | tan lêngganèng pakon | sigra budhal sawadyabalane | sapraptane nagri Majapait | nulya dèn bubuhi | Ki Dipati Têrung ||

21. usung-usung kang bakal surambi | sagunge ponang wong | kang paseban pajêksan ginawe | wus ingusung saking Majapait | mangkana winarni | kang gêgaman agung ||

22. budhal saking nagri Majapait | ambrubul ponang wong | tan kawarna ing marga lampahe | sampun prapta ing Dêmak nêgari | gumrah kang ningali | munggèng alun-alun ||

23. Adipati Bintara wus mijil | saking jro kêdhaton | wus pinarak munggèng pasebane | Pangran Kudus sumiwi ing ngarsi | lan kang paman nênggih | Adipati [Adi...]

--- 1 : 144 ---

[...pati] Têrung ||

24. sarêng nêmbah ing pada sang yogi | sang dipati alon | ngaturakên purwa wêkasane | sasolahake nalika ajurit | miwah Sang Dipati | Têrung nungkulipun ||

25. sakêlangkung sukane sang yogi | angandika alon | iya apa kang kinarêpake | liya saking agamaning nabi | rèhning sangu mati | pan turun-tumurun ||

26. yèn nampika agamaning nabi | mati urip ewoh | Ki Bintara lah paran karsane | maring arinira si dipati | ing Têrung puniki | ki agêng wotsantun ||

27. inggih maksih têtêpa dipati | ing Têrung pilunggoh | angradina bang wetan gamane | natrapêna agamaning nabi | poma dèn nastiti | sri nata anuwun ||

28. Sinom

1. wus samya apamondhokan | sagunge para dipati | putranira Pêcattôndha | ing Têrung ayu linuwih | pinanggihakên mangkin | kêlawan Pangeran Kudus | wus panggih anèng Dêmak | Pangeran Kudus ingêlih | Sunan Kudus ing mangke pêparabira ||

2. mangkana ing dina Soma | pakumpulan para wali | Sang Adipati Bintara | sêdaya sami ngèstrèni | ingangkat jênêngnèki | nama Senapati Jimbun | Panêmbahan Bintara | ratu murwani agami | ya ta kunêng gênti ingkang kawarnaa ||

3. ing Dêmak sangsaya arja | misuwur satanah Jawi | jumênênge Sultan Dêmak | panggulu Jêng Sunan Giri | kathah kang guru ngèlmi | mring para wali sêdarum |

--- 1 : 145 ---

nanging awarna-warna | kang sami dipun guroni | ana ingkang gêguru Sèh Sitijênar ||

4. putranira Ki Dipatya | Andayaningrat ing Pêngging | lan ingkang putra jêng sultan | Pangeran Panggung kang nami | sami gêguru ngèlmi | mring Sitijênar puniku | ya ta sangsaya kathah | kang sami angalap ngèlmi | puruhita dhatêng Ki Sèh Sitijênar ||

5. kathah kang tilar jumungah | mangkana Jêng Sunan Giri | kêlangkung rudityanira | pakumpulan para wali | pêpak anèng ing mêsjid | jêng sunan ngandika arum | paran ing karsanira | sagunge kang para wali | aprakara Kiyai Sèh Sitijênar ||

6. dene samêngkone iya | amulangkên ngèlmu gaib | ninggal sunatul jumungah | lamun kinèndêlna pêsthi | têmah nyuwungkên masjid | wong Jawa padha kêlayu | iya ing ngèlmu gampang | umatur kang para wali | yèn aparêng prayogine tinimbalan ||

7. ingantêpa sêdyanira | yèn kenging kinèn mantuni | kêlamun botên puruna | kinisas ukumirèki | sawab duk kangjêng nabi | gih wontên lêpiyanipun | anami Sèh Mubarak | kocap ing Kitab Nawawi | pan kinisas ing ngarsane Rasullullah ||

8. awit anêrajang sarak | anglairkên ngèlmi gaib | kêkêran Jêng Rasullullah | nginakkên sarak jêng nabi | mangke wontên miyosi | inggih ingkang purun-purun | Jêng Sunan Giri nabda | kêtib lumakua kalih | aturana Kiyai Sèh Sitijênar ||

--- 1 : 146 ---

9. marang ing Giri barênga | kêlawan lakumu sami | kang kinèn sigra umentar | datan kawarna ing margi | prapta dalêmirèki | Ki Sèh Sitijênar pangguh | kêtib kalih manêmbah | kyai kawula tinuding | angaturi inggih dhumatêng sampeyan ||

10. dhatêng ing Giri sarênga | kêlawan ing lampah mami | Sèh Sitijênar manabda | wruhanira sira kalih | Sèh Sitijênar sêpi | saiki Allah kang mujud | wisira umatura | nêmbah lèngsèr duta kalih | tan kawarna ing Giri pan sampun prapta ||

11. lajêng tumamèng ngayunan | manêmbah duta kêkalih | dhuh gusti ulun dinuta | nimbali Sèh Sitikuning | jawabipun puniki | Ki Sèh Sitijênar suwung | mung Allah ingkang ana | Sunan Giri duk miyarsi | ya ta mèsêm wusana alon ngandika ||

12. hèh sira karo balia | Allah sun undang saiki | barênga lan lakunira | têkaa ing ngarsa mami | mentar duta kêkalih | datan kawurcitèng ênu | wus prapta wismanira | Ki Sèh Sitijênar panggih | ya ta matur wau duta kalihira ||

13. Allah sampeyan ngandikan | dhumatêng Jêng Sunan Giri | Sèh Sitijênar ngandika | ingkang maujud saiki | Sitijênar kang linggih | lah wis matura sirèku | duta kalih gya mentar | tan kawarna anèng margi | sampun prapta anèng ing Giri sêmana ||

14. manêmbah alon turira | kawula sampun tinuding | Sèh Sitijênar lingira | Sèh Sitijênar kang linggih | ya ta Jêng Sunan Giri | pangandikanira [pangandikani...]

--- 1 : 147 ---

[...ra] arum | karo sira balia | matura ingkang prayogi | Sitijênar sarta Allah sun prih têka ||

15. iya ana ngarsaningwang | duta kalih mentar aglis | prapta wismèng Sitijênar | umatur sarwi wotsari | dhawuhnya Sunan Giri | Sèh Sitijênar puniku | lawan Allah ngaturan | inggih dhumatêng ing Giri | kangjêng sunan pan inggih karsa kêpanggya ||

16. mèsêm Ki Sèh Sitijênar | lah payo padha lumaris | duta kalih ngiring wuntat | sabat pitu atut wuri | tan kawarna ing margi | ing Giri pan sampun rawuh | ya ta sami salaman | lawan sagung para wali | sawusira salaman gya tata lênggah ||

17. Jêng Sunan Giri ngandika | parandene tan miyosi | inggih sunatul jumungah | mêmuri saraking nabi | amrih ramening mêsjid | Sèh Sitijênar lon muwus | tan ana ran jumungah | miwah tan ana kang masjid | iya amung Allah kang ana sanyata ||

18. nora ana liyanira | ingkang maujud saiki | Sunan Giri asasmita | dhumatêng Jêng Sunan Kali | mangkana Sunan Kali | alon pangandikanipun | sarwi anarik pêdhang | ingasta pan sarwi angling | lah puniki punapa ing aranira ||

19. Sèh Sitijênar lingira | Allah ingkang katon iki | gya sinabêt jangganira | pêdhot mastaka nèng siti | badan gumuling siti | rah abrit bêlabar wau | Sunan Kali ngandika | dene Allah rahe abrit | badanira gumluntung lir witing pisang ||

20. gêtih abang tanpa swara | sêkala [sê...]

--- 1 : 148 ---

[...kala] ingkang rah abrit | sumilak amalih pêthak | adikir gandanya amrik | lailaha ilahi | Mukhamad Rasullullahu | dikire kang ponang rah | badan musna rah tan kèksi | ya ta nabda Jêng Susunan Kalijaga ||

21. dene lir patining setan | badane musna tan kèksi | Sèh Sitijênar nyuwara | mungguh wong urip puniki | gugua ing liyaning | tokhide maring Hyang Agung | sayêkti akapiran | nora prapta kang kinapti | iya iku kabegalan anèng marga ||

22. ya ta Sunan Kalijaga | sabat pitu dèn dhawuhi | apa ta padha anuta | marang gurunira sami | kapitu aturnèki | tan wontên sulayanipun | lajêng sami kinisas | layon musna pitu sami | sami mèsêm sagung pra wali sêdaya ||

23. sami sokur ing Hyang Suksma | gêntya winurcitèng kawi | Dipati Andayaningrat | ing Pêngging sampun ngêmasi | putra jalu sawiji | gumantya ing lênggahipun | Ki Agêng Pêngging nama | pan sampun apalakrami | wus pêputra kêkalih prasami priya ||

24. ingkang sêpuh wastanira | Kêbo Kanigara nênggih | kang rayi pêparabira | Kêbo Kênanga puniki | sami apêkik-pêkik | Ki Agêng Pêngging cinatur | puput ing yuswanira | Kêbo Kênanga gumanti | lênggahira kang rama brôngta asmara ||

29. Asmaradana

1. tan arsa agama nabi | sira Kêbo Kanigara | pan maksih Buda idhêpe | sira Sang Kêbo Kênanga | antuk wahyuning Suksma [Su...]

--- 1 : 149 ---

[...ksma] | sarengat nabi panutub | wus manjing agama Islam ||

2. sêdaya wadya gung alit | tan ana rêngating nala | ajrih asih lulut kabèh | tan ana malang ing karsa | sangêt arjaning desa | wadya Pêngging langkung agung | kêbo sapi glar pangonan ||

3. nadyan akèha dipati | lan ki agêng nora padha | ing Pêngging panjênêngane | kocapa pan sampun krama | nênggih Kêbo Kênanga | sangsaya lami cinatur | Ki Agêng Pêngging sêmana ||

4. ngawruhi agama suci | gêguru Sèh Sitijênar | Ki Agêng Tingkir kanthine | Ki Agêng Tingkir kang raka | mantêp agamanira | lir atunggil yayah ibu | tan ana rasa rumôngsa ||

5. ing lair tumêkèng batin | ing dunya têkèng akerat | Ki Agêng Pêngging idhêpe | mring Ki Agêng Tingkir ika | tunggil saciptanira | sawab sami tunggil guru | maring Ki Sèh Sitijênar ||

6. padhukuhane ing Tingkir | dhêdhepok ing ardi Purwa | langkung kuwat ngibadahe | kapungkur kamuktènira | suka sokur satitah | sangsaya sangêt manêkung | mêrtapa amrih kasidan ||

7. gêntia winuwus malih | turune Bondhan Kêjawan | kang jumênêng Tarub mangke | Ki Agêng Gêtas Pandhawa | pawèstri arinira | mapan sampun krama antuk | kêlawan Ki Agêng Ngêrang ||

8. Ki Gêtas Pandhawa singgih | kêcatur kathah putranya | pêpitu iku kathahe | kang nênêm iku wanodya | kang sêpuh iku priya | ginadhang-gadhang puniku | bisa anggêntèni rama ||

9. nênggih kang sêpuh

--- 1 : 150 ---

pribadi | awasta Ki Agêng Sela | arine sêdaya wadon | cinatur gancaring kôndha | pan sampun sami krama | dènira kêkadang atut | adhêdhukuh sowang-sowang ||

10. mangkana ingkang winarni | kang sêpuh Ki Agêng Sela | adadya pangaubane | pra kadang-kadang sêdaya | sami sangêt bêktinya | sungkême mring kadang sêpuh | pan kinarya tuwa-tuwa ||

11. Ki Agêng Sela anênggih | pakaryanya asêsawah | punika pakarêmane | agung dènnya karya dana | kocapa cinarita | marang sabin arsa macul | ing wayah sampune Asar ||

12. sarwi udan riwis-riwis | mêndhung pêtêng alimêngan | ki agêng amacul dhewe | datan ana rewangira | sira Ki Agêng Sela | sêmana kagèt andulu | ana kaki-kaki tuwa ||

13. ing wayah sampune akir | praptanira tanpa sangkan | amarani kyai gêdhe | sêmana awas tumingal | ika Ki Gêdhe Sela | dene kaki-kaki sêpuh | praptanira tanpa sangkan ||

14. ingkang rupa kaki-kaki | sêksana lajêng cinandhak | nulya jumêgur swarane | ki tuwa tan bisa polah | pan saking rosanira | saya kêncêng dènnya gêlut | ki gêdhe kêlangkung kuwat ||

15. kang mindha rupa sru budi | ingêntèkkên rosanira | udrêg nèng sawah karone | ki tuwa tan bisa obah | ki agêng lèrèh sigra | kang gêlap binêkta mantuk | ingaturkên Sultan Dêmak ||

16. sampun kinunjara wêsi | balêdhèg wau kang kêna |

--- 1 : 151 ---

duk pitung dina lamine | ana nini-nini prapta | têtinjo mring kunjara | pan sarwi ambêkta banyu | siniramakên kunjara ||

17. ya ta ingkang gêlap muni | swarane lir langit rêbah | kang kunjara wêsi bojod | gêlap mumbul ing awiyat | eram sagung tumingal | wong Dêmak sêdaya gêtun | dadya wau amicara ||

18. kang arupa nini nini | mring kunjara nyiram toya | lah iku baya bojone | wus kasub kajana priya | yèn Ki Agêng Sêsela | asêkti prawira punjul | tôndha bisa nyêkêl gêlap ||

19. Ki Agêng Sêsela mulih | sapraptanira ing Sela | wontên dhalang purwa mangke | pakaryanira bêbarang | mayang dhatêng ing Sela | ki dhalang rabine ayu | punjul lawan èstri kathah ||

20. singa mulat lênglêng brangti | marang rabine ki dhalang | saking ngluwihi ayune | singa kang mulat kasmaran | jalu èstri kang mulat | sêmana tumulya katur | dhumatêng Ki Agêng Sela ||

21. sêksana dipun timbali | dhatêng ki agêng ing Sela | nyata yèn ayu warnane | sêkala ki agêng brôngta | cipta kinarya garwa | ya ta wau enjingipun | pinêpak uwong ing Sela ||

22. ki dhalang kinèn matèni | dhumatêng Ki Agêng Sela | wong Sela ngêmbuli kabèh | dhalangira wus palastra | kang wasta Dhalang Bicak | sampune ki dhalang lampus | rabine nulya dèn alap ||

23. wus katur sêdayanèki | dhatêng Ki Agêng Sêsela | wayang utawi kêmpule |

--- 1 : 152 ---

ki agêng sarêng atômpa | kêlangkung sukanira | rabine dhalang pinundhut | dhumatêng Ki Agêng Sela ||

24. kêlawan kêmpule singgih | lajêng pinaringan aran | Ki Bicak kinarya bêndhe | karya wasiyat ing Sela | ri sampunnya mangkana | Ki Agêng Sêsela wau | sawusnya pêjah ki dhalang ||

25. dilalah galihnya lali | rêmênira mring bok dhalang | saking prabawane bêndhe | sirna larut dènnya brôngta | kadya ta tinambanan | mangkana wau winuwus | ingkang bêndhe ingestrenan ||

26. mring Kangjêng Sinuwun Kali | pinêca dadi pratôndha | sapa kang kanggonan bêndhe | pinêsthi dadi narendra | bêndhe têtêngêr yuda | yèn tinabuh munya ngungkung | nèng tawang unggul kang yuda ||

27. kunêng ta ing lami-lami | Ki Agêng Sela pêputra | pan amung nênêm kathahe | prasami èstri sêdaya | ingkang sawiji priya | jangkêp pitu ragilipun | putra jalu ing Sêsela ||

28. kang putra sêdaya sami | wau Ki Agêng Sêsela | sampun wisma dhewe-dhewe | sagunge kang para putra | atut apalakrama | dènira kêkadang runtut | tan pêgat sanjan-sinanjan ||

29. kunêng carita mangsuli | putrane Ki Agêng Ngêrang | Ki Agêng Ênis putrane | Ki Agêng Ênis punika | kêkalih putranira | kang satunggal jalu sêpuh | Kyai Juru wastanira ||

30. satunggil arine èstri | kêmantu Ki Agêng Sela | Ki Pêmanahan arane | atut dènnya palakrama |

--- 1 : 153 ---

tan ana kang suwala | bêkti nastiti ing kakung | miwah dènnya akêkadang ||

31. kang nama Ki Juru iki | kêlawan Ki Pêmanahan | kathah ngarani kadange | tunggil ibu lawan rama | ingkang dèrèng pariksa | sayêktine Kyai Juru | ipene Ki Pêmanahan ||

32. apanjang lamun winarni | gancare ingkang carita | mangke cinêndhak kandhane | kandhane Ki Ngênis ika | gênti Dêmak winarna | Kangjêng Sultan Bintarèku | agung wadyane sri nata ||

30. Sinom

1. ya ta mangke winurcita | Kangjêng Sultan Bintarèki | pan sampun miyarsa warta | solahe Ki Agêng Pêngging | sultan waspadèng batin | lamun kalih ciptanipun | tan marêm adhêdhêkah | nênggih ki agêng ing Pêngging | ciptanira angregoni madêg nata ||

2. ya ta Jêng Sultan Bintara | anuduh mantri kêkalih | caraka nulya umangkat | nimbali Ki Agêng Pêngging | kawan dasa kang ngiring | jêjaranan lampahipun | kang pungkur ing Bintara | gêgancangan anèng margi | pan lêstari lampahe caraka Dêmak ||

3. datan kawarna ing marga | lampahe caraka prapti | wus panggih dutaning nata | kêlawan Ki Agêng Pêngging | caraka matur aris | kula ingutus sang prabu | andika tinimbalan | dhatêng ing Dêmak nêgari | asarênga kêlawan lampah kawula ||

4. Ki Agêng Pêngging ngandika | wong punapa awak mami | tinimbalan ing narendra | endah punapa wong santri | ngandika mring nêrpati | botên wêruh basanipun | hèh

--- 1 : 154 ---

caraka mantuka | dhatêng ing Dêmak nêgari | lah matura kawula anuwun duka ||

5. caraka mantuk sêksana | merang datan antuk kardi | ya ta ingkang kawarnaa | nênggih ki agêng ing Tingkir | sampun miyarsa warti | yèn kang rayi Pêngging iku | tinimbalan mring Dêmak | Ki Agêng Tingkir mring Pêngging | sampun prapta panggih lan Kêbo Kênanga ||

6. wus sami tata alênggah | ngandika Ki Agêng Tingkir | yayi sira tinimbalan | mring Jêng Sultan Bintarèki | apa wadine yayi | dene sira tan lumaku | kang rayi aturira | punapa damêle ugi | wong dhêdhukuh tinimbalan ing narendra ||

7. ki agêng ing ardi Purwa | pangandikanira aris | lah yayi aja mangkana | sira kêbawah nêrpati | apa ta sira yayi | tan ngrasa kêbawah ratu | lêmah kang sira ambah | saisine tanah Jawi | kabèh iku yayi kagungane nata ||

8. Ki Agêng Pêngging turira | Allah ingkang darbe bumi | kadar ta sêdya punapa | wong dhêdhukuh dèn timbali | angling Ki Agêng Tingkir | aja wangkot ariningsun | ja kotampani lômba | aja anggêgampang pikir | kang pakewuh yayi sira jaganana ||

9. bêcik sira lumakua | ingsun yayi atut wuri | môngsa tegaa mring sira | pakewuh ingsun calangi | kalênthing wadhah mangsin | sira maksih mambu-mambu | mênawi sri narendra | èngêt marang sira yayi | maksih pira dohira lawan sang nata ||

10. samêngkone sri narendra | eling wangsane nèng dèsi | Ki Agêng Pêngging aturnya [atur...]

--- 1 : 155 ---

[...nya] | dhumatêng Ki Agêng Tingkir | mênggah kawula ngriki | kadi botên sapuniku | mokal wong madêg nata | èngêt sanak kawlasasih | lali sanak kalingan ing kawibawan ||

11. kang raka mangsuli sabda | lah aja mangkono yayi | abote uwong agêsang | yèn mopo printahing aji | dadi apa wong urip | yèn ora manut ing ratu | dadine kêkandhangan | tinampanan ngêregoni | iku yayi ingkang kaya karêpira ||

12. aja tanggung ing pratingkah | wasisan ngadêgna baris | dadi nora kêngtanggungankêtanggungan | aja sira mungal-mungil | yèn ana wong kang jail | têmah kêtail riningsun | uwong jawal katriwal | ngakali melik sathithik | dèn rumôngsa yayi sira wong ngawula ||

13. Ki Agêng PêngkingPêngging aturnya | lah ta kakang kadipundi | ing ngriki wontên punapa | bilai lara lan pati | sintên ingkang darbèni | kagunganira Hyang Agung | dèrènge wontên badan | pêpêsthèn dinamêl dhingin | awon sae ing lokhil makphul wus dadya ||

14. kawula dèrèng tumitah | papêsthène sampun dadi | pati uripe kawula | bêgja lara lawan pati | sintên wagêd ngowahi | lan panjang cêndhaking umur | yèn wus karsaning Suksma | pinarêng praptaning pêsthi | tan liya mung lamahuju daillallah ||

15. Ki Agêng Tingkir lingira | iya yayi apa maning | yèn wus mantêp tekadira | pun kakang têka ngamini | sadina mituturi | sêmana pan sampun surup | kalihnya [ka...]

--- 1 : 156 ---

[...lihnya] sami salat | sawusira salat Magrib | ingkang raka sêdalu sinobya-sobya ||

16. ing dalu arêringgitan | sira ki agêng ing Pêngging | anyugata ingkang raka | ringgit bèbèr ingkang nami | sêmana amarêngi | garwanira wawrat sêpuh | lair ingkang wawratan | ing sasi Jumadilakir | tanggal kaping wolu anuju taun Dal ||

17. marêngi môngsa kalima | dinanira Rêbo Lêgi | wayahe bangun raina | miyos jalu warna pêkik | ya ta Ki Agêng Tingkir | sakêlangkung bungahipun | pratuwin ingkang rama | kêlangkung suka kang galih | ingkang nonton sêdaya pan kagegeran ||

18. ana kêluwung gêng prapta | têtiga anyêrot kali | garimis pêtêng sakala | ngandika Ki Agêng Tingkir | yayi putramu iki | ingsun paringi jêjuluk | Mas Karèbèt kang nama | ya dene sira marêngi | sira nanggap wayang bèbèr lairira ||

19. Ki Agêng Pêngging turira | anuwun kakang prayogi | angsala sawab sampeyan | mugi kalisa sêsakit | kawula inggih darmi | sampeyan ingkang sêsunu | muga pinanjangêna | yuswane kang jabang bayi | mugi-mugi angsala brêkat sampeyan ||

20. cinarita tigang dina | Ki Agêng Tingkir nèng Pêngging | ya ta ingkang kawarnaa | dutane sri narapati | ing Dêmak sampun prapti | ponang caraka tumanduk | ing ngabyantara nata | wus katur marang sang aji | pamopone Ki Agêng Pêngging ngandikan ||

21. kangjêng sultan ing Bintara | sigra [si...]

--- 1 : 157 ---

[...gra] dènnya animbali | mring Ki Gêdhe Wanapala | kang rama rêkyana patih | tan adangu wus prapti | ing ngarsanira sang prabu | Ki Gêdhe Wanapala | kang putra kinarya patih | angandika kangjêng sultan ing Bintara ||

22. lah ta kakang ana karya | patut sira kang nindaki | anggawaa sual ingwang | iya dadi wakil mami | marang Ki Jêbèng Pêngging | rong prakara sual ingsun | hèh kakang wruhanira | ana kêrasa ing ati | bokmênawa ing têmbe dadi wisuna ||

23. benjang sapungkur manira | êndi kang dipun karêpi | ingkang ana luwih ana | suwung luwih suwungnèki | êndi kang dèn karêpi | saking salah sijinipun | dene ta karsaningwang | kakang sira wus mangêrti | sigra lèngsèr ki gêdhe ing Wanapala ||

24. sababsabat sêkawan binêkta | Ki Gêdhe Wanapalèki | datan kawarna ing marga | lampahe wus praptèng Pêngging | wus panggih anèng panti | Ki Agêng Pêngging lon muwus | ki agêng pêkênira | inggih wong agung ing pundi | lawan sintên ingkang sinambat ing trisna ||

25. ki gêdhe ing Wanapala | aris dènira nauri | manira têtiyang Dêmak | dutane sri narapati | dinuta mring sirèki | maringakên sualipun | jêng sultan ing Bintara | dene sira mati ragi | iya luwih saking ing para pandhita ||

26. apa ingkang sira sêja | timbalane sri bupati | jawabên ingkang pratela | sual kang kalih prakawis | aja sêlayèng kapti | siya-siya têmahipun | marang ing badanira | aja nganggo ngrangkêp [ngrangkê...]

--- 1 : 158 ---

[...p] kardi | dadi sira akarya kasmarèng gêsang ||