Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 36-52), Van Dorp, c. 1925, #1083

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 01-12), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  2. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 13-30), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  3. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 31-43), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  4. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 44-52), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  5. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 01-17), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  6. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 18-34), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  7. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 35-51), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  8. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 52-67), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  9. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 01-17), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  10. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 18-33), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  11. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 34-52), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  12. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 53-69), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  13. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 01-17), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  14. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 18-35), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  15. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 36-52), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  16. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 53-69), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
Image

36. Pangkur

1. lah ngaturna tobatira | mring wakira Urawan anèng jawi | Dipati Urawan iku | dhawuhakên timbalan | wus dilalah karsane Kang Maha Agung | Radèn Sukra têka gampang | wadya Bugis dèn tundhungi ||

2. regole nulya binuka | kinèn mêdal sagunging wadya Bugis | lingnya ywa na ganggu-ganggu | marang wong Bugis samya | Ki Urawan umanjing ing kori gupuh | kalawan Ki Wiraditya | Radèn Sukra angabêkti ||

3. Ki Urawan lon angucap | ingsun anggèr ngêmban timbalan aji | dhawuha marang sirèku | karsane sri narendra | sira kinèn milih salah sikinipun | kalamun sira kang gêsang | bapakira kang ngêmasi ||

4. yèn bapakira kang gêsang | sira kulup iya ingkang ngêmasi | mungguh ta panêmuningsun | yèn sira milih gêsang | bapakira iya kang nêmoni lampus | dadi luwih saking tuna | ramanta dènnya sêsiwi ||

5. iya marang jênêngira | duwe anak lanang amalês pati | ramanta tumêkèng lampus | margane saking sira | ya ta Radèn Sukra nêmbah alon matur | inggih wa kula sandika | anglampahi ukum pati ||

6. nanging panyuwun kawula | kangjêng rama ngaksamaèng sang aji | sampun ngantos manggih lampus | de kula sampun pêjah | anging pêjah kula sampun margi tatu | eman risak [risa...]

--- 163 ---

[...k] jisim kula | Ki Urawan anauri ||

7. aywa sumêlang ing driya | gya sinungan wisa kalangkung mandi | Radèn Sukra kinèn ngunjuk | nanging datan tumama | sigra Kyai Môndaraka ngukêl rambut | gulunira dipun idak | binêthot rambutirèki ||

8. Radèn Sukra wus palastra | Ki Urawan tur pirsa ing sang aji | de Dyan Arya Sindurjèku | sakêdhik dosanira | linuwaran winangsulkên lênggahipun | ngrênggani ing kapatihan | ya ta wau sri bupati ||

9. nimbali Nyai Suwônda | praptèng ngarsa ngandika sri bupati | Suwônda sira sun utus | mênyangèng kapugêran | amundhuta ing yayi mas putranipun | èstri nom ingkang pêparab | Dyan Ajêng Impun dèn aglis ||

10. sandika sigra lumampah | Ni Suwônda kapugêran wus prapti | lumêbu ing dalêm agung | kapanggih Jêng Pangeran | Pugêr nuju pinarak ing gandhok mungguh | kang garwa kalih nèng ngarsa | tuwin kang putra kêkalih ||

11. ya ta wau Ni Suwônda | andhawuhkên timbalannya sang aji | gusti kawula ingutus | raka paduka nata | putra dalêm Dyan Ajêng Impun pinundhut | lumêbêt sajroning pura | raka dalêm sri bupati ||

12. kapengin putra wanudya | amrih dados panglipuring panggalih | dene kaping kalihipun | lampah amba dinuta | kinèn layat putra dalêm kang wus lampus | tanapi paring salawat | tuwin kalih kêbar mori [mo...]

--- 164 ---

[...ri] ||

13. ya ta sampun tinampenan | paring dalêm arta rongatus ringgit | jêng pangran alon umuwus | sumanggèng karsa nata | nora ngrasa manira adarbe sunu | mung drêma ngaku kewala | kabèh kagungan nrêpati ||

14. wontên malih putranira | èstri Kangjêng Pangeran Pugêr nênggih | kadangnya Dyan Ajêng Impun | pinundhut ing sang nata | dadya kalih putrèstri ingkang pinundhut | ingaturkên kalih pisan | dening rama putra kalih ||

15. maksih kênya kalih pisan | Suwônda mit angiring sang dyah kalih | anumpak joli umungguh | ing marga tan winarna | sampun prapta lumêbu ing jro kadhatun | katur ing sri naranata | wau sang putri kêkalih ||

16. nèng pura pinutra-putra | ya ta mangke malih ingkang winarni | Wiranagara winuwus | kang wus mukti wibawa | nèng Pasruan agêmah nagaranipun | khewan tanpa kinandhangan | kèdhêp janma kanan kering ||

17. sang dipati sinewaka | pra satriya prameya tuwin mantri | Rôngga Bun Jaladri ngayun | Bèi Lor Kidul ngarsa | angandika Wiranagara Tumênggung | Ngabèi Lor Kidul padha | siyagaa ing ajurit ||

18. para mantri sadayanya | iku padha sira dua ing jurit | sandika lèngsèr sing ngayun | lajêng ngundhangi wadya | dènnya nata wadyanira tigang dalu | wus kumpul sagunging wadya | budhal kang samya abaris ||

19. gêgamane warna-warna |

--- 165 ---

ingkang dadya panganjure ing baris | wadya ingkang numbak biru | kirubiru banderanira | pan aciri banthèng putih ingkang tunggul | wong numbak wulung sambungnya | irêng banderanirèki ||

20. cirine palwaga seta | wong adarbaadarbe yuda golongannèki | sadaya atêguh-têguh | wolung puluh golongan | tumbak benang ingkang nambungi ing pungkur | cirinira macan seta | wong surènglaga nambungi ||

21. bung ampèl wêwaosira | tunggul kuning cirine gajah putih | nrangwèsthi golonganipun | wong numbak putih wuntat | banderèjo kalacakra cirinipun | abayak arak-arakan | golongan wong jayèngpati ||

22. kang mangku gaman jro mangkya | Ngabèi Lor Kidul sisihannèki | kang para mantri sumambung | Bun Jaladri Bun Jladha | Bajopati Jalapati sisihipun | Bun Jalapinaron lawan | Lêmbu Singadara wuri ||

23. Lêmbu Giyêng Ônggajladha | Lêmbu Wanasrênggi Mbu Patha-pathi | Panatasngron Lêmbu Gêdrug | pra mantri warna-warna | samya ngumpul lumampah mungguh ing pungkur | kalawan sawadyanira | sikêp tulup sadayèki ||

24. tiga blah èwu kathahnya | prajurite kang adèn-adèn sami | kajawi tiyang pêpikul | kang nyêkêli turôngga | pakathike para pratiwa nung-anung | tan winarna lampahira | Selamanglong sampun prapti ||

25. lajêng wau lampahira | sampun mancik tanah Madiun prapti [pra...]

--- 166 ---

[...pti] | môncanagari sadarum | tan ana mapag yuda | sami ngungsi tilar bale griyanipun | ya ta laju lampahira | praptèng Panaraga nênggih ||

26. gègèr wadya lit sadaya | samya ngungsi mring arga myang wanadri | sakalangkung susahipun | ngungsi saparan-paran | jurang-jurang pèrèng-pèrèng ingkang trêjung | trêbis-trêbis myang wulusan | tan wus solahe wadya lit ||

27. nênggih kitha Panaraga | dèn êbroki Ngabèi Lor lan mantri | sakawan pra mantrinipun | pangarsaning gêgaman | sampun têbih lakon sadina lêtipun | lan baris agung punika | kang ana ing Panaragi ||

28. kunêng ingkang bêbarisan | kawarnaa kangjêng sri narapati | Kartasura Sang Aprabu | enjang siniwèng wadya | pêpak andhèr sagung pratiwa nung-anung | aglar anèng pagêlaran | sang nata nèng pôncaniti ||

29. magêrsari lan kaparak | priyantaka jajar lan saragêni | ing kanan tamtama mungguh | keringe wong nirbaya | wong pinilih wirabraja sisihipun | kartiyasa wisamarta | mangudara kang nisihi ||

30. niyaka lan patrayuda | wong kanoman punika kang nisihi | jagabaya jajaripun | nyangkragnyana wisôndha | nutramandhung ajajar lan martalulut | kalawan singanagara | gandhèk mantri anom nênggih ||

31. patranala darpahita | suranata ajajar lawan carik | tan têbih lawan sang prabu | punggawa andhèr ngarsa | ari nata tiga

--- 167 ---

pisan munggèng ngayun | Jêng Pangeran Pugêr ngarsa | gumanti sinom pangrawit ||

37. Sinom

1. Pangeran Arya Panular | lan Pangran Arya Matawis | Adipati Sindurêja | ing Madura Adipati | Dipati Surawèsthi | Ki Urawan jajaripun | Tumênggung Wiradigda | Mangkyuda Natayudèki | kang pratiwa Ki Tumênggung Sumabrata ||

2. Wirarêja Mangunpraja | Suratani munggèng kering | pasisir bang kulon seba | Suranata Dêmak nangkil | Sindurja awotsari | pukulun gusti sang prabu | ulun atur uninga | wadyanya Wiranagari | sampun prapta abaris ing Panaraga ||

3. kalangkung kathah balanya | gangsal èwu winatawis | kalêbêt gamêl pikulnya | sang nata ngandika aris | samêktaèng ajurit | pratêlunên wadyaningsun | mantri bupati padha | dhimas Pugêr ingsun tuding | nindhihana sagunging para bupatya ||

4. kalawan sira dèn enggal | paringa nawala maring | kumêndur sira nakokna | caraka petor kang prapti | iyèku kang amundhi | layange kaki gurnadur | lan kang para radpênya | nagih kasaguhan mami | wus sapira lawase praptaning duta ||

5. si kumêndur tuturana | lairna sajroning tulis | yèn ing samêngko wong Jawa | lagyewuh anêmu kardi | nadhahi mungsuh prapti | wong bang wetan luwih agung | prakara saguh ingwang | ingsun durung bisa galih | lagya susah angadoni jayèng yuda ||

6. malah

--- 168 ---

ta sira mundhuta | bêbantu wadya Kumpêni | nanggulanga ing ayuda | yèn ora gêlêm bantoni | apa ta kudu nagih | marang kasaguhan ingsun | de praptane mungsuh kang | ngêbroki nèng Panaragi | dèn balèkna aywa na cabar ing karya ||

7. kang sun tuduh nindakana | anindhihi ing ajurit | adhi mas Pugêr kalawan | wadya Kartasura iki | bupati lan prajurit | apan iku pinratêlu | saduman mangsah aprang | saduman tunggu nagari | kang saduman ngusungi mriyêm Mataram ||

8. Adipati Sindurêja | sandika manêmbah nuli | mantri kêkalih dinuta | mring Japara lan Sêmawis | nata dangu tinangkil | gya jêngkar kondur ngadhatun | ginrêbêg pra biyada | lir Hyang Endra Suranadi | duk ginrêbêg widadari nèng kayangan ||

9. praptèng sitinggil dhêdhawah | Suwônda sira sun tuding | dhimas Pugêr timbalana | lawan Si Sindurja Patih | miwah dhimas dipati | ing Sampang barênga malbu | Suwônda nêmbah mentar | sapraptaning pôncaniti | pratiwa tri tampi timbalan narendra ||

10. gya kerid priyagung tiga | sapraptanirèng jro puri | sri naranata pinarak | anèng prabayêksa nênggih | praptane priyagung tri | ingandikan maring ngayun | katri sarêng manêmbah | ngandika sri narapati | hèh yayi mas ingsun tari jênêngira ||

11. Sindurja lan yayi Sampang | paran ta Kumpêni iki | wanti-wanti nagih mringwang | lamun ana têka maning |

--- 169 ---

layangira panagih | kang saking kaki gurnadur | sun sanggup apa ora | Pangran Pugêr matur aris | langkung karsa pukulun sri naranata ||

12. botên kenging nglangkungana | ing karsa paduka aji | sri narendra angandika | hèh kono pikirên adhi | paran dadine ugi | ing pikir ingkang tinêmu | pangran matur anêmbah | pinogok inggih prayogi | tanpa damêl maringkên malih sang nata ||

13. siti Crêbon ing Pasundhan | Sindurja nambungi angling | jêng rakanta sri narendra | apan sampun anyanggupi | paring aji Kumpêni | kang pêjah madyaning pupuh | lan sagunging balônja | môngka sanguning ajurit | sri narendra nguni sanggup amangsulna ||

14. kadospundi ing samangkya | kalamun dipun singlari | Pangeran Pugêr ngandika | tan angèl turira iki | tan susah sri bupati | sira bae kang sumaur | kabèh rat nusa Jawa | kagungan dalêm sang aji | wong Kumpêni amung bantu ing ayuda ||

15. kangmas dènnya madêg nata | nora jinunjung Kumpêni | dhèwèke têtulung yuda | uwis nampani pêparing | Crêbon Pasundhan iki | apora wus nêmu untung | lan maninge Walônda | linilan padha lêloji | omah-omah ana ing liya nagara ||

16. Japara Têgal Sêmarang | tan nganggo panêbas bumi | dènnya padha dagang layar | tanpa prabeya mas picis | apa ingucap maning | iku kabèh

--- 170 ---

pan wus urup | yèn mêksa panagihnya | ngambanga anèng jaladri | gone padha ngancik bumi tanah Jawa ||

17. ngombe banyu tanah Jawa | akèh ajine sayêkti | mara padha dèn murwata | sukêt godhong tanah Jawi | sapa ingkang duwèni | lan kèringan dhèwèkipun | anèng pasisir kana | wong Jawa tan ana wani | ngarubiru sinangaja sapolahnya ||

18. iku kawasane sapa | tan liyan kang madêg aji | sumambung Dipati Sampang | inggih kasinggihan ugi | apan tiyang Kumpêni | mring tanah Jawi bêburuh | buruhan wus tinômpa | nuntên kesaha kang têbih | sampun manggèn anèng bumi tanah Jawa ||

19. wangsula mring Batawiah | iku kang wus dèn lilani | Kumpêni angênggonana | sanadyan nagri Batawi | lamun sri narapati | karsa amundhuta wangsul | sintên ingkang malanga | tur ta ing kalane jurit | nora rampung dening Kumpêni pribadya ||

20. amung ngêtêbi kewala | iya kang atalang pati | nora liya wadya Jawa | sang nata mèsêm lingnya ris | Sindurja iya iki | wicara ingkang apêngkuh | Walônda yèn marambat | karêpe arêp ngalani | yèn tan nrima pêparing kang wus tinômpa ||

21. iya ingsun walês ala | jênêng manira tan apti | lawan Kumpêni mêmitran | yèn ora ngrasa Kumpêni | ngêmpèk-êmpèk mring mami | sêdhêng tundhungên puniku | saking ing tanah Jawa | yèn [yè...]

--- 171 ---

[...n] bêcik manira eling | wirayate jêng eyang Sultan Mataram ||

22. amêca duk ingsun ana | ing guwagarbèbu dhingin | sun duwe bala bacingah | uwis tinêmu samangkin | wirayat jêng yang nguni | Sindurêja dèn apêngkuh | anggêr-anggêr manira | yèn sira têmu pribadi | lan si petor tuwin Kumêndur Driyansah ||

23. nêmbah Arya Sindurêja | sandika dhawuh kapundhi | sri narendra angandika | adhi mas lakunirèki | ing besuk yèn wus prapti | tonjokên tulis rumuhun | ing prang gawya pêpêjah | aja kêmba ing ajurit | Pangran Pugêr anêmbah matur sandika ||

24. sarêng lèngsèr katiganya | pinaringan sangu jurit | arta gangsal atus reyal | katiga wus sami mijil | praptèng dalêmirèki | angundhangi wadyanipun | tantara sami prapta | sagêgamaning ajurit | kapugêran wus sami pêpak sadaya ||

25. wong magêrsari panumbak | abaris ing lurung sami | banderane gêni roga | layu waos bung pèl jinggring | cêmêng kalawan putih | amisah salurahipun | kapêdhak kapugêran | Jadrêma Jawera ngirid | Pranayuda asisih lèn Ônggataka ||

26. Jiwasuta Banyakpatra | Trijaya Surajayèki | Surakarti Tambakbaya | Kartawôngsa lawan malih | Citrawôngsa wus sami | sanega saanakipun | tan wontên kantun griya | samya kalayu yun jurit | pan gumêrah swarane kang wadyabala ||

--- 172 ---

27. ya ta kang para bupatya | sadaya sampun rumakit | sangkêp sakapraboning prang | Dyan Suryakusuma gipih | pamit ing ramanèki | kalilan andhèrèk pupuh | sakadangnya sanega | budhal saking dalêmnèki | sampun kumpul lan balane pra dipatya ||

28. Ki Adipati Urawan | kalawan Mangkuyudèki | atanapi Natayuda | Wirawidagda wus mrêgil | nèng alun-alun baris | jêng pangeran budhal sampun | saking ing dalêmira | ingiring sagung pra siwi | sampun aglar munggèng pôncaniti samya ||

29. gya ngandikan mring jro pura | jêng pangran lan pra dipati | praptèng ngarsa ngaras pada | anulya prasami mijil | têngaranira muni | budhal kang baris panganjur | Tumênggung Mangkuyuda | lan Natayuda nisihi | Wiradigda nulya Dipati Urawan ||

30. para putra kapugêran | ingkang sumambung ing wuri | Rahadèn Suryakusuma | anitih turôngga putih | kore ran marutèki | sangkêlat bang larabipun | garudhan èbègira | lampahe turôngga nirig | Radèn Ôntawirya munggèng wurinira ||

31. anitih kuda bêlalak | pancal panggung dhawuk abrit | sinung aran pun samoga | parabe sangkêlat abrit | tinirah sutra kuning | adhehan lampahe matuh | Radèn Martataruna | nitih kuda janjan kuning | pun sawagni anduduk ing lampahira ||

38. Dudukwuluh

1. Radèn Dipataruna ing wuripun [wuripu...]

--- 173 ---

[...n] | anitih turôngga abrit | tambangkumala ranipun | Radèn Wôngsatruna wuri | anitih kuda sang anom ||

2. gula gêmpung ulêse turangganipun | larabe sangkêlat abrit | sutra kuning plisiripun | gunawan araning wajik | wuri Radèn Timur karo ||

3. Radèn Sôngka Sudama titihanipun | satunggal aulês putih | kang satunggal ulês dhawuk | kang rama sumambung wuri | nitih kuda ginrêbêg wong ||

4. kawan dasa amandhi kang waos pingul | arja sinongsongan kuning | swarnaning wadya gumuruh | ginêlak lampahing baris | samarga-marga anggolong ||

5. sampun nabrang kali Sêmanggi wadya gung | rêrêb sawetan bênawi | mung sadalu budhal esuk | ing marga datan winarni | ing kutha Madiun rawoh ||

6. Ki Tumênggung Mangkuyuda lampahnya sru | samana datan winarni | lawan Natayuda wau | sinigêg ingkang lumaris | gênti malih winiraos ||

7. ingkang baris nèng Panaraga wus ngrungu | yèn wadya ing Kartawani | panganjur praptèng Madiun | kang dadya tungguling baris | Pangran Pugêr prawirèng don ||

8. para wadya Pasruan siyagèng pupuh | pangarsane ingkang baris | kali Bathil barisipun | kang ana ing Panaragi | sawadyanira gya bodhol ||

9. ngalih maring kali Tambang barisipun | sampun budhal ingkang baris | ing kali Tambang wus kumpul | amêlatar pacak baris | anglir

--- 174 ---

pendah samodra rob ||

10. kunêng gantya ing Kartasura winuwus | wau kangjêng sri bupati | akarya sagaran agung | toya ngombak lir jaladri | ing nalikanira êrob ||

11. sinung wana kinarapyak pinggiripun | gya bêrêg buron wanadri | kinumpulakên ing riku | andaka mênjangan kancil | kidang lan sagung bêburon ||

12. amung macan lan cèlèng tan kenging masuk | sagaran dipun ingoni | buaya kalangkung agung | jawining krapyak jinagi | para mantri sabupatos ||

13. agiliran lampahe ingkang atungguk | wus dadya nuli sang aji | karsa yasa masjid agung | kang dhingin masjide alit | tan alami nulya dados ||

14. ya ta mangke ingkang winarna ing tutur | Mangkuyuda lawan ari | Natayuda wus angutus | mantri kalih tur udani | dhumatêng pangran dipatos ||

15. ingkang mêngsah wus malatar barisipun | Pangran Pugêr budhal nuli | rawuh ing bumi Madiun | sampun aparing kintèki | dhumatêng Ngabèi Êlor ||

16. akalihan sira Sang Dipati Kidul | sêmayan karya pêpati | aja kêmba ing apupuh | ya ta wadya Kartawani | ayun-ayunan palugon ||

17. sigra nêmbang têngara mangsah ing pupuh | bêndhe bèrine tinitir | swarane asru gumuruh | tinata barisirèki | kang ngarsa mangsah palugon ||

18. Pangran Pugêr wus anata barisipun | pangawat kanan Dipati | Urawan lawan Tumênggung |

--- 175 ---

Wirawidagda nisihi | pangawat kering winartos ||

19. Mangkuyuda lan Natayuda rinipun | dhadha Pangran Pugêr nênggih | wadya pasisir angumpul | mring jêng pangran anjagani | kang wadya pasisir golong ||

20. para putra sadaya mungguh ing ngayun | ngarsaning rama tan têbih | ya ta mêngsah wetan nêmpuh | sumahab kang wadya alit | wong ing Kartasura tanggon ||

21. gumêr gumrah gumuruh ing swaranipun | kadya ombak nêmpuh curi | sanjata lir gêlap sèwu | prasami bêdhil-binêdhil | tanapi bendrong-binendrong ||

22. ngantya pêtêng dening sandawa kang kukus | ing payudan kadya ratri | samya srêg-sinrêg ing mungsuh | wadya lit tan ana ajrih | kalih atus ingkang layon ||

23. bubar larud wong Pasruan barisipun | wong ing Kartasura ngungsir | wus adoh dènnya bêbujung | gya mundur mring Panaragi | lan barise pangran awor ||

24. gya ngêbroki ing kutha Panaragèku | samana nulya ngundhangi | wadya lit kang ngungsyèng gunung | jurang pèrèng myang wanadri | kinèn mulih ywa kawatos ||

25. sampun têntrêm anggili sêsuguhipun | ya ta wau kang winarni | wong Pasruan kang kaplayu | sampun prapta ing Kadhiri | wetan plabuhan makuwon ||

26. ngantya lami dènira sami kêkuwu | mrih budidaya ing jurit | samana lêt pitung dalu | wadya kinèn nabrang kali | ambêbahak ambêboyong ||

27. maring

--- 176 ---

tanah kang kabawah ing Madiun | samana sampun kapyarsi | wadya Kartasura mêthuk | nèng Kartasana ajurit | wadya Pasuruan kawon ||

28. yèn binantu wong wetan umbul ing pupuh | anèng Pacalan abaris | yèn tinilar bantunipun | ajunira ing ajurit | wadya bang wetan akawon ||

29. ya ta wau jêng pangeran kang winuwus | anèng kitha Panaragi | mantri kêkalih ingutus | mring Kartasura tur uning | rame têmpuhing palugon ||

30. kathah wadya ingkang pêjah ing prang pupuh | mungsuh rowang winatawis | apan wontên kalih atus | duta Kartasura prapti | sampun katur mring sang katong ||

31. sri narendra kalangkung suka ing kalbu | Sindurja dinutèng aji | sirèku awèha wêruh | marang si kumêndur aglis | pucungên ingkang pawartos ||

39. Pocung

1. matur nuwun Sindurja nêmbah umundur | praptèng dalêmira | anuding mantri kêkalih | kang satunggal ingutus dhatêng Sêmarang ||

2. juganipun maring Japara tinuduh | sarya bêkta surat | saking wau kyana patih | ingkang awit timbalane sri narendra ||

3. mêsat sampun duta kêkalih sing ngayun | sarwi mundhi surat | ing marga datan winarni | sampun prapta ing Sêmarang lan Japara ||

4. tan winuwus solahe ingkang ingutus | malih winursita | kang samya ngadoni jurit | munggèng pabarisan nagri Panaraga ||

5. kang pangayun tansah

--- 177 ---

kalangênan nutug | ing wana lan toya | kang pinatah mangun jurit | amêthukkên wadyabala Pasuruan ||

6. nênggih amung wadya pasisir binantu | wadya môncapraja | nèng Pace têmpuhing jurit | lan ing tanah Kêrtasana mangun yuda ||

7. rame klangkung agênti buru-binuru | sabên-sabên dina | dènnya mrih unggul ing jurit | ya ta mangke gantya ingkang winursita ||

8. Ki Tumênggung Wiranagara pan sampun | ingaturan wikan | kang wadyabala kalindhih | gya kang putra kalih kinèn bantu ing prang ||

9. ingkang sêpuh Radèn Lêmbu namanipun | putra kang taruna | Lêmbu Wana awêwangi | kalihira pan maksih sami jêjaka ||

10. kalihipun binêktan prajurit sèwu | wadya gêgangsingan | putra kalih wus winêling | sarya binêktanan pêthi kalihira ||

11. ing jronipun sêsotya rêtna di luhung | ya ta nulya budhal | wau radèn putra kalih | gumêr gumrah swarane kang wadyabala ||

12. tan winuwus ing marga lampahnya rawuh | ing Kêdhiri panggya | lawan wadyanira sami | lêrêb anèng Kêdhiri mung tigang dina ||

13. sigra daut sawadyanira umagut | sapalih binêkta | kang sapalih kantun sami | wus anabrang plabuhan pangarsanira ||

14. praptanipun ing Caruban tata gupuh | barisira mangkya | kang baris nèng Panaragi | jêng pangeran sinewakèng wadyabala ||

15. pra tumênggung Dipati Urawanipun |

--- 178 ---

Ki Wirawidagda | Mangkuyuda lan kang rayi | Natayuda sumiwi mungguh ing ngarsa ||

16. pra tumênggung pasisir seba sadarum | myang Sujanapura | ing Japara wus sumiwi | Suranata ing Dêmak Rêksanagara ||

17. datan kantun Radèn Nitiyudanipun | Pakalongan praja | Radèn Madurêtna nênggih | pan ing Batang samana sampun sumewa ||

18. jajar lungguh lan bêdhol Bèi Wônggèku | atanapi lawan | ki rôngga ing Lèpèntangi | apêparab Ki Rôngga Adimênggala ||

19. wus angumpul Cakranagara Tumênggung | ing Pamalang praja | lan Pangran Kudus nagari | pêpak andhèr umunggèng ngarsa sadaya ||

20. nulya wau Dipati Urawan matur | dhatêng Jêng Pangeran | Pugêr têtindhihing jurit | aturira anggèr kawula tur pirsa ||

21. punang mungsuh ing bang wetan mangke rawuh | bantu Pasuruan | sèwu sikêping ajurit | ingkang dados têtindhihirèng gêgaman ||

22. sutanipun Surapati wasta Lêmbu | Lêmbu Wrahamudha | mangke wus nabrang bênawi | lajêng sami pacak baris nèng Caruban ||

23. duk angrungu jêng pangran ngandikan arum | kakang paran karsa | prakara mungsuh kang prapti | aturipun Adipati ing Urawan ||

24. yèn sarêju yogi pinêthuk ing ripu | sintên tuwan têdah | umangsah ngasmarèng jurit | pra dipati anyadhong dhawuh paduka ||

25. alon muwus ingkang ingunjukan atur | Tumênggung Japara | lawan [lawa...]

--- 179 ---

[...n] Tumênggung ing Têgil | ing Pamalang tanapi Tumênggung Kêndhal ||

26. Kaliwungu padha mapaga ing ripu | hèh sira Sudira | anindhihana ing baris | nêmbah matur sandika Radèn Sudira ||

27. pra tumênggung sadaya sandikèng atur | malih angandika | Mangkuyuda aja kari | lan arimu Si Tumênggung Natayuda ||

28. karonipun milua atmajaningsun | kalih sarêng nêmbah | sandika aturirèki | sigra lèngsèr sadaya saking ngayunan ||

29. pra tumênggung anitir bêndhene ngungkung | wus tata kang wadya | budhal saking Panaragi | lampahira ing marga kêkanthèn asta ||

40. Kinanthi

1. sagunging para tumênggung | sajuru-juru nèng margi | banderane warna-warna | ingkang minôngka têtindhih | Radèn Mas Suryakusuma | ya ta swaraning wadya lit ||

2. nèng marga gumrah gumuruh | awor swaraning turanggi | Tumênggung Sujanapura | môngka panganjuring jurit | gêgaman abra asinang | saragêni munggèng ngarsi ||

3. Radèn Suryakusumèku | munggèng satêngahing baris | môngka senapatining prang | turangganira anirig | ulês pêthak lir badhaya | sinongsongan kartas wilis ||

4. yèn sinawang sang abagus | lir putra ing Dwarawati | kang anèng Paranggarudha | yèka Dyan Sômba apêkik | aladak tur kasêmbadan | kadya pujining parèstri ||

5. sanadyan padhaa kakung | abrôngta mring sang pinêkik | jêr bagusira sampurna [sampur...]

--- 180 ---

[...na] | tan ana kang dèn waoni | kunêng pujining para dyah | ya ta lampahirèng margi ||

6. sampun praptèng Kalidhadhung | lajêng sami tata baris | akarya pakuwonira | nèng siti watês Carubin | kunêng ingkang masanggrahan | gêntia ingkang winarni ||

7. kang mêngsah wus myarsa tutur | lamun pinêthuk ing jurit | dadya wadyèng Pasuruan | saking pasanggrahan mijil | sigra anêmbang têngara | barise nulya rinakit ||

8. wus ayun-ayunan pangguh | kang samyarsa wawan jurit | têtindhihira bang wetan | Lêmbu Lêmbura nisihi | bêndhene tinêmbang ngangkang | samya gambira ing galih ||

9. mêngsah samya purunipun | tan na kang angucap ajrih | ya ta baris Pasuruan | kang arsa anrajang dhingin | wadyane Sujanapura | Japara ingkang nadhahi ||

10. arame dènira campuh | prasami bêdhil-binêdhil | Tumênggung Têgal mangawat | ngêbyuk bêdhil saking kering | tigang atus kang sanjata | wong Têgal samya ngêbyuki ||

11. swaraning bêdhil kumrutug | sarêng suraking wadya lit | lir ombak môngsa kasapta | Radèn Suryakusuma glis | nabêt turôngga ginêbrag | nilib wadya ngamuk jurit ||

12. sakala turôngga mamprung | wus prapta têngahing jurit | Ki Tumênggung Natayuda | lan Mangkuyuda ningali | angampah-ampah tan kêna | Dyan Suryakusumèng kapti ||

13. saksana kalih tumênggung | milwa umangsah ing jurit | Rahadèn Suryakusuma [Sur...]

--- 181 ---

[...yakusuma] | turangganira kaèksi | dhumatêng ing wadyabala | saasta bênggang lan siti ||

14. ya ta kang pra prawira nung | gumulung tandanging jurit | mangsah amangrurah mêngsah | wadya Pasruan ningali | giris atêmah abubar | larud ngisis kang wadya lit ||

15. Lêmbu Lêmbura lumayu | wadya sirna tanpa pulih | ngungsi lumêbu ing wana | wênèh lumayu mring wukir | pèrèng-pèrèng jurang-jurang | wulusan ing trêbis-trêbis ||

16. ya ta kasaput ing dalu | kèndêl wadya kang angungsir | ngumpul anèng pasanggrahan | ing Caruban dènnya mrêgil | mung sadalu lêrêbira | enjing budhal punang baris ||

17. datan kawarna ing ênu | nênggih lampahirèng baris | sampun praptèng Panaraga | Dyan Suryakusuma nuli | tumamèng ngarsaning rama | manêmbah aturira ris ||

18. ing solah tingkahing pupuh | sapangrèhira tinuding | ing purwa madya wasana | sadaya jinarwa titi | Jêng Pangran Pugêr ngandika | sukur salamêt ing jurit ||

19. kunêng wau kang winuwus | Lêmbu Lêmbura winarni | pirêmbag lan kadangira | Lêmbu alon dènira ngling | hèh adhi Lêmbura mangkya | karsaningsun iki yayi ||

20. sira bae lawan ingsun | ing ratri padha lumaris | seba maring Panaraga | ngaturkên tur-atur iki | ya marang kangjêng pangeran | kang rayi umatur aris ||

21. sumôngga kakang ing kayun | kawula tan nulayani | andhèrèk sapangrèh tuwan | kang

--- 182 ---

raka nauri aris | kalamun wus pêthuk ing tyas | sira bêcik mêngko bêngi ||

22. sira lan ingsun lumaku | ing dalu budhal tumuli | mung wadya kalih tut wuntat | samya kinèn nyunggi pêthi | anilib ing wadyabala | tan antara sampun prapti ||

23. ing Panaraga tumanduk | acanthèl atur ing abdi | lajêng katur jêng pangeran | kinèn nimbali mangarsi | radèn kalih kerid sigra | sapraptanira ing ngarsi ||

24. manêmbah wau Dyan Lêmbu | Lêmbura sarêng wotsari | nulya sami ngaras pada | wusira kinèn alinggih | Radèn Lêmbu aturira | pukulun amba tinuding ||

25. abdi pun bapa pukulun | Tumênggung Wiranagari | kang wontên ing Pasuruan | naoskên kang sêmbah bêkti | kalawan nyuwun supangat | ing kangjêng sri narapati ||

26. tuwin supangat pukulun | tulusa dènnya dêdasih | jêng pangran aris ngandika | aywa sumêlang ing ati | dyan kalih malih tur sêmbah | kalihan amba tinuding ||

27. dening pun bapa pukulun | sasampunira tur bêkti | punika abdi pun bapa | naoskên pêthi kêkalih | satunggal konjuk sang nata | wondene ingkang satunggil ||

28. konjuk paduka pukulun | kang pêthi mèsi brana di | jêng pangran dupi miyarsa | pêthi pinundhut mring ngarsi | binuka mèsi sêsotya | kancana kang adi-adi ||

29. kalangkung sukaning kalbu | wasana ngandika aris | tutura ing bapakira |

--- 183 ---

Tumênggung Wiranagari | abangêt tarimaningwang | lan ingsun iki pêparing ||

30. busana kampuhan iku | saprangkat busana mami | kang saprangkat prajuritan | saprangkat padinan mami | radèn kalih wus ginanjar | sapangadêg putra siji ||

31. Lêmbu Lêmbura umatur | anuwun sangêt kapundhi | pêparing dalêm dadosa | jimat paripihing abdi | dyan kalih sigra tur sêmbah | lèngsèr sing ngarsa ing ratri ||

32. sigra lumêbèng wana gung | panggih wadya kang kinari | ngalèr ngetan lampahira | ing Caruban sampun prapti | lajêng malbèng kuwunira | radèn kalih dhandhanggêndhis ||

41. Dhandhanggula

1. kunêng mangke kang winarnèng tulis | sri narendra kang kantun ing praja | kalangkung sangêt gêrahe | nata agêrah lumpuh | tan bisosik saking srunèki | otêr wong sajro pura | maras ing tyasipun | alami tan sinewaka | Radèn Arya Sindurja Pangran Dipati | sami tikbra ing driya ||

2. kang anglurug samya dèn timbali | mantri anom sakawan lumampah | dinutèng marga lampahe | ing Panaraga rawuh | lan pangeran sampun apanggih | sigra dhawahkên sabda- | nira sang aprabu | jêng pangran ngaturan wikan | lamun gêrah kang raka sri narapati | pangran kapitèng driya ||

3. gupuh undhang ing wadya prajurit | Ki Urawan wus sinungan wikan | tuwin pra dipati kabèh | têngara budhal sampun | pan ginêlak [ginêla...]

--- 184 ---

[...k] lampahing baris | siyang dalu lumampah | tan kawarnèng ênu | wus prapta ing Kartasura | jêng pangeran laju tumamèng jro puri | wus panggih lan sang nata ||

4. mangsah nêmbah ing raka sang aji | manganjali manguswèng suku sang | angusapi ing lêbune | sri nata ngandika rum | kayaparan lakunirèki | kang rayi matur nêmbah | raharja pukulun | sang nata aris ngandika | ingsun adhi antuk ganjaraning Widi | lumpuh tan bisa obah ||

5. kayaparan ing rèhira yayi | apa ingkang kinarya usada | liwat luwih ing larane | sihing Hyang Maha Ruhur | jêng pangeran matur wotsari | paduka narimaha | sihing Hyang dèn sukur | pintên banggi ta ing benjang | bokmanawi pikantuk pitulung Widi | ngapura ing paduka ||

6. sigra nêmbah lèngsèr saking ngarsi | laju kondur praptèng dalêmira | sinêngkalan duk gêrahe | sri narendra puniku | janma miyat obahing bumiSengkalan: janma miyat obahing bumi (1621 A.J., 1697/98 A.D.). | sawarsa laminira | dènnya gêrah lumpuh | sawusira ing sawarsa | gya waluya nir gêrahira nrêpati | enggar wong Kartasura ||

7. duk gêrahnya nadar sri bupati | yèn waluya gêrahira benjang | sri karsa ngrampog macane | tuwin lomban sang prabu | lan sagunging para dipati | maring sagarayasa | wau sang aprabu | klampahan angrampog sima | sarta sampun klampahan lomban sang aji | dhatêng sagarayasa ||

8. bajulira ingambilan dhingin | Dyan Sudira [Sudi...]

--- 185 ---

[...ra] kang dinutèng nata | angêntasakên bayane | saksana kang ingutus | lajêng gêbyur sagaran aglis | kampuh rèjèng pinrêmas | tan mawi cinucul | prandene tan tlês ing toya | bajulira cinangking ing kanan kering | mêntas maring dharatan ||

9. samya cingak sagung kang ningali | digjayane Radèn Sudirèka | wong dalêm anggêbyur kabèh | miwah wau sang prabu | nutug dènnya kasukan ngwarih | kondure sri narendra | praptaning kadhatun | samana tulus raharja | Kartasura ya ta ing alami-lami | wontên kang cinarita ||

10. garwanira Pangeran Dipati | saking Ngonje sampun apêputra | jalu apêkik warnane | lan wontên sêliripun | tiyang saking Kambêng mêdali | antawis tigang côndra | babare kang sunu | lan garwa Ngonje punika | sami jalu putranya Pangran Dipati | kang sêpuh sinung nama ||

11. Rahadèn Mas Bumi kang wêwangi | de kang anèm Radèn Mas Panêngah | kang sêpuh katêlah mangke | nênggih Radèn Mas Sêpuh | datan karan Radèn Mas Bumi | nulya malih pêputra | garwa Ngonje wau | inggih jalu putranira | dadya kalih saking Ngonje putranèki | punika sinung nama ||

12. Dyan Mas Alit namanira nênggih | katri pisan pinundhut ing eyang | pinutra-putra ngeyange | marang eyang sang prabu | katri samya basa rama ji | ing rama basa kangmas | Pangran Dipatyèku | tandya malih apêputra | sêlir saking Kambêng [Ka...]

--- 186 ---

[...mbêng] amêngdaliamêdali èstri | tunggal Radèn Panênggak ||

13. putra èstri Radèn Ajêng Sasi | duk samana apan wus diwasa | cinatur urute bae | putra katrinya jalu | apan sampun dipun supiti | lan tugêl kuncungira | duk tugêling kuncung | mantri kalih rêtu tunggalSengkalan: mantri kalih rêtu tunggal (1623 A.J., 1699/00 A.D.). | sêngkalane putra katri dèn supiti | lan tugêl kuncungira ||

14. wontên ingkang kawarnaa malih | putra èstri saking kapugêran | kalawan kapenakane | Dyan Ayu Pugêr iku | jêng ratu mas ingkang gadhuhi | kang sajuga ngaranan | Dyan Ayu Kadhatun | Dyan Ayu Impun punika | pan pinacang kalawan Pangran Dipati | karsane sri narendra ||

15. ingkang wayah wau sri bupati | Rahadèn Mas Sêpuh wus diwasa | wus sinungan dalêm dhewe | sakilèn sitiruhur | apan sampun sinung wêwangi | Pangeran Buminata | nênggih namanipun | kang kalih misih wêwujang | Rahadèn Mas Panênggak dalêmirèki | sakilène kang rama ||

16. Radèn Ayu Kadhaton winarni | pinanggihkên lawan kaponakan | Radèn Ayu Kancanane | nênggih jêjulukipun | Radèn Mangunrana satunggil | kang sêpuh Sumaningrat | tinariman wau | Rahadyan Ayu Kadhatyan | dalêmira ginandhok kiduling puri | samana sinêngkalan ||

17. warna sikara ngrasani waniSengkalan: warna sikara ngrasani wani (1624 A.J., 1700/01 A.D.). | tunggal warsa lan Pangran Dipatya | pinêksèng rama panggihe | lawan Dèn Ajêng Impun | karsanira sri narapati | mapan kusuma rara | ganti karangulu | ing Rahadèn [Rahadè...]

--- 187 ---

[...n] Ayu Lêmbah | dahat marma nataputra yèn tan panggih | lan putri kapugêran ||

18. sampun mangun rêsmi ing tilamrik | radèn ajêng kalawan kang raka | tan cinatur wiwahane | agung mukti tilamrum | kunêng ingkang manggung don rêsmi | Pangeran Adipatya | gantya kang winuwus | apan wontên putranira | Jêng Pangeran Singasari kang ingambil | sunu dhatêng kang uwa ||

19. sasedane Pangran Singasari | Pangran Pugêr ingkang ngambil putra | kêkalih sami sadhèrèk | Radèn Santri kang sêpuh | Radèn Punta ingkang taruni | kinarya mantri mudha | dènira sang prabu | Rahadèn Punta samana | kesah saking nagari mring Têgalwangi | dêdagan ingkang eyang ||

20. kapiyarsa dening sri bupati | tuwin Pangran Pugêr amiyarsa | tinimbalan age-age | Radèn Punta tan purun | kêdah dagan marang kang swargi | katur marang sang nata | Radèn Punta wau | yèn kêdah nêkung nèng dagan | Ki Tumênggung Rêksanagara ing Têgil | kang kinèn nguwisana ||

21. sampun budhal Sang Dipati Têgil | saha wadya tan kawarnèng marga | sampun prapta nagarane | Radèn Punta ingapus | sêngadine Tumênggung Têgil | dinukan ing sang nata | Radèn Punta wau | ingaturan mring nagara | apan arsa ingadêgakên nrêpati | dening Tumênggung Têgal ||

22. Radèn Punta manahipun gampil | kamologên jinunjung narendra | tan wruh yèn ingapus bae | Rahadèn Punta gupuh | dyan tumêdhak [tumê...]

--- 188 ---

[...dhak] maring nagari | sapraptanirèng praja | rinakitan sampun | cinêkêl Rahadèn Punta | gya linawe dening Ki Tumênggung Têgil | awit karsa narendra ||

23. Radèn Punta sampun angêmasi | sigra katur dhatêng sri narendra | sakalangkung ing sukane | dadya kêlilip prabu | Radèn Punta awèta urip | anèng daganing eyang | duk ing pêjahipun | samana atunggil warsa | lan panggihe Radèn Sumaningrat nênggih | ya ta ingkang winarna ||

24. sawusira ing alami-lami | Radèn Arya Sindurêja gêrah | asangêt dadya sedane | sang nata langkung ngungun | ing sedane rahadèn patih | binêkta parimana | ênggène kinubur | samana pan sinêngkalan | ing sedane buta kalih ngrasa tunggilSengkalan: buta kalih ngrasa tunggil (1625 A.J., 1701/02 A.D.). | warnanên sri narendra ||

25. ingkang arsa jinunjung pêpatih | punggawèng jro nama Sumabrata | sampun ingidèn dadine | dening wadyabala gung | kang gumantya niyakèng puri | Ki Ôngga Suranata | wus jinunjung lungguh | anggêntèni Sumabrata | ingaranan Tumênggung Wiragunèki | asisih Wirarêja ||

26. pan minôngka pêpatih jro nênggih | patih jawi Kyai Sumabrata | Jêng Pangeran Dipati nèm | sinung wêwênang prabu | amarentah para bupati | tuwin sagunging wadya | pratiwa nung-anung | dadya Patih Sumabrata | Wiraguna barang prakara nagari | tur wikan jêng pangeran ||

27. pan antara ing sawarsa malih [ma...]

--- 189 ---

[...lih] | Ki Tumênggung Urawan pralina | tan tilar putra rahadèn | ampase pinratêlu | kang saduman Wirarêjèki | saduman Wiraguna | kang sadumanipun | Sarawèdi Suranata | wus jinunjung lungguh dening narapati | tuwin sinungan aran ||

28. Ki Tumênggung Wirasastra nênggih | kang saduman ampas kurawanan | Ki Wirasastra kang duwe | ya ta mangke sang prabu | animbali putranirèki | Pangeran Adipatya | prapta ing kadhatun | manêmbah angaras pada | sri narendra pangandikanira aris | dhuh nyawa putraningwang ||

29. dèn abêcik dènira akrami | lawan arinira kapugêran | ingsun iki kaya êmèh | kinarsan de Hyang Agung | iya besuk sapungkur mami | ywan ingsun wus palastra | aja kongsi kuwur | ing jênêngira narendra | akaria aywa na kang bèncèng pikir | lan kadang warganira ||

30. poma putraningsun Ki Dipati | pamanira Pugêr lawan Sampang | tuwin Ki Jangrana anggèr | Yudanagara catur | papat iku sira dèn bêcik | upama karya tampah | kang têlu puniku | minôngka anamanira | wawêngkune pamanira iku kaki | mrih bakuhing sri nata ||

42. Sinom

1. jêr pama wong gawe tampah | anaman lan jêjêtnèki | tanapi wêwêngkunira | lamun tan santosa yêkti | nora kêna kinardi | wêwadhah niwasi tamtu | dhuh kulup putraningwang | sun iki bangêt kawatir |

--- 190 ---

yèn tinggala kaprabon marang ing sira ||

2. jatine durung pracaya | marmèngsun mandhêg tumolih | yèn ora ngowahi sira | salir tingkahira kaki | hèh babo putra mami | angèl prakara praja gung | akèh liring narendra | minôngka badaling Widi | wiwit enjing kang putra tansah ngandikan ||

3. ngantya lingsir dènnya mulang | anèng panêpèn donnèki | winangun ing nitipraja | tanapi panitisurti | jayalêngkara tuwin | asthabrata lakunipun | ingkang kinarya wulang | nitisurti wanti-wanti | nisthanira narendra myang madyanira ||

4. tanapi utamanira | kang putra mangèsmu tangis | tampi wêwulanging rama | tan kawêdal ing panggalih | anarka yèn rama ji | mèh puput ing yuswanipun | kang putra nêmbah mêdal | sapraptanira ing jawi | laju kondur ing kadipatyan wus prapta ||

5. ya ta ing alama-lama | samana agênti warsi | sri narendra nandhang gêrah | kantaka ing sabên ari | sampun karsaning Widi | gêrahira sang aprabu | tan kêna ingusadan | tinakdir prapta ing jangji | sedanira ing Sabtu Kliwon kang côndra ||

6. Jumadilakhir Alipnya | surup surya ingkang wanci | tiga likur punang tanggal | sêngkalanira winarni | ardi dwi ngrasa tunggilSengkalan: ardi dwi ngrasa tunggil (Sabtu Kliwon, 23 Jumadilakhir 1627 A.J., Minggu, 4 November 1703 A.D.). | otêr sajroning praja gung | jro pura tangis gumrah | Jêng Pangeran Adipati | angêrigi sawadyanira sadaya ||

7. samêkta gêgamanira | baris anèng srimanganti | pratiwa ing jro sadaya [sada...]

--- 191 ---

[...ya] | samya malêbêt ing puri | layon wus dèn sirami | jinunjung mring jro kadhatun | Kangjêng Ratu Kancana | nungkêmi layoning laki | Ratu Kulon lan Kangjêng Pangran Dipatya ||

8. myang wayah samya nèng dagan | sampun kinafanan aris | pinrênah ing ujurira | layone sri narapati | gumrah swaraning tangis | jro pura ambata rubuh | abdi dalêm kaparak | baris ngubêngi capuri | kunêng dalu samana wuwusên enjang ||

9. Jêng Gusti Pangran Dipatya | nèng kori sapisan nênggih | sanega sagunging wadya | pêpak anèng srimanganti | sagêgamaning jurit | Pangeran Dipati laju | pinarak ing pregolan | ya ta kawarnaa jawi | kang wadya gung gumuruh ing swaranira ||

10. prawira nung-anung samya | aglar anèng pôncaniti | prasami saos ing karya | pasisir môncanagari | nèng panangkilan mêrgil | tanapi pangran katêlu | matur Ki Sumabrata | mring Kangjêng Pangran Dipati | gusti rama paduka katiganira ||

11. yun wikan layoning raka | Pangran Pugêr lawan ari | Pangeran Arya Mataram | Panular katiganèki | ngling Pangran Adipati | sakarêp malbu kadhatun | ayun wruh kadangira | Sumabrata nulya mijil | sampun kèring wau pangeran katiga ||

12. Pangeran Pugêr nèng têngah | Pangeran Arya Matawis | kinanthi mungguh ing kanan | Pangran Panular kinanthi | mungguh ing asta kering | sapraptanirèng kadhatun | wau Kangjêng Pangeran [Pange...]

--- 192 ---

[...ran] | Adipati lênggah maksih | paregolan ingkang paman katiganya ||

13. ingaturan alajênga | malêbêt sajroning puri | ayun wrin layoning raka | prapta sami anungkêmi | ing pada pangran kalih | Pangeran Arya Matarum | lawan Pangran Panular | kanan kering pada aji | Pangran Pugêr anungkêmi palanangan ||

14. ya ta kalamnya sang nata | angadêg kadi duk urip | mangsanya arsa asmara | lan pawèstri nèng jinêmrik | Pangran Pugêr ningali | ebat ing driya mangungun | paningalnya pangeran | pucuking kalam kaèksi | cahya mancur nêlahi lamun sinawang ||

15. samrica binubut gêngnya | saksana cinêcêp aglis | icaling cahya samrica | kalam rêbah tanpa mosik | wus karsaning Hyang Widi | nurbuat ngalih gonipun | marang ing kapugêran | pangran kalih tan udani | pasthining Hyang Pangran Pugêr waris nata ||

16. kang mêngku rat nusa Jawa | putra Jêng Pangran Dipati | yèn kongsi madêg narendra | amung wêwêla puniki | mangkana pangran katri | saksana sarêng umêtu | wus praptèng panangkilan | layon binudhalkên aglis | kori kidul wêdale layon narendra ||

17. sinarèkkên layon nata | inggih anèng ing Magiri | kang dhèrèk layon narendra | pra mantri gêdhong tanapi | Ratu Kancana nênggih | ambêkta reyale sèwu | kaskayane sang nata | Radèn Surya kang tinuding | kang

--- 193 ---

dhèrèkkên ing marga datan winarna ||

18. ya ta malih kawarnaa | Jêng Pangeran Adipati | animbali Sumabrata | sampun prapta munggèng ngarsi | Jêng Pangran Adipati | alon pangandikanipun | hèh paran karêpira | ingsun madêg narapati | Sumabrata manêmbah alon turira ||

19. punapa botên sung pirsa | pukulun dhatêng Kumpêni | ing sedanira sang nata | kalawan sung pirsa malih | paduka madêg aji | Pangran Dipati nabda rum | besuk bae sawusnya | manira umadêg aji | asung wikan samêngko ingsun tan arsa ||

20. yèn ingsun paringa pirsa | iya marang ing Kumpêni | apa ta ingsun kabawah | andadak paring udani | apa tan bisa mami | pribadi jumênêng ratu | lah wis sira mêtua | waraha punggawa sami | pra nayaka aja na mulih samoa ||

21. ingsun lagi abusana | Sumabrata nêmbah mijil | Pangran Dipati siyaga | wadya kaparak sakalir | sampun prasami mijil | wus tata panggenanipun | tan kaliru prênahnya | santana myang pra dipati | prawira nung pasisir môncanagara ||

22. pêpak prasami sewaka | andhèr anèng pôncaniti | jêjêl pênuh tan petungan | pangulu kêtib lan modin | suranatandhèr sami | pra khaji pêpak sadarum | Pangeran Sarip prapta | gurune sang nata swargi | saking Arab asale Sarip punika ||

23. duk nalika rawuhira | sinobya [sino...]

--- 194 ---

[...bya] dipun kurmati | sarêng nyalatkên wus bakda | lajêng mring nangkilan nuli | Suranata sapalih | lawan kêtib modinipun | ngiring layon narendra | dhatêng astana Magiri | ingkang kantun sadaya samya sewaka ||

24. wong dalêm kinèn ngumpula | de Kangjêng Pangran Dipati | sagung kang ampil-ampilan | angumpul tan na kang kari | Pangran Dipati mijil | Jêng Pangran Pugêr umêthuk | mungguhing sitibêntar | tundhuk sang narendra siwi | kèndêl anèng sitinggil bale witana ||

25. jêng pangran matur ing paman | kularsa umadêg aji | idi jumurunge paman | ing kaprabon kula mangkin | Pangran Pugêr turnya ris | sandika kula jumurung | saksana jêng pangeran | tumêdhak saking sitinggil | mring paglaran jêng pangeran nulya lênggah ||

26. mungguh ing dhampar kancana | upacara ngapit-apit | lir ngadat ing kuna-kuna | tan ana kalong sawiji | Pangran Pugêr tumuli | jumênêng wurining sunu | asru dènnya ngandika | mangkana sabdanirèki | hèh sakèhe punggawa ing Kartasura ||

27. gung alit para niyaka | môncanagara pasisir | padha èstokna sadaya | sutèng ulun Sang Dipati | ngong junjung madêg aji | sadaya asaur manuk | Dyan Patih Sumabrata | sugal pangucapnya wêngis | Pangran Pugêr dene dika pindho karya ||

28. ampun kêdah dika angkat | anggèr Pangeran Dipati | dhasare putra narendra | sagêd jumênêng pribadi [priba...]

--- 195 ---

[...di] | Pangran Pugêr duk myarsi | sakalangkung merangipun | kadya tan mulat janma | Pangran Surabaya angling | dene kaya bocah ana ing pangonan ||

29. dudu pangucap punggawa | tan patut pangucap patih | pantês pangucaping kumpra | Dipati Sampang nambungi | wus ngadating nagari | ing uni-uni sadarum | praja kuna Mataram | kula myarsa tuturnèki | wirayate lamun seda sri narendra ||

30. putraning nata gumantya | santana tuwa kang kari | kang junjung adêging nata | wus lêluri ing Matawis | Sumabrata miyarsi | kalangkung sakit tyasipun | mring dipati kalihnya | ananging datan kawijil | kang umiyat sami êmar ing wardaya ||

31. Sumabrata dyan sumêmbah | ing pada sri narapati | gantya kang para dipatya | sadaya sami ngabêkti | tuwin môncanagari | prasami angaras suku | amung Dipati Sampang | tanapi ing Surawèsthi | Pangran Pugêr ing wuri asêsalaman ||

43. Pangkur

1. wus purna kang ngaras pada | nulya jêngkar kondur sri narapati | ginarêbêg ing pra arum | wus prapta ing jro pura | sakathahe wong dalêm prasami mêthuk | atarap anèng kadhatyan | dyan pinarak sri bupati ||

2. munggèng dalêm prabayêksa | ibu Ratu Kulon dipun aturi | tan antara dangu rawuh | sang nata angandika | mring sakathahe wong ing dalêm kadhatun | padha sira piyarsakna | ing samêngko dhawuh [dha...]

--- 196 ---

[...wuh] mami ||

3. jêng ibu Ratu Pascima | ingsun êlih Ratu Gêdhe wêwangi | sampun misuwur kang dhawuh | Ratu Kulon samangkya | ngêlih nama Ratu Agêng ajêjuluk | sang nata malih ngandika | mring abdi dalêm pawèstri ||

4. dhawuhe ingkang timbalan | bocah wadon dhawuhna sabda mami | mring Patih Sumabratèku | dhawuh ingsun supaya | dhinawuhna mring pra bupati sadarum | aja na kang kaliwatan | sagunging para bupati ||

5. padha amakajangana | pitung dina ngastananing rama ji | yèn wus bubara sadarum | duta nata gya mentar | saking pura praptèng jawi sampun pangguh | lan Ki Patih Sumabrata | dhinawuhkên sabda aji ||

6. sandika Ki Sumabrata | sigra undhang mring sagung pra bupati | kunênga ri Soma nuju | tinangkil sri narendra | para abdi tan kaliru prênahipun | umanggèn asowang-sowang | wadya duk sang nata swargi ||

7. sang nata munggèng dhêdhampar | angandika marang rêkyana patih | hèh Si Soda ingsun junjung | lungguhe saking ngandhap | apan ingsun sêngkakakên ing aruhur | iku sun karya wadana | mêdanani wong panumping ||

8. lawan sun paringi aran | Si Mandurarêja aranirèki | Sumabrata nêmbah matur | jumurung karsa nata | wontên malih abdi kadipatènipun | nênggih paranakan Cina | asal saking ing Sêmawis ||

9. sangêt dènnya kinasihan | pan inganggêp [inganggê...]

--- 197 ---

[...p] dening sri narapati | ingakên sudara tuhu | aran pun Pusparaga | sutanira Radèn Pusparana dangu | pratandhaning kinasihan | dènira sri narapati ||

10. yèka kinulawisuda | pan kinarya sêntana sinung linggih | lungguhe ngrèhkên wong sèwu | tigang atus sinung ran | Ki Tumênggung Jayaningrat kang jêjuluk | dhinahar saaturira | ingapura dosa pati ||

11. malih sang nata ngandika | Sumabrata sira wèha upaksi | marang Si Kumêndur Sêlut | Driyansah ing Japara | lawan marang Si Kapitan Kênolipun | lamun kangjêng rama seda | ingsun kang jumênêng aji ||

12. ingkang jaga ing Sêmarang | apan isih Si Kênol durung salin | dimèn laju suratipun | maring nagri Jakarta | Ki Dipati Sumabrata nêmbah matur | pukulun gusti sandika | wus matah kaliwon jawi ||

13. kang mundhi surat narendra | lèngsèr saking ngarsa sarya wotsari | sang nata anulya kondur | malêbèng dhatulaya | ginarêbêg sagunging kang para arum | sapraptanirèng jro pura | Sumabrata dèn timbali ||

14. prapta ing ngarsa tur sêmbah | angandika wau sri narapati | bapa matura kang tamtu | gon ingsun madêg nata | sapa baya kang dadi sêsukêr ingsun | tuwin wong atuwaningwang | êndi kang amalanjêri ||

15. umatur Ki Sumabrata | inggih botên wontên karasèng galih | muhung satunggal pukulun | ulun ajrih [a...]

--- 198 ---

[...jrih] munjuka | sri narendra mèsêm angandika arum | iya ingsun wus kaduga | tan ana liyane maning ||

16. mung paman ing kapugêran | nanging ewuh iya panduga mami | yèn putrane misih ingsun | wêngku anèng jro pura | kaya nora kalakon salah ing kalbu | Ki Sumabrata anêmbah | adhuh gusti yèn suwawi ||

17. manawi rama paduka | lepyèng sunu dènnya amrih nagari | abantên atmajanipun | suta ingkang kinarya | ing pangulah sandi upaya mrih unggul | gusti tyang arêbat praja | tan anggalih atmajèstri ||

18. dilalah gampil ing driya | sri narendra kakênan turing patih | pangudasmaraning kalbu | iya kaya tan cidra | ing ature Ki Sumabrata puniku | pêthèke kaya kalakyan | ing wuri malangatèni ||

19. wagugên sri naradipa | Ki Dipati Sumabrata wus mijil | ya ta samana sang prabu | garwa sang pramèswara | putri kapugêran Radèn Ajêng Impun | winêdalkên saking pura | sampun takdiring Hyang Widi ||

20. tan emut wêlinging rama | pitung ari saking sedane sang sri | radèn ayu mijil sampun | kondur mring kapugêran | ingkang dadya Ratu Kancanèng kadhatun | garwa sing Ngonje sang rêtna | sinêmbah wong sajro puri ||

21. sigêgên sri naranata | amangsuli layon praptèng Magiri | gya sinarèkakên sampun | kang têngga anèng dagan | Kangjêng [Kang...]

--- 199 ---

[...jêng] Ratu Kancana tugur nèng kubur | reyal sèwu môngka sarat | anahlilakên sang aji ||

22. gumrah kaum pajimatan | tigang dalu nèng dagan samya ngaji | kang andhèrèkakên mantuk | mantri gêdhong sadaya | amung Radèn Suryakusuma tan mantuk | kêkuwu anèng Mataram | nêdya ngadêgakên baris ||

23. anèng dhusun Ngenta-enta | graitanya marma tan arsa mulih | arêmbag lan êmbanipun | lawan Radèn Surôngga | radèn tansah ginubêl ngaturan kondur | dhatêng nagri Kartasura | nanging rahadèn tan apti ||

24. rahadèn asru ngandika | lamun kangmas Dipati madêg aji | wus dilalah jagad rêtu | ujêr atine ala | apan dahwèn panastèn ambêke rusuh | lan ibunèku wong ala | dudu wijiling priyayi ||

25. lah iya masa ajêga | madêg ratu amêngku tanah Jawi | wus dilalah uwa prabu | karsane ing Hyang Suksma | lawan putri ing Sumêdhang tan sêsunu | têka anaking wong jagal | mêtoni lanang sawiji ||

26. lan garwa ing Surabaya | lawan garwa Japara tan mêdali | kakang Surôngga sun ngrungu | yèn wijining narendra | tanah Jawa iya iku ingkang mêtu | nadhahi wijining nata | nagara pitung prakawis ||

27. kang dhingin ing Surabaya | lan Madiun ing Dêmak Panaragi | Tuban Pathi Kadilangu | karana iku iya | nadyan adoh lamun trahing Kadilangu | padha [pa...]

--- 200 ---

[...dha] trahing Brawijaya | warising karaton Jawi ||

28. iku ta anak wong jagal | laki ngratu kêkere gawa sêking | patute nèthèli balung | sarta adol walulang | ya dilalah nampuri wijining ratu | kadadianirèng jabang | pêparon jalu lan èstri ||

29. kocap ing dalêm martabat | ingkang saking bapa patang prakawis | kang patang prakaranipun | saking ing Hyang Suksmana | ala bêcik wus pinasthi ing Hyang Agung | pasthining wiji kang ala | duryate ingkang nulari ||

30. lamun dadia narendra | ala bêcik punggawa dèn rujagi | masa ta nganggoa etung | ala bêcik manusa | nadyan silih bêcika punggawanipun | lamun duwe garwa endah | pasthine dèn pangarahi ||

31. apan duk dadi pangeran | wus ginadhang anggêntèni dadya ji | iya suprandene rusuh | tan ngetung yèn ginadhang | dadi nata yèn dèn anggo nora etung | jamak gadhangan narendra | ing solah apik lan rêsik ||

32. tiru wiji saking biyang | asu jagal lawan atine tipis | dudu ati bakal ratu | dhingin kakang Surôngga | ingsun milu pêpara mênyang ing Jaruk | mêtu bêngawan ing Sala | nitih jukung ngong kinanthi ||

44. Kinanthi

1. milire punang pêrau | praptèng Bêton amarêngi | ana ula saking dharat | kumrèsèk lumêbèng kali | kagèt jumbul anèng palwa | kongsi kapêntut bangêti ||

--- 201 ---

2. ulat julalatan payus | lir tinubruk mong tan kêni | atine wong bakal raja | nora kêna tipis-tipis | pasthi yèn ngrusakkên praja | yèn ratu atine tipis ||

3. watak ati tipis iku | parentahe owah gingsir | nora tata nora gatra | jagade pasthi nglabêti | aru-ara têmahira | yèn ratu kandêl tyasnèki ||

4. kukuh tindaking praja gung | ujare wirayat maning | swargi uwa prabu mulang | timbalane wanti-wanti | kinèn atut aruntuta | mring kangbok ingkang kinrami ||

5. prandene tan pinailu | wus têtela karsèng Widi | apêse dadi narendra | sun kakang sêdyambêk pati | ngadêg lumaksanèng yuda | jamak wong rêbut nagari ||

6. lamun tan wania lampus | dudu wong ngrêbut nagari | hèh payo kakang Surôngga | anêlukna wong ing dèsi | sakiwa têngên Mataram | sun arsa umadêg aji ||

7. Mangkurat Mangkubwana gung | panêtêg panatagami | de wau Radèn Surôngga | trahing purubayan nguni | kaipe mring Radèn Surya | ya ta suyud wong Matawis ||

8. wus apratôndha sang bagus | kalamun madêg nrêpati | wong Kêdhu Bagêlèn samya | ingutusan samya prapti | wus karya pura wangunan | alun-alunnya rinakit ||

9. kinarya watanganipun | ingaran garjitawati | wus agêng gêgamanira | sadasèwu winatawis | kathah kang jinunjung [jinu...]

--- 202 ---

[...njung] lênggah | patinggi tanah Matawis ||

10. kèh bêkêl dadi tumênggung | wus karya cucuking baris | punggawa kang baris ngarsa | nèng tangkisan dènnya mrêgil | sami ngirup wong ing desa | sadaya tanah Matawis ||

11. ya ta wau kang winuwus | kangjêng ratu nèng Magiri | munggèng dagane sang nata | atilawat siyang ratri | kêrig kaum pajimatan | mangkya amiyarsa warti ||

12. gègère wong dhusun-dhusun | jêng ratu kabruntak ngili | palayunira mangetan | Gunung Kidul kang dèn jogi | lajêng praptèng Pamasaran | nulya pinêthuk ing abdi ||

13. saking Kartasura cundhuk | lajêng lampahira prapti | ing nagari Kartasura | laju lumêbèng jro puri | sang nata miyarsa warta | Radèn Suryakusumèki ||

14. balela marang sang prabu | karsa bêdhah Kartawani | sang nata kalangkung duka | panarkanira sang aji | radèn kinèn dening rama | Pangran Pugêr kang ngajani ||

15. saksana nimbali gupuh | Sumabrata Kyana Patih | pratiwèng jro ingandikan | andhèr ing ngarsa sang aji | sang nata asru ngandika | paran wartane kang yêkti ||

16. Si Dira balela mring sun | iku sapa kang ngajani | yèn ora pakone paman | masa dadak iku wani | Sumabrata timbalana | paman maring pôncaniti ||

17. lan sagarwa putranipun | kapugêran ywa na kari | kabèh padha bêthèkana | anèng alun-alun mami | aja na ingkang kêrisan [kê...]

--- 203 ---

[...risan] | sipat lanang gêdhe cilik ||

18. kapugêran lurahipun | lêbokna bêthèk ywa kari | kajaba kang para lurah | dimèn padha anèng jawi | nging aja sandhing gêgaman | pêdhang pangot lading sêking ||

19. pra dipati pra tumênggung | môncanagara pasisir | ngalun-alun abarisa | samêkta sikêping jurit | Sumabrata awotsêkar | tanapi sagung bupati ||

20. asarêng dènira mêtu | sapraptanira ing jawi | lêlurah gandhèk dinuta | ing Pangran Pugêr nimbali | kalawan para atmaja | sigra-sigra lampahnèki ||

21. tantara jêng pangran rawuh | lan Sumabrata wus panggih | nèng pôncaniti samana | pêpak kang para dipati | ngubêngi para pratiwa | jêjêl pipit pôncaniti ||

22. Patih Sumabrata dhawuh | timbalan dalêm sang aji | pangeran dika tampia | timbalan putranta aji | kula kinèn amundhuta | dhuwung paduka myang siwi ||

23. pangran sandika srah dhuwung | lawan sagung para siwi | kinèn srah kêris sadaya | Radèn Dipatarunèki | lan Radèn Martataruna | sampun sami asrah kêris ||

24. Radèn Wôngsataruna wus | Sôngka Sudama wus sami | ngaturakên dhuwungira | mung Radèn Ôntawiryèki | dèrèng asrah dhuwungira | jêtung minggu tanpa angling ||

25. sarwi nyikut dhuwungipun | netra manthêlêng macicil | asêmutên jajanira | ngantirah suryanirandik [suryanirandi...]

--- 204 ---

[...k] | obah sagung pra pratiwa | sadaya maras ing galih ||

26. kang rama ngandika arum | Ôntawirya anak mami | asrahêna kêrisira | iku karsaning nrêpati | sira kulup nora dosa | sanadyan tumêkèng pati ||

27. pati apa kang rinuruh | liyane wong mati sahid | ingsun upatani sira | lamun ora asrah kêris | ajrih Radèn Ôntawirya | ing rama ingkang sabda ris ||

28. sampun asrah dhuwungipun | tuwin ingkang abdi-abdi | Banyakpatra Sêtrajaya | Jiwasuta Jadrêmèki | sampun sami nyrahkên krisnya | Ki Sêtrajaya puniki ||

29. anake Surajayèku | Surajaya wus ngêmasi | sarêng lan Ki Tambakbaya | kantun sutane samangkin | gêntèni lungguhing bapa | duk dadi galadhag nguni ||

30. Sêtrawôngsa aranipun | sawusira dadi patih | Sêtrajaya namanira | wau kathahe kang abdi | pôncalas kang srah kêrisnya | jêng pangran binêthèk nuli ||

31. anèng lor waringin kurung | pasowanira pribadi | lan sagarwa putranira | rawat luh singa ningali | saking tan tahan umulat | kadya non mas kentir ngwarih ||

45. Maskumambang

1. para garwa sadaya sami anangis | miwah para putra | sêsambate mêlasasih | sarya ngusap-usap jaja ||

2. kaniaya bangêt têmên sri bupati | tan nganggo pariksa | rama tinarka ngajani | ing polahe Si Sudira ||

3. nadyan silih atmaja [atma...]

--- 205 ---

[...ja] jêr tan udani | apan wus diwasa | duwe timbangan pribadi | duwe ngumur sowang-sowang ||

4. Pangran Pugêr saksana ngandika aris | wus padha mênênga | tanbuh ingkang dèn tangisi | pan wus karsaning Hyang Suksma ||

5. dèn narima lamun titahing Hyang Widi | yèn sira tan nrima | pasthi duraka mring Widi | kapindho durakèng nata ||

6. ya ta kèndêl tangising garwa myang siwi | ajrih mring pangeran | têmah mingsêk-mingsêk sami | waspa mijil lir turasan ||

7. ingkang ngrêksa wong Kartasura abaris | ngalun-alun aglar | sagunging para dipati | tugur sagêgamanira ||

8. wadya môncanagara lawan pasisir | umyang swaranira | ing alun-alun kang baris | gêgaman tanpa wilangan ||

9. kang tumingal sadaya pan èsmu tangis | wadya kapugêran | nèng jawining bêthèk sami | atêngga ing gustinira ||

10. pirang-pirang dina datan ana bukti | yèn dalu tan nendra | garwa putra sadayèki | pan amung mucang kewala ||

11. Radèn Ayu Impun tumut ngramanèki | sinjang cindhe sêkar | kasmêkan jingga tinêpi | kêbês têlês dening waspa ||

12. dhasar ayu lami tilar dhahar guling | lir layon wratpuspa | rema jêmbrung tan sinuri | muyêk wilis ngôndrawila ||

13. anglir mega nèng tawang angêmu riris | anglong ingkang jaja | mundhak amuwuhi manis | kang netra lindri angraras ||

14. sang rêtna yu panangise lantik-lantik

--- 206 ---

tan pati kapyarsa | | kadyopama kang sundari | kaprawasèng samirana ||

15. kaniaya kakang prabu sun arani | sun sidhêp ragèngwang | madêg ratu milu mukti | mundur têka dipilara ||

16. iya apa dosane jêng rama iki | bok ya dèn apura | wong tan dosa dèn pisakit | dumèh-dumèh dadi nata ||

17. lah ta dene si kakang Sudira ugi | bisa gawe dosa | rama ibu tan tinolih | tingalana kadangira ||

18. sakadang ta rama ibu dèn pisakit | marga saking sira | sirarsa madêg nrêpati | kang kari kawêlasarsa ||

19. apa baya kakang mas nora angipi | lamun kadangira | lan ramèbu dèn bêthèki | apan ginawe tontonan ||

20. Jêng Pangeran Pugêr yèn kalaning ratri | nênêdhèng Hyang Suksma | maladi sêmèdi êning | anêgês karsaning Suksma ||

21. kang amurwèng pandulu pinintan kang sih | kang adarbe sifat | sakawan pinancêr ing ning | kahar kamal jalal jamal ||

22. sampun jumbuh tan ana kawula gusti | ing sak sêrik sirna | ing sabên ari Snèn Kêmis | jêng pangeran akujamas ||

23. siram anèng sajroning bêthekan nênggih | pasrah ing Suksmana | yèn nata karsa nêlasi | ganti ingkang kawuwusa ||

24. Sumabrata samana têgar maripit | jawi pabêthekan | sarya sru dènira angling | kalamun ingsun dadia ||

25. putranira Sri Naranatèng Matawis | sun kêlun sadaya | sajagad ing nusa

--- 207 ---

Jawi | emane dadi wong kumpra ||

26. duk miyarsa Pangeran Pugêr kang angling | datan panon ing rat | maladi sêmèdi êning | lir pendah pêjah alênggah ||

27. ya ta wau sang nata nglampahkên baris | mukul ing Mataram | wong Kartasura sapalih | wong Pamardèn lan Toyamas ||

28. Banyakwidhe kang dadi cucuking baris | senapatinira | Rahadèn Mangun rannèki | nindhihi sagung punggawa ||

29. lan urunan sagunging para dipati | pasisir lan mônca | sami urunan sapalih | abra untabing kang bala ||

30. warna-warna gêgaman dinulu asri | wutah ngara-ara | anglir pendah prawatagni | tan sêdya mundur ing yuda ||

46. Durma

1. kunêng ingkang winarna nagri Mataram | kang umadêg nrêpati | pan sampun miyarsa | yèn kang rama pinlara | binêthèk sagarwa siwi | Radèn Sudira | kalangkung dènnya runtik ||

2. lawan malih miyarsa gêgaman prapta | saking ing Kartawani | pangiriding lampah | Banyakwidhe saksana | Prabu Tiron prentah aglis | bodholkên wadya | pangiridirèng baris ||

3. Dyan Surôngga lan Tumênggung Amongpraja | gumrah wadya Matawis | praptèng Parambanan | anglarug lampahira | ing Tangkisan sampun prapti | kang wadyabala | Kartasura nulya glis ||

4. atêngara budhalakên barisira | ing Gondhang sampun prapti | wus ayun-ayunan | tata-tata gêgaman | rinakit gêlaring

--- 208 ---

jurit | wadya Madura | tuwin môncanagari ||

5. sarêng nêmpuh wadyabala Kartasura | lawan wadya Matawis | rame dènnya yuda | swaranya kadya gêlap | wong Kartasura bêdhili | wadya Mataram | tadhah datan gumingsir ||

6. pangawate wadya Kartasura dhadhal | Banyakwidhe ngawaki | lan santananira | satus kadi tan kirang | dadya panganjuring jurit | wong Kartasura | ing wuri kathah prapti ||

7. binendrong ing sanjata wadya Mataram | nanging datan gumingsir | Kyai Amongpraja | lawan Radèn Surôngga | sampun manêngah ing jurit | wong Kartasura | saya kathah ngêbyuki ||

8. iya pira kadare bala Mataram | binendrong dening bêdhil | dhadhal barisira | saking kathahên lawan | kathah longe angêmasi | larud suh sirna | mawut tan môngga pulih ||

9. sêdyanira sami ngungsi gustinira | ing wawar sampun prapti | ya ta kawarnaa | sira sang madêg nata | myarsa yèn wadya kalindhih | kalangkung duka | karsa ngawaki jurit ||

10. kinambilan turôngga pun samirana | busana wus rinakit | sigra nitih kuda | ingayap dening bala | Sang Prabu Tiron sêsirig | wadya sumahab | kang ajrih wani malih ||

11. ingkang buru wadya Kartasura dhadhal | sigra campuh ing jurit | wadya ing Mataram | ngamuk karoban lawan | wus sumingkir nganan ngering | wênèh wurinya | Radèn Sudira aglis ||

12. ginarêbêg [ginarêbê...]

--- 209 ---

[...g] ing wadya nêngah ngayuda | wong Kartasura uning | yèn sang madêg nata | mangsah ing adilaga | wadya lêksan ingkang pinrih | bala kewala | kang têbih saking gusti ||

13. lir wong ulung-ulungan endhang dènnya prang | mubêng wadya Matawis | ngungsi gustinira | yèn umangsah gustinya | wong Kartasura angisis | angering nganan | anakêt ing wadya lit ||

14. sadangunya mangkana nulya katungka | wontên bêbantu prapti | saking Kartasura | Pangeran Pringgalaya | lawan wadana kêkalih | Ki Mangkuyuda | tuwin Natayudèki ||

15. wus sakawan ari dènira lumampah | praptèng nagri Matawis | lajêng napung yuda | wadyabala Mataram | ngurugan busur jêmparing | lawan gudebag | kèh sanjata mêlingi ||

16. kadya gunturing arga kang kalantaka | sênapan bêstrong krêbin | lan sanjata lanang | bingung wadya Mataram | pêtêng kukus anglimputi | wadya Mataram | kathah kang tilar gusti ||

17. Radèn Suryakusuma panggah ing yuda | kudanya kongsi brindhil | songsonge wus rêbah | ajur kênèng sanjata | watara ingkang angiring | mung kari swidak | lawan êmban kêkalih ||

18. tandangnya dyan lir pendah Janakaputra | duk kinarubut jurit | ing Sata Korawa | rênyuh madyaning rana | Radèn Surôngga tanapi | ban Amongpraja | umatur sarwi nangis ||

19. dhuh gustiku suwawi gingsir sing rana | ing yuda

--- 210 ---

tan kawawi | wadya sampun risak | sintên ingabên yuda | sarwi nyêpêngi kêndhali- | nira ing kuda | kalihe sami nangis ||

20. Radèn Suryakusuma angrês ing driya | sigra ngingêr turanggi | lumaywa sabala | sakantune kang pêjah | wadya Kartasura ngungsir | saking kadohan | sami amêmanuki ||

21. wus anabrang Paraga sira rahadyan | Barabudhur dèn jogi | wadya Kartasura | mandhêg wetan Paraga | prasami apacak baris | kang ngungsir lampah | amung kang para mantri ||

22. kawarnaa sang prabu ing Kartasura | nimbali kyana patih | lan kapat punggawa | Surtani Wirarêja | Wiraguna Mangunagri | nata ngandika | hèh kayaparan patih ||

23. aprakara kalilipe netraningwang | durung lêga tyas mami | yèn ora wus sirna | umatur Sumabrata | dhuh gusti sri narapati | sintên kang môngga | tumanduk anyedani ||

24. walatipun sintên kang kawawi nôngga | dados rêngkaning bumi | nambung Wirarêja | kalawan Wiraguna | upami arak sakopi | yèn inginuma | wong siji angêndêmi ||

25. yèn inginum wong kathah pasthine tawa | ngandika sri bupati | bênêr iku iya | wong akèh kang ngrubuta | Sumabrata matur aris | langkung ing karsa | pukulun sri bupati ||

26. lagya eca ngandika sri naranata | kasaru duta prapti | saking pabarisan | kalamun unggul ing prang | langkung trustha sri bupati | saparanira | binujunga [binu...]

--- 211 ---

[...junga] dèn kêni ||

27. gya tinulak duta pinaringan sêrat | sang nata sinung eling | ture Sumabrata | punika kang dhinahar | lêhêng linuwaran gusti | rama paduka | bupati matur sami ||

28. dene sampun arinta Radèn Sudira | kasoran ing ajurit | sang nata ngandika | lah iya luwarana | pundhutên ujare yêkti | yèn ngajanana | pan ingsun salah kapti ||

29. sigra mêdal Kyana Patih Sumabrata | pra bupati umiring | praptèng pabêthekan | pangran wus linuwaran | myang saputra garwanèki | wus sinupatan | yèn ngajanana siwi ||

30. lawan malih dhinawuhkên sabda nata | jêng pangran kinèn ngalih | cêlak pangurakan | ya ta sagung dipatya | bubar dènnya tugur baris | datan winarna | lami andhandhanggêndhis ||

47. Dhandhanggula

1. datatita lingira ing uni | kawuwusa nagri Batawiah | duk kala sêrat dhatênge | saking Kumêndur Sêlut | Andriyansah ingkang lêloji | ing nagari Japara | angaturi wêruh | yèn Sang Prabu Kartasura | kondur dhatêng rahmatullah putranèki | mangkya wus madêg nata ||

2. tan amawi sung wrin ing Kumpêni | dènnya sung wrin wuse madêg nata | tan ngluluskên lir ramane | para ratpêni kumpul | ing ngarsane gurnadur sami | Jêndral Hirpèk Husdiman | munggèng kantor agung | wus dadya punang bicara | tuhu cidra kang putra Rajèng Matawis | nata [na...]

--- 212 ---

[...ta] ing Kartasura ||

3. dadya amrih dursila ing batin | wus arêmbag ratpêni sadaya | tinênung bae karsane | ya ta wus angsal tênung | têlas sarat limalas kêthi | reyal tênung punika | tate makan ratu | kang tênung wus lumaksana | rupa janma awake saprau kunthing | suku gêng pitu cêngkal ||

4. rambut gimbal lamun winatawis | rinêmbata wong papat kabotan | pan sampun lêpas lampahe | ing Kartasura rawuh | anyiluman awor lan angin | anjujug jroning pura | wanci têngah dalu | nuju sirêp wong jro pura | pan pinarêng sang nata ing dalu mijil | nèng natar prabayêksa ||

5. punang tênung miyat ing sang aji | nulya anjlog saking jumantara | anjanggêlêg ing ngarsane | sang nata kagyat dulu | umêngkarag griwanirèki | gumêtêr sriranira | tantara nulyemut | anyana yèn kalangêna- | nira Panêmbahan Senapati nguni | mari mêngkaragira ||

6. angandika sira sun takoni | apa sira ya Si Juru Taman | kagila-gila gêdhene | punang tênung sumaur | dudu Juru Taman sun iki | ingsun tênung Walônda | sapa dadi ratu | kang mêngku rat nusa Jawa | baya sira susunan gugup nauri | dharodhog sriranira ||

7. dudu ingsun kang umadêg aji | apan iya prênah paman ingwang | angalora ngetan kene | iku kang madêg ratu | kapugêran dalêmirèki | punang tênung gya kesah | ngalèr [nga...]

--- 213 ---

[...lèr] purugipun | anyiluman lampahira | jêng susunan samana lêga kang galih | marasira wus sirna ||

8. ya ta tênung samana wus prapti | kapugêran jujug palataran | anuju latar panêpèn | pangran nuju têturuh | kagyat sira sarêng ningali | ing janma nora kaprah | wus graitèng kalbu | anarka dudu manusa | Pangran Pugêr matak donga sèpi angin | wusira gya tinanya ||

9. sira iki setan apa êjin | dene gêdhemu kagila-gila | punang tênung lon saure | pan ingsun iki tênung | êndi ingkang dadi nrêpati | pangeran angandika | takon ratuningsun | iya apa sêdyanira | ing kadhaton ênggone narendra mami | punang tênung sru ngucap ||

10. hèh sun mau têka ing jro puri | ana uwong kang nêmoni mringwang | abagus kuning dhasare | atutur marang ingsun | yèn ratune ana ing riki | apan kaprênah paman | lawan kang atutur | pangeran mèsêm miyarsa | insa Allah ingsun kang dadya nrêpati | mêngku rat nusa Jawa ||

11. apa sêdyanira praptèng riki | punang tênung alon saurira | sêdyèngsun prapta ing kene | pan ana kang angutus | tandhing sêkti myang Ratu Jawi | yèn ratune wus kalah | palastra dening sun | sun tumpês wong nusa Jawa | wadyaningsun kang padhèngsun kon numpêsi | kabèh manusa Jawa ||

12. jêng pangeran mèsêm ngandika ris | lah ta payo sira têkakêna [têkakê...]

--- 214 ---

[...na] | lêlêmbut yun salah gawe | ya ta sang mundhyèng kawruh | matak donga têracak sathit | kalawan donga basmah | myang bala sarèwu | sèpi gêni wus winatak | punang tênung ngalumpruk sarira cilik | kajuwêtan tanpojar ||

13. pan gumêtêr netrane mucicil | kajuwat-kajuwêt tanpa nabda | pangran alon timbalane | wus kalah sira iku | lah lungaa saka ing riki | balia mring prajanta | aja gawe rêtu | yèn sira norenggal lunga | apa nganti sira sun dulangi tai | taine khewan lingsang ||

14. nuli sira lungaa dèn aglis | anuruta ing Kêndhêng prawata | muliha mring sabrang age | ywa sira ganggu-ganggu | nèng dêdalan marang wong cilik | kabèh pan duwèk ingwang | ing Jawa sawêgung | kang tênung sigra umêsat | ngalor ngetan gunung Kêndhêng dèn margani | kathah wong kênèng rumab ||

15. ya ta pangran minggah ing panêpin | kawarnaa wau sri narendra | duk sampun natas rinane | nimbali patihipun | Sumabrata wus praptèng puri | cundhuk saha tur sêmbah | mangusapi lêbu | ing suku sang naradipa | sri narendra mèsêm angandika aris | hèh bapa Sumabrata ||

16. utusana amariksa aglis | mring dalême paman ing pugêran | alakua sandi bae | manawa gêrah iku | lan orane karuhna aglis | manêmbah Sumabrata | mêdal sigra ngutus | anuksma ing kapugêran | tan adangu kang ingutus sampun prapti [pra...]

--- 215 ---

[...pti] | katur ing sri narendra ||

17. lamun ingkang paman datan sakit | nora beda lawan saban-saban | sang nateram ing jro tyase | wau ta kang winuwus | Ki Tumênggung Dêmak ngêmasi | katur mring sri narendra | sutanya têtêlu | Mas Malat ingkang atuwa | Ki Mas Amad punika panênggaknèki | kang anèm Bagus Katam ||

18. tiga pisan ginêntoskên sami | nagri Dêmak pan pinara tiga | ingkang sêpuh kêkasihe | Suranata Tumênggung | lênggahira ingkang winarni | kang panênggak ingaran | Padmanagarèku | wuragil Martanagara | lawan wontên tilarane kyai patih | Ki Arya Sindurêja ||

19. namanira Ki Mas Bagus Grêsit | yèka arinira Radèn Sukra | sampun jinunjung linggihe | sinung aran tumênggung | ran Tumênggung Sindurja nênggih | ya ta putra sri nata | wau ingkang sêpuh | Pangran Buminata seda | putra kalih panênggak lan Radèn Alit | samya sinungan nama ||

20. dyan mas panênggak sinung wêwangi | nama Pangeran Mangkunagara | Radèn Mas Alit namane | Mangkuningrat jêjuluk | apan sami sinungan linggih | sami anigang sasra | santana winuwus | Rahadèn Ônggadimêja | sinung nama Pangeran Balitar nênggih | kang rayi Têpasana ||

21. kawuwusa sampun satus ari | sedanira sinuhun kang swarga | jro pura arsa mêmule | satus ari sang prabu | garwanira para dipati | samya malêbèng pura | tan ana kang kantun | pasisir môncanagara | pan [pa...]

--- 216 ---

[...n] sadaya garwane malêbèng puri | asipêng ing jro pura ||

22. wontên garwanira Adipati | Cakraningrat garwa ingkang mudha | kalangkung endah warnane | namanira sang ayu | arum-arum Dyah Pakuwati | gandês raga karana | tinon gandrung-gandrung | kauningan ing sang nata | ingapusan dhatêng pajungutan sang sri | wau Dyan Ayu Sampang ||

23. praptèng pajungutan nabda sang sri | bibi dipun kapara ing ngarsa | kula yun takon yêktine | napa sampun sêsunu | patutan lan paman dipati | matur Dyan Ayu Sampang | dèrèng darbe sunu | sang nata malih ngandika | kalingane si bibi misih kênya di | pantês dhukun utama ||

24. kula bibi sampun tigang ari | gêrah puyêng mangke dèrèng waras | kula nyuraya wiyose | dika gêcêl dèn gupuh | duk miyarsa Dyah Pakuwati | graita jroning nala | mingsêr lungguhipun | manêmbah arsa umêdal | sri narendra nyandhak astanira aglis | pan sarwi angrêrêpa ||

25. adhuh gusti aywa dika mijil | dadi apa babo kang tinilar | pasthi yèn salah kadadèn | lah mara mirah ingsun | pêparinga têtômba brangti | kawula ngèstupada | mring sang dewaning rum | sang rêtna arsa ingêmban | nyêndhal sinjang sang nata maksih ngukuhi | sang dyah apulintiran ||

26. uculêna kawula sang aji | inggih masa kiranga wanudya | ingkang nglangkungi warnane | saking kula pukulun | pan kawula wong Sampang

--- 217 ---

yêkti | sapala pininginan | awon têmahipun | angagêm somahing bala | sri narendra saya sru dènnya nyêpêngi | rinangkul jangganira ||

27. iya pira kuwating pawèstri | sinêmbadan dhumatêng ing priya | sayêkti kawon rosane | sang dyah ayu kapoyuh | anêlêsi kampuh nrêpati | nanging tan nêdya ginggang | wau sang aprabu | sinarèkakên sang rêtna | wêntis kalih apan ta sampun katitih | wastra sampun kalingkab ||

28. Sang Dyah Ayu Pakuwati nangis | sarwi nyakot bojane sang nata | nora rinasa larane | radèn ayu umuwus | baya iki dudu nrêpati | solahe lir wong kumpra | mêksa wong tan ayun | sang rêtna ngoso ing solah | pamrihira sande karsaning nrêpati | pan sarwi garonjalan ||

29. sarya jêjak jajane sang aji | wêntisira katingal gumêbyar | lir bêngle kèris kuninge | sang nata saya sêngkud | sinungkêman wêntisirèki | sang rêtna aturira | adhuh sang sinuhun | pukulun ratu punapa | dadak arsa lumêbu ing wêtêng malih | tur wêtênge wong liya ||

30. sampun sangêt-sangêt sri bupati | botên ilok anyuda laksana | ngapêsakên dêrajate | têka akalung pupu | kadya dede tingkah nrêpati | kangmas Dipati Sampang | iku dudu ratu | suprandene yèn cumbana | ngirih-irih tan kadi dika puniki | dènira mrih asmara ||

48. Asmaradana

1. nabda wulangun ngong bibi [bi...]

--- 218 ---

[...bi] | lamun ta paman dipatya | jaluka ijol-ijole | kabèh wong ing sajro pura | sun uwèhakên paman | marêm mring siji sirèku | baya ingsun suduk jiwa ||

2. yèn durunga akaronsih | gusti lawan jêngandika | sang dyah mèsêm sru gruwêke | lah ta iki basakêna | têka ana narendra | pupwèngsun roro pinikul | ya masa ngong kuwalata ||

3. ujêr karsane pribadi | kudu mikul pupuningwang | pan ora ngajani ingong | pupu anggung sinungkêman | sarta ingaras-aras | baya lali jênêngipun | narendra mêngku rat Jawa ||

4. sang nata nêkakkên kapti | nandukkên warastranira | tumanduk senapatine | ngamuk ngrabasa ing pura | puraning nagri Sampang | ngêsuk tan tolèh ing pungkur | ngantya praptèng kandhasira ||

5. kasok dènira ajurit | sang rêtna anulya mêdal | sing gupit pajungutane | laju mantuk sang kusuma | sarwi angêmu waspa | pangran lagya nguwêt puyuh | kagyat praptane kang garwa ||

6. puyuh kinurungan aglis | nulya tumutur ing garwa | têtanya apa karane | sirèku angêmu waspa | garwa matur pasaja | pangran asru wuwusipun | babo mirah ingsun sira ||

7. pagene culikèng rêsmi | sang dyah tumungkul karuna | pêgat-pêgat pamuwuse | winisesa mring sang nata | wadon pintên kuwatnya | Pangeran Sampang duk ngrungu | umadêg suraning nala ||

8. sarya sru dènira

--- 219 ---

angling | baya wus karsaning Suksma | dahuru jênênging katong | mundur karya ewan-ewan | dene ta durung pira | kang suwargi wulangipun | ilang nora kalabêtan ||

9. wadya dulangmangap sami | kalihe wus tinimbalan | kajawi para mantrine | samya prakosèng ayuda | sadaya para lurah | kang dhingini praptanipun | karsanira Pangran Sampang ||

10. sun mangrurah jroning puri | tan panon rat indhêpira | anging dangu-dangu sarèh | angrasa lamun kawula | lilih ing krodhanira | Ki Tumênggung Surèngkewuh | nulya wau ingaturan ||

11. tan adangu sampun prapti | angling Sang Dipati Sampang | samêngko paran wartane | kakang nagri Surabaya | Ki Jangrana aturnya | karsanipun sang aprabu | pinara kalih badhenya ||

12. Dipati Sampang ngling malih | hèh ta kakang aywa corah | ing samêngko awak ingong | sumêdyarsa malik tingal | de nata calunthangan | payo kakang yèn panuju | padha seba ing pugêran ||

13. iku kang patut dadya ji | amêngku rat tanah Jawa | budyalus paramartèng rèh | budiman tur ambêk darma | Ki Jangrana sumarah | sigra lumampah ing dalu | sampun praptèng kapugêran ||

14. wau adipati kalih | sampun sami ingacaran | pinanggihan ing panêpèn | Jêng Pangran Pugêr ngandika | adhi kadingarenan | dene têka dalu-dalu | baya ana karsanira ||

15. Dipati

--- 220 ---

Sampang wotsari | dhuh kangmas atur kawula | inggih paduka samangke | karsaa angrêbat pura | tuwan madêga nata | ingkang dadya bau suku | gêdhig manggalaning yuda ||

16. kula ingkang anyagahi | lan pun kakang Surabaya | nênggih kang dados pamuke | mangrurah ing mungsuh sura | lêbura wor pratala | yèn wontên pangajanipun | ing kangmas mangke lumampah ||

17. ngobrak-abrik sining puri | lan pun kakang Surabaya | Pangran Pugêr sru gujênge | dene ta kang ora-ora | adhi sira wicara | duraka ingkang tinêmu | wong balela ing narendra ||

18. ratu badaling Hyang Widi | pun kakang ora anêdya | angêndhiha ing kaprabon | ngong suka momong kewala | Dipati Sampang nêmbah | inggih ta lamun sang prabu | ngluluskên wêling kang swarga ||

19. wêlingipun kang suwargi | ing uni raka paduka | wanti-wanti pitungkase | tan kalilan anyakitna | dhatêng galih paduka | atanapi manah ulun | mangke têmah siya-siya ||

20. pun kakang ing Surawèsthi | pituwin Rôngga Sêmarang | badhe pinalih lênggahe | paduka lawan kawula | kinarya cacah-cucah | mila sampun sêdhêngipun | wong ala winalês ala ||

21. sok ugi sampun miwiti | utang wirang nyaur wirang | pangeran putêk galihe | ginubêl Dipati Sampang | kalawan Surabaya | kêdah ingadêgkên ratu | têmah obah kang wardaya ||

22. saksana ngandika [nga...]

--- 221 ---

[...ndika] aris | yayi mas sira muliha | mêngko-mêngko sun pikire | ing besuk sira balia | sigra Dipati Sampang | lan Dipati Surèngkewuh | sami lèngsèr saking ngarsa ||

23. sampun mêdal saking kori | ya ta ganti winursita | nagari Sêmarang mangke | Ki Rôngga Yudanagara | manahnya langkung susah | myarsa kalamun sang prabu | darbe abdi kinasihan ||

24. Ki Pusparaga kang nami | sing Sêmarang asalira | sang nata sangêt asihe | wus jinunjung lungguhira | Tumênggung Jayaningrat | anyuwun dados Tumênggung | Sêmarang pinarêng ing tyas ||

25. mila kalangkung prihatin | Ki Rôngga Yudanagara | rêmbag lan para kadange | wus dadi ing gunêmira | sigra nglampahkên duta | kang sarta nawalanipun | maring nagri Kartasura ||

26. mantri ing kitha Sêmawis | awasta Ki Tanpanaha | ingkang kinarya dutane | andêling kitha Sêmarang | Sawunggaling juganya | datan kawarna ing ênu | duta kalih sampun prapta ||

27. ing nagari Kartawani | alaju ing kapugêran | Ki Tanpanaha jujuge | marang Ki Sêtrawijaya | linarapakên sigra | duta kêkalih cumundhuk | mring pangran ngaturkên surat ||

28. tinampan binuka aglis | sinuksma sajro wardaya | punang nawala têmbunge | kawula naoskên sêmbah | Rôngga Yudanagara | konjuk ing pada pukulun | Gusti Pangran Adipatya ||

29. Pugêr kang pinudyèng dasih | kang sudibya ambêk santa | paramarta [para...]

--- 222 ---

[...marta] ing budine | pun Rôngga Yudanagara | kalangkung cumanthaka | awit saking kumapurun | atur surat ing paduka ||

30. wiyose ulun ngaturi | uninga ing jêng paduka | yèn mangke Kapitan Kênol | lan pra Kumpêni sadaya | sami sakit ing manah- | ira tumênggung sang prabu | awit duk jumênêng nata ||

31. tanpa pratelepratela Kumpêni | marma ing mangke prasamya | nunggil pangajêng-ajênge | dhumatêng ing jêng paduka | lolosira sing praja | tumêdhaka sang pukulun | dhatêng ing nagri Sêmarang ||

32. wontên ing riku jêng gusti | paduka ayun ingangkat | jumênêngirèng pamase | dhatêng pra Kumpêni samya | mila amarêngêna | ing panggalih sang pukulun | Kumpêni mrih kinanthia ||

49. Kinanthi

1. titi ing panuksmanipun | surate Rôngga Sêmawis | jêng pangran nulya ngandika | dhatêng kang duta kêkalih | karo sapa aranira | duta kalih awotsari ||

2. pun Tanpanaha pukulun | satunggal pun Sawunggaling | kalihnya nulya ginanjar | reyal pitu wong sawiji | lan sinjang mori sakêbar | jêng pangeran apêparing ||

3. lorodan nyamping lan sabuk | tanapi lorodan klambi | mring Rôngga Yudanangara | sarta wus ngwangsulan tulis | nêmbah lèngsèr saking ngarsa | pangeran emut ing galih ||

4. kang duta ingandhêg sampun | kinèn sami angêntosi | praptane Dipati Sampang | lan Dipati Surawèsthi | ya ta ing ratri

--- 223 ---

kocapa | dipati kêkalih prapti ||

5. lan pangeran sampun pangguh | sêrat kang saking Sêmawis | sinungkên Dipati Sampang | myang Dipati Surawèsthi | kagagas anunggil karsa | samyarsa ngadêgkên aji ||

6. kalangkung sukaning kalbu | ing Sampang Sang Adipati | lan Dipati Surabaya | angraos yèn angsal kanthi | Sawunggaling Tanpanaha | dèn timbali mring dipati ||

7. ing Sampang wusira maju | ngandika sang adipati | karo sapa aranira | wong apa lungguhirèki | umatur kula kabayan- | ira Ki Rôngga Sêmawis ||

8. Sawunggaling wasta ulun | Tanpanaha kang satunggil | pêpatihipun Ki Rôngga | Yudanagarèng Sêmawis | angling Sang Dipati Sampang | aturêna surat mami ||

9. iya marang ing sutèngsun | Yudanagarèng Sêmawis | duta kalih wus ginanjar | pinangadêg lawan malih | pinaringan sangu reyal | sapuluh duta sawiji ||

10. Sang Dipati Surèngkewuh | tumut mangadêg nyangoni | sami lan Dipati Sampang | duta kalih awotsari | mentar sahingsaking ing ngayunan | Tanpanaha Sawunggaling ||

11. kunêng duta kalihipun | ing kapugêran winarni | umatur Dipati Sampang | paran ing karsa puniki | punapa karya wiwitan | Pangran Pugêr ngandika ris ||

12. dhimas mêngko karsaningsun | mring Dêmak ngong madêg aji | Kumpêni tulung prayoga | nora tulung iya bêcik | sok wisa ingsun sung wikan | Sang Dipati Surawèsthi ||

13. manêmbah [ma...]

--- 224 ---

[...nêmbah] alon umatur | ing karsa langkung prayogi | jagad ngingêran punika | Pangeran Sampang turnya ris | ulun ngrumiyini lampah | mantuk mring Madura dhingin ||

14. amêpakakên wadya gung | pun kakang ing Surawèsthi | kantuna nèng Kartasura | amurih sampun katawis | sampun dadya kang rinêmbag | pra lurah pugêran mangkin ||

15. kang samya mirêng ing rêmbug | sadaya suka ing galih | gambirèng tyas madêg sura | angajap têmpuhing jurit | lajêng prasami sadhiya | ananging datan katawis ||

16. sang dipati kalih mundur | saking ngarsa awotsari | lampahira sampun prapta | dalêm kasampangannèki | enjinge Pangeran Sampang | pamit mring rêkyana patih ||

17. sigra-sigra lampahipun | dhatêng dalêmirèng Patih | Sumabrata sapacara | tan adangu sampun prapti | ing dalêm kasumabratan | kagyat Sumabrata mèksi ||

18. agupuh dènira mêthuk | dhatêng pagêlaran panggih | saksana gya ingacaran | kang asta lajêng kinanthi | dening Patih Sumabrata | sampun samya tata linggih ||

19. Pangran Madura lingnya rum | praptaningsun adhi patih | pamitna marang sang nata | sun arsa tilik nagari | alawas sun tan uninga | dungkap kalih taun iki ||

20. manira pan arsa ujung | ing astana kang suwargi | kyana patih aturira | sumôngga sarêngan sami | asowan dhatêng sang nata | ya ta sarêngan sang kalih ||

21. saking kapatihan laju | dhatêng karaton [kara...]

--- 225 ---

[...ton] sang kalih | tan adangu lampahira | ing pasowan sampun prapti | anjujug ing srimangantya | canthèl atur kyana patih ||

22. lajêng konjuk sang aprabu | saksana ngandikan aglis | patih lan Dipati Sampang | sapraptanirèng ngarsa ji | sarêng samya awotsêkar | sang nata ngandika aris ||

23. paman dèn kaparèng ngayun | Dipatyèng Sampang mangarsi | datan kawistarèng netya | lamun angêmu wêwadi | sinawang kalangkung samar | Dipati Sampang turnya ris ||

24. nuwun-nuwun sang aprabu | bilih kaparêng ing galih | kawula anyuwun lilah | badhe dhatêng Sampang nagri | têtuwi ing para kadang | sarta botên lami-lami ||

25. kados kalih wulan amung | kawulenggal wangsul malih | dhatêng nagri Kartasura | sumewa ngarsa sang aji | awit ing manah sandeya | atilar paduka gusti ||

26. rèh maksih enggal sang prabu | tuwan madêg narapati | kawula maksih sumêlang | manawi wontên ngribêdi | pakèwêdipun ing praja | kawula rumaos gusti ||

27. katêmpah bot repotipun | lêga tyasirèng nrêpati | tan wrin yèn lair kewala | ngling paman kula lilani | inggih ampun lawas-lawas | manawi wontên drigami ||

28. bok benjing lamun nênungkul | putranta Sudira nênggih | yèn dèrèng kacêpêng paman | punika amancak galih | milane wau si paman | ampun ngantos lami-lami ||

29. kula drêmi madêg ratu | sêsukêrirèng

--- 226 ---

nagari | abot repoting nagara | sagunge paman kang wajib | wêlinge jêng rama nata | inggih ingkang sampun swargi ||

30. si paman ingkang katêmpuh | Dipati Sampang miyarsi | ngandikane sri narendra | amicara jroning galih | bisa lamis si dubilah | pan sarwi angusap wèni ||

50. Sinom

1. hèh dubilah minasetan | wasis têmên ujar lamis | ciptane Dipati Sampang | kaya anuduka aglis | têmah kasusu batin | supados nuntêna kondur | tyas kadi balêdhosa | nanging sinamun ing wingit | tan kacihna ing solah pasanging netya ||

2. graitanira sang nata | kang paman dèrèng udani | pangudasmaraning driya | mokhal kalamun si bibi | tutura maring laki | duk sun rabasa ing lulut | dhuh bibi mirah ingwang | kang bisa awèh gêng brangti | eman têmên bibi bêkti maring priya ||

3. sang nata sakala lepya | kang lathi pating kajuwit | alon dènira ngandika | sintên ingkang anênggani | dalême paman ngriki | si bibi punapa tumut | ing paman mring Madura | tuwin bibi Pakuwati | napa inggih tumut kesah dhatêng Sampang ||

4. matur Pangeran Madura | inggih sadaya umiring | tan wontên purun tinilar | witne angrepoti margi | dene ingkang nênggani | ing pondhok mantri pêpitu | sang nata angandika | ing pênêd-pênêde ugi | para bibi dèn tilara têngga griya ||

5. bêktaa sêlir kewala | amrih rikate [ri...]

--- 227 ---

[...kate] ing margi | pasthi enggal nuli prapta | dene kang têngga ing riki | malbêta maring puri | sagunging para tumênggung | wadana Kartasura | agilira sabên wêngi | ya ta matur wau Adipati Sampang ||

6. kados tan kenging ingampah | kang bibi sadayanèki | rèhning samyonêng ing praja | sampun lami tan udani | wau sri narapati | wardayanira garuwung | osiking tyas mangkana | adhuh bibi Pakuwati | pasthi ngarang yèn bibi tan nuli prapta ||

7. saksana amundhut reyal | pitung atus sampun prapti | angandika dawêg paman | kinarya patumbas warih | sang nata mamèt galih | ing Pangran Madura wau | pangran wotsêkar mêdal | sapraptanira ing jawi | wadyanira sadaya samya sanega ||

8. budhal Adipati Sampang | umyang swaraning wadya lit | kali Sêmanggi wus prapta | rêmbatan winotan warih | sinigêg kang lumaris | ya ta mangke kang winuwus | sang prabu kari brôngta | mung Dyan Ayu Pakuwati | ka sinambat-sambat paripolahira ||

9. sun têdha nuli têkaa | adhuh bibi Pakuwati | wêlasa mring angganingwang | kang anggung gring brôngta kingkin | tan na kang ngusadani | nadyan isining kadhatun | tan dadi tômba brôngta | lyane bibi Pakuwati | sri narendra kari rangu karungrungan ||

10. malih ingkang winursita | dutane Rôngga Sêmawis | sira Dêmang Tanpanaha | lawan Dêmang Sawunggaling | prapta nagri Sêmawis | punang kintèki [kintè...]

--- 228 ---

[...ki] sung-angsul | katur marang Ki Rôngga | Yudanagarèng Sêmawis | tinupiksa kadriya têmbunging surat ||

11. sinêmbah kintèkinira | Pangeran Sampang ngrujuki | yèn dadya ingkang pirêmbag | Ki Rôngga suka ing galih | dene sampun akanthi | dènnya angadêgkên ratu | Sampang lan Surabaya | prajurit prakoswa luwih | pan wus ilang bêbalunging Kartasura ||

12. sinung lorodan rasukan | Ki Rôngga amundhi-mundhi | wau Adipati Sampang | sapraptanirèng nagari | gêgabah kang prajurit | mantri santana gung-agung | tuwin wong dulangmangap | dinadar ing siyang ratri | kalih èwu prajurit dinulangmangap ||

13. dhomas wadya pêpilihan | cacahe kang para mantri | kalih atus samya sura | akèh simbar jajanèki | kang babrêngos pinuntir | godhèg wok amata tuhu | ingkang brêngos sakilan | ulate ringas ngajrihi | solahira lir gundhala kapanasan ||

14. sêmbada golonganira | aran wong truna tan gingsir | rongatus kulambi abang | rinenda nyatêngah nyari | sami prawirèng jurit | waosira ponthang muput | lurahe ingaranan | Lindhusagara prajurit | olah yuda wong Sampang sadina-dina ||

15. wong truna tan gingsir ika | kalih atus kang nisihi | samya irêng kulambinya | rinenda nyatêngah nyari | tumbak irêng ngajrihi | rongatus pinonthang muput | lurahe ingaranan | Lindhuprahara [Lindhupraha...]

--- 229 ---

[...ra] prajurit | wontên malih rongatus wong trunalanang ||

16. samya kulambi sangkêlat | sora-sari bang angrawit | sami lancingan sangkêlat | rinênda anigang nyari | waos pèlèt sinungging | asisih wong trunalawung | bludru kulambinira | sikêpan sami balênggi | waosira rongatus pinonthang êmas ||

17. lêlurahira santana | aran Radèn Surèngwèsthi | trunalanang sisihira | aran Radèn Surèngpati | wong trunalancap nênggih | asisih wong trunarampung | rongatus golongannya | rongatus pangkat pinilih | sapangkate rongatus salurah-lurah ||

18. binusanan abra muncar | prajurit Sampang ngatyati | kajawi kang para putra | pêpitu kang mawat kardi | putra lêlima nênggih | prajurite nigang èwu | putra ingkang kalihnya | sêpuh lan panênggaknèki | prajurite sami nglimang atus sowang ||

19. apan samya binusanan | sangkêlat abrit myang kuning | ijo biru myang mêmegan | baludru lan sora-sari | mliyo kastop tanapi | kathah kang sondhèr pêpêlung | daragêm podhang-podhang | tuwin cêcêlêpan asri | para putra sondhèr rangrangan toya mas ||

20. wus tatane kuna-kuna | yèn kala amangun jurit | tan lali sêsondhèrira | têtêngêre para mantri | pan sami udhêng gilig | sakempol-kempol gêngipun | pangeran salaminya | siyaga tan kadi mangkin | winutahkên dunyanya

--- 230 ---

sinêbar-sêbar ||

21. andina angajar-ajar | nèng alun-alunirèki | arame bênthak-binênthak | sawênèh bêdhil-binêdhil | ana kang onclang lêmbing | wênèh ana olah tulup | sèwu saragêninya | angajar brondongan bêdhil | pan kajawi saragênine kang putra ||

22. kunêng kang lagya jar-ajar | amurih suraning dasih | ya ta ingkang kawuwusa | Jêng Pangeran Pugêr nênggih | tan antuk dhahar guling | yèn dalu tansah manêkung | nênêdha ing Suksmana | maladi sêmèdi êning | pan anêgês dènnyarsa umadêg nata ||

23. wus angsal sasmitaning Hyang | kalilan madêg nrêpati | mêngku ing rat nusa Jawa | mangkyangmangkya kawuwusa malih | Dyan Sudirèng Matawis | apan wus kêna ing apus | kacêpêng ing Losêkar | sawetaning dhusun nênggih | Arya Banyakwidhe ingkang amisaya ||

24. binêkta mring Kartasura | rahadèn dèn baronjongi | wongira samya binona | wus misuwur sanagari | Pangran Pugêr miyarsi | yèn kang putra wus kapikut | binêkta mring nagara | Banyakwidhe ingkang ngirid | duk samana pangeran ngandhangi bala ||

25. sagunge kang para lurah | wus dandan sapara rabi | kapêdhak lan panakawan | sadaya samya arakit | wong gamêl datan kari | ya ta kawarnaa dalu | pukul kalih wancinya | usrêg swara ting kalêsik | kang pratmaja gugup sami tinimbalan ||

26. andhèr ngarsane kang rama | sasêlire datan kari | ana kang nyêkêli kuda | sabuke dipun bondhèti | ana ngêmban bêbayi [bê...]

--- 231 ---

[...bayi] | sami nuntun rabinipun | langkung dening kasêsa | dènnyarsa lolos ing wêngi | jêng pangeran samana sampun tumêdhak ||

27. pinengêtan lolosira | Jêng Pangeran Pugêr nênggih | ing dalu jam kalihira | dintên wulanira nguni | tuwin warsanirèki | tan na winarna ing wuwus | amung angkaning warsa | ing mangke dèn sêngkalani | ngèsthi paksa rasanira ing wardayaSengkalan: ngèsthi paksa rasanira ing wardaya (1628 A.J., 1704/05 A.D.). ||

28. mêdal kori bêbutulan | ngalor ngulon lampahnèki | kagyat ingkang kamarganan | grubyuge anyalawadi | kiwa têngên kèh uning | yèn pangeran lolos dalu | ya ta patinggi desa | dalu-dalu budhal aglis | gya anjujug dhumatêng ing kapatihan ||

29. panggih juru regolira | ngling kula aturna nuli | dhumatêng rêkyana patya | kang liningan nulya ngirid | sampun praptèng pandhapi | kyana patih maksih lungguh | matur kula tur pirsa | patinggi ing dhusun prapti | atur pirsa inggih dhumatêng paduka ||

30. bilih Jêng Pugêr Pangeran | ing dalu punika ugi | lolos saking kapugêran | sagarwa putra sakalir | abdi tan wontên kari | sadaya prasamya tumut | ya ta rêkyana patya | gugup gya malêbèng puri | wong jro pura kagyat praptaning ki patya ||

31. anarka yèn ana karya | sami amêngani kori | sapraptaning dalêm pura | kyana patih sampun panggih | lan wadana kang kêmit | rêmbag amungu sang prabu | sira Nyai Wilaja | wus amungu sri

--- 232 ---

bupati | naranata tumêdhak jingga nonoman ||

51. Durma

1. Kyana Patih Sumabrata matur nêmbah | dhatêng sri narapati | ulun tur uninga | gusti rama paduka | Pangran Pugêr ing samangkin | lolos sagarwa | putra abdi tan kari ||

2. sing pugêran ngalèr ngilèn lampahira | duka sri narapati | jaja winga-winga | kumdut padoning lathya | minggah ing gêdhong pribadi | bêndhe Ki Bicak | sigra winawaginawa mijil ||

3. pinaringkên mring patih kinèn anatab | asru anèng sitinggil | tinabuh angangkang | swarane anèng tawang | binarung lan têtêg muni | têngara gumrah | otêr wong sanagari ||

4. ing jro pura gègère wayang-wuyungan | samya salah panampi | ing panyananira | Pangeran Pugêr mangkya | angamuk maring jro puri | wadya malatar | ing srimanganti baris ||

5. praptèng sitiruhur misih amalatar | sakyèh wong magêrsari | piyantaka aglar | saragêni nèng ngarsa | bêdhil sami dèn isèni | wong jagabaya | sami prayitnèng wèsthi ||

6. wong nirbaya sikêp karbin munggèng ngarsa | wong jagasura sami | ganjur sikêpira | tulup wisa pracôndha | wong nyutra sikêp jêmparing | wong nyangkragnyana | gêgamannya tan kari ||

7. wirabraja bajrawisa kartiyasa | sami prayitnèng wèsthi | tan lali sikêpnya | jataka wisamarta | mandhung kanoman lan miji | wong patrayuda | sawarastranya baris ||

8. martalulut

--- 233 ---

singanagara ing ngarsa | pinilih judhipati | myang wong darpahita | yudamênggala ngarsa | wong gandhèk umobat-mabit | sagamanira | ting balêbêr nimbali ||

9. mantri anom lunga têka solahira | dènira nênimbali | sagunging pratiwa | ngalun-alun baris glar | pasisir môncanagari | sawadyanira | ana ing pôncaniti ||

10. kawarnaa kang lolos wau lampahnya | duk bêndhe ing jro muni | sami amiyarsa | lagya praptèng Cêpaga | agugup lampahirèki | pratmaja garwa | ting bacècèr nèng margi ||

11. langkung dènnya repot kang para tanaya | Dyan Ôntawirya nênggih | tansah binondhetan | dening sêsêlirira | kudane dipun wawrati | dandananira | rahadèn kalung karbin ||

12. asta kiwa anyangking punang talêmpak | miyarsa bêndhe muni | sangêt bingungira | arsa bucal momotan | angraos owêl ing galih | yèn dèn isihna | pasthi kari kang sêlir ||

13. muring-muring myarsa bêndhe muni ngangkang | momotan dèn tatasi | sigra sêlirira | tinitihakên kuda | sarwi kinèn mangku karbin | sira rahadyan | mandhi waos nèng wuri ||

14. Radèn Wôngsataruna gugup solahnya | ngêmban putranirèki | sêlir nitih kuda | putra ngumur sawarsa | Mas Bêlandho kang wêwangi | patutanira | sêlir Bok Karoh nênggih ||

15. Bok Mas Karoh ingkang tinitihkên kuda | gendhong ponjèn pribadi | Dyan [Dya...]

--- 234 ---

[...n] Wôngsataruna | dharat angêmban putra | ya ta wus anggagat enjing | pangran lampahnya | prapta ing Majalêgi ||

16. wus raina Rahadèn Wôngsataruna | bananira kaèksi | awarni calana | gumyak ingkang tumingal | radyan tan nyana ing galih | lamun calana | pangrasanya jêjarit ||

17. ya ta kèndêl sakala anata bala | repot sinèlèh ngarsi | laju lampahira | ing ngarsa Jiwasuta | ingkang samêkta ing wingking | para atmaja | sami prayitnèng wèsthi ||

18. Sêtrajaya kalawan para atmaja | wau ingkang nindhihi | kang samya jinaga | wadya gêng Kartasura | manawi kinèn nututi | dening sang nata | mila lampah rinakit ||

19. samya laju mêdal ing Kênêr lampahnya | wau ingkang dèn jogi | mangkya kawarnaa | wau sri naranata | wus ambudhalakên baris | têtindhihira | Dipati Surawèsthi ||

20. wong pasisir ingkang nututi ing lampah | gancang lampahing baris | auntap-untapan | lawan wong kapugêran | Ki Dipati Surawèsthi | kang ngirid lampah | langkung bingahing galih ||

21. dupi arsa kasompok ing lampahira | Dipati Surawèsthi | laju alon-lonan | sagung para dipatya | tan wontên purun nglancangi | ing barisira | Dipati Surawèsthi ||

22. sampun prapta kali Tuntang lampahira | krêtêg tinatas aglis | mila ragi tamban | pangran ing lampahira | mingêr ngilèn kang nututi |

--- 235 ---

mêdal Bahrawa | ing Jambu kang dèn jogi ||

23. jêng pangeran sampun anglampahkên duta | dhatêng nagri Sêmawis | kang caraka prapta | wus panggih lan Ki Rôngga | Ki Rôngga gupuh ngundhangi | ing wadyanira | sanega wong Sêmawis ||

24. Sawunggaling lawan Dêmang Tanpanaha | ingkang kinèn rumiyin | mêthuk jêng pangeran | lan bêkta kuda tundhan | miwah sikêp kang jagani | rêrepotira | pangeran bêktannèki ||

25. wus umangkat sira Dêmang Tanpanaha | kalawan Sawunggaling | sira Ki Mas Rôngga | mampir ngloji lampahnya | lawan Tuwan Kênol panggih | sampun winartan | pangeran anèng margi ||

26. dèn bêbujung dening wadya Kartasura | Kênol gugup miyarsi | yèn mangkono Rôngga | dèn kêbat tulungana | manawa karoban jurit | ingsun mêmêkas | maring sira dèn eling ||

27. nadyan silih kênaa nora kênaa | manira angaturi | mring kangjêng pangeran | têdhaka mring Sêmarang | mênawa abot kang galih | sira dèn bisa | ngaturi amrih kêni ||

28. bokmanawa jêng pangran duwèni karsa | umadêg narapati | ing liya panggonan | jêr kabèh ing rat Jawa | kagunganira pribadi | sapa malanga | nanging ta wêkas mami ||

29. sira Rôngga kalamun angluputêna | pangran praptèng Sêmawis | sira nêmu ala | iya marang Walônda | yèn pangran praptèng Sêmawis | wit aturira | pasthi lamun sirèki ||

30. kinasihan mring tuwan gurnadur jendral |

--- 236 ---

tuwin kang pra ratpêni | sira pinracaya | sasat sira rêrewang | iya marang wong Kumpêni | nèng tanah Jawa | pamucunge ing kapti ||

52. Pocung

1. tôndha lamun sira mring Kumpni satuhu | dènnya mawèh marga | têtêpe uwong Kumpêni | gone padha manggon anèng tanah Jawa ||

2. lan sirèku agawe padhanging kalbu | bunêking Walônda | duk kala madêge aji | Kangjêng Sunan Mangkurat Mas Kartasura ||

3. tanpa asung uninga maring gurnadur | dadi iku tôndha | tan arsa sobat Kumpêni | ya ta mèsêm Ki Rôngga Yudanagara ||

4. manthuk-manthuk saksana umangkat gupuh | lajêng lampahira | saking loji ing Sêmawis | kawarnaa ingkang andhingini lampah ||

5. kalihipun dêmang sampun sami pangguh | lan kangjêng pangeran | nèng Ungaran manganjali | ngaturakên turôngga sasikêpira ||

6. tigang puluh ingkang anjagi pêpikul | ya ta jêng pangeran | pangandikanira aris | ya tarima si anak Yudanagara ||

7. kang pitulung marang ing sariraningsun | hèh ta Sêtrajaya | bagenên tundhan lan kuli | asandika enggar wadya kapugêran ||

8. wus ingêdum mring kang asayah lumaku | kinèn nitih kuda | bêbêktan wus dèn rêmbati | para wadon kang nora kaduman tundhan ||

9. pan tinandhu sadaya sami pinikul | reyongan nèng marga | jêng pangeran aningali | sakalangkung trusthanira ing wardaya ||

--- 237 ---

10. ngrasa lamun akèh kapotanganipun | saksana ngandika | mring Ki Dêmang Sawunggaling | lawan sira Kyai Dêmang Tanpanaha ||

11. hèh ta kulup anèng êndi putraningsun | iya kaki rôngga | kang dinangu awotsari | sarwi matur abdi dalêm anèng wuntat ||

12. namung ulun kinèn umêthuk rumuhun | mangkya kawarnaa | lampahira sampun prapti | ing Ungaran samya rêrêb sadayanya ||

13. anèng riku arêrêb ngantya sadalu | saryeca ing manah | tan na kang winancak galih | enjing budhal ing Pudhakpayung wus prapta ||

14. anèng riku lawan Ki Rôngga wus pangguh | kèndêl lampahira | Ki Rôngga Yudanagari | marêk ngarsa gya manêmbah ing suku sang ||

15. ngraup suku manangis sarya umatur | adhuh gustiningwang | botên nyana botên ngipi | dasih tuwan kalamun gusti paduka ||

16. karsa anut lolos saking ing praja gung | inggih botên wingwang | katuju wilujêng margi | botên manggih rubida tuwin bêbaya ||

17. jêng pukulun punapa botên binujung | dening wadyabala | ing Kartasura nagari | mèsêm nabda iya nanging tan kacandhak ||

18. wus ingatur tata dènira alungguh | ki rôngga tur sêgah | dhêdhaharan warni-warni | ngandika lon pangran dhatêng garwa putra ||

19. tuwin wadu padha mangana sadarum | apa kang kinarsan | ya ta sarêng samya bukti | sawusira jêng pangran sarèh ing driya ||

--- 238 ---

20. manabda rum hèh Ki Rôngga putraningsun | paran karsanira | sun arsa mring Dêmak nagri | pan ing kono don sun arsa madêg nata ||

21. lawan ingsun anganti ramanirèku | adhi mas Madura | lan Jangrana Surawèsthi | iku maksih anèng nagri Kartasura ||

22. awotsantun Ki Rôngga alon umatur | dhuh gusti jêng pangran | kawula tur pamrayogi | lêhêng tuwan jumênênga ing Sêmarang ||

23. jêng pukulun kanthi abdi dalêm sagung | Kumpêni sadaya | nêdya sami anjurungi | nadyan ngantos rayi dalêm ing Madura ||

24. tuwin wau dipati ing Surèngkewuh | nanging jêng paduka | sampuna wontên Sêmawis | sangêt watos kalamun gusti têbiha ||

25. myang pra wadu Kumpêni ingkang saèstu | bok kenging paeka | pukulun tiyang Kumpêni | botên eca yèn botên dèn êbrokana ||

26. sampun-sampun Wlandi malik tingalipun | kênging mêmanisnya | ing putra paduka aji | sri bupati sinuhun ing Kartasura ||

27. mangkenipun ngregoni karsa pukulun | wasana paduka | kêkathahên mêngsah gusti | lêng ginape sapantêsnya pinasrahan ||

28. karyanipun Walônda prakoswa tuhu | asugih aguna | sartane purun ing jurit | sampun kalok gunane yèn ulah yuda ||

29. aturipun Ki Rôngga manujwèng kayun | jêng pangran ngandika | yogya samêngko sirèki | kongkonana mring

--- 239 ---

ramanira Madura ||

30. dèn kasêbut ing layang kaya aturmu | mau mring manira | sabab ramanta si adhi | durung dhèngêr ingkang kaya rêmbugira ||

31. matur nuwun sandika ingkang dhumawuh | samangke prayogya | tumuntên bidhala gusti | gampil mangke andumugèkakên rêmbag ||

32. bilih sampun praptèng Sêmarang pukulun | saksana budhalan | Ki Rôngga wus sung udani | mring Sêmarang dhumatêng Kênol Kapitan ||

33. Kaptin Kênul duk tampi pratelanipun | ing duta Ki Rôngga | saksana pradandan nuli | numpak rata mêthuk dhatêng Paterongan ||

34. wolung puluh prajurit drahgundêripun | kang samya binêkta | dene ta para Walandi | sanèsipun tuwin pra Jawi Sêmarang ||

35. ugi sampun sami kadhawuhan urut | tata barisira | ing marga gêng angurmati | mring Jêng Pangran Pugêr kang arsa tumêdhak ||

36. wanci dalu sirêp rare praptanipun | ing wulan Dulkidah | wrahaspati amarêngi | ping sakawan atunggal asmarèng warsa ||