Babad Prambanan, Mulyadi, 1942, #1465

JudulCitra
Terakhir diubah: 22-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

R. Moeljadi

Babad Prambanan

--- [0] ---

[...][1]

--- 1 ---

Bêbuka.

Sêrat cariyos Babad Prambanan ing ngajêng mawi kasêkarakên, lajêng kagancarakên, sarta namung kapêndhêt suraosipun kemawon, murih para nupiksa sagêd gamblang pamaosipun, dene manawi wontên kalèntuning panyêrat mugi para nupiksa angêgungakên samodra pangaksama. Wiwiting panyêrat ing dintên Soma Manis tanggal kaping 19 ing wulan Sawal, ing warsa Jimawal, angkaning warsa tinêngran guna sabda ngèsthi tunggal.[2]

Kacariyos.

Ing nagari Prambanan ingkang jumênêng nata, titahing abathara, awarni raksasa diyu, warninira angajrih-ajrihi, ajêjuluk Sang Prabu Karungkala. Pangawak prabata, dêdêgira inggil, sariranira agêng, godhèg wok simbar jaja, manawi cinăndra sang nata sakalangkung angajrih-ajrihi, rikma gimbal kadya têkês, netra sakênong kadya surya kêmbar, grana tèsèk, lènging grana kadya lawanganing guwa, tutukira kadya longan, gumbala kadosdene duk, wajanira sapisang-pisang

--- 2 ---

abu, baunira sapucang tirisan, wêntisira sabongkoting glugu, datan sampun-sampun manawi kaprinci peranganing sariranira. Sang nata angrèh bala manuswa, saha rêksasa. Sang nata kagungan sadhèrèk kakung têtiga, ingkang sêpuh pêparab Prabu Anom Baka, awarni manusa, arinira apêparab Rêksi Sukèli, nujum saha warangkanira kanan sang nata, ingkang anèm piyambak pêparab Rêksi Baèksi, ugi nujum sarta warăngka kering, kathah para bupati mantri ingkang dados andêl-andêling pakèwêd, nate munah satru sêkti, nungkulakên para raja piyambakan, kados ta: Ki Tumênggung Băndawasa, Suligi, Sukesa, Ki Tumênggung Pamêngkok, Japlak, kathah para bupati ingkang botên kaucapakên. Kacariyos Sang Prabu Karungkala pinuju lênggah miyos sinawaka,[3] lênggah kursi gadhing, lêlèmèk wacucaling sima, kasur babut prangwêdari,[4] kaadhêp para kadang kadean, para wadyabala pêpak andhèr ambêlabar, ing alun-alun supênuh amêpêki, mabungkuh konjêm ing siti, dene ingkang kaparèng ngarsa sira Prabu Anom Baka, Rêksi Sukèli, saha Rêksi Baèksi, Băndawasa,

--- 3 ---

Suligi, Tumênggung Japlak, Pamêngkok, Sukesa, lan sanès-sanèsipun, ingkang minăngka dados andêl-andêling pakèwêd. Pranyata ing nagari Prambanan, pasir wukir loh jinawi, apa kang tinandur dadya, kathah para juragan grami, liyan praja ingkang sami dhatêng katrêm bale wisma wontên ngriku, pasir pasabinan, wukir rêdi, pranyata ing nagari Prambanan angajêngakên pasabinan angungkurakên rêdi. Kathah para ratu ing măncanagari ingkang sami nungkul, botên sarana kagêbag sarananing prang, ajrih kuncaraning Sang Prabu Karungkala, saha kadang tuwin wadyabala, samya kèdhêp ngirub sadaya, kaungkulan prabawaning sang prabu. Sang Prabu Karungkala garwanira widadari saking kahyangan, kagungan putra satunggal, putri ayu linuwih, pêparab Dèwi Jonggrang. Sang prabu botên măntra-măntra titahing abathara, prasasat Bathara Kala angejawantah, ing ngriku sang prabu arsa angunandika, swaranipun kados gêlap sèwu sêsarêngan anyampar, swaranira sora gumlêgêr, bumi molah amobat-mabit, dhèdhèt erawati ngakak, kalangan sang bagaspati, gêtêr-patêr, caruk ngrok silih-ungkih, adhi Baka, Sukèli, lawan Baèksi dikarèng[5] ngarsa, apa padha bêcik satêkamu, nuwun, nun inggih,

--- 4 ---

pangèstunipun kaka prabu ingkang kawula pundhi, dados jimat, amêwahana têguh yuwana, sumrambaha dhatêng kawula agêng alit ing Pramban,[6] amêwahana kuncacaraning[7] praja. Adhi apa ora dadi marasing atimu. Sakalangkung mega mêndhung caruk kalayan maras, sarêng tampi dhawuh timbalananipun kakang prabu, kakiranganipun punapa gêganjar ingkang kawula tampi, sumrambah dhatêng kawula alit. Hong, awilahèng awigêna, kaladuk kajêron tămpa, sagalak-galakaning macan, apa kolu badhog bangsane dhewe. Kapriye mungguh tata têntrêming praja Prambanan, lan lakuning kawulaningsun kang padha têtanèn, nandur pari, palawija, uwi gêmbili kimpul, apa padha rahayu, aturipun, nuwun, nun inggih, botên kirang satunggal punapa. Kajawi saking punika malah kathah para juragan grami saking amăncanagari dhatêng sami bale wisma ngriki. Seje kang sun gunêm, mungguh gon ingsun sêdya nêlukake Ratu Pêngging, iku aku amung tansah manêgês karsane Kang Murbèng Bawana, awit ing ngarêp sarèhne nalika isih wujut alas, nagara Prambanan kene kalakah Pêngging, mula kapriye kapenake patih, dene dhèk mau bêngi,

--- 5 ---

wayah jam têlu aku, sêdyaningsun mau suya[8] jênêng ingsun gawe sêngadi, yaiku kalangênan ingsun êmprit sajodho kang wulune putih, supaya kabatanga lanang wadone, sarta galih asêm pusaka Prambanan iki uga kabatanga Ratu Pêngging kang êndi bongkon[9] lan pucuke, dene totohane nagara Pêngging lan Prambanan, yèn ora bisa batang nagara Pêngging dadia kagungan ingsun, dene yèn bisa batang nagara Prambanan kakêluna marang Pêngging, sasuwene ana dhawuh kang kaya mangkono mau nagara Prambanan katêkan banjir bandhang, kang kongsi angêlêbi praja Prambanan kene nganti gawe rusaking nagara lan para kawulaningsun, jênêng ingsun uga kèrêm ana sajroning warih. Têkan samono sasmitaning dewa aku banjur nglilir, Rêsi Sukèli sarèhne sira pangêmbat praja sarta nujum, mula nuli babarna aja nganggo walang-ati. O, o, o, gusti kula inggih sadhèrèk kula sêpuh, gusti, mugi katêbihna tulak-sarik, tinêbih păncabaya, nuwun, kula tadhah dêduka, nyuwun gunging pangaksama, botên pisan ngina, kadibyan gusti kula dalah kasêntènipun[10] para bupati andêl-andêling [a ...]

--- 6 ---

[... ndêl-andêling] Prambanan ngriki, sarèhne dhawuhing sasmita makatên, kula botên pisan ajrih mamêsahan tiyang Pêngging, sampun limrahipun rêbatan nagari tohipun pati, ananging kadospundi malih manawi sampun dados karsanipun sang nata. Bilih dhahar atur kula, prayogi kèndêl rumiyin, botên kalajêng-lajêngakên, mêmêsahan kalayan Ratu Pêngging, awit Sinuhun Pêngging sawêg winongwong ing jawata. Punapa malih Sinuhun Pêngging pancèn dikdaya sêkti măndraguna, têguh timbul, botên pasah tapaking palu gurenda. Sarta kagungan putra mantu anama Radèn Darmamaya, satriya pangawakan rêdi, punika sêkti măndraguna kalangkung, inggih punika agul-aguling Pênggih.[11] O gusti, kula aturi èngêt, ingkang kacêtha ing wangsit, kados makatên: punika manawi botên karsa dhahar atur kawula, botên sande nagari Prambanan dalah kawula têmtu badhe risak. Têlas aturipun Risang Patih Rêsi Sukèli. Sakalangkung duka Sang Prabu Karungkala, asta surawean, mripat mondar-mandir angatirah suku gênjot siti

--- 7 ---

gonjang-ganjing, angandika sora gumlêgêr kados gêlap sèwu angampar sêsarêngan, o, o, Sukèksi, ya, ya, ya, pancèn wêdi ing gêtih, junjung-junjung mungsuh, kapriye Sukèksi, ko sênêng ajunjung mungsuh. E, e, Rêsi Baèksi apa bênêr panêmune kakangira kang mangkono mau, aturipun Rêsi Baèksi, kla non, non, kasinggihan mênggah unjuk aturipun kaki patih Rêsi Sukèli inggih Rêsi Sukèksi, jalaran tiyang pancèn botên kenging dipun suwawa, kathah ingkang bantêr kêdhotan, punapa malih mantunipun Sinuhun Pêngging, ingkang anama Radèn Arya Darmamaya, wah punika ingkang agêgirisi, dhasar warninipun bagus, blengah-blengah agêng inggil, kodhèk[12] wok simbar jaja, pangawak prabata, manawi sampun păncakara, asta kiwa nyêpêng sirah, ingkang têngên ngasta gêmbung, suku kiwa têngên mancat sirahing mêngsah, sirah sadasa lajêng kinarya gathèng, lo punika gusti ingkang angajrih-ajrihi,

--- 8 ---

upami kinroyok mêsah[13] rêksasa satus sarêng abyuk,[14] soroh pêjah, punika ulatipun saya sumèh, lajêng ngasta gada pamunahing satru, asta nêmpiling, nepang dhupak, dugang, ngiwat-ngiwut anggadani, singa katrajang bubar mawut sar-saran, ingkang majêng kalajêng pêjah. Têmtu kemawon ing praja Prambanan mêngsah Pêngging dangu toya sinaring, dene manawi botên dhahar atur kula, sumăngga sami dipun nyatakakên. Mila prayogi lêrêm rumiyin, têlas aturipun Rêsi Baèksi, sakalangkung[15] Sang Prabu Karungkala. O yèn mangko[16] padha ora wani ing gêtih, tandhane padha ambombong mungsuh, ora patut dadi nayaka waktra, luwih[17] kowe padha sumingkir saka Prambanan, ingsun dhewe kang nêdya ngawaki pêpucuking prang pupuh, marang Prabu Pêngging, he, Rêsi Sukèli, Baèksi, Ratu Pêng[18] sakulawargane kabèh, măngsa dadak găndra sapira, patine wus ana astaningsun, ora dadi sliliting bam ingsun kiwa, [ki ...]

--- 9 ---

[... wa,] sarêng dhawuh timbalanipun sang prabu makatên: Rêsi Sukèli saha Rêsi Baèksi majêng sêsarêngan mabungkuh ing padanipun sang nata, sarèhne sang nata botên kenging dipun eman badhe risaking karaton dalah wadyabala agêng alit. Aturira ki patih kêkalih, gusti, sampun was-sumêlang ing galih, kula dalah adhi Rêsi Baèksi botên pisan-pisan anjunjung mêngsah, sami ajrih pêjah, angêsorakên gusti kula, tuwin para mantri bupati ing Prambanan, ingkang dados agul-aguling ajurit, atur kula wau amung saking pêpiridan dhawuhing sasmita ingkang kadhawuhakên dhatêng kula, ing samangke kula tuwin adhi Rêsi Baèksi nyuwun cumadhong dhawuh kaparênging karsanipun gusti kula, sampun malih ingkang sakit, sanadyan dumuginipun pêjah nuwun sandika anglampahi, nyuwun dados kawur pupuking prang pupuh. Pangandikanipun sang nata, sarêng mirêng aturipun mantrimuka kêkalih makatên wau, sanalika karênan lêga panggalihira, pangandikapun:[19] Adhi sapa baya prayogane kang bisa

--- 10 ---

anjunjung kaprabon ingsun, kajaba jênêng sira bocah loro, mula kowe padha lumaku marang Pêngging klangênan ingsun êmprit putih sajodho lawan kayu galih asêm, kang êndi bongkot miwah pucuke, dene êmprit putih apa bedane lanang lawan kang wadon, kla non non inggih. Nyuwun cumadhong mênggah pangkat kula benjang punapa, mangkata dina iki. Gawaa prajurit buta lawan manuswa sawatara, punapa sampun kalilan mêdal ing jawi, ora liwat aku amung nyangoni basuki, jêngkar Sang Prabu Karungkala, lumêbêt ing kadhaton, ginarêbêg para bêdhaya manggung srimpi. Gêntos ingkang mêdal ing jawi, Sang Patih Rêsi Sukèli saha Baèksi, angundhangi wadyabala ing Prambanan, gung alit rêksasa miwah manuswa, pating glidrah patih glêro swantênipun, ki patih dhawuhakên pangandikanipun sang nata, adamêl pêpucuking prang pupuh mêngsahan tiyang Pêngging, kinèn ambatang kang pêksi prit putih, sajodho pundi lanang wadone, sarta kayu galih asêm pundi bongkot miwah pucukipun, dhawuh prajurit Prambanan kang saprapat andhèrèk dhatêng Pêngging, sisanipun têngga

--- 11 ---

nagari. Sampun bidhal sira Sang Apatih Rêsi Sukèli, miwah Baèksi, anganthi wadyakuswa sawatawis, gumuruh wadya ing margi datan winarna.

Gêntos ingkang kocapa, ing nagari Pêngging gêmah ripah loh jinawi, kuncara ing sanuswa bumi, angêrèh ratu sèwu nagari, kathah janma lyan praja ingkang sami bale wisma, sarta juragan agrami dhatêng sami katrêm ing praja ngriku. Ingkang jêjuluk Nata Sang Prabu Anglingdriya, saya ta Prabu Anglingdriya ambêg palamarta, datan kêndhat anggêganjar dhatêng santana sarta wadya lit, kenging kaupamèkakên kados ilining toya, sagêd angenaki tyasing santana saha wadya. Sang nata kagungan sadhèrèk kakung kêkalih samya umadêg narendra, arinipun sang nata jumênêng narendra wontên ing nagari Salêmbi, ajêjuluk Sang Prabu Dipawinata, ingkang anèm jumênêng narendra wontên ing nagari Sudimara, ajêjuluk Sang Prabu Darmawinata, pêputra kakung satunggal, pêparab Radèn Arya Darmamaya, kapundhut putra mantu dening Sang Nata Pêngging Sang Prabu Anglingdriya, sakalangkung dinama-dama, [di ...]

--- 12 ---

[... nama-dama,] botên măntra mantu, kasoking panggalihipun sang nata, prasasat putranira pribadi, dhasar ratu bagus warnane, dêdêgira pidêgsa, imba jait malêngkung, netra liyêp-liyêm,[20] kang jăngga angolan-olan, jaja mungal, bangkekan anawon kêmit, kang bau gandhewa gadhing, datan wus yèn cinăndra, kurang căndra luwih rupa. Samantên sang nata pinuju miyos sinawaka, kaadhêp dening nayaka waktra, dalah para ratu sèwu nagari, wadyabala Pêngging pêpak andhèr ambêlabar ing alun-alun, andangu dhumatêng rêkyana patih, tata têntrêming wadyabala gêng alit, miwah tata raharjaning praja, para kawula agêng alit ingkang samya têtanèn, nanêm pantun palawija, kênthang uwi gêmbili kimpul, punapa sami tulus anggènipun sami nênanêm. Rêkyana patih nêmbah umatur, bilih botên sami kakirangan satunggal punapa, satêlasing pangandikanipun sang nata ingkang kados makatên wau. Sang Prabu Anglingdriya, andaka malih dhatêng rêkyana patih,

--- 13 ---

saha lajêng angandika. Pangandikanipun: Bapa patih seje ingkang ingsun gunêm, krungu kêmbang[21] rawat-rawat titir kang kinabarake, kidul iki ana konang sapêlik kang umadêg gatu,[22] angratoni wadyabala buta miwah manuswa, sakalangkung agung karatone, ing kono angirub para ratu pasisir măncanagara, dèn têlukakên raja ditya ing Prambanan, jêjuluk Sri Karungkala. Dak upamèkna gêni durung murub angrêda, mula bêcik sirêpên, aja kongsi kabanjur-banjur. Manawa kapara nyata, jênêng sira nuli rakita baris pêndhêm. Unjukipun rêkyana patya, kasinggihan dhawuhipun sri narendra, kawula ugi mirêng wêwartos ingkang kados dhawuh timbalanipun gusti kawula, saking abdi dalêm juragan agrami. Amula jênêng sira wiwit dina iki aja wêdi kangelan, angirida wadyabala lit ing Pêngging, ngrakit baris pêndhêm jêro jagang jaba jagang, sarta kapasangana borang ri kêmarung, pamrihe manawa ana baya pakewuh samasa-masa, aja nganti kongsi bisa ngunggahi kagungan ingsun karaton, [karato ...]

--- 14 ---

[... n,] lêrês mênggah dhawuh pangandikanipun gusti kawula, badhe kawula pundhi, saha kawula estokakên, sarèhne pamirêng kawula wau sawêg nêmbe dintên punika wau, amila dèrèng ngantos angunjuki uninga sang nata, gusti kawula andhawuhakên, botên langkung amung kawula nyuwun parimarma samodra pangaksama, cumadhong dhawuh timbalanipun gusti kawula, pangkatipun benjing punapa, dèrèng dangu anggènipun imbal wacana Sang Prabu Anglingdriya kalihan rêkyana patih, kasaru gègèr ing jawi, alok wontên rêksa[23] kêmbar gidrah-gidrah agung aluhur angirid wadyabala prajurit sawatawis, gumrojog datanpa larapan, kang sinêdya tumundhuk ing ngarsanira sang aji. Lajêng wadyabala pêpalang angunjuki uninga, Sang Prabu Anglingdriya, bilih wontên rêksasa sakêmbaran badhe sowan, warninipun angajrih-ajrihi. Sang nata lajêng dhawuh angirida rêksasa kang nêmbe prapti, samantên wus kerid ing ngarsanipun sang nata, tumundhuk mabungkuh ing ngarsanipun sang prabu, kadangu ing purwa madya wusananipun, dhawuh pangandikanipun sang nata makatên: Mêngko ta aja koarani [koa ...]

--- 15 ---

[... rani] wong atambuh, rêksasa. Jênêng sira ing ngêndi dhăngka miwah pinangkanira. Apa sira dadi carakane ratunira, apa karsanira pribadi. Aturipun caraka kêkalih, kla non non, gusti. Kula punika botên matur tèdhèng aling-aling, kula punika rêksasa saking nagari ing Prambanan, kalêrês arinira sang nata amasesa nayaka waktra angrèh wadyabala rêksasa, ingkang kêsdu mastani kawula ditya Rêksi Sukèli, inggih Rêksi Sukèksi, dene ingkang wontên wingking kula punika kalêrês ari kawula anama Rêksi Baèksi, kêkalih punika minăngka warangkanipun sinuhun ing Prambanan Sri Prabu Karungkala. Dene pisowan kawula ing ngarsanipun sinuhun, amundhi nawala kunjuk ingkang sinuhun, sêrat kaunjukakên katampèn sang nata piyambak, sarêng binuka sinuksmèng wardaya, titi pamaosira sang nata, sakalangkung lêgêg panggalihira sang nata, kèmêngan badra irawan (badra, mênthung,[24] irawan, irawan mega). Panggalihira sang nata kadosdene mega katutupan mênthung,[25] sakalangkung pêtêng dhêdhêt kados dèn tir, wasana aangunandika,[26] [a ...]

--- 16 ---

[... angunandika,] sêmu sêrêt pangandikanira, hèh Patih Rêksi Sukèli, sawuse layange ratu wus ingsun tampani, kabèh surasane ingsun wus niti pariksa, jênêng ingsun kapengin anyurubi kang pêksi êmprit putih sajodho, miwah kang kayu galih asêm, mara enggal ulungna. Nuwun non non inggih punika wujudipun kang pêksi tuwin ta ingkang kajêng galih asêm, kawula unjukakên asarêng punika. Sang Prabu Anglingdriya lajêng anampèni êmprit putih sajodho, tuwin kajêng galih asêm, ngungun sajroning wardaya, kadospundi bedanira bongkot miwah pucuk miwah pucukipun kajêng galih asêm wau sarèhning warni saha agêngipun ing sisih kanan keringipun sami, wasana lajêng animbali Rêkyana Patih Pêngging, hèh sira patih apa jênêng sira bisa ambedakake pêksi êmprit putih sajodho iki lanang kalawan wadone, lawan kayu galih asêm iiki[27] kang bongkot êndi kang pucuk,

--- 17 ---

kyai patih tumuntên majêng pilênggahira, sarwi amaspadakakên êmprit pêthak sajodho saha kajêng galih asêm wau, sanalika kodhêng panggalihanipun, dangu datan umatur sang nata, èngêt panggalihanira sang nata bilih putranira mantu ingkang aran Radèn Arya Darmamaya, tanggap tangguh ing pakewuh, putus salwiring wêweka, limpat panggalihanira, sidik paningalipun têrus, padhang anarawang, kang angaling-alingi angalingkah têmah katon, kawasanira angungkuli para pandhita ingkang martapa, ajar nujum sasaminipun, dhasar satriya gêng sêmbada, tatag tangguh ing pakewuh, trampil trangginas pangandikanira, putus salwiring tapa, tapa ngidang, tapa ngalong, tapa wontên salêbêting toya, salêbêting latu murub, sadaya tapa sampun dèn lampahi. Sang nata lajêng animbali Radèn Arya Darmamaya, kulup Darmamaya, mara dikapara maju lungguhira, majêng sira Radèn Arya Darmamaya, silah[28] mabungkuh konjêm ing siti, wontên padanipun sang nata, sang nata amaringakên sêratipun raja buta Prambanan, [Pramba ...]

--- 18 ---

[... nan,] Prabu Karungkala, nawala katampenan sigra-sigra, binuka sinuksmèng wardaya, wus titi pamaosira, eram sajroning kalbu, sakalangkung bêndu panggalihira, sajroning panggalih duka lir yayah sinipi, netra angatirah mondar-mandir, lir sinêbit karnanira, waja gathik, lir tinêbak mong tuna jajanira, ananging sinamun ing têmbung manis wicaranira, wasana angandika arum, dhatêng Rêkyana Patih Prambanan, hèh, Kyai Patih Rêksi Sukèli, lawan Rêksi Baèksi, iki nawalane prabunira, dhawuhe kangjêng rama Sinuhun Pêngging, amba kang kinèn amungkasana salwiring pakewuh, ambatang cangkrimanira. Êmbuh bênêr lupute, amba kang sumêdya cumanthaka ambatang. Aturipun Rêksi Sukèli, suwawi anggèr kabatanga, ing pucuk miwah bongkotipun. Ingkang pundi jalêr tuwin wadonipun. Radèn Arya Darmamaya amaspaosakên wujuding pêksi êmprit pêthak, titi pamariksanira kang wujud, angandika dhatêng Rêkyana Patih Sakèli,[29] kyai patih, êmprit pêthak punika, jalêripun ingkang bunguripun sêmu lancip, laring buntut ing têngah lêrês malêngkung minggah, dene èstrinipun [è ...]

--- 19 ---

[... strinipun] ingkang bunguripun sêmu papak laring buntut tanpa luk, lêrês lêpatipun gumantung wontên kyai patih, inggih cocog punapa botên. Aturipun kyai patih, o, anggèr, kasinggihan mênggah pamariksanipun anggèr. Dene kajêng galih asêm punika, kula ukur têngahipun lêrês lajêng kula traju, pundi ingkang ajomplang, tăndha yêktinipun ing bongkot. Lêrês lêpatipun sumăngga kyai patih. Aturipun Rêkyana Patih Rêksi Sukèli, pancèn inggih punika anggèr cocog kalayan ciri-cirinipun, dados sadaya wau sampun lêrês mênggah dhawuhipun anggèr. Kyai patih manawi makatên samangke kula parlu matur Kangjêng Sinuhun Pêngging, supados dhangan panggalihipun, bab punika kadospundi kaparêngipun kangjêng rama sinuhun, ing ngriku Radèn Arya Darmamaya matur ingkang rama Sang Prabu Anglingdriya, pukulun kula angaturi uninga, bilih pambatang kula cangkrimanipun raja ditya ing Prambanan, angsal pangèstu paduka. Sagêd kalêrêsan cococog,[30] amila sumăngga kaparêngipun ingkang sinuhun, Sang Prabu Anglingdriya sarêng mirêng aturipun [aturipu ...]

--- 20 ---

[... n] Radèn Arya Darmamaya, sakalangkung marwata suta. Kulup Darmamaya, sapa pantês amêngku wadyabala Pêngging kajaba sira, ruwêd-rêntênging praja Pêngging, sapa pantês angudharana kajaba sira, samêngko bambang pangalum-aluming Pêngging kasrahna ing sira, ora liwat bangêt panarima mami. Mêngko kulup ingsun arsa andhawuhake marang apatih ditya ing Parambanan. Samêngko sira patih raja ditya ing Parambanan, sarèhne cangkrimane prabunira wus kabatang cocog, amula jênêng sira nuli lumèngsèra ing Prambanan, angaturana sumurub, mungguh cangkrimanira mau wus kabatang cocog, sarta nagara Prambanan saisine, nuli kaêsrahna ing ngarsa mami, dalah anyebakna Sri Prabu Karungkala ing padaningsun kene, kerida salakunira, têlas pangandikanipun sang nata. Sanalika bramantya Sang Patih Rêksi Sukèli, saha Rêksi Baèksi, gêro-gêro glidrah-glidrah molah suraweyan, swaranira sora kadya balêdhèg, ai ladalah, sinuhun kula badhe matur amangsuli dhawuh paduka, punika pamênang ingkang sanès lêrêsipun, botên wajib ingkang sinuhun kraton Prambanan [Pra ...]

--- 21 ---

[... mbanan] dalah sakukubanipun kapundhut. Punapa malih gusti kula Prabu Karungkala, kadhawuhan kerit seba ing padanipun sang nata, nguncupakên asta nêmbah ing ngarsa paduka, kaparênga matur, sarèhne sarana pamênang wau nyaraya Radèn Arya Darmamaya, dados sanès ingkang sinuhun ingkang ambatang, punika kula botên sagêd anyebakakên gusti kula Prabu Karungkala, miwah angaturakên praja Prambanan saisinipun, kapara nyata bilih sang nata botên sagêd ambatang. Malah-malah sang nata kerit ing lampah kula, angaturakên bulu bêkti dhatêng praja Prambanan, sarênga lampah kula ing dintên punika. Têlas aturipun Rêksi Sukèli. Radèn Arya Darmamaya mirêng ingkang têmbung makatên wau, botên kuwawi ngampah dukanira, karna lir sinêbit, mripat angatirah mondar-mandir, jaja lir tinêbak mong tuna, asru pangandikanira. Hèh hèh buta Patih Prambanan, sira lêlêthêking bumi, gêlah-gêlah ing jagad, sarèhne sira amung dinuta, bêcik sira minggata saka kene, ora susah kowe kakehan bicara sora anggro lir singa lodra, luwih bêcik [bêci ...]

--- 22 ---

[... k] mangkata saiki, aja kakehan wicara. Aku amung sadrêma, amakili kangjêng rama Sang Prabu Anglingdriya, enggal nungkulna ratumu, nêdya sun gawe pangera-eram,[31] he, he, Darmamaya, kumlungkung têmên, apa kowe wani karo aku, apa kang dak wêdèni, he... ayo mêtua jaba dak êntèni, ora dak êtoni dupih kalawan apa. Sang Prabu Anglingdriya amênggak dhatêng Radèn Arya Darmamaya, kulup aja kobanjur-banjurake nêpsumu, ngemana jênêng ingsun iki lagi ana sajrone siniwaka, mundhak gawe kusuting kraton ingsun, sanadyan sira sêdya gawe pêpucuking prang pupuh manawa ingsun wus jêngkar saka păncanidhi.[32] Ingsun bakal angayubagya sakarsanira, masa boronga gonira gawe tata têntrêming praja ingsun arsa jêngkar lumêbèng kadhatun, ngiras bubarna paseban, sasampunira sang nata lumêbèng karaton ginarêbêg para manggung biyada srimpi. Gêntos Radèn Arya Darmamaya, miwah Rêkyana Patih Pêngging bibarakên wadyabala prajurit kairit nututi Patih Sukèksi, Baèksi, sigra rêkyana

--- 23 ---

patih kêkalih angundhangi wadyabala Prambanan ingkang sami andhèrèk, kadhawuhan pacak baris, wus mirantos pacak baris wadyabala prajurid[33] rêksasa saha manuswa, solahira kadya gabah dèn intêri sakalangkung suka prajurit rêksasa manuswa ing Prambanan, wasana dhatêngira para prajurit ing Pêngging ingkang samya anututi, wus ajêng-ajêng campuh prang tiyang Pêngging mêsah tiyang Prambanan, dangu gènira prang pupuh, gêntos asor, gêntos unggul, rame surak-sinurak mawurahan, wontên ingkang suduk-sinuduk, wontên ingkang pêdhang-pinêdhang, wontên ingkang bithi-binithi, dhodhog-dhinodhog, dhupak-dhinupak, wontên ingkang prang rukêt, ing Prambanan têtindhih Rêksi Sukèli saha Baèksi, ing Pêngging Radèn Arya Darmamaya, miwah ki patya, dangu botên wontên ingkang asor lawan unggulipun, kathah wadya lit Prambanan ingkang nandhang tatu sarta ingkang pêjah, wasana kasaput ing surubing hyang arga,[34] wadyabala ing Prambanan samya kuthetheran, sira Rêkyana[35] [Rêkya ...]

--- 24 ---

[... na] Patih Sukèli wêlas mring wadya, angatag marang wadya pajurid Prambanan, kinèn mundur lon-lonan, laju dhatêng Prambanan, ngungsi kitha, angunjuki uninga, gustinira, dadosing prang pupuh. Lampahira ing magada tan winarna, wus manjing jroning kitha, gêntos kacariyos, Sang Aprabu Karungkala, pinuju miyos siniwaka, kaadhêp ingkang rayi Prabu Anom Baka, saha para mantri bupati supênuh ambêlabar, pêpak andhèr, ing siyang antarèng dalu amung tansah angarsa-arsa rayi nata kêkalih Rêksi Sukèli tuwin Rêksi Baèksi, ingkang kinon dadya cundaka, mring Pêngging nagari sêsandhan kinèn ambatang cangkriman ingkang awarni paksi êmprit putih sajodho lawan kajêng galih asêm. Pangandikanipun adhi apa baya marganipun arinira Si Rêksi Sukèli lawan Baèksi wus antara suwe ora ana kabare, apa baya trus dadi pêpucuking prang pupuh, sokur bage sèwu manawa Ratu Pêngging ora bi[36] batang kang cangkriman. Banjur kerit mring Prambanan, nungkul anèng ngarsaningsun, sarta nyêmbah[37] [nyê ...]

--- 25 ---

[... mbah] talapak ingwang, manawa duga wataraku mêsthi ora bisa ambatang, awit barang mau pancèn rêmit tur rungsid, mula adhi tata-tataa sêsaji kanggo ambungah tyase kadangira karo lawan wadyabala kang padha mèlu, mring praja Pêngging. Aturipun Prabu Anom Baka, nuwun kakang prabu, sadèrèng tuwin sasampunipun kakang prabu andhawuhakên, kados sampun mirantos sadaya. Dèrèng dangu anggènipun angunandika Sang Aprabu Karungkala dhatêng ingkang rayi Prabu Anom Baka, kasaru sowanipun Rêkyana Patih Sukèli tuwin Rêksi Baèksi, angirit wadya sisanipun ingkang pêjah, pating bilulung saking Pêging,[38] taksih têbih rayi kêkalih kaawe ing sang nata, lajêng tumundhuk dumarojog tanpa larapan mabungkuh nyêmbah padanipun-padanipun[39] sang nata, sarwi anangis. Sang nata andangu muna-bukanira[40] kautus mring nagari Pêngging, he, he, Rêksi Sukèli lawan Baèksi, padha lungguha kang kapenak ingsun arsa dangu marang sira. No, non inggih, kowe padha [pa ...]

--- 26 ---

[... dha] bêcik satêkamu, pangèstunipun ingkang sinuhun ingkang kula pundhi. Kapriye kowe sun utus marang praja Pêngging apa olèh gawe, angaturakên dhapur katiwasan gusti, mênggah cangkriman wau kabatang wakilipun Sinuhun Pêngging anama Radèn Arya Darmamaya, sagêd cocog sadaya, akalipun ambatang ingkang kajêng galih asêm dipun têngêri têngah lêrês, lajêng katraju, lajêng ajomplang, sarêng makatên Radèn Darmamaya sagêd mastani bongkot pucukipun, cocog, sarèhne pambatang wau Raja Pêngging mawi minta saraya, kula botên narimah. Sinuhun Pêngging mundhut pamênang, kula gêntos nyuwun pamênang, Sinuhun Pêngging badhe kula sebakakên ing ngarsanipun gusti kula, kêkah botên purun, wasana putranipun mantu ingkang anama Radèn Arya Darmamaya, duka yayah sinipi. Kula mêdal ing jawi sarana nantang Radèn Arya Darmamaya, Radèn Arya Darmamaya anututi mêdal ing jawi angirit wadyabala prajurit Pêngging, dados pêpucuking ayuda, prang rame, caruk ngrok silih-ungkih, tumbak-tinumbak dêdêr-dinêdêr, pêdhang-pinêdhang, pênthung-pinênthung, rukêt-rinukêt-rinukêt,[41] dangu-dangu wadyabala

--- 27 ---

Prambanan kathah ingkang nandhang kanin miwah tatu, wontên satawis[42] ingkang samya pêjah, lajêng bibarakên kula irit lon-lonan mantuk dhatêng nagari Prambanan ngriki, nyuwun cumadhong saha nyuwun biyantu, sumăngga kaparênging gusti kula. Dene Radèn Arya Darmamaya ambujung lampah kula, têlas aturira Rêksi Sukèli, Prabu Anom Baka majêng wontên ngarsanipun sang nata sarwi sêsumbar, nyuwun idin ingkang raka sagah dados senapati mêdali prang pupuh mêngsah tiyang Pêngging, ingkang raka kaparêng andhanganakên ing panggalih. Prabu Anom Baka mêdal ing jawi angundhangi para wadyabala prajurit kinèn miranti dêdamêl ing prang pupuh, sawusing mirantosa dêdamêling ajurit, Prabu Anom Baka, mangkat bidhal angirid wadya nglurug dhatêng Pêngging ngawaki prang pupuh, dèrèng antawis dangu bidhalipun Prabu Anom Baka angirid wadyabala rêksasa dalah manuswa saking nari[43] Prambanan, wontên ing dhusun Tangkisan kapapag prajurid agêng baris angêbêgi margi têtindhih Radèn Arya Darmamaya. Sru kagyat Prabu Anom Baka. Mriksa pabarisan Pêngging wontên dhusun Tangkisan, agabak saengga jatingarang, wuwusira asru mojar, angatag [a ...]

--- 28 ---

[... ngatag] wadyabala manuswa, kinèn nêmpuh bêbarisanira tiyang Pêngging, sanalika pabarisanira tiyang Prambanan ingkang awarni manuswa nêmpuh byak ngamuk liwung soroh pati, pangamukira tiyang Prambanan, prajurit Pêngging tadhah tatag tanggoning prajurid, datan kewran agal-rêmpiting kewuh, wadyabala Prambanan kathah ingkang kathetheran, campuh malih ulêt-ulêtan, sotho-sinotho, dhodhog-dhinodhog, bithi-binithi, pêdhang-pinêdhang, suduk-sinuduk, kathah prajurit Prambanan ingkang kapara tiwas, sarêng kathah ingkang lampus tiyang ing Prambanan sami lumajêng ngungsi ing gustinira, kasaput ing surub hyang arga[44] tumamèng wukir, kèndêl ingkang sami păncakara, wus lêrêm anèng pasanggrahanira, tiyang Pêngging kèndêl nèng dhusun Tangkisan. Sinambi amangun suka, bujana anutuk. Enjingira Sang Prabu Anom Baka abidhalakên wadyabala rêksasa, nêmpuh prajurit Pêngging, gumuruh suraking wadyabala rêksasa diyu, pating glidrah pating jungkir, ana ingkang ănja-ănja, anjumpalik angiwi-iwi, wênèh ana ingkang sirah thok gumlundhung siti sarwi ngiwi-iwi mêngsah, wontên [wo ...]

--- 29 ---

[... ntên] ingkang gêmbung gêgulungan sangajênging mêsah,[45] kathah solah tingkah para rêksasa ingkang agêgila mêngsah, wênèh suku sacarang wontên nginggil, sirah saklêndhing agêgiro mêngsah. Wadyabala prajurid ing Pêngging tatag tangguh ing ajurit, atadhah nêmpuh byak, dangu gènira campuh prang, rame suraking ajurit, gêntos unggul gêntos kalindhih, prajurit Pêngging kuthetheran kamigilanên solahing danawa, saya kathah saya wimbuh karosanira, ingkang kapêksa majêng kamigilanên kathah ingkang kalajêng pêjah, wasana kasaput ing surubing hyang odipati, kèndêl ingkang sami amangun yuda, samya lêrêm nèng pasanggrahanira sowang-sowang. Ing ngriku Radèn Arya Darmamaya angrês mariksani wadyabala Pêngging kathah ingkang lampus, sakalangkung prihatos, ing dalu lêrêm, enjingira sigra-sigra angatak maring wadya kinèn nêmbang têngara angawaki ngêdali prang rêrêmpon, wus siyaga prajurit Pêngging gustinira Radèn Arya Darmamaya mêdali prang pupuh, nêmpuh byak prajurit Pêngging ngamuk liwung bêg pati, prajurit Prambanan ditya miwah manuswa atadhah mapag tanggoning ajurit, datan arsa angundhili, sira Radèn Arya Darmamaya mriksa mulat prajurit sêmu ajrih dhatêng solahing [solah ...]

--- 30 ---

[... ing] rêksasa, pating mringis, pating glundhung, agêgiro, botên sarănta, prajurit rêksasa katrajang Radèn Arya Darmamaya, gusis, samya kathah ingkang pêjah, sisanipun samya lumajêng sar-saran, solahira ing ayuda botên kacêtha ing ngriki, wadyabala Prambanan samya angungsi gustinira, awas mulat sira Sang Prabu Anom Baka, wadyanira samya ngungsi, kathah ingkang pêjah, saha ingkang nandhang tatu, sira nyandhak lawungira, anut titihanira andaka lawung, mangsah kurda gumrêgut, wus kapapag ajêng-ajêngan lawan Radèn Arya Darmamaya, sumbar-sinumbar, sami amundhi lawung, agêng inggilira sami, Prabu Anom Baka godhèg wok simbar jaja, pangawak prabata, Radèn Arya Darmamaya, satriya pangawak prabata, blengah-blengah jêne, ugi godhèg wok simbar jaja, cara sawungipun wus tandhing datan nguciwani. Sigra mangsah Sang Prabu Anom Baka, Radèn Arya Darmamaya ginada, angindhani, datan kêni, Prabu Anom Baka gêntos ginada ugi angindhani botên angengingi, sami trampilira solahing ajurit, sikat acukat, tandange, trangginas datan nguciwani, sakalangkung rame suraking wadyabala Prambanan miwah ing Pêngging, gumêr mawurahan, dene gustinira sami [sa ...]

--- 31 ---

[... mi] ngawaki ing ajurit, wus rame tandhing aprang. Wau Prabu Anom Baka, nguwuh-uwuh sarwi sêsumbar, Radèn Arya Darmamaya anadhahi panggadanira Prabu Baka tansah tinitir, dangu-dangu dhawah kalênggak dalah titihanira, Prabu Anom Baka suka ing galih asru pamuwusira, hèh kodhik tangia ingsun antèni, mangkana Radèn Arya Darmamaya dhawah saking kuda ngantos kalêngêr, datan èngêt purwa duksina, kasilir ing samirana janggirat wungu apungun-pungun, sanalika nyat mancat minggah gigiring turăngga, angiwakakên kang turăngga amundhi gada, asru sêsumbar, Prabu Anom Baka anadhahi, tangguhing ajurit, ginada-gada tan kêni, dangu gènira wawan ngajurit, sêmunipun Sang Aprabu Anom Baka lena, kenging ginada, ambruk dalah titihanirèki, suka Radèn Arya Darmamaya, Prabu Anom Baka kalênggak kalêngêr tan bisa mosik, datan èngêt ing purwa wusana, sarêng kanginan silir-silir sumilir, garegah wungu saking gènira kantaka, jênggirat tangi, muwus asru sêsumbar, asta suraweyan, ngandika sora groyok, nguwuh-uwuh minta tandhing, lajêng campuh prang malih wontên dharatan,

--- 32 ---

rame anggènira păncakara Prabu Anom Baka tandhing Radèn Arya Darmamaya, botên wontên ingkang unggul, botên wontên ingkang asor, sami têguh timbul, ngêtok suraning adilaga, gada-ginada tan kêna, dêdêr-dinêdêr tan kongkih, cêngkah-cinêngkah, dugang-dinugang, prang rukêt, rame gènira păncakara, datan wontên ingkang asor, datan wontên ingkang unggul, uwal gènira prang rukêt, lajêng pêdhang-pinêdhang datan wontên ingkang busik, dangu-dangu lena Prabu Anom Baka, kenging kacêpêng lambungira, binucal têbih dhawah kasingsal, gumrêbuk kibèng[46] bantala, gêrêng-gêrêng gumlundhung ing siti, gumaregah wungu tinututan Arya Darmamaya, trampil trangginas, dhinupak dhawah kalênggak, wungu malih Prabu Anom Baka dinugang dhawah karengkang-ringkang, wungu Prabu Anom Baka gadanira pinutêr, Radèn Arya Darmamaya pinupuh-pupuh datan kongkih, lambungira Prabu Anom Baka kenging cinandhak pinupuh gada sirahira, dhawah kapisanan, pêcah

--- 33 ---

sirahira, sumêmbur ingkang marus, wasana ngêmasi pralaya, suraking wadya Pêngging miwah Prambanan gumêrah kadya ampuhan, umyung barêng gong lawan bèri, wadyabala prajurit ing Prambanan sarêng sumêrêp gustinira kasambut ing aprang, enggal lumajêng bibar mawut rêbat dhucung, tunjang-tinunjang, anggêndring ngungsi kitha. Mangkana Radèn Arya Darmamaya, anggung sêsumbar, mriksa bilih para prajurit rêksasa dalah manuswa ing Prambanan sampun sami bibar lumajêng angungsi kitha. Andhawuhakên dhatêng para wadyabala prajurit ing Pêngging kinèn ngaso rumiyin dhatêng pasanggrahan Tangkisan, sapraptanira ing pasanggrahan, suka-suka bujana ăndrawina sasuka-sukanya pribadi, ana kang main dhadhu kêplèk kècè[47] posing, wontên ingkang tayuban, warni-warni solahe kang mêntas mênang ajurit, ngantos sadalu natas datan wontên kêndhatira. Amung tansah amangun suka-suka. Sigêg, gêntos ingkang kacariyos, ing nagari Salêmbi ingkang umadêg [umadê ...]

--- 34 ---

[... g] narendra ajêjuluk Sang Aprabu Dipawinata, kalêrês arinira Sang Nata Pêngging Sang Aprabu Anglingdriya. Sang Aprabu Dipawinata, ratu kajèn kèringan, angrèh para ratu sèwu nagari, datan wontên parangmuka ingkang anginggahi, wus kawus ing janaloka yèn Sang Prabu Dipawinata sakti măndraguna, kajèn kèringan ing mêngsah, datan wontên ingkang anyamènana, kasêktène, dhasar ratu bagus warnane, datan kewran ing agal alus, samana Sang Aprabu Dipawinata lagya anandhang prihatin, para wadyabala prajurit agêng alit miwah para ratu sèwu nagari bupati pasisir măncanagari ugi bela sungkawa ing gustinira. Jalaran garwanira sang prabu gêrah santêr, kausadani dening para pandhita, para rêksi, para ajar ing pundi-pundi datan wontên ingkang tumama, malah sangsaya sangêt gêrahirèng sang putri, bêbasan sarira kantun lunglit, angrayung ingkang katingal kantun balung kalayan kulit, netra akilong-kilong, sang nata siyang ratri botên nate nendra, saking sampun têlas anggènipun angusadani, datan tumama, wasana kalajêng seda, gumêr gumêrah jroning pura, prasasat udan tangis, layon lajêng dipun sukcèni, [sukcè ...]

--- 35 ---

[... ni,] sasampunipun kasukcenan layon lajêng dipun ngruktèni, sarampungipun pangrukti, dahat sukawanira[48] sang nata, sampun malih para wadyabala agêng alit tuwin ingkang para ratu sèwu nagari bopati pasisir măncanagari botêna bela sungkawa, ing karaton Salêmbi bela sungkawa, datan wontên swaraning walang ngalisik, sidhêm prêmanêm, kangjêng ratu tilar putra putri satunggal sampun kiwasa,[49] sakalangkung ayu linuwih, rikma mêmak ngêmbang bakung ngendrawila wilis, palarapan nyela cêndhani, kang imba jait malêngkung, athi-athi anylakênthung, sinomira anylakênthing, netra liyêp-liyêm lindri, kang waja angêlar kombang, jangganira angolan-olan, payudara mêntir-mêntir lir cêngkir gadhing, bangkekan anawon kêmit, pantês acundhuk asêkar mlathi, prasasat Dèwi Supraba angejawantah, samantên Sang Prabu Dipawinata sakalangkung sihira dhatêng ingkang putra, kasok sihira sang nata, jalaran sasedanira ingkang ibu minăngka kagêm anglêlipur panggalihira sang nata, saking kasoking katrêsnanira sang nata, ngantos kasupèn dhatêng ingkang putra, nandukakên kasmaran asmara turida, asmaragama, wus katrêm katrêsnanira sang nata dhatêng ingkang putra, ing ngriku lami-lami

--- 36 ---

sang putri katingal amangkah-mangkah anggarbini, dumugi ing wancinipun sang ayu kagungan putra kakung bagus ing warnanira, kaparaban Radèn Baka, dinusan ing toya gege walagang enggal agêng, ing ngriku sang nata sakalangkung suka kagungan putra kakung ginandhang gumantya nata angrèh wadyabala ing Salêmbi, ananging èngêting panggalih pungun-pungun kaduwungira kapati, sang nata arsa têdhak alêlana mring panggenan ajar myang rêsi, miwah pandhita ing gunung-gunung, andangu ing kukuming agami, manawa ana wong ajamah mring putrane èstri, apa ing kukumira, aturira kang dinangu, manawi wontên tiyang ajamah mring putrèstri, botên wontên ing kukumipun, kajawi dèn ulêtna dhêdhak kalawan tinja, katêdhakna ing tiyang wau, sang nata angandika, yèn mangkono aku ora sida gawe upama. Wasana sang nata angalih têdhak maring panggenan nujum andangu ukumipun agami upami wontên tiyang ngantos ajamah dhatêng anakipun èstri, unjuk wangsulanipun nujum ingkang kadangu cocog kalihan aturipun ingkang kadangu [ka ...]

--- 37 ---

[... dangu] rambah sapisan, sang nata ugi lajêng andhawuhakên, yèn mangkono ing kukumipun upama iku ingsun ora sida gawe tatananing kukum, wasana sang prabu pamit mring nujum, atêdhak maring sanès-sanès panggenaning para pandhita para rêsi para ajar para-para nujum, ing pasisir măncanagari, sadaya wau mênggahing kukum, cocog kemawon kados aturipun ingkang kadangu rambah sapisan, sang nata kondur angadhaton sêmu merang kaduwung ing panggalih, saking grantêsing panggalih, sang nata lajêng gêrah, sang putri sakalangkung gawoking panggalihanipun, bêkti ajrih dhatêng kakung, lajêng utusan animbali para ajar para manguyu para pandhita, myang para rêsi, kadhawuhan angusadanana gêrahe sang prabu, ananging pangusadananing para rêsi pandhita wau tanpa daya, botên sagêd tumama, malah saya angranuhi, nalika samantên putranipun kakung ingkang anama Radèn Baka sampun agêng diwasa, sangêt ajrih asihira [asih ...]

--- 38 ---

[... ira] dhatêng ibu, bêbasan botên kenging kaling-kalingan ron salêmbar, amung tansah kapirangu asmara kingkin, anandhang wiyoga. Dhawuhipun ingkang ibu, kulup Baka sarèhning sira putraning narendra sêkti, sira durung anglakoni sakabèhe maratapa, tajin dhahar lawan guling, măngka jênênging putraning narendra têdhaking andana-warih, wijiling atapa, rêmbêsing madu kudu anglakoni maratapa, kurang nendra kurang dhahar, kulup sira aja katungkul anandhang kingkin, bêcik sira mangkata ing dina iki lungaa atapa, mring gunung-gunung, utawa mring wana, besuk gampang manawa sira wus amêngku kaprabon jumênêng nata. Nêmbah matur Radèn Baka, nuwun sandika mugi sagêda anglampahi nyuwun pangèstu paduka, iya sira kudu angati-ati, Radèn Baka wus lèngsèr saking nagari ing marga tansah kapirangu. Amung tansah kapirangu, eklas panggalihira Rahadèn Baka sêdyaning panggalih badhe anasak wanawasa, minggah wukir, ingkang siluk-siluk rumpil, ing ngriku Radèn Baka sampun angsal papan ingkang langkung sakeca, [sa ...]

--- 39 ---

[... keca,] kangge manungku puja sêmèdi, inggih punika wontên pucaking ardi Ngêndhêng ing sakiwa têngênipun guwa Langse, wus mapan ing ngriku, sêdya tyasing datan arsa kondur mring praja manawi dèrèng angsal dhawuh kaelokaning jawata, kang kacipta jroning wardaya sagêda kalêksanan sêdyaning panggalih. Amangsuli cayos[50] para prajurit ing Prambanan ingkang kawon ing ajurit sampun ngungsi sajroning praja, samantên Sang Prabu Karangkala[51] pinuju miyos sinawaka wontên ing păncanidhi, pêpak andhèr para wadyabala agêng alit, Sang Prabu Karungkala anganti rawuhipun ingkang rayi Prabu Anom Baka. Asor miwah ungguling ajurit. Dèrèng antawis dangu anggonira anguda raos Sang Prabu Karungkala, kasaru gègèr ing jawi pra prajurit ingkang mêntas amangun yuda, mêngsah tiyang Pêngging. Sami rêbut dhucung nunjang palang, sowan ing gustinira sang nata, wus parêk ing ngarsanira narendra. Kagyat Sang Prabu Karungkala, para wadyabala sowan asalang tunjang rêbut dhucung, aliru papan. Sigra-sigra andangu mring nayaka waktra Bubarham, kapriye Bubarham mungguh gustimu Prabu Anom Baka gone dadi panganjuring

--- 40 ---

aprang asor miwah ungguling ajurit, aturira mantrimuka pun Bubarham, angaturakên dhapur katiwasan gusti, rayi paduka Prabu Anom Baka kasor ing yudanipun, tandhing kalayan Radèn Arya Darmamaya kalêrês putra mantu Sang Nata Pêngging, rame anggènipun tandhing rayi paduka, dêdêg pangadêgipun sami gusti, dalah warni jambe sinigar, gêntos unggul gêntos kalindhih, dangu-danguning dangu rayi paduka lena madyaning palugon, sirna kuwandhanira, sinurak mawurahan, titi têrang manawi gusti kula Prabu Anom Baka seda, lajêng para wadyabala ing Pramban[52] kadya punika orêgipun, sami arêbat dhucung salang tunjang, ngungsi ing ngarsanipun gusti kula, amila amba lajêng umarêg ing ngarsanira sang nata, nyuwun cumadhong dhawuh dêduka, dèrèng têlas aturira Patih Bubarham, duka yayah sinipi, Sang Aprabu Karungkala, saking sangêting bêndu dangu datan arsa ngandika, gêgêtun arinira wus ginadhang-gadhang amêngku praja Prambanan têmahan seda ayuda mêngsah Darmamaya, sarêng karsa angunandika gênjot bantala molah, mondar-mandir thèthèt[53] erawati ngakak, kalangan kang bagaspati, [bagaspa ...]

--- 41 ---

[... ti,] sinthung[54] riwut aliwêran, bumi pêtêng dhêdhêt datan ing keblat sakawan, wasana angandika sora gumlêgêr kadya gludhug sèwu sarêng munya, pratăndha sangêting dukanira, yèn mangkono Bubarham, ingsun ora lêga ora narima, patine ariningwang Prabu Anom Baka, he, he, Baka ora mati dhewe dak belani. Kaya apa rupane Darmamaya, wong Pêngging sing ngati-ati. Patih Bubarham ingsun priyăngga kang nêdya pêpulih ing ayuda, mangsah wong Pêngging, nêdya sun dadèkake karang abang, sacindhile abang, sang nata lawan anggênjot siti prakêmpa, asta suraweyan, netra sakênong sisih, lèng-lènganing grana kadya guwa, gumarênggêng anggêrêng agung gumrunggung. Payo Bubarham angundhangana wadyabala Prambanan ingsun nêdya pêpulih ayuda, mêthukake wong Pêngging, wadyabala prajurit buta manuswa kêrigna kabèh, sandika ing aturipun Patih Bubarham, para prajurit wadyabala manuswa miwah rêksasa wus mirantos sadaya, nulya bidhal nêmbang têngara gumuruh, bêndhèng[55] gong tinitir binarung bèri, para wadyabala prajurit ing Prambanan asuka-suka, dene gustinira Sang Prabu Karungkala [Karungka ...]

--- 42 ---

[... la] angawaki ing ajurit, gumuruh gumêrah swarana[56] wadya samarga-marga tansah sêsumbar, datan kawarnaa ing marga lampahira wus laju. Gêntos ingkang kacariyos, wontên sêmpalaning cariyos ing sukuning ardi Lawu wontên satunggiling ajar ingkang sampun putus tapanira, sadaya saliring tapa sampun dèl[57] lampahi, botên parlu kacêtha ing ngriki, kyai ajar wau sidik paningale têrus, padhang anarang,[58] datan kèwêran ing agal alus, pêparab Bagawan Sidikwacana. Anuju satunggaling dintên sang ajar kaadhêp ingkang wayah, pêparab Radèn Bandung, mothah wontên ngarsanipun ingkang eyang, matur tatimbanganing isèn-isèn marcapada, kadosdene, bumi kalihan langit, srêngenge lan rêmbulan, cêkakipun lajêng matur dhatêng ingkang eyang, sudarmanipun jalêr, sang ajar kêkah botên karsa ambabarna, saya dangu pagonjèngira Radèn Bandung, wasana kyai ajar andika,[59] o anggèr putuku, satêmêne mangkene, kowe iku dhèk isih sabên nangis, cukup dak aring-aring gêdhe[60] saulêr, wong tuwanira [tu ...]

--- 43 ---

[... wanira] lanang iku satriya ing Sudimara, sêsêlih Radèn Darmamaya, putrane Prabu Darmawinata sinuhun ing Sudimara, kapundhut mantu Prabu Anglingdriya Sinuhun Pêngging, nanging waktu iki kowe aja golèki wong tuwamu, jalaran nagara Pêngging lagi diungkahi parangmuka, raja buta ing Prambanan anêlukake Sinuhun Pêngging, kang dadi senapatining apring[61] ing nagara Pêngging wong tuwanira Radèn Arya Darmamaya. Waktu iki wong tuwamu kêrêp unggul jurite, ing Prambanan tansah kalindhih, mula kowe aja mangkat dina iki pangkalane, lan păncabayane, ingkang wayah botên kenging pinênggak, kyai ajar lajêng angandika, baya wus masthine dewa kang linuwih mung samene anggonku momong putuku, ingkang lajêng pinêtik, winulang jaya kawijayan, putus salwiring wêwekaning tangguh, agal rêmiting kewuh, saiki kowe takona Sinuhun Pêngging, wong tuwamu lanang ana kono, apa dhawuhe Sinuhun Pêngging lakonana, wusana Radèn Bandung nyuwun pamit pangkat dhatêng nagari Pêngging, lampahira margi botên kacariyosakên. Lampahipun[62] sampun dumugi nagari Pêngging, kala samantên sang

--- 44 ---

nata pinuju miyos siniwaka. Dhawuh dhatêng para wadyabala Pêngging kinèn anusul bêbantu ngayuda dhatêng Prambanan, wadyabala sampun sami bidhal nusul bêbantu ngayuda dhatêng Prambanan, sarêng sanalika sowanipun Radèn Bandung, tumundhuk wontên ngarsanipun sang nata, kadangu Sang Nata Pêngging, wijil miwah pinangkanira, umatur rèntès têrang sadaya, dhawuhipun sang nata, yèn wong atuwanira samangkin lagya dadya Senapati Pêngging, mêngsah prang lawan raja ditya Prambanan, wêktu iki wong tuwamu Si Darmamaya unggul ing yudane, wong Prambanan akèh kalonge, mula tansah anjaluk biyantu mring praja, mula jênêng sira luwih bêcik nusula bêbantu ing ayuda wong tuwanira, ciri barisan Pêngging umbul-umbul rontèk gêndera, pare anom, jênêng sira kang mulat aja nganti wor-suh pandulunira, nêmbah umatur Radèn Bandung wus mêsat ing awiyati, angsal idining Narendra Prabu Anglingdriya. Kawuwusa wadyabala Pêngging wus mapakakên mêngsah saking Prambanan dhatêng, têtindhih Sang Prabu Karungkala piyambak ingkang ngêdali ngajurit, sakalangkung rame suraking wadyabala Prambanan gumyah-gumyah gumu[63]

--- 45 ---

gumuruh swaranira, sangking prabunira angêdali ing ajurit. Mulad Radèn Arya Darmamaya, têtindhih Senapati Pêngging, tatag tanggon ing prang pupuh, trangginas trampil akas, lajêng ngirid wadyabala Pêngging, arsa mapakakên Sang Prabu Karungkala raja ditya Prambanan angawaki prang dados senapati, samantên sampun campuh prang rame, wadyabala rêksasa saha manuswa ing Prambanan, wadyabala Pêngging tatag anadhahi. Kangge nyalamur sawatawis rêngêng-rêngêng têmbang Pangkur palaran.

1. miwah punggawa manungsa | sira Rêsi Sukèli lan Baèksi | Ki Băndawasa Tumênggung | nêmpuh prang ngirid bala | campuh prang lawan wadya Pêngging karubuh | gaman panah tanpa karya | saking wus rukêting jurit ||

2. prang rame pêdhang-pinêdhang | aprang gada miwah bindi-binindi | ana prang suduk-sinuduk | rukêt aliru papan | surak umyung barung gong bêndhe angungkung | ing Pêngging punggawanira | samya ngawaki ngajurit ||

3. wor-suh mungsuh lawan rowang | udrêg dêdrêg dènnya bindi-binindi | mungsuh rowang kathah lampus | ing prang karoban lawan | wong Prambanan sarêng kasaput ing dalu | samya mundur masanggrahan |

--- 46 ---

datan kawarna ing ratri ||

4. enjing têngara gumêrah | mungsuh rowang ngungkung bêndhe tinitir | barung lanêndhang[64] gong umyung | lajêng têmpuh ing yuda | kang pangarsa panah-pinanah prangipun | tibaning panah lir udan | ing wuri mangsah angungkih ||

5. kang panah wus tanpa karya | aprang rukêt tumbak-tinumbak sami | pêdhang-pinêdhangan caruk | mungsuh akèh kang pêjah | udrêg dêdrêg pêdhangan suduk-sinuduk | wor-suh mungsuh lawan rowang | saking wus wurung ing jurit ||

6. Radèn Arya Darmamaya | angawaki ngirit kang pra dipati | ing Pêngging mangsah gumêrgut | ngamuk lan gustinira | numbak tigas mungsuh kang tinrajang gêmpur | dening Radèn Darmamaya | prawira ngamuk bêk pati ||

7. wadya Prambanan kang pêjah | wil punggawa kêkalih wus ngêmasi | pinarjaya lambungipun | ing Radèn Darmamaya | wadya ditya mulat punggawane lampus | krodha pêpulih ing aprang | pangamuke ambêg pati ||

8. prang rame kathah kang pêjah | wong Prambanan kasêsêr ing ajurit | kaparêng ing praptanipun | Sang Prabu Karungkala | miyat wadya ditya [di ...]

--- 47 ---

[... tya] kèh kang lampus |[65] yaksa Prabu Karungkala | anut titihanirèki ||

9. pangamuke ngundha gada | ngiwat-ngiwut ngiwa nêngên gadani | ginêrbêg prajuritipun | samya ngamuk kotbuta | dene [...][66] nira ngawaki prang pupuh | punggawa ing Parambanan | pangamuke ambêg pati ||

10. punggawa Pêngging gya mangsah | anadhahi mungsuh pangamuknèki | carok rok pupuh-pinupuh | ana pêdhang-pinêdhang | langkung rame ana suduk-sinuduk |[67] binarung surak gumêrah | kêndhang gong bêndhe tinitir ||

11. mungsuh rowang kathah pêjah | tan rêringa maksih rok silih-ungkih | ing Parambanan Sang Prabu | liwung pangamukira | Radèn Arya Darmamaya gya mangsah umagut |[68] ginada indha tan kêna | ngêmbat lawunge pinusthi ||

12. Karungkala gya tinumbak | jaja butul têrus marang ing gigir | titihan andaka lawung | tinumbak sampun pêjah | Karungkala rêbah lan titihanipun | Rêsi Sakèli umiyat | yèn sang nata sri bupati ||

13. tiwas kasambut ing aprang | pra punggawa Parambanan tyas miris | dhadhal barisira ngêlut | lumayu

--- 48 ---

rêbut gêsang | ngungsi kitha ingusir sapurugipun | wong Pêngging pambujungira | kèndêl kasaput ing ratri ||

14. kèndêl nèng dhusun Tangkisan | kawuwusa wau Rêsi Sukèli | punggawa sawadyanipun | sapraptaning Prambanan | ngungsi kitha sadaya atutup pintu | rakit baris nèng palatar | pra punggawa karya rakit ||

15. sakèhe wong desa-desa | ingundhangan dalu karywa piranti | sajawining kitha wau | jinagang rangkêp tiga | sarta sinung borang tapak rangap kêmput | wau Rêtna Rara Jonggrang | miyarsa rama sang aji ||

16. tiwas kasambut ing aprang | sru karuna sêsambate mlas-asih | ngundhangi wadyanya satus | pan arsa nganyut bela | apêpulih lan mêngsah parênga lampus | kang paman kalih ngrarêpa | sangêt dènira ngambêngi ||

17. kathah-kathah aturira | Natèng Pêngging ugule[69] ing ajurit | minta sraya marganipun | ing mangke tinimbangan | kula ingkang ngupaya janma pinunjul | tan lyan paduka sang rêtna | kinarya tohing ajurit ||

18. wau Dèwi Rara Jonggrang | duk miyarsa kang paman turirèki | èngêt ing tyas pungun-pungun | aris dènnya ngandika | inggih paman sakarsanira [sakar ...]

--- 49 ---

[... sanira] ngong anut | kang mugi angsala karya | sujanma ingkang linuwih ||

19. Rêsi Sakèli sawusnya | pamit marang kang putra mundur aris | sapraptaning jawi gupuh | nimbali pra punggawa | kerit Rêsi Baèksi lan malihipun | kang putra Patih Bubarham | Băndawasa lan Suligi ||

20. Tumênggung Pamêngkok Japlak | pra punggawa sawusnya tata linggih | Rêsi Sakèli lon muwus | adhi Baèksi sira | lan Si Patih Bubarham sapunggawèku | dèn bêcik padha karia | rumêksa sang raja putri ||

21. ingsun dinuta ngupaya | minta sraya ngupaya wong linuwih | nanging namur lakuningsun | siji tan gawa bala | sira kabèh dèn padha prayitnèng kewuh | manawa mungsuh mangrêmpak | ngurug jagang dipun aglis ||

22. dèn tangguh nadhahi mêngsah | udanana balang lan panah sami | măngsa bisaa kang mungsuh | mangrêmpak ngrurah kitha | yèn narajang borang tapak masthi lêbur | sadaya matur sandika | sawusnya têlas kang wêling ||

23. Rêsi Sakèli gya mentar | wanci bambang wetan akatirèki | kunêng kang lagya lêlaku |

--- 50 ---

gantya kang kawuwusa | Radèn Darmamaya sawadyanipun |[70] ingkang baris nèng Tangkisan | lan sagung kang pra dipati ||

24. enjing gya nêmbang têngara | bêndhenira tinabuh asru tinitir |[71] barung lan kêndhang gong umyung | wadya wusnya samêkta | Radèn Darmamaya sigra budhalipun | pan arsa bêdhah Prambanan | anjawarah[72] bêboyongi ||

25. sapraptanirèng Prambanan | wong pasisir lan măncanagarèki | kang samya munggèng ing ngayun | kèh rêbah kênèng borang | borang sawênèh bandhil kêmarung |[73] tan ana sêlane samya | pira-pira borang êri ||

26. jawi jagang jroning jagang | mêngsahira tan kandhêg amanahi | balang watu kadi jawuh | tan kêna pinarpêkan | katur Radèn Darmamaya langkung bêndu | sigra sarêng dènnya mangsah | sarta buwang borang êri ||

27. nanging tan bisa lumampah | wong Pêngging pinanah pasêr sami |[74] kathah ingkang nandhang tatu | tatu borang lan panah | pan sadina Pêngging durung bisa maju | kang pêksa maju kacurnan | kinrutug watu jêmparing ||

--- 51 ---

28. kasaput surubing arka | Radèn Darmamaya sawadyanèki | mundur makuwon sampun |[75] anèng dhusun Tangkisan | mung punggawa kalih kang kinèn kantun |[76] nindhihi punggawa mănca | wong kuna tan kêna mijil ||

[Mijil]

1. enjingira gya sinasak wani | gêdhèk pirang gotong | borang-borang katangkêban kabèh | borang sajawining jagang sami | borang salêbêting | jagang laku ngewuh ||

2. lajêng rinêpak kang jagang sami | pan sinungan uwot | nanging tan bisa marêk ing jagange |[77] kinrutuk watu dipun panahi | sinêbaran sami | sruwa borang kècu ||

3. samya kagêk[78] pra dipati Pêngging | tan bisa manjing jro | kunêng kang lagya ngrampit kithane | kawuwusa nênggih kang winarni | pra mantri Salêmbi | kang sinêbar ngruruh ||

4. angulati ing gustinirèki | raja putra anom | Radèn Baka tan kantênan gène | kongsi nêm wulan dènnya ngulati | pan dèrèng pinanggih | Radèn Baka wau ||

5. sawusira alaya bumi |[79] Radèn Baka manggon | kèndêl tapa nèng curi guwane | pêrnah salèr wetan [we ...]

--- 52 ---

[... tan] ardi alit | duk lagya tri sasi | tapa rajasunu ||

6. wontên wong Salêmbi amrangguli | sigra matur gupoh | pan sadaya kang para mantrine | sabalane kèndêl mondhok sami | anèng krajan nênggih | samya kèndêl dhusun ||

7. kagyat miyarsa aturing dasih | yèn gusti sang anom | tapa anèng ing guwa curine | gya palayon kabèh para mantri | ngrêksa rajasiwi | sadaya gumrumung ||

8. para mantri nangis mêlas-asih | adhuh gustiningong | paraning karsa tilar ing prajane |[80] satunggal tan arsa gawa dasih | ramanta sang aji | lan ibu pukulun ||

9. sangsaya wêwah sukawanèki |[81] mung paduka katon | rama paduka dados sedane | lan ibunta gêrah angranuhi | tan arsa jêjampi | têmah sedanipun ||

10. sampun pinaripurna kang lalis | kalihe kang layon | pra pandhita pancoka obonge | nuntên wadya sadaya ngulati | ing paduka malih | samangke kapangguh ||

11. suwawi kondur samangke gusti | umadêga katong | amêngkua nagri Salêmbine | kinawulan abdi sadayèki [sa ...]

--- 53 ---

[... dayèki] | santana myang mantri | wadya lit sadarum ||

12. Radèn Baka wau duk miyarsi | atur kang mangkono | sakalangkung sungkawa galihe | darodosan waspanya drês mijil | kang kaciptèng galih | sedane kang ibu ||

13. dhuh ibuku sadulur ngong yêkti | dene milu layon | nora nganti adêg ingsun rajèng | pan mangkana osiking jro galih | wasana lingnya ris | pan maksih rawat luh ||

14. hèh wruhanta mantri ing Salêmbi | samêngko wak ingong | durung arsa yèn madêga rajèng | lamun durung krama putri adi | kang ayu sairib | warnane jêng ibu ||

15. para mantri sadaya sru nangis | adhuh gustiningong | nadyan krama kang endah warnane | putrinira tukang măncanagri | yèn gusti wus dadi | Slêmbi madêg ratu ||

16. dèrèng dugi aturira pra mantri |[82] kasaru kang rawoh | Rêsi Sakèli wus katur age | tinimbalan wus prapta ing ngarsi | Dyan Baka lingnya ris | lah ta sintên rawuh ||

17. pundi pinăngka sêdya mring pundi | panggih raganingong | Rêsi Sakèli lon ature |[83] kula saking Prambanan nagari | anama Sakèli |

--- 54 ---

pêrnah kadangipun ||

18. Sri Karungkala Prambanan Aji | kang seda palugon | kang kadugi ing prang ngasorake | natèng Pêngging sirnakna ing jurit | ing jangjinirèki | lan sariranipun ||

19. kagarwaa lajêg[84] madêg aji | Prambanan kadhaton | langkung endah sang putri warnane | ngasorakên apsari rarasati |[85] ayu sêmu lindri | pantês jăngga lumung ||

20. dêdêg pidêksa sarira kuning | cahyane sumorot | netra balut pantês sasolahe | para putri raja kanan kering | tan wontên nyamèni | warnane sang ayu ||

21. sangking Prambanan ing pangkat mami | dinuta sang sinom | sawêg samadya căndra lamine | anis jajah desa milang kori | anabrang parigi | prapta ngong ing dhusun ||

22. miyat ngriki bêlêg tiyang nangis | anangis gumuroh | kula tanya manawi tangise | santana mantri wadya Salêmbi | dènira ngulati | gustine kapangguh ||

23. Radèn Baka tapa guwa curi | milanipun gupoh | anggèr mula marêk ing ngarsane | sakathahe [saka ...]

--- 55 ---

[... thahe] atur kula sami | kang wus katur nênggih | paduka pukulun ||

24. mugi anggèr darbea panggalih | ing ari sang sinom | owêl lamun kalap ing liyane | pantês paduka ingkang mêngkoni | arinta sang putri | lajêng madêg ratu ||

25. dene yèn cuwa karsanta benjing | saking doraningong | namung karyanên garwa pangrêmbe | tan lênggana arinta sang putri | anut sakarsaning | ing driya satuhu ||

26. Radèn Baka wau duk miyarsi | tyasira sumêdhot | dènnya nahên brăngta lan ibune | pan ing mangkya langkung sukèng galih | saurira aris | gih paman sang wiku ||

27. kula turut saaturirèki | kalamun sayêktos | Rêsi Sakèli alon ature | jăngga kula katugêla benjing | [...] |[86] mring paduka tuhu ||

28. Radèn Baka nari para mantri | sadaya rumojong | sampun êngah mêngsah Pêngging anggèr | wus jamake wong rêbut nagari | sayêkti toh pati | lawan prajanipun ||

29. Radèn Baka angandika aris | yèn kaya mêngkono | mantri Salêmbi wong roro bae | ingsun duta lêlancaran mulih | wadyaningsun sami |

--- 56 ---

kang kari atugur ||

30. anèng Salêmbi tunggu nagari | mêngko karsaningong | sun timbali mring Prambanak[87] kabèh | ingkang kari tunggu nagri Slêmbi | kari catur mantri | lan sawadyanipun ||

31. atur sandika kang kalih mantri | nêmbah mêsat gupoh | kang cinatur kang mantuk lampahe | kawarnaa Radèn Baka nênggih | wus rêmbug dadi |[88] pamucunging laku ||

[Pucung]

1. pan agupuh parentahing wadyanipun | pan kinèn siyaga | sandika kang para mantri | sawusira samapta sawadyanira ||

2. rajasunu laju wau budhalipun | marang Parambanan | kèrit ing Rêsi Sakèli | Radèn Baka anitih titihanira ||

3. kudanipun kalih kang binêkta wau | mêthuk gustinira | kang satunggal ulês manggis | namanipun kang satunggil pun layar titihanira ||[89]

4. kalihipun kuda ulês janjam wungu | nama pun sawangan | punika kang dèn titihi | Radèn Baka ginarêbêg pra mantrinira ||[90]

5. kudanipun ingkang ulês manggis wau | kinèn nitihana | marang ing Rêsi Sakèli | langkung suka ing

--- 57 ---

lampah dènnya tuk karya ||

6. pan gumêrgut wadya Slêmbi lampahipun | kunêng kang kocapa | kang maksih rame ajurit | wadya Pêngging lawan wadya Parambanan ||

7. yudanipun wong Pêngging nêdya angrêmuk | kapalang ing jagang | tiga binorangan sami | yèn rinampit wong Prambanan nora kêna ||

8. lajêng mêthuk angudani panah watu | wong desa arahan | kang ngungsungi watu sami | kali Opak watune kang alit têlas ||

9. pan tinumpuk jroning jagang ngundhung-undhung | dadya rêmbagira | ature punggawa Pêngging | ing Prambanan sae kinêpung kewala ||

10. sampun sinung wong manjing kitha kêkintun | yèn byantu ngayuda | inggih sakajênge gusti | yèn wong mêdal lajêng ngungsi linilanan ||

11. lamun wangsul punika tinulak wangsul | supados jro kitha | têlasa kang bêras pari | traos sarêm sapanunggile punika ||

12. lamun sampun kitha têlas isinipun | pasthi nêmpuh ing prang | wong Prambanan saking ngêlih | Radèn Darmamaya sarju ing tyasira ||

13. lajêng dhawuh punggawa sadayanipun | kitha ing Prambanan [Pra ...]

--- 58 ---

[... mbanan] | pan kinèn angêpung kikis | wus kinêpung kêmput kitha ing Parambanan ||[91]

14. kunêng wau wong Pêngging baris angêpung | wau praptanira | sira Sang Rêsi Sakèli | ngirit Radèn Baka sawadyanira ||[92]

15. lampahipun sinakajêng lêbêtipun | baris Parambanan | kagyat dènira ningali | lamun Rêsi Sakèli ing lampahira ||

16. ngirid laku gêgaman asri dinulu | dinuga yèn sraya | gyan dènnya mêngani kori | jagang-jagang wus sinung uwod sadaya ||

17. sampun laju Radèn Baka lampahipun | lan sawadyanira | kerit ing Rêsi Sakèli | praptèng panangkilan wadyanya sadaya ||

18. lajêng wau pinêrnah pakuwonipun | anèng pêpajangan | gustine nèng păncaniti | Radèn Baka ngaturan kèndêl sakêdhap ||

19. arsa atur uninga mring sang rêtnayu | Sa[93] Sakèli sigra | lajêng dènnya manjing puri | praptèng pura wus panggih lawan kang putra ||

20. atur lamun antuk saraya pinunjul | trus trahing kusuma | putrane Sang Natèng Slêmbi | bagus sengoh pantês yèn prawirèng yuda ||

--- 59 ---

21. namanipun Radèn Baka kang jêjuluk | sudira ing tapa | wontên guwa wukir curi | anglir rêksi sinusul ing wadyanira ||

22. kinèn kondur nèng Salêmbi madêg ratu | nuntên prapta kula | pan lajêng kula aturi | têtulung prang bantu dhatêng Parambanan ||

23. aturipun mring kang putra sang rêtnayu | wit praptèng wêkasan | sadaya wus katur sami | ingkang putra Rara Jonggrang duk miyarsa ||

24. ngandika rum inggih paman wus pinuju | yèn yêktos kuwawa | nyirnakakên mêngsah mami | ngong lampahi kados ature pun paman ||

25. gya sang wiku Sakèli malih umatur | [...] |[94] mênggah adêge narpati | sae tuwan dhawahakên sapunika ||

26. amrih suyut pamêngkunirèng wadya gung | pasthi lamun wêwah | kandêle tyasipun sami | lan paduka inggih sampun taha-taha ||

27. mring têtamu ngurmati panêmbramèku | tuwin ing panêdha | sayêmbaraning ngajurit | lajêngipun madêg Ratu Parambanan ||

28. sang rêtnayu sadaya sampun mituhu | ature kang paman | sawusnya busana adi | Dèwi Rara Jonggrang lênggah ing pandhapa ||

--- 60 ---

29. atap pungkur parêkan pacaranipun | tuwin kering kanan | sigra Sang Rêsi Sakèli | wangsul marang panangkilan sampun prapta ||

30. sampun katur saature sang rêtnayu | sira Radèn Baka | sandika aturirèki | gya parentah kang wadya mantri santana ||

31. kang tut pungkur manjing sajroning kadhatun | Slêmbi pra satriya | Prambanan punggawa mantri | pan sadaya tinimbalan manjing pura ||

32. ngirid laku Patih Bubarham puniku | kang rama kalihnya | Rêsi Sakèli Baèksi | ngirid Radèn Baka saking tyasnya brăngta ||

[Asmaradana]

1. rajaputra ing Salêmbi | sapraptanirèng jro pura | ya ta wau sang lir sinom | ngurmati ing sawatara | sampun ngaturan lênggah | Radèn Baka duk andulu | ing warnanira sang rêtna ||

2. langkung kasmaraning galih | lêgêg tan bisa ngandika | sawusira tata lunggoh | ingayap para santana | tuwin para punggawa | ya ta wau sang rêtnayu | sawusnya anamudana ||

3. mring têtamu ngandika ris | marang kang paman kalihnya | kinèn dhawuhêna kabèh | pasanggirine sang rêtna | kang paman tur sandika | Rara Jonggrang wusnya dhawuh |

--- 61 ---

lajêng kondur manjing pura ||

4. mring kaputrèn taman sari | lawan saparêkanira | ingkang kantun sadayane | ing sawusira samêkta | sarate madêg nata | Rêsi Sakèli agupuh | ngadêg asru ondhang-ondhang ||

5. hèh yayi Rêsi Baèksi | tuwin Ki Patih Bubarham | lan sakancanira kabèh | santana mantri punggawa | Slêmbi lan Parambanan | piyarsakna undhang ingsun | yèn mêngko gusti sang rêtna ||

6. minta sraya satriya di | putra Salêmbi Dyan Baka | kang saguh nirnakkên mungsoh | yèn kalakon Pêngging sirna | sang putri toh sarira | kagarwa sang rajasunu | ing Salêmbi Radèn Baka ||

7. ngrèh Parambanan nguwasani |[95] tan lyan iku Ratu Baka | kang pantês umadêg katong | santana mantri sadaya | jumurung aturira | pra wiku muja gumuruh | sarwi ngobar dupanira ||

8. saji-saji gya binagi | mring ajar para pandhita | Rêsi Sakèli agupoh | Ratu Baka ingaturan | lênggah ngamparan dênta | dhampar gadhing kang binubut | pinatik rêtna kancana ||

Rêrênggananing umadêg raja botên parlu kacêtha ing ngriki, kathah rêroncènipun, Sang Prabu

--- 62 ---

Baka andhawuhakên wadyabala Salêmbi tuwin Parambanan kinèn siyaga kapraboning aprang, wadyabala Salêmbi Parambanan sadaya rumojong. Sikêp kaprabon aprang wus mirantos sadaya. Sang Prabu Baka badhe ngêdhali prang rêrêmpon mêngsah tiyang Pêngging. Bidhalipun tiyang Salêmbi tuwin Parambanan gumarêdêg swaranira, asuka-suka angsal bantu Rajaputra Salêmbi dalah sawadyanipun, wus nêmpuh prajurid Pêngging, sêmu kadikik, tiyang Pêngging kagyat mulad mungsuhe prapti, agarêbêg raja manuswa, wus duka yèn sraya, prajurid Parambanan manuswa langkung kathah, nêmpuh byak tiyang Pêngging, sêmu kalindhih karaban[96] mêngsah, akathah ingkang pêjah, saha ngungsi gusti-gustinira, mulad Radèn Arya Darmamaya yèn wadyane kathah kalonge, anduka[97] yèn Parambanan wus antuk saraya, sanalika Radèn Arya Darmamaya ngatag wadyanèki, wus ayun-ayunan lan para senapatining aprang, datan kasamaran marang kang dèn minta sraya, putranipun Natèng Salêmbi Radèn Baka, kalêrês putranipun ingkang uwa

--- 63 ---

Prabu Dipawinata, dados kalêrês sadhèrèk nak-sanak, mila Radèn Arya Darmamaya kagêg[98] pangamuknèki. Sarêng Raja Parambanan mriksa Senapati Pêngging putranipun ingkang paman Prabu Darmawinata, Sinuhun Sudimara, sêmunipun rangu, ananging sarèhne sampun kalajêng anglêgahi[99] sêsanggêman, sanalika nêmpuh wadyabala Pêngging, bubar mawut ngiwut ngiwa nêngên anggadani, kathah wadyabala Pêngging gêng alit ingkang kapara tiwas, Radèn Arya Darmamaya nyat mangsah Raja Prambanan kasabêt lambungira angèngingi, mundur kasaput ing dalu, ngaso trus malêbêt karaton amanggihi Rara Jonggrang, angrarêpa angarih-arih, kasmaraning sang prabu muga yayi anglêganana, wangsulanipun Dèwi Jonggrang ambalang liring sêmu ngujiwat karya rêsêping panggalih, botên enjing botên sontên manawi mêngsah Pêngging sampun sirna, sanadyan kadadosna pakathik sandika anglampahi, yèn tiyang Pêngging dèrèng sirna, kula pungguh[100]

ing karsanipun sinuhun, wasana sang prabu kawangsul sêmu merang panggalihira, lajêng kèndêl angaso ing dalu datan winarna, enjingira ngêdali[101]

--- 63 ---

prang pupuh, ngirid wadyabala Salêmbi miwah Prambanan, wus ayun-ayunan, têmpuking prang aliru papan, suduk-sinuduk, pêdhang-pinêdhang, bindi-binindi, dêdrêg udrêg-udrêgan aliru papan, pêdhang-pinêdhang, gong bèri angungkung binarung suraking wadyabala, wus prang tandhing Prabu Baka kalihan Radèn Arya Darmamaya, datan wontên ingkang asor miwah unggulipun, wasana kasaput ing suruping surya, kèndêl ngaso ingkang sami ayuda, wadyabala Pêngging ngaso dhatêng dhusun Tangkisan, tiyang Prambanan wontên ing dhusun Borongan, Prabu Baka trus manjing kitha, lumêbêt ing karaton kapanggih Dèwi Rara Jonggrang, wontên ing ngarsanira sang dèwi, Prabu Baka angarih-arih mêlas-asih, lêganana kasmaran ingsun yayi, karya gawe lara gandrung, sirnane mungsuh Pêngging, wus kacêtha nèng astaningsun, suwe tirta sinaring, mula turutana karsa mami, aja sira walang-ati, pun kakang kadadèkna juru têbah nèng jinêm mrik datan nêdya walang-ati, jangji sira bisa karya lêganing tyas mami, kang tansah nahên wiyoga sêdhih,

--- 64 ---

[Kinanthi]

1. gandrung-gandrung kapirangu | rangu-rangu urut margi | ngarah-arah yèn jumangkah | dhasar wiwing dhasar wangking | wiraga raga karana | murwendah yangyanging bumi ||

2. suda kalane lara kung | kinungkung nèng jinêm wangi | ingupakarèng widada | widadaa ing pangrêmih | nulya yayi tambanana | sira kang akarya brangti ||

3. pêlêm galak[102] gănda arum | mung sira sun kawulani | kakonang abyor ing tawang | kalintang rasaning ati | dhuwêt alit rarentengan | kalayu mring sira yayi ||

4. kambing wana kang sêsiyung | pangudang-udang sun yayi | ing têmbe sinungan putra | jalu warnanira pêkik | iba-iba sukaning tyas | ginadhang madêg nêrpati ||

Wangsulanipun Dèwi Rara Jonggrang, punapa wadyabala Pêngging sampun sirna ênting. Benjing sintên ingkang kagungan, kajawi paduka sang prabu, sarèhne punika sawêg amangun yuda, botên sae, mindhak angapêsakên ing jurid, kajawi manawi tyang Pêngging wus sirna ênting, datan wontên walang sangkêre, mila kasarèhna rumiyin, sampun kadi tiyang urakan, paduka narendra, angrèh Salêmbi Parambanan ingkang tawêkal ing galih, botên enjing botên sontên,

--- 65 ---

sintên ingkang wajib amêngku jasat kawula, kajawi paduka gusti, sanadyan kadadosna pangangsu, panyapu, sampun kawula têmaha, sarêng Dèwi Rara Jonggrang ngandika makatên, Sang Nata Baka mundur palaraban, asambat ngadhuh, rumaos datan kuwawa, mapan dhatêng jinêm rum, datan kawarnaa solahe ing dalu. Enjingira angêdali prang pupuh, kalayan rangu-rngu kapirangu, wus ngatag wadyabala Salêmbi Parambanan angêrigna pra punggawa kang sami bêbantu ing ajurid, wus samêta[103] sadaya bidhal angrêmpak mêngsah, tandangira prajurid Salêmbi Parambanan kadya katawan kanin, tiyang ing Pêging[104] tatag anadhahi, wor-suh mêngsah lawan rowang, datan kuciwa ing ajurid, samya ngêtog suraning adilaga, ingungkih-ungkih tan kongkih, sêndhal-sinêndhal rame solahe kang para dipati, miwah wadyabala prajurid, pira-pira wadyabala Pêngging kang nandhang tatu lan pêjah, tiyang Salêmbi Parambanan ugi kathah ingkang tatu tuwin pêjah, saking wus wuru ing jurid, Prabu Baka tuwin Radèn Arya Darmamaya, kuwêl caruk rok silih-ungkih, datan wontên ingkang [ing ...]

--- 66 ---

[... kang] kapraconthang, samantên ingkang ayuda sêmu kabêrêg, ananging botên wontên ingkang asor, tuwin unggulipun, ngantos têngah dalu, sarêng têngah dalu sami kèndêl ingkang sami ayuda, kèndêl ing pasanggrahanipun piyambak-piyambak piyambak,[105] amung Sang Prabu Baka têrus lumêbêt karaton, anjujug pasareanira Dèwi Rara Jonggrang, kontênipun sang dèwi sampun katutup rapêt, miwah kinancing saking nglêbêt, Prabu Baka mundhut pintu botên dipun wêngani, namung tansah wontên jawi kontên pagulingan, datansah agèdhèg-gèdhèg, sarwi sêsambat ngadhuh, gêgêtun anggènira păncakara ngantos têngah dalu, dene sampun botên angsal pintu, dangu-dangu èngêt panggalihira, sang prabu amatêk kang aji, sarêng sampun kapasang ajinira, kontên tinêbak ing asta kiwa mênga sanalika, Dèwi Rara Jonggrang sampun kapati anendra, sang nata lajêng sare ing pagulingan nêmpuh byat nandukakên asmagama,[106] datan kawarnaa ing pagulingan, enjingira Sang Prabu Baka miyos angêdali ing jurit, ngêrigakên kang para

--- 67 ---

prajurid ing Salêmbi miwah Parambanan kinèn mangrêmpak wong Pêngging, sampun ngangge taha-taha tuwin kang para dipati, wus sanega gamane kabèh. Nabuh bêndhe tinitir, binarung ungêling kêndhang gong bèri, gumuruh swaraning wadyabala Salêmbi Parambanan. Kocapa wau Radèn Bandung ingkang tansah midêr-midêr kadya jakung,[107] milang-miling saking ngawiyat, wus têrang pamawasira, bedaning prajurid Pêngging lan Parambanan. Aniyup saking ngawiyat têrus mangsah prajurid Parambanan gêmpur tumpur tanpa dadya, Tumênggung Băndawasa kang nanggulangi, campuh prang rame dêdrêg udrêg-udrêgan, dangu-dangu Tumênggung Băndawasa kasêndhal kasingsal sêmpal baunira, kabucal tibèng têbih, gumêbruk tibaning kang bangke, wus pêjah kapisanan, karsanira Radèn Bandung rêmên namanira Tumênggung Băndawasa, lajêng namanira kaagêm Radèn Bandung, lajêng pêparab Bandung Băndawasa, sapêjahira Ki Tumênggung Băndawasa kathah para dipati bupati ingkang katrajang Radèn Bandung Băndawasa, ngisin datan ana kang ngundhili, Sang Prabu Baka sakalangkung duka

--- 68 ---

wadyanira kang ngêmasi, sigra umagut yuda, tandangira kadya singa rudra, amundhi lawung, gadanira pinutêr, nêmpuh prang rame kalihan Radèn Bandung Băndawasa, asilih prang liru papan, ingongkih-ungkih tan kongkih, sêndhal-sinêdhalan[108] sami, dêdêr-dinêdêr, cêngkah-cinêngkah, dugang-dinugang, gada-ginada, bindi-binindi, rukêt kêkêt datan wontên ingkang ungkul[109] miwah asor. Cêngkah malih, sang nata dhawah kalênggak, kenging pinêdhang jajanira têrus walikat, wasana Sang Prabu Baka pêjah, sisanira ingkang kantun kausir Radèn Bandung Băndawasa sapurugira, wong Prambanan Salêmbi katrajang ngisis gusis datan wontên ingkang kantun, wus bubar mawut sadaya. Radèn Bandung lajêng lumêbêt jro kadhatun anjêjarah ngrêrayahi, wontên isinira wanodya yu satunggal asilih Dèwi Rara Jonggrang, sakalangkung èdi ing warna, sasat widadari swargan, Radèn Bandung lajêng namudana. Mangke sampun kakintên tiyang tambuh, sintên sang arum-arum sinambatan wangi, nama kula Rara Jonggrang, kalêrês sutane Prabu Karangkala, raja ing Prambanan ngriki,

--- 69 ---

sasedanipun Sang Prabu Karungkala, kula mèt sraya putrane Natèng Salêmbi, kang nanggulang mêngsah Pêngging, ing mangkya sawêg ngawaki prang pupuh, tur sampun umadêg narendra, jêjuluk Prabu Baka angrèh Prambanan lan Salêmbi, ucapira Radèn Bandung Băndawasa, wruhanta nini, Prabu Baka wus kaparjaya sirna samadyaning palugon, dening astaningwang, milamba malbèng pura, parlu anjêjarah ngrêngrayahi[110] isine jro kadhatun, pinanggih sira yayi, mula sira aja walang-ati, mituruta sapakon ingsun iki sutane Darmamaya senapati ing Pêngging, samêngko mungguhing karsaningsun, sira sun pundhut jatukrami, dadia timbangan ingong. Apa kang sira waoni, ora dupih awon ing warnaku, aku bisa karya gawok, sanadyan amêngkua nagri Parambanan sun kadugi, nanggulang saguh mungsuh, mula usadanana lara mami, kajawi sira riningsun, Lara Jonggrang sarêng mirêng têmbungipun Radèn Bandung ingkang makatên wau, ing galih sumêdhot,

--- 70 ---

mriksa yèn Prabu Baka wus sirna dening Bandung Băndawasa, ing batos ngungun Prabu Baka won[111] kalihan lare ing warna sakalangkung awonipun, nanging sinamun ing têmbung manis, ing batos datan pisan-pisan kasdu dhatêng Radèn Bandung, jalaran saking sangêt awon warninipun. Lajêng adamêl samudana makatên. Inggih sandika anglampahi, sintên malih ingkang andarbèni wak mami, kajawi kakang Bandung, ingsun tan lênggana ing kapti, botên enjing miwah sontên, sanadyan kadadosna juru dang kewala manut, lawan pangangsu, nanging dasihe anyuwun jangji, yèn sagêd angaryakkên omah arupa candhi, sèwu barêng dadi sawêngi, yèn makatên kula sagêd anglampahi, ing karsanira wong bagus. Radèn Bandung Băndawasa anyagahi ing pamintanira Dèwi Rara Jonggrang, wau ta ing wanci dalu, Radèn Bandung Băndawasa matêk kang aji, pangrèhing lêlêmbut, sanalika para lêlêmbat bêrkasakan saking ardi Lawu prapti, maèwu-èwu, lajêng kinèn akarya omah dhapur candhi [ca ...]

--- 71 ---

[... ndhi] sèwu barêng sawêngi dadi, omah wujud candhi, para bêrkasakan lan lêlêlêmbut[112] tumandang akardi, pating grombyang pating cêngkling swaranya, kang jim pêri parayangan, gènnya akarya candhi, Dèwi Rara Jonggrang duk miyarsi, wus duka[113] yèn kang akarya candhi sagunging jim pêri parayangan lan para lêlêmbat, lajêng dhawuh mring tiyang Prambanan sabên wayah jam tiga dalu, kinèn angungêlna lêsung, nutu, lan galêpung, mung kurang sawiji para lêlêmbat gènnya karya candhi, mirêng swara pating cêngklung, tinilar kesah age, byar enjing Radèn Bandung amasrahkên omah kang rupa candhi mring Rara Jonggrang, kawical kirang sawiji pan kula dèrèng narimah. Wangsulane Radèn Bandung, kang siji bakal sun pêtha yayi, rèhne amba onêng kêpati, kongsi lali kang wujud, Rara Jonggrang nyuwun malih, Radèn Bandung anyagahi, ing dalu sidhakêp saluku tunggal nutupi babah nawa sanga, ngêningakên cipta, apa kang sinêdya dadya, sami sanalika jin prayangan lêlêmbat akarya candhi dhatêng ing Parambanan, swara kang kapiarsa uga kaya wis, Rara Jonggrang lajêng akarya paekan, wong dhusun ing wayah jam tiga kinèngungêlna[114] gêntangan,

--- 72 ---

kadi kang wis, sarêng sanalika kang para lêlêmbat amirêng swara cumêngklung pating klênthung, lajêng sami bibar age, ing enjingira Rara Jonggrang kinèn mariksani, pamundhutipun griya dhapur candhi, cinocokkên kirang sawiji, Rara Jonggrang dèrèng sagêd nampi, wau ta Radèn Bandung, kang siji uga bakal sun pêtha yayi, rèh amba onêng kapati nganti kalepyan kang wujud, nanging kang dhingin wus sun jangkêpi, ing warnamu wong ayu, marma nuli lêganana gonku nahên wiyodi, Rara Jonggrang kipa-kipa, iya yayi srantèkna maning mangke dalu akarya malih, amung saksènana kang dhihin sun namakake Candhi Parambanan, kang kantun Candhi Jonggrang, ing dalu datan kawarna, akarya malih, ugi kados kang wis pinaeka, ing enjing pinetang kirang satunggil, pinasrahkên, kapêksa botên sagêd tampi. Supaya ingestrenana, iki sun namakakên kang Candhi Sari, makatên salajêngipun, sarêng akarya pitung rambahan, Dèwi Jonggrang ing dalu kesah anis, kadhèrèkakên putranipun Rêsi Sakèli, anama Jaga[115] Burdan, anasak wanawasa grumbul jurang pèrèng curi, lajêng nurut ilining [i ...]

--- 73 ---

[... lining] lèpèn Opak, ing batos Jaka Burdan, kalêrêsan sangêt dene anggènipun kasêngsêm sampun dangu, anyipta badhe sagêd kalampahan, salêbêtipun wontên ing wana ngriku, osiking panggalih, saiki sida kalêksanan kang dadi sêdyaku, dhasar kaya mangkene, kang lêlakon padha ijèn, arêp budi mênyang ngêndi, wasana lajêng kalairakên, bakyu Jonggrang, satêmêne gon aku nandhang wiyodi marang kowe wus lawas, mula saiki payo turutana aja nganggo rikuh pakewuh, kaya-kaya ora kuciya[116] aku dadi jatukramamu, dhasar katêmu padha sadulur wis ana têngahing kali gêdhe sajroning alas gêdhe, yèn kowe wangkot, datan arsa nglakoni, kang masthi bakal sun roda paripaksa, ayu[117] turutana ni mas, Dèwi Jonggrang mirêng têmbungipun Jaka Burdan ingkang makatên wau sakalangkung anglês ing wardaya, sêmu wirang gêgêtun kaduwung kapatos, lajêng sinamun ing samudana, adhi Jaka Burdan sapa baya pantês andarbèni awak ingsun kajaba sira, dhasar wis padha ana têngahing wana tur lola payo bêcik ngaso kene dhisik aku wis [wi ...]

--- 74 ---

[... s] krasa sayah bangêt, sarêng sampun rêrêm sawatawis, Rara Jonggrang amatêk pasirêpan kalajêng nendra, sarêng Jaka Burdan nendra, Dèwi Jonggrang lajêng lampahipun turut lèpèn Opak, wus lami datan dhahar lan guling. Wau kang sawêg sakeca nendra, angalilir, guragaban mulat ngiwa nêngên, Dèwi Jonggrang botên wontên, lajêng kaupaya, anasak wanawasa grumbul-grumbul kaorak-arik. Gêntos ingkang kacariyos, Radèn Bandung byar raina karsanira badhe amasrahakên griya ingkang adhapur candhi dhatêng Dèwi Jonggrang, palênggahanipun katingal sêpi, Radèn Bandung kagyat amados[118] sang dèwi ing pundi-pundi botên wontên, lajêng kalacak ing pundi purugipun Dèwi Jonggrang, kalunta-lunta dumugi têngahing wana, angosak-asik wanawasa têpasing sêwawudadi,[119] mêksa datan pinanggya, mangkatên osiking panggalih, manawi botên sagêd pinanggih Dèwi Rara Jonggrang, suka pêjaha, jalaran pangraosing panggalih sabuwana botên wontên wanodya kang endah warnanira sairib Dèwi Rara Jonggrang, anggènipun amadosi kalantur kalunta-lunta. Wontên têngahing wanapringga, maksa datan kapanggya, èmêng raosing panggalihipun Radèn Bandung Băndawasa, lajêng asantun [asantu ...]

--- 75 ---

[... n] nama, sêsilih Ajar Subrata, Ki Ajar kalajêngakên anggènipun ngupadosi Dèwi Rara Jonggrang, ewasamantên maksa datan kapanggya, Ki Ajar lajêng mêsat ing awiyat tansah amilang-miling, sabên wontên wanodya kawaspadakakên, marambah-rambah makatên solahipun Ki Ajar Subrata, sarêng sampun sayah anggènipun ngambah ing wiyati, Ki Ajar niyup ing têngahing wana, grumbul-grumbul dèn osik-asik[120] dening Ki Ajar, ananging kapanggih sêpi, sêngkêl panggalihanira Ki Ajar, pêpuntoning panggalihipun Ki Ajar, baya iki durung amarêngake Sang Hyang Udipati, têtela manawa durung matêng tapaku, luwih bêcik dak anglakoni tapa ana têngahing alas kene, Ki Ajar lajêng amapan tapa, alèmèk sela sarta abantal sela itêm. Datan obah datan mosik, ingkang pinêlêng sajroning panggalih sagêda kasêmbadan sêdyaning panggalihira, watawis sajăndra[121] anggènipun gêntur tapa Ki Ajar. Gêntos lampahira Ki Jaka Burdan ingkang tilapakên Dèwi Rara Jonggrang, ing salêbêtipun nendra, kalunta-lunta wontên têngahing wana [wa ...]

--- 76 ---

[... na] agêng, sabên grumbul-grumbul dipun osak-asik sarta dipun obongi, pèrèng padhas curi dipun ilang-ilingi maksa datan kapangguh, lampahipun kalajêngakên wontên têngahing wana, amrangguli janma priya mudha tapa nendra, lêlèmèk bantal sela, Ki Jaka Burdan kagyat, apa iki baya wruh bêburonku, janma tapa nendra kiye, coba sun gugahe gone guling, mêngko ta janma kang tapa nendra, aja kokira tambuh, apa kowe wêruh buronku, dene buronku dudu kidang manjangan, iya iku janma manuswa, putri adi Dèwi Rara Jonggrang, putri Jonggrang iku luwih endah ing warna datan ana kang nyamènana, manawa kowe wêruh prasajaa bae, aja nganggo slingkuh, bakal dak ganjar apa panjaluki[122] dak ujudi, gêlis balokaa aja nganggo koalingi, yèn kowe ora nuli anuduhna aja takon dosa, bakal dakpatèni, ing ngriku Ajar Subrata eca-eca nendra, datan obah datan mosik. Ki Jaka Burdan, kakên panggalihira, lajêng anyêmpal kajêng jarak, kinarya anggêbagi tiyang, maksa datan [da ...]

--- 77 ---

[... tan] mosik, lajêng angangkat kajêng sakuwawinira, kaêbrukakên sariranira Ki Ajar, maksa datan obah datan mosik, ing warna malah sêmu mèsêm, duka yayah sinipi Ki Jaka Burdan, lajêng angangkat sela itêm sakuwatipun, kaêntêpakên ing sirahira Ki Ajar Subrata, ing ngandhap linambaran sela, sami sanalika pêcah sirahira Ki Ajar, lajêng gêrêng-gêrêng sarwi anandika,[123] bêcik têmên Ki Jaka Burdan, dene wong kang lagi nglakoni tapa têka dadak munasika, kaya janma owah baya kaya solahing srênggala, sapda pandhita ratu, datan kêni wali-wali, sami sanalika jlêg dados sêgawon bêlang abrit, Ki Jaka Burdan saiki sira lungaa saka kene ajênênga asu Burdan, asu Burdan akesah sarwi ajugug, sarwi angambus-ambus, Ki Ajar kalajêng seda dumugi yuswa wolulas warsa. Gêntos ingkang cinariyos, Dèwi Lara Jonggrang ingkang lumampah urut lèpèn Opak, manawi siyang sêsingidan, yèn dalu linajêngakên lampahira, nalika samantên anggènipun garbini nalika cinidra [cini ...]

--- 78 ---

[... dra] ing dalu wontên pagulingan, dening Prabu Baka sampun dumugi ing wancinira, lajêng kèndêl têngahing lèpèn Opak, wontên sela agêng tur lètèr, ing ngriku Dèwi Jonggrang mapan wontên ngriku, ambabar putra mêdal èstri sakalangkung endah ing warni, dene ingkang têtulung pa[124] widadari ing suralaya, wus rêsik kang jabang bayi, para widadari wangsul ing kahyanganira, kocap ingkang ambabar trus seda kunduran. Gêntos kacariyos, ing cêlakipun ngriku wontên padhukuhan karan padhukuhan ing têpi lèpèn Opak, nalika punika wanci byar enjing, nini tani dhatêng lèpèn angumbah-umbah, sumêrêp bayi nangis gulenteran ing sela, ing warna ngrêspatèni, kang ibu seda kunduran, wus anduga yèn iki trahing nata, gya cinandhak si jabang bayi, amung Sang Dèwi Jonggrang sarêng kasumêrêp[125] ing janma, musna saragane, angungun nini tani, bayi gya imban[126] binakta mantun[127] ing dhukuhan, awêwarta marang kaki tani, wus pinêndhêt putra, binancakan sacaraning dhusun, wêwarta mring tangga-tangganira, kang jabang sinungan nama Dèwi Rarasati, nini tani ing

--- 79 ---

sabên dina ajêjampi uyup-uyup, adus gêbyur, lajêng kang payudara amêntêr-mêntêr sarta mêdal toyanira, sinêsêpakên jabang bayi, walagang enggal agêng, tiyang padhukuhan ngriku, kathah ingkang sami nyumbang bêras kalapa sinjang arta, sadangunipun nini tani mupu putra, kathah tiyang sanès dhusun sami prapta adêdana, kawêntar ing sapraja, samya dhatêng adêdana, ngantos dados kasugihanira nini tani, jalaran saking amupu putra.

Anuju satunggiling dintên ing padhukuh[128] ngriku tinarajang sagawon alasan ulês pêthak bêlang abrit, wus karan sagawon Burdan, edan athèki[129] sabên tiyang, ing dhusun ngriku tiyang lumajêng sadaya sami ajrih katrajang sagawon bêlang karan Burdan, sarêng narajang padhukuhanipun kaki tani, sagawon wau tinêdhanan, sarwi dèn êlus-êlus, sagawon amêndhak dados lêlangênanira kaki tani, danguning adangu pamupunira putra nini tani wus agêng diwasa, saya wimbuh warnane, ngantos kaloka dumugi praja, lajêng kinaryakakên panggungan sakalangkung inggil, kinarya nênun sinjang, ing panggungan, pamrihe aja nganti ana buron wana kang sagêd [sagê ...]

--- 80 ---

[... d] anginggahana, sabên dina Dèwi Larasati anênun wontên panggungan, minggah mawi ăndha, srênggala nêngga ing ngandhapira, ajalma kaya manuswa, mangkono sadina-dina, yèn dèrèng surubing surya Dèwi Larasati dèrèng karsa mandhap saking panggungan, wus misuwur ing sanès praja, ing warna endah, têgên anyambutkarya, enggaling carita, pinuju sawiji dina, byar enjing sira Dèwi Larasati wus minggah panggungan nênun kados adad, ananging tansah pêdhot-pêdhot, angraos judhêg sang dèwi, sêmu ngoso panênunira sang dèwi, dumadakanira dhawah mangandhap topongira sang ayu, lajêng apêrsapa, sapa baya angulungna munggah topong iki, yèn wadon dak aku sadulur wadon, yèn lanang dadya jatukramaku, srênggala Burdan mirêng têmbungipun sang dèwi, sanalika anyakot kang topong ginondhol binakta minggah ing ăndha, dumugi nginggil dinèkèk ing ngarsanipun Dèwi Larasati, pan sarwi angambus-ambus, pringas-pringis, lajêng kaêlus-êlus Dèwi Larasati, sarwi angandika, iya srênggala bangêt panariku[130] dene kowe mitulungi ngunggahake topong kang jiglog ing kisma, ora liwat kowe mudhuna, [mudhu ...]

--- 81 ---

[... na,] mundhak ngribêdi gonku karya sinjang, ananging srênggala datan arsa amudhuna, yèn mênggaha sagêd tata janmaa ananggih[131] punaginira, ginêtak maksa tan arsa, amung tansah angambus-ambus, dangu-dangu sang dèwi èngêt punaginira, osiking wardaya, baya wus pasthine awakku dadya jatukramane srênggala, sarèhning titah mung sadarma anglakonana, baya coba sun turutane srênggala iki, ing ngriku sangêt sakaron-sih srênggala lan wanodya Rarasati, surubing surya mandhap datan kêna pisah, yèn ing dalu sang dèwi sare srênggala tansah têngga ing ngandhapira, sabên byar enjing kabêkta minggah ing panggungan, sakalangkung ron-sih ngantos kasupèn anggènipun nênun. Makatên ing sabên dintênipun, sang dèwi katingal mangkah-mangkah agarbini angidham-idham kaworan, dangu-dangu kasumêrêpan nini tani lan kaki tani, katakenan kêkah botên purun ngakên, nini tani lan kaki tani ngrêtos trekah makatên wau sakalangkung ngungun isin ing manahira, tiyang kalih anandhang sakit saking meranging manah kalajêng pêjah, lajêng jisim sinucèn, kathah ingkang layat, rinukti, sapêngkêrira nini tani kaki tani, Dèwi Larasati katingal [kati ...]

--- 82 ---

[... ngal] piyambakan. Inggih namung kajagi srênggala bêlang sakalangkung galak, siyang dalu datansah karon-lulut. Sarêng dumugi wancinipun Dèwi Laras[132] ambabar putra jalu langkung pêkik, kathah tăngga-tăngga ingkang sami têtulung, amipis-mipis jampi parêm sasaminipun, ing dalu para tăngga têpalih sami angêlèki jabang bayi, sarta tăngga-tăngga kathah ingkang nyumbang arta, jêjanganan, lan sanès-sanèsipun, wau ta pun jabang bayi walagang enggal agêng, siyang raina datan pisah lan srênggala bêlang pun Burdan, kalangênanira kang ibu, kang jaka wus sinungan nama, karan pun Jaka Sona, ing sabên dinanira Ki Jaka ambêbêdhag mring wanapringga, kanthinira Ki Jaka Srênggala Burdan, sabên Ki Jaka ambuwang balang mring grumbul srênggala sigra-sigra lumêbêt, wangsul wus anggondhol kidang, ambuwang malih, srênggala nasak, wangsul anggondhol luwak, sakalangkung suka panggalihira Ki Jaka, ambuwang balang malih, kasasak, wangsul anggondhol gadhangan[133] rase, saya sangêt ing sukanira panggalihira Ki Jaka, sarêng sampun angsal kathah kiribut[134] pambêktanira, lajêng kabêrahakên ing tiyang, sadumugining griya kaaturakên ingkang [ing ...]

--- 83 ---

[... kang] ibu sangêt rênaning panggalihira, Jaka Sona awêwarta solahe ing wana, mangkana ing sabên dinanira, ambêbêdhag maring wana uga anganthya kang srênggala Burdan. Angsal-angsalan ugi dipun aturakên.

Anuju satunggaling dintên Ki Jaka ambêbêdhag dhatêng wana, datan anganthi srênggala Burdan, anggènipun pados buron botên angsal-angsal, rambah-rambah adamêl sasmita balang dhatêng grumbul, srênggala Burdan kinèn lumêbêt, borun, namung tansah gobag-gabig, upami sagêda tata janma, badan sawêg pinuju sakit, sirah ngêlu, sakalangku[135] bêndu Ki Jaka So[136] asur[137] Burdan lajêng dipun rangkèt, Ki Jaka anyandhak pukul lajêng[138] kêmlandhingan, cêngkêl[139] kapukul rambah kaping tiga, srênggala klengan[140] sirah kakêpruk pêcah, angêmasi pralaya, Ki Jaka mantuk awêrwarta[141] mring kang ibu, gènnya bêbêdhag datan antuk karya, jalaran srênggala kinèn lumêbêt grumbul botên purun, lajêng karangkèt sirna kang srênggala, ibunipun mirêng têmbungipun Ki Jaka makatên anglas[142] ing wardaya, cape, we drês mijil, kumêmbêng kang waspa, sarwi rawat luh angandika sêrêt, makatên dhawuhipun, anggèr Ki Jaka Sona, aku krungu swara kang kapiarsa, satêmêne kowe isih trahing Nata Prambanan, aku iki anake Dèwi Jonggrang putra nata yaksa Prambanan, saka lanang, Prabu Baka Prambanan putra

--- 84 ---

Nata Slêmbi iku kabêr[143] bapakku, dene yèn sira anggayuh bêcik uripmu kowe lungaa marang nagara Mêsir, katêmua Pangeran Pujaswara, iku kabênêr sadulur nak-sanake eyangmu, Dèwi Jonggrang, sapituduhe lakonana, Ki Jaka angestokakên dhawuhing ibu, Ki Jaka lantip pasang sasmitaning ibu, padhang anarawang, mangrêtos sadaya lêlampahaning eyang dalah ibu, sanalika nyuwun ingkang ibu ngestokakên dhawuhipun ingkang ibu, pangkat dhatêng nagari Mêsir, sowan Pangeran Pujaswara.

Amangsuli cariyon,[144] Radèn Arya Darmamaya, dangu anggènipun angêntosi mêngsah saking Prambanan, datan prapta, lajêng wontên awêwarta, bilih ingkang byantu ngambah ing awiyat punika kalêrês ingkang anama Radèn Bandung wayahipun Ajar Sidhiwacana ing ardi Lawu, angsal idinipun ingkang Sinuhun Pêngging Prabu Anglingdriya, Prabu Baka wus sirna sawadyanira, dening ingkang putra Radèn Bandung. Lêga raos panggalihira Radèn Arya Darmamaya, lajêng têdhak dhatêng kraton Prambanan sampun suwung mamring datan wontên isinira, Radèn Darmamaya lajêng kondur dhatêng Pêngging ginarêbêg prajuritira, sarawuhipun ing Pêngging, sang nata lajêng angurmati ingkang mêntas amênang jurit, akarya lêlangên sasuka-sukanira angênting, kawan dasa dina laminira. Gêntos kocapa Pangeran Pujaswara, ing nari[145] Mêsir, sadhatêngira Ki

--- 85 ---

Jaka Sona, kadangu angaturakên asal-usulira, saking eyang Dèwi Rara Jonggrang, sasampuning titi pandangunira, Ki Jaka ingakên wayah kaponakan, rèhne sang pangeran botên kagungan putra, Ki Jaka lajêng pinundhut putra, winulang salwiring wêweka agal lêmbuting prakara, olah jaya-kawijayan, têguh timbul datan ana kang lumawana, wus kasok katrêsnanira Pangeran Pujaswara dhatêng ki putra Ki Jaka Sona, wus kaloka saking lyan praja, Pangeran Pujaswara kagungan putra kakung sajuga kawêntar ing warna myang kabantêranira, Ki Jaka kêrêp ingutus ambêdhah praja, ijèn, sagêd angsal karya amboyong putri têlukan raja, panggalihira Pangeran Pujaswara, wus angêplêki sariranira, awit sang pangeran kêrêp sangêt ambêdhah nagari sami ijèn, mila sang pangeran kathah para ratu lyan praja ingkang sami anungkul datan sarana pinukul ing prang, amung saking sumuking kadibyanira sang pangeran. Anuju satunggaling dintên Ki Jaka tinimbalan mring kang rama, kadangu apa sira wis karsa sun panakramakna, ing ngêndi wanodya kang sira piliha ingsun kang arsa mundhut priyăngga, wangsulanira Ki Jaka lumuh lamun kinaramakna, awit taksih rêmên momong sarira, aluhung kadhawuhana bêdhah praja, atur sandika.

 


Dua halaman kosong. (kembali)
Tanggal: Soma Manis (Sênèn Lêgi) 19 Sawal Jimawal: guna sabda ngèsthi tunggal (AJ 1873). Tanggal Masehi: Kamis 29 Oktober 1942. Tahun AJ 1873 adalah tahun Wawu dan bukan Jimawal. Terdapat masalah lain dengan tanggal ini. (kembali)
siniwaka (dan di tempat lain). (kembali)
prangwêdani. (kembali)
dikaparèng. (kembali)
Prambanan (dan di tempat lain). (kembali)
kuncaraning. (kembali)
supaya. (kembali)
bongkot. (kembali)
10 kasêktènipun. (kembali)
11 Pêngging. (kembali)
12 godhèk. (kembali)
13 mêngsah. (kembali)
14 ambyuk. (kembali)
15 Setelah kata sakalangkung seharusnya ada kata: duka. (kembali)
16 mangkono. (kembali)
17 Setelah kata luwih seharusnya ada kata: bêcik. (kembali)
18 Pêngging. (kembali)
19 pangandikanipun. (kembali)
20 liyêp-liyêp (dan di tempat lain). (kembali)
21 têmbang. (kembali)
22 ratu. (kembali)
23 rêksasa. (kembali)
24 mêndhung. (kembali)
25 mêndhung. (kembali)
26 angunandika. (kembali)
27 iki. (kembali)
28 sirah. (kembali)
29 Sukèli (dan di tempat lain). (kembali)
30 cocog. (kembali)
31 pangeram-eram. (kembali)
32 păncaniti (dan di tempat lain). (kembali)
33 prajurit (dan di tempat lain). (kembali)
34 arka. (kembali)
35 Teks asli tertulis Hal. 34. (kembali)
36 bisa. (kembali)
37 Teks asli tertulis hal. 15. (kembali)
38 Pêngging. (kembali)
39 padanipun. (kembali)
40 mula-bukanira. (kembali)
41 rukêt-rinukêt. (kembali)
42 sawatawis. (kembali)
43 nagari. (kembali)
44 arka. (kembali)
45 mêngsah. (kembali)
46 tibèng. (kembali)
47 kècèk. (kembali)
48 sungkawanira. (kembali)
49 diwasa. (kembali)
50 cariyos. (kembali)
51 Karungkala. (kembali)
52 Prambanan. (kembali)
53 dhèdhèt. (kembali)
54 sindhung. (kembali)
55 bêndhe. (kembali)
56 swarane. (kembali)
57 dèn. (kembali)
58 anarawang. (kembali)
59 ngandika. (kembali)
60 gêdhang. (kembali)
61 aprang. (kembali)
62 Setelah kata lampahipun seharusnya kata: ingkang. (kembali)
63 Tidak perlu dibaca. (kembali)
64 lan kêndhang. (kembali)
65 Kurang dua suku kata: miyat wadya ditya akèh ingkang lampus. (kembali)
66 Tulisan tidak terbaca. (kembali)
67 Kurang satu suku kata: langkung rame ana kang suduk-sinuduk. (kembali)
68 Lebih dua suku kata: Radèn Arya Darmamaya gya umagut. (kembali)
69 unggule. (kembali)
70 Kurang satu suku kata: Radèn Darmamaya lan sawadyanipun. (kembali)
71 Lebih satu suku kata: bêndhenira tinabuh sru tinitir. (kembali)
72 Anjajarah. (kembali)
73 Kurang dua suku kata: borang sawênèh bandhil lawan kêmarung. (kembali)
74 Kurang satu suku kata: uwong Pêngging pinanah pasêr sami. (kembali)
75 Kurang satu suku kata: mundur amakuwon sampun. (kembali)
76 Kurang satu suku kata: mung punggawa kalih ingkang kinèn kantun. (kembali)
77 Lebih satu suku kata: nanging tan bisa marêk jagange. (kembali)
78 kanggêg. (kembali)
79 Kurang satu suku kata: sawusira angalaya bumi. (kembali)
80 Lebih satu suku kata: paraning karsa tilar prajane. (kembali)
81 sungkawanèki. (kembali)
82 Lebih satu suku kata: dèrèng dugi aturing pra mantri. (kembali)
83 Kurang satu suku kata: Rêsi Sakèli alon ature. (kembali)
84 lajêng. (kembali)
85 Lebih satu suku kata: ngasorkên apsari rarasati. (kembali)
86 Kurang satu baris: 6i. (kembali)
87 Prambanan. (kembali)
88 Kurang satu suku kata: wus arêmbug dadi. (kembali)
89 Lebih empat suku kata: kang satunggil pun layar titihanira. (kembali)
90 Lebih satu suku kata: Radèn Baka ginarêbêg mantrinira. (kembali)
91 Lebih satu suku kata: wus kinêpung kêmput kitha Parambanan. (kembali)
92 Kurang satu suku kata: ngirit Radèn Baka lan sawadyanira. (kembali)
93 Sang. (kembali)
94 Kurang satu baris: 6a. (kembali)
95 Lebih satu suku kata: ngrèh Prambanan nguwasani. (kembali)
96 karoban. (kembali)
97 anduga. (kembali)
98 kanggêg. (kembali)
99 anglênggahi. (kembali)
100 puguh. (kembali)
101 Seharusnya hlm. 64, dan seterusnya. (kembali)
102 golèk. (kembali)
103 samêkta. (kembali)
104 Pêngging. (kembali)
105 Tidak perlu dibaca. (kembali)
106 asmaragama. (kembali)
107 jangkung. (kembali)
108 sêndhal-sinêndhalan. (kembali)
109 unggul. (kembali)
110 ngrêrayahi. (kembali)
111 kawon. (kembali)
112 lêlêmbut. (kembali)
113 duga. (kembali)
114 kinèn angungêlna. (kembali)
115 Jaka. (kembali)
116 kuciwa. (kembali)
117 ayo. (kembali)
118 amadosi. (kembali)
119 waradadi. (kembali)
120 osak-asik. (kembali)
121 sacăndra. (kembali)
122 panjalukira. (kembali)
123 angandika. (kembali)
124 para. (kembali)
125 kasumêrêpan. (kembali)
126 ingêmban. (kembali)
127 mantuk. (kembali)
128 padhukuhan. (kembali)
129 nyathèki. (kembali)
130 panarimaku. (kembali)
131 anagih. (kembali)
132 Larasati. (kembali)
133 garangan. (kembali)
134 ribêt. (kembali)
135 sakalangkung. (kembali)
136 Sona. (kembali)
137 asu. (kembali)
138 kajêng. (kembali)
139 cêngêl. (kembali)
140 klengkengan. (kembali)
141 awêwarta. (kembali)
142 anglês. (kembali)
143 kabênêr. (kembali)
144 cariyos. (kembali)
145 nagari. (kembali)