Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48)

Judul
Sambungan
1. Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 01–16). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 17–33). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
5. Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 49–60). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
6. Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 61–70). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 04-08-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 1 dari 53

34. Durma

1. Dyan Buntaran kadangu kakal-kakalan | lan Brat Katiga aglis | dyan ngungkih winêngkang | binuwang sampun kentas | Barat Katiga mangungsir | tandya pinêpag | mring radyan wong andhandhing ||

2. sarya mucang dyan arya tinubruk milar | Barat Katiga aglis | binalang kêng mata | ing susur mring dyan arya | cumêplos manik kapicil | kêpala nratas | anglumba gya ngêmasi ||

3. awurahan wêwasi asêsingidan | pandhita ngindhit-indhit | endhang ting kudhandhang | guntung gumlundhung jurang | manguyu lumayu gêndring | puthut amêthat | ajare kocar-kacir ||

4. Yyang Pamênggrê anglênggrê tan kêna ngucap | cantrik jendral ing ngarsi | rêsi asasaran | myarsa syara gumêntar | gêtrêring[1] kang silih ungkih | kunjara bubrah | wong kajinêman gusis ||

5. lingsir dalu dyan arya lan putra [pu...]

--- 100 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 2.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 2.2 dari 53

[...tra] Tuban | mantuk tumrun sing ardi | tan kawarnèng marga | prapta trukan wona |[2] winawang babadan kèksi | sêmana radyan | wus ngrumyinakên dasih ||

6. kinèn karya pakuwone putra Tuban | myang kinèn andhawuhi | mring garwa sêkawan | saji kang endah-endah | lan sagunging para sêlir | kinèn ngaesan | bêdhaya myang sarimpi ||

7. dan warnanên malih Radyan Menak Koncar | lawan arinta kalih | ing wijil wus prapta | ingurmatan sênjata | kêng kalataka mawanti | gêndhing gumêntar | Kodhokngorèk syaratri ||

8. regol lêbêt Carabali syara gumrah | salomprèt kang nisihi | kang munya nèng tratag | gêndhing pelog mangraras | niyagane para èstri | kang para garwa | muwah kang para sêlir ||

9. samya mêthuk tarap anèng pêlataran | Sang Dyah Kalpikaningsih | lan Kalpikawatya | mêthuk anèng trêratag[3] | kanthèn asta rayi kalih | lir dangru kêmbar | sarya ngrekokkên gêndhing ||

10. dhasar ayu wasis mangulah wirama | putus sandining kawi | wicêksanèng karsa | gandhang raga krêrana | ngrampungi saliring kardi | Sang Dyah Kalpika- | wati Kalpikaningsih ||

11. nanging samya piningit dhatêng kang raka | dyan arya tandya prapti | rèrèn paregolan | Buntaran lan Watangan | Dêmang Gathul datan têbih | Dyan Menak Koncar | nguwuh-uwuh mring rabi ||

12. sarya watuk-watuk riyak gumya latah | pra garwa myang pra sêlir | lumayu rantaban | dyan arya binondhetan | ginubêl ing para rabi | arêbut papan | dyan arya kêmpas-kêmpis ||

13. kang ingaras namung padmini sêkawan | radèn karoban tandhing | para sêlirira | mung sinêmbramèng sêbda | sarta ingusap kang pipi | wênèh lambungnya | wênèh ngusap kang wèni ||

14. kang sawênèh ingatap sêsinomira | wênèh inglus kang gigir | wênèh wêwangkongnya | ingusap-usap wantya | wênèh pinijêt kang driji | wênèh sikutnya | tinêkêp ngasta wanti ||

15. dangu dènnya kèndêl dyan arya nèng latar | nêmbrama mring pra rabi | sinawung ing tingal | liring winor gumyenggar | lampahnya mrêrak[4] kasimpir | asta kalihnya | kinanthi ing pra rêrabi |[5]|

--- 101 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 3.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 3.2 dari 53

35. Kinanthi

1. ing dalêm pakuwon rawuh | Menak Koncar wong abênthing | gênti-gênti ngusyèng pada | sêkathahe para rabi | muwah pra sêlir sêdaya | manukmèng pada mèstuti ||

2. arinta kalih sang ayu | Kusuma Kalpikaningsih | tênapi Kalpikawatya | kalih wus samya ngabêkti | winawang wangwang mring raka | inglus-êlus rayi kalih ||

3. sarya ngandika sang bagus | dhandhing têmên bocah iki | bêjane kang duwe krama | nora wangwang ari mami | mana dhapêt kauntungan | satu karkên sama baik ||

4. mana rugi mana untung | nyang dhapêt sama nyang kasih | brêmula saorang kalah | tapi blakang untung lêbih | mêski satu sama dhuwa | trak mênapa nonah yayi ||

5. Menak Koncar miyos gupuh | mring pêndhapa wong andhandhing | wus pinrak ing kursi samya | kêlawan arinta kalih | aprituwin Gathul Dêmang | wus samya dhudhuk ing kursi ||

6. wong trunalanang supênuh | aglar nèng èmpèr pêndhapi | agêpah Dyan Menak Koncar | kang rayi sinungan larih | gêgundhik kang năngga dhasar | surya bisik asung brangti ||

7. ragi nata ayu-ayu | apêngawak lindhusari | wolu busana kinêmbar | kongas gandanya nrus minging | dyan tiga sêkawan dêmang | wus samya nginum brandhuwin - ||

8. larih mundur hèr tih maju | kopi puwan datan kari | muwah samanisanira | kêng ngladosi para sêlir | pênganggone cara nyonyah | wolu kinêmbar rêspati ||

9. dyan tiga lan Dêmang Gathul | ngunjuk wedang angrêsêpi | sinilir sindhèning tandhak | lungguhnya sinêla kursi | Radyan Buntaran Watangan | tumungkul suka ing galih ||

10. kang gêndhing rarasirarum | pênabuhe ukur jawil | pelog salendro ginêntya | angenyut-inyuti[6] galih | gundhikira mundur mara | rèhnya wor rarasing gêndhing ||

11. wong trunalanang sêdarum | wus samya sinungan larih | wedan[7] miwah mêmanisan | inggar gambira ing galih | ya ta dyan ari ing Tuban | nuwun lumèngsèr dyan kalih ||

12. dhatêng ing pakuwonipun | dyan arya wus anglêgani | ya ta sampun lêluwaran | wong trunalanang wus mijil |

--- 102 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 4.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 4.2 dari 53

warnanên atmajèng Tuban | nèng kuwon pinadi-padi ||

13. wus panggih pisalin kampuh | binggêl botlor ali-ali | kuluk têkês lan mêkutha | tênapi gajah manguling | miwah jamang kinartipa | sasêkar mas warni-warni ||

14. cêlana tênapi sabuk | sêsondhèr lan anting-anting | sangsangan tuwin niyaka | atênapi kang rêrumbing | jêbat wida lan hèr mawar | sêkar-sêkaran mênuhi ||

15. dhahar gumêlar asantun | tênapi kang kuwih-kuwih | samya tinata nèng meja | hèr tih puwan lawan kopi | brandhuwin arak waragang | jênèwrê sinêling-sêling ||

16. wus panggih gêndhing wilêt rum | padha krêrasa angrêsmi | dyan mantri sêklangkung suka | saya golongan trêsna sih | mring raka Dyan Menak Koncar | kirang winalês ing pati ||

17. pisalin raka rinasuk | boja krama wus binukti | Dêmang Gathul acarita | ing saniskaraning nguni | rinèngrèng kêng purwa madya | wusana mring radyan kalih ||

18. ki dêmang luwês ing wuwus | pinatut kêng adu manis | tan arsa carita madya | mung utamane kêng pinrih | rukune dènnya kêkadang | ajana sêlayèng galih ||

19. yya kongsi ngluputi kayun | winoring upama ririh | ngarah-arah dongèngira | sinangkan têpa palupi | dyan kalih suka ing manah | sakarsèng raka lumiring ||

20. Dêmang Gathul malih matur | ature amêkolèhi | jarwa labuhaning rama | myang labuhaning nrêpati | myang pambêkaning satriya | sarta pambêke wong luwih ||

21. dyan kalih sarêng kayungyun | kawayang atur ngrêtèni | artinya Ki Gathul Dêmang | ubaya bahya kang uwis | tur têtêp-tinêtêpana | barang kang amrih utami ||

22. têmên-têmên amrih rukun | rakêtnya rahadyan mantri | lan rakanta Menak Koncar | dyan kalih saya mèstuti | asrah jiwa raganira | mring rakanira wong bênthing ||

23. yya pêcak sang liring santun | Kusuma Rêtna Sêkati | kinarsan tan sininungna | nadyan ingkang pati urip | kasrah mring Sang Menak Koncar | rèhning kêdanan antêp sih ||

36. Asmaradana

1. pan wus sadintên sawêngi | sira atmajèng ing Tuban | ing mangke kang winiraos | Radyan Arya Menak Koncar | ya ta dalu [da...]

--- 103 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 5.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 5.2 dari 53

[...lu] kasukan | lan rinta kalih sang bagus | anèng pêndhapa bêbêksan ||

2. dyan arya pinrak ing kursi | ingapit garwa sêkawan | pra sêlir ing wuri andhèr | dyan kalih sampun pinarak | lawan Ki Gathul Dêmang | wong trunalanang supênuh | asri lir sêkar sêtaman ||

3. amidrê kang punang larih | myang sêsumping oncèn sêkar | tênapi găndawidane | kang midrêkên pra biyada | jrih lulut gunging bala | anggêp darma winor tuwuh | ya ta Radyan Menak Koncar ||

4. akampuh jingga rinukmi | paningsêt mas tinêmbara | rêspati dhuwung ingoglèng | arja binggêl natas mara | kêkalung kêbo mênggah | anting-anting mas sinawur | rineka nagendrasmara ||

5. têkêsnya gajah mangoling | sumping mas sinurèng patya | cindhe wungu sêsondhère | cêlana pathola sêkar | pinrasmi ing renda mas | wong ambancèr sandhang lancur | bocah ladak kuwarisan ||

6. sira atmaja ing Tubin | kinêmbar busananira | kampuhan tanugrènine | paningsêt pita suratya | cêlana cindhe sêkar | têkêsnya baludru gêmpung | rinenda dening kêncana ||

7. arêrumbing intên bumi | sapêlik sisih sumpingnya | aglang mas nagamurtine | tanpa sondhèr dyan kalihnya | kalpika jumrut maya | pêsaja lamun dinulu | baguse tan kawoworan ||

8. lir yyang mahadewa pêkik | datansah ngêmu sungkawa | sênsaya embah baguse | radyan ingawe mring raka | Menak Koncar ngandika | yayi pun kakang kêkaul | lah ing mangke luwarana ||

9. apan sampun ujar mami | yèn pun kakang sagêt ngrêbat | dhatêng yayi mas sêkaron | pun kakang asung pawongan | juru nutu pêngadang | mring yayi mas wong abagus | kêpanggiha sami kadang ||

10. pun yayi Kalpikaningsih | kasraha yayi Buntaran | yayi Kalpikawatine | kasraha yayi Watangan | matur nuwun rahadyan | nanging ta pamintèng ulun | benjing yèn wus kêlampahan ||

11. kawula sagêt mangsuli | ing sih panduka kakang mas | tur punika têksih tangèh | datan paja yèn ngiriba | nimbangi sih panduka | ingkang rumêntah ing ulun |

--- 104 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 6.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 6.2 dari 53

mèsêm Radyan Monak[8] Koncar ||

12. owah dènira alinggih | ting darêjêt sariranya | akathah krêraos tyase | kabêlêt sukaning manah | Dyan Arya Menak Koncar | gumujêng winor sêbdarum | yayi kêng karsa punapa ||

13. mring pun kakang wong abênthing | wong aladak kuwarisan | wong rêrendan tur jêlanèt | Radyan Buntaran wotsêkar | yèn marêngi kakang mas | kakang bok Sêkati besuk | ulun saoskên mawongan ||

14. ambêbuntar anyênyèthi | miwah ing awak kawula | sapangrèh kang mas rumojong | dadosa gêntosing rama | maha sang adipatya | dyan arya mangrêpa muwus | yayi mas langkung katêdha ||

15. sênadyan pun kakang yayi | pantês kaprênah ing tuwa | tur lowung ing pakaryane | nanging yayi mas pun kakang | ing batos ngranu pada | sapangrèh ulun miturut | yayi mas sampun cumêngah ||

16. dèn kadya angrêngkuh abdi | pun kakang rinekokêna | sapangrèhing kabupatèn | miwah pratikêling praja | myang geningsun suwita | mring sang maha ratu ayu |

--- 105 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 7.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 7.2 dari 53

pun kakang pasrah sarira ||

17. matur nuwun radyan kalih | pan sagêt mangsuli trêsna | sakarsa ulun rumojong | tan darbe atur têtiga | sarta dèn yêktosana | yèn gumingsira ing sanggup | ulun merang ing Sukmana ||

18. dyan arya mèsêm sarya ngling | yayi mas kang muga-muga |

--- 106 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 8.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 8.2 dari 53

jinurunga ing sukmanon | kêng sarta linanggêngêna | dènira akêkadang | yayi mas kêlawan ingsun | sinêksènana ing jagat ||

19. Dêmang Gathul amiyarsi | kang sêbda radyan katiga | ki dêmang langkung lêgane | sigra majêng amêndhapan | matur sarwi lêlewa | unuwun burat arum |[9] kang kêna ginawa pêjah ||

20. alatah dyan arya angling | iya bapa bênêr sira | suwe nora abêborèh | lah ta dhenok Angronsêkar | ingsun sungana kêmbang | sêsumping lan burat arum | lan arènira[10] yayi mas ||

21. binêktoa yayi dèwi | Kalpikaningsih kêlawan | Kalpikawati dèn age | sang dyah sampun tinimbalan | prapta ambêkta sêkar | ing talam lan burat arum | kadya widadari kêmbar ||

22. arja sinjang cindhe wilis | kasmêkan seta pinrês mas | kinonang-konang sakêbon | asêngkang hèrnawa muncar | sang dyah datanpa sêkar | mănda-mănda burat arum | angambar sêparan-paran ||

23. akalpija[11] siji sêsisih [sê...]

--- 107 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 9.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 9.2 dari 53

[...sisih] |[12] hèr laut agêbyar-gêbyar | pantês lawan lêlakone | gêndrèh-gêndrèh karya rimang | biyadaning lumajang | awor lan gêndhing apatut | awèh edan karungrungan ||

24. kasuluh ing pandam lilin | mêlok-mêlok kadya wulan | wong kuning kuninge dhewe | liringnya sang dyan kumênyar | lir thathit wimbuh raras | dyan arya suka andulu | kang rayi kalih pinarak ||

25. praptèng ngarsa pinrak kursi | dyan arya rum sêbdanira | nonah maraka rahadèn | saosa sumping lan burat | patut wong duwe kadang | nadyan kêbacut tinutul | tan kêpara dohing prênah ||

26. sang dyah kalih angewani | ing liring sarwi ngandika | kakang isin têmên ingong | ngêndi ana duwe kadang | èstri kinèn bêbarang | marang ing dhêdhayoh kakung | lagi tumon mung si kakang ||

27. mèsêm radyan wong andhandhing | ngandika mring garwanira | padha katêmpuhan kabèh | angonyohana yayi mas | myang nênumpingi sêkar | payo nonah lêkas taruk | jangan susah kapan gusar ||

28. tur arènira pribadi | ngarah apa si yayi mas | rakêt têpung sanak bae | mèsêm pra garwa sêkawan | marpêki năngga burat | dhasar ayu dèn pêpatut | tinon saya asung rimang ||

29. dyan kalih matur noragi | nuwun nuwun kakang êmas | ulun ajrih Yyang Sukmanon | ngèsêman Yyang Jagadnata | sinurak dening dewa | lênggahnya sing kursi tumrun | ngandika Dyan Menak Koncar ||

30. nyonyah êmas lêkas yayi | mara krubutên kewala | apan wus punagèningong | dyan kalih wus kinonyohwan[13] | kinalih roro sowang | sinumpingan sêkar mungguh | oncèn sinawur toya mas ||

31. tungmungkul[14] rahadyan kalih | noragèng mangranu pada | dyan arya suka gujênge | bapang sarya kinonyohan | dening Kalpikawatya | Kalpikaningsih pan sampun | nênumpingi sira radyan ||

32. Dêmang Gathul jêlah-jêlih | anuwun konyoh lorodan- | nira dyan arya wuwuse | lah majua paman dêmang | Ki Gathul amêndhapan | sinung burat gya inguyup | rêrai ingusap-usap ||

33. sawusnya tayungan bali | Ki Gathul mring prênahira | acucut [acu...]

--- 108 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 10.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 10.2 dari 53

[...cut] salêlewane | Kalpikaningsih kêlawan | Kalpikawati muwah | garwa sêkawan wus wangsul | pinarak ing kursi atap ||

34. atmajèng Tuban saya jrih | mring raka Dyan Menak Koncar | tansah bukuh pilênggahe | ki dêmang asêsendheyan | ing kursi ajêjegang | kawuron êndêming apyun | ingubêk kêlawan arak ||

35. sinandhingan tandhak mrapit | sinendhenan kinêpêtan | Ki Dêmang Gathul angomplèh | suka sagunging tumingal | pênuh kang andon raras | myang sakèhe para arum | kêmanisên roning kamal ||

37. Sinom

1. wus samya lêkas abêksa | wong trunalanang mangrangin | bêksa tamèng miwah dhadhap | ngracak samya wasis-wasis | rakit prang sudira mrih | mamonah suduk-sinuduk | datan ana kuciwa | pêdhang-pinêdhang tan osik | surakira arame lir ngadu ayam ||

2. wus angsal rambah ping tiga | trunalanang dènnya ngrangin | dyan arya nulya ngandika | hèh paman dêmang si yayi | sasukane ing galih | yèn arsa bêksa rèningsun | Dêmang Gathul wotsêkar | kawula ingkang makili | nanging sampun mawi gèsrèk sêsudukan ||

3. luput-luput dhidhal nyawa | têmah dadi tai aking | dyan arya gumya alatah | gumrê[15] sagung kang ningali | Dêmang Gathul gya ngibing | asisih tandhak têtêlu | cucut dènira bêksa | ambung dumuk ngêmut driji | medhak-medhok kampuhira kuleweran ||

4. lêlewa banyol pangucap | anjêlih kala sinindir | anjêgrig rêrambutira | kopyahe binanting-banting | awake kirig-kirig | sarya gêbêg-gêbêgipun | sinambêran ing tandhak | ki dêmang lucune dadi | bêrik brangkang lathinya nyungir mring tawang ||

5. kêng gumya ambata rêbah | sagung ingkang aningali | sêksana rahadyan arya | amêdalakên sarimpi | busananya saryadi | èbên kang rêtna sumawur | kadya jim kamanungsan | tinon lir tan ngambah siti | gawe brăngta mangrum tingkah pasrangkara ||

6. lir dhêdhali nambêr toya | awor lan wilêting gêndhing | kêploknya ambal-ambalan | sênggakira angêdhasih | sira atmajèng Tubin | èsêmnya nora kawêtu | tansah ngliring mring raka | pangunadikaning[16] galih | dhasar bangêt lêlancure wong Lumajang ||

7. aladak tur kasêmbadan [kasêmba...]

--- 109 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 11.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 11.2 dari 53

[...dan] | acucut nora nyênyêngit | sêmbrana aparikêna | sasêbdane dèn lungguhi | cacade mung sawiji | rada kêpara ing rusuh | tan bisa ngolah praja | dudu pusakaning bumi | wus bobote amukti anèng Lumajang ||

8. gya ngliring sang kusuma |[17] Sang Rêtna Kalpikaningsih | radyan ginêgêt kang waja | kumêsar anglês kang galih | awas dènnya ningali | tan kênyanan ing pandulu | warnanên radyan arya | tan kobrê tajêm kang liring | ngiwa nêngên garwanira ingarasan ||

9. wus mundur sarimpinira | dyan arya anulya larih | lan rinta atmajèng Tuban | ki dêmang lan para abdi | surak gumêntur asri | kêng kalataka jumêgur | gêndhingira mangraras | mănda-mănda ukur jawil | mung clêmpunge kinorèk mawantya-wantya ||

10. dyan arya ngadêk ambêksa | lawan garwa Mantarsari | tinêngên jajêbêngira | sasolahe rêbut manis | kang nglagoni pra sêlir | gêndhingnya pelog pinatut | barang padha krêrasa | niyagane sami èstri | sênggak gumrah kêploke nibani raras ||

11. radyan lan garwa nyonyah mas | jêbèngira wus kinering | samya anarik curiga | ingukêlakên wilêt sih | saya minuni sari | liringing tingal abarung | ruming hèrnawa muncar | kang kondhe kêbak rêtnadi | gêbyar-gêbyar lir lintang sayuta lumrang ||

12. runtut pacaking wiraga | astanya awor lan cêngkling | kumrampyang anèng wêdana | sêsuling manjing ing liring | clêmpung nèng lambung asri | kangsin nèng tracabing suku | rêbab anèng ujyala | sêlukatnya anèng rumbing | punang dêmung manglung-manglung manjing jăngga ||

13. kêthuk kumênthung nèng tindak | kênong mring udhêt aminging | gambange ngungsi mring sinjang | panuse[18] ngungsi mring driji | mandule gong duk muni | kukuse anèng prêmbayun | lêlagon awor tingkah | mêngênge ngêdusi manis | candonira kang gêndhing manjing wrêdaya ||

14. ngancap sarêng pêngarahnya | cumlorot lir lintang ngalih | curiganya gêbyar-gêbyar | sinrêrasah[19] mas rêtnadi | dyan arya saya bênthing | jungkarangin awèh wuyung | lir gambar wêwangunan | yang yang ringgit munggèng kêlir | radyan arya duk ginoco punang jaja ||

15. kadya waja ginurinda | murub sumêmbur kang agni | saya dêdêl punang raras | lêlagone ngasih-asih | ebat sagung ningali |

--- 110 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 12.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 12.2 dari 53

saya dangu saya baud | risang atmajèng Tuban | tansah ngêtutakên liring | èsêmira aprana panuju manah ||

16. Menak Koncar wus panduga | arinta kalih ngèsêmi | saya kinayang bêksanya | sarya mangancap lir thathit | ginoco Mantarsari | kumênyal ingkang prêmbayun | dhuwungnya bêngkung tiga | sang dyah eca dènnya ngrangin | gunging mulat kumêsar ing manahira ||

17. dinugi kêlamun tatas | majadira anrus gigir | mèsêm sang atmajèng Tuban | ki dêmang jomblong ningali | sèlèh jêbêng dyan mantri | dhuwunge sampun sinarung | mingkis sêsondèrira | koncane anrampat siti | mantar nyonyah pinondhong lajêng ingaras ||

18. binêkta mring prênahira | wus samya lênggah ing kursi | surak kang bala gumêntar | kêng kalataka munyatri | pênuh kang punang larih | sêksana dhahar makêmbul | radyan ari ing Tuban | prituwin kang para rabi | sira Dêmang Gathul wus kêmbul sameja ||

19. pra sêlir ngladèni atap | busananira saryadi | Kusuma Kalpikawatya | lan Sang Dyah Kalpikaningsih | tansah ampingan wuri- | nirèng raka sang binagus | dene wong trunalanang | wus samya sinungan bukti | syara gumrah kang gêndhing kadya ampuhan ||

20. dumugi dènnya kasukan | mênuhi wilêting sari | pupug punang kawiragan | ing dalu datan winarni | kawuwusa ing enjing | dyan arya daud sawadu | sagarwa sêlirira | tênapi rahadyan kalih | arsa sowan mring nêgari Madulêngka ||

38. Dhandhanggula

1. kawarnaa Radyan Damarsasi | anglampahi ing kawêlasarsa | lagya kinarsan dewane | ciptanira sang bagus | tan darbe sah ing Suksmanadi | manungsa wignya apa | pinurbèng dewagung | tan lyan pinêsu ing driya | ing pawore ing tingal kahanan jati | jatine kang misiksa ||

2. kang misiksa saisining bumi | kang akarya pati lawan gêsang | Dyan Săngka lumembaking rèh | lir sarah munggèng ranu | sinêpuhwan[20] ing darma yogi | Buyut Musthikamaya | tumamèng pituduh | wimbuh anglampahi karsa- | nira patih pinanjingakên ing puji | puji mring sukmanăngsa ||

3. radyan sinung karya mring kya patih | kinèn mêkathik ngrumati kuda | lan kêkalih parêpate | Sêbdapalon sêklangkung [sêklang...]

--- 111 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 13.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 13.2 dari 53

[...kung] | Nayaginggong dènnya kasyasih | tan patya sinung pangan | tansah dèn kêkuru | sabên dina ngajak minggad | Dyan Sêsăngka dahat dènira tan apti | narima ing juwata ||

4. sariranya tansah sru winanting | datanpa dhahar kêlawan nendra | sinêdya dadi tapane | sêmana sang binagus | saya embah cahya nêlahi | gumilang-gilang raras | manglela sumunu | rahintên dalu tan pêgat | asêmèdi suka rênaning sêkalir- | ira Yyang Sukmanăngsa ||

5. datan kesah-kesah radyan mantri | sangking gêdhogan ngêngisik kuda | gênti ingkang winiraos | kang dalêm kubon santun | putranira rêkyana patih | Kusuma Anjasmara | kang tansah namur kung | tan lyan sinambat ing brăngta | mung rahadyan ingkang kinarya pêkathik | dening sudarmanira ||

6. tanpa dhahar sang dyah tanpa guling | layung-layung kawangwang gumilang | embah nêm dina manise | sèdhête ngundhung-undhung | prak atine saya nusuli | gandêse rêbut papan | pirang-pirang pikul | malade agêgotongan | luwês mêsêsira rolas pêdhati |[21] praptane bangun enjang ||

7. byar rahina sagunging wêwangi | samya ngungsi marang kêpatihan | ngumpul Anjasmara kabèh | lingsir wetan gumrudug | sumèh sumrah malah nampiki | kêmpyange padha magang | praptanirèng bêdhug | jêjêl anèng kêpatihan | lingsir kilèn wiragane lir gurimis | ngêmbêsi ing sarira ||

8. surup surya wong kuning sabumi | sarenira samya ingambilan | kari bagorane bae | yèn pukul sănga dalu | kilat thathit gêbyaring ngungsi | mondhok anèng ing waja | lamun têngah dalu | sêbarang kang endah-endah | kumarane ginêrus dadi sajimpit | konjuk ing Anjasmara ||

9. yèn marêngi dina Gara Kasih | widadari jim pri prêrayangan | asok takrê[22] têdhak kabèh | arum-arume katur | udakara pitulas dhacin | anulya pinilihan | ing sang rêtnaningrum | murnine angsal satepak | gya binahat candune sagêbyas alit | kagêm mring Anjasmara ||

10. tansah kunjana papa sang dèwi | gandrung-gandrung ing sêparanira | kabyatan kawiragèng ron | ing tyas brăngta awuyung | myung[23] Dyan Săngka paraning galih | dalu kèmpi yèn siyang | sumandhing kadulu | sandhung jêkluk Damarwulan | marang[24]

--- 112 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 14.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 14.2 dari 53

sêbda nora lali Damarsasi | kadya wong karungrungan ||

11. nuju pinrak ing natar sang dèwi | wayah layung surya tunggang arga | ingayab para cèthine | êmban inya nèng ngayun | Anjasmara manamur wingit | nanging mêksa kawêdhar | têlênging jroning kung | ngandika mring babu inya | paran biyang wartane Dyan Damarsasi | satriya Paluhamba ||

12. awlas têmên biyang isun[25] iki | mring si jênat jaka Paluhamba | dadi lêlakon awake | sêdene ramaningsun | nora kogêl mring kadang siwi | yya dumèh yèn wibawa | apêgêl tyas ingsun | biyang apa risi mona | ingauban kapunakane sawiji | kaya wong potang ala ||

13. datan èngêt mring kang dèn gêntèni | awibawa anèng kêpatihan | tur sangking kadange dhewe | jêng uwa purwanipun | Maundara kang gawe bêcik | iya mring kangjêng rama | prandene tan ketung | amburu panasing driya | mundhak apa wong asih dipun gêthingi | wong arja pinrih ala ||

14. alah dene si kakang kêkalih | wong mênyunyang amurang krama |[26] dhêmên karya rusak bae | tur mundhak apa iku | dene têka kêpati-pati | milara tanpa dosa | lir wong mêndêm gadhung | tan èngêt mring kadang tuwa | tangèh lamun wong arda nêmua bêcik | anggung ulah sikara ||

15. nora etang pêmalêsing puji | manggung dadi ing pangewan-ewan | sugih satru tanpa gawe | ni êmban awotsantun | aturira mêthuki galih | lêrês andikaning dyah | ramanta pukul |[27] paring kumêt karya panas | rêmên ngèksi-èksi[28] sêsamaning jalmi | gêthing mring wong wibawa ||

16. lawan gêthing mring wong ulah sêmèdi |[29] gêthing mring wong nalar wicaksana | gêthing wong bagus warnane | gêthi[30] wong siniyan ratu |[31] ngudi dènnya amrih kêng sisip | miwah Dyan Layangseta | Kumitir sêklangkung | tan arsa ngambah lêrêsan | tungkul dènnya amrih muktine pribadi | lumuh sinamaning lyan ||

17. datan mambêt andêling nrêpati | rusuh ing tingkah kuthuh ing karsa | sêmbada ing panastène | atur kula sang ingrum | pan sayêktos-yêktosnya gusti | ni inya atur sêmbah | inggih sang lir santun | wingi duk ulun mring pasar | aningali rakamta Dyan Damarsasi | pitêkur nèng gêdhogan ||

18. ulun mampir

--- 113 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 15.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 15.2 dari 53

takèn mring kêng abdi | anggêpipun ramanta mring radyan | gusti klangkung niayane | witning yèn paring sêkul | mung sacowèk awor tumêndhil | datansah tinindakan | mring gêdhoganipun | yèn kirang klimis kêng kuda | kirang dhêdhak sukêt ragi nguciwani | rama panduka gusar ||

19. ngumpah-umpah tur cumrêri-crêri[32] | datan măntra darbe kapunakan | tandya sung wêdharaningong | nanging radyan tan ayun | mung prêpate ingkang nampèni | sang dyah kadya sinêndhal | ing galih mangungun | gya wontên cèthi rêrasan | lan kancane bibèkne maung ingong wrin | Radyan Damar Sêsăngka ||

20. sare anèng soring nagasari | pinêtêkan ing parêpatira | nglela gumilang cahyane | ponakawane nguwuh | mring manira gya sun ampiri | anjaluk pêpanganan | angrês sun andulu | manira nuli têtanya | Dyan Sêsăngka salamine anèng ngriki | paraning polahira ||

21. bibèkane jare tanpa guling | tanpa dhahar sing kathahing karya | sarta sangking pangênêse | sang dyah duk myarsèng wuwus | tandya minggah mring jinêm wangi | gêmpung raosing manah | wimbuh kasmarèng kung | amayang susela brăngta | minggah tumrun poyang-payingan ing galih | wus karsaning juwata ||

22. sang dyah limut wêwadining èstri | manêmpuh byat ginosongan trêsna | kabêlêt ing tyas wuyunge | nimban inya gupuh |[33] tinimbalan wus praptèng ngarsi | sang rêtna angandika | syara rayung-rayung[34] | biyang paran wartanira | Dyan Sêsăngka rêpate sun gumatèni | kang mijil sangking sira ||

23. ni mban inya nêmbah matur ririh | Dyan Sêsăngka tyas têguh raharja | tan gumingsir parentahe | jêng ramanta pukulun | apitambêt ngewani liring | gusti dhatêng kawula | sabên-sabên rawuh | sêmune sampun graita | ngong gumati marang parêpate kalih | sêmune tan kaduga ||

24. malah-malah asring mêmiringi | sampun ngantos kêpanjang ing tingkah | kawula dhatêng prêpate | kadya wus wêruh sêmu | marma ulun saklangkung ajrih | juwêt ngambah gêdhogan | tan arja tinêmu | mendah jêng rama panduka | miyarsoa pêsthi radyan dèn pêjahi | kawula têkèng pêjah ||

25. sang dyah mèsêm sinamur lan dêling | nyênyêngit têmên wong Paluhamba | salah cipta tanpa gawe | pêgêl rasaning kayun | biyang ingsun nora kêkêlir | ewuh apa mring sira [si...]

--- 114 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 16.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 16.2 dari 53

[...ra] | payo de rah lampus | biyang sun pêlaur pêjah | wurung panggih lan kakang mas Damarsasi | kang lagya kawlasarsa ||

26. ingsun biyang nora laki-laki | yèn tan angsal komasaris jendral | kang lagya dadi lêlakon | pinêsthi ing dewagung | sun labuhi papa kasyasih | mêngko sun rêrêmbugan | lan kang gawe wuyung | age mara sêsajia | mêmanisan tamuan tuwan kumisi | bicara dadèning prang ||

27. sêsaosa jêbat lan kêsturi | anotoa busananing priya | ni babu inya ature | nah anggèr nuwun-nuwun | datan wande tumêkèng pati | kinêthok mring ki patya | sang dyah sêbdanyarum | biyang sira milu apa | lara pati ingsun lakoni pribadi | wus janjine wak mara ||

28. nora bakal wong kudu bilahi | lara wirang saobahing jagad | wus pinêsthi sadurunge | pasrahna ing dewagung | êmban inya pan èsmu tangis | kagoyang wrating trêsna | mring sang rêtnaningrum | jrihira mring yayah rena | têkèng pati nglabuhi ing nalar sisip | tan wun manggih bêbaya ||

29. yèn rinasa wrate wong trêsna sih | kinêlêma ing Căndragumuga[35] | myang êndhut blêgêdabane | papa citrakanipun | ingêndhêman tumêkèng pati | nadyan ngrojongi karsa- | nira sang lir santun | sang dyah wus ngrasuk busana | yèn sinawang lir putri Cêmpala Manik | duk mijil sing ujyala ||

39. Mijil

1. tuhu ayu kusuma sang dèwi | Anjasmara kaot | arja sinjang cindhe jlamprang bange | asêmêkan bangun tulak pinrêsmi |[36] niyaka hèr manik | sunarnya sumawur ||

2. ukêl rêja manjrah puspitamrik | acundhuk rêtna byor | pindha dewa andaru sarine | kancing manyura rinêngga hèr gêni |[37] sêngkang mungkung rêsmi | sinêgara madu ||

3. asumping mas minarjèng ron sari | sangsangan sutèngson | aglang kana murti kalpikane | jumrut pêkaja mirah mênuhi | sri gănda kêsturi | jêbat andonsantun ||

4. ngambar sumyar mêrbuk wor kongas mrik | sêparan sung wirong | singa kasamprê lir tinrês tyase | jêbat mawar têmpur ruming sari | sarira sumrah mrik | kasmarjèng mamrêskung ||

5. rum kêng muluk binêkta ing angin | nrêrajang ron gogrog | lêmut jingklong sêmut bubar kabèh | gègèr ngungsi kabruntak wêwangi |

--- 115 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 17.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 17.2 dari 53

lalêr mencok mati | kêsangêtên arum ||

6. dêdêg jagrê-jagrê mêmantêsi | kuninge mêncarong[38] | mêlok-mêlok sang dyah wêdanane | tingal kocak lir intên hèr thathit | waja gumyar kengis | tejane ngênguwung ||

7. lathi gêsêng manise pinirit | akarya wirangrong | kadya gambar winangun pasmone | anêlasna dêluwang lan mangsi | turah kang rinujit | pangrêngganing kidung ||

8. Anjasmara wus mijil ing jawi | nèng natar mangrimong | amarêngi purnama mangsane | katawang sumyak bêntèring sasi | kamyat saisining | pratiwi kasuluh ||

9. lir rahina padhanging mangrawit | sênêning kêkayon | lir paningal sajroning pangimpèn | maya-maya manglela kaèksi | ngrêmêng mêsajani | mangembahi santun ||

10. sumilir-silir pamiron asri | asrine winaon | sêkar-sêkar tan migar gandane | kaungkulan de sang agêng brangti | mayang sêkar bali | kayoman ingkang rum ||

11. cêngkir dênta sêdhêng wus mêngkrami | sumuluh yèn tinon | sarêng mulat ing dyah prêmbayune | ponang cêkir[39] merang ngungsi mring wit | mayanira kari | tur kungkulan patut ||

12. lunging gadhung purêt duk mangèksi | janggane sang sinom | sêkar pudhak sêdhêng pêmbabare | kuncup malih amung krêmyat dening | wêntise sang dèwi | kesisan wastrarum ||

13. thithit lidhah rêbut wor lan liring | wêkasan acêlom | maduning sêkar pan asrêp kabèh | dadi tapa kungkulan mêmanis | yyang purnamasasi | sêmune mawêlu ||

14. rêbut mêlok gumilang nglangêni | wêdana mêncarong | dhasar ayu-ayu sawantahe | wimbuh karêngga ing busana adi |[40] maladi manglungit | tan kêna winuwus ||

15. Anjasmara pinrak kursi gadhing | manjang wulan awor | para cèthi mangayap ngarsandhèr | êmban inya ngapit kanan kering | năngga talam rukmi | isinya burat rum ||

16. macak rawis ingkang inasihi | gantyaning sang sinom | pamojokan lan saput jajare | kumbala badhak lan kêpêt gadhing | gunging para cèthi | nganggya-anggya luhung ||

17. sang kusuma angandika manis | èsêmira winor | lah ta biyang payo ywa kasuwèn | amrêpêki wong bagus kasyasih | wong dhandhing jukining | wong lumrê[41] kalurus ||

18. wong abagus [aba...]

--- 116 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 18.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 18.2 dari 53

[...gus] sêlak mambu angin | atêmah kêmanjon | pêsthi ingsun tumêkèng layone | yèn tan panggih padha saiki |[42] biyang ingsun mati | wurung awor têmbung ||

19. sira êmban matur wotsari |[43] gusti sang lir sinom | lah punapa kang dèn antosake | yèn kêdangon ing pêngangkah gusti | mindhak juwarèhi | kanyina ing pasmun ||

20. mumpung sêpi ing pênatar gusti | wus sidhêm punang wong | Anjasmara ngling winor èsême | priye biyang yèn ingsun tinampik | angisin-isini | tan kêpadhan kayun ||

21. ni mbok inya sumambung wotsari | lêrês sang lir sinom | sanèsing dyah kang kadya nah anggèr | nanging panduka gusti sun tohi | datan ngambah siti | kakung nampik sang rum ||

22. Dyan Sêsăngka dhasare kasyasih | tan măntra ing batos | pintên-pintên sinampar nah anggèr | tur tan tanggêl dèn labuhi pati | pirangbara ngakir | luwar sing kasyayun ||

23. wus antawis ramanta kya patih | dhasar mrih kadudon | awon sirnane tinundhung bae | lah sumăngga pinarpêkan gusti | awlas ngong kêpati | dhatêng sang binagus ||

24. Anjasmara mèsêm tanpa angling | busana winaon | gya jumênêng sang dyah sing prênahe | ginarêbêg ing pawongan cèthi | sang dyah duk lumaris | tinon gandrung-gandrung ||

25. pantês buntar sinjange winingkis | gêndrèh-gêndrèh tinon | banting astir lha putung esthane | mêndal-mêndal madyane amêngkik | tur manasbarani | mungal ing prêmbayun ||

26. dhangah-dhangah awijang mêthinthing | gilig tur mêncarong | pênuh raras ing kawiragane | dadya pangungsèn gunging mêmanis | ing saparan minging | ngambar gandanya nrus ||

27. kadya murca kinêdhèp ingèksi | Anjasmara kaod[44] | sang dyah dhasar mêmpêng diwasane | winangkara lir pujan rêtnadi | nadyan samya èstri | mulat brăngta wuyung ||

28. Winarnaa Radyan Damarsasi | kang lagya linakon | eca lagya lênggah nèng kayone | nagasêkar sasiliring angin | katrang sintarêsmi[45] | mangrêsêpi kalbu ||

29. datan ana kang kaciptèng galih | mung wêkasan ing don | Sang Yyang Jagad Pratingkah ing rèhe | pinuja măntra jroning sêmèdi | pinras kyating puji | winorkên ing pandum ||

30. nging sêmangke [sê...]

--- 117 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 19.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 19.2 dari 53

[...mangke] rahadyan minantri | ing tyas sumêlang wor | maras-maras tanbuh wurcitane | hè Yyang Juwata ingkang linuwih | pituhokna dasih | têguh ing rahayu ||

31. sampun kenging rêncananing bumi | lyan karsèng sukmanon | sampun rinèh ing budya tan arjèng | hèh juwata ingkang mugi-mugi | têtêpna kêng dasih | mulyane pangèstu ||

32. ya ta rêpat kalih kang winarni | aturu manglosod | nèng sor pucang lêlèmèk widhige | samya ngadhêp badhiyang malêdhing | sarwi têngga kori | korine gumandhul ||

33. Nayaginggong ginggongira kèksi | dinulu mathongol | manthuk-manthuk mring lawang arêpe | lindurane angrantêg sawêngi | trêkadhang nglindur mring | kali gogoh yuyu ||

34. yèn wis olèh gya ginawa mulih | sêksana ginasong | wusnya matêng pinangan yuyune | niba nggêblak tandya ngorok malih | sêjatine guling | iku lagi nglindur ||

35. Sêbdapalon yèn nglindur lunga mring | pasar luru klobot | lan pucukan têbu ngiras gone | sarwi wuda yèn wus warêg mulih | iku masih guling | sêjatine nglindur ||

36. Anjasmara kuwur ciptèng kawi | gandrung-gandrung ngrimong | praptèng prênah ing pagêdhogane | êmban inya lumampah ing ngarsi | duk prapta ing kori | Ginggongnaya nglindur ||

37. ngadêk wuda amarêp[46] maringis | sarwi krêrot-krêrot | kêcap-kêcap anggêbêg-gêbêge | ngucap jaluk sêga punar mênir | lodhèh kêthak giling | krupuk srundèng jagung ||

38. nyai êmban anjumbul kêpati | jumbule kêsondhol | gya tinampèl ing tangan sondhole | manthuk-manthuk sarwi marbês mili | gya niba gumuling | ngorok sênggur-sênggur ||

39. para cèthi gumya ting cakikik | kang satêngah mlengos | Sêbdapalon anggrayah lindure | sarya ngrêrêm anggolèki inthil | ni êmban anjondhil | jondhile kêjaul ||

40. gya kinuwêl ingaran athinthil | inthile wus nglombroh | Sêbdapalon niba ngorok manèh | ni mbok inya sosote druwili | bêlong-bêlong bêlis | dibêbêsèt ngantu ||

41. Anjasmara lathine ginigit | mengo tan arsanon | gya lumaju sang dyah ing lampahe | wus kawawas sira radyan mantri | panuju alinggih | nèng

--- 118 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 20.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 20.2 dari 53

sor nagasantun ||

42. pamulunya kasonar ing sasi | larase mêncarong | Anjasmara lir kinenyut tyase | kêtêk sumawur ampingan ing wit | lyan kêng sarpa sari | sang dyah cêngêng mangu ||

43. sariranya kumutug lir agni | tambuh solahnya wor | maras-maras nanging sênêng wonge | kêpyur-kêpyur ing galih ngrêsêpi | têbihnya wêtawis | lawan Damarsantun ||

44. tigang cêngkal malah nora luwih | ingantun kêng pawong | amung ni mban inya sêkalihe | datan têbih lan sang mindha ratih | sang dyah rosing galih | lir age agapyuk ||

45. pangyur tingkahnya sang agêng brangti | dirèktur jendral nom | têka enak inak migu bae | nora nyapa nora anglungani | nora mobah mosik | sidi parak ngarum ||

46. nora sêgu nora aningali | siku mas arinom | apa lumuh kuciwèng sêmune | ni mas matur kados dawêk nguji | wus adate gusti | rêmên lênguk-lênguk ||

47. radyan pitêkur kados datan wrin | dhatêng sang lir sinom | mangke nah anggèr ngong paranane | wong abagus pantês dèn dhèdhèli | tan grahita galih | angkuhe pitambuh ||

48. ya ta radyan mantri wus udani | pinran sang lir sinom | gandanya nrus ngambar sêparane | ngidid kongas amilêti galih | mingingnya nampêki | mangêdusi arum ||

49. lir ginoyang tyase radyan mantri | kumênyut anglês wor | mangangên-angên kewran ciptane | lunga pêjah kèndêl angêmasi | dewa kêng linuwih | paran palah[47] ingsun ||

50. wus kapêngkok ing papan kasupid | adhuh pêjah ingong | kaniaya sang dyah mring dasihe | paran baya gèningsun ngoncati | hèh Yyang Suksmanadi | kanthinên yusyèng sun ||

40. Kinanthi

1. murcita napasira wus | wor dewane kêng linuwih | cêngêng sajroning paningal | radyan kawimbuhan ing sih | hèrnawa têmpur samodra | jumbuh wantu lawan asin ||

2. padhanging jagat kinukut | wangsul ing pratănggapati | lir warna sajroning kaca | manjing mring kêng aningali | kumandhang pawor lan syara | suruping baskarèng wêngi ||

3. kawêngku ing èstonipun | bêthara surya kêng luwih | atas sang Yyang Dewa Surya | pangyasane Yyang Pramèsthi | jinurung [ji...]

--- 119 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 21.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 21.2 dari 53

[...nurung] sing karya puja | Yyang Manikmaya mèstuti ||

4. Manikmaya Sang Yyang Guru | pada pamujaning dasih | Yyang Nurcahya Yyang Nurrasa | rasaning sampun kawingking | Dewa Ruci kang gumantya | jumênêng kêlawan dasih ||

5. sihing Sukmana kêng agung | kênyatahan Dewa Ruci | musakani ing agêsang | jumênêng kêlawan urip | uripe sapa kêng karya | tan lyan Sukmana kêng luwih ||

6. lir samodra lawan alun | ombak lumembak kaèksi | ragane upama sarah | alune Yyang Dewa Ruci | kênyatahan sukmanăngsa | kang ingupama jêladri ||

7. galong gumulung ing ranu | upama urubing agni | kênyatahan Rucibrăngta | wujude cahya lawan sih | muksyane pandam kapyarsa | manjing ing kahyangan jati ||

8. tan lyan juwata kêng agung | jumênêng kalawan puji | pujine kêng sipat mulya | mulyane kêng mupangati | kêng karya sabab raharja | angarjani ing sabumi ||

9. krêrana dyan Damarsantun | nglindhung urip ing sukmadi | urip sajroning palastra | palastra sajroning urip | angungsi mring dewa brăngta | liyêp netra sawangsasi ||

10. mung prêmona tan rinacut | panêngran sajroning urip | uripe wus rasa pêjah | anetra tan aningali | karna datan amiyarsa | atutuk datanpa angling ||

11. agrana datan angambu | anapas datan lumaris | ya ăngga datan subawa | namung prêmana kang kari | sirna ingkang pănca driya | Damarwulan angêmasi ||

12. lêncêping[48] paningal samun | tingale kêlawan budi | pangucape lancar daya | pênggandanira lawan sir | lan pangèstu kang kapyarsa | jumênêng lan Dewa Ruci ||

13. ragane kari anjêtung | ni êmban saya ngrakêti | Dyan Săngka winawang-wangwang | winungu winanti-wanti | anggèr pukulun tamuan | kumasaris sangking syargi ||

14. tan mosik Dyan Damarsantun | sang rêtna ngandika aris | biyang inya paran baya | si êmban dènnya mrêpêki | suwe têmên nganggo apa | akaku rasaning ati ||

15. ni inya matur wotsantun | bilih Damarwulan sakit | ginoyang minggu kewala | ingoyog-oyog tan mosik | lumampah sinung usada | gêgêcêle wong akuning ||

16. mèsêm kusumaning ayu | datan saranta [sara...]

--- 120 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 22.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 22.2 dari 53

[...nta] ing galih | kêkêtêgnya sumyar-sumyar | kabyatan ngasmara brangti | sang dyah amrêpêki tandya | gêndrèh-gêndrèh amantêsi ||

17. sarya dhaham gêtir juruh | sang dyah ngasta macak rawis | sarêng cêlak gya binalang | lêlambungira tan mosik | mangun tingkah pasrangkara | gandrung-gandrung asung brangti ||

18. angadêg sang ruming santun | cênthèng-cênthèng dènira ngling | angkuh têmên sira radyan | sêmangkehan wong ambênthing | pinaranan nora nyapa | bok aja kêpati-pati ||

19. aja dumèh yèn binagus | dèn sanak nora nglanggati | Dyan Săngka minggu kewala | têksih pitêkur alinggih | kêjap-kêjèpnya ingêmban | sang dyah tan dêranèng galih ||

20. radyan gya rinangkul gapyuk | wêntisira dèn cablèki | lambung tansah cinêthotan | Dyan Damarwulan tan mosik | sang dyah apêgêl kang manah | wuwuse angasih-asih ||

21. kakang mas sapanên ingsun | ingsun Anjasmara prapti | mangruwat papa cintraka | amudhari ing kasyasih | sapa ingkang duwe trêsna | kakang kêjaba mung mami ||

22. sapa kang asih wong bagus | amung kadangmu pribadi | lah mara kakang lungguha | nyênyêngit têmên wong iki | tan mobah Dyan Damarwulan | nora sêgu nora osik ||

23. Anjasmara pan èsmu luh | datan tinimbangan kang sih | radyan rinangkul kêng jăngga | winêngkang kêng asta kalih | wus ginggang radyan gya dhawah | anèng ing pangkyan gumuling ||

24. sang dyah kagyat sarêng dulu | radyan napasira sêpi | kantun prêmona kewala | ginoyang-goyang mawanti | ingoyog-oyog tan lawan | gêpah sang rêtna nungkêmi ||

25. sarya andrês kang ponang luh | mangêsêb-sêb jaja wanti | kinarang ulu rahadyan | mring sang dyah ingasta kering | mlas asih sêsambat ing dyah | kakang aja sira mati ||

26. yèn sira kakang tan wungu | ingsun nusul angêmasi | tanpa gawe sun agêsang | yèn tinilar wong asigit | tandrêman nèng marcapada | katula-tula manah gring ||

27. wus nglilira wong abagus | sun bêktakkên masak rawis | myang wida ambar hèr mawar | kakang mara sun konyohi | ênya-ênya kakang sêpah | mêngko ingsun busanani ||

28. ban inya sumungkêm gupuh | ing pada

--- 121 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 23.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 23.2 dari 53

sarya manangis | gusti-gusti awungua | awlas arinta sang dèwi | wanuh tanggung sira radyan | amanggihi sarya lalis ||

29. sang dyah mundhut hèr mawar rum | sinuryan radyan minantri | ginuling-gulingkên radyan | katut kewala tan mosik | sêsambate Anjasmara | kakang-kakang aja mati ||

30. apan uwis basaningsun | Anjasmara nora apti | kakung liya sangking sira | lalungarang sun lakoni | kakang-kakang aja pêjah | aku nora bisa kari ||

31. lah biyang êmban dèn gupuh | undangên parêpat kalih | sun takone si kakang |[49] yèn wis larane ing nguni | lah apa jêjampènira | ni mban mentar sarya nangis ||

32. Palonsêbda Ginggong gupuh | ginugah nora ngulisik | ambathang sarwi wêwuda | ciniwêlan nora nglilir | lalu akrêrot kewala | nyamuk-nyamuk sarya mringis ||

33. ni mban tyase sêlak gugup | gugupe binêthot aglis | kinaro ing kering kanan | bingung angatut wus tangi | ni mban kêbat milu kêbat | lamun rindhik milu rindhik ||

34. paringisan biyang-biyung | wus praptèng ngarsa sang dèwi | sang dyah ayu angandika | paman gustènira iki | apa wus larane lawas | anglelo kaya wong mati ||

35. apa kêsambêt sang bagus | paman tutura mring mami | umatur pun Ginggongnaya | ingkang sakit-sakit mami | ngantos mutah jênang lahan | Sêbdapalon tumut angling ||

36. wontên dene grêrah ulun | pan akungsul-kungsul mami | jalaranira sinêndhal | ngantos mèh cêpot sangking wit | ni mban awas lamun wuda | prêpat kalih dèn gablogi ||

37. Ginggong Sêbda gya lumayu | bêbêdan anulya bali | wus awas mring gustènira | anèng ing pangkon gumuling | datansah akapidhara | prêpat kalih samya nangis ||

38. katêmpahan sang lir santun | gusti kawula dyan mantri | dhasare dhasar apêsan | wimbuh kawrataning kardi | ing mangke panduka prapta | bêkta tênung sing Bêtawi ||

39. ngandika sang ruming santun | eman-eman pinrih pati | sinobat sinaudara | radyan inggih ajak mukti | ing mêngko têmah kantaka | paran rêmbugira sami ||

40. Ki Sêbdapalon umatur | pamanggih kawula gusti | bok inggiha jinampenan | bêsusu [bê...]

--- 122 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 24.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 24.2 dari 53

[...susu] lan jêruk lêgi | lawan kêmiri sasomah | gêpak jêndhul padha siji ||

41. ngewani tingal sang ayu | Dyan Săngka winungu wanti | Anjasmara gêpah mucang | sêpah cinêcêpkên aglis | sami ing lathi kaprana | sang dyah lidhahnya ginigit ||

42. kagyat Anjasmara jumbul | basakna iki wong sakit | napasira nora nana | lêlidhah têka ginigit | arsa ingsun sèlèhêna | eman yèn kêbacut mati ||

43. radyan ginusur burat rum | pan sarwi winungu wanti | wis tangia sira kakang | wêlasa mring awak mami | adoh elok pinaranan | wong anom têkyarsa lalis ||

41. Sinom

1. ya ta Dyan Damar Sêsăngka | kagyat dènnya nukmèng pati | ginusur ring găndawida | cinêcêpan sêpah wangi | sarya winungu wanti | tinangisan andrês kang luh | napasira lumampah | sagung plawanganing budi | sampun pêpak kang ingaran păncadriya ||

2. Rêtna Dèwi Anjasmara | duk myarsa napas lumaris | asrêp raosing wrêdaya | dyan tansah winungu wanti | nglilira wong bênthing |[50] kakang-kakang ingsun rawuh | wêlasa mring manira | sira kakang sun kauli | sok mulyawa[51] muktia tilam asmara ||

3. ya ta sang mindha kunarpa | tumindak praboting urip | Si Radyan Damar Sêsăngka | kang kadya kagyat ing pati | anrus kulunging galih | duk kapidih ing prêmbayun | têmahan paripurna | Radyan Sêsăngka anglilir | kewran ing tyas datansah api kantaka ||

4. pangrêti kanin wrêdaya | hèh juwata kang linuwih | paraning awak manira | kêcakup putraning patih | dewa kêng mugi-mugi | têtêpna pangèstunipun | yya nganti kenging coba | dasihye[52] ginebang èstri | hèh juwata kêkahna ing tyas raharja ||

5. Rêtna Dèwi Anjasmara | Dyan Săngka winungu wanti | sarya sinuryan hèr mawar | èsmu angliyan dyan mantri | amingkêt sangking kêdhik | tan wrin nyondhol ing prêmbayun | Anjasmara anjingkat | mèsêm sarya anyablèki | iki si wong mati têka agêlathak ||

6. mara kakang mas wungua | anggantèna masak rawis | dene

--- 123 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 25.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 25.2 dari 53

iki wus agêsang | têka nora arsa linggih | pêjah pupyèngsun kalih | ingsun alihan wong bagus | êndi sêpahmu kakang | sun lironi wong abênthing | sang dyah mucang sawusnya nêbda mring radyan ||

7. ênya-ênya kakang sêpah | cinêcêpkên samya lathi | amingo Dyan Damarwulan | obahnya sinangkan ririh | dhawah pangkyan klajuk mring | kakêmpung sang rêtna jumbul | ginulingakên radyan | kang jăngga sinundhang malih | ingingokkên kang mindha kunarpa kiyat ||

8. sang dyah sêksana alihan | Radyan Sêsăngka kaguling | wêdana tumibèng jaja | wonga-wonga kang marêngi | kasêmêkannya sang dèwi |[53] kêplarot[54] sang dyah agupuh | tinêkêm prêmbayunnya | dawêk katingal sêpalih | Anjasmara radyan sarêng kumêsarnya ||

9. kasmêkan wus winaonan | Dyan Săngka ngunduri ririh | têksih api kapidhara | radyan lambungnya pinulir | èsmu kagyat dyan mantri | anjumbul sing pangkyan tumrun | hèh Sukmana kang mulya | têguhna ing tyas kêng sukci | hèh juwata awasa[55] mring titah tuwan ||

10. radyan saya kuwanguran | dènira akarya sandi | kadangu datanpa wêkas | pangudasmaraning galih | bok iya sun anglilir | nglindhung ing Yyang Jutwagung |[56] alon wungu rahadyan | sêdya lumèngsèr aririh | Anjasmara gêpah anggèndholi radyan ||

11. kakêtêgnya mawur sumyar | kumêsar raosing galih | ya ta Dyan Damar Sêsăngka | amungkur dènira linggih | tan paja mawang liring | pilênggahira tumungkul | Kusuma Anjasmara | sêbdanya mangasih-asih | paran baya ngangkuhi dhêdhayoh prapta ||

12. munduran akaniaya | sira kangmas marang mami | yya dumèh sun êla-êla | tan sotah madhani ing sih | tan wurung ingsun mati | lamun tan kêpadhan kayun | apan sinêngguh apa | sira kakang sun parani | syarga nraka sun mati awor lan sira ||

13. kakang aja sêla-sêla | ingsun kakangmu[57] pribadi | tur măngsa kêtanggungana | sira yêkti sun labuhi | payo mukti lan mami | luwara papa kasyayun | nadyan tumêkèng pêjah | ingsun kakang anyênyèthi | Dyan Sêsăngka kumênyut ing manahira ||

14. myarsa sêbdanira sang dyah | lir tinrês raosing galih | ya ta dyan arum [a...]

--- 124 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 26.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 26.2 dari 53

[...rum] sêbdanya | radèn ayu culna mami | dipun aririh gusti | botêne ulun lumayu | Anjasmara ngandika | gêndhèng-gêndhèng mulêt ing sih | wong abagus măngsa ingsun uculêna ||

15. jrê sira wong ora trêsna | kakang mara awak mami | mêngko yèn sira lumajar | amêsthi ingsun ngêmasi | urip tanggung nèng bumi | angur binanjuta ingsun | ing juwata kang mulya | wirang isin sun lakoni | wusanane wong trêsna tan linanggatan ||

16. dangu Rahadyan Sêsăngka | binondhetan mring sang dèwi | ni êmban inya sêpira | bungahe rasaning ati | sêdene prêpat kalih | abungah tansah gumuyu | radyan ngantos punapa | bok inggih nimbangi ing sih | ingsun uga payu anutut kewala ||

17. wit ning kawula punika | gusti sêdhih ingkang ati | wontêna èstri kang arsa | kêpingin arabi uwing | ngêndi-êndi pawèstri | sun takokkên nora pêthuk | kalunta kongsi kawak | durung wruh rasaning rabi | pan panduka dèrèng wruh ugrêring[58] gêsang ||

18. băngsa urip arêpana | sêdya kang agawe bêcik | pabêcikan marcapada | iku ingkang anêksèni | puji mring bumi langit | puji mring kang karya pandum | amung lara lan nikmat | kang nelakkên sihing Dewadi |[59] iya gêsang sinung lara lawan nikmat ||

19. datan kêna sininggahan | karsaning Yyang Juwatadi | kadya ta titahing dewa | sagung kang sinungan rêsmi | tan lyan muktining jalmi | sampak lan wong ayu nulus | gandhang tur prangwêdana | punapa ngulatan malih | durung bae kang pinikir ikiaa[60] ||

20. Rêtna Dèwi Anjasmara | wuwuse angasih-asih | cênthèng-cênthèng nuju manah | sira kangmas Damarsasi | pêgêl rasaning ati | angkuh têmên wong binagus | bisa agawe brăngta | dèn sanak nora nglanggati | sumakehan tuwanku dirèktur jendral ||

21. kangmas tuwan kaji bêsar | payo marang wisma mami | mulanga tilawat kur'an | mêngko kakang ingsun ngaji | bok aja ngadi-adi | sijinat kumêndur wurung | sapa wruha tyas ingwang | agêmpung kabyatan brangti | jae wana kang ati poyang-payingan ||

22. yèn manuka awak ingwang | manuk bisa [bi...]

--- 125 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 27.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 27.2 dari 53

[...sa] tata jalmi | kapencut mring sira kakang | satriya kêng mati ragi | dhandhang netrane abrit | katuwone raganingsun | parikan guringsing bang | kêng sènthèng tuwuh ing wukir | lara mara kêjarah dhêmên mring dika ||

23. yèn gununga awak ingwang | gunung sakilèn Sêmawis | nora wurung karungrungan | lamun tan kêpadhaning sih | gunung wetan Sêmanggi | sun lêlawu wong abagus | mêksa trêsna kewala | kangmas gununge wong Têgil | pragat jăngga wurung sobat lawan sira ||

24. gununge wong Pêjajaran | sungkan krama lalu mati | yèn ora lan sira kakang | gêgununge wong Wêlèri | tan pêgat dadi ati | kangmas gununge wong Kêdhu | sok dhasar kêlakona | sun rowangi adol rumbing | ujar pisan lamun ingsun linanggatan ||

25. ki êmban matur ring radyan | anggèr bok dipun labuhi | sênadyan tumêkèng pêjah | asap lan nonah rapêni | liman mêndhak ing srati | bêndha ijo wong binagus | tiksyara munggèng ing pang | jinruma wong sanêgari | luwih-luwih karsanira tuwan bêsar ||

26. dandanan wus kêlampahan | sang dyah kêpanggih dyan mantri | datan wande têkèng corah | kawula tan wurung mati | nadyan tumêkèng pati | yèn wus klampahan sang bagus | maos palêkat jindral | ulun tan mandhêg tumulih | sokur-sokur ing têmbe amanggih arja ||

27. pasthi ulun bukak pasar | angadêgakên wong kèngsi | rahadyan mèsêm mring driya | Ginggong matur ring sang dèwi | tuman saja kumisi | purak-purak mau lalu | dhipegang nonah bêsar | baik dhiikut sêkali | tarik saja bawak kantornya nonah mas ||

28. mêski bêlun timbang saja | nyang muwah sama nyang sakit | cobak sudhah tau brasa | mêski trak mau kumbali | sama dhi kêsta lagi | enak-enak campur climut | prêmain dhalêm kamar | siyang malêm makan roti | pêsthi baik punya prêrut lêkas bêsar ||

29. mèsêm Rêtna Anjasmara | ni inya gumya kêpati | ni êmban alatah-latah | Sêbdapalon angawêti | kawête dipun lirik | ini mintak sama itu | dhimakan enak-enak | enak main sama ini | laprê itu alamat trak makan-makan ||

30. ni mban sosote [so...]

--- 126 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 28.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 28.2 dari 53

[...sote] gumrayah | sidikêpruk-kêpruk uning[61] | sidikêthak-kêthak jingga | anggêlathak ngajak gandhik | măngsa arsoa mami | mring wong kaya rêraimu | Sêbdapalon angucap | sabobote nyai uring | kaplak sama kapluk mapan sudhah timbang ||

31. ya ta Dyan Damar Sêsăngka | binondhèt dipun ciwêli | mring Kusuma Anjasmara | lêlambung dipun cêthoti | baunya dèn cablèki | binondhetan sangking pungkur | sang dyah wus anêmpuh byat | wuwuse angasih-asih | dhasar canggèh syararum angrèndèng manah ||

32. Dyan Săngka ing tyas kagiwang | kalênglênganing mêmanis | kèrêm ing samodra kilang | kêbanjiran madu brangti | kawilêt ing wêwangi | goyang tinêmpuh ing arum | panyiptanira radyan | wus untunge awak mami | lara pati ing pandung nora suminggah ||

33. mobah mosiking manungsa | atas karsaning sukmadi | tumindak lawan nugraha | kêng murba solahing urip | iya yyang juwatadi | amarna ing titahipun | roro pajuning karsa | kamulyan lawan bilahi | yèn kinarsan mulya sampun sinandhingan ||

34. ing lêlakon kang raharja | sampurna kêlawan budi | yèn kinarsan ing Sukmana | bilahi wus dèn sandhingi | nalar tan ngraharjani | ing kanisthan tindak luput | dêdalan rong prakara | sumandhing tan kêna gingsir | pan kinarya istilah dadining karsa ||

35. yèn manungsa tibèng mulya | dumadakan ngraharjani | ing tindak lawan utama | amêsthi yyang juwatadi | badhe rêntahing kang sih | trêsondha wus kapêngayun | yèn dasihe winênang | kinarsan ingkang bilahi | tinrêsandhan ing rèh nalar kaluputan ||

36. ing mêngko awak manira | manggih lêlakon tan yuti | gumingsir sing karaharjan | baya karsaning Sukmadi | ingsun sinung bilahi | dumadakan ing rèh luput | kang manah sêmang-sêmang | agimir[62] sang ruming sari | wus tan bakal tibèng cêlaka wêdakan ||

37. măngsa ingsun gingsirana | narima sinung bilahi | datan sêdya angrêsula | wus kêpapan ing piranti | tan wurung angladèni | ing karsanira sang ayu | hèh sanak badan nyawa | kabèh saisining jisim | dene gilig ing janji aja sêlaya ||

--- 127 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 29.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 29.2 dari 53

38. payo padha anarima | urip bêja lara pati | puluh-puluh sang kusuma | dadi marganing bilahi | pira bara ing wuri | yèn wus kapungkuring saur | dhêndhaning kaluputan | badan nyawa dèn agilig | sokur-sokur amanggih madu srêngkara ||

42. Dhandhanggula

1. alon dhaham Radyan Damarsasi | syaranya rum tandya mingsrê[63] lênggah | wiragèng ranu padane | ngajêngakên sang ingrum | Anjasmara tansah bondhèti | duk ingajêngakên sang dyah |[64] ing galih kumêpyur | katrang ing căndra tumawang | têmpur liring lir kilat barung lan thathit | kadya datanpa jiwa ||

2. rêmpu sumyar sumawuring èsthi- | nira sang kalih tanpa jamuga | cêngêng lênglêng wur ciptane | sang dyah gya ngrangkul gapyuk | wus kêpadhan ngasmara brangti | supe purwa duksina | kabyatan ing limut | suh sirna tanpa wikara | muksyèng driya lir pêjah sajroning urip | uripnya lawan brăngta ||

3. suciptaning byat mantraning èsthi- | nira tandya yanjrahing sarkara | rumêsêp sumyar rum rèhe | rèhning tiksyara rampung | kapratisthan ruming pangèsthi | pamurtining pangrêngyan | ning sang campur madu | yang yang budya winartama | pangrubasèng dirèng udyananing sandi | drêsananing kusuma ||

4. ni mban inya suka aningali | myarsa gapyukira sang kusuma | pawor rukêting sêkaron | kadya puyuh atarung | awusana jêngrê ningali | bilêng padha sêkala | Sêbdapalon ngantuk | Ginggongnaya pacicilan | aningali solahira sang akalih | ngadêg wuluning githok |[65]|

5. gya ngambung mring Sêbdapalon aglis | kagyat dènnya angantuk gêgubras | pipènira umbêl bae | ya ta Dyan Damarsantun | mangrarêpa syararum manis | mangenyut yusyaning dyah | sang rêtna sinambut | pinangku asta ngarasan | jênang sela dèn gung pangapuntên gusti | ing dasih kawlasarsa ||

6. rèhing abdi panduka aguling | lagya kinarsan ing Yyang Sukmana | kagyat sarêng panglilire | gugup ing manah kuwur | tanbuh-tambuh raosing galih | ing cipta kaya-kaya | mring sang ruming santun | ing mangke pun Damarwulan | pasrah jiwa anyaoskên pati urip | sumăngga [sumăng...]

--- 128 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 30.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 30.2 dari 53

[...ga] ing sakarsa ||

7. datan grantês sapanjrahing angin | myang sarema kang pinara sasra | pinundhut pêjah gêsange | kinèn punapa ulun | ngendralaya manglaya bumi | tan lênggana sakarsa- | nira sang lir santun | kinèn amanjing pawaka | sêgaragni gusti pun dasih mèstuti | ketang sih jêngandika ||

8. ulun nglampahi karsaning gusti | pintên-pintên wong kawêlasarsa | pêkathik dhusun nah anggèr | sinampar ing wong agung | sampun pêcak dhumatêng sakit | nadyan tumêngkèng pêjah | yusya sih katur |[66] tan langkung gusti kêng mulya | mung aksama panduka pinintèng dasih | kêng asih dasih papa ||

9. anoragèng aturnya dyan mantri | asta kering mangrangkul ing madya | kêng kanan năngga astane | Anjasmara sang ingrum | pan sinunggun-sunggun mawanti | astèng dyah ingarasan | wuwusnya sumrah rum | Rêtna Dèwi Anjasmara | kêmanisên datansah anambang liring | ing tyas kadya sinêndhal ||

10. sarira mar kagunturan ing ling | lir ngakasa kalungsèning surya | kêtara layung-layunge | duk sang dyah rinarungrum | kêng kukila nusuh ing siti | saya ngèmbahi raras | gambar munggèng panggung | prêraga nêmpur sêgara | dangu wayang-winayang sawangan liring | radyan lan sang kusuma ||

11. tan ingucap dènnya supêkêt sih | prêjanjine rèh apawong sanak | sarya ing sabiyantune | sinêksèn ing budyarum | amupakat ing jisim kalih | sêbarang kang kapyarsa | miwah kêng kadulu | samya naidi sêdaya | têmên-têmên palêkatnya gantyan wangi | myang burat rum hèr mawar ||

12. sang dyah kondur dhatêng kubon sari | radyan tansah kinanthi sêmarga | rêspati adhèndhèng-dhèndhèng | kayangan anjarwiku | pan sagunung raosing galih | pusaraning baita | wus kêpadhan kayun | biyaning kêpatihan |[67] yèn kayua kayu pinggiring pasisir | wus bêkta jampi brăngta ||

13. Sêbdapalon Ginggongnaya sami | dhèrèk ing gusti nèng kubon sêkar | lawan para cèthi awor | angglidhik tur abêsur | depe-depe ngêmorkên ati | katungkul ngambul bakang | lowung nyondhol bukung | dèn ciwêli cuwol-cuwol |[68] yèn cinablèk

--- 129 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 31.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 31.2 dari 53

cêblèke dèn iming-iming | mengo sagunging mulat ||

14. ya ta sira Radyan Damarsasi | praptèng dalêmira Anjasmara | wus ginantyan busanane | kampuh srêngkara linud | diprêrada gumyur mangrêsmi | paningsêt mas winarja | sinotyèng rêtna byur | calananya lungsir jingga | binudir mas tinut ing sungging mangrawit | akondhe kêkêlingan ||

15. kinancingan agarudha manik | asêsumping mas mangroning sêkar | rinaja mulya rêtmyawor[69] | sun angrênyêp sumuluh | dhasar bagus Dyan Damarsasi | karêngga ing busana | cahyane sumunu | jumbuh lan Yyang Kumajaya | Anjasmara kadya wong ningaling[70] sungging | winawang-wangwang wantya ||

16. winawas wawas manganan ngering | tansah mèsêm ningali mring radyan | kang dèrèng manis winaon | winawang sangking pungkur | tinêbihan dipun prêpêki | ingulap-ulap wantya | mèsêm sang lir santun | grêgêtên ing manah |[71] Anjasmara rahadyan dipun puliri | cinêthot ciniwêlan ||

17. tinêbihan sing ngarsa ingèksi | sêbdaning dyah cuminthèng lir kilang | gêthing têmên ingsun radèn | wong kaya sira iku | nora kaprah ana ing bumi | pantês mukti nèng syarga | aja sira tumrun | yèn tan dina Gara Mulya | aku bae aja pisah angladèni | kang manyèthi mring sira ||

18. kangmas-kangmas payo sun konyohi | găndawida kêsturi hèr mawar | kangmas sadulurku dhewe | wong bagus alus têrus | mung cacade ngakokkên ati | kêbangêtên kakang mas | bok si rada anu | wong bagus anu-anua | anu têmên nora pati anganoni | nglêlaga wong abrăngta ||

19. kukus gantung pulase wong sungging | yèn sun sawang warnanira kangmas | buron kali punjul dhewe | pandhe gong kothak jêpun | tinandhinga ing wong sakêthi | kêmbang[72] ulêsing sata | tan ana kang tiru | suku jungkung solahira | pagrê[73] wayang toya mijil sangking langit | sêkalire wèh edan ||

20. puspa biru kangmas munggèng têgil | namung dika têlênging wrêdaya | pênyu sêndhang alus dhewe | sata wana kakuncung | nadyan korak wong sanêgari | wuluh rawa kakangmas | ampungana mring sun | kang wraksa margining

--- 130 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 32.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 32.2 dari 53

toya | kukus gunung kinapakna awak mami | ulun kêng talang pêjah ||

21. têka mèsêm rahadyan minantri | winawang-wangwang mring sang kusuma | wus samya lênggah sêkaron | lir ringgit munggèng panggung | yang yang Parta lawan Srikandhi | ngingayap[74] pra pawongan | ban inya nèng ngayun | Sêbdapalon Ginggongnaya | saos anèng lawang parêpat kalih |[75] andadèkakên badhiyan |[76]|

22. êmban inya sagung para cèthi | mawang ing gusti anjomblong mulat | kumêdhèp tismak netrane | kakungira abaut | luwês manis amilangoni | wiragèng ranu pada | sasêbdanirarum | Kusumayu Anjasmara | gandês manis rumakêt amêsajani | wong ayu gawe brăngta ||

23. awiraga gandhang galak liring | gêbyar-gêbyar sonarnya kumilat | urup lan waja mêncarong | kêkuwungira têmpur | tumaleram arêbut manis | gumilar-gilar raras | wor sêngkang sumawur | pating karênyêp sumilak | ting karêthap lir lintang sayuta ngalih | wra lumrang rêbut papan ||

24. Dyan Sêsăngka ginandan burat mrik | panji andon rêsmi myang hèr mawar | linud kêsturi jêbade | ngambar gandanirarum | têmpur lawan ruming sang dèwi | arumnya gêgolongan | saparan-paran wus | kumutuk mangampak-ampak | ngidid kongas lir kayangan widadari | sajroning padalêman ||

25. nora siwah lir kasyargan ngalih | èbêg sagung kumaraning endah | asri tinon sunggatane | datan kêna winuwus | kawis-kawis rêja-rêja sri | asri srining kawuryan | kawiryawan pênuh | cêngêng lêng kalênglêngan |[77] singa mulat kadya linêsês kang ati | atine karungrungan ||

26. pan sêklangkung dènnya mangêmong sih | risang kalih tansah sih-sinihan | aja wêlèh caritane | măngsabarong[78] kang ngidung | pangidunge kêng nuju galih | sayogya ngawruhana | dènira satuhu | pangolahing asmararja | arjèng pragya kasmaya winayang rêsmi | rêsmya nrus kajuwatan ||

27. padya-padya winangkarèng kawi | ya ta risang mangêmorkên raras | wus minggah ing jinêmrume | mangun kasmarjèng lulud | puja brăngta amulêt ing sih | anglir Yyang Kumajaya |

--- 131 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 33.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 33.2 dari 53

pamriyêmbadèngrum | naya wimbuh kawimbuhan | embah-embah srêngkara têmpur lan manis | niscayèng gănda prana ||

28. maharjèng wignya ngasmara brangti | dirèng wulangun pêngrasing dyah |[79] rêjasèng parisêdyane | mayangkara sumawur | lir brêmara misudèng sih |[80] wiragèng ranupada | titising pasmun |[81] pandam liringnya winawang | siram-siram wêrdaya kilating èsthi | mahartyèng syara dibya ||

29. wus dumugi dènnya andon rêsmi | tan ingucap pangolahing raras | rinasa ing sêmu bae | ya ta sang kalihipun | lir mintuna kêlawan mimi | dahat tan kêna bênggang | sêparan rêruntung | ombak agung ing tunjung bang | golang-golong lêmpuyang kêng munggèng têgil | tansah aprêjanjean ||

30. têngah dalu Radyan Damarsasi | dènnya prapta anèng kubon sêkar | dungkap bangun rahinane | gênti ingkang winuwus | Radyan Layangseta Kumitir | nuju nèng kêpatihan | sowan ramanipun | sadalu agunêm ing prang | pratingkahe risang Dindura[82] Dipati | myang Rănggalawe Tuban ||

31. miwah marna Prabu Urubêsmi | Seta Kumitir mundur sing ngarsa- | nira ing rama wancine | apan wus lingsir dalu | datan eca raosing galih | kèndêl anèng pêndhapa | ngantya bangun esuk | myarsa bêndhe mawurahan | têkak ngakak sambêran tuhu myang kolik | saluhuring pungkuran ||

43. Pangkur

1. Dyan Kumitir Layangseta | wadyanira pinêpak sampun prapti | kajinêman patang puluh | samya binêkta langlang | radyan midrê-midrê anèng kubon santun | sêksana Dyan Layangseta | lawan Dyan Layangkumitir ||

2. iya tan eca ing manah | gya anjêjêp dalêmira kang rayi | Anjasmara sang lir santun | sarêng prapta ing lawang | aningali wong roro padha alungguh | syaranya pating karêcap | ingulap-ulap mawanti ||

3. kumlebat anuli kesah | tinututan dhatêng rahadyan kalih | ingupados tan kêpangguh | radyan sampun grahita | dalêmira kang rayi kalêbon pandung | ya ta sêksana kinêpang | mring wong kajinêman sami ||

4. sinêsêg pangêpungira | samya sikêp tigar kêlawan biring | dènira [dèni...]

--- 132 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 34.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 34.2 dari 53

[...ra] dyan kalihipun | asikêp tamèng pêdhang | ri sêksana rahadyan mangintip gupuh | mawas rêngganging kang lawang | gya myarsa syaraning rayi ||

5. lawan syaraning satriya | imba[83] raras kêng gumya rêbut manis | Seta dhodhok kori asru | mangyuh[84] mring Anjasmara | Anjasmara sapa rowangira iku | kaya abaning satriya | gêguyon nèng tilamsari ||

6. kumêpyur ing manahira | Anjasmara dangu datan nauri | gya ngrangkul mring sang binagus | kang mas ika si kakang | Layangseta anguwuh-uwuh maring sun | ênya dhuwungira kang mas | dandana sing bêcik-bêcik ||

7. mèsêm Dyan Damar Sêsăngka | sarya mangras dêlingira amanis | kados pundi raden ayu | ing karsa jêngandika | pan kawula punapa kinèn anutut | punapa ta kinèn panggah | sakarsa ulun nglampahi ||

8. manguwuh malih Dyan Seta | Anjasmara dene nora nauri | sapa dhêdhayohmu iku | sang dyah malih ngandika | kang mas Damarwulan aja sira nutut | lawan aja pacakara | kakang yèn sira ngêmasi ||

9. ya ta kêng para pawongan | ting bilulung tanbuh ingkang dèn ungsi | ni êmban inya agupuh | nangis nungkêmi radyan | gusti gusti gustiku kawula lampus | ing mangke wus kuwanguran | tan sande ulun ngêmasi ||

10. Dyan Damarwulan ngandika | bibi sira mênênga aja nangis | pasraha mring juwatagung | yêkti măngsa bakala | sun labuhi yèn sira tumêkèng lampus | dèn prêcaya ing Sukmana | bibi aja nyipta pati ||

11. Anjasmara angandika | kang mas kang mas aja pisah lan mami | mêngko yèn si kakang nubruk | ingsun tamèngna ngarsa | dimèn kogêl kakang mring sira wong bagus | sênadyan tumêkèng pêjah | angur ingsun kang dhingini ||

12. mèsêm Dyan Damar Sêsăngka | Anjasmara pinangku dèn arasi | sang dyah patrêmnya ingunus | pinusthi anèng asta | Dyan Sêsăngka tumingal manêbda arum | nah anggèr paran marmanta | dene kang patrêm tinarik ||

13. sang dyah amangsuli sêbda | lamun sira kakang tumêkèng pati | ingsun anglabuhi lampus | sokur kakang yèn ora | radyan mèsêm mangaras sarya nabdarum | jimat mundrine pun kakang | sêsotyane tilamsari [ti...]

--- 133 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 35.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 35.2 dari 53

[...lamsari] ||

14. biyadaning kêpatihan | ingkang asih ing dasih kawlasasih | pasrahêna ing dewagung | kêng abdi pun Sêsăngka | ingkang patrêm gusti prayogi sinarung | purba punapa manungsa | ngandêla mring Yyang Sukmadi ||

15. kêng akarya pêjah gêsang | wangsul dipun pitaya kêng punang sih | yèn parêng lan bêjanipun | sayêkti tinulungan | Anjasmara mèsêm kang patrêm sinarung | sapa ingkang tan wêruha | Sukmana kang karya pati ||

16. yèn anu kaya pandhita | sapiroa sing ati sênak-sênig | amèsêm Dyan Damarsantun | sang dyah ngras prêmbayunya | anyiwêli Anjasmara sarya muwus | bok si matak-matak japa | matak apa-apa aji ||

17. pijrê ngarasi kewala | iki si wong ora duwe kuwatir | kaku rasane tèningsun | ing kene mêlang-mêlang | jrê Sukmana murah marang titahipun | yèn mati kapriye kang mas | mèsêm dyan mangras pan nêpi ||

18. Dyan Kumitir Layangseta | dangu dènnya dhodhogi punang kori | awanti-wanti manguwuh | hèh sira Anjasmara | ala têmên sapa dhêdhayohmu iku | lah age sira mêtua | Anjasmara anauri ||

19. gumêndhèng awor lan gumya | sungkan-sungkan pan lagi ewuh mami | Dyan Seta manêbda asru | lah ewuh-ewuh apa | sang dyah mojar lagi ewuh jaluk pangku | mring kakangmas Damarwulan | Dyan Seta sêbdanya bêngis ||

20. nora talah asu desa | wani-wani marang sadulur mami | dyan mantri mangsuli wuwus | supados yèn puruna | awit sangking krêsane[85] rinta sang ayu | drêmi ngladosi kewala | ing mangke kula nglabuhi ||

21. bramantya Dyan Layangseta | nguwuh-uwuh sarwi jêjêki kori | lah edane mènthèlipun | sabên tinari krama | para mantri punggawa para tumênggung | tinampikan ujarira | lumuh nambut ing akrami ||

22. wêkasan alaning ala | acêluthak dadak gondhol pêkathik | sang dyah gumêndhèng sumaur | sapa arêp wong kompra | para mantri tumênggung pating prêkungkung | asêbut tur mangkak-mangkak | lêkas macak kaya anjing ||

23. sênadyan si pêkathika | bagus trêrus[86] ambênthing tur jukining | gumrining wingwing alurus | mêsês-mêsês [mêsês-mê...]

--- 134 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 36.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 36.2 dari 53

[...sês] wiraga | sêkar panjêr kuning mêncarong lir daru | tur putrane kangjêng uwa | pantês ingsun kawulani ||

24. sapa sapa sapa kakang | wong abagus kaya Dyan Damarsasi | lah priye apa wis rêmbug | sira wong loro kakang | aku laki olèh kangmas Damarsantun | yèn tan rêmbug aku minggat | rakat lan Dyan Damarsasi ||

25. Layangkumitir anêntak | Anjasmara cocote lir gumlamit | nglabuhi kêkompra dhusun | sumaur Anjasmara | sikak-sikak asu aja ajêjêgug | cocotmu sing kurang ajar | brêmantya Layangkumitir ||

26. mangatak wong kajinêman | kawan dasa andêdêl ponang kori | gya mêcah Dyan Seta gupuh | lumumpat ngikal pêdhang | aprayitna kang tamèng pinutrê asru | Dyan Săngka amangku sang dyah | anèng ngyatoning jinêmrik ||

27. Dyan Layangseta sêksana | duk mangayat pêdhang kogêl mring rayi | sang dyah gumêndhèng amuwus | mara mara tibakna | Damarwulan yêkti sun rowangi lampus | amênggah Dyan Layangseta | sêksana Layangkumitir ||

28. ngundha tamèng ngikal pêdhang | duk mangayat Anjasmara sru angling | mara tibakna dèn gupuh | mêdhang mring Dyan Sêsăngka | pan sayêkti kang mas sun labuhi lampus | lah mara mara tibakna | grêgêtên Layangkumitir ||

29. Dyan Săngka rangkêp lan sang dyah | gya pinêdhang jumêprèt tan nêdhasi | sang dyah jajanira murub | kinarya tamèng ngarsa | pan tinitir Kumitir pamêdhangipun | ngantya sangêt datan pasah | sang dyah ginêbrak ing tamsir ||

30. mangnangkis[87] sang dyah ambalang | pamojokan aprana Dyan Kumitir | kumêpruk ing mukanipun | agubras dubang jingga | lathi malik bêbathuk monyong sacêpuk | Kumitir tandya lumajar | kadya wong krêramas gêtih ||

31. Dyan Layangseta sru mojar | Damarwulan aja tamèng pawèstri | payo tadhahana ingsun | Anjasmara angatak | tuman bae kangmas papagna dèn gupuh | mara mara kakang mara | gya sang dyah Dyan Săngka ngarsi ||

44. Durma

1. tinadhahan pêdhang mring Dyan Layangseta | Damarwulan tan osik | Dyan Săngka[88] lumumpat | mêdhang sarya amilar | mawanti pêdhang tinitir |

--- 135 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 37.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 37.2 dari 53

saya sru ngucap | hèh mati sira mati ||

2. Dyan Sêsăngka tan nglawani kyating sura | pinêdhangan tinitir | manangkis sing asta | radyan èsmu mangrêpa | putrê maputrê makitir | pêdhang lir kilat | gègèr kang para cèthi ||

3. ting bilulung tangisira mawurahan | sêsambat mring dyan mantri | Rêtna Anjasmara | mrêpêki mring Dyan Săngka | kang mas malêsa dèn aglis | lah kangmas mara | gya pijrê dèn pêdhangi ||

4. Layangseta kinayang pamêdhangira | milar mêdhang manamsir | pêdhang gya tinampan | pinutung sampun patah | Dyan Seta sigra narik kris | nuduk kêtampan | tikêl wus anggêlali ||

5. Seta milar wus prapta jawining lawang | manahirasmu tintrim | wadya kajinêman | wolu kinè[89] manrajang | Dyan Săngka mêdal sing kori | wus tinadhahan | kinarutug ing bêdhil ||

6. punang mimis tan tumêka ing sarira | sinosog ganjur lungid | rahadyan apanggah | tansah wayang-wayangan | wong kawan dasa ngêbyuki | ngêdrèl manumbak | tan ana kang ngênèni ||

7. Anjasmara nututi mring Dyan Sêsăngka | asung talêmpak aglis | sêksana tinampan | radyan sarya mangaras | tandyèng umangsah dyan mantri | wong kajinêman | binuntar akèh mati ||

8. pêjah tatas mapicil netra macuthat | usus manguwir-uwir | singa maju pêjah | kang mundur nandhang brana | Palonsêbda Ginggong aglis | nrombol umangsah | sangking umpêtan gupit ||

9. sêdangunya nèng pawon ngrikiti iyan | sêmana amarêngi | kang bêkathok jangan | anèng kuwali panas | miwah sambêl gorèng mêksih | panas nèng ngyaja[90] | sak wadhahnya cinangking ||

10. Palonsêbda Ginggongnaya sarêng mêncak | wong kajinêman sami | sasisaning pêjah | mukane siniratan | ing jangan bêkathok aglis | wênèh kinêpyak | ing sambêl gorèng wanti ||

11. bilulungan wênèh jungkêl myang lumajar | gègèr mawur magusis | Dyan Seta nguncalan | ing kuwali kêng sirah | kumêpruk kalung kuwali | mamrêm lumajar | Layangkumitir gêndring ||

12. tinututan mring Ginggong sigra binalang | ing sambêl gorèng aglis | gêgrênya gêgubras | sênsaya nêbas-nêbas | gègèr wong

--- 136 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 38.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 38.2 dari 53

sajroning puri | kadya ampuhan | tangis pating jalrêrit[91] ||

13. kyana patih saklangkung ing dukanira | wong kêpatihan aglis | pinêpak wus prapta | baris nèng palataran | wong dhomas asikêb biring | sawênèh tigar | towok pêdha[92] myang tamsir ||

14. tau jitus asikêp lamêng myang kantar | iya wong talangpati | kya patih wus ngasta | waos agêm pusaka | surya sumirat kang wanci | sapirang-pirang | natar kèbêgan baris ||

15. kyana patih lumêbêt ing kubon sêkar | ingapit talangpati | kêsaru praptanya | Kumitir Layangseta | kalih samya tawan tangis | matur wotsêkar | sasaniskara titi ||

16. saya sangêt kya patih brêmantyanira | talingan lir sinêbit | mangsah gurewalan | lawan wong talangpêjah | Anjasmara kang winarni | tansah karuna | ambondhèti dyan mantri ||

17. buntar ingkang sinjang sampun binundhêlan | lan koncanya dyan mantri | Sêbdapalon lawan | ni êmban wus gandhengan | ni inya gandhèngan kalih | pun Ginggongnaya | wus samya ambêk pati ||

18. Anjasmara ngandika mring Dyan Sêsăngka | kakang mas sun labuhi | payo barêng pêjah | nigan sapêtarangan | aja sêlaya ing pati | sokur jêng rama | awlasa marang mami ||

19. kang supaya tulusa apalakrama | gêsang tumêkèng pati | anèng syarga nraka | aja pisah lan sira | mangsuli Dyan Damarsasi | sakarsaning dyah | nah anggèr sun labuhi ||

20. ri sêksana sang kalih kêkanthèn asta | sêdya mrak ing sudarmi | lan ni êmban inya | Ginggong lan Palonsêbda | Naya sarêng kyana patih | kêsaru putra | ginarbêg talangpati ||

21. lawan Seta Kumitir lumampah ngarsa | sang dyah patrêm tinarik | wus ambêk palastra | tan ana kang kacipta | liya sing rahadyan mantri | praptèng byantara- | nira sudarma patih ||

22. sang kusuma sarya amănca udrasa | rangkulan lan dyan mantri | kya patih duk myarsa | mênggah-mênggah prênaja | grêrêng-grêrêng kewran galih | dene ta sang dyah | rangkulan lan dyan mantri ||

23. Anjasmara sambatnya kadya gurantang | rama ulun ngêmasi | yèn panduka duka | dhatêng Radyan Sêsăngka | yêktine darma nglampahi | mapan kawula | ingkang adarbe karsi ||

24. rama rama lêhêng ulun [u...]

--- 137 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 39.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 39.2 dari 53

[...lun] pêjahana | èstri rêgêding bumi | cidra ing asmara | rêmên pêkathik desa | anistha tur kawlasasih | putraning uwa | Maundara ing nguni ||

25. jrê ing mangke sampun murca amrêtapa | mila Dyan Damarsasi | tuwan siya-siya | awon ing sirnanira | tinundhung sing Maospait | alane apa | ing mangke nyidrèng rêsmi ||

26. ngong labuhi wong roro datan sêlaya | gêsang tumêkèng pati | kawula tur asab | pêjah lawan kakang mas | sokur yèn panduka sudi | abti[93] ngambila | mantu dhaup lan mami ||

27. puluh-puluh jrê rama kawula trêsna | mring kangmas Damarsasi | tur trahing atapa | dhasar anunggil băngsa | ewa mêkatên dèn suprih | ing dudonira | sayêkti sun labuhi ||

28. lan sêdene wong roro lan babu inya | samya darmi nglampahi | datan darbe ala | witning lir cocak măngsa | dènnya mambêngi mring mami | ulun tan kêna | milalu miring kapti ||

29. mila-mila rama ulun dhoking ala | yya tanggung têkèng pati | yèn panduka duka | lamun tan kolu rama | amêjahi dhatêng mami | jaja kawula | ulun suduk pribadi ||

30. sinuraka ulun dene ing juwata | yèn ingran wêdi mati | mijil sing trahira | Jêng Êyang Gajahmada | cacade dadi pawèstri | pun Anjasmara | lanang angrata bumi ||

31. dhasar lumuh ing karya pênggawe nistha | tan watak amrih silip | sênadyan rêmêna | dhatêng Radyan Sêsăngka | dhasar nglabuhi kasyasih | datan kuciwa | kangmas sun kawulani ||

32. amawia têmbung dhatêng ing panduka | mendah panduka yêkti | tangèh nurutana | mindhak saya niaya | dhatêng kangmas Damarsasi | kula tur măngsa | sandea akêpanggih ||

33. mendahane kakang Kumitir lan Seta | dènira amrih pati | mring rakamta radyan | lir satru kabuyutan[94] | ulun tur tan wurung mati | nglabuhi kangmas | mila ing mangke syawi[95] ||

34. untapêna rama ing pêjah kawula | yèn lingsêm ngakên siwi | dhatêng Dyan Sêsăngka | ya ta rêkyana patya | myarsa sambate sang dèwi | pan èsmu waspa | jroning tyas langkung kingkin ||

45. Asmaradana

1. wagugên rêkyana patih | ketang trêsnaning mring sang dyah | Anjasmara sang lir sinom | tur putra [pu...]

--- 138 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 40.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 40.2 dari 53

[...tra] dinama-dama | ngrampungi saliring karya |[96] pradhah budya sarèhnyarum | sagêd ngadani nêgara ||

2. ing rèh kabupatèn wêgig | kêna tinantun ing karya | sok dhasar dèn monga bae | tau nigas karya prana | bèr donya prangwêdana | nalar ing pagunêm putus | ing tindak tanduk pêsaja ||

3. tur bisa amujanggani | ruwêt rêntênging sudarma | kêna jinujug wadyane | sêdaya wong kêpatihan | kêng samya kêkurangan | mring sang dyah pangungsènipun | wignya angecani manah ||

4. mila kogêl sang apatih | wusana arum ngandika | Seta Kumitir nak ingong | ewuh têmên manah ingwang | marang si Damarwulan | yèn sun pêjahana èstu | Anjasmara bela pêjah ||

5. matur Dyan Seta Kumitir | inggih sênadyan atmaja | yèn awon yêkti pinatèn | akarya rêntênging praja | nistha kalokèng jana | nyênyampur manah rahayu | alêgêg rêkyana patya ||

6. wusana ngandika aris | kulup iya karsaningwang | yogya kinunjara bae | gampanging pamburènira | ing mêngko Anjasmara | kêlawan si Damarsantun | ing ngêsiasat[97] kewala ||

7. êmban inya prêpat kalih | iya padha siniasad[98] | jrê padha panunggalane | ngubungi pênggawe ala | wêdi malangi karsa | bok iya tutur maring sun | wong dhaplok datanpa karya ||

8. angrojongi nalar sisip | padha rantenên kewala | iya pirangbara têmbe | kaki ingsun olèh nalar | kang yogya dadi tilas | nanging saikine kulup | mêngkono ing karsaningwang ||

9. sang dyah aturnya kasyasih | yèn kalih Dyan Damarwulan | yêkti tan lênggana ingong | dhatênga ing lara pêjah | nglampahi ing sakarsa | kyana patih sêbdanyarum | lah ta babo putraningwang ||

10. sira lan si Damargagi[99] | ing mêngko ingsun kunjara | dèn narima sira anggèr | witning sun iki kalintang | trênaningsun[100] mring sira | tur cotho sakarsaningsun | sira anèng ing kunjaran ||

11. yèn sun tan trapna nini |[101] agawe pangewan-ewan | ambubrahakên wong akèh | ngubungi nalar kluputan | ingsun kang katêmpuhwan[102] | rêrêntênge praja besuk | kêtarik ing nalar sabar ||

12. kang amilih-milih [ami...]

--- 139 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 41.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 41.2 dari 53

[...lih-milih] adil | amerang-merang ing tindak | iku lêlarangan gêdhe | tinagih ing sukmanăngsa | ing rèh sadarbèng praja | yèn tan katrapa putrèngsun | ginrayangan tyas tan raharja |[103]|

13. ya ta kusumaning adi | bêbisik mring Dyan Sêsăngka | lah ta kangmas sira priye | karsane jêng rama patya | pan sami kinunjara | tan pisah sira lan ingsun | rahadyan mangsuli sêbda ||

14. sumăngga andika gusti | katrap sajroning kunjaran | sok sampuna pisah bae | gêpah Rêtna Anjasmara | tandya matur ring rama | inggih sakarsa pukulun | kawula datan lênggana ||

15. sok sampun apisah ugi | ulun lan Radyan Sêsăngka | rêkyana patih dêlinge | iya tan sun pisah sira | aran sêpadha-padha | tur dadi panrimanipun | yèn mati tunggil kunarpa ||

16. Dyan Seta Layangkumitir | tan arsa mulat arinta | datansah malengos bae | ya ta sang rêkyana patya | garwanya tinimbalan | praptèng ngarsa wus tinutur | ing rèh saniskaranira ||

17. purwa wusana tênapi | karsanira kyana patya | kang garwa asru tangise | nungkêmi ing putra sang dyah | sêsambate mlasarsa | nanging wus narimèng pandum | sarya panyêrênging raka ||

18. sêbdanira kyana patih | mara yayi putranira | si Anjasmara dèn age | lêbokna ing pakunjaran | lawan si Damarwulan | anèng pungkuran dèn gupuh | kuncinên têka ing jaba ||

19. dene parêpat kêkalih | hni[104] êmban lawan ni inya | padha gandhèngên ing rante | sêdene sira Ki Seta | Kumitir amilua | manjingkên kunjaran gupuh | ngrante si êmban si inya ||

20. tanapi parêpat kalih | pramesyari lumêksana | lan Seta Kumitir Radèn | wus kerit Dyah Anjasmara | lawan Radyan Sêsăngka | prêpat kalih ban inya wus | binêktèng kubon pungkuran ||

21. Anjasmara lan dyan mantri | sêmarga kêkanthèn asta | awirandhungan lampahe | rahadyan mangrimong kănca | yang yang parta sungkawa | singa mulat mijil kang luh | kathah ucaping wanita ||

22. kênoa dipun talangi | dukane rêkyana patya | sun gêlêm dèn sulihake | manjing sajroning kunjara |

--- 140 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 42.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 42.2 dari 53

owêl Radyan Sêsăngka | lawan Kusumaning Ayu | Rêtna Dèwi Anjasmara ||

23. sawênèh ucaping èstri | iku si pilara apa | nèng kunjara tunggal bae | malah ta maro mrêtiga | nutug dènnya asmara | tunggil manahira sêngkud | angêntèkkên samatian ||

24. adoh elok dèn layari | samya larig-linarigan | iya amrih pêdhadhune | sun têtêdha ing juwata | kalihe muga-muga | inggala angsal pitulung | luwara sangking kunjara ||

25. ingsun kaul angladèni | nora kudu apa-apa | sok panena matang bae | sawênèh ujaring jalma | Sang Rêtna Anjasmara | mendahane anonipun | anulan[105] Radyan Sêsăngka ||

26. ya ta sêmana dyan mantri | lan sang dyah wus kinunjara | asri tinon lêlangsène | sêsareannya apelak | sang dyah tansah rangkulan | lan rakanta sang binagus | kadya mimi lan mintuna ||

27. narima ing juwatadi | katrap dene ing siasat | labêting rèh tan krahayon | amurang tataning praja | nyidrani ing apatya | ing mangke wus praptèng pandum | sokur ring Yyang Sukmanăngsa ||

28. ni êmban inya wus sami | rinante cinancang soka | tuwin kang parêpat karo | rinante cinancang sarya | bêlênggu cinêngkalak | gêgulu samya dhinadhung | ing êduk ingkang kinarya ||

29. Si Radyan Layangkumitir | saklangkung asiya-siya | dhumatêng Ki Nayaginggong | datan pêgat jinotosan | sarya dinulang lêmah | ginêpyokan ing kêmadhuh | sarya siniram ing toya ||

30. Nayaginggong jêlah-jêlih | mêmisuh sarya karuna | sinêlanan alêlagon | Sêbdapalon tinèrèkan | angus mring Layangseta | sinambêl mêmatanipun | sarya ingidonan dubang ||

31. Ki Sêbdapalon anangis | datansah apêngkrêrêdan[106] | sawiyah-wiyah pisuhe | ya ta risang pramèsyara | Kumitir Layangseta | wus kondur mring prênahipun | mêgatruh ingkang gumantya ||

46. Mêgatruh

1. gantya ingkang winarna sang maha wiku | kang pilênggah ngarcamanik | sinuji ing juwatagung | wus băngsa dewa tan pêsthi | kèksi ing sêsamaning wong ||

2. ngraga sukma pan sampun wiku winêngku | tiningalan [ti...]

--- 141 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 43.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 43.2 dari 53

[...ningalan] aningali | wignya amarna ing suwung | suwungira amimbuhi | sêbarangira sih pawor ||

3. Sang Yyang Rucibrăngta ing kênyatanipun | atuwuk datanpa bukti | kawiryan sampun kagadhuh | tan krêrana kapiyarsi | akulit tanpa kalêson ||

4. ing sadhepokira tan pêsthi kadulu | pamujude kêlawan sir | sirna kamanungsannya wus | bisikanira sang yogi | Yyang Bêthara Murti kaot ||

5. Yyang Bêthara Murti ya Sang Yyang Suwendu | iya Yyang Srêngkara Manik | Yyang Tunggul Winênang wiku | iya Yyang Kumandhagiri | ya Yyang Ciptamaya kaot ||

6. Yyang Sêkontha Yyang Ganasyara sang wiku | iya Sang Yyang Tunggulmanik | watak nawa sanga sampun | lininggihan mring sang yogi | rad paringing juwatanon ||

7. mila ingran bêthara murti sang wiku | angluhuri ing sêkalir | mila ingran Yyang Suwendu | awas karsaning sukmadi | kang durung kênyataning wong ||

8. mila Sang Yyang Srêngkaramanik jêjuluk | langgêng wus mungkur ing pati | mila pêparab sang wiku | Yyang Tunggul Winênang dening | jinurung ing Yyang Sukmanon ||

9. malih Yyang Kumandhagiri jêjuluk |[107] dene kawrat ing dumadi | tur tan kungkulan kêng kawruh | Yyang Ciptamaya wêwangi | wus wêruh sakrêtêging[108] wong ||

10. pramilanya juluk Sang Sêkontha Wiku | lamun ningali ing wêngi | jumbuh lan rahinanipun | tan padhang sing surya sasi | tan pêtêng katingal kêgon ||

11. apêparab Gonasyara Sang awiku | wruh caturing widadari | myang pra juwata sêbdarum | miwah jim prayangan prêri | kapyarsa ing sang kinaot ||

12. miwah Tunggulmanik ingkang ajêjuluk | awas karsa kang piningit | wruh kang samya băngsa alus | singa kinarsan kaèksi | ing sawantahnya patêmon ||

13. langkêp lomba wahana wasonganipun | pêparabira sang yogi | tan bêkta kalaning timur | Maundara tan kawarni | ing rèh jisim wus kagêntos ||

14. pamulunya namung lan nugrahanipun | ing mangke sang maha yêkti | cinatur adarbe sunu | mêmuja kalaning nguni | pêparinging Yyang Suksmanon ||

15. alanturan Yyang Sambona Mahaguru | Yyang Kumajaya lan Ratih |

--- 142 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 44.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 44.2 dari 53

ingkang pinuja binêsut | winujudkên warna kalih | Yyang Cakrakêmbang sakaron ||

16. upamane sari ingambil ingkang rum | sêkarnya Yyang asmaradi | lan ratih dene rumipun | kinarsan pinuja dadi | atmaja endah sêkaron ||

17. winadhahan ing kuncimanik tirta nrus | Yyang Kanekaputra Rêsi | Sang Yyang Manikmaya tumrun | maringakên punang kunci | sawusnya binuka alon ||

18. kalih warna priya kang satunggal bagus | Tanpa kang wêwangi |[109] ya Yyang Kumajaya jumbuh | ingkang satunggal pawèstri | Endah lan Ratih apan wor ||

19. Tanpauni anênggih kang arum-arum | sarining Yyang Kumasari | sarining Ratih pinrêskung | ing purwa atmaja kalih | sêjagad tan antuk anon ||

20. dene Sang Yyang Kumajaya Ratih sampun | sinimpên anèng syargadi | apan kantun sêkaripun | arume sampun tumitis | anèng sang yogi ingêmong ||

21. ya Tanpauni Tanpauna sang rum |[110] nanging ta maksih piningit | nèng sajroning kunci cupu | pambabarira anganti | ing jagat kang ponang lakon ||

22. pan ing mangke Sang Sêkăntha Maha Wiku | lagya kapêtêngan galih | rèhning nagri Majalangu | sigra Sang Yyang Nrada prapti | lan Yyang Êndra sêbdanyalon ||

23. hèh ta babo putraningsun sang awiku | prêkara ing Majapahit | atas karsane dewagung | titahing yyang prabu dèwi | lagya kinarya lêlakon ||

24. lan sêdene yoganira Damarsantun | lagya kinarsan dewadi | anglampahi ing kasyayun | ing rèh bakal mutrê bumi | mila sinung karya abot ||

25. kang supaya dadia sasêpuhipun | ing sasêdyanira kaki | lir glugan sinusur santun | kawimbuhwan[111] amrêtapi- | nira atmanta sang anom ||

26. dhasar wijènira wus pinêsthi ratu | amarentah nungsa Jawi | mhembah[112] kêng puja măntra nrus | pamintanta ing suksmadi | iya pawong sanak ingong ||

27. wimbuh kongas angluputi ing sêkayun | nanging atmanta pribadi | mêksih kurang papanipun | sayêkti anguciwani | awrat wong jumênêng katong ||

28. bênrê alus sira wus pinêsthi luhur | raga durung nêmbadani [nê...]

--- 143 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 45.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 45.2 dari 53

[...mbadani] | akathah kuciwanipun | rèh padha rosaning kaki | alus lan wadhag tan golong ||

29. kang sawênèh nugrahan kawêngku ngalus | wênèh kapurba ing jisim | rong prakara pajonipun | dene kang kapurbèng jisim | ing nguni alusing asor ||

30. nanging wadhagira kang atapa gêntur | akèh tapaning jisim |[113] ana tapa kurang turu | ana tapa kurang bukti | ana tapa mrih krahayon ||

31. yèn si dhasar têmên-têmên ing dewagung | aluse kapurbèng jisim | nadyan andhap sinung luhur | sangking pêmangsuding uji | sinung murah ing sukmanon ||

32. kang sawênèh wadhag kapurbèng ing alus | tur asor wujuding jisim | ing pangrèh datan rahayu | sing têmên-têmênnya luwih | alus minulyakkên kaot ||

33. sadurunge wus pinêsthi băngsa luhur | kawêsesan punang jisim | nugrahan puning[114] alus |[115] sinung murah ing sukmadi | iku pawong sanak ingong ||

34. utamane babu titahing dewagung | nyawane nyawa kang luwih | tur papêsthèn băngla[116] luhur | jisime kang nêmbadani | tur warnanira kinaot ||

35. gêntur tapa sasolahing rèh rahayu | wimbuh sinurung ing puji | utawa puji kêng wus wruh | awas ing kahanan jati | sumbaga panglêmbanèng wong ||

36. myang panggunggung sagung titahing tumuwuh | tuwuhe angraharjani | lawan sih drêrajatipun[117] | tumindak lan nugra jati | marma pawong sanak ingong ||

37. putra kita Ki Damarwulan sêklangkung | pinrêtapakkên nèng bumi | sabab gêgadhangan ratu | aja kawisiksèng bumi | ing nyawa jisim dèn golong ||

38. wadhag alus dèn trêrus nugrahanipun | yya krêrana dèn murahi | mulyaa lan tuhonipun | sêmbada lan kêng pamuji | iya pawong sanak ingong ||

39. Sang Sêkăntha wotsêkar umatur nuwun | Yyang Panji Nrada ngling malih | babo-babo mitraningsun | karsane Sang Yyang Pramèsthi | pan ing mêngko kita kinon ||

40. manjingakên Si Tanpauna dèn gupuh | mring atmanta Damarsasi | dene Tanpauni iku | panjingna mring prabu dèwi | ing Majalêngka kêdhaton ||

--- 144 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 46.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 46.2 dari 53

41. Sang Srêngkara wotsêkar umatur nuwun | sapakèn dasih lumiring | ya ta Yyang Manikmaya wus | mêsat lan Yyang Êndrasasi | sri natanira gumantos ||

47. Sinom

1. ya ta Sang Tunggul Ngasmara | wus marêm ing tyas mèstuti | mêsat dhatêng Majalêngka | gantya winursitèng kawi | si Radyan Damarsasi | kinunjara lan sang ingrum | Kusuma Anjasmara | saklangkung dènnya lulut sih | anujoni ing dina Anggara Mulya ||

2. lingsir dalu wayahira | Dyan Săngka eca ing galih | kagyat duk anon gumêbyar | cumlorot sangking wiyati | ujyala mindha sasi | praptèng jro kunjaran lungguh | gandanya amrik kongas | titising mring sapta syargi | Dyan Sêsăngka mangrêpa nêmbramèng sêbda ||

3. pukulun sintên kang prapta | amrêpêki ing kasyasih | arum dêlingnya sang prapta | ya kêkasihing dewadi | sira tanya mring mami | Sang Yyang Tanpauna ingsun | titising Kumajaya | piturun sangking syargadi | babo arsa manjing marang garbanira ||

4. umatur Dyan Damarwulan | paran gèn tuwan margani | lan ing pundi prênahira | amanggèn sajroning jisim | rèhning wus pênuh sami | kagungane yyang sukmagung | lan ing pundi kang marga | ing rèh sami darbe kardi | Tanpauna manêbda sing lesan kita ||

5. umatur Radyan Sêsăngka | sang pukulun lesan mami | rinowang sêbda mring dewa | Sukmana kang luwih adi | Yyang Tanpauna angling | sangking netra marganingsun | matur Radyan Sêsăngka | pukulun netrangong kalih | darbe karya mulat ing kahanan tunggal ||

6. Yyang Tanpauna ngandika | iya kaki sangking kuping | umatur Radyan Sêsăngka | karna ulun darbe kardi | myarsakkên syarèng bumi | tur syara sangking dewagung | Yyang Tanpauna nêbda | sangking grananira kaki | Dyan Sêsăngka umatur grona[118] kawula ||

7. pan sampun adarbe karya | gănda kyasaning sukmadi | tur tan dadya pêlawangan | nêpsu têtalining urip | Yyang Tanpauna angling | iya kaki sangking êmbun | matur Dyan Damarwulan | êmbun kawula sayêkti | panggenane ing budi kang luwih mulya ||

--- 145 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 47.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 47.2 dari 53

8. Yyang Tanpauna ngandika | iya sangking pusrê kaki | matur Dyan Damar Sêsăngka | pusrê kawula sayêkti | wus andarbèni kardi | nênggih pakumpulanipun | sagung kang sipat samar | kang alus sajroning jisim | anèng pusrê atas sangking Yyang Wisiksa ||

9. Yyang Tanpauna ngandika | sangking jajanira kering | umatur Dyan Damarwulan | kang jaja kering sayêkti | pasênêtaning urip | kang urip lawan pangèstu | tur èstuning sukmaka[119] | prêsasad[120] Sang Yyang Dewadi | angêdhaton anèng soring susu kiwa ||

10. manêbda Yyang Tanpauna | yèn mêngkono Damarsasi | sira sun tunggu sing jaba | Dyan Săngka umatur aris | dadya datanpa kardi | tuwan arsa nitis mring sun | têmah wayang-wayangan | tanpawor sarosèng urip | tanpa karya ngêmadheyan sanès raga ||

11. Yyang Tanpauna ngandika | yèn mêngkono Damarsasi | ingsun manjing guwa garba | awor lan alusmu kaki | dene margèngsun yêkti | iya sakêduganingsun | rèh ingsun sipat samar | măngsa kewuhana margi | Dyan Sêsăngka arum amangsuli sêbda ||

12. inggih Sang Yyang Tanpauna | pukulun nukmèng jro jisim | kados pundi esthanira | raga siji nyawa kalih | Tanpauna tan pangling | Yyang Sêkontha tandya rawuh | angintip ing kunjara | mèsêm sang amaha yêkti | mirsa dènnya umatur Radyan Sêsăngka ||

13. dhatêng Sang Yyang Tanpauna | ya ta Sang Srêngkara Manik | pinêsu kang puja măntra | cinipta Dyan Damargagi | sêksana anglimputi | Yyang Dewa Ruci gya rawuh | mijil sangking ing grana | kumutug raga tan kèksi | wus kagêntyan ing wujude Rucibrăngta ||

14. Dyan Săngka sampun murcita | kalimputan dene ing sih | wrêrangka manjing curiga | curigane Dewa Ruci | Yyang Tanpauna aglis | ingatag dhatêng sang wiku | payo klayatan apa | Tanpauna dipun aglis | rlah[121] racutên aluse Ki Damarwulan ||

15. dènnya nêbda sang pandhita | sinurung lawan sêmèdi | ginêlak sing puja măntra | Sang Yyang Tanpauna aglis | ngrasuk pawor panitis | wimbuh kawimbuhan sampun | karo-karoning tunggal | lir kilang pawor [pa...]

--- 146 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 48.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 48.2 dari 53

[...wor] lan manis | padha alus-aluse tanpa wangênan ||

16. pawor punang cipta rasa | rasane wus dadi siji | Tanpauna Rucibrăngta | kalimput ing Yyang Sukmadi | iya yyang dewa luwih | kang mêngku saliring suwung | suwunge wus kênyatan | ing aluse Damarsasi | alusira jumênêng kêla wadhag |[122]|

17. wadhagira Dyan Sêsăngka | sangkane jumênêng urip | uripe tanpa krêrana | krêrana Dyan Damarsasi | kang sêmbah kang pamuji | marang ing pamujènipun | liyan Dyan Damarwulan | tan beda sagunging urip | amung kari ing sih kang kasrah kewala ||

18. maha wiku tandya muksya | ya ta Radyan Damarsasi | ragane wus paripurna | aluse wus angrêsêpi | wujud kêlawan jisim | ya ta sira sang binagus | cêngêng duk kalênglêngan | rumasuk kalane kang sih | sumyar-sumyar kang cahya saya gumawang ||

19. kadya ta purnama wulan | sumyak manglela nêlahi | padhang sajroning kunjaran | kongas kang gănda mimbuhi | asor jêbat kêsturi | sarining Yyang Kumasantun | dewa mulya ing syarga | pinuja ingkang wêwangi | wus kêrasuk ing Radyan Damar Sêsăngka ||

20. ya ta Rêtna Anjasmara | sêdangonira aguling | sarêng nglilir kagyat mulat | padhang sajroning piranti | kasênênan cahyaning | rakamta Dyan Damarsantun | mêncangrong[123] Dyan Damarwulan |[124] sêdhênge purnamasidi | tanpa gănda arume ngèbêki papan ||

21. ngungkuli wangining sêkar | ngambar lan jêbat kêsturi | kênyatahan ruming syarga | sangking sih nugraha jati | sang dyah saya lulud[125] sih | ing rakamta sang binagus | sang dyah tan nyipta krama | ing sama-samaning jalmi | anggêpira angabdi juwata mulya ||

22. sêdene ni êmban inya | tênapi parêpat kalih | kagyat mulat jro kunjara | nyana yèn katiban sasi | saha gănda sumrah mrik | samya anjêngrê duk dulu | wêkasan suka ing tyas | rumaos badhe angsal sih | samya sokur ing Maha Yyang Sukmanăngsa ||

23. malih ingkang kawarnaa | maha sang narendra dèwi | kang tansah èsmu sungkawa | sare anèng măndragini | lami datanpa guling |

--- 147 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 49.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 49.2 dari 53

kagyat ing mangke sang ingrum | eca dènira nendra | pinêtêkan Rarasati | prabu rara amujung kampuhe jingga ||

24. andungkap bangun rahina | Rarasati tanpa guling | kagyat aningali cahya | lir wulan sangking wiyati | kongas gănda nrus minging | mangambar ngèbêki arum | cumlorot tibèng jaja- | nira sang narendra putri | Prabu Rara murub mubyar kang sarira ||

25. kantar-kantar kang ujyala | mawulat jroning jinêm mrik | sumuk ingkang dhatulaya | Rarasati anungkêmi | cêngêng ngênglêng ningali | kanikmatan ing sumrah rum | kadya datanpa jiwa | kasonar ring cahya adi | tandya wungu maha sang prabu wanodya ||

26. pêpungun carêming driya | kadriyan-driyan sumrah mrik | upama lêbu katiga | anrang kabêntèring rawi | tandya katiban riris | siram-siram sing tawang rum | rumêsêp kanikmatan | nikmating sih juwatadi | duk pawore Tanpauni lan alusnya ||

27. ketang sajroning supêna | lir samêloknya kaèksi | sukur ring Yyang Sukmanăngsa | karênan pinaworing sih | matur Dyah Rarasati | duk myarsa kang cahya murub | cumlorot sangking ngyiyat | tibèng jaja lir kabêsmi | manrus sumyak jinêm rum dadya pawaka ||

28. prabu rara angandika | sajatine ingsun ngimpi | rinasuk ing widadarya | aran Sang Dyah Tanpauni | sarining Dèwi Ratih | pinuja dening dewagung | kinèn nitis maring wang | sawuse pawor lan mami | rasa roro wus dadi karoning tunggal ||

29. yayi ing cipta manira | ingsun ya Ratih ing syargi | Tanpauni iya ingwang | Kêncanawungu ya mami | tur sinung gănda mami | kênyatahan ing syarga gung | kumaraning kayangan | Yyang Cakrakêmbang ing syargi | pustakane wus kagadhuh marang ingwang ||

30. iya ta măngsa bakala | nguni Yyang Kaneka Rêsi | ingutus Yyang Jagatnata | marna karsaning sukmadi | baya mèh mêmungkasi | lêlakoning Majalangu | cahyane wus tumiba | kêng bakal mêngku rat Jawi | duk ing ariloka wus têtanggoningwang ||

31. ping sapta sapta anjalma | yayi tan murungkên panggih | pêngajab pan ingsun [ing...]

--- 148 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 50.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 50.2 dari 53

[...sun] tawang | kang piningit ing dewadi | sêdene sira yayi | pinêsthi dening dewagung | barêng mukti lan ingwang | anduwèni Majapahit | nora bakal anglabuhi lakoningwang ||

32. sarèhning sira tumingal | praptèngsun sarta mbêkta sih | nugraha jati Wisiksa | pan ing têmbe sira yayi | barêng lara lan mukti | Larasati matur nuwun | ing tyas marwata suta | Rêtna Dèwi Rarasati | langkung dènnya kapencut ing madu brăngta ||

48. Dhandhanggula

1. kawarnaa enjing prabu dèwi | samya cingak sagunging tumingal | gumilang-gilang cahyane | ngambar gandanya arum | sakêdhaton ing Maospait | pênuh kèbêkan raras | sira sang lir santun | samya anyana ing manah | prabu rara katurunan nugra jati | sinung sih ing Sukmana ||

2. duk sêmana Ki Menak Giyanti | lawan Răngga Minangsraya prapta | sampun katur ing lampahe | radyan kalih kêcakup | miwah wadya ing Maospait | kathah longe kang pêjah | wong wetan samyalut | dene têtindhihing lampah | Angkatbuta Kotbuta digdayèng jurit | bala wêndran ayutan ||

3. malah sampun ngancik ing Kêdhiri | mambêng Kalangbrèt Trêsona Ngrawa | ing Ngyajak wus nungkul kabèh | sarêngat wus kêcakup | para menak lumayu tintrim | ngumpul mring Majalêngka | kawratan ing mungsuh | dhasar ngajrihi tilasnya | kawimbuhan rinêmpak kiwul tanpa sih | kosik kambah kabrêbah ||

4. sarêng katur mring sang prabu dèwi | sakêlangkung sang dyah dukanira | mring para dipati kabèh | nanging wusananipun | gya sêmendhe mring dewa luwih | sasolah bawaning rat | kawêngku dewagung | wimbuh sang prabu wanodya | mawangdeya amaya sucipta brangti | brăngta ing têtanggonya ||

5. nguni jakanira MayaManik | Panji Putra iya Sang Yyang Nrada | duk mêksihnya Rănggalawe | nguni sampun tinutur | dènnya krama bêbantên jurit | sarah wukir kêpala | asêgara marus | ing mangke wus kêlampahan | kawimbuhan Tanpauna Tanpauni | wus tumrun Majalêngka ||

6. punang cahya pan [pa...]

--- 149 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 51.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 51.2 dari 53

[...n] sampun umanjing | mring sang lagya winayang ing dewa | nanging kêsamaran mangke | Tanpauna trusipun | mila sang dyah sri narapati | mawas-mawas sing tawang | nawang-nawang tutur | titising Yyang Tanpauna | duk sêmana kusuma sang prabu dèwi | kapêtênganing driya ||

7. tandya minggah ing sanggar panêpi | anênêdha ing Yyang Sukmanăngsa | ing rèh wagugên ing tyase | Yyang Kaneka gya rawuh | panêmbrama sang prabu dèwi | hong Sang Yyang Siwahboja | sing netra kadulu | nir dahna pinara sêbda | drêma-drêma suruping nata priyogi | Yyang Carik Widinagra ||

8. linging Nrada hong sirantun asih | sahasah migêna namanana | ya kêkasihing Sukmanon | babo ingsun ingutus | dene Sang Yyang Jagat Pramèsthi | apa ta karanira | kita yogyèng ulun | sira amêmuja brăngta | amintaa kamuktèn sira wus mukti | mintoa warna endah ||

9. sira nini wus punjul sabumi | sakurêbing akasa tan ana | kang mèmprê mirib dhèwèke | apa ingkang dèn suwun | ing Yyang Sukmanăngsa Dewadi | matur sang prabu rara | inggih yyang satuhu | nagri Maospait risak | yèn tan wontên sih pitulung ing Sukmadi | dasih langkung sungkawa ||

10. hong Yyang Siwahboja lawan malih | sintên ingkang mapak Menakjingga | sêklangkung surèng palugon | andêl kawula sampun | atêlasan kuciwèng jurit | lan Sang Yyang Siwahboja | pun dasih minta wruh | ing Sang Yyang Padya Bêthara | sintên titah kang dadya têtanggon mami | angling Yyang Panji Nrada ||

11. babo babo kasihing Sukmadi | kasihing Yyang Jagatnata Samba | kasihing juwata kakbèh[126] | babo kêkasih ulun | aprêkara rusaking nagri | lagya kinarsan dewa | juwata kang luhur | iya saiki mangsanya | Yyang Sukmana anitahakên prajurit | kêkasihing juwata ||

12. iya iku kang bakal mêjahi | iya mring Si Bêthuh Menakjingga | Tanpauna panitise | sang dyah duk myarsèng wuwus | sira Sang Yyang Kaneka Rêsi | ing tyas [tya...]

--- 150 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 52.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 52.2 dari 53

[...s] marwata suta | sêksana umatur | inggih Yyang Padya Bêthara | Tanpauna sintên ingkang dèn titisi | tênapi wêwanginya ||

13. lan ing mangke Sang Yyang wontên pundi | titisira Sang Yyang Kumajaya | latah Yyang Nrada dêlinge | lah aja nini ratu | sira tanya ingkang wêwangi | dene ing prênahira | adoh yèn rinuruh | yaiku têtanggonira | sapa sing wong ingkang bisa amatèni | marang Si Menakjingga ||

14. iya iku Yyang Asmara yêkti | Tanpauna kinarsaning dewa | iku jodhonira anggèr | Ratih Asmara nurun | angêdhaton ing Majapait | Sang Yyang Nrêrada[127] mêsat | ya ta sang lir santun | wus marêm raosing driya | mêne gênti ingkang kawarnaa malih | Dyan Arya Menak Koncar ||

15. lan arinta sang atmajèng Tubin | samarga-marga dènnya lêlampah | asri tinon gêgamane | sagarwa sêlir daut | dhatêng nagri ing Maospait | datan kawarnèng marga | sêmana wus rawuh | têlatah nêgari Daha | kawuwusa Buta Kotbuta patih |[128] kang samya bêbarisan ||

16. sawetane nagri Majapahit | sakidulnya wus biluk sêdaya | wus pinacak budhatine | ana pinara têlu | kang sawênèh ingkang nêgari | ana pinara lima | myang pinara walu[129] | ana pinara sêdasa | kyana patih baris anèng ing Kadhiri | parentahnya Sri Bêsma ||

17. tan kalilan ngrêmpak Maaspait[130] | kinèn angênês-ênês kewala | prabu rara dêdimène | nungkul sangkaning alus | Angkatbuta Kotbuta patih | tansah sinewagara | rina wêngi nayub | kang gêndhing surak gumêntur |[131] para menak dhaèng răngga myang ngabèi | tansah asukan-sukan ||

18. ya ta kathah andêling ajurit | sabên aprang macak răngga menak | kang wus katonton karyane | sêngkud krah lawan mungsuh | Singadara pun Gajah Srênggi | lan Menak Trajudhêndha | Menak Dhêndhakètu | Macanlaut Karungkala | Antulaut Wedang Sêgara tuwin |[132] Menak Malang Sêmbawa ||

19. pun Ngrupêksa Drubêgsa tanapi | Sura Ditya lan Ditya Sêmbawa | pun Bubut Pêksi jajare |

--- 151 ---

Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 53.1 dari 53
Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48): Citra 53.2 dari 53

lan Menak Sandhung Gunung | Sampar Mega Mêndhung Jêladri | lan Menak Citrajatha | Menak Citrabasu | lawan Menak Gala-gala | Drêmamoha Lêmbu Giyêng Potha-pathi | Menak Dora Sêngara ||

20. Kêbo Gêdrug Kêbo Wora-wari | Kêbo Singat lan Singat Sêdasa | pun Kêndhangantru jajare | Menak Kêndhang Gumulung | Malang Krêndha myang Darubêksi | lan Mek Têpakmuka |[133] lan Pawaka Laut | Menak Palwa Menak Blungka | lawan Menak Cikumêt kêlangkung julig | lan Babah Anggadăngsa ||

21. sêdaya gagêbêngan bupati | nora tampik singa kang digdaya | dadi menak răngga dhaèng | ngrêracak samya têguh | têguh sura tur wani mati | cêkak para sumbungan | ing pakarya labuh | sêdaya wong Bêlambangan | samya kurang dinuga akaduk wani | wantrê-wantrê[134] brangasan ||

22. dan kêsaru wong picalang prapti | gurewalan[135] ngarsanirèng patya | atur uninga lampahe | Dyan Menak Koncar rawuh | têlatahnya nagri Kêdhiri | anrajang pabarisan | wadyalit kèh mawur | kang samya ngadhangi marga | kathah gubar ingkang sinêrot magusis | wênèh kêcandhak pêjah ||

23. maju pêjah mundur nandhang kanin | samya sinrang wadya ing Lumajang | Dyan Menak Koncar lampahe | arsa mring Majalangu | sarta bêkta atmajèng Tubin | sagarwa sêlirira | sêmarga masêlur | sira Buta Angkatbuta | duk miyarsa brêmantyanya tan sipi |[136] sigra suwarèng bala ||

24. sarta têngara mangrêmpak jurit | syara gumrah lir ombak samodra | sigra daut sawadyane | para menak tumênggung | răngga dhaèng miwah ngabèi | wadya sêkar sêtaman | sêmarga manggrêgut | kadya buta amêmăngsa | rêbut dhucung dhasare mangrobi tandhing | tan sêdya mundur ing prang ||

 


gêtêring (dan di tempat lain). (kembali)
Kurang satu suku kata: prapta ing trukan wana. (kembali)
têratag. (kembali)
mêrak. (kembali)
Lebih satu suku kata: kinanthi ing pra rabi. (kembali)
angenyut-enyuti. (kembali)
wedang. (kembali)
Menak. (kembali)
Kurang satu suku kata: ulun nuwun burat arum. (kembali)
10 arinira (dan di tempat lain). (kembali)
11 akalpika. (kembali)
12 Lebih satu suku kata: akalpika siji sisih. (kembali)
13 kinonyohan. (kembali)
14 tumungkul. (kembali)
15 gumêr (dan di tempat lain). (kembali)
16 pangunandikaning. (kembali)
17 Kurang satu suku kata: gya ngliring sang lir kusuma. (kembali)
18 panruse. (kembali)
19 sinêrasah. (kembali)
20 sinêpuhan. (kembali)
21 Kurang satu suku kata: luwês mêsêsira pan rolas pêdhati. (kembali)
22 takêr (dan di tempat lain). (kembali)
23 myang. (kembali)
24 barang. (kembali)
25 ingsun. (kembali)
26 Kurang satu suku kata: wong mênyunyang amurang ing krama. (kembali)
27 Kurang satu suku kata: ramanta pukulun. (kembali)
28 ngèsi-èsi. (kembali)
29 Lebih satu suku kata: lawan gêthing wong ulah sêmèdi. (kembali)
30 gêthing. (kembali)
31 Lebih satu suku kata: gêthing wong sinyan ratu. (kembali)
32 cumêri-cêri. (kembali)
33 Kurang satu suku kata: nimban inya agupuh. (kembali)
34 layung-layung. (kembali)
35 Căndradimuka (dan di tempat lain). (kembali)
36 Lebih satu suku kata: sêmêkan bangun tulak pinrêsmi. (kembali)
37 Lebih satu suku kata: kancing manyura rinêngga hèr gni. (kembali)
38 mêncorong (dan di tempat lain). (kembali)
39 cêngkir. (kembali)
40 Lebih satu suku kata: wimbuh karêngga ing busanadi. (kembali)
41 lumêr (dan di tempat lain). (kembali)
42 Kurang satu suku kata: yèn tan panggiha padha saiki. (kembali)
43 Kurang satu suku kata: sira êmban umatur wotsari. (kembali)
44 kaot. (kembali)
45 sitarêsmi. (kembali)
46 amêrêm. (kembali)
47 polah. (kembali)
48 lênyêping. (kembali)
49 Kurang satu suku kata: sun takonane si kakang. (kembali)
50 kurang satu suku kata: nglilira wong abênthing. (kembali)
51 mulyaa. (kembali)
52 dasihe. (kembali)
53 Lebih satu suku kata: kasmêkannya sang dèwi. (kembali)
54 kêplorot. (kembali)
55 awlasa. (kembali)
56 Kurang satu suku kata: nglindhung ing Yyang Juwatagung. (kembali)
57 kadangmu. (kembali)
58 ugêring (dan di tempat lain). (kembali)
59 Lebih satu suku kata: kang nelakkên sihing Widi. (kembali)
60 iki apa. (kembali)
61 kuning. (kembali)
62 kagimir. (kembali)
63 mingsêr. (kembali)
64 Lebih satu suku kata: duk ingajêngkên sang dyah. (kembali)
65 Biasanya guru lagu a: ngadêg wuluning griwa. (kembali)
66 Kurang satu suku kata: yusya dasih katur. (kembali)
67 Kurang satu suku kata: biyadaning kêpatihan. (kembali)
68 Biasanya guru lagu a: wol-êwolan. (kembali)
69 rêtnyawor. (kembali)
70 ningali. (kembali)
71 Kurang dua suku kata: grêgêtên ing manahira. (kembali)
72 gêbang. (kembali)
73 pagêr (dan di tempat lain). (kembali)
74 ingayap. (kembali)
75 Kurang satu suku kata: saos anèng lawang parêpat kêkalih. (kembali)
76 Lebih satu suku kata: andadèkkên badhiyan. (kembali)
77 Kurang satu suku kata: cêngêng lênglêng kalênglêngan. (kembali)
78 măngsaborong. (kembali)
79 Kurang satu suku kata: dirèng wulangun pêngrarasing dyah. (kembali)
80 Kurang satu suku kata: lir brêmara misudèng ing sih. (kembali)
81 Kurang satu suku kata: titising pasêmun. (kembali)
82 Sindura. (kembali)
83 imbal. (kembali)
84 mangwuh (dan di tempat lain). (kembali)
85 kêrsane. (kembali)
86 têrus (dan di têmpat lain). (kembali)
87 manangkis. (kembali)
88 Seta. (kembali)
89 kinèn. (kembali)
90 waja. (kembali)
91 jalêrit. (kembali)
92 pêdhang. (kembali)
93 apti. (kembali)
94 bêbuyutan. (kembali)
95 swawi. (kembali)
96 Lebih satu suku kata: ngrampungi liring karya. (kembali)
97 wêsiasat. (kembali)
98 siniasat. (kembali)
99 Damarsasi (dan di tempat lain). (kembali)
100 trêsnaningsun. (kembali)
101 Kurang satu suku kata: yèn sun tan trapêna nini. (kembali)
102 katêmpuhan. (kembali)
103 Lebih satu suku kata: ginrayang tyas tan raharja. (kembali)
104 ni. (kembali)
105 anunggal. (kembali)
106 apêngkêrêdan. (kembali)
107 Kurang satu suku kata: malih Yyang Kumandhagiri ajêjuluk. (kembali)
108 sakrêntêging. (kembali)
109 Kurang dua suku kata: Tanpauni kang wêwangi. (kembali)
110 Kurang satu suku kata: iya Tanpauni Tanpauna sang rum. (kembali)
111 kawimbuhan. (kembali)
112 embah. (kembali)
113 Kurang satu suku kata: akèh sutapaning jisim. (kembali)
114 punang. (kembali)
115 Kurang satu suku kata: kanugrahan punang alus. (kembali)
116 băngsa. (kembali)
117 dêrajatipun (dan di tempat lain). (kembali)
118 grana. (kembali)
119 Sukmana. (kembali)
120 prasasat. (kembali)
121 lah. (kembali)
122 Kurang satu suku kata: alusira jumênêng kêlawan wadhag. (kembali)
123 mêncorong. (kembali)
124 Lebih satu suku kata: mêncorong Damarwulan. (kembali)
125 lulut. (kembali)
126 kabèh. (kembali)
127 Nêrada. (kembali)
128 Kurang satu suku kata: kawuwusa Buta Kotbuta kya patih. (kembali)
129 wolu. (kembali)
130 Maospait. (kembali)
131 Biasanya guru lagu a: gumêntar. (kembali)
132 Kurang satu suku kata: Antulaut lan Wedang Sêgara tuwin. (kembali)
133 Kurang satu suku kata: lan Menak Têpakmuka. (kembali)
134 wantêr-wantêr (dan di tempat lain). (kembali)
135 gurawalan. (kembali)
136 Kurang satu suku kata: duk miyarsa brêmantyanira tan sipi. (kembali)