Abunawas (Jilid 2), Petruk, 1930, #1821

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Abunawas (Jilid 1), Petruk, 1930, #1821. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  2. Abunawas (Jilid 2), Petruk, 1930, #1821. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
Image

Serie No. 339 a.

Abunawas

Pêthikan saking cariyos-cariyos kina.

Ingkang nyariyosakên Petruk.

[Grafik]

Jilid II.

Bale Pustaka - 1930 - Wèltêprèdhên.

--- 2 : [2] ---

Wêwênangipun pangarang sinêngkêr, miturut bab 11 anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 2 : [3] ---

I. Tiyang Mlarat kalihan Balumbang ingkang Asrêp Toyanipun.

Ing nagari Bahdad wontên satunggiling sudagar sugih, gadhah blumbang ingkang toyanipun sakalangkung asrêp. Botên wontên tiyang satunggal-satunggala ingkang bêtah kungkum wontên ing salêbêting blumbang punika, jalaran saking asrêping toyanipun.

Nuju satunggiling dintên sudagar wau adamêl sayêmbara: sintên kemawon ingkang bêtah kungkum wontên ing blumbang ngriku laminipun sadalu, badhe kasukanan arta kathahipun 10 ringgit. Kala punika lajêng kathah sangêt tiyang ingkang sami anglêbêti sayêmbara wau, ananging botên wontên satunggal-satunggala ingkang kaconggah anglampahi.

Anuju satunggiling dintên wontên tiyang ngêmis dhatêng ing griyanipun sudagar kasêbut nginggil. Sarêng sudagar sumêrêp wontên tiyang ngêmis dhatêng, lajêng enggal-enggal wicantên makatên: Kisanak, dina niki kula botên bisa wèwèh napa-napa, nanging nèk sampeyan bêtah kungkum ing blumbang kula nika suwene sawêngi, sampeyan bakal kula wèhi dhuwit 10 ringgit. Wangsulanipun [Wangsula...]

--- 2 : 4 ---

[...nipun] tiyang mlarat: Kalilana kula nyobi ningali kadospundi asrêping toya, manawi kintên-kintên kula bêtah, mangke dalu badhe kula lampahi. Tiyang ngêmis wau lajêng dhatêng blumbang sarta ngêclupakên tanganipun. Sabibaripun punika, tiyang miskin lajêng amurugi malih dhatêng sudagar saha anyagahi dalunipun badhe anglêbêti sayêmbaranipun, ananging nêdha pamit mantuk rumiyin sumêdya sarêmbag kalihan ingkang èstri, pun sudagasudagar ugi anglilani. Sadumugining griya tiyang mlarat wau anyariyosakên sayêmbaranipun sudagar, sarta nêdha pamit badhe anglêbêti sayêmbara wau.

Kacariyos, dalunipun kintên-kintên jam 8, tiyang mlarat wau sampun anyêmplung wontên ing blumbang.

Kintên-kintên jam 12 dalu, saking asrêping toya, piyambakipun mèh botên bêtah anglajêngakên anggènipun kungkum wontên ing ngriku, sarta lajêng nênuwun dhatêng ingkang Maha Suci, mugi-mugi sagêda kiyat ngantos dumuginipun enjing. Dilalah krêsaning Allah, raosing asrêp sagêd suda. Kintên-kintên jam 2, anakipun dhatêng nuwèni, amargi kuwatos, bilih bapakipun sampun tilar, jalaran saking asrêping toya. Bingahipun lare wau tanpa upami, sarêng sumêrêp bilih bapakipun taksih wilujêng botên kirang satunggal punapa. Ingkang punika piyambakipun lajêng damêl bêdhiyan wontên ing sacêlakipun ngriku, [ngri...]

--- 2 : 5 ---

[...ku,] kalihan anênggani anggèning bapakipun kungkum wontên ing balumbang wau ngantos enjing.

Sarêng sampun wancinipun surya malêthèk, tiyang mlarat wau lajêng mêntas saking anggènipun kungkum saha lajêng murugi pun sudagar, prêlu nêdha epah ingkang sampun kajangjèkakên, ananging pun sudagar botên purun anêtêpi jangjinipun. Jalaran ing sacêlakipun ngriku wontên bêdhiyanipun ingkang sagêd ambêntèri tiyang ingkang kungkum wau. Sanadyan tiyang mlarat anyariyosakên, bilih bêdhiyaning anakipun wau botên anggadhahi daya punapa-punapa, ananging pun sudagar mêksa botên purun ambayar 10 ringgit ingkang sampun kajangjèkakên punika.

Kacariyos, sawangsulipun tiyang mlarat saking griyaning sudagar, samargi-margi tansah sêsambat angaru-ara, amargi rumaos kenging apus. Ing atasipun sadalu sampun kraos kasrêpên, wusananipun botên dipun bayar kados ingkang sampun kajangjèkakên, wêwah malih nalangsanipun, dene pun sudagar anantang-nantang, murih tiyang mlarat wau alapura dhatêng pangadilan, manawi sakintên botên narimah. Ingkang makatên punika, tiyang mlarat wau inggih sayêktos sowan dhatêng pangadilan, prêlu anglapurakên sadaya ingkang sampun kalampahan, ananging pangagênging pangadilan botên krêsa paring pangadilan, malah

--- 2 : 6 ---

tiyang mlarat wau dipun lêpatakên. Makatên ugi pangagêng-pangagêng sanèsipun, ingkang dipun sowani dening tiyang mlarat wau, sadaya sami nglêpatakên dhatêng piyambakipun. Kadospundi samangke rekadayanipun tiyang mlarat wau, sanadyan ta midêra sapraja pisan, têmtunipun sadaya-sadaya ugi botên badhe purun suka pangadilan. Dilalah karsaning Allah, kala samantên tiyang mlarat kapêthuk kalihan Abunawas. Sarêng pun Abunawas sumêrêp wontên tiyang katingal saklangkung prihatos, lajêng enggal murugi sarta pitakèn makatên: Lo, kisanak, dêlênge sampeyan kok susah bangêt, niku sababe mawon napa, bok sampeyan critakake têng kula, nèk-nèke kula bisa mitulungi têng sampeyan.

Mirêng pitakènipun Abunawas, tiyang mlarat wau saklangkung bingahing manahipun, sarta lajêng nyariyosakên sadaya lêlampahanipun, saking wiwitan dumugining pungkasan. Makatên ugi anggèning sowan dhatêng pangadilan saha pangagêng-pangagênging nagari, ingkang sami botên aparing pangadilan malah anglêpatakên, punika ugi botên kasupèn. Mirêng cariyosipun tiyang mlarat ingkang makatên wau, pun Abunawas botên kakilapan saha lajêng ajangji sumêdya badhe amitulungi. Ing dintên Sênèn tiyang mlarat wau kapurih dhatêng ing griyanipun Abunawas, lan namung kapurih angawasakên [anga...]

--- 2 : 7 ---

[...wasakên] sadaya solah tingkahipun ing wêkdal dintên kasêbut nginggil. Tiyang mlarat anyagahi kanthi bingahing manah.

Kocapa pun Abunawas, sapêngkêripun tiyang mlarat, lajêng enggal sowan dhatêng sang prabu, dumugi ing ngriku sang prabu kalêrês sawêg lênggah siniwaka, Abunawas enggal katimbalan saha lajêng kadangu mênggah ing sêdyanipun. Abunawas matur saha nyêmbah: Dhuh gusti pêpundhèn kawula, mugi kalilana matur ing ngarsa dalêm, sampun pisan andadosakên dêduka dalêm. Sajatosipun, sowan kawula ing ngarsa dalêm punika, botên liya kawula namung badhe angaturi ing panjênêngan dalêm, karsaa têdhak ing griya kawula ing dintên Sênèn ngajêng punika, prêlu anjênêngi punapa ingkang dados kajat kawula.

Sang prabu andhangani mênggah ing panuwunanipun Abunawas wau.

Sasampunipun punika, Abunawas lajêng sowan dhatêng dalêmipun para pangagêng nagari saha pangagênging pangadilan, angaturi supados sadaya wau ing dintên Sênèn kasêbut nginggil, karsaa rawuh ing griyanipun prêlu anjênêngi kajatipun. Ingkang sinowanan sadaya sami anyagahi.

Kacariyos ing dintên Sênèn ingkang sampun katamtokakên ing Abunawas, enjing-enjing jam 7 Sang Prabu Harun Al Rasid sampun jêngkar saking karaton badhe têdhak dhatêng griyanipun [griya...]

--- 2 : 8 ---

[...nipun] Abunawas. Kala samantên para pangagêng nagari, pangagênging pangadilan saha para sudagar sampun sami lênggah satata wontên ing griyanipun Abunawas. Sarêng sang prabu rawuh, sadaya ingkang wontên ing ngriku sami gita amêthukakên, makatên ugi pun Abunawas. Sasampunipun sang prabu kaaturan lênggah, Abunawas lajêng nyuwun pamit mêdal sakêdhap, ambêkta kriyuk agêng, ingkang nuntên kagantungakên wontên ing panging wit agêng, wontên ing sangandhaping wit wau Abunawas lajêng adamêl latu.

Kocapa sampun sawatawis dangu sang prabu lênggah wontên ing griyanipun Abunawas, ewadene dèrèng wontên sêgahan punapa-punapa ingkang kawêdalakên. Ingkang punika sang prabu lajêng animbali pun Abunawas sarta kadhawuhan makatên: He, Abunawas, kapriye anggonmu olah-olah, apa durung matêng.

Aturipun pun Abunawas: Dhuh, gusti, mugi karsaa angêntosi sakêdhap.

Mirêng aturipun Abunawas makatên wau, sang prabu lajêng kèndêl saha angêntosi kanthi panggalih sabar, ananging ngantos wanci bêdhug sêgahanipun tansah botên kawêdal-wêdalakên, ing môngka kala samantên sang prabu sampun karaos luwe, amila Abunawas lajêng enggal kadhawuhan nimbali saha andangu

--- 2 : [9] ---

[Grafik]

Abunawas sawêg angububi latu wontên ing sangandhaping wit-witan, dene kriyuk agêng gumantung wontên ing êpang nginggil.

--- 2 : 10 ---

bab wêdaling sêgahan ingkang badhe kaunjukakên dhatêng sang prabu. Dene pun Abunawas tansah umatur, supados sang prabu karsaa angêntosi sawatawis. Sarêng pun Abunawas mêdal dhatêng jawi malih, sang prabu botên saronta ugi lajêng tindak dhatêng jawi. Sang prabu saklangkung ngungun panggalihipun sarêng anguningani, bilih Abunawas sawêg angububi latu wontên ing sangandhaping wit-witan, dene kriyuk agêng gumantung wontên ing êpang nginggil. Sang prabu lajêng andangu: He, Abunawas, lagi apa sira, dêlêngane têka repot mangkono. Abunawas umatur bilih sawêg ocal-ocal. Sang prabu saya langkung ngungun panggalihipun saha lajêng amanggalih, bilih Abunawas samangke kenging sêsakit èngêtan. Amargi sanajan urubing latu wau sawindu laminipun, sampun tamtu barang ingkang kaolah wau botên sagêd matêng, jalaran saking têbihing latu kalihan barang ingkang badhe kaolah. Sang prabu lajêng andangu dhatêng pun Abunawas, dene gadhah pokal ingkang kados makatên punika. Abunawas lajêng angaturakên sadaya lêlampahanipun tiyang miskin kalihan sudagar sugih ingkang anggadhahi blumbang ingkang asrêp toyanipun. Sarta ugi kaaturakên prajangjiyanipun sudagar badhe nyukani arta 10 ringgit dhatêng tiyang ingkang bêtah kungkum sadalu wontên ing blumbangipun, ananging [a...]

--- 2 : 11 ---

[...nanging] prajangjiyanipun sudagar wau sande, amargi anakipun tiyang mlarat wau adamêl bêdhiyan wontên ing sacêlaking blumbang. Salajêngipun, Abunawas umatur makatên: Dhuh, gusti, mênggah rumaos kawula, dayanipun bêdhiyaning lare tumrap tiyang ingkang kungkum wontên ing blumbang punika, kados botên beda kalihan latu tumrap kriyuk ingkang kagantung ing panging wit punika, dados sampun dados wajibipun sudagar ambayar punapa ingkang sampun kajangjèkakên. Mirêng aturipun Abunawas, sang prabu saklangkung dukanipun, sudagar wau lajêng kadhawuhan matrapi paukuman saha anêtêpi punapa ingkang sampun kajangjèkakên, inggih punika ambayar 10 ringgit dhatêng tiyang mlarat wau.

__________

II. Lêmbunipun Sang Prabu Kawulang Ngaos Kuran Dening Abunawas.

Kacariyos, anuju satunggiling dintên Sang Prabu Harun Al Rasid utusan animbali pun Abunawas. Sarêng ingkang tinimbalan sampun sowan ing ngarsanipun sang prabu, lajêng kadhawuhan makatên: He, Abunawas, andadèkna kawruhanira, mulane sira sun timbali ana ing ngarsaningsun, [ngar...]

--- 2 : 12 ---

[...saningsun,] sira sun dhawuhi mulang ngaji Kuran marang sapiningsun, dene yèn sapiningsun mau sajêroning sawatara dina ora bisa ngaji Kuran, sira bakal ingsun patrapi ukuman pati.

Abunawas anyagahi punapa dhawuhipun sang prabu, saha lajêng nyuwun pamit mantuk kanthi anuntun lêmbu. Sadumugining griya, lêmbu wau lajêng kacancang wontên ing sawingkinging griya sarana katangsulan saklangkung kêkah, wasana lajêng wiwit dipun pênthungi ngantos satêngah pêjah, sarta kakanthenan pawicantênan makatên: punapa, punapa, punapa. Ing salajêngipun padamêlanipun Abunawas sabên dintên botên liya namung amênthungi lêmbu wau saha kanthi anyuwara kados ingkang sampun kasêbut ing nginggil punika. Sarêng sampun jangkêp 14 dintên, sang prabu utusan salah satunggiling abdi dalêm kadhawuhan anitipriksa kawontênanipun Abunawas, dene lajêng botên nate sowan ing ngarsa nata. Sarêng dumugi ing griyanipun Abunawas, utusan wau nyipati piyambak mênggah cara-caranipun Abunawas amulang ngaos Kuran dhatêng lêmbunipun sang prabu. Ingkang makatên punika andadosakên ngungunipun utusan wau, sarta lajêng tuwuh wêlasipun dhatêng lêmbunipun sang prabu, ingkang tansah dipun pisakit dening Abunawas ngantos satêngah pêjah. Utusan lajêng wangsul.

--- 2 : [13] ---

[Grafik]

Lêmbu wau lajêng kacancang wontên sawingkinging griya, sarana katangsulan saklangkung kêkah.

--- 2 : 14 ---

Sadumugining ngarsanipun sang prabu, utusan lajêng ngunjukakên sadaya lêlampahanipun Abunawas. Mirêng aturipun utusan wau, sang prabu saklangkung ngungun ing panggalih, satêmah Abunawas kadhawuhan animbali.

Sarêng Abunawas sampun sowan ing ngarsa nata, lajêng enggal kadangu punapa lêmbunipun samangke sampun sagêd ngaos Kuran. Aturipun Abunawas: Sakêdhik-sakêdhik inggih sampun sagêd.

Sang prabu andangu malih: He, Abunawas, mara caritakna marang ingsun mungguh karêpira, dene miturut unjuke utusan ingsun, sapiningsun iku mung sira wulangi anyuwara: punapa, punapa, nganti rambah kaping têlu.

Abunawas nyêmbah sarwi munjuk: Dhuh gusti pêpundhèn kawula, mênggah pikajênganipun têtêmbungan kawula: punapa, ngantos rambah kaping tiga punika, sayêktosipun abdi dalêm kawula punika, salajêngipun botên badhe sagêd sênêng utawi têntrêm gêsang wontên ing alam donya punika, manawi salah satunggalipun botên dhawah ing tiwas. Mênggah pikajêngipun makatên: punapa lêmbu punika ingkang pêjah, punapa abdi dalêm kawula ingkang kêdah kacabut nyawanipun, punapa malih: punapa panjênêngan dalêm ingkang kêdah seda. Manawi salah satunggal botên wontên ingkang amanggih tiwas, têmtunipun gêsang kawula tansah badhe

--- 2 : 15 ---

nalôngsa salami-laminipun, amargi sanajan ngantos dumugi ing dintên kiyamat, lêmbu punika botên badhe sagêd ngaos Kuran.

Sarêng sang prabu mirêng unjukipun Abunawas ingkang makatên wau, botên sagêd angandika punapa-punapa, wusana Abunawas lajêng kalilan mundur.

__________

III. Abunawas Kalihan Tiyang Yahudi.

Anuju satunggiling dintên, Abunawas mlampah-mlampah wontên ing pêkên, wontên ing ngriku sumêrêp satunggiling tiyang saklangkung mlarat, Abunawas enggal murugi ing tiyang mlarat wau saha lajêng wicantên makatên: Kisanak, sampeyan niku nyambut gawe napa, têka mêmêlas têmên. Ingkang tinakenan amangsuli: Kula punika botên nyambut damêl punapa-punapa, kadospundi sagêd kula nyambut damêl, tiyang kula botên gadhah arta sasèn-sèna, ing môngka tiyang nyambut damêl punika kêdah kanthi pawitan arta. Abunawas wicantên malih: Kisanak, kula saguh suka pawitan têng sampeyan, anggêre sampeyan gêlêm jangji, salawas-lawase ngaku sêdulur têng kula.

Mirêng wicantênipun Abunawas wau, tiyang miskin saklangkung bingahipun [bi...]

--- 2 : 16 ---

[...ngahipun] saha lajêng anyagahi punapa ingkang dados prajangjiyanipun. Sadumuginipun ing griya, Abunawas wicantên kalihan semahipun makatên: Biyangne, dina kiyi maraka pramèswari dalêm kang kêkasih Dèwi Siti Subaidah, matura yèn mau bêngi aku mati kêdadak, kang iku kowe banjur nyuwuna dhuwit slawat kanggo wragade panguburku. Ingkang èstri anyagahi saha lajêng pangkat sumêdya marak dhatêng kraton. Sadumugining ngarsanipun pramèswari nata, semahipun Abunawas wau lajêng nyêmbah saha munjuk sarwi nangis: Dhuh gusti, mugi sampun pisan dados panggalih dalêm, dene abdi dalêm kawula kumawani marak ing ngarsa dalêm dumrojog tanpa larapan. Mênggah sayêktosipun, sowan kawula punika, botên sanès jalaran saking ruwêding manah kawula, dene kala wau dalu abdi dalêm pun Abunawas tilar donya dadakan, ing môngka panjênêngan dalêm anguningani piyambak mênggah ing kamlaratanipun abdi dalêm kawula. Sintên samangke ingkang badhe mragadi panguburipun saha sintên ingkang badhe anyidhêkahi, amargi abdi dalêm kawula botên simpên arta babar pisan.

Sarêng pramèswari nata midhangêt unjuking semahipun Abunawas ingkang makatên wau, saklangkung karônta-rônta ing panggalih, dhawuhipun kanthi angarih-arih: Wis ta mênênga, aja sira

--- 2 : 17 ---

banjur-banjurake anggonira nangis, wis takdire lakinira dipundhut marang pangayunaning Pangeran, aja pisan-pisan sira tangisi, mundhak mêtêng-mêtêngi kang lagi lêlaku. Mungguh wragad-wragading pangubure utawa manèh slawate, aja sira kuwatirake, ingsun kang bakal amaringi.

Sasampunipun ngandika makatên, sang dèwi nuntên lumêbêt ing kamar mundhut arta kathahipun 200 dirham, ingkang nuntên kaparingakên dhatêng semahipun pun Abunawas, sarwi angandika makatên: Iki dhuwit 200 dirham tampanana, anggonên wragading pangubure lakinira.

Semahipun Abunawas saklangkung bingah manahipun kaparingan arta samantên kathahipun wau, sasampuning arta katampi lajêng kalilan mundur.

Kacariyos, sarêng semahipun Abunawas sampun pangkat badhe marak pramèswarining nata, Abunawas inggih lajêng mêdal saking griyanipun sumêdya ngadhêp ing Sang Prabu Harun Al Rasid. Sadumuginipun ing ngarsa nata, Abunawas nyêmbah saha matur: Dhuh gusti pêpundhèn kawula, mugi sampun pisan andadosakên panariking kalêpatan kawula, dene abdi dalêm kawula, kumawani sowan ing ngarsa dalêm, punika botên sanès, jalaran saking putêking manah kawula, amargi abdi dalêm kônca èstri wau dalu tilar donya kanthi [ka...]

--- 2 : 18 ---

[...nthi] dadakan, ing môngka abdi dalêm kawula botên gadhah simpênan arta babar pisan, ingkang minôngka wragading panguburipun.

Mirêng aturipun Abunawas wau, sang prabu sanalika punika inggih lajêng anguningani mênggah ing sêdyanipun Abunawas, amila sang prabu lajêng enggal paring arta kathahipun 200 dirham, saha Abunawas lajêng kalilan mundur. Sasampunipun sang nata lajêng kondur angadhaton, paring priksa dhatêng ingkang rayi sang pramèswari. Pangandikanipun sang nata dhatêng ingkang rayi: Bok ratu, durung suwe kiyi, Abunawas ngadhêp ing ngarsaningsun, ngunjuki priksa, yèn sing wadon mau bêngi mati kêdadak, saking wêlas ingsun, sanalika iku Abunawas banjur ingsun paringi dhuwit 200 dirham, supaya digawe wragad pangubure sing wadon wau.

Mirêng dhawuhipun sang nata kados ing nginggil wau, sang pramèswari saklangkung ngungun panggalihipun saha lajêng matur makatên: Sinuhun, pangandika dalêm punika punapa botên kalintu, kados ingkang pêjah dede semahipun, nanging Abunawas piyambak. Dèrèng dangu punika semahipun mêntas kula paringi arta 200 dirham, kangge wragad panguburipun Abunawas, ingkang pêjah wau dalu.

Sang nata ngandika malih: Ora, bok ratu, dudu Abunawas, [Abuna...]

--- 2 : 19 ---

[...was,] sing mati, ananging bojone. Abunawas mêntas bae ngadhêp ing ngarsaningsun.

Kala punika sang prabu lan sang pramèswari lajêng sami prêdondi arêbat lêrês. Ing wusana sang nata lajêng angandika makatên: Bok ratu, kaya-kaya bab kiyi, upama tansah dipadua, ora bakal ana karampungane, mulane luwih bêcik utusan bae mênyang omahe Si Abunawas, supaya bisa wêruh kalayan yakin, sapa sabênêre kang mati kêdadak mau bêngi, apa Abunawas, apa sing wadon.

Sang nata lajêng dhawuh dhatêng satunggiling abdi dalêm, supados nuwèni saha anyatakakên dhatêng ing griyanipun Abunawas, sintên sajatosipun ingkang pêjah, punapa ingkang èstri, punapa pun Abunawas piyambak.

Ingkang kautus ugi lajêng pangkat, sarta botên dangu malih inggih lajêng ngadhêp wontên ing ngarsanipun sang nata, saha lajêng munjuk, bilih Abunawas sasemahipun taksih gêsang sadaya.

Sarêng mirêng aturipun abdi dalêm utusan, bilih Abunawas saha semahipun sadaya taksih gêsang, Sang Prabu Harun Al Rasid sarta sang pramèswari saklangkung ngungun ing panggalihipun. Mila sanalika punika Abunawas lajêng kadhawuhan nimbali. Sarêng Abunawas sampun sowan wontên ing ngarsanipun [ngarsani...]

--- 2 : 20 ---

[...pun] sang prabu, dhawuh pangandikanipun sang nata: He, Abunawas, apa darunanira, dene sira kumawani angapusi marang panjêngan ingsun lan pramèswariningsun. Mara aturna kabèh marang ingsun, mungguh kang dadi karêpira.

Abunawas anyêmbah sarwi matur: Dhuh gusti pêpundhèn kawula, mugi-mugi karsaa paring pangapuntên dhatêng abdi dalêm kawula, dene abdi dalêm kawula kumawani anggadhahi tingkah ingkang botên prayogi wontên ing ngarsa dalêm ingkang sinuhun tuwin pramèswari dalêm. Mênggah sabab-sababipun botên sanès jaralan saking putêking manah kawula, amargi rintên kalayan dalu tansah dipun tangisi dening sadhèrèk kawula, ingkang saklangkung anggèning kêpengin anglampahakên dagang, ananging botên gadhah arta pawitan. Manawi abdi dalêm kawula matur ing ngarsa dalêm punapa lêrêsipun, sampun tamtu panjênêngan dalêm botên badhe paring arta pawitan dhatêng abdi dalêm sadhèrèk kawula wau. Amila abdi dalêm kawula lajêng kumawani adamêl unjuk doracara ing ngarsa dalêm tuwin pramèswari dalêm, inggih punika amargi saking saklangkung wêlas kawula dhatêng sadhèrèk kawula wau. Pramila panyuwun kawula ing ngarsa dalêm, mugi-mugi panjênêngan dalêm karsaa aparing pangapuntên dhatêng abdi dalêm kawula saha abdi dalêm semah kawula.

Sang prabu angandika: Ya, Abunawas, sapisan kiyi sun paringi [pa...]

--- 2 : 21 ---

[...ringi] pangapura, ananging wêling ingsun, aja pisan-pisan tingkahira kang mangkono mau sira pindhoni.

Sasampunipun sang prabu angandika makatên, Abunawas lajêng kalilan mundur. Enjingipun arta katampèkakên sadhèrèkipun ingkang mlarat wau, sarwi wicantên makatên: Kisanak, niki yatrane sing êmpun kula jangjèkake têng sampeyan, sampeyan tampèni kangge pawitan dagang, poma sing ngati-ati, kula pujèkake supaya yatrane niku bisaa saya tambah-tambah. Mungguh saking pamanggih kula, luwih bêcik sampeyan among dagang têng nagari sanès mawon, jalaran ing ngriki kados-kados botên ontên pangajêng-ajênge sagêd angsal kauntungan kathah.

Tiyang mlarat kasbut ing nginggil saklangkung bingah manahipun mirêng wicantênipun Abunawas ingkang makatên wau. Sasampunipun arta katampenan, lan salaman sarta anglairakên gênging panarimahipun, lajêng nêdha pamit dhatêng Abunawas sumêdya bidhal saking nagari Bahdad ngriku. Mênggah piwulangipun Abunawas, supados lampah dagang dhatêng ing nagari sanès inggih badhe dipun lampahi.

Kacariyos, sarêng sampun watawis nêm utawi pitung wulan, wontên pawartos, bilih tiyang mlarat ingkang angsal pawitan arta saking Abunawas punika, anggèning dêdagangan [dêdaganga...]

--- 2 : 22 ---

[...n] botên sagêd sêmpulur, malah dados bobrok, barang-barang ingkang sami dipun sambutakên, sami botên wangsul, jalaran dipun kêmplang dening têtiyang ingkang sami nyambut, dene barang-barang ingkang wontên ing griya, sami dipun colong ing tiyang. Wusananipun tiyang wau lajêng lumêbêt dados kulinipun tiyang Yahudi kalihan angsal blônja. Sadèrèngipun, tiyang Yahudi pitakèn makatên: Kisanak, sampeyan niku tiyang saking pundi.

Wangsulanipun tiyang miskin: Kula punika tiyang saking nagari sanès, mênggah ingkang suwau kula punika angumbara mriki, adêdagangan, ananging anggèn kula dagang wau bobrok, barang-barang ingkang kula sambutakên, botên sami wangsul, ingkang kula simpên wontên ing griya sami dipun colong ing tiyang, satêmah kula lajêng dhawah kêmlaratan, ingkang punika kula lajêng kêpêksa nyuwun padamêlan dhatêng sampeyan.

Tiyang Yahudi wicantên malih: Ênggih prayogi, sampeyan nyambut damêl kalih kula lan kula sukani blônja 6 rupiyah sasanine. Tiyang mlarat wau ugi anyagahi. Tiyang Yahudi anyambêti malih: Ananging kula jangji têng sampeyan, nèk sampeyan mêtu saka ngomah kula niki tanpa nêdha idin têng kula, sampeyan mêsthi ambayar kêrugiaan têng kula, gih niku sarana daging sampeyan sakati. Dene yèn kula botên nganggokake [ngang...]

--- 2 : 23 ---

[...gokake] têng sampeyan malih, kula gih awèh kêrugiaan têng sampeyan sarana daging kula dhewe sêkati.

Tiyang mlarat wau ugi anyagahi sadaya punapa ingkang sampun kajangjèkakên ing tiyang Yahudi, sarta dintên punika ugi lajêng wiwit anyambut damêl. Siyang lan dalu tiyang Yahudi suka padamêlan ingkang awrat-awrat dhatêng tiyang mlarat wau, mênggah pikajêngipun, supados tiyang mlarat punika botên kraos saha lajêng nêdha mêdal. Saya dangu padamêlanipun saya wêwah kathah, satêmah inggih lajêng botên kiyat anindakakên padamêlanipun wau sadaya, pangunandikanipun: Tinimbang aku nindakake pagaweyan kang kaya mangkene kiye, luwih bêcik aku anjaluk mêtu bae. Nalika punika lajêng pamit dhatêng tiyang Yahudi nêdha mêdal. Wangsulanipun tiyang Yahudi: Ajêng mêtu ênggih kêna, mung mawon sampeyan kudu eling têng jangji sampeyan. Tiyang mlarat awicantên: Kula inggih èngêt, ananging kadospundi malih, tiyang kula rumaos botên kiyat anglampahi.

Kala punika daginging tiyang mlarat wau lajêng kairis dening tiyang Yahudi kathahipun sakatos. Ing wusana tiyang mlarat wau kanthi nandhang sakit, lajêng mêdal saking griyanipun tiyang Yahudi. Kintên-kintên sawulan laminipun tiyang wau nandhang sakit. Sasampunipun mantun lajêng pangkat ngupados padamêlan, dilalah

--- 2 : 24 ---

karsaning Allah, wontên ing margi pinanggih kalihan Abunawas. Abunawas saklangkung kagèt sumêrêp warninipun tiyang mlarat wau, guwayanipun pucêt saha badanipun kêra sangêt. Enggal-enggal Abunawas amurugi saha pitakèn makatên: He, kisanak, napa sami wilujêng, lan kados pundi anggèn sampeyan among dagang. Ananging kula sawang-sawang rai sampeyan têka beda têmên kalih riyin-riyin, napa sampeyan sakit.

Sarêng tiyang miskin mirêng pitakènipun Abunawas, kalihan carocosan luhipun anyariyosakên sadaya lêlampahanipun saking wiwitan dumugining pungkasan. Abunawas saklangkung ngungun manahipun, dene wontên lêlampahan ingkang kados makatên, pangunandikanipun: Jajal aku tak lumêbu dadi kuline wong Yahudi, aku ora pati-pati mulih yèn durung malês ukum marang wong Yahudi mau. Sasampunipun angunandika makatên, lajêng wicatên dhatêng tiyang miskin: Kisanak, êmpun andum slamêt mawon, kula saniki ajêng kesah têng griyane Yahudi prêlu malês ukum, mung mawon sampeyan êmpun kesah-kesah, omah kula sampeyan têngga.

Kacariyos, botên antawis dangu lampahipun Abunawas sampun dumugi ing griyanipun tiyang Yahudi saha lajêng

--- 2 : 25 ---

nêmbung kêpengin lumêbêt dados kuli, sanalika punika inggih lajêng katampèn sarta kajangji kados prajangjiyanipun kalihan tiyang miskin. Ing sakawit siyang lan dalu anggèning nyambut damêl pun Abunawas kanthi tumêmên, saha angsal-angsalaning padamêlanipun inggih murwat sangêt. Ananging sarêng sampun lêt tigang dintên, padamêlanipun wiwit ngêmprah, kados ta: kapurih ambakar roti, sarêng sampun matêng, botên kok lajêng kasukakakên dhatêng bêndaranipun, ananging malah lajêng katêdha piyambak ngantos têlas. Sarêng tiyang Yahudi sumêrêp tingkahipun Abunawas ingkang makatên wau, saklangkung muringipun sarta lajêng wicantên: He, kuli, genea anggonmu nyambut gawe têka sakarêp-karêpmu dhewe bae.

Wangsulanipun Abunawas: Prêduli napa sampeyan têng pagaweyan kula, nèk sampeyan botên nganggokake têng kula, kula mang usir mawon, ananging sampeyan kudu eling têng jangji sampeyan dhewe, gih niku: awèh têng kula daging sampeyan sakati.

Mirêng wangsulanipun Abunawas kados ing nginggil wau, tiyang Yahudi botên sagêd wicantên malih, ngêmungakên dhêlêg-dhêlêg kemawon. Ing batos ngunandika makatên: Luwih bêcik wong kiyi tak patènane bae. Wusana tiyang Yahudi lajêng wicantên: He, kuli, kowe aja pisan-pisan wani [wa...]

--- 2 : 26 ---

[...ni] mangan sêga ing kwali kiyi, yèn kowe nganti wani nêrak laranganku kiyi, wis mêsthi bakal tak patèni. Abunawas inggih anyagahi punapa prentahipun tiyang Yahudi wau. Sarêng Abunawas anggènipun ngliwêt sampun matêng, kwalinipun dipun korèk-korèk ngantos bolong, saha sêkulipun lajêng dipun pêndhêti mêdal saking bolonganing kwali. Sarêng tiyang Yahudi sumêrêp pokaling kulinipun ingkang makatên wau, saklangkung gumun manahipun, ing batos anggagas makatên: Salawase aku amblônja uwong, durung tau aku nêmoni wong kang kaya mêngkene kiyi. Ananging kapriye manèh rekadayaku. Upamane wong kiyi tak usira wis mêsthi aku bakal kelangan dagingku sakati. Luwih bêcik wong kiyi tak patènane, manawa kêbênêr turu.

Sasampunipun anggagas makatên, sadaya sêdyanipun lajêng kacariyosakên dhatêng ingkang èstri. Dilalah karsaning Allah, rêmbagipun tiyang Yahudi kalihan ingkang èstri wau kapirêng dening pun Abunawas. Sarêng sampun dalu, Abunawas ethok-ethok mapan tilêm. Makatên ugi pun Yahudi saha semahipun inggih lajêng mapan tilêm, sêdyanipun badhe angêntosi manawi pun Abunawas sampun kêpatos anggènipun tilêm, nuntên badhe kaprêjaya. Dumadakan tiyang Yahudi sasemahipun wau lajêng sami tilêm kêpatos piyambak.

--- 2 : 27 ---

Sarêng Abunawas sumêrêp bilih kalih-kalihipun anggèning tilêm sami kêpatos, enggal lumêbêt ing kamaripun Yahudi, semahipun Yahudi lajêng kapindhah dhatêng papan patilêmanipun Abunawas, sasampunipun, tiyang Yahudi nuntên dipun gugah. Tiyang Yahudi botên nyana, bilih ingkang anggugah punika tiyang sanès, kinintên manawi semahipun piyambak, amila lajêng gregah tangi saking patilêmanipun saha lajêng têrus lumêbêt ing kamaripun Abunawas. Sarêng wontên ing ngriku sumêrêp tiyang angglugur tilêm, kakintên yèn punika kulinipun, satêmah lajêng pinêjahan. Sasampunipun lajêng wangsul dhatêng papan patilêmanipun piyambak malih, ing batos saklangkung ayêm, dene kulinipun ingkang ngrèngkèl wau sampun pinêjahan, sarta botên pisan-pisan nyana, bilih ingkang dipun prêjaya punika semahipun piyambak.

Enjingipun, Abunawas amêngangge cara tiyang Yahudi, kesah angadhêp sang nata, sarêng dumugi ing ngarsaning nata, sang prabu kalêrês sawêg lênggah siniwaka, kaadhêp ing para mantri bupati saha wadyabala sadaya. Sarêng sang nata uninga dhatêng Abunawas, Abunawas enggal katimbalan majêng saha kadhawuhan matur mênggah sêdyanipun, dene daya-daya angadhêp sang nata.

Abunawas umatur sarwi anyêmbah: Dhuh gusti pêpundhèn kawula, mugi sampun pisan andadosakên duka dalêm, dene

--- 2 : 28 ---

abdi dalêm kawula kumawani angadhêp ing ngarsa dalêm dumrojog tanpa larapan. Mênggah sêdya kawula punika botên sanès namung badhe ngunjuki uninga mênggah tingkahipun abdi dalêm bapak kawula rikala wau dalu. Dene sampun purun amêjahi abdi dalêm biyung kawula, ingkang botên anggadhahi dosa punapa-punapa.

Sarêng sang prabu mirêng aturipun Abunawas kados ingkang kasbut ing nginggil wau, sanalika lajêng andhawuhakên badhe têdhak ing griyanipun tiyang Yahudi. Kala tiyang Yahudi mirêng, bilih sang prabu badhe têdhak dhatêng griyanipun, sanalika punika lajêng miruda saking ngriku sumêdya kesah sapurug-purug.

Kacariyos, sarêng sang prabu têdhak ing griyanipun tiyang Yahudi, ing ngriku uninga, bilih tiyang Yahudi wau sampun miruda, wusana lajêng amirsani dhatêng para pandhèrèkipun sadaya, dhawuh pangandikanipun: He, abdiningsun kabèh, andadèkna kawruhanira, ing sarèhning saiki têtela yèn sing duwe omah kiyi wis miruda saka kene, luwih bêcik barang darbèke dilelang kabèh. Mirêng pangandikanipun sang prabu ingkang makatên wau, Abunawas lajêng umatur sarwi nyêmbah: Dhuh, gusti pêpundhèn kawula, sadaya dhawuh dalêm kawula andhèrèk.

Sasampunipun makatên, sang prabu lajêng dhawuh anjagi griya punika, sarta andhawuhi salah satunggiling abdi dalêm mantri angungêlakên [angu...]

--- 2 : 29 ---

[...ngêlakên] bêndhe, minôngka têngaranipun badhe ngawontênakên lelang, ing wusana sang prabu lajêng kondur ngadhaton.

Enjingipun kathah têtiyang ingkang sami dhatêng ing griyanipun tiyang Yahudi. Makatên ugi sang prabu inggih têdhak anjênêngi lelangipun, wasana lajêng ngandika makatên: He, para kawulaningsun kabèh, sapa sing sumêdya nglelang omah kiyi lan saisine. Abunawas kala punika lajêng anyakêti sang prabu saha matur: Dhuh gusti, mugi abdi dalêm kawula kalilana matur, paku ingkang kawula tancêbakên ing tembok punika, sampun dipun katutakên kalelang. Sang prabu ugi anyagahi.

Kacariyos, pungkasaning lelangan ingkang numbas griya saisinipun, inggih punika satunggiling sudagar Yahudi, rêgi 3000 ringgit. Lêt watawis dintên tiyang Yahudi ingkang numbas griya wau, sumêdya adamêl karamean agêng-agêngan sarana anyêdhahi kônca-kancanipun sadaya. Sarêng Abunawas mirêng sêdyanipun tiyang Yahudi wau, enggal-enggal piyambakipun lajêng lumêbêt ing griya ngriku, sarta lajêng anggantungakên sawarnining bathang sato kewan wontên ing paku ingkang katancêbakên ing tembok kasbut nginggil. Sarêng tiyang Yahudi ingkang gadhah griya sumêrêp solah tingkahipun Abunawas ingkang makatên punika sêmu kagèt, wicantênipun: He, kisanak, andadèkake gumuning ati kula, dene sampeyan duwe

--- 2 : [30] ---

[Grafik]

Sarta lajêng anggantungakên sawarnining bathang sato kewan wontên ing paku ...

--- 2 : 31 ---

tingkah sing mêkotên niku, nèk panggawe sampeyan niku kula nêngake mawon, têmtu kula bakal olèh cacadan saka kônca-kônca kula, mulane yèn sampeyan rujuk, paku niku sampeyan copot mawon, pintên karugian sampeyan mêsthi bakal kula bayar. Abunawas inggih anyagahi, ananging manawi sudagar Yahudi wau purun ambayar arta kathahipun 3000 ringgit. Sanajan panêdhanipun Abunawas wau, kenging kawastanan botên murwat, ewa samantên saking kuwatosipun manawi ing têmbe badhe kalingsêman agêng, sudagar Yahudi wau inggih lajêng kêpêksa nyukani pintên panêdhanipun Abunawas. Paku saha bathang ingkang kagantungakên ing ngriku kalêksanan kabêkta kesah saking griku dening Abunawas. Wusana Abunawas kanthi sênênging manah lajêng mantuk dhatêng ing nagari Bahdad. Sarêng dumugi ing griyanipun, Abunawas lajêng anyêdhahi sadaya kônca-kancanipun sumêdya kaajak sênêng-sênêng, saha ambagi kauntunganipun dhatêng sawênèhing tiyang pêkir miskin.

__________

--- 2 : 32 ---

IV. Sang Prabu Harun Al Rasid Dipun Têmpiling dening Tiyang Yahudi.

Anuju satunggiling dintên, Abunawas mlampah-mlampah ing pakampungan Yahudi salêbêtipun kitha Bahdad. Salajêngipun nuntên kampir wontên ing griyanipun salah satunggiling mitranipun tiyang Yahudi, ingkang kala punika kalêrês sawêg trêbangan saha main gambus. Sasampunipun uluk salam saha kaacaran lênggah, Abunawas lajêng kasukanan kêcapi saha nuntên kapurih miwiti main kêcapi. Abunawas ugi anglampahi punapa pakènipun ingkang gadhah griya, sasampunipun lajêng kapurih jêjogedan, inggih lajêng dipun lampahi. Ing wusana ingkang gadhah griya nuntên akèn ngêdalakên sêgahan unjuk-unjukan kopi. Kala punika Abunawas angangkat cangkiripun sumêdya ngombe wedangipun, botên kanthi sêbawa malih Abunawas ujug-ujug dipun têmpiling dening ingkang gadhah griya: kêplak. Abunawas saklangkung kagèt sumêrêp patrapipun ingkang gadhah griya makatên wau, ing batos sêbutipun andhrindhril: Lakhaula walakuwata ilabilahil aliyul alim. Ewadene Abunawas inggih mêksa kèndêl kemawon. Sarêng badhe miwiti ngombe wedangipun malih, inggih lajêng dipun têmpiling malih dening ingkang gadhah

--- 2 : 33 ---

griya: kêplak. Ing batos Abunawas mungêl makatên: Gandrik, putune Kyagêng Sela. Cêkakipun ing dalu punika Abunawas kêrêp sangêt nampi têmpilingan saking ingkang gadhah griya, ewadene inggih kèndêl kemawon, sanajan ing batos warni-warni pangangluhipun, kados ta: idug busèt, utawi: alalalalah. Kêkathahên upami kacariyosna sadaya kadospundi pangangluhipun Abunawas kala punika. Sasampunipun rampung anggènipun sami main gambus, Abunawas lajêng pamit mantuk. Salêbêtipun lumampah Abunawas tansah anggagas ingkang sampun kalampahan wau, pangunandikanipun: Astohfirlahhal alim, têka anggumunake têmênan, ingatase ing nagara Bahdad kene, kok ana wong sing duwe pokal mangkono. Hêm, nêmpilingi wong kathik sagêlême, mungguh kaya mangkono kuwi ora wajib kok banjur diênêngake bae, wis mêsthi saya bakal andadra. Ananging kapriye rekadayaku bisane ngajar wong Yahudi mau. E, lah dalah, nêmu akal saikine aku. Cêkakane ora prêlu tak kandhakake, wong Yahudi kiyi sida rê...muk. Kala punika Abunawas dumugi ing griyanipun.

Enjingipun, Abunawas pangkat sowan dhatêng kraton, sarêng dumugi ing ngarsanipun Sang Prabu Harun Al Rasid, Abunawas [Abu...]

--- 2 : 34 ---

[...nawas] matur sarwi nyêmbah: Dhuh gusti, mugi kalilana kawula matur ing ngarsa dalêm, salaminipun kawula gêsang wontên ing donya punika, kawula dèrèng nate sumêrêp têtingalan ingkang sae saha nganèh-anèhi kados ingkang kawula tingali kala wingi sontên wontên ing pakampungan Yahudi. Dene manawi panjênêngan dalêm sumêdya têdhak amirsani, inggih sagêd, ananging botên kenging kadhèrèkakên para abdi dalêm, kajawi kawula piyambak ingkang badhe andhèrèkakên, lan panjênêngan dalêm kêdah angêngagêm kadosdene santri limrah kemawon.

Dhawuhipun sang prabu: Ya bêcik, mung poma, yèn sira wani ngapusi marang ingsun kaya sing uwis-uwis, wis mêsthi sira bakal ingsun patrapi ukum pati.

Kacariyos, sontênipun Sang Prabu Harun Al Rasid kadhèrèkakên dening Abunawas têdhak ing pakampungan Yahudi, prêlu badhe anjênêngi têtingalan ingkang nganèh-anèhi kadosdene ingkang kaaturakên dening Abunawas. Kalêrêsan, kala punika ing griyanipun tiyang Yahudi, ingkang nêmpilingi Abunawas dalunipun ingkang kapêngkêr, ugi sami trêbangan malih. Sarêng sang prabu lan Abunawas sami uluk salam, sakala punika inggih lajêng kaaturan lumêbêt saha kaaturan lênggah. Botên antawis dangu sang prabu lajêng dipun caosi

--- 2 : 35 ---

kêcapi saha nuntên kaaturan miwiti main kêcapi. Sang prabu inggih lajêng anglampahi punapa pakènipun tiyang Yahudi wau. Mênggahing tiyang Yahudi saklangkung bingah manahipun amirêngakên cara mainipun kêcapi sang prabu, amargi saking sakeca saha anglanguting gêndhing-gêndhing lan lagu-lagu ingkang kamainakên dening sang prabu. Sasampunipun, sang prabu lajêng kaaturan bêksa, ananging sang prabu botên krêsa nglampahi, amargi rumaos kawratên dening sariranipun lêma. Sanalika punika tiyang Yahudi lajêng nangani sang prabu: blang tak, blang tak, (lo, punika swaranipun kala sang prabu dipun têmpiling ing tiyang Yahudi, dene swaraning kêndhang blenderan Banyumasan), sang prabu sangêt duka saha ngungun ingkang galih, anguningani patraping tiyang Yahudi ingkang makatên wau. Ananging sarèhning sang prabu kala punika rumaos piyambakan, amila inggih lajêng kèndêl kemawon. Botên antawis dangu unjuk-unjukan wedang kawêdalakên. Ing Wêkdal punika Abunawas glênês nêdha pamit mantuk, ingkang punika sang prabu wontên ing ngriku saya piyambakan. Ing ngriki botên prêlu kacariyosakên malih, rambah kaping pintên sang prabu dipun têmpilingi dening tiyang wau, ewa samantên sarèhning namung ijèn, amila inggih kèndêl kemawon, nanging ing salêbêtipun panggalih, sangêt dukanipun dhatêng Abunawas, dene têka cidra malih dhatêng sang nata. Sarêng sang prabu

--- 2 : [36] ---

[Grafik]

Sanalika punika tiyang Yahudi lajêng nangani sang prabu.

--- 2 : 37 ---

sampun kondur ing karaton malih, enjingipun Abunawas enggal kadhawuhan nimbali, sarêng pun Abunawas sampun ngadhêp wontên ing ngarsa nata, kalangkung-langkung dukanipun sang prabu. Dhawuh pangandikanipun: Pantês bangêt pratingkahira tumrap ingsun, dene sira wis laku cidra marang ingsun manèh.

Abunawas matur sarwi nyêmbah: Dhuh gusti pêpundhèn kawula, mugi kalilana matur ing ngarsa dalêm, sayêktosipun botên ngêmungakên panjênêngan dalêm piyambak ingkang sampun dipun tangani dening tiyang Yahudi wau, sanajan abdi dalêm kawula lan tiyang sanès-sanèsipun ugi makatên. Upami kawula angunjuki uninga ing ngarsa dalêm mênggah tingkahipun tiyang Yahudi ingkang kados kewan wau, tamtunipun panjênêngan dalêm botên badhe karsa pitados. Manawi tingkah ingkang makatên wau kakèndêlna kemawon, sampun tamtu badhe botên wontên karampunganipun, ing môngka nata binathara punika kêdah tansah sagêd anguningani solah tingkahing para kawulanipun sadaya.

Mirêng aturipun Abunawas ingkang makatên wau, sang prabu lajêng kèndêl sawatawis. Sasampunipun lajêng utusan animbali tiyang Yahudi ingkang dêksura punika. Sarêng tiyang Yahudi angadhêp lajêng anampi dêduka kathah saha kapatrapan ukuman ingkang awrat, dene pun Abunawas lajêng kalilan mundur.

__________

--- 2 : 38 ---

V. Sima ingkang Ajenggot.

Jalaran saking pandamêlipun pun Abunawas kados ingkang sampun kacariyosakên ing nginggil, Sang Prabu Harun Al Rasid panggalihipun tansah ngigit-igit dhatêng Abunawas, amila sang prabu inggih tansah ngupados rekadaya badhe andhawahakên ukum pêjah dhatêng Abunawas wau.

Nuju satunggiling dintên, Abunawas tinimbalan dhatêng kadhaton, saha kadhawuhan ing sang nata makatên: E, Abunawas, andadèkna kawruhanira, jênêng sira ingsun timbali ana ngarsaningsun, sira arêp ingsun utus golèk macan sing ajenggot, poma, sing nganti olèh. Yèn ora olèh, sira bakal ingsun ukum pati.

Mirêng dhawuhing nata ingkang makatên wau, Abunawas angunandika makatên: Hêm, ana-ana bae rekadayane sang prabu anggone arêp nyowanake aku nyang simbah Malaekat Jabarail. Ana uwong têka didhawuhi golèk macan sing jenggot, êmbok iya dhawuh golèk macan sing bisa mangkur gègèr sore pisan, dadi wis karuan. Ewadene, mèn, tak saguhane bae. Abunawas lajêng munjuk: Nuwun inggih, sinuwun, punapa dhawuh dalêm badhe

--- 2 : 39 ---

kawula èstokakên. Nanging kawula nyuwun inah ing salêbêtipun wolung dintên.

Sang prabu ugi marêngakên, lan Abunawas nuntên kaparêng mundur saking pasowanan.

Sadumuginipun ing griya, Abunawas kengkenan ngundang tukang kajêng sakawan, ingkang kapurih andamêlakên krangkèng sima. Salêbêtipun tigang dintên krangkèngipun sagêd rampung. Sasampunipun, Abunawas lajêng mêndhêt gêlaran sêmbahyangan badhe kabêkta dhatêng langgar, wicantênipun dhatêng ingkang èstri: Dhi, aku arêp anjaluk pitulunganmu, nanging wêlingku, aja pisan-pisan nganti luput, mulane sapisan kiyi anggonmu nyandhang manganggo, kudu èksêtrah, pêngên, têgêse: anggonmu pupuran aja narima pupur crêbon, nanging iya kudu pupur wêton apotik, sing ambune mêr...rit kae. Athi-athimu iya kudu kok tata sing nècis, cikbèn sathithik-sathithik rada ngèmpêri sri panggunging sêtambul. Mêngkono uga anggonmu tapihan, kudu sing singsêt sarta sing andhandhing, cikbèn lakune bisa: sêng...klik, sêng...klik, ngono kae ... .

Ingkang èstri mangsuli kanthi nyêngol: Wiyah, kathik kaya prawan sing arêp ditontoni, sêmang kudu dikayang anggone dandan.

--- 2 : 40 ---

Abunawas awicantên malih: Sabar, sabar, nèk ana wong lanang lagi ngomong kuwi, bok aja ujug-ujug nrambul bae, kathik nganti kaya nyonyah mêngkono. Anggonku akon nyang kowe supaya macak gajah mau, rak iya ana karêpe sing pancèn wigati têmênan, yaiku: supaya aja nganti luput anggonmu arêp nulungi nyang aku, sabab yèn nganti mlèsèd pitulunganmu, kowe rak kalakon bisa dadi rôndha têmênan. Cêkake carane anggonmu kudu nulungi aku kiyi mangkene: kowe saiki nyanga ngomah bae, aja lunga-lunga. Mêngko yèn ana wong jenggot têka mrene, banjur ampirna lan jakên omong-omongan. Patrapmu nyang wong mau sabisa-bisa iya kudu koluwês-luwêsake, kogandês-gandêsake, lan kokèwês-kèwêsake, cikbèn atine kana kuwi krasa mak: sir, sir, ngono kae. Ning poma, patrapmu kabèh mau mung lair bae, lo, aja banjur kolêbokake ngati, mêngko rak ngrusak agama jênêngane. Dene yèn kowe mêngko krungu aku nothok lawang, wong mau tumuli konên lumêbu ing krangkèng kono.

Ingkang èstri anyangahi. Abunawas lajêng kesah dhatêng langgar pangulon ing nagari ngriku. Sarêng sampun dumugi ing langgar, Abunawas uluk salam dhatêng kyai pêngulu, saha lajêng sêmbahhyang. [sêmbah...]

--- 2 : 41 ---

[...hyang.] Sasampunipun sêmbahyang lajêng rêrêmbagan kalihan kyai pêngulu.

Kyai pêngulu wicantên dhatêng Abunawas: Lo, hla kok kowe, Abunawas. Kowe kuwi arêp mênyang ngêndi, sajakmu kok rada mêmpêng mêngkono, lan genea kowe wis lawas têmên ora tau sêmbahyang mrene.

Abunawas rewa-rewa nandhang susah, lan anggènipun mangsuli, suwaranipun dipun pêdhot-pêdhot sajak mêlasasih: Ku ... ku kula rumaos isin, ... ba ... badhe nga ... ngaturakên kawontênan ku ... kula punika. Nanging ma ma ... manawi botên dha ... dhatêng panjênêng... nêng ... ngan, gèk dha ... dha ... têng sintên ma ... ma ... lih, ingkang ku ... ku ... la waduli prakawis ku ... kula punika. Saèstunipun ku ... ku ... la punika mêntas pa ... ba ... bu, e, nas, pabên kalihan bojo ku ... kula, mila kula aras-arasên mantuk dhatêng griya kula.

Kyai pêngulu ingkang sajatosipun sampun lami anggènipun kayungyun dhatêng semahipun Abunawas, ing batos bingah mirêng wicantênipun Abunawas ingkang makatên wau, saha lajêng angunandika makatên: It, hla dalah, bakal bisa kalakon anggone atiku tansah, gêdhungglang, gêdhungglèng, nyang bojone Abunawas kiyi. Mèn, Abunawas tak êndhêge [ê...]

--- 2 : 42 ---

[...ndhêge] nang kene dhisik, lan aku tumuli tak sônja nyang omahe. Sapa wêruh, yèn bojone tak tari arêp tak êpèk, banjur enggal-enggal mangsuli: ênggih, ênggih, mas pêngulu. Sasampunipun angunandika makatên, lajêng cariyos dhatêng Abunawas: Wong jêjodhoan kuwi bok aja sok dhêmên padu, ewadene iya lèlèh-lèlèha kono dhisik, cikbèn atimu bisa têntrêm manèh. Aku arêp prêlu mulih sadhela, kowe kèria kènè dhisik, mêngko ngomahku kana tak kone ngirim nyang kowe: wedang sapacitane pisan.

Sasampunipun wicantên makatên, kyai pêngulu lajêng kesah, botên mantuk dhatêng griyanipun, nanging malah dhatêng griyanipun Abunawas. Sadumuginipun ing ngriku, lajêng linggih cêlak kalihan bojonipun Abunawas. Wicantênipun pêngulu: Dhi, dhi, aku kiyi rak tansah ngungun bae, nèk ngrasakake kowe kuwi. Ingatase bocah ayu-ayu mêngkono, têka gêlêm dipèk wong ala, mlarat tur plancongan kaya Abunawas kae. Rak luwih bêcik kowe dadi bojoku bae. Sanadyan aku wis rada tuwa, nanging aku rak bisa nuruti apa panjalukmu. Yèn kowe kêpengin suwêng barliyan mata siji, ora susah kuwatir, ing pagadhean, bur-buran rak pirang-pirang. Yèn kêpengin kulambi sêtêngah [sêtê...]

--- 2 : 43 ---

[...ngah] sutra paris, toko-toko Bombai, iya wis padha sêdhiya. Sanadyan kowe arêp nganggo tapih sing bathikane anjalimêt pisan, anggêre kowe gêlêm ambathik bae, mêsthi iya bisa kalakon. Cêkake anggêr kowe gêlêm dadi bojoku sing ôngka têlu, uripmu mêsthi bakal sênêng, lan sabanjure ora bakal kêkurangan apa-apa.

Semahipun Abunawas ingkang kala punika èngêt dhatêng pitungkasipun ingkang jalêr, lajêng nglirik dhatêng kyai pêngulu sarwi mèsêm, ingkang anjalari manahipun kyai pêngulu, saking bantêring kêdutipun, mèh kemawon nyuwun pêrlop, saha lajêng amangsuli makatên: Inggih prayogi, tuwan pêngulu, manawi panjênêngan angrêsakakên dhatêng tiyang sudra papa kados kula punika. Tumrap kula gèk punapa malih ingkang kula padosi.

Salêbêtipun rêrêmbagan makatên punika, dumadakan Abunawas dhatêng nothok kori, kyai pêngulu lajêng wicantên kanthi wel-welan makatên: O, dhi, aku gèk banjur andhêlik mênyang ngêndi.

Semahipun Abunawas mangsuli: Prayogi panjênêngan malêbêt ing krangkèng punika.

Botên mawi kagagas panjang malih, kyai pêngulu lajêng mlêbêt ing krangkèng. Bojonipun Abunawas lajêng angêngakakên [angêngaka...]

--- 2 : [44] ---

[Grafik]

Apa sing anèng ing krangkèng kuwi, hèh.

--- 2 : 45 ---

[...kên] kori. Sasampunipun Abunawas lumêbêt ing griya kalihan mulat ngiwa nêngên, wasana lajêng wicantên rewa-rewa nêpsu makatên: Yadhug, yadhug, apa sing ana ing krangkèng kuwi, hèh.

Ingkang èstri mangsuli rewa-rewa kamigilanên: Ora ana apa-apa.

Sanadyan Abunawas sayêktosipun sampun sumêrêp, bilih ingkang wontên ing salêbêtipun krangkèng punika kyai pêngulu, nanging rewa-rewa botên sumêrêp, sarta lajêng pitakèn malih dhatêng ingkang èstri kanthi sêrêng: Sing putih-putih kuwi apa, hèh. Dene kyai pêngulu ajrih tuwin isinipun saklangkung-langkung, ngantos badanipun sakojur sami buyutên.

Sarêng sampun jangkêp wolung dintên, ing wanci enjing Abunawas lajêng ngundang kuli sakawan, kapurih ngusung krangkèng dhatêng kadhaton. Krangkèng wau dipun krodhongi mori ngangrangan dening Abunawas, têtiyang ing nagari ngriku sami umyung badhe sumêrêp sima ingkang ajenggot, awit ing salaminipun, punapa malih sumêrêpa, sawêg mirêng kemawon, dèrèng nate, bilih ing donya punika wontên sima ingkang ajenggot. Nanging sarêng sampun ningali cêtha, têtela, bilih ingkang wontên salêbêtipun krangkèng punika sanès sima, jêbul kyai

--- 2 : 46 ---

pêngulu. Têtiyang wau botên wicantên punapa-punapa, sadaya lajêng gumrudug sami ngiringakên krangkèng. Dene kyai pêngulu, saking isinipun, ngantos mèh botên sagêd ambêgan, jalaran sampun botên sagêd andhêlikakên rainipun.

Botên watawis dangu arak-arakan wau sampun dumugi ing kadhaton. Sarêng sang prabu uninga, enggal-enggal lajêng andangu: Kapriye, Abunawas, apa olèh gawe.

Abunawas nyêmbah sarwi umatur: Mundhi pangèstu dalêm inggih angsal, sinuwun.

Krangkèng lajêng dipun caosakên ing ngarsanipun sang prabu. Sarêng sang prabu mriksani ing salêbêting krangkèng, kagètipun tanpa upami, awit botên pisan-pisan nyana, bilih ingkang wontên ing nglêbêt wau kyai pêngulu. Salajêngipun sang prabu lajêng andangu dhatêng Abunawas, mênggah mulabukanipun, dene kyai pêngulu kalêbêtakên wontên ing krangkèng punika. Abunawas lajêng ngaturakên sadaya lêlampahanipun kyai pêngulu saking wiwitan ngantos dumugining pungkasan.

Mirêng aturipun Abunawas, sang prabu sangêt duka dhatêng kyai pêngulu, awit pêngulu punika ingkang nyêpêng paprentahan, têka gadhah tindak ingkang botên prayogi makatên. Sang Prabu lajêng dhawuh ngêdalakên kyai pêngulu saking krangkèng, sirahipun [sirah...]

--- 2 : 47 ---

[...ipun] lajêng kadhawuhan nyukur mrapat, Sasampunipun lajêng kadhawuhan ngarak ngidêri pêkên, supados kalêpatanipun pêngulu wau sagêda kasumêrêpan ing ngakathah.

__________

VI. Abunawas kalihan Pêngulu.

Kacariyos Sang Prabu Harun Al Rasid kagungan putra kakung, bagus warninipun. Sang prabu lajêng utusan nimbali Japar, badhe kadangu: putra wau prayoginipun kanamakakên sintên. Japar sasampunipun ngadhêp ing ngarsa dalêm sang prabu, lajêng nyêmbah sarta ambikak primbonipun. Miturut pamanggihipun Japar, nama ingkang prayogi inggih punika: Polan.

Anuju satunggiling dintên sang prabu nimbali para kawula agêng alit, kadhawuhan nêksèni anggènipun maringi nama dhatêng ingkang putra punika, tuwin sang prabu badhe paring sêgahan ingkang miraos dhatêng ingkang sami dipun timbali wau. Namung tiyang satunggal ingkang botên dipun timbali, inggih punika Abunawas.

Ananging sarêng para kawula wau badhe wiwit nêdha, Abunawas dhatêng, lajêng nyêmbah ing sang prabu tuwin suka urmat dhatêng tiyang kathah punika. Sang prabu ngandika: E, Abunawas, sapa sing nimbali, dene sira têka mrene.

--- 2 : 48 ---

Abunawas munjuk: Kawula nuwun, mugi linêpatakên ing dêduka. Kawula mirêng pawartos bilih panjênêngan dalêm mêntas kagungan putra kakung. Kawula sangêt sukur ing Pangeran. Putra dalêm punika badhe dipun paringi asma sintên.

Bocah iku ingsun jênêngake: Polan.

Kawula nuwun, gusti, kauningana, adatipun lare ingkang nama Polan punika bodho sangêt. Asma punika punapa sampun botên kenging dipun santuni.

Sang prabu ngandika kalihan mandêng dhatêng Japar: E, Abunawas, kaya-kaya iya ora ana pakewuhe yèn jênêng mau disalini. Ananging coba tuduhna dhisik, yèn wong sing jênêng: Polan, iku nyata bodho. Yèn sira ora bisa nuduhake, bakal ingsun ukum pati.

Kawula sagêd ngaturakên, nanging kawula nyuwun arta tigang dasa ringgit tuwin nyuwun inah salêbêtipun kawan dintên.

Sang prabu ngandika kalihan mèsêm: Kajaba iku, mêsthine sira uga nyuwun milu pista ana kene. Wis saiki padha mangana, mêngko dhuwite ingsun paringake.

Enjingipun wanci sêmbahyang subuh, Abunawas kesah dhatêng panggenanipun pêngulu, ambêkta yatra sadasa ringgit. Sadumuginipun ing ngriku, pêngulu pinanggih sawêg dhikiran, Abunawas uluk salam, lajêng linggih sacêlakipun pêngulu.

--- 2 : 49 ---

Abunawas sumêrêp pêngulu sawêg mêrêm, yatranipun sadasa ringgit lajêng dipun talêsêpakên ing sangandhaping gêlaran ingkang kangge sêmbahyang pêngulu wau.

Sarêng sampun rampung anggènipun dhikiran, pêngulu lajêng pitakèn dhatêng Abunawas, têmbungipun: Kowe mau saka ngêndi Abunawas, lan têkamu mrene iki duwe prêlu apa.

Saking griya kemawon, dene prêlunipun inggih namung kêpengin pinanggih panjênêngan, awit sampun kangên.

Tiyang kalih lajêng sami lêlinggihan kalihan omong-omongan. Nalika punika kêmirêngan wontên pêksi ngocèh, Abunawas gumujêng kêkêl. Pêngulu pitakèn: Ana apa kowe gumuyu, Abunawas.

Botên wontên punapa-punapa, namung jalaran kula mangrêtos dhatêng suwaranipun pêksi punika. Cariyosipun: panjênêngan pikantuk arta sadasa ringgit wontên ing ngandhap gêlaran ingkang kagêm sêmbahyang punika.

Pêngulu tumuntên ambikak gêlaran, saèstu wontên yatranipun sadasa ringgit kados cariyosipun Abunawas wau. Pêngulu manahipun sênêng sangêt. Abunawas lajêng pamit mantuk. Pêngulu wicantên: Bok sing kêrêp têka mrene, kowe, Abunawas.

Insya Allah, bilih tanpa pambêngan.

--- 2 : 50 ---

Enjingipun, Abunawas dhatêng malih, ambêkta yatra sadasa ringgit, katlêsêpakên ing ngandhap gêlaran kados ingkang sampun, makatên ugi enjingipun ingkang kaping tiga, ngantos yatranipun tigang dasa ringgit anggènipun nyuwun sang prabu têlas babar pisan. Sarana akal kados makatên, saungêlipun Abunawas dipun pitados dening pêngulu, botên nate dipun pabêni.

Ing kawan dintênipun, Abunawas dhatêng malih, lajêng linggih sacêlakipun pêngulu kados adatipun. Botên watawis dangu wontên pêksi ngocèh ing wuwungan griya. Abunawas lajêng nangis sênggruk-sênggruk. Pêngulu sumêrêp kawontênanipun Abunawas makatên punika, manahipun kagèt sangêt, wicantênipun: Apa sing kotangisi iku, Abunawas.

Kula mirêng suwaranipun pêksi punika. Cariyosipun: panjênêngan badhe dumugi ing janji.

Sanalika pêngulu lajêng gumêtêr badanipun, guwayanipun pucêt. Sarêng sampun sawatawis dangu lajêng wicantên: Lah, gèk kapriye mungguh sêtiyarmu, Abunawas.

Supados botên ngantos nêmahi kados cariyosipun pêksi punika, sarananipun gampil kemawon, sok ugi panjênêngan karsa andhahar atur kula.

Iya, Abunawas, aku mung miturut sakarêpmu bae.

--- 2 : [51] ---

[Grafik]

Sarêng sampun sami mirantos, mayitipun lajêng dipun angkatakên.

--- 2 : 52 ---

Prayogi. Lah samangke panjênêngan kula aturi rewa-rewa kados tiyang pêjah saèstu.

Sanalika ngriku pêngulu wau dipun kabarakên bilih sampun tilar donya. Kathah tiyang ingkang sami nglayat abela sungkawa. Lan sami gumun sangêt dene pêjahipun pêngulu wau dadakan kemawon, botên wontên tiyang ingkang sumêrêp sakitipun. Mayit wau dipun dusi tuwin dipun ulêsi piyambak dening Abunawas, lajêng dipun lêbêtakên ing trêbêla lan dipun sêmbahyangi.

Sarêng sampun sami mirantos, mayitipun lajêng dipun angkatakên, kathah ingkang sami ngiring, samargi-margi gumrênggêng sami dhêdhikiran: Lailaha ilallah. Dene margi ingkang dhatêng kuburan punika nglangkungi pasanggrahan dalêm sang prabu. Sang prabu sarêng mirêng suwaranipun tiyang ngriringakên mayit, lajêng andangu sintên ingkang pêjah punika.

Abunawas enggal-enggal munjuk sang prabu, bilih punika mayitipun abdi dalêm pêngulu: Polan.

Sang prabu kagèt sangêt, pangandikanipun: E, Abunawas, gawanên malêbu mrene dhisik mayit iku. O, mitraku, lêlara apa sing andadèke patimu iku. Dene ingsun ora krungu babarpisan.

Jisim lajêng kabêkta dhatêng ngarsa dalêm sang prabu, dipun bikak lan [la...]

--- 2 : 53 ---

[...n] dipun priksani dening sang prabu. Nalika dipun priksani punika, mripatipun mayit katingal kêthip-kêthip sajak kisinan sangêt. Sang prabu ngandika: E, Abunawas, dene iki isih urip, kêna apa koarani wis mati.

Inggih punika nyatanipun bilih tiyang nama Polan punika: bodho, sinuwun.

Sang prabu gumun sangêt dhatêng lêkasipun Abunawas ingkang makatên punika.

Saya lami sang prabu saya pitados dhatêng kalantipan lan kawicaksananipun Abunawas. Sang prabu ngantos badhe paring ganjaran ingkang pantês dhatêng Abunawas, nanging mawi nyobi malih.

__________

VII. Abunawas Ngusung Masjid.

Nalika Sang Prabu Harun Al Rasid kaadhêp ing para kawula, ngandika makatên: E, para kawulaningsun kabèh, sesuk bubar Jumuwahan, sira aja padha mulih dhisik yèn durung ingsun dhawuhi.

Têtiyang sami munjuk sêsarêngan: Nuwun inggih sêndika. Matur makatên wau sadaya kalihan anggagas-gagas: punapa ingkang dados karsanipun sang prabu, dene dhawuh makatên. Sadintên sadalu tiyang sanagari Bahdad ngriku namung sami anggagas dhatêng [dha...]

--- 2 : 54 ---

[...têng] dhawuh dalêm wau, nanging botên wontên satunggal-tunggala ingkang sagêd anggagapi mênggah suraosing dhawuh punika.

Botên anèh, bilih enjingipun, inggih punika ing dintên Jumuwah, kathah sangêt tiyang ingkang Jumuwahan dhatêng masjid agêng Bahdad, awit badhe sami sumêrêp mênggah ingkang dados karsanipun sang prabu. Sarêng sampun bibar sêmbahyang, sang prabu ngandika: E, para kawulaningsun kabèh, sapa sing bisa ngusung masjid iki. Sing sapa bisa ngusung bakal ingsun ganjar nagara lan ingsun têtêpake dadi adipati.

Tiyang samantên kathahipun punika botên wontên ingkang mangsuli, sang prabu ngantos ngandika kaping tiga, mêksa botên wontên ingkang matur. Abunawas sarêng sumêrêp ingkang makatên punika, lajêng munjuk: Abdi dalêm, sinuwun, ingkang sagêd ngusung masjid punika. Badhe dipun pindhah dhatêng pundi kemawon, kawula kadugi ngusung piyambakan. Nanging kawula nyuwun sêmados pitung dintên. Kawula badhe nglampahi rumiyin. Bilih kawula sampun anglampahi, manawi aji-aji kawula punika kawula watêk, sampun malih masjid, ambok inggih donya punika upami wontêna panggenanipun ingkang kangge ngêlih, kawula inggih sagêd. Kajawi punika, sinuwun, kawula nyuwun supados para kawula dalêm ing nalika punika kaklêmpakna. Punapa malih panjênêngan dalêm kawula aturi dhawuh [dha...]

--- 2 : 55 ---

[...wuh] mragad maesa, lêmbu tuwin menda sacêkapipun kangge mistakakên tiyang-tiyang punika. Sabibaripun nêdha eca, kawula lajêng tumandang anglampahi dhawuh dalêm wau.

Iya prayoga, Abunawas.

Sarêng sampun dumugi dintên Jumuwah malih, sang prabu dhawuh mragad maesa, lêmbu tuwin menda. Para kawula kadhawuhan sami nêdha eca. Sarêng sampun dumugi anggènipun sami nêdha, sang prabu ngandika: Lah saiki tandangana pagaweyanmu, Abunawas.

Abunawas lajêng tata-tata, mingkis rasukanipun, katingalipun sajak badhe tumandang ing damêl saèstu, lajêng nyêlaki masjid kalihan wicantên makatên: Para sadhèrèk, kula nêdha tulung ing sampeyan sadaya, cobi masjid punika sampeyan tumpangakên ing pundhak kula. Insa Allah mangke kula sagêd ngusung masjid punika, lan dipun êlih wotên ing pundi, miturut karsa dalêm sang prabu, ratu pêpundhèn kula sadaya.

Mirêng têmbungipun Abunawas ingkang makatên punika, têtiyang wau namung sami gumun lan kamitênggêngên kemawon. Lajêng sami ngunandika makatên: Gèk sapa sing kaconggah anjunjung masjid kuwi.

Sang Prabu Harun Al Rasid botên ngandika punapa-punapa, lajêng [la...]

--- 2 : [56] ---

[Grafik]

Para sadhèrèk, kula nêdha tulung ing sampeyan, cobi masjid punika sampeyan tumpangakên ing pundhak kula.

--- 2 : 57 ---

[...jêng] kondur angadhaton. Para têtiyang ugi lajêng mantuk sowang-sowangan, kalihan ngrêmbag bab kalantipanipun Abunawas.

Namung kasagahanipun sang prabu dhatêng Abunawas, dipun têtêpi utawi botên, punika wallahualam, botên kacariyos.

Tamat

--- 2 : [58] ---

Isinipun.

... Kaca:

I. Tiyang mlarat kalihan balumbang ingkang asrêp toyanipun. ... 3

II. Lêmbunipun sang prabu kawulang ngaos Kuran dening Abunawas. ... 11

III. Abunawas kalihan tiyang Yahudi. ... 15

IV. Sang Prabu Harun Al Rasid dipun têmpiling dening tiyang Yahudi. ... 32

V. Sima ingkang ajenggot. ... 38

VI. Abunawas kalihan pêngulu. ... 47

VII. Abunawas ngusung masjid. ... 53

--- 2 : [0] ---

[2 halaman kosong]