Lêlampahanipun Pak Kabul, Kêrtamiarja, c. 1930, #1813

JudulCitra
Terakhir diubah: 09-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 927 ... f 0,45

Lêlampahanipun Pak Kabul

Anggitanipun Kêrtamiharja.

Balepustaka, Wèltêprèdhên.

--- [3] ---

I. Sade Rumput.

Ing dhusun Pulosari, bawah dhistrik Pare, kabupatèn Kêdhiri, wontên satunggiling tiyang somahan, ingkang jalêr nama Karja, ingkang èstri nama Marêm. Tiyang wau namung gadhah anak satunggal jalêr, watawis umur sakawan taun, namanipun: Kabul. Mila pun Karja lajêng karan anak: Pak Kabul.

Pak Kabul padamêlanipun sade rumput, ingkang èstri sade wedang parêm. Wedang parêm punika abên-abênanipun: gêndhis kalapa, kunir sakêdhik, asêm sakêdhik, dipun godhog, lêginipun namung mănda-mănda kemawon, prayogi sangêt kangge ngicalakên ngêlak. Biyang Kabul anggènipun sadean namung dhatêng pêkên kewan ing Pare kemawon manawi nuju pêkênan, botên purun sadean dhatêng pêkên sanèsipun, awit kuwatos bilih botên pajêng. Kajawi punika pawitanipun pancèn kirang, punapa malih botên gadhah pirantos ingkang pantês. Namung gadhah cangkir nêm tangkêp, tur sampun lami, sampun sami ngêndhog rêmak. Pêkên kewan wau dunungipun botên têbih kalihan griyanipun, namung kêlêtan lèpèn kemawon. Biyang Kabul manawi sadeyan pawitanipun [pawitani...]

--- 4 ---

[...pun] namung kawan kêthip, dene pêpajênganipun bilih nglêrêsi măngsa bêntèr sagêd angsal sarupiyah utawi langkung. Pun Kabul bilih êmbokipun kesah sêsadean têmtu tumut.

Pak Kabul taksih umun-umun sampun kesah ngarit, tangi tilêm lajêng nyandhak arit kalihan ngrêmbat kranjang têrus dhatêng patêgilan utawi pagalêngan ingkang kathah rumputipun. Manawi mrangguli panggenan ingkang kathah rumputipun, wanci wisan damêl sampun angsal sarêmbat, têrus kasade dhatêng pêkên. Trêkadhang dèrèng ngantos dumugi ing pêkên sampun pajêng. Pêpajênganipun tigang kêthip, kala-kala sagêd pajêng kawan kêthip utawi langkung. Bilih pajêngipun taksih enjing, lajêng ngarit malih, dados sadintên sagêd sade rambah kaping kalih.

Pak Kabul sanajan tiyang dhusun tur botên gadhah, nanging watakipun têmên, botên purun goroh dhatêng biyang Kabul, sapintên pêpajênganipun anggèning sêsadean, dipun sukakakên sadaya. Malah purun numbasakên bêtahing tiyang èstri, kados ta: sêdhah, gambir, sata, lombok, sarêm, punapa malih pun Kabul têmtu dipun tumbasakên angsal-angsal têtêdhan. Makatên ugi ingkang èstri anggènipun bêkti dhatêng ingkang jalêr sangsaya sangêt, ing atasipun tiyang dhusun, dhatêng ingkang jalêr botên nate rêmbagan ngoko, mêsthi ngangge têmbung krama, punapa malih manawi Pak Kabul kesah ngarit, anggènipun [anggènipu...]

--- 5 ---

[...n] mancèni têdhanipun, mlanthing wontên ing tenong. Upami Pak Kabul dhatêng sawanci-wanci sampun tamtu manggih sêkul. Biyang Kabul watêkipun gêmi, nastiti, ngati-ati, lan bêkti laki. Mila gêsangipun têntrêm, botên nate ngupados bêtah dhatêng tăngga têpalih, malah tangganipun ingkang sok ngupados bêtah dhatêng griyanipun biyang Kabul.

Nuju ing satunggiling dintên Pak Kabul ngrêmbat rumput. Sarêng dumugi margi agêng sakidulipun kantor pos Pare, pinanggih abdi kawadanan badhe tumbas rumput. Abdi wau lajêng pitakèn: Kang, rumpute niku disade.

Ênggih, mas.

Disukakke pintên.

Êngga ta, diawis, kajêng kula sêtêngah rupiyah mawon.

Sukêt kok sêtêngah rupiyah. Sêtangsul.

Botên.

Rumput lajêng karêmbat kalihan lumampah alon-alon.

Punjul sêbenggol.

Botên.

Têlung kêthip.

Abdi ngawis tigang kêthip kalihan wangsul.

Sukakke, mas, tigang kêthip.

Êngga, dika têrake mriki.

--- 6 ---

Sarêng sampun dumugi sacêlakipun gêdhogan, abdi wicantên: Sing sêkranjang niku dipakakke pisan, kang, sing sêkranjang dilêbokke têng wadhah ngriki, gih. Sukêt napa, ta, kang, niki.

Niki rumput lamuran. Rak sae-sae, ta, mas. Niki angsal kula ngarit têng punthuk.

Hêh, wingi kula tuku sêpikul patang kêthip, criyose ênggih sae, jêbul jarane botên doyan. Lah, niku rapène têsih saumbruk, sasat têsih utuh. Dika sesuk ênggih sade mêlih, kang. Nèk sade dika têrake mriki mawon, gih.

Ênggih, mas, janji rêgine kados sing êmpun.

Abdi lajêng nyukani arta tigang kêthip. Pak Kabul wicantên: Jam pitu kula dugi ngriki malih, gih, mas.

Sarêng dumugi dintên sêmadosipun, wanci jam pitu enjing Pak Kabul dhatêng kalihan ngêbrukakên rumputipun. Abdi sumêrêp Pak Kabul dhatêng, lajêng nyêlaki dhatêng gêdhogan, wicantênipun: Kula kira anggorohi, kang, dika.

O, botên, mas. Kula ajrih nyidrani.

Abdi ngulungakên arta tigang kêthip kalihan wicantên: Sêsuk dika têri malih, gih, kang.

Ênggih, mas. Lajêng mantuk.

Nunggil dintên punika, wanci jam sakawan sontên wadana tindak [tinda...]

--- 7 ---

[...k] dhatêng gêdhogan. Sarêng sampun dumugi ing gêdhogan, lajêng nimbali abdi wau: Jan, Marjan.

Nun.

Luhur apa wis doyan mangan. (Luhur punika namanipun kapal).

Sampun, dara.

Sukêt iki olèhmu tuku ngêndi.

Anu, dara, kawula mêling tiyang sade rumput, kawula kèn ngêtêri mriki, purun. Sampun kalih dintên punika anggènipun ngêtêri mriki.

Wong ngêndi, ta.

Kawula botên pitakèn griyanipun, dara.

Sesuk esuk yèn ngêtêri manèh, wonge aja olèh mulih dhisik, tuturana yèn arêp dak takoni.

Inggih, dara.

Sarêng enjingipun malih Pak Kabul saèstu ngêtêri rumput kados adat, anjujug ing gêdhogan, sapalih dipun têdhakakên kapalipun, ingkang sapalih dipun tandho wontên wadhah sanèsipun. Marjan lajêng manggihi Pak Kabul, wicantênipun: Kang, dika mêngke ajêng didangu bêndara wêdana.

Pak Kabul sarêng mirêng wicantênipun Marjan kados makatên, manahipun nratab, dhêg-dhêgan, badanipun lajêng lêsu, bayu kados [kado...]

--- 8 ---

[...s] dipun lolosi, napasipun cêkak, jalaran saking ajrih, amargi sajêg jumblêg, botên nate wicantênan kalihan priyantun agêng, lajêng pitakèn dhatêng Marjan: Mas, mas, kula ajêng dinapakake, ta.

Wikana, gih, wong kula mung didhawuhi: tukang ngarit sesuk aja olèh mulih dhisik, Jan. Namung ngatên dhawuhe bêndara wêdana wingi sontên.

Napa ajêng diprêkara, ta, mas.

Botên, botên, êmpun ajrih-ajrih, kang.

Pak Kabul sawêg glênak-glênik kalihan Marjan, wadana dhèhèm wontên sawingkingipun Pak Kabul. Pak Kabul sumêrêp lajêng sêdhêpêk sila wontên ing siti, badanipun gumêtêr, raosipun botên kantên-kantênan. Wadana lajêng andangu: Man, kowe tukang ngarit.

Pak Kabul mangsuli kalihan gugup: Kul, kul, kula ngarita nika botên dhatêng wana tutupan, dara, kula ngarit dhatêng punthuk, utawi wontên ing galêngan sabin.

Wadana mirêng aturipun Pak Kabul radi gumujêng, lajêng ngandika malih: Aku ora takon prakara olèhmu ngarit ana ing ngêndi, man, sing dak takokake iki, apa kowe tukang ngarit. Aja wêdi-wêdi, man, aku ora arêp gawe prakara marang kowe.

--- 9 ---

Lêpat kula, dara, padamêlan kula ngarit.

Jênêngmu sapa, man, omahmu ngêndi.

Kula Pak Kabul, dara, griya kula ing dhusun Pulosari, sawetan pêkên kewan, dara, cakêt kalihan kuburan.

Yèn mangkono cêdhak saka kene.

Cêlak mawon, dara.

Olèhku takon marang kowe iku ana prêlune sathithik, man.

Inggih, dara, kula andhèrèk mawon.

Kowe manawa gêlêm dak kon dadi gamêl, dak bayar sasèn, sêsasi sangang rupiyah.

Mênawi mêkatên, kula dèrèng sagêd matur sagah, dara, cobi-cobi kula tarosan tiyang sêtri, manawi tiyang sêtri rujuk, kula inggih purun.

Lho, ngono bae kok tarèn karo bojo. Rak malah kêbênêran, ta, besuk dhuwite bisa nglumpuk.

Botên ngatên, dara, rèhning tiyang botên gadhah, ingkang dipun têdha sabên dintên inggih angsale sadintên. Sarêng tampinipun sêwulan sapisan, mêngke gèk tiyang sêtri botên sagêd pados, lajêng nguring-uring kula, namine kula êmpun kêsêl diuring-uring, niku rak botên sakeca, ta, dara.

Iya, man, bênêr kowe. Nanging saka karêpku: bisa,

--- 10 ---

ora bisa, bisak-bisakna. Tutura karo bojomu sing apik. Aku butuh bangêt, lho, man. Maune aku iya wis duwe gamêl, barêng jaranku, si luhur lara nganti kuru, gamêlku banjur nyuwun pamit mêtu, tur iya ora dak srêngêni. Dêlêngên ta: si luhur kuwe. Kowe wêruha biyèn gumun. Dhèk biyèn awake lêmu, saiki kaya ngono. Sokur kowe bisa ngopèni nglêmokake kaya biyèn, besuk kowe dak ganjar.

Ênggih, kula botên sagêd matur, dara. Rèhning êmpun siyang kula nyuwun pamit wangsul rumiyin, dara.

Lho, mau apa wis diparingi dhuwite.

Dèrèng, dara.

Jan, Marjan.

Nun.

Iku, lho, Pak Kabul arêp mulih, wènèhana dhuwite.

Marjan ngulungakên arta tigang kêthip. Pak Kabul lajêng mantuk.

__________

II. Dados Gamêl.

Wanci surup surya biyang Kabul sampun tata nêdha, lajêng nêdha kalihan ingkang jalêr, Kabul ugi nyarêngi nêdha pisan. Bakda [Ba...]

--- 11 ---

[...kda] nêdha Kabul lajêng dipun kèn tilêm. Wanci watawis jam sanga dalu, Pak Kabul lajêng ngundang ingkang èstri, têmbungipun: Boknè Kabul, aku dak omong, rungokna.

Bok ênggih, ta, ajêng omong napa.

Wis têlung dina iki olèhku dodol sukêt dituku abdine daradana Pare. Esuk mau aku ngêtêri mrono manèh. Lho, kuwe, abdine sing jênênge Marjan, banjur nyêdhaki aku karo kăndha mangkene: kang, dika mêngke botên parêng mantuk kriyin, ajêng didangu bêndara wêdana.

O. Lah banjure pripun.

Aku banjur takon: ajêng dinapakake, ta, mas. Wangsulane abdi iya ora wêruh, mung didhawuhi karo daradana, aku ora olèh mulih. Ora suwe daradana watuk-watuk ana ing buriku rada adoh. Kagètku ora karu-karuwan, upama dagingku diirisa ngono ora mêtu gêtihe satètès. Barêng daradana andangu marang aku: man, kowe tukang ngarit. Kowe wêruha kiraku gumuyu. Olèhku mangsuli saka gugupku: kul, kul, kula botên ngarit dhatêng wana tutupan, dara. Barêng daradana mirêng aturku gugup kuwi, kiraku iya sêtêngah gumujêng, tandhane banjur dhawuh: man, aja wêdi-wêdi, aku ora [o...]

--- 12 ---

[...ra] bakal gawe prakara marang kowe. Wah, olèhku mak plong, kaya ilang klilipku sakêpêl.

Ingkang èstri mirêngakên cariyosipun ingkang jalêr gumujêng kalihan pitakèn: Têruse pripun, pakne.

Pak Kabul lajêng cariyos malih: Satêmêne, aku didhawuhi dadi gamêl, dibayar sasèn, sêsasi sangang rispis. Jalaran gamêle sing dhisik, barêng jaran sing diopèni kuwi lara nganti kuru bangêt, dhèwèke banjur nyuwun pamit mêtu. Dadi sajroning têlung dina iki durung ana sing ngopèni jarane, jaran mau jênênge si luhur. Malah mau dhawuhe daradana marang aku, besuk yèn si luhur dak opèni bisa waras, bisa lêmu kaya biyèn-biyèn, aku bakal diparingi ganjaran.

Ingkang èstri pitakèn: Lah wau dika ênggih êmpun purun, pakne.

Ingkang jalêr mangsuli: Durung, aku mau matur marang daradana, isih pawadan tarèn marang kowe. Lah saka timbangamu kêpriye, dilakoni apa ora.

Ngotên mawon dika niku kok tarèn kula, kula rak botên nglakoni, sesa-sesa ontên dika sing ajêng nglakoni, purun napa botên.

Kowe kuwi dak ajak timbangan. Yèn wis kadhung saguh, aku [a...]

--- 13 ---

[...ku] mêsthi ora tămpa dhuwit sabên dina, awit bayare sasèn, gèk sing dipangan apa, măngka kowe ora bisa golèk, aku banjur kok uring-uring.

Ênggih, ta, pakne, prakara dika susah olèhe pados têdha sadintêne niku gampil, ênggih nrima saontên-ontêne, idhêp-idhêp kalih nglakoni.

Kênthêling rêmbag, biyang Kabul sampun sarujuk, ingkang jalêr dados gamêl. Ing wanci enjing Pak Kabul sampun bidhal, lajêng anjujug ing gêdhogan, kapal dipun tuntun dipun guyang dhatêng lèpèn, bakda kaguyang lajêng dipun jampèni, dipun kêrok, kalih dintên sapisan kapal dipun idak-idak gêgêripun. Pak Kabul dados gamêl botên ngêmungakên ngopèni kapal kemawon, manawi sampun rampung padamêlanipun piyambak, purun ngisèni jêdhing, nyapu ing latar, utawi rêsik-rêsik ing kêbonan. Sarêng dados gamêl watawis sawulan, manawi mlêbêt kadhawuhan mampir dhatêng hotèl mêndhêt susu kalihan daging. Botên ngantos gangsal wulan luhur dipun opèni dening Pak Kabul, badanipun sampun katingal lêma, pulih kados wau-waunipun. Bêndara wêdana sarêng priksa titihanipun sampun saras tur mindhak lêma, punapa malih manawi dipun undang: luhur, luhur, kapal lajêng glodhagan ambêngingèh nêdha mêdal saking gêdhogan, bingah sangêt. Saking bingahing [bingah...]

--- 14 ---

[...ing] panggalihipun, Pak Kabul lajêng dipun paringi indhakan balănja tigang rupiyah. Dados bayaripun Pak Kabul sapunika kalih wêlas rupiyah sawulan.

Kala samantên wadana ing Pare kinulawisudha, sinêngkakakên ing aluhur, kapindhah dados patih ing kitha Trênggalèk. Enggaling cariyos wadana lajêng pangkat dhatêng kitha Trênggalèk, malah Pak Kabul kadhawuhan andhèrèk nêrusakên dados gamêl. Ananging ing sarèhning Pak Kabul kawratan anak semahipun, mila inggih botên sagêd andhèrèk, bêndara patih paring dhawuh dhatêng Pak Kabul, ing têmbe wingking bokbilih wontên kasrakatipun, Pak Kabul botên sagêd ngupados têdha, kadhawuhan sowan dhatêng kitha Trênggalèk.

Pak Kabul sarêng sampun kèndêl anggènipun dados gamêl jalaran dipun tilar pindhah, salêbêtipun sawulan tansah thênguk-thênguk wontên ing griya kemawon, botên purun sade rumput malih, lajêng gadhah manah aras-arasên.

Anuju satunggiling dintên ingkang èstri pitakèn dhatêng ingkang jalêr sêmu muring-muring, têmbungipun: Kêpripun ta, pakne, sarêng êmpun kèndêl dados gamêl kok lajêng ontên griya mawon, napa botên sade rumput mêlih. Ênggih saniki taksih artane, yèn êmpun têlas, olèhe ajêng pados [pado...]

--- 15 ---

[...s] têng pundi. Napa pakne ngêndêlake olèh kula sadeyan niki. Napa cêkap ta, pakne.

Ingkang jalêr mirêng wicantênipun ingkang èstri makatên wau lajêng mangsuli: Gonku mênêng bae iki ora saka wêgah nyambut gawe, satêmêne isih mikir-mikir, pagaweyan kang arêp dak lakoni manèh, sanajan adola sukêt manèh bisaa mêsthi ana sing nuku, dadi ora adol mênyang pasar kaya sing uwis, ora ketang mung payu sakêthip utawa rong kêthip wis mêsthi dituku.

Ingkang èstri mirêng ingkang lajêr wicantên kados makatên lajêng mangsuli: Yèn ngotên ênggih sokur, kula kira ajêng botên purun nyambut damêl mêlih.

Sarêng sampun jam sêkawan sontên, Pak Kabul kesah saking griya prêlu badhe manggihi Gwan King, anèmêr daging ing hotèl Pare, inggih punika têpangan nalika piyambakipun dados gamêl rumiyin, jalaran asring dipun utus mêndhêt susu tuwin daging dhatêng hotèl. Sêdyaning manah badhe nêdha padamêlan dhatêng hotèl, awit upami dadosa jongos, inggih sampun mangrêtos dhatêng caranipun lêlados, utawi inggih sampun mangrêtos dhatêng unggah-ungguh. Saupami kapurih nyambut damêl kasar, inggih malah kêlêrêsan. Pak Kabul lajêng têrus dhatêng griyanipun Gwan King. Sarêng dumugi ing ngajêngan, kêlêrêsan, [kê...]

--- 16 ---

[...lêrêsan,] Gwan King wontên ing latar. Pak Kabul nyabawa: Kulanuwun, yuk.

Ana apa, pak.

Prêlu sowan mriki kemawon, yuk.

Ayo padha lungguh ing pandhapa kana.

Sowan kula mriki, yuk, manawi yuk dhangan ing panggalih, kula badhe nyuwun padamêlan, inggih saparinge.

Pagaweyan apa ta, pak, kowe rak gamêle tuwan wadana, ta, apa saiki wis mêtu.

Sampun mêdal, jalaran bêndara wêdana pindhah dhatêng kitha Trênggalèk. Kula inggih dipun dhawuhi andhèrèk, nanging kula botên purun, yuk.

Sing kok jaluk pagaweyan apa, apa jongos, apa tukang kêbon, apa tukang ngarit.

Inggih saparingipun, yuk. Manawi kaparêng kula nyuwun dados tukang ngarit kemawon.

Kowe biyèn dadi gamêl dibayar pira, ta.

Dipun prêsèni sangang rupiyah sawulan, yuk.

Wah, wis akèh, pak. Kiraku kowe manawa dadi tukang ngêritake sapi kang arêp disêmbêlèh ora kuwat, jalaran sadina tadhahe sukêt sacikar. Upama kowe adol pikulan bae, kapriye. Sapikul dak tuku limalas [lima...]

--- 17 ---

[...las] sèn, dadi upama kowe bisa ngaritake têlung pikul, iya dak tuku limalas sèn ping têlu.

Kok namung gangsal wêlas sèn, ta, yuk. Tiyang awis rumput ngatên, bok inggih sêtangsul.

Ora bisa. Mulane mung limalas sèn, jalaran sukêt pakan sapi iku beda karo sukêt pakan jaran. Yèn sukêt pakan jaran iku kudu milih, nanging yèn sukêt pakan sapi ora. malah têbon, rèndèng iya doyan. Iya apa ora.

Inggih, yuk, pancèn ngatên.

Yèn gêlêm, wiwit dina sesuk kowe nglêbonana sukêt, nanging sukête iku kudu dipriksa dhisik, apik apa ora, utawa manèh olèhmu mikul iku lumrahe bobot sapira. Manawa sukête dipakakake akèh rapène, bêsuk têkan bayaran iya disuda bayare. Nyambut gawe ana ing hotèl, iku apa bae dicathêti ana ing buku.

Dados kula wiwit dintên benjing enjing tumapak nyambut damêl.

Iya, manawa kowe gêlêm rêga limalas sèn sêpikul.

Sarèhning sampun jam nêm sontên, Pak Kabul lajêng pamit mantuk.

__________

--- 18 ---

III. Nyambutdamêl wontên ing Hotèl.

Wiwit tumapak nyambutdamêl kapisanan Pak Kabul sagêd ngêtêri rumput tigang rêmbat, dene akalipun botên purun ngarit piyambak, tumbas rumput mirah-mirahan, lajêng dipun dandosi, dipun tata sae, bêntelan dipun samèkakên agêngipun. Manawi kalêrês pêkênan kewan, nglêmpakakên rapèn wontên ing pêkên. Ingkang èstri kalihan sade wedang ugi sagêd nyambi nglêmpakakên rapèn. Kadhang-kadhang lêmbu ingkang kasade sawêg dipun têdhani sabêntèl, sampun pajêng, lajêng kasêsa kabêkta mantuk dening ingkang tumbas. Tirahanipun rumput prasasat taksih wêtah, punika enggal dipun kukubi. Wontên ing pêkên ngriku Pak Kabul kalihan nyambi mirêng-mirêngakên wicantênipun blantik lêmbu, tuwin anênitèni wujud saha ulêsing lêmbu ingkang badhe kasade dhatêng hotèl wau. Kados makatên lêlampahanipun Pak Kabul sabên dintên pêkênan kewan, dalah rêginipun ugi dipun apalakên.

Dilalah yèn tiyang badhe mulya botên kirang margi, Pak Kabul badhe agêng kabêgjanipun.

Anuju ing satunggiling dintên, Gwan King tumbas lêmbu saking blantik, kathahipun sadasa. Sarêng lêmbu sawêg sami dipun lêbêtakên ing kandhang, blantik mantuk, Pak Kabul dhatêng ngêtêrakên rumput.

--- 19 ---

Gwan King lajêng wicantên dhatêng Pak Kabul, têmbungipun: Ayo, pak, sukête enggal pakakna kene, sapine sêlak luwe.

Pak Kabul mangsuli: Inggih. Saha sarêng rumput sampun dipun têdhakakên lêmbu sadaya, lajêng pitakèn dhatêng Gwan King, têmbungipun: Kathah sangêt, yuk, anggènipun tumbas lêmbu.

Akèh kapriye, ta, pak, iki mung olèh sathithik, adate rong puluh utawa sêlawe, iki mau pinuju larang sapi, ora ana wong kang adol. Sesuk mêsthi ana blantik kang ngêtêri manèh.

Awis punika, rêgi pintên satunggal-satunggalipun.

Mara badhenên, siji-sijine rêga mira.

Pak Kabul sarèhning kala wau wontên ing pêkên sampun mirêng rêraosanipun blantik, lajêng wicantên dhatêng Gwan King: Cobi, gih, yuk, kula bêdhenipun.

Pak Kabul nudingi lêmbu satunggal-satunggal kalihan wicantên makatên: Niki rêgi 27, niki 30, niki 29.50, niki 32, niki 35, niki 28, niki 37.50, niki 40, niki 25, niki 30 rupiyah.

Gwan King mirêngakên kalihan ambikak buku. Lêmbu sadasa ingkang botên cocog namung kalih, ingkang sami ulêsipun, jalaran sami cêmêngipun, namung klinta-klintu, mêsthinipun ingkang agêng [a...]

--- 20 ---

[...gêng] rêgi 27 rupiyah, dipun badhe rêgi 30 rupiyah, ingkang alit rêgi 30 rupiyah, dipun badhe rêgi 27 rupiyah.

Gwan King lajêng wicantên dhatêng Pak Kabul: Pak, kowe kok pintêr, bisa kêplok (cocog) rêgane siji-sijine.

Punapa inggih, yuk.

Oraa cocog kae kowe pancèn golongane wong mangrêti. Besuk Wage ngarêp iki upama kowe dak kongkon golèk sapi apa iya saguh.

Kula punika andhèrèk kemawon, yuk, ugêr yuk prêcados.

Ora prêcaya iku genea. Iya anggawa dhuwit sathithik bae kanggo jajal-jajal. Upama kowe anggawa dhuwit satus rupiyah apa ora bingung.

Kintên kula inggih botên, yuk. Rumiyin kula dipun utus bêndara wêdana maringakên arta tigang atus dhatêng ing Krêtasana, dumugi ngrika inggih taksih wêtah.

Iya, pak, yèn mêngkono besuk pasaran Wage, esuk-esuk kowe mrenea, dak kongkon mênyang pasar.

Sarêng sampun pêkênan Wage, jam nêm enjing Pak Kabul sampun dhatêng ing hotèl prêlu nyadhong yatra. Gwan King sumêrêp lajêng pitakèn: O, kowe, pak.

Inggih, yuk.

--- 21 ---

Kowe dak gawani dhuwit 150 rupiyah, iku olèhna sapi lima, dadi racak-racake rêga nêlung puluh rupiyah. Kowe rak wis mangrêti, ta. Sapi sing kudu dituku iku pêdhèt gêmaron, aja sapi sing tuwa, sabab daginge kothot. Mêngko manawa kurang sathithik bae, sing duwe sapi ajakên têka mrene bae.

Inggih, yuk.

Iki lho, dhuwite etungên, ganêp apa ora, satus sèkêt.

Pak Kabul ngetang yatra lajêng mangsuli: Sampun jangkêp, yuk.

Wis ta budhala.

Inggih. Pak Kabul têrus bidhal, dumugi ing pêkên dèrèng kathah tiyang, lajêng manggihi ingkang èstri dhatêng padhasaranipun anggèning sade wedang. Ingkang èstri sumêrêp ingkang jalêr ambêkta buntêlan motol-motol lajêng pitakèn, têmbungipun: Sing dipêthuk bapakne motol-motol niku napa.

Wangsulanipun: Karang (karuwan) dhuwit ngene, apa. Aku dikon tuku sapi karo tuwan hotèl.

Ngatos-atos, pakne, mêngke diutil tiyang, dhuwite.

Botên watawis dangu tiyang-tiyang ingkang sade lêmbu saking padhusunan sami dhatêng. Pak Kabul lajêng ngawis têrus kêdadosan, pikantuk [pika...]

--- 22 ---

[...ntuk] lêmbu ingkang sae-sae sakawan, sadaya rêgi satus wolulas rupiyah. Lêmbu wau sadèrèngipun kabêkta mantuk, wontên blantik ingkang purun numbas 128 rupiyah. Ananging pikiranipun Pak Kabul, tinimbang dipun sukakakên dhatêng blantik, aluwung pangawisipun blantik kangge ngrêgèni dhatêng Gwan King, dados racak-racak lêmbu satunggal rêgi 32 rupiyah, lêmbu 4 rêgi 128 rupiyah. Yatra taksih tirah 22 rupiyah, sagêd bathi 10 rupiyah. Lêmbu lajêng katuntun mantuk dhatêng hotèl. Gwan King sumêrêp Pak Kabul nuntun lêmbu, lajêng ngajak tuwan sindêr mriksa lêmbu wau. Gwan King wicantên: Iki rêga pira, pak.

Pak kabul mangsuli: Sêkawan rêgi 128 rupiyah, yuk. Yatra taksih tirah 22 rupiyah, punika. Kalihan nyukakakên yatra.

Timbanganipun tuwan sindêr hotèl lan Gwan King inggih sampun anyêkapi, lêmbu lajêng kapurih nglêbêtakên kandhang. Botên antawis dangu lajêng wontên blantik nuntun lêmbu sakawan. Gwan King takèn: Sapimu iki bok rêgani pira, pak.

Blantik mangsuli: Sêkawan punika sampeyan pundhut 160 rupiyah, bah antèn.

Gwan King wicantên: Dadi mira, pak.

Inggih sumăngga mawon, bah antèn, sampeyan petang piyambak.

--- 23 ---

Dak nyange, ya, papat pisan dak tuku 120 rupiyah.

Botên, bah antèn.

Lah, kowe anjaluk pira, pak.

Kula matur barès kemawon, kiranga sak sèn manawi botên 140 rupiyah, inggih kula bêkta wangsul.

Iya wis ta. Aku tuku loro bae 64 rupiyah.

Botên, bah antèn, yèn botên 70 rupiyah. Lêmbu lajêng katuntun wangsul.

Gawanên bali, pak, aku tuku loro bae.

Ingkang pundi, bah antèn.

Iki lho, sing abang, loro, lêbokna nyang kandhang pisan. Blantik wangsul saking kandhang lajêng dipun bayari 70 rupiyah.

Dhuwite titinên, mêngko ana sing ala.

Sampun sae sadaya, bah antèn. Kalihan lumampah mantuk.

Gwan King lajêng ngunandika: Lah kapriye olèhe tuku sapi Pak Kabul mau, têka bisa tuku murah, măngka padha gêdhene, nunggal dinane. Sapi siji bae wis kacèk rêga 3 rupiyah. Yèn mangkono ora susah tuku marang blantik, bêcik Pak Kabul bae dikongkon tuku sabên Wage.

Sarêng pêkênan Wage malih, Pak Kabul kados adat, jam nêm [nê...]

--- 24 ---

[...m] enjing sampun dhatêng hotêl prêlu nyadhong yatra.

Esuk-esuk wis têka, pak.

Inggih, yuk, mangke siyang sakêdhik kemawon lêmbu sampun dhumawah dhatêng blantik, lajêng mindhak awis.

Kowe mêngko tukua sapi sacukupe, hotèl kene iki sabên dina nyêmbêlèh sapi têlu, yèn cilik nganti papat. Dadi sabên pêndhak Wage kudu duwe sêdhiyan sapi 3x6 iya iku sapi 18. Mulane kowe anggawaa dhuwit kira-kira bisa olèh sapi 15, sokur bage bisa luwih samono. Mêngko yèn olèh, sing nuntun buruhna bae.

Pak Kabul lajêng pitakèn: Waunipun ingkang tumbas lêmbu sintên, yuk.

Maune iya aku dhewe, ananging mung tukuku marang blantik bae.

Sampun siyang, yuk, sapunika kula dipun bêktani yatra pintên.

Iki lho, wis dak etung ana meja 450 rupiyah, dêlêngên manèh ta, mêngko ana sing kurang.

Pak Kabul ningali yatra kalihan ngetang jèjèranipun rupiyah kalihan tumpukanipun yatra krêtas, kaetang sampun jangkêp, 450 rupiyah, lajêng dipun rakup dipun buntêl kacu têrus mangkat kesah, dumugi ing pêkên, pêkênipun sampun rame, lajêng

--- 25 ---

tumbas lêmbu ingkang sae tur ênèm, angsal lêmbu tiga wêlas, etangipun yatra têlas 377 rupiyah rêgining panumbasipun, ananging badhe kadamêl rêgi 403 rupiyah, dados piyambakipun sagêd angsal bathi 26 rupiyah. Lêmbu lajêng katuntun mantuk dipun bêrahakên tiyang kalih, dene Pak Kabul lumampah wontên wingking kemawon. Sarêng sampun dumugi ing hotèl, Gwan King lajêng pitakèn: Olèh sapi pira, pak.

Pak Kabul mangsuli: Sadaya angsal lêmbu tiga wêlas, yuk. Dene têlasipun yatra sadaya 403 rupiyah, kajawi bêrahanipun tiyang ingkang nuntun sarupiyah. Yatranipun kantun punika 46 rupiyah.

Gwan King lan tuwan sindêr inggih sampun mupakat rêgi samantên, lajêng nyukani pituwas dhatêng Pak Kabul kalih rupiyah.

Salêbêtipun dados blantik, Pak Kabul sampun gadhah celengan yatra kirang langkung gangsal atusan, ananging babar pisan botên ngêtawisi.

Sarêng sampun ngancik wulan Mèi, pabrik-pabrit[1] sami badhe giling, utawi tiyang-tiyang ing dhusun sampun wancinipun panèn pantun, mila rêginipun lêmbu ing pêkên Pare lajêng awis kemawon tinimbang waunipun. Ananging Pak Kabul inggih lajêng gadhah pikiran sumêdya tumbas dhatêng sanès panggenan, malah sampun angsal pawartos manawi ing Bangil rêginipun lêmbu radi mirah [mi...]

--- 26 ---

[...rah] tinimbang kalihan ing pêkên Pare. Pak Kabul lajêng cariyos dhatêng Gwan King nêdha yatra 600 rupiyah, badhe tumbas lêmbu dhatêng ing Bangil. Sasampunipun tampi yatra 600 rupiyah, Pak Kabul lajêng numpak oto bis dhatêng ing Bangil. Dumugi ing ngriku sumêrêp bilih pawartos wau dora, malah ing ngriku rêginipun lêmbu langkung awis tinimbang ing Pare. Wusana angsal wartos malih manawi ing kitha Malang rêginipun lêmbu mirah, Pak Kabul lajêng têrus dhatêng kitha Malang. Sadumuginipun ing ngriku Pak Kabul kêpêksa nyipêng. Pangangkahipun badhe nyatakakên, jalaran benjing enjing pinuju pêkênan.

Wanci jam satêngah wolu dalu Pak Kabul lumampah wontên sangajêngipun toko badhe pados pasipêngan, dumadakan lajêng kêpanggih kalihan Dyan Sing, ugi sawêg mlampah-mlampah kalihan kancanipun. Dyan Sing punika griyanipun ing kitha Malang ngriku, ananging sampun asring sipêng wontên ing hotèl Pare, mila kalihan Pak Kabul sampun têpang sae sangêt. Sarêng Dyan Sing sumêrêp Pak Kabul lumampah piyambakan, lajêng pitakèn, têmbungipun: Kangmas kok piyambakan wontên ngriki dalu-dalu.

Pak Kabul mangsuli: Lho, sampeyan, yuk. Pundi toko sampeyan.

--- 27 ---

Toko kula kidul nika, êmpun kula tutup. Kangmas badhe dhatêng pundi.

Pak Kabul lajêng cariyos manawi badhe tumbas lêmbu dhatêng pêkên ngriki, wartosipun mirah.

Dyan Sing nyambêti: Sampeyan kenging bujuk, kangmas, malah ing ngriki punika rêginipun lêmbu awis sangêt, jalaran tangsi niku yèn nyêmbêlèh sadintên ngantos sadasa.

Sadangunipun sami wicantênan kalihan ngadêg, sukunipun Dyan Sing anjapit kêmpolipun Tansi Ho, suka sasmita manawi Pak Kabul punika dagang kewan. Dyan Sing wicantên kalihan Tansi Ho cara Mlayu, makatên: Ini orang sêdhikitnya cêjing.

Tansi Ho mangsuli: Owe, koh.

Pak Kabul badhe dipun bujuk alus, ananging piyambakipun botên nglêgewa. Dyan Sing lajêng pitakèn malih: Sampeyan mangke badhe nyipêng pundi, kangmas.

Dèrèng angsal, yuk, bokmanawi mangke inggih dhatêng hotèl kemawon.

Dyan Sing lajêng wicantên: Măngga, kangmas, tumut kula mriki.

Pak Kabul inggih tumut, lumampah mêdal margi ingkang pêtêng, lajêng lumêbêt ing griya gêdhong, punika griya Kong Kwan, panggenan main bakaran. Ing ngriku sampun rame main agêng-agêngan. Sarêng sampun sami linggih, botên antawis dangu [da...]

--- 28 ---

[...ngu] Dyan Sing lajêng nyêpêng krêtu, wicantên dhatêng Pak Kabul makatên: Măngga, kangmas, sami main ngriki, alit-alitan kemawon.

Pak Kabul mangsuli: Kula botên sagêd main, yuk.

Măngsa, ah.

Inggih, yuk, saèstu.

Botên antawis dangu lajêng wontên Cina dhatêng saking Jêmbêr satunggal, saking Surabaya kalih, sami linggih nunggil meja ngriku, jangkêp sakawan lajêng dados.

Ananging kawuningana, sarèhning Dyan Sing kalihan Tansi Ho wau niyatipun namung badhe ngarah yatranipun Pak Kabul kemawon, wusana Pak Kabul botên purun, măngka sampun kadhung nantang, lajêng angsal mêngsah Cina botoh ingkang saking Jêmbêr kalihan saking Surabaya, manahipun Dyan Sing miris, jalaran yatranipun namung sakêdhik, lajêng wicantên dhatêng Pak Kabul makatên: Kangmas, măngga pun (bathon).

Pak Kabul sarèhning kirang mangrêtos lajêng anggrayahi wadhah yatra mêndhêt krêtas èkêtan satunggal lêmbar, dipun ulungakên dhatêng Dyan Sing. Dyan Sing sarêng nampèni yatra wau, mungêl makatên: Kurang, kangmas, mêngke kangmas rak mirsa piyambak. Pak Kabul lajêng mêndhêt yatra malih sèkêt, dipun sukakakên dhatêng Dyan Sing. Dyan Sing lajêng kèndêl, botên mungêl punapa-punapa. [punapa-puna...]

--- 29 ---

[...pa.] Pak Kabul linggih wontên sawingkingipun Dyang Sing cakêt, dene kiwanipun Tansi Ho. Pak Kabul namung ngawasakên patrapipun main bakaran kadospundi. Sarèhning ing ngriku têtêmbunganipun sadaya ngangge basa Cina, mila sadangunipun ningali inggih namung kèndêl kemawon.

Sarêng Dyan Sing kêlêrês dados bandar, krêtunipun gêsang, pijêr narik kemawon. Salêbêtipun ningali, Pak Kabul gadhah gagasan makatên: Jare mau pun, wong têlu nyatus, sing mêtu lagi aku dhewe satus, măngka dhuwit iki kira-kira wis dadi 2000 rupiyah, apa Si Dyan Sing mau dununge utang dhuwit aku 100 rupiyah, apa kapriye. Cina kae mau wudhu mung muni: ling, cêpèk, iki mau wudhu iya mung muni: ling, gacap, nganti rambah ping pindho. Barêng krêtune kalah, ora bayar, barêng Dyan Sing dhewe wudhu mung muni: ling, jiga, krêtune kalah, dhèwèke ambayar krêtas salawe rupiyah. Upama mêngko Dyan Sing kalah êntèk dhuwite kang ana ngarêpan iku, gèk anjaluk aku manèh. Upama têrus mênang, dhuwitku satus rupiyah iya mung dibalèkake satus rupiyah, dadi aku iki wis karipan tur sayah ora olèh-olèhan, enake mumpung Dyan Sing isih mênang aku dak reka-reka arip.

Pak Kabul lajêng anjawil Dyan Sing sarta wicantên: Yuk, kula sampun arip badhe dhatêng pondhokan.

--- 30 ---

Dyan Sing mangsuli, têmbungipun: Mangke rumiyin, kangmas, sawêg jam 12. Bandar lajêng gantos. Dyan Sing wudhu, krêtunipun inggih taksih têrus gêsang, ngantos sagêd byor rambah kaping gangsal. Dèrèng têlas sabandaran sampun bibar, yatranipun Dyan Sing sadaya kaetang wontên 3000 rupiyah langkung sakêdhik, sanèsipun ingkang wontên sambutan kalih atus, ananging botên dipun cariyosakên dhatêng Pak Kabul. Yatra wau lajêng dipun bage tiga: Pak Kabul 1000 rupiyah, Dyan Sing 1000 rupiyah, Tansi Ho 1000 rupiyah. Langkunganipun botên dipun etang, lajêng dipun lêbêtakên ing kanthongan kalihan mungêl makatên: Iki sêdhiyan motore kangmas.

Pak Kabul sarêng badhe ngrakup yatra 1000 rupiyah kamitênggêngên, nanging sinamudana: Kula kok sampun gliyêr-gliyêr ngantuk, yuk.

Dyan Sing nyambêti: Kangmas manawi arip saèstu benjing enjing botên susah tumbas lêmbu, ing ngriki awis saèstu, prayogi wangsul kemawon dhatêng Pare, sapunika sawêg jam satêngah kalih, măngga kula padosakên motor.

Dyan Sing lajêng ngundang sopir motor kapurih ngêtêrakên Pak Kabul dhatêng Pare. Jam gangsal enjing Pak Kabul sampun dumugi ing Pare, anjujug griyanipun piyambak, têrus mapan tilêm sarta [sar...]

--- 31 ---

[...ta] wicantên dhatêng ingkang èstri makatên: Bokne Kabul, kowe mêngko ora susah dodol wedang, utawa manèh aja lunga-lunga saka ngomah, aku dak turu, mêngko yèn wis bar bêdhug aku gugahên.

Ingkang èstri mangsuli: Ênggih.

Sarêng sampun wanci lingsir Pak Kabul saèstu dipun gugah, tangi lajêng bidhal dhatêng hotèl. Gwan King sumêrêp Pak Kabul dhatêng lajêng pitakèn, têmbungipun: Olèh sapi pira, pak, kowe.

Wangsulanipun Pak Kabul: Ngaturakên sèwu kalêpatan, yuk, sapintên kalêpatan kula nyuwun pangapuntên.

Genea, ta, apa dhuwitmu diutil uwong.

Inggih botên, yuk, ananging anggèn kula ngupados lêmbu dhatêng Bangil botên angsal, jalaran ing ngrika langkung awis tinimbang pêkên ngriki. Kula lajêng têrus dhatêng kitha Malang, ing ngrika sangsaya awis sangêt. Dene wontên bêgjanipun sakêdhik, kula wontên ing kitha Malang main bakaran sagêd mimpang 900 rupiyah. Gwan King mirêng wicantênipun Pak Kabul kados makatên wau kagèt, lajêng pitakèn: Ah, apa iya. Coba êndi dak dêlênge, dhuwite, apa têmênan. Mêngko kowe goroh. Pak.

Pak Kabul lajêng mêndhêt wadhah yatra, kaetang kalihan wicantên:

--- 32 ---

punika ingkang 600 rupiyah yatra saking griya taksih wêtah, punika ingkang 900 rupiyah yatra mimpangan, yuk.

Gwan King wicantên: Pak, besuk manèh yèn kowe anggawa dhuwit arêp kanggo tuku sapi ora kêna main bakaran. Iya yèn pinuju mênang, manawa kalah, kapriye, utawa manèh main bakaran iku dadi larangane pulisi, upama dhong kowe main banjur dicêkêl pulisi, iku sakabèhing dhuwit kang bok kandhut iya banjur dirampas, ora prêduli dhuwite sapa. Iya bênêr bakal dibalèkake manèh, nanging ngêntèni putusan rol. Sing mêsthi didhêndha. Mulane kowe yèn isih kêpengin nyambutgawe ana kene aja pisan-pisan main bakaran, utawa manèh kowe ora prêlu tuku sapi marang liya panggonan, bêcik tukua ing pasar kene bae. Yèn măngsa larang iya mèlu tuku larang, dhong murah iya tuku murah. Ing ngêndi-êndi nagara manawa pinuju sasi Mèi, pabrik-pabrik gula iya padha bae wiwit anggiling, ora mung kene bae.

Pak Kabul mirêng pituturipun Gwan King kathah-kathah, lajêng wicantên: Inggih, yuk, ingkang sampun inggih sampun, ing têmbe wingking badhe kula emut-emut, yuk.

__________

--- 33 ---

IV. Badhe Wayuh.

Pak Kabul sarêng angsal pitungkasipun anèmêr daging botên kenging tumbas lêmbu dhatêng panggenan sanès, sanajan rêginipun lêmbu awis, botên badhe adamêl kapitunanipun Pak Kabul, awit namung băndha abab, malah sangsaya kêndêl pamêndhêtipun untung. Waunipun lêmbu satunggal radin-radin namung mêndhêt untung 2 rupiyah, punika sampun radi ajrih, ananging sarêng nuju awis lêmbu, lêmbu satunggal sagêd mêndhêt untung 3 rupiyah, măngka sabên Wage sakêdhikipun angsal lêmbu kalih wêlas, dados petanganipun sawulan Pak Kabul sagêd untung 150 rupiyah.

Kaloking tiyang ing dhusun Pulosari ngriku, Pak Kabul ngupados kasugihan (setan). Para mitra karuhipun manawi pinanggih kalihan Pak Kabul kathah ingkang sami pangling, jalaran waunipun namung mangangge: kathokan, sabuk sinjang, capilan, sapunika: sinjangan wiron, tur ngangge japitan, ngangge jas palêmbit, udhêngipun blangkon cara Ngayogya, tudhung pêthak, ngangge jam sarta rante êmas, bandhulipun ringgit êmas, ngangge kaca mripat, sandhalan. Sabên sontên mêsthi mlampah piyambakan, sarta mèh sabên dalu ningali gambar hidhup.

Botên antawis dangu Pak Kabul kados kenging sambang liring guna dhêsthi, [dhê...]

--- 34 ---

[...sthi,] cinampur ing rokok utawi têtêdhan. Manawi wontên ing griya manahipun kraos sêdhih. Yèn sumêrêp ingkang èstri kêdah muring-muring, punapa malih manawi mirêng Kabul sinau maos têmbung Walandi, rumaos kêbrêbêgên, lajêng nyêntak. Pak Kabul upami tiyanga sakit, sampun sangêt. Sanajan dipun jampèni, jampi ingkang raosipun lêgi, rumaosipun inggih pait. Wusana Pak Kabul kawêdal rêmbagipun dhatêng ingkang èstri makatên: Bokne, aku dak omong rungokna.

Ingkang èstri mangsuli: Bok ênggih, ta, pakne, ajêng crita napa.

Mungguh anggonku jêjodhoan karo kowe iku iya wis sênêng, paribasane: wiwit abang nganti tumêkane gêrang ora tau tukaran utawa prêngutan, apa manèh saiki saka palaling Pangeran pinaringan rêjêki kang rada mèmpêr, ananging ana cacade sathithik, kowe têka banjur ora duwe-duwe anak manèh. Uwis lawas olèhku kêpengin duwe anak manèh, nanging tanpa wusana. Lah sarèhning aku kêpengin bangêt duwe anak wadon, mulane manawa kowe rujuk, aku dak golèk êmbok ênom, ya, dak rabi manèh.

Ingkang èstri sarêng mirêng têmbung makatên wau, lajêng ngadêg nyat murugi [muru...]

--- 35 ---

[...gi] ingkang jalêr sarta ngoyog-oyog gêgêripun: Pakne, pakne, dika nglilir, wong taksih sore ngètên kok êmpun nglindur. Dika wau napa ngombe arak ontên hotèl. Dika tangi, ta, pakne.

Ingkang jalêr mangsuli: Ah, aku iki ora ngimpi. Ana wong diajak caturan durung tutug wis kêliru tămpa. Rungokna, ta, dhisik. Kowe iku bakal dak kêpenakake awakmu, jalaran anggone nglakoni kêlara-lara wis suwe. Rèhning saiki wis rada karêjêkèn, kowe karia ngapenakake awakmu, mangan turu bae, ora susah milu nyambutgawe, bok ênom kang nyambutgawe. Dene pêkarangan kang diênggoni iki diêdol, banjur ditukokake manèh ana ing Pare, sakidule kantor pos, ngarêpake ratan gêdhe, banjur bukak toko ana ing kono. Bok ênom kang ngadhêp tokone, kowe mung kari ngawat-awati bae, utawa sênêng-sênêng wong loro, iba ta bungahe atimu.

Ingkang èstri nyambêti sêmu sêngol: Sing dika critakake saniki-niki mung ngenakake awak kula, pamrihe kula kajênge nurut. Botên mangrêti yèn tiyang diwayuh niku sabên dina atine kaya dinyonyoki mawa bathok. Bok ênggih dika nurut kula mawon. Botên susah wayuh, [wa...]

[36]

[...yuh,] saniki sami nrimah. Prakara olèh kula lajêng botên gadhah anak mêlih niki, kula botên kuwasa, ênggih nrima karsane sing gawe urip. Yèn lêrêse pakne niku ênggih êmpun nrimah ngopèni thole niku mawon. Măngka si thole saniki sêkolahe êmpun klas pitu, dados mèh mêdal. Upamine êmpun mêdal saking H.I.S. partikulir Marditrêsna ing Pare, ajêng nêrusake sêkolah malih napa ajêng botên diragadi.

Prakara sêkolahe Si Kabul, kowe ora susah milu-milu mikir. Malah karêpku yèn wis mêtu saka H.I.S. Marditrêsna bakal dak lêbokake ing Mulo Malang. Nanging prakara bakal gonku wayuh bae kowe kêpriye.

Cêkake yèn dika ajêng rabi malih kula ênggih nyarah mawon, mung mawon kula ênggih nêdha napa mêsthine (pêgat), si thole mawon kula bêkta, kula botên angsal yèn ditumutake êmbok kuwalon. Sak pangan-pangane ajêng kula opèni kiyambak. Kula ajaka bêburuh lare êmpun agêng. Dene griya yèn ajêng dika sade ênggih sakarêp sampeyan. Yèn siti pêkarangan ajêng dika sade kula botên olèh, sêbab siti niki tilarane si nyai.

Ingkang jalêr sarêng mirêng wicantênipun ingkang èstri kados makatên [makatê...]

--- 37 ---

[...n,] lajêng muring-muring, têmbungipun: Kowe iku wong wadon, ora wêruh dadi wadon. Kowe rak dak tari alus-alusan bae, têka banjur dadi rame. Kowe iku wong wadon, kêmrubyuk kabotan tapih. Yèn pancèn karêpmu kaya mêngkono, ambok mumbul-mumbula kaya kinjêng tangis, kopat-kapita kaya ula tapak angin, mêsthi dak cuthat kaya cacing saka pêkarangan kene. Sapa sing wêruh yèn lêmah iki tinggalane kakèkmu, tandhane saiki unine pêthuk pajêg ana aku, ngrêti, kowe.

Biyang Kabul mirêng wicantênipun ingkang jalêr nyêntak-nyêntak, botên kraos wêdaling êluh, mangsulki[2] kalihan magêp-magêp: Kula niki botên ajêng mênthèng kèlèk, bapakne, utawi kula botên ajêng ngalang-alangi olèh dika ajêng rabi malih. Yèn kula ajêng dika wayuh, aluwung suka lila dipêjahana mawon, gèk botên kêdawan crita. Olèh kula nyangking tilarane si nyai niku, kajêng kula êmpun ngantos dika rabi malih diajak mulih mriki. Dene dika kolu, tega nyuthat kula kaya cacing saking griya ngriki, ênggih kula lakoni, Gusti Allah botên badhe kêsamaran. Si thole mawon mêksa kula ajak kesah sapurug-purug. Yèn diêmong êmbok kuwalon kula botên angsal.

Enggaling cariyos, Bok Kabul dalah anakipun wanci jam [ja...]

--- 38 ---

[...m] kalih dalu kesah saking ngriku, badhe kesah sapurug-purug, ananging tansah anggagas kadospundi sêkolahipun Kabul, mila inggih taksih mondhok-mondhok ing griyanipun tăngga têpalih ingkang suka dipun nunuti tilêm ing wanci dalu. Manawi siyang Bok Kabul kesah ngupados têdha. Pun Kabul sadintên kalih dintên inggih taksih purun lumêbêt sêkolah. Sarêng dumugi mangsanipun ambayar sêkolah, pun Kabul rumaos isin, jalaran anggènipun ambayar kasèp, mila lajêng nyuwun pamit mêdal, ananging tuwan guru botên anglilani, kêdah bapakipun piyambak ingkang nyuwunakên mêdal. Pun Kabul lajêng cariyos dhatêng êmbokipun, supados dhatêng sêkolahan. Bok Kabul inggih nuruti pakèning anakipun, lajêng sowan dhatêng dalêmipun tuwan guru, matur yèn nyuwunakên mêdal pun Kabul, jalaran botên sagêd ambayari sêkolah. Sadaya lêlampahanipun kaandharakên dhatêng tuwan guru. Tuwan guru sarêng mirêng aturipun Bok Kabul, kamiwêlasên, lajêng suka pitutur, rèhne Kabul punika katingal majêng, tur mêdalipun kirang nêm wulan, sanajana botên ambayar ugêr taksih purun malêbêt inggih kenging, awit tuwan guru badhe nyuwunakên bebasing bayaranipun dhatêng pakêmpalan Marditrêsna. Bilih panyuwunanipun botên dipun kabulakên, tuwan guru piyambak sagah ambayari salêbêtipun nêm wulan. Kathah-kathah

--- 39 ---

tuwan guru anggènipun mituturi dhatêng Bok Kabul, ananging Bok Kabul manahipun pugal, anakipun mêksa kasuwunakên mêdal, jalaran badhe kaajak kesah saking Pare, awit wontên ing ngriku sampun rumaos botên kadugi. Wusana tuwan guru saking wêlasipun lajêng suka sêrat sasuwèk supados kasukakna dhatêng Kabul, minăngka katrangan.

Bok Kabul lajêng kesah saking Pare. Lampahipun ngalèr ngetan runtung-runtung kalihan anakipun. Samargi-margi tansah adus luh, lampahipun mêdal ing padhusunan, nanging botên wontên ingkang dipun jujug, namung anut lampahing suku. Kabul tansah anglêlipur êmbokipun, sakêdhap sagêd lilih, ananging botên dangu inggih carocosan mêdal êluhipun malih.

__________

V. Badhe Rabi Malih.

Kacariyos Pak Kabul ingkang badhe suka-suka nuruti angkara murka, sarêng katilar kesah ingkang èstri dalah anakipun, babar pisan botên anggadhahi susah, malah saya bingah, awit rumaos badhe botên wontên ingkang ngalang-alangi sêdyanipun. Pak Kabul lajêng nakèkakên anakipun satunggiling tiyang ing dhusun Randhu Puthul. Tiyang sêpuhipun lare èstri ugi [u...]

--- 40 ---

[...gi] sampun anyondhongi, nanging sarêng mirêng bab lêlampahanipun Bok Kabul, dipun tegakakên dhatêng ingkang jalêr, măngka anggènipun jêjodhoan sampun lami tur sampun patutan, manahipun sumêlang, bilih benjing anakipun èstri inggih badhe dipun damêl makatên. Satêmah panêdhanipun Pak Kabul lajêng dipun wurungakên.

Pak Kabul anggènipun badhe rabi malih botên saèstu, wontên ing griya piyambakan rumaos botên kraos, lajêng rêpot dhatêng kêpala dhusun Pulosari, bilih pêkarangan sagriyanipun badhe kasade. Kêpala dhusun botên purun ngidini, jalaran pêkarangan wau warisan saking bapakipun tiyang èstri. Dados manawi pêkarangan wau badhe kasade, ingkang nyade kêdah tiyang sakloron. Sarêng Pak Kabul botên dipun wênangakên nyade pêkarangan, măngka wontên ing griya botên kraos, griya lajêng dipun suwungakên, ngupados sewan griya wontên ing Pare, ingkang rame. Kasusahanipun Pak Kabul tansah matumpa-tumpa, ewadene mêksa botên kêndhat, malah saya andadra, supe dhatêng purwanipun, namung tansah anguja kasênêngan kemawon, inggih punika: plêsir lan main krêtu. Mèh sabên dalu Pak Kabul main, malah asring kemawon ngantos ngêbyar, tumrap dhatêng padamêlanipun lajêng kirang titi, anggènipun tumbas lêmbu sapurun-purun ugêr

--- 41 ---

angsal, wusana katampik dening anèmêripun daging, kasade malih dhawah rugi. Dangu-dangu anèmêr daging Gwan King madosi sisik mêlikipun Pak Kabul ing bab lêlampahanipun. Sarêng sampun angsal pawartos, bilih Pak Kabul sapunika mèh sabên dalu purun main krêtu, Gwan King gadhah gagasan kirang pitados dhatêng Pak Kabul. Mumpung dèrèng kêlajêng ngangge yatra, langkung prayogi anggènipun nyambutdamêl dipun wêdalakên. Pak Kabul sarêng dipun kèndêli saking padamêlan, prasasat dhawah kalênggak, sawulan kalih wulan Pak Kabul taksih katingal gagah, jalaran yatranipun taksih kathah, ananging sèrèhning sumbêripun sampun mampêt, măngka taksih têrus ambucali yatra kemawon, dados botên ngantos satêngah taun barang panganggenipun sampun wiwit kasimpên ing kongsi. Sarêng panganggenipun sampun têlas, lajêng botên sagêd ambayar sewan griya, ngantos kalampahan dipun tundhung saking griya ngriku. Sarêng Pak Kabul sampun dados tiyang mlarat malih, sadaya pitêpanganipun main babar pisan botên wontên ingkang purun tulung, malah sêmu ngerang-erang. Wiwit punika Pak Kabul sawêg rumaos kenging sapu dhêndhaning Pangeran. Wontên ing Pare piyambakipun rumaos isin sangêt, lajêng mantuk dhatêng ing dhusun Pulosari. Sadumuginipun griya manahipun nratab sumêdhot kèngêtan dhatêng anakipun, punapa malih dhatêng bojonipun,

--- 42 ---

rumaos katingal agawang-gawangan, ningali salêbêting griya sampun risak botên kantên-kantênan, joganipun anjêmbrung, rumputipun têki sami thukul panjang-panjang wontên sangandhapipun ambèn. Galaring ambèn sami pêpês kêtrocohan, gêlaranipun sami bosok mêmêt katêdha ing rayap, têtuwuhan ing sajawinipun gêdhèg sami rumambat dhatêng gêndhèng. Pak Kabul tansah anutuh dhatêng badanipun piyambak, bêkah-bêkuh, gêrêng-gêrêng, jalaran saking judhêging manah. Ngantos tigang dintên tigang dalu prasasat botên sagêd tilêm, tansah gêrêng-gêrêng kemawon. Têtiyang ingkang sami langkung sacêlakipun ngriku sami ngintên bilih griya suwung punika dipun ênggèni mêmêdi, utawi kathah ingkang ngintên bilih Pak Kabul pêjah lajêng dados mêmêdi, botên purun kesah saking ngriku prêlu nênggani donyanipun. Malah wontên tiyang ingkang purun nyatakakên ing wanci dalu lumêbêt dhatêng pêkarangan ngriku, nanging rèhne korining griya dipun kancing saking nglêbêt, dados inggih namung wontên jawi kemawon. Sarêng mirêng bêkuh lan gêrêng-gêrêng inggih lajêng mlajêng, sarta cariyos dhatêng kănca-kancanipun yèn piyambakipun sampun anyatakakên, têtela bilih ingkang gêrêng-gêrêng punika mêmêdi. Pawartos ingkang kados makatên wau ngantos kêpirêng kêpala dhusun Pulosari. Sarêng kêpala dhusun mirêng pawartos ingkang kados makatên wau, lajêng prentah

--- 43 ---

dhatêng têtiyang ing dhusun ngriku, ambibrah griya ingkang suwung wau, supados mêmêdinipun kesah, botên adamêl ajrihipun para têtiyang ingkang sami langkung ing margi sacêlakipun ngriku. Têtiyang ingkang sami dipun prentahi ugi sagah, enjingipun griya badhe dipun rêbahakên.

Kocapa Pak Kabul ingkang gêrêng-gêrêng, wontên ing ngriku sampun andungkap pêndhak pêkênan, botên nêdha sarta botên sagêd tilêm. Kintên-kintên wanci jam gangsal enjing sawêg sagêd ngliyêp, lajêng rumaos supêna makatên: Pakne Kabul, Pakne Kabul, wis padhang iki lho, apa ora ngarit, kowe diarêp-arêp bêndara patih ing Trênggalèk. Enggal tangia, bapakne. Sarèhning piyambakipun pancèn kados dèrèng tilêm, suwara wau cêtha manawi ingkang èstri dhatêng. Saking bingahipun gregah tangi lajêng mêdal, wusana ing jawi ngriku botên wontên punapa-punapa. Sarèhning ing wêktu punika taksih rêpêt-rêpêt, dipun kintên umpêtan, lajêng dipun padosi dhatêng wingking griya, ananging botên pinanggih, botên wontên tiyang satunggil-tunggila, lajêng lumêbêt ing griya malih kalihan ngêntosi bok bilih ingkang èstri dhatêng saèstu. Saya padhang saya cêtha bilih ingkang èstri botên dhatêng, manahipun saya bingung botên kantên-kantênan, gagasanipun makatên: Upama aku têrus ana ngomah kene, rak ya

--- 44 ---

sida mati kalirên, ananging upama aku lunga, lunga mênyang ngêndi, lan manèh iki omah sapêkarangane kêpriye. Upama dak pasrahake tăngga kono, aku wis kadhung isin, upama aku bisa anulis, ninggali tulisan bae gampang. Ah, judhêg têmên rasane atiku iki.

Pak Kabul lajêng mêdal saking griya sumêdya kesah dhatêng kitha Trênggalèk. Lampahipun botên mêdal ing margi, mêdal sabin mangidul nrabas padhusunan, têrus ing Watês anjog ing Kêras.

__________

VI. Kêtula-tula.

Sarêng lampahipun Pak Kabul dumugi ing Ngujang, sawêg purun mêdal margi agêng, ngantos dumugi ing kitha Tulungagung. Sarèhning ing Tulungagung kathah marginipun prasakawanan, Pak Kabul lajêng pitakèn dhatêng satunggiling tiyang. Tiyang ingkang dipun pitakèni mangsuli, têmbungipun: Sakidul sêtatsiyun niku yèn ontên margi agêng prasakawanan, sampeyan menggok ngilèn anjog ing pêkên Paing. Saking Paing têrus dumugi krêtêg ing glêdhug rêca pênthung, kang.

Sarêng Pak Kabul dumugi margi prasêkawanan, bingung, mêsthinipun menggok ngilèn, dados mênggok ngidul, mila lajêng kêblasuk [kê...]

--- 45 ---

[...blasuk] dumugi Bayalangu. Saking Bayalangu têrus dumugi Campurdharat. Sadumuginipun ing ngriku sampun kasaput ing dalu. Pak Kabul lajêng pitakèn dhatêng satunggiling tiyang lumampah. Ingkang dipun takèni mangsuli cêkak aos: Trênggalèk taksih têbih sangêt, kang, sampeyan mlampah têrus ngilèn mawon.

Pak Kabul dumugi ing krêtêg sakilèn Campurdharat watawis mèh jam 8 dalu. Sarêng lampahipun dumugi ing bulak, pêtêngipun andhêdhêt jalaran mêndhung, saking gêbyaring lidhah sagêd nyumêrêpi bilih bulak punika wiyar sangêt. Badhe wangsul sampun têbih, badhe nêrusakên inggih taksih anglangut. Sakiwa têngêning bulak wau rawa. Lampahipun Pak Kabul tansah mandhêg mangu, kalihan mirêng-mirêngakên bokmanawi wontên suwaraning tiyang, ananging sêpên kemawon. Sarêng dumugi sacêlakipun wit asêm, wontên lidhah gumêbyar, Pak Kabul sumêrêp bilih ing sangandhaping wit wau wontên ayang-ayanganipun tiyang ngadêg anjêjêr botên ebah-ebah. Pak Kabul manahipun sampun ical, jalaran dipun kintên mêmêdi. Mlampah sajangkah kèndêl, kalihan ngêntosi gêbyaring lidhah malih. Sarêng antawis kantun tigang jangkah, wontên lidhah malih gumêbyar, tiyang ingkang ngadêg nolih, sumêrêp yèn ing wingkingipun wontên rêgêmêng-rêgêmênging tiyang lumampah. Tiyang ingkang ngadêg wicantên sora: Sapa lumaku bêngi-bêngi iki, arêp ngrundhuk, apa. Saking

--- 46 ---

kagètipun Pak Kabul lajêng dhawah mak gêdêbug: Adhuh mati aku. Tiyang ingkang ngadêg lajêng nyumêd tingipun, sarta nyoloki Pak Kabul, kalihan wicantên, têmbungipun: Kang, dika wau sêja awon, napa dospundi.

wangsulanipun Pak Kabul: O, alah, mas, kula niki tiyang têbih kêsasar dumugi ngriki.

têbih niku pundi, ta.

Kêdhiri, mas.

Ajêng têng pundi.

Kula ajêng têng kitha Trênggalèk, mas.'

O, dika niku kêsasar sing sangêt, kang. Măngga ta sami linggih ngriki.

Tiyang rawa pitakèn makatên: Kakang namane sintên.

Anggènipun nyêbut sadhèrèk kathah: Pak Kabul, mas. Sak wangsulipun sampeyan sintên.

Kula karan anak Pak Gêmi.

Sampeyan dalu-dalu têka ontên ngriki pados napa.

Kula niki pados ulam, masang bêngkêng niku.

Griya sampeyan pundi.

Griya kula ngrika, ing dhusun Gêdhangan kidul nika. Saking ngriki têbih sangêt.

Sempayan mangke napa nuntên mantuk ta, mas.

--- 47 ---

Botên, wong praune êmpun dibêkta mantuk tiyang sêtri, mantuk kula sesuk esuk mawon.

Yèn sampeyan botên mantuk, kula bok ênggih tumut kèndêl ontên ngandhap asêm ngriki. Criyose kitha Trênggalèk niku têsih têbih. Upami padhanga rêmbulan, kula ênggih têrus mlampah mawon, sarêng pêtêng kirang sakeca.

Bok ênggih ta, kang, janji trimah kados ngètên mawon. Dika kok botên nunggang oto bis mawon, mirah tur enggal.

Botên, mas, pancèn tekad kula mlampah mawon, jalaran kula botên sêsangon.

Tiyang rawa sarêng mirêng wicantênipun Pak Kabul saigar-igara botên sangu, lajêng gadhah pangintên yèn piyambakipun sadangunipun lumampah mêsthi botên jajan. Iba ngêlihipun lumampah têbih ngrika têbih ngriki ngantos sadintên muput botên jajan. Pak Gêmi gadhah kajêng badhe nyêgah, nanging punapa ingkang badhe kasêgahakên, jalaran sampun mèh têngah dalu, tur wontên têngahing bulak. Mila lajêng gadhah akal, lowung kangge jampi luwe. Pak Gêmi wicantên dhatêng anakipun: Min, apa kowe mau ora anggawa pancing.

Ora, pak. Pancingku kênure pêdhot.

Pak Gêmi lajêng anggrayahi rasukan pados kokot bênik badhe [ba...]

--- 48 ---

[...dhe] kadamêl pancing. Kokot wau lajêng kapêndhêt satunggal, dipun thuthuki mawi gigir arit kalandhêsan sela, sarta pitakèn dhatêng Pak Kabul, têmbungipun: Kang, maklum mawon ênggih, usus-ususe kakang napa.

Lawe, mas.

Krana Allah mawon, kang, kula sambute.

Bok ênggih, ta, mas.

Pak Kabul lajêng nguculi usus-usus, dipun sukakakên dhatêng Pak Gêmi. Pak Gêmi wicantên dhatêng anakipun: Min, kowe golèka prêcil.

Ora wani, pak.

Pak Gêmi lajêng ngakèn dhatêng Pak Kabul makatên: Kang, anake niku dika êtêrake pados prêcil, dika ambêkta ting, niki lho.

Pak Kabul lajêng ngêtêrakên Kêmin, ngupados prêcil, saha pitakèn: Prêcil iku arêp digawe apa, ta, le.

Kêmin mangsuli: Kirang priksa, bapak.

Pak Kabul sadangunipun ngêtêrakên pados prêcil gadhah gagasan makatên: Kolorku kathok dijaluk, banjur anake diêkon golèk prêcil, apa aku iki mêngko aprêp[3] disuguh bakaran prêcil.

Botên dangu Kêmin ngajak wangsul. Sarêng kapanggih kalihan bapakipun, [bapa...]

--- 49 ---

[...kipun,] bapakipun pitakèn: Olèh, Min.

Olèh têlu, pak.

Iya uwis, cêkêlana bae.

Pak Gêmi anggènipun damêl pancing sampun dados, ingkang kangge kênur usus-usus, tamparipun dipun alitakên supados mindhak panjang, dene ingkang kangge walêsan mêndhêt rajêging srumbung wit asêm ingkang sawêg katanêm, lajêng wicantên dhatêng anakipun: Min, êndi prêcile.

Kêmin ngulungakên prêcilipun satunggal. Pak Kabul tansah ngawasakên kemawon dhatêng patrap ingkang kados makatên punika. Siliting prêcil kacublus ing pancing kadosdene dipun jantur, ananging botên pêjah, taksih sagêd kroncalan. Pak Kabul lajêng pitakèn: Ngatêniku ajêng kangge napa, ta, mas.

Pak Gêmi mangsuli: Niki ajêng kula êngge mancing, êngga ta, mang tumut. Dika mangke ontên ngriki piyambakan botên wantun.

Tiyang tiga lajêng lumampah nuju dhatêng panggenaning ulam ingkang asring mungêl, klobak, klobak, ing têngahing lèpèn. Pak Gêmi lajêng nyêmplungakên pancingipun, nul, nul, nul, capluk, jêgrèg, gandhul, sarta wicantên makatên: Min, tinge cêdhakna kene, enggal.

Ulam dipun cêpêng lajêng dipun bêkuk, krêpês.

--- 50 ---

Kêmin pitakèn: Gêdhe, pak.

Sakentol.

Prêcil sampun pêjah lajêng kabucal, sarta nêdha prêcil malih dhatêng Kêmin. Pak Gêmi nyêmplungakên pancing kaping tiga inggih angsal ulam kutuk tiga sakentol-kentol. Pak Kabul lajêng pitakèn: Ngatên niku mancing napa, ta, mas.

Pak Gêmi mangsuli: Niki namine mancing jêgog, kang.

Sarêng sampun angsal ulam tiga lajêng wangsul dhatêng panggenanipun wau, ulamipun dipun blêbêd siti lêmpung waradin, kandêl tipisipun watawis satêngah nyari, lajêng dipun bakar, latunipun ngantos marab-marab. Sirêping latu ulam ingkang satunggal sampun katingal pating plêkah sitinipun, mratandhani bilih ulam wau sampun matêng, lajêng dipun pêndhêt saking bêdhiyan, dipun klèthèki lêmpungipun, sisiking ulam dalah kulitipun sami katut ing siti lêmpung, kantun dagingipun kemawon. Sirah lan êrinipun kapêndhêt lajêng kabucal.

Pak Gêmi wicantên: Êngga, kang, ulame êmpun matêng, dika têdha, kenging kangge tămba luwe.

Măngga ta, kalih sampeyan, mas.

Kula botên, êmpun tuwuk.

Pak Kabul lajêng nêdha piyambakan. Dèrèng têlas ulam satunggal raosing padharan sampun marêm. Pak Gêmi lajêng ngêntas [ngênta...]

--- 51 ---

[...s] ulam ingkang kalih wau, sarta wicantên makatên: Măngga, kang, dika têlasakên. Mangke yèn ngêlak dika ngombê têng lèpèn ngriku.

Pak Kabul anggènipun nêdha ulam namung têlas kalih tugêl, raosing padharan sampun tuwuk, tirahanipun lajêng dipun buntêl ron trate. Pak Gêmi wicantên: Kang, yèn botên têlas tirahane kenging kangge sangu sesuk esuk, ditêdha ontên margi. Dika sèlèh ing wit asêm ngriku.

Tiyang kalih lajêng sami mapan tilêm wontên sangandhapipun wit asêm, dene pun Kêmin sampun tilêm rumiyin. Pak Kabul tansah srikutan kemawon anggènipun nyablèki lêmut, plak, plèk. Pak Gêmi sampun tilêm ngorok sênggar-sênggur, sanajana dipun cakoti lêmut, botên kangge raos. Pak Kabul sadalu muput botên sagêd tilêm, namung tansah ngajêng-ajêng enggala padhang kemawon. Botên dangu Pak Kabul mirêng suwaranipun sawung kluruk, ananging cat kapirêng, cat botên, amratandhani bilih panggenan ngriku têbih saking padhusunan. Tujunipun Pak Kabul angsal parmaning Pangeran sagêd pinanggih kalihan tiyang. Pak Kabul anggènipun tilêm tansah mêrêm mêlik kemawon, jalaran ajrih, wusana gadhah gagasan makatên: Apa iki uwong, apa bangsane nyeluman. Upama dudu manungsa, têka gêmati têmên marang aku. Nanging iya ora [o...]

--- 52 ---

[...ra] kêna samono, manungsa kang mati kalap, iku caritane katut sak raga-ragane. Apa aku iki iya ngono.

Pak Kabul badanipun lajêng mêngkorog sarta gumêtêr, jalaran saking ajrihipun. Botên dangu lajêng wontên ampak-ampak (pêtêng andhêdhêt), suwaraning bun tumurun saking nginggil pating tlêthok. Pak Kabul sangsaya kêkês, sangêt ing ajrihipun, lajêng api-api tilêm, wusana sukunipun anjêjak sukunipun Pak Gêmi. Pak Gêmi kagèt lajêng tangi, sarta pitakèn: Kang, kang, nglindur napa.

Pak Kabul mangsuli: Botên, anjêjêk lêmut. Ngriki kathah sangêt lêmute.

Ênggih, pancèn ngriki panggenan lêmut.

Tiyang kalih lajêng sami omong-omongan. Botên dangu kêpirêng wontên swara krêngkèt, krêngkèt, saya dangu saya cêlak. Swara wau swaranipun tiyang ngrêmbat dagangan badhe dhatêng pêkên Campurdharat. Botên antawis dangu tiyang ingkang badhe dhatêng pêkên andalidir.

Pak Kabul lajêng pamitan dhatêng Pak Gêmi: Mas, sarèhne êmpun enjing, kula ajêng nêrusake lampah kula têng Trênggalèk. Botên sanès sangêt panarimah kula, kula sampeyan sêgah ulam. Mugi-mugi Pangeran ingkang malês dhatêng sampeyan sabrayat.

--- 53 ---

Ênggih, kang, kula nyangoni slamêt, mugi-mugi kabula kang dadi sêdyane kakang. Wêling kula niki mangke yèn êmpun dugi ing ondêr dhistrik Bandhung, sakilène cêlak ontên margi agêng mêngalèr, dika lajêng menggok, têrus mawon anjog ing Pakis. Saking Pakis têrus mawon ngilèn botên menggok-menggok.

Pak Kabul lajêng pangkat, tirahanipun ulam kabêkta. Dumugi ing ondêr dhistrik Bandhung taksih enjing.

Enggaling cariyos lampahipun Pak Kabul lêbar bêdhug sampun dumugi ing kitha Trênggalèk, lajêng sowan dhatêng kapatihan, anjujug ing kantoran, ananging ngantos dangu botên wontên ingkang pitakèn, jalaran pinuju sêpên, ingkang anjagi pinuju kesah. Sarêng upas ingkang anjagi kantor dhatêng, lajêng pitakèn, têmbungipun: Kowe wong apa, ca.

Kula badhe sowan bêndara patih, mas.

Ana gawemu apa.

Namung prêlu sowan kemawon.

Mêngko kira-kira jam papat sore bêndara patih miyos. Saiki kowe ngêntènana ngratan kana, mêngko balia mrene manèh.

Pak Kabul lajêng ngêntosi wontên ing margi, linggih wontên sangandhapipun wit apak, kalihan ngawasakên bokmanawi bêndara [bê...]

--- 54 ---

[...ndara] patih tindak dhatêng kantoran. Watawis satêngah sêkawan sontên bêndara patih sampun lênggah wontên pêndhapa, botên dangu lajêng tindak-tindak wontên ing plataran. Sarêng Pak Kabul sumêrêp bêndara patih, rumaos manawi kêlintu, mila lajêng manggihi upas kalihan wicantên makatên: Mas, kula botên èstu sowan bêndara patih.

Êlo, kowe mau kăndha arêp sowan bêndara patih. Barêng saiki bêndara patih wis miyos, ora sida. Apa kowe mau arêp ngêmis, arêp nayab. Kowe aja gawe guyon, ca.

Sèwu-sèwu lêpat kula, mas upas. Ingkang badhe kula sowani punika sanès bêndara patih punika.

Dudu kêpriye, ta, iya iku bêndara patih ing Trênggalèk. Kowe wong ngêndi, ta, ca.

Kula tiyang saking Pare, mas.

Bêndara patih iki biyèn iya jumênêng wêdana ing Pare.

Ananging ingkang badhe kula sowani sanès bêndara patih punika, jalaran rumiyin saliranipun alit.

Apa kowe ngrêti asmane bêndara wêdana iku biyèn.

Botên, jalaran kula rumiyin namung dados gamêl kemawon.

Yèn kowe ora sida sowan iya muliha.

--- 55 ---

Kula nyuwun priksa, bêndara patih ingkang saking Pare sapunika pindhah dhatêng pundi. Kula radi kèmutan asmanipun, nanging namung kawitanipun kemawon: Sasra...têrusipun kula botên mangrêtos.

O, iku bêndara patih Sasra...saiki wis kondur marang jaman kalanggêngan, saprene wis ana limang taunan.

Pak Kabul sarêng mirêng cariyosipun upas kados makatên wau, lajêng nyuwun pamit. Wontên ing margi tansah sambat-sambat, kalihan nyêbut makatên: Gèk kêpriye lêlakonku iki, ngaya-aya nuruti impèn têka kaya mangkene. Saiki wis surup srêngenge, gèk ênggonku turu mêngko ana ngêndi. Sing kêbangêtên iku Bokne Kabul. Marêm, Marêm, apa kowe ora ngimpi. Anakku, ênggèr, Kabul, apa kowe ora kèlingan aku. Upama aku nglalu durung têgêl têmên. Dhuh Gusti Allah nyuwun ngapura. Marêm, Marêm, kowe tega têmên marang aku. Apa kowe ora ngimpi. Gèk mênyang ngêndi anggonmu lunga.

Pak Kabul tekadipun botên badhe pados pasipêngan wontên ing Trênggalèk, badhe lumampah mantuk dhatêng Pare. Ing dalu wau pêtêng sangêt. Kintên-kintên jam sanga dalu lampahipun sampun dumugi ing sawetanipun dhusun Karanggayam, ngambah wana pajatèn lan rêdi ngêtal. Pak Kabul lampahipun mandhêg mangu,

--- 56 ---

gajêg wani gajêg botên, lajêng ngrogoh kanthonganipun mêndhêt buntêlan ulam dipun têdha kalihan lumampah alon-alonan. Ing ngajêngipun Pak Kabul wontên tiyang ngêrèk, byar pêt, byar pêt. Lampahipun Pak Kabul lajêng karikatakên, sarêng sampun dumugi sawingkingipun cêlak, lajêng wicantên: Kang, kula nunut sarêng lumampah.

Tiyang ingkang wontên ngajêng mangsuli: Ayo, arêp mênyang ngêndi, ta.

Kula badhe dhatêng Tulungagung.

Bêngi-bêngi kêndêl têmên nyang Tulungagung. Ngati-ati lho, wetan kono kyaine sok nyêgat. Sandhing kuburan kuwi.

Wicantên makatên wau kalihan badhe menggok. Pak Kabul lajêng wicantên, têmbungipun: Bok inggih sarêng ta, kang.

Tiyang wau kêpêksa kèndêl kalihan ngêrèk malih, namatakên dhatêng Pak Kabul, ananging dèrèng nate têpang, mila lajêng pitakèn: Dika niku pundi, ta, dhi.

Kula punika tiyang Pare, saking Trênggalèk, badhe wangsul.

Lho, mati-matia dika wau rak kula kira yèn tăngga kula ngriki mawon. Inggih lêpat kula mawon dingapuntên, dhi. Kula wau botên niyat mêdèni si adhi. Kula cariyos saèstu, yèn ing wetan ngriku asring wontên sima ngaglah ing margi, kathah mawon tiyang sing mrangguli.

--- 57 ---

Lah, kakang badhe dhatêng pundi.

Kula ajêng nyambangi têgil dhatêng pèrèng ngriku.

Kula bok ênggih nêdha tulung, ta, kang, kula dika têrake sêkêdhap mawon.

Lah, kula niki lajêng mara ewuh. Upama si adhi kula têrke, tanêman kula mangke têlas ditêdha andhapan. Botên kula têrake, kula sing mêdèni. Sêjatine adhi napa ajrih saèstu.

Inggih, kang, sadangune mirêng kyai, kula lajêng ngowèl.

Sampun ta, dhi, ngatên mawon, dika tumut kula dhatêng têgil mawon, idhêp-idhêp kalih ngaso, ênggih. Prêlune têgil kula ênggih wilujêng. Dosa kula wau sampeyan apuntên. Sêjatine kula wau botên pisan-pisan niyat mêdèni si adhi.

Pak Kabul sarèhne lumampah piyambakan botên wani, mila inggih lajêng tumut dhatêng têgil. Tiyang kalih sami minggah dhatêng rêdi. Sanajan minggahipun namung mayat kemawon, ewadene Pak Kabul rumaos sayah sangêt, wêtêngipun luwe, napasipun mênggèh-mênggèh, lampahipun saya dangu saya kantun, mila lajêng wicantên makatên: Kang, êmpun rikat-rikat, kula botên nyandhak, nututi laku dika.

--- 58 ---

Tiyang wau mangsuli: Êmpun cêlak, dhi, kantun mandhap sêkêdhik, dugi ing gubug.

Sarêng sampun dumugi ing gubug, lajêng sami minggah. Pak Kabul taksih mênggèh-mênggèh, kringêtipun kados tiyang adus. Sasampunipun sawatawis ngaso, Pak Kabul pitakèn: Kang, kakang griyane napa ênggih ing dhusun ngriki mawon.

Wangsulanipun: Kula niki awon-awon modin ing dhusun Karanggayam ngriki, griya kula tikung-tikungan kilèn ngrika wau, sacêlake cakruk. Sampeyan saking Trênggalèk dhatêng griyane sintên ta, dhi, dalu-dalu têka wangsul.

Pak Kabul lajêng nyariyosakên lêlampahanipun wiwit kala wingi.'

Modin pitakèn: Sampeyan ajêng sowan bêndara patih niku ontên prêlu napa, ta, dhi.

Nalika bêndara patih têsih jumênêng wêdana ing Pare, kula dados gamêle. Sarêng bêndara wêdana pindhah jumênêng patih ontên ing Trênggalèk, kula kapurih nêrusake dados gamêl. Sarèhnê kula kawratan anak semah, kula botên sagêd andhèrèk. Bêndara wêdana lajêng dhawuh, upami kula ing têmbe wingking dhumawah kêmlaratan ngantos botên sagêd ngupados têdha, kadhawuhan sowan dhatêng Trênggalèk. Salêbête sêwulan niki kula saèstu nandhang sisah sangêt. Anak [Ana...]

--- 59 ---

[...k] dalah semah kula kesah, botên kantênan puruge. Angsal kula madosi êmpun botên kantên-kantênan, mêksa dèrèng kêpanggih. Kula ontên griya ngantos gangsal dintên gangsal dalu botên nêdha botên tilêm. Wanci jam gangsal enjing kula ngimpi, rumaos tiyang sêtri kula cêluk-cêluk makatên: Pakne, pakne, wis padhang apa ora ngarit, tangia, kowe diarêp-arêp bêndaramu. Ngatên impèn kula. Sarèhne kula rumaos dèrèng tilêm, kula lajêng mêdal dhatêng jawi, wusana ing jawi botên ontên tiyang satunggil-tunggila. Sarêng byar enjing, kula lajêng bidhal dhatêng Trênggalèk. Wusana kêdadosane kados ngatên niki.

Dados si adhi wiwit enjing, saking Pare dhatêng Trênggalèk mlampah mawon.

Malah anggèn kula bidhal êmpun kala wingi enjing, jalaran ontên ing kitha Tulungagung kula bingung, mêsthine menggok ngilèn, nanging kula menggok ngidul. Rumaos kula ênggih êmpun lêrês, botên wêruh jêbul kêblasuk dhatêng Campurdharat. Ontên ing bulak sakilène krêtêg Campurdharat, kula kêpêksa kèndêl, tumut tiyang pados ulam, tilêm ontên sangandhape wit asêm. Nanging kula ênggih botên sagêd tilêm, jalaran lêmute kathah sangêt.

Dhi, sing sampeyan tumuti kèndêl niku napa ênggih tiyang sae.

--- 60 ---

Yèn wujude ênggih tiyang sae, malah kalih anake jalêr. Kula disuguh bakaran ulam kutuk barang, kula têdha ontên ngrika botên têlas, tirahane kula êngge sangu.

Sokur, dhi. Yèn saking panyuraos kula, impèn sampeyan niku sae. Dene sampeyan dugi ngriki anak dalah semah sampeyan botên kêpanggih, napa malih sing ajêng disowani botên ontên, jalaran êmpun seda, niku bokmanawi adhi kapurih tirakat. Kilap dosane adhi. Nanging tiyang gêsang niku sing kathah-kathah mêsthi supe. Insak Allah, mêsthi kêpanggih benjing, yèn si adhi têmên-têmên angsale madosi.

Dumugi samantên anggènipun omong-omongan, sumêrêp-sumêrêp sampun padhang, Pak Kabul lajêng pamit badhe nêrusakên lampahipun dhatêng Pare. Sadangunipun lumampah piyambakipun tansah anggagas-gagas makatên: Upama aku iki mulih mênyang ing Pare, aku wis isin bangêt, sabab aku biyèn mêlarat, banjur bisa sugih, barêng uwis sugih banjur duwe pikiran arêp wayuh barang, tur ora sida. Upama aku nglakoni anjêjaluk ana ing pasar kene, iba isinku manawa banjur kêtêmu karo blantik têpunganku biyèn. Upama nglakoni bêburuh, awakku rasane wis kaya diwasuh. Adhuh Gusti Allah nyuwun pangapura.

--- 61 ---

Kados makatên gagasanipun Pak Kabul sadangunipun lumampah ngantos dumugi ing ondêr dhistrik Pakis (Durenan). Wontên ing ngriku lajêng pitakèn dhatêng satunggiling tiyang, pundi marginipun dhatêng dhusun Sêmarum. Tiyang ingkang dipun pitakèni mangsuli bilih piyambakipun kapurih mêdal tambangan sangajêngipun tilas gudhang kopi. Manawi sampun dumugi ing lèr lèpèn, kapurih ngetan sakêdhik, lajêng menggok mangalèr. Botên dangu sampun dumugi ing Sêmarum. Pak Kabul inggih lajêng nurut punapa cariyosipun tiyang wau. Ananging sampun dilalah karsaning Pangeran, tiyang punika manawi badhe kasurang-surang botên kêkirangan margi. Sarêng sampun dumugi salèripun lèpèn lajêng menggok mangalèr, nanging anggènipun menggok wau kêpêngetanên, dados menggok margi ingkang kaping kalih, mila lampahipun tansah ngalèr têrus kemawon botên dumugi-dumugi, ngantos dumugi ing dhusun Gadhor. Ing ngriku sampun cêlak kalihan rêdi, Pak Kabul lajêng pitakèn dhatêng satunggiling tiyang. Kalêrêsan tiyang ingkang dipun pitakèni wau juru kunci pasarean gunung cilik ngriku, mila sagêd suka katêrangan kathah-kathah. Dados lampahipun Pak Kabul sanajan kêlintu, nanging malah dhapur kêlêrêsan, awit pancèn inggih punika ingkang dipun tuju. Pak Kabul lajêng têrus minggah dhatêng rêdi wau, wontên ing ngriku manahipun ngraos asrêp. Tekadipun [Tekadi...]

--- 62 ---

[...pun] botên badhe kesah-kesah, sadèrèngipun pikantuk wêwêngan kadospundi sagêdipun pinanggih malih kalihan anak semahipun.

__________

VII. Biyang Kabul Saanakipun Gêsang wontên ing Purug.

Bok Kabul dalah anakipun anggèning kesah saking Pare lampahipun tansah kêlunta-lunta ngantos dumugi ing Sêpanjang (Surabaya). Wontên ing ngriku rumaos sampun têbih kalihan kitha Pare, mila tekadipun badhe ngupados bêrahan, kenginga katêdha dalah anakipun. Ananging kadospundi rekadayanipun tiyang badhe pados têdha wontên ing mănca ingkang tanpa pawitan, tur botên gadhah têtêpangan, badhe tumut tiyang rumaos kirang sakeca. Bok Kabul wontên ing ngriku rumaos kraos, nanging Kabul botên, jalaran manawi dalu anggènipun tilêm wontên ing plêstèr èmpèripun tiyang, tanpa gêlaran, tur botên wontên aling-alingipun, dados asrêpipun inggih kêlangkung-langkung. Manawi dalu Bok Kabul dipun sambati anakipun nêdha mantuk, awit botên sagêd tilêm, jalaran wêtêngipun luwe, lan kèngêtan [kèngê...]

--- 63 ---

[...tan] dhatêng bapakipun. Bok Kabul botên mangsuli, namung wêdaling êluh botên kenging katahan. Măngka tumrap Kabul ing bab têdha, waunipun mila dipun uja, dhasar lare namung satunggal, bapa biyungipun sami trêsna. Ananging katrêsnaning bapa dhatêng anak prasasat kasêndhal mayang, jalaran kagèndèng dening biyung ingkang badhe kawayuh. Dados: wayuh punika sagêd anggêmpalakên katrêsnanipun tiyang jêjodhoan, utawi trêsnaning bapa biyung dhatêng anak. Enjingipun Bok Kabul lajêng akal-akal supados sagêda nyukani têdha anakipun, lajêng nyambut kêndhi dhatêng salah satunggiling tiyang kabêkta dhatêng pêkên kangge idêr toya. Sanajan ing pêkên sampun wontên sumur bur, tumrapipun tiyang sadean ingkang namung bêtah toya sakêdhik, inggih botên kêplaur pados piyambak. Bok Kabul anggènipun idêr toya pikantuk lêlintu warni-warni, ingkang kathah warni jajanan. Wontên ugi ingkang bêtah toya sakêndhi, lajêng nyukani yatra sasèn. Bibar pêkên pikantukipun jajanan kathah. Kados makatên lêlampahanipun Bok Kabul sadangunipun wontên ing Sêpanjang.

Sadangunipun Kabul wontên Sêpanjang, bilih katilar dhatêng pêkên êmbokipun, lajêng dolan dhatêng pinggir lèpèn. Ing ngriku kathah sangêt têtiyang sami ngêntasakên wêdhi saking lèpèn dhatêng dharatan, malah botên ngêmungakên ing wanci siyang kemawon, [kema...]

--- 64 ---

[...won,] sanajana ing wanci dalu inggih kathah, malah wontên ingkang ambêkta baita. Wêdhi wau kasade dhatêng sêpur, kabêkta dhatêng Surabaya kangge margi sêpur enggal sakidulipun sêtatsiyun Sêmut mangilèn. Sabên sêpur ingkang badhe ambêkta wêdhi dumugi ing Sêpanjang, têtiyang ingkang sami gadhah wêdhi pating blulung, punapa malih kuli-kuli ingkang badhe ngisèkakên ing grêbong sami rêbatan, awit ambujêng kathah-kathahan pikantukipun, lajêng katampi dening anèmêr Mas Harja Utama.

Kabul ningali padamêlan kados makatên wau badhe tumut-tumut, ananging gèk kadospundi patrapipun, pirantos kangge ngêntasakên botên gadhah, upami nyambut, nyambut dhatêng sintên. Tekadipun Kabul badhe ngrencangi sadhengah tiyang ingkang purun, dene bêrahanipun narimah dipun sukani sapintên kemawon tumrap padamêlanipun sadintên. Kalampahan Kabul tumut bêrah, sadintên angsal bêrahan 15 sèn, enjingipun malih sagêd angsal 25 sèn. Makatên padamêlanipun Kabul ing sawatawis dintên. Dene bêrahanipun botên ajêg, măngka saking petanganipun Kabul angsal-angsalanipun wêdhi ing sabên dintên mèh sami. Ingkang makatên wau Kabul lajêng cariyos dhatêng tiyang ingkang dipun rencangi, manawi nglêbêtakên wêdhi dhatêng grêbong botên susah kasêsa, badhe dipun cathêti [cathê...]

--- 65 ---

[...ti] rumiyin, jalaran kathah ingkang kalinta-kalintu. Tiyang ingkang dipun cariyosi wau inggih nurut sakajêngipun Kabul. Saèstu, sarêng dipun cathêti, saupami petanganipun sagêd tampi 3 rupiyah, inggih cocog kabayar 3 rupiyah. Petanganipun Kabul tampi 4 rupiyah, inggih cocog tampi 4 rupiyah saèstu. Tiyang ingkang dipun rencangi Kabul wau kagèt, wicantênipun: Gus, kowe ora susah mèlu kangelan anjêgur mênyang kali, ya, kowe anaa ngêntasan bae. Samăngsa-măngsa anèmêre têka ing kene, kowe sing ngaturake cathêtan kaya sing bok lakoni wingi. Dene kowe dak pêsthi sadina 50 sèn.

Tiyang wau lajêng sanjang dhatêng kănca-kancanipun ingkang sami gadhah tandhon wêdhi, supados nêdha tulung dhatêng Kabul, prêlu nyathêti lan angaturakên dhatêng anèmêripun. Têtiyang wau ugi sami miturut. Sarêng sêpur dhatêng botên rêbatan kados ingkang sampun, namung Kabul piyambak nyukakakên cathêtanipun dhatêng anèmêr wêdhi. Anèmêr ngundangi tiyang saking satunggal prêlu nampèni arta, sadaya cocog kalihan gadhahanipun. Têtiyang wau sami kagèt jalaran rêginipun mindhak kathah, mila tiyang ingkang badhe nyukani yatra Kabul namung 15 sèn botên mêntala, lajêng nyukani 25 sèn.

Nalika samantên pandamêling margi sêpur enggal ing Surabaya

--- 66 ---

anggènipun mêndhêt wêdhi saking Sêpanjang, sabên dintên sakêdhik-sakêdhikipun sêlawe grêbong. Jalaran saking kathahipun tiyang ingkang pados wêdhi, Kabul dados tukang nyathêti kemawon ing sabên dintênipun sagêd tampi 4 rupiyah.

Sabên wanci bêdhug siyang têtiyang wau sadaya sami kèndêl ngrompol wontên ing pinggir lèpèn, sami ngraosi dhatêng Kabul makatên: Upama dhèk siyèn rêgining wêdhi kados saniki, kula rak êmpun sugih, gih, kang. Kula saniki niki barêng dicathêti guse niku, sadintên sagêd tampi saringgit.

Satunggilipun nyambêti: Witikna kula sagêd tampi 3 rupiyah. Riyin tiyang sing botên golèk têng lèpèn, barêng sêpur têka kathah sing ngaku-aku. Saniki rak botên sagêd.

Satunggilipun malih nyambêti makatên: Guse niku riyin rak taksih sêkolah, niku rak anake sing tukang ambayari arta nika, ta, kang, anake dikèn têka ngriki esuk, bapake kantun ambayari mawon.

Tiyang ingkang dipun tumuti Kabul lajêng nyambungi: Olèh dika sami omong niku kabèh mawon sami kliru. Kula niki lho, sing têrang, sami dika mirêngke. Guse niku kawitane rak tumut kula, ta, sadintên kula sukani 15 sèn, dhong kathah angsale wêdhi gih 25 sèn. Barêng êmpun angsal [ang...]

--- 67 ---

[...sal] sadasa dintên, guse lajêng omong kalih kula, ajêng kintun sêrat dhatêng pêngagênge sing numbasi wêdhi niki, nyuwun mundhak rêganing wêdhi, sabab olèhe ngunggahke êmpun ngrêkaos.

Tiyang ingkang dipun cariyosi wau wontên ingkang nyauloni rêmbag pitakèn: Kakang kok sagêd têrang sangêt.

Kok botên têrang, kadospundi, sêbab sêrate niku sing nyêmplungake têng êbis, kula. Barêng tuwan êmpun tampi sêrat, panyuwunane guse niku dikabulake. Rêgine wêdhi lajêng mindhak, mula sêdaya mawon, yèn nyukani pituwas têng guse, ênggih sing rada mèmpêr kalih olèh-olèhane sing dika êdol.

Sadaya tiyang sami saur pêksi, lajêng anggêbyur dhatêng lèpèn wiwit nyambutdamêl malih.

Sasampunipun Kabul gadhah padamêlan kados makatên, êmbokipun lajêng kapurih kèndêl anggènipun idêr toya kêndhi wontên ing pêkên, ngêmungna Kabul piyambak ingkang nyambutdamêl. Sabên dintên sapintên kathahipun arta angsal-angsalaning bêrahanipun, sadaya kasukakakên dhatêng êmbokipun. Sabên enjing Kabul dipun sangoni, nanging botên nate jajan, dados artanipun inggih taksih wêtah kemawon. Kala-kala manawi sumêrêp tiyang ngêntasakên wêdhi ingkang [ing...]

--- 68 ---

[...kang] wêtêngipun ngalêmpèt kadosdene tiyang luwe, lajêng dipun undang, dipun tumbasakên jajan. Botên ngêmungakên tiyang ingkang nyambutdamêl kemawon, sanajan tiyang ingkang sami ningali wontên ing pinggir lèpèn, bilih kakintên luwe, ugi dipun tumbasakên jajan. Mila Kabul wontên ing ngriku sanajan sawêg tigang wulan dangunipun, têpanganipun sampun kathah sangêt, botên ngêtawisi bilih tiyang mănca.

Mas Harja Utama sarêng sumêrêp têtiyang ingkang pados wêdhi sami rukunan andamêl tukang nyathêti, gadhah manah bingah, awit manawi piyambakipun dumugi ing ngriku kantun nurun cathêtanipun Kabul kemawon. Mas Harja Utama saya dangu saya gadhah manah wêlas lan trêsna dhatêng Kabul, malah asring kemawon kapurih anggarap padamêlanipun. Kabul inggih manut kemawon punapa ing sapakènipun Mas Harja Utama. Enjingipun malih sasampunipun Mas Harja Utama rampung anggènipun ambayari, lajêng wicantên dhatêng Kabul makatên: Ayo, gus, kowe saiki mèlua mênyang Surabaya, nunggang oto kene.

Kabul inggih lajêng tumut. Sadumuginipun ing Surabaya, wontên ing griyanipun Mas Harja Utama, Kabul linggih wontên ngandhap, ananging lajêng dipun ajak linggih ing kursi. Kabul botên purun, lajêng dipun pitakèni kathah-kathah: Satêmêne uwis lawas, gus, olèhku arêp ngajak kowe dolan [dola...]

--- 69 ---

[...n] mênyang Surabaya kene, nanging tansah arungan pagaweyan. Saiki mumpung sêla aku arêp takon: gus, kowe iku putrane sapa.

Bapa kula sampun botên wontên wiwit kula taksih alit, kantun pun êmbok.

Omahmu ing Sêpanjang sisih ngêndi.

Griya ugi botên gadhah, jalaran nalika bapak botên wontên, pakawisan dalah griyanipun lajêng dipun sade êmbok, sapunika nunut tiyang ing griku, ngupados têdha piyambak.

Kowe dhèk biyèn olèhmu sêkolah ana ngêndi.

Kula botên sêkolah, sêkolah wontên dhusun botên tutug.

Măngsa, ta, gus, ora sêkolah, dene kowe têka ngrêti mênyang têmbung Walănda.

Anggèn kula mangrêtos têmbung Walandi punika namung sinau kalihan kănca-kănca ingkang sêkolah ing H.I.S.

Kowe rak wis tau mênyang Surabaya kene, ta, gus.

Inggih sawêg sapisan punika.

Sadangunipun pitakèn, Mas Harja Utama gadhah pikiran makatên: Ing sêmu Kabul iki ditakoni ora ngaku sabênêre, kaya ana wadine. Lajêng pitakèn malih: Upama kowe manggon ing Surabaya kene kapriye, ta,

--- 70 ---

gus. Cêkake iya manggon ana ing omahku kene, utawa manèh kowe bisa miling-miling golèk pagaweyan liya kang ko sênêngi, awit pagaweyanmu saiki iki jênêng durung maton. Manawa wis rampung panggarape dalan sêpur iki, iya banjur ora tuku wêdhi manèh. Kira-kira sataun êngkas wis ora nganti. Ananging sadurunge olèh pagaweyan liya, iya nêrusna pagaweyanmu saiki, diduduk saka ing kene. Dene êmbokmu uga ajakên pisan. Besuk manggona kamar buri kana. Yèn bêngi kowe turu kamar ing pêndhapa iya bêcik.

Kula dèrèng sagêd matur, badhe kula pikir rumiyin.

Kowe iki mêngko rak ora mulih, ta, gus.

Inggih badhe mantuk dhatêng Sêpanjang, mangke êmbok ngupadosi, awit kula botên pamit.

Harja lajêng ngundang sopir kapurih ngêtêrakên Kabul dhatêng Sêpanjang. Kala samantên dumugi ing Sêpanjang wancinipun kadosdene bilih Kabul mantuk saking padamêlan kemawon. Kabul cariyos dhatêng êmbokipun, bilih piyambakipun sampun pikantuk padamêlan wontên ing Surabaya, sarta kêdah bidhal benjing enjing. Êmbokipun sarêng dipun cariyosi kados makatên inggih sakalangkung bingah.

Enjingipun lajêng sami bidhal dhatêng Surabaya, dene padamêlanipun [padamê...]

--- 71 ---

[...lanipun] inggih taksih lêstantun wontên ing Sêpanjang. Kabul wontên ing Surabaya mèh sataun botên nate kesah-kesah. Mantuk saking padamêlan inggih têrus wontên ing kamar kemawon. Sarêng Kabul manggèn wontên Surabaya lajêng mindhak bêsus. Wiwit Kabul tumut Mas Harja Utama, bab garapan buku-buku miwah padamêlan sêratan sadaya kapasrahakên dhatêng Kabul. Sanajana pun Kabul dèrèng nate anggarap, ewadene inggih botên nguciwani.

__________

VIII. Badhe Mantu.

Mas Harja Utama, anèmêr, punika kacêkapanipun tumrap wontên ing kitha Surabaya sampun radi mèmpêr, sampun gadhah sewan griya kalih, ingkang satunggal sewanipun 50 rupiyah, satunggalipun malih 45 rupiyah. Gadhah anak 3 èstri sadaya, pambajêngipun nama Siti Yatni, dipun sêkolahakên wontên Kartini, sarta mèh mêdal, saking kajêngipun Mas Harja Utama, benjing manawi anakipun sampun mêdal saking sêkolahan, botên badhe dipun sêkolahakên malih, awit sampun katingal agêng, saking longgoripun, sarta namung badhe kapurih ngrencangi êmbokipun nyambutdamêl wontên [wontê...]

--- 72 ---

[...n] ing griya. Dene manawi sampun wontên jodhonipun, tumuntên badhe dipun emah-emahakên.

Anuju satunggiling dintên, Mas Harja ngajak rêmbagan kalihan ingkang èstri makatên: Êmbokne, tinimbang turu sore, ayo padha omong-omongan kene. Bocah-bocah rak wis padha turu kabèh ta.

Ingkang èstri nyêlak kalihan wicantên: Sampun, badhe ngêndika punapa, ta, mas.

Yatni iku besuk yèn wis mêtu anggone sêkolah, saka pamikirmu apa dikon nêrusake sêkolah manèh, apa wis narima samono bae.

Saking kajêng kula, yèn sampun mêdal inggih kajêngipun wontên griya kemawon, awit lare sampun agêng.

Upama Gusti Allah ngabulake, gangsar olèh jodho, sing bok sênêngi priyayi pangkat apa.

Kula botên sagêd mastani, awit tiyang gadhah anak èstri punika manawi ing salêbêtipun manah anggadhahi pamilih, lajêng kadosdene sayêmbara. Inggih kilap benjing manawi wontên ingkang sudi mupu, tiyang sêpuh kantun nimbang: sênêng punapa botên.

Ah, măngsa, samubarang kang durung kalakon, iku kudu dipikir dhisik. Dadi wênang nandhing milih, lan wajib duwe panyuwun.

--- 73 ---

Upami kasêmbadan, ingkang kula sênêngi priyantun apangkat guru, nanging manawi botên sagêd kasêmbadan, sarèhne kula tiyang èstri, inggih namung manut punapa kajêngipun tiyang jalêr kemawon.

Upama, ning upama, lho, si ndhuk kuwi dak jodhokake olèh Kabul, apa kowe iya ngrujuki.

Kula wau inggih sampun badhe criyos ...

Dadi kowe iya wis sênêng, ta.

Inggih sampun sênêng. Sabab nitik kêlakuanipun, bokmanawi benjing sagêd momong tiyang èstri. Prakawis pangkat inggih sapangkat-pangkatipun, ugêr botên damêl sakiting manahipun tiyang èstri. Cêkakipun kula inggih sampun anyondhongi.

Iya, nanging sadurunge kêlakon, kowe aja wara-wara, mundhak dadi ora bêcik.

Sasampunipun sami sarujuk gadhah mantu Kabul, Mas Harja Utama tansah anggagas kadospundi anggènipun badhe naros Kabul. Saupami botên purun, iba isinipun, anakipun dipun tampik. Măngka tumrapipun Harja Utama mêndhêt mantu Kabul, punika prasasat mêndhêt mantu baturipun. Mila inggih tansah dados gagasan.

Enjingipun pinuju sêpên lare-lare, Mas Harja Utama lajêng [la...]

--- 74 ---

[...jêng] manggihi Bok Kabul, sarta wicantên makatên: Bakayu, olèh kula katêmu kalih sampeyan niki ajêng ontên prêlune sêkêdhik.

Badhe kagungan krêsa punapa, mas bèi.

Kula niki ajêng takèn, putrane niku êmpun umur pintên. Lan malih upama Gusti Allah ngabulake, botên tanggung-tanggung olèh kula angrêngkuh anak, ajêng kula jodhokake kalih putrane Siti Yatni. Bakayu kadospundi, kintên-kintên mathuk napa botên.

Manawi mas bèi kagungan krêsa ingkang samantên agêngipun tumrap anak kula, kula namung matur sèwu jumurung, mugi-mugi Gusti Ingkang Maha Kuwasa anyêmbadanana dhatêng sêdyanipun mas bèi ingkang langkung mulya punika. Nanging sarèhne kula botên anglampahi, dados kula kêpêksa badhe pitakèn dhatêng thole rumiyin.

Lêrês, mila kêdah makatên. Napa bakayu botên kèmutan laire putrane niku.

Bok Kabul botên mangsuli, lajêng ngadêg lumêbêt dhatêng kamaripun madosi sêrat saking tuwan guru. Sasampunipun pinanggih, sêrat lajêng dipun sukakakên dhatêng Mas Harja Utama kalihan wicantên: Punika, mas bèi. Rumiyin nalika thole lumêbêt sêkolah sampun umur pitung taun.

--- 75 ---

Sêrat ingkang dipun sukakakên dhatêng Mas Harja, punika sêrat katêrangan saking sêkolahan, mratelakakên bilih pun Kabul sampun tamat pasinaonipun wontên ing H.I.S partikulir Marditrêsna ing Pare, dumugi klas VI, lan ugi mratelakakên kasrêgêpan tuwin saening kalakuanipun.

Mas Harja sarêng maos sêrat katrangan punika kagèt, wicantênipun: Dados bakayu niku sanès tiyang ing Sêpanjang ngriku.

Walèh-walèh punapa, mas bèi, kula punika tiyang kabur kanginan, waunipun asli saking Pare.

Mas Harja lajêng nyandhak potlod ngetang umuripun Kabul, kirang langkung sampun wontên 20 taun.

Cêkakipun sarêng sampun lêt tigang dintên kalihan anggènipun rêmbagan, Bok Kabul lajêng criyos dhatêng Mas Harja, bilih Kabul sampun miturut, punapa malih Bok Kabul ugi sampun amborongakên dhatêng Mas Harja.

Mas Harja Utama lêga manahipun. Ijabing pangantèn kaangkah benjing wulan Bakdamulud ngajêng punika. Rancanganipun makatên: têmpuking damêl, kirang kalih dasa dintên, Bok Kabul dalah anakipun dipun sewakakên griya sanès. Midadarèni dipun dhawahakên ing dintên Sêtu, ingkang dipun ulêmi băngsa Tyonghwa sadaya. Băngsa Jawi manawi wontên ingkang

--- 76 ---

kêsdu rawuh ing dalu punika inggih dipun tampi kanthi sênênging manah. Panggenanipun pangantèn jalêr dipun tanggapakên ringgit tiyang pêthilan namung dumugi jam 12 dalu bibar. Dene ingkang dipun aturi rawuh priyantun Jawi sadaya. Panggihipun pangantèn kaarah jam 9 dalu, dhawah malêm Minggu, mawi tayuban. Ingkang dipun ulêmi para priyantun Jawi, băngsa Tyonghwa manawi wontên ingkang dhatêng ing malêm Minggu wau, inggih katampi kanthi sênênging manah.

Kacariyos Pak Kabul ingkang nandhang prihatos wontên ing gunung cilik, sarèhning wontên ngriku gadhah pangintên badhe tanpa wusana, mila lajêng tuwuh gagasanipun, sumêdya dhatêng Surabaya pados pangupajiwa ngiras madosi ingkang èstri. Pak Kabul lajêng mandhap saking rêdi, mlampah ngalèr turut padhusunan. Byar enjing dumugi sakilènipun ondêr dhistrik Gondhang, mangalèr têrus ing Kalangbrèt, Karangrêja, dumugi ing kitha Nganjuk, lajêng mangetan, dumugi ing Krêtasana sampun sêrap surya. Wontên ing ngriku Pak Kabul badhe pados pasipêngan dhatêng ing koplakan, ananging lajêng pinanggih kalihan Mas Marjan, guru bantu. Sanajan Pak Kabul kadosdene tiyang ngêmis tur sampun wanci sêrap, Mas Marjan botên pangling, jalaran rumiyin sampun kêmpal dangu wontên ing kawadanan. Pak Kabul lajêng dipun [dipu...]

--- 77 ---

[...n] ajak mampir dhatêng griyanipun. Sasampunipun dumugi ing griya, Mas Marjan pitakèn kathah-kathah dhatêng Pak Kabul. Pak Kabul lajêng nyariyosakên lêlampahanipun sadaya, wiwitan ngantos wêkasan. Saking wêlasipun mas guru ningali dhatêng panganggenipun Pak Kabul, lajêng mêndhêt rasukan jas satunggal ingkang gulu dalah lêngênipun sampun plipitan, sinjang satunggal sampun masêm, udhêng sasigar, waunipun kangge blangkon. Sarêng dipun udhari, ingkang sae inggih namung sasisih, lajêng dipun bungkus dados satunggal. Jam gangsal enjing Pak Kabul sampun nyuwun pamit badhe nêrusakên lampahipun, Mas Marjan lajêng wicantên: Niki, kang, kangge têlêsan ontên griya. Ning kula wêktu niki botên gadhah yatra. Niki yatra srupiyah sêtali dika angge nyêpur mawon, supados enggal dugi ing Surabaya.

Pak Kabul nampèni arta kalihan matur sangêt nuwun, lajêng têrus pangkat dhatêng sêtatsiyun, tumbas karcis mandhap ing Sêmut.

Dumugi ing Surabaya mèh jam satêngah tiga sontên. Saking sêtatsiyun Sêmut lajêng mangilèn manut lampahing tiyang kathah. Wontên ing ngriku Pak Kabul botên wontên ingkang dipun tuju. Sarêng lampahipun nglangkungi lèpèn, lajêng kèndêl adus, buntêlanipun pangangge kabikak kangge santun. Bêniking rasukan ingkang lami kapindhah dhatêng rasukan pêthak, lajêng

--- 78 ---

udhêng-udhêngan, pangangge ingkang lami dipun tilar kemawon wontên pinggir lèpèn. Mêntas saking lèpèn Pak Kabul lajêng mlampah mangetan dumugi Kapasari. Saking Kapasari menggok malih mangidul. Sarêng dumugi ing sawetanipun pêgantosan Kalianyar, kêpêthuk motor saking kidul dipun tumpaki ing Cina. Motor kèndêl, Cina ingkang numpak mandhap murugi Pak Kabul, sarta wicantên makatên: Ana kene kêpêthuk sobat lawas.

Pak Kabul kalihan Cina ingkang murugi punika botên pangling, inggih punika Dyan Sing ing kitha Malang. Pak Kabul lajêng wicantên: Yuk, badhe dhatêng pundi.

Dyan Sing mangsuli: Badhe dhatêng tayuban, kangmas. Kangmas punapa badhe dhatêng Madura tumbas lêmbu.

Dèrèng kantênan, yuk, benjing enjing.

Măngga, kangmas, sapunika tumut kula kemawon. Benjing enjing manawi siyos dhatêng Madura kula têrakên.

Pak Kabul lajêng kaajak numpak motor mubêng-mubêng wontên ing Surabaya. Watawis jam 8 dalu lajêng madosi griyanipun Mas Harja Utama ing kampung Ngêmplak. Dumugi ing ngajêngan lampahing motor alon, lajêng kèndêl. Pak Kabul wicantên: Yuk, punika badhe dhatêng pundi.

Măngga, ta, kangmas, manut kula mawon dhatêng tayuban.

--- 79 ---

Punika griyanipun priyantun Jawi, anèmêr.

Kula botên tampi ulêman, yuk.

Botên dados punapa, mangke kula têpangakên.

Yuk, Tansi Ho pundi.

Bokmanawi mangke inggih dhatêng. Kalawau sawêg pinuju kesah.

Pak Kabul kalihan Dyan Sing lajêng sami lumêbêt. Ing ngriku tamunipun sampun kathah, sadaya băngsa Tyonghwa, suwaranipun găngsa angrêrangin. Pak Kabul linggihipun cêlak kalihan Dyan Sing, manahipun tansah kuwatos bokbilih mangke kadhawahan sampur, gèk kadospundi, ingkang kangge tombok punapa. Saya dalu saya kathah tamunipun băngsa Tyonghwa, malah Tansi Ho inggih dhatêng, dene tamunipun Jawi namung sakêdhik, kintên-kintên wontên sadasa kalihan Pak Kabul, inggih punika para priyantun ingkang sami botên angsal panggenan wontên ing griyanipun pangantèn jalêr. Dyan Sing dipun cêlaki Pak Kabul manahipun sangsaya agêng, awit gadhah pandakwa bilih Pak Kabul ngandhut yatra kathah, jalaran piyambakipun badhe dhatêng Madura prêlu tumbas lêmbu. Upami mangke badhe main, inggih main agêng-agêngan.

Botên watawis dangu Tansi Ho ugi lajêng dhatêng, nanging linggihipun [linggih...]

--- 80 ---

[...ipun] botên kêmpal kalihan Pak Kabul, sarta inggih gadhah pangintên bilih Pak Kabul sangu yatra kathah.

Sarêng tamunipun sampun ngalêmpak, saèstu Dyan Sing lajêng main, manggèn larikan kiwa ingkang sisih lèr majêng mangilèn. Tansi Ho manggèn sakidulipun kêlêtan sameja, majêng ngalèr ngilèn. Sadangunipun Dyan Sing main, Pak Kabul linggih wontên sawingkingipun cêlak, nanging botên dipun ajak main, namung dipun kèndêlakên kemawon, măngka Dyan Sing sampun pikantuk yatra radi kathah, têka botên dipun êkèn wudhu. Ngantos pintên-pintên rambahan inggih kèndêl kemawon. Botên dangu tayuban lajêng wiwit. Pak Kabul gadhah gagasan makatên: Saupama mêngko lèdhèke ngêkèki sampur aku, gêk kêpriye, iba isinku. Ngaya-aya têmên aku ngêtutke Dyan Sing, barêng wis olèh dhuwit banjur lali, tandhane nganti pirang-pirang rambahan diênêngake bae. Upama aku jawab utang mênyang Dyan Sing, aku sapisan bae durung rumăngsa ngêtokake dhuwit.

Manawi lèdhèkipun dumugi ing ngajêngipun Pak Kabul, Pak Kabul sanalika kringêtipun kados tiyang adus. Nanging ingkang dipun dhatêngi Cina sangajêngipun cêlak. Ing dalu punika susahipun Pak Kabul tanpa upami. Saèstu, sarêng wiwit malih purugipun lèdhèk dhatêng ngajêngipun Pak Kabul. Cina ingkang botên nyêpêng [nyê...]

--- 81 ---

[...pêng] krêtu sampun kawradinan sadaya, mila sampur wau mêsthi dhawah Pak Kabul. Lèdhèk lajêng andhodhok mak prok wontên ngajêngipun Pak Kabul, satêngênipun Dyan Sing. Pak Kabul manahipun ical, kados tiyang kamitênggêngên. Sadèrèngipun sampur dipun êbrukakên Pak Kabul, sampun dipun tampèni Dyan Sing. Dyan Sing tombok sadasa rupiyah, sampur dipun kêmulakên Pak Kabul, sarta wicantên makatên: Wakil, kangmas.

Pak Kabul ngadêg nêdha gêndhing: Pucung sarta lajêng ambêksa, dene ingkang nglarihi inggih kathah, para priyantun utawi Cina. Wiwitipun saking lèr mangidul, dumugi kidul mingêr ngalèr malih, dados majêng dhatêng pojok panggenanipun Dyan Sing. Kêlêrêsan Dyan Sing badhe dados bandar, wicantên dhatêng Pak Kabul makatên: Turut, kangmas.

Anggènipun wicantên makatên wau nyarêngi dhawahing gong agêng, jênggur, lênggutipun Pak Kabul kadosdene tiyang manthuk, Dyan Sing ngintên Pak Kabul purun dipun ajak bathon. Pak Kabul anggènipun anjogèd dumugi sisih lèr badhe mingêr mangidul majêng dhatêng pojok linggihipun Tansi Ho. Tansi Ho ugi badhe dados bandar. Sarêng Pak Kabul jogèdipun dumugi ing têngah, Tansio wicantên: Turut, kangmas.

Pak Kabul jogèdipun ugi kalêrês dhawah gong. Dados lênggutipun wau dipun kintên manthuk. Panampinipun Tansi Ho

--- 82 ---

Pak Kabul purun dipun ajak bathon. Dumugi sisih kidul Pak Kabul inggih lajêng mingêr malih majêng mangalèr. Sarêng dumugi ing têngah, kêlêrêsan Dyan Sing dipun pasangi kiwa têngên kintên-kintên nyèwu rupiyah. Dyan Sing lajêng tarosan dhatêng Pak Kabul makatên, ini apa dhitêni sêmua, kangmas. Rèhning kalêrês dhawah gong, Pak Kabul kados dene manthuk. Panampinipun Dyan Sing katêni sadaya. Dumugi lèr Pak Kabul lajêng mingêr mangidul. Sarêng jogèdipun dumugi têngah, Pak Kabul sampun badhe kèndêl, ananging Tansi Ho wicantên makatên: Têrus, kangmas. Saking panampinipun Pak Kabul, Tansi Ho badhe larih, mila lajêng anjogèd malih gantos gêndhing Ginonjing, sagongan lajêng kèndêl. Ingkang anjogèd lajêng gantos tiyang sanès, Pak Kabul ugi tumut larih. Bakda larih lajêng linggih malih wontên ing wingkingipun Dyan Sing, sumêrêp tumpukan yatra krêtas sampun kathah sangêt. Pak Kabul tansah anggagas makatên: Aku iki diajak mênyang tayuban, têka mung dikon dadi wakile bae. Ana wong anjogèd pijêr ngomèl bae. Bok iya saiki-iki ngêlungi ujuran, dadi kêna dak gawe tombok mêngko.

Dèrèng ngantos têlas anggènipun anggagas-gagas, kalanganipun main Dyan Sing bibar. Dyan Sing lajêng ngetang artanipun, arta pawitanipun 100 rupiyah kapêndhêt rumiyin, kakantunanipun [kakantuna...]

--- 83 ---

[...nipun] kapalih, Pak Kabul tampi 3000 rupiyah. Dyan Sing wicantên makatên: Kangmas wau dèrèng ngêdalakên yatra, mila kula pêndhêt satus rupiyah rumiyin.

Pak Kabul mangsuli: Inggih, yuk, kula punika namung andhèrèk kemawon.

Yatra lajêng kapêndhêt dipun lêbêtakên ing kanthongan. Botên antawis dangu kalanganipun Tansi Ho inggih bibar. Tansio lajêng ngulungakên gulungan arta krêtas kalihan mungêl makatên: Kangmas, punika, lho, botên sagêd panjang lajêng bibar.

Yatra wau lajêng kaetang wontên 2000 rupiyah. Pak Kabul mangsuli: Inggih, yuk, matur sangêt nuwun. Punapa badhe mantuk, taksih wanci ngatên.

Tansi Ho mangsuli: Inggih mangke-mangke, kangmas.

Botên antawis dangu lajêng ambal main malih, tigang kalangan, nglêmpak dados sakalangan. Pak Kabul taksih ajêg wontên sawingkingipun Dyan Sing kemawon, botên badhe tumut-tumut, malah reka-reka kados tiyang ngantuk. Upami mangke dipun ajak bathon malih badhe botên purun, mila tansah ngajêng-ajêng enggala tampi sampur badhe anjogèd piyambak. Pak Kabul sumêrêp kathahing yatra ingkang wontên meja ngriku langkung kathah tinimbang kala wau. Wontên ugi

--- 84 ---

ingkang kala wau kawon, sapunika sagêd mimpang. Pak Kabul tansah ningali kemawon kalihan ngantuk. Botên dangu wontên Cina ingkang nyolong krêtu, rèhning kasumêrêpan dening Cina ingkang sampun kawon kathah, botên saronta meja dipun golingakên. Dhawahing meja dhatêng ngajêngipun Pak Kabul. Yatra ingkang wontên ing meja prasasat dhawah nglêmpak ing kursi ingkang dipun linggihi Pak Kabul. Pak Kabul kêtêndhang Cina sanèsipun ingkang badhe mlajêng mêdal. Pak Kabul sawêg krengkang-krengkang badhe ngadêg, kêtêndhang malih, dhawah krungkêb, ngrungkêbi yatra wau, lajêng kaidak-idak ing tiyang ingkang badhe lumajêng mêdal, ananging botên kadamêl raos, awit saking kuwatosipun bokmanawi ingkang dhawah punika yatranipun piyambak. Sarêng wontên rame-rame makatên lajêng wontên pulisi dhatêng, nyêpêngi têtiyang ingkang sami damêl gègèr, namung Pak Kabul botên kacêpêng, awit botên katingal, kaling-kalingan kursi. Pak Kabul lajêng tangi kalihan anglêbêtakên yatra krêtas kathah ingkang dipun rukêbi wau, sarta nyandhak cangkir satunggal gêlas satunggal, mêdal saking panggenan ngriku dhatêng ing sêpèn. Dados sanajan sadaya Cina ingkang kacêpêng ing pulisi wau sami madosi, inggih botên sagêd pinanggih, jalaran Pak Kabul wontên ing wingking, sinjangipun kawalik dumugi ing dhadha kangge nutupi kanthonging rasukan, lajêng tumut [tu...]

--- 85 ---

[...mut] isah-isah piring utawi cangkir. Tiyang ingkang dipun rencangi inggih botên gadhah pangintên, bilih Pak Kabul sanès tiyang ngriku, malah gadhah pangintên sadhèrèkipun ingkang gadhah griya kemawon. Saking ajrihipun Pak Kabul, punapa malih sarêng èngêt dhatêng piwêlingipun Gwan King, manawi tiyang main dipun tangkêp pulisi, sapintên kathahing yatra kandhutanipun mêsthi dipun rampas, mila sadangunipun wontên ing sêpèn Pak Kabul tansah ngisahi piring ingkang rêgêd. Sarêng sampun siyang botên wontên urusan punapa-punapa, manahipun Pak Kabul radi ayêm sakêdhik, sarta botên purun kesah saking ngriku ing wêktu siyang punika, dene pangangkahipun badhe kesah: mangke dalu.

Mas Harja Utama sumêrêp Pak Kabul wontên ing sêpèn, radi gumun, awit kala wau dalu wontên ing pandhapa tumut Cina-Cina sami main, sapunika têka tumut isah-isah piring wontên ing wingking. Măngka rumaos botên têpang, inggih sawêg sapunika sumêrêp, mila Pak Kabul lajêng dipun ajak linggihan ing pandhapa.

Mas Harja Utama pitakèn dhatêng Pak Kabul makatên: Kangmas punika dalêmipun pundi, kula radi kêsupèn.

Pak Kabul mangsuli: Kula punika tiyang têbih, mas bèi. Kula saking Kêdhiri, dene dhatêng kula ing ngriki: wau dalu, namung [na...]

--- 86 ---

[...mung] katut têpangan kula Cina ing Malang. Sarèhne kala wau dalu lajêng wontên gara-gara gegeran kados makatên, kula ajrih dhatêng pulisi, jalaran kuwatos manawi dipun tumut-tumutakên, mila kula lajêng nyalinthut dhatêng wingking.

Sampun botên dados prakawis punapa-punapa. Pulisi namung anjagi sampun ngantos wontên ingkang nandukakên dêdamêl. Inggih saking kagètipun tiyang kathah sami lumajêng wau.

Pak Kabul mirêng katrangan makatên wau manahipun radi asrêp, malah gadhah panêdha badhe ngaso wontên ngriku sakêdhap. Mas Harja Utama ugi dhangan. Pak Kabul lajêng kapurih ngaso wontên ing kamar, Mas Harja ugi tumut malêbêt. Wontên ing kamar Pak Kabul ngêdalakên yatranipun sadaya badhe dipun etang, kalihan wicantên makatên: Anggèn kula ajrih dhatêng pulisi punika wau, kula kuwatos manawi yatra kula dipun rampas, mas bèi.

Sarêng kaetang sadaya wontên 8000 rupiyah.

__________

IX. Panggihipun Pangantèn.

Kacariyos panggenanipun têmantèn jalêr, byar enjing gamêlanipun ringgit sampun kaantukakên, botên dangu sêtrik orkès dhatêng, inggih punika sumbanganipun lare neneman, pakêmpalanipun Kabul piyambak. Bêdhug siyang sêtrik [sê...]

--- 87 ---

[...trik] orkès bibar. Watawis jam gangsal sontên musik sampun dhatêng ing ngriku prêlu kangge ngarak dhatêng panggenanipun têmantèn èstri. Wiwit jam pitu dalu para priyantun ingkang badhe kurmat panggihipun têmantèn sampun wontên ingkang sami rawuh, saya dalu saya kathah. Kintên-kintên jam sêtêngah wolu dalu têmantèn jalêr sampun dipun purugi kapurih bidhal. Ing margi botên kacariyos, têmantèn jalêr sampun dumugi ing regol, Monggang lajêng kaungêlakên, suwaranipun umyung adamêl gambiraning manah. Para priyantun kakung putri worsuh sami mêdal sadaya mêthuk têmantèn jalêr wontên ing latar. Têmantèn èstri sampun ngêntosi wontên satêngahipun pandhapa karubung para putri. Têmantèn jalêr mêdal têngah pandhapa, sarêng pikantuk tigang tindak, têmantèn èstri ugi tumindak tigang tindak, panggih, lajêng jèjèr lumampah tigang tindak malih, têmantèn jalêr ngadêg jêjêg, têmantèn èstri mubêng mingêr ngajêngakên ingkang jalêr, lajêng andhodhok nyêmbah.

Kocapa sarêng têmantèn sampun dipun panggihakên, ingkang nganthi têmantèn jalêr namung êmbokipun piyambak, waris sanèsipun botên wontên. Êmbok Kabul sumêrêp anakipun karubung tiyang sapandhapa jalêr èstri, saha binarung ing găngsa, ingkang suwaranipun anganyut-anyut, sanalika ngriku Bok Kabul êluhipun carocosan, wusana lajêng nangis anggêmbor: [ang...]

--- 88 ---

[gêmbor:] O, alah, Kabul, bêgja têmên, kowe.

Pak Kabul ingkang ngadêg cêlak, sarêng mirêng tangising tiyang èstri tur mawi sambat-sambat: Kabul, manahipun kados dipun sêndhal, lajêng miyak tiyang ngajêngipun kalihan ngiling-ilingi têmantènipun jalêr. Wusana cêtha bilih ingkang dados têmantèn wau anakipun jalêr, dene ingkang nangis bojonipun. Pak Kabul lajêng ambêngok: Laila hailollah. Gusti Allah nyuwun ngapura.

Mas Harja Utama enggal murugi anakipun têmantèn sakalihan, kaajak dhatêng griya têngah, ugi kalinggihakên jèjèr, dene tiyang ingkang sami nangis wau kapurih lumêbêt ing kamar. Tiyang sapandhapa sami kagèt, gugup murugi dhatêng panggenanipun têmantèn, makatên ugi tiyang ingkang wontên ing pawon sami anilar padamêlanipun. Têtiyang sami takèn-tinakèn punapa sababipun, ananging botên wontên ingkang mangrêtos. Wontên ugi ingkang cariyos bilih êmbokipun têmantèn èstri sêmaput.

Mas Harja Utama lajêng ngaturi têtamunipun supados sami lênggah, botên dangu mêdal sêgah dhaharan.

Sabibaripun sami dhaharan, Mas Harja Utama sakalihan, têmantèn sakalihan, êmbokipun têmantèn jalêr tuwin para priyantun putri sami mêdal dhatêng pandhapa linggih jèjèr-jèjèr, awit Pak Kabul badhe matur wontên ing ngarsanipun para tamu.

--- 89 ---

Pak Kabul: Nuwun, para priyantun, kula minăngka sêsulihipun ingkang gadhah damêl, kula matur sèwu nuwun dhatêng sadaya para priyantun kakung putri ingkang sami mrêlokakên rawuh ngurmati panggihipun têmantèn. Dene manawi wontên kuciwanipun palênggahan lan pasugatan, mugi-mugi para priyantun sadaya krêsaa paring samodra pangaksama dhatêng Mas Harja Utama sakalihan.

Kajawi saking punika, kula (Pak Kabul) ngaturi priksa: nalika panggihipun têmantèn wau lajêng wontên gara-gara ingkang ngantos adamêl kagètipun para tamu sadaya. Bokmanawi dèrèng wontên ingkang priksa sababipun. Sampun malih para tamu, sanajan ingkang gadhah damêl piyambak ugi botên priksa ingkang dados sababipun. Sajatosipun ingkang anjalari rame wau kula. Kula punika tiyang sêpuhipun têmantèn jalêr, punika semah kula (kalihan andumuk Bok Kabul). Dene dhatêng kula ing ngriki botên pisan-pisan sumêrêp bilih ingkang dados têmantèn punika anak kula jalêr. Anggèn kula pisah kalihan semah kula punika, wiwit Kabul umur 13 taun. Dene dhatêng kula kala wau dalu. Sarta botên pisan-pisan saking kajêng kula piyambak, namung katut kalihan têpangan kula Cina ing kitha Malang nama Dyan Sing. Wusana enjingipun kula botên tumut mantuk, jalaran [jalara...]

--- 90 ---

[...n] kala wau dalu wontên geger-gegeran prakawis main. Sarèhne kula botên tumut main, kula kuwatos manawi kasangkut prakawis punika. Saking ajrih kula, kula kêpêksa nyalinthut dhatêng wingking, wontên ing sêpèn kula tumut isah-isah piring, kêdadosanipun jêbul makatên.

Dene jalaranipun anggèn kula pisahan kalihan anak semah kula punika, botên prêlu kula aturakên, kula namung badhe suka pêpeling dhatêng anak kula jalêr: sampun sok rêraosan kalihan ingkang èstri prakawis wayuh. Awit tiyang èstri punika manawi dipun wayuh botên rêna sangêt, aluwung dipun pêgat. Rajabrana, êmas intên barleyan botên sagêd adamêl pamarêming manahipun. Kula botên pisan-pisan anyêmoni dhatêng ingkang krêsa. Kula punika ingkang sampun ngalami piyambak. Dalu raosan wayuh, enjingipun semah kula kesah kalihan anakipun, băndha pintên-pintên botên dipun èngêti, wusana têlas, jalaran namung têmbung sakêcap: wayuh, tur kula botên saèstu wayuh.

Samangke bingah kula tanpa upami, dene sagêd pinanggih malih kalihan anak semah kula.

Kula matur sèwu nuwun dhatêng Mas Harja Utama sakalihan, dene sampun karsa mupu anak kula.

--- 91 ---

Saking kamirahaning Pangeran, kula gadhah yatra 8000 rupiyah. Ingkang 5000 rupiyah, kula rilakakên dhatêng anak kula pangantèn sakalihan, lan yèn ing têmbe anak kula jalêr ngantos purun wayuh, yatra 5000 punika kadarbea ing anak kula mantu piyambak. Dene ingkang 3000 rupiyah, kula rilakakên dhatêng bojo kula, supados sagêda lêstantun momong anakipun. Kula piyambak namung badhe ngèngèr dhatêng anak kula kemawon. Namung samantên atur kula dhatêng para priyantun kakung putri sadaya ingkang sami kasdu mirêngakên.

Lajêng binarung suwaranipun gamêlan, saha kêplok, surak ambal-ambalan.

Botên dangu lajêng mungêl gêndhing Boyong, têmantèn jalêr bêksa, têmantèn èstri lumêbêt ing griya kalihan para tamu èstri. Mas Harja Utama ugi ngêtutakên dhatêng ing griya wingking, prêlu nyimpêni yatra wau. Pak Kabul kalihan Bok Kabul lumêbêt ing kamar.

Tayuban sadalu muput, enjing bibar wilujêng sadayanipun. Pangantèn atut runtut kados mimi lan mintuna.

Tamat.

--- [92] ---

Isinipun.

... Kaca:

I. Sade rumput. ... 3

II. Dados gamêl. ... 10

III. Nyambut damêl wontên ing hotèl. ... 18

IV. Badhe wayuh. ... 33

V. Badhe rabi malih. ... 39

VI. Kêtula-tula. ... 44

VII. Biyang Kabul saanakipun gêsang wontên ing purug. ... 62

VIII. Badhe mantu. ... 71

IX. Panggihipun Pangantèn. ... 86

__________

--- [0] ---

[2 halaman kosong]

 


pabrik-pabrik. (kembali)
mangsuli. (kembali)
arêp. (kembali)