Ajidarma, Warsadiningrat, 1915, #1448

JudulCitra
Terakhir diubah: 06-07-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ajidarma

Punika pratelanipun Sêrat Ajidarma, wêwirid saking Kitab Musarar, babon saking ing Rum. Anyariyosakên nalika Jaka Sangkala babad ing rêdi Kêndhêng, inggih punika Ajisaka ngancik ing tanah Jawi ingkang wiwitan. Kala samantên sinangkalan kunir wuk tanpa jalu, warsa Sambrama. Manawi kapirit saking panêngraning sangkala punika taun sèwu, ananging manawi kapirit saking wiwitan inggih dados taun satunggal.

Anyariyosakên duk Jaka Sangkala wontên ing wukir Kêndhêng, antuk pangawikaning kang eyang Êmpu Ramadi, tuwin angsal wangsiting para jawata, kakumpulakên dados satunggal kalihan rahsaning ngèlmi makrifat, amung nunggil misah kemawon. Mênggah pratelan wisikanipun para jawata satunggal-tunggal dhumatêng Jaka Sangkala, kados ing ngandhap punika.

1. Ingkang rumiyin wisikanipun Sang Êmpu Ramadi, makatên.

Sajatine ora ana apa-apa, duk maksih sunyaruri, durung ana dumadi sawiji-wiji, kang jumênêng dhihin iku ingsun, anartandhani ing solahbawaningsun, amratandhani ing jênêng ingsun, tuhu tunggal ing kauripan ingsun, lan sajatine ananing dumadi kang andadèkake kadayaningsun.

Ingkang kasêbut nginggil punika, Jaka Sangkala mawi sinung wêwarah: I. lêga II. rila III. têmên, IV. utama, V. wadad. Ing ngriku manawi linampahan badhe kadumugèn ing sasêdyanipun, sarta sinung waskitha, dene lampahipun apati raga 7 dintên 7 dalu, watêkipun sagêd angayomi tiyang, ginanjar wahyu agêng, ginugu saujaripun.

2. Ingkang kaping kalih wisikanipun Sang Hyang Guru, ing Jonggringsalaka, dhumatêng Jaka Sangkala makatên wawêdharanipun.

Yangyangning jatining atunggal, duk maksih sunyaruri durung ana dumadi, kang dinadèkake dhingin iku ingsun, jumênêng ing atunggal, anèng sapta bantala, myang akasa, dadi sasêdyaningsun salawase.

Ingkang kasêbut nginggil punika, manawi tinulat lampahipun ngrapa, ing dalêm satus dintên, watêkipun rahayu barang kang sinêdya,kadunungan wahyu agêng, tur sinung padhang manahipun, sring tutut miwah kêkah dhatêng rijêki.

3. Ingkang kaping tiga, wisikanipun Sang Hyang Endra, ing Ganyalaya, dhumatêng Jaka Sangkala, kados ing ngandhap punika.

Yangyangning jatining Suksma Kawêkas, kang satuhu amisesani saisining jagad raya, lan sadurunge dumadi sawiji-wiji, kang jumênêng dhihin iku ingsun, amurba kang sapta bantala, myang akasa kabèh.

--- 2 ---

Ingkang kasêbut wau, Jaka Sangkala mawi winarah tapa bratanipun, mêthak ing dalêm satus dintên, watêkipun sinihan ing sasami, linulutan ing kulawarga, utamènipun kaangge pujian marasowan, sagêd kacêlak ing ratu, kêrêp tinari-tari, tur kasinungan waskitha, ginantungan wahyu agêng.

4. Ingkang kaping sakawan, wisikanipun Sang Hyang Sambo, ing Èrsanyalaya, dhumatêng Jaka Sangkala.

Unadining Hyang Jagad Wisesa, kawasa amrawasa sèsining bawana, winênang anganakake ing dumadi, duk maksih sunyaruri, durung ana sawiji-wiji, ênar sing kaênênganingsun.

Ingkang kasêbut ing nginggil punika, Jaka Sangkala mawi winarah tapa bratanipun, mêlèk ing dalêm 70 dintên, dalunipun kemawon. Watêkipun sagêd kadunungan prabawa, inggih punika aji panglêrêban. Têgêsipun sagêd anglêrêbakên kaardaning lyan. Apês kang dinulu pêpês kang dinumuk, tur kêkah barang kang sinêdya gampil, têrkadhang asring mêmanggih barang suci.

5. Ingkang kaping gangsal pamasitanipun Sang Hyang Brahma, ing Pascimalaya, dhumatêng Jaka Sangkala, makatên.

Yangyangning whah mrêgêngning kaêninganingsun, anartandhani ing solahbawaningsun, amratandhani ing jênêng ingsun, tuhu têka saka kawasaningsun.

Ingkang kasêbut ing nginggil punika, mawi winarah tapabratanipun, anyirik sêkul ing dalêm 100 dintên. Pati raga sadintên sadalu, nanging utamènipun ingkang nglampahi pawèstri, mênawi tinêmênan watêkipun angsal gêmpilaning karaton, utawi gadhah turun agêng, têrkadhang sariranipun pyambak. Tur kasinungan waskitha, tuwin wantêr rosa ing budi, kêrêp kadugèn barang kang sinêdya dumadi rahayu.

6. Ingkang kaping nêm pamasitanipun Sang Hyang Bayu, ing Byatyalaya,dhumatêng Jaka Sangkala makatên.

U i la êning kaênênganingsun sajati, têtêp mantêp ing kaarêpaningsun, duk maksih awang-uwung durung ana dumadi sawiji-wiji, ingsun kang jumênêng ing atunggal, saka kawasaningsun dhewe.

Ingkang kasêbut ing nginggil punika, mawi wêwarah tapa bratanipun, anglampahi nyirik toya ing dalêm 70 dintên. Watêkipun kuwat, tur kêkah ing karosanipun, awèt barang darbe, tangèh katempelan budi awon, lumuh lêlèmèr tur kêncêng sagung panêdya, têbih ing para cidra, linulutan sasamining dumadi.

7. Ingkang kaping pitu wisikanipun Sang Hyang Wisnu, ing Utaralaya, dhatêng Jaka Sangkala makatên.

Yangyangning jati, jatining Suksma sinuksma, maraa yang ning kaêninganingsun, kang tunggal sagatra warna ênggon, kang nglimputi ing cahyaningsun, kang gumilang tanpa wêwayangan, sirning Hyang Jati.

Ingkang kasêbut ing nginggil punika, mawi wêwarah tapa bratanipun, anyirik ulam ing dalêm satus dintên, mawi pati raga 3 dintên, tigang dalu, manawi tinêmênan [ti...]

--- 3 ---

[...nêmênan] watêkipun sagêd katingal sae, sarta kongas ing kawignyanipun, patitis titi waskitha tindaking prakawis (arang kaliru), inggih punika wajib kaangge aji panitisan, bangsaning jêmparing, tuju, lès, sapanunggilanipun, ananging sok awis putra.

8. Ingkang kaping wolu pamasitanipun Sang Hyang Kala, dhatêng Jaka Sangkala, nalika winangsit malah lajêng tinular pamasitanipun, kaistha rajhah kalacakraning jaja. Kados ing ngandhap punika wujuding rajhah kalacakra.

[Grafik]

(kenging dipun sêkarakên gurisa)

(lêrêsipun sêkar prawiralalita)

Gèsèh kalihan rajah kalacakra, ingkang sampun kapacak wontên ing Sêrat Pustakaraja, ingkang lêrês ingkang pundi nyumanggakakên.

[tandatangan: Atmamardawa]

Kacariyos rajhah kalacakra punika dumunung wontên ing jajanipun Sang Hyang Kala, lajêng tinulad dening Jaka Sangkala, awit kathah paedahipun, kenging kinarya têtumbaling papan pemahan, mênawi kalêbêtan tiyang durjana adamêl bingung, yèn kaangge sêsarat kapasang saluhuring kori, sawabipun adamêl tawa dhatêng para wisa, tuju, têluh, tênung, tuwin taragnyana sami wangsul, bilih kapasang saluhuring kontên griya, sawabipun anêbihakên sarap sawan utawi anyingkirakên sêsakit. Sagung pakarti ingkang nênêka botên tumama, yèn kaapilakên sagêd ambirat sagung wisaya, inggih punika sakathahing wisaya upas lan sapanunggilanipun, sami sanalika, salêbêting lalênggahan, ananging mawi sarana dariji panêngah kadumukakên ingkang badhe kadhahar tuwin kaunjuk, kalihan ngapalakên rajah kalacakra wau, utamènipun kaagêm ing sêsabukan, nanging mênawi têtoya kêdah kasèlèhakên ingkang inggil, botên kenging kaangge lampah awon.

Dene wêwarahing tapabrata makatên, anyingkirakên napsu hawa ing dalêm 7 wulan, langkung 20 dintên. Mênawi tinêmênan watêkipun padhang dhatêng manah rahayu, jêmbar dhatêng panggraita, rêsik dhatêng budi, waskitha ing saniskara, kêrêp tinêkan ing panêdya, linulutan sakulawarga, sinuyutan ing sasami, sinung luhur ing kawahyunipun, tur ginugu ing sapangandikanipun.

Warninipun Sang Hyang Kala punika sajatosipun botên asipat raksasa, ananging sami-sami putranipun Sang Hyang Pramèsthi Guru berawa piyambak, mila pinaringan pêparab Sang Hyang Berawa, saking agêngipun kados angganing raksasa triwikrama, sarta rinilan angumbar karsa [kar...]

--- 4 ---

[...sa] 100 dintên ing dalêm sataun, awit nalika babaripun saking gana 100 dintên, amila wêwênangipun Sang Hyang Kala amung 100 dintên wau rinilan angumbar karsa.

9. Ingkang kaping sanga wisikanipun Sang Hyang Kamajaya, ing cakrawala, inggih ing Cakrakêmbang, pamangsitipun dhatêng Jaka Sangkala makatên.

Yangyangning pojongkara, rap-raping kaênênganipun. Sumrambah ing rahayuningsun, lênglêng langgêng êninging kaênêngan jati.

Ingkang kasêbut ing nginggil wau, mawi sinung wêwarah ing tapabratanipun, anglampahi cêgah dhahar nendra, ing dalêm 25 dintên, mawi pati raga sadintên sadalu, sarta luwaring pati raga lajêng siram ing Paracimalaya, sadalu kaping 7 mênawi sapunika inggih siram ing sumur kemawon. Yèn tinêmênan watêkipun sagêd angayomi tiyang, sugih kasagêdan, ginugu sapangandikanipun, ginuron ing sapojaranipun, rinakêt ing gusti, sinihan ing pawèstri, tur kadunungan eling, miwah antuk wahyu padhanging budi, dinulur ing rijêki, awèt barang darbèkipun, punapadene kenging kangge sarana panjang yuswa, têgêsipun sarat sêgêr kasarasan. Mawi sarana sastra Budha, kaangge kandhutan. Botên kenging kaangge rêgêd, têgêsipun sabên têtoya kêdah kasèlèhakên, kados ing ngandhap punika warnining sarana sastra.

[Grafik]

Amila kalantur dêdongenganing tiyang dumugi samangke, miturut saking para maharsi, pandhita, ajar sasaminipun, runtuting ajêjodhoan miwah patraping rukun lir Kamajaya Kamaratih, pikajêngipun dede runtuting ajêjodhoan, lan dede rukunipun saking patraping garwa, inggih punika runtuting kawignyan miwah pangawikanipun, turut. Amila kaangge jimat para pandhita sapanunggilanipun. Awit sadaya piwulangipun Sang Hyang Kamajaya sami kalêbêt pirukuning pandhita, têgêsipun anggugu ujaring guru, botên angamungakên sagung wêwulang, sanadyan bangsaning sastra Buda budayaning budi, ingkang sami dipun ênut sapariki, inggih wawêdharanipun Sang Hyang Cakrawala.

Makatên malih sarêng dumuginipun Jaka Sangkala, ingulur-ulur tinular-tular lêlajêring nungswa Jawi, tuhu karya wimbuhing budinipun Jaka Sangkala sarêng anampèni wawêdharanipun Sang Hyang Kamajaya wau, tuhu gancar lêlanjaraning ujar, têtela Jaka Sangkala rinilan saakalipun. Mila sangsayarda kadayaning wardaya, lajêng wiwit anganggit Sêrat Cakrawarti, sapanunggilanipun. Inggih punika lampah-lampahing surya miwah căndra, tiniti sarya pangrêti, têmah dados sêrat pananggalan, tuwin pawukon sapanunggilanipun.

Jaka Sangkala lajêng pindhah dhatêng ing rêdi Cawang, rêdi Pinggan, rêdi Hyang, rêdi Lawang, tuwin rêdi Limungan. Ing ngriku sangsaya mêmpêng panganggitipun. Taksih tunggil warsa duk babadipun ing wukir Kêndhêng, sinantunan sangkalanipun, jêbugawug. Sarêng angsal sawarsa panganggitipun Jaka Sangkala kèndêl. Amila kasaru dhatênging sêsakit agêng (pagêblug) ngantos adamêl [a...]

--- 5 ---

[...damêl] girisipun para têtiyang 20.000, kalih dasa èwu somah, jalaran kaparak ing pagêring, têmah kathah ingkang sami sirna tanpa kuwănda, kala samantên amarêngi ing warsa Biswawisu, sinangkalan kacaksu ing siluman.

Ing ngriku tiyang kalih lêksa somah kintên amung kantun 20 somah, sakantunipun sami angumpul dados satunggal. Sinangkalan, gêni tiba malêtik ing langit 3 warsa Budha amarêngi ing warsa Kalayudi.

Sasampuning makatên, ing sakantunipun wau lajêng sami lumayu anumpal kèli ing lautan mantuk dhatêng ing Rum malih, Jaka Sangkala botên kantun. Kala samantên anuju ing warsaKalakandha, sinangkalan toya muluk ing gêgana 4.

Sapraptanipun ing Êrum, Jaka Sangkala ngaturakên purwaning dinuta, Sultan Algalbah dahat sungkawa, lajêng rinêmbag para pandhita myang para tapa, anggèning ngisèni manuswa ing tanah Jawi, sarana têtumbal. Dadosing rêmbag Jaka Sangkala miwah Maulana Ngali Samsujèn, ingkang piniji masang têtumbal, kanthi para tapa sasaminipun. Kacariyos sapraptaning nungswa Jawi punang têtumbal pinasang amaju pat, dumunung ing têngah-têngahipun tanah Jawi, inggih punika ing wukir Tidhar, tanah Kêdhu, lajêng jinagan ing siyang ratri, sarêng dumugi ing pêndhak dintên, punang têtumbal tumama, nulya ing dalu wontên sabawa gumalêgêr obah sêsauran, lèr kidul wetan kilèn miwah ing têngah, ing siyang ratri têrus datanpa mêndha, aggêgêtêri, kathah wukir kadhungkar, bêlah, sigar, miwah martiga, ardi Marapi punggêl pucakipun, sumêbut mangetan dadya ardi Kêlut. Ardi Wilis punggêl pucakipun, dadya wukir Padhang, kathah panunggilanipun ingkang sami punggêl dadya wukir alit-alit, ananging botên kacariyosakên.

Saking ampuhipun têtumbal tumanduk dhatêng lêlêmbat sakathahing bêrkasakan kalarudra rupa katahman ing sêsakit, angga marlupa kadya binasmi, bingung apêpuyêngan gumuruh angaru-ara, tangising para lêlêmbat kapyarsa dening para têtuguran, swaranya anggêgirisi, gumaludhug angguntur kêtug, dhèdhèt erawati.Sarêng dumugi ing pêndhak dintênipun malih, para bêrkasakan sapanunggilanipun wau, angraos botên kawawa nandhang sêsakit, têmah samya miruda ngungsi têlênging samudra, ing dalêm 22 dintên sirnaning bêrkasakan. Sasirêping swara duta Rum samya angumpul, apirêmbagan mantuk dhatêng ing Rum, lajêng amancal layar, datan winarna ing margi. Kala samantên amarêngi warsa Triyodhari, sinangkalan gora sirna 7.

Kacariyos sadèrèngipun dhatêng utusan saking Rum, kantuning Jaka Sangkala, wontên ing wukir Tidhar, amêdharakên pangawikan malih, andumugèkakên panganggitipun Sêrat Cakrawarti, akalihan Sêrat Paliprawa, amila ing cariyos punika mawi kasêlanan, ingkang supados anyumêrêpi titimasaning panganggitipun Jaka Sangkala, dados dèrèng kaurutakên rêrancagan kados sangkala bumi.

Ing mangke kaperang-perang pangkating Sêrat Paliprawa, supados têtiyang Jawi sami nyumêrêpana kawajibanipun piyambak, rèhning sampun kawêca dhatêng para tapa, yèn [yè...]

--- 6 ---

[...n] pangawikan Jawi punika badhe bibrah wor syuh pamanggihipun, namung ilu-ilu, gugon-tuhon, kalangkip dhatêng kawruh wajibipun piyambak, kados ta, anut bangsaning Arab sakêdhik, anut băngsa kapir sakêdhik. Beda kalihan băngsa sanèsipun, sami angangge kawajibanipun piyambak-piyambak, mila kathah kanyataning pangawikanipun, awit katêmbungakên ngantêpi tekad. Ing mangke Jaka Sangkala lajêng anganggit taun Jawi, windu, dintên, tuwin wulan Jawi, supados sami sumêrêpa dhatêng kawajibanipun piyambak. Kados ing ngandhap punika pratelanipun:

1. Winastan windu antara, inggih windu antaru, utawi windu antaro, 2. windu manila, 3 windu sangara, 4. windu murka, 5. windu mangkara, 6. windu manggada, 7. windu kawănda, 8. windu tirta, 9. windu seta, inggih windu sètu, 10. windu baya.

(Dados cacahing windu Jawi punika sadasa).

Ing ngandhap punika pratelanipun taun Jawi.

1. Sambrama, 2. Biswawisu, 3. Kalayudi, 4. Kalakandha, 5. Rautri, 6. Dumdumi, 7. Triyondhari, 8. Tisimuka, 9. Dinakara, 10. Sujarha, 11. Sadhamuka, 12. Sadhaksadha, 13. Jagalogêna, 14. Kilaka, 15. Prapawa, 16. Iwa, 17. Cukila, 18. Pramaduda, 19. Prasutpadi, 20. Anggila, 21. Istrimuka, 22. Pawa, 23. Ipa, 24. Tadu, 25. Iswara, 26. Wakdaniya, 27. Pramadi, 28. Wikrama, 29. Wila, 30. Citrapanu, 31. Supanu, 32. Taruna, 33. Partipa, 34. Wiya, 35. Sarwasiti, 36. Sarwadhari, 37. Mirodi, 38. Wikuradhi, 39. Karêha, 40. Nantêna, 41. Wijaya, 42. Jayaha, 43. Manmata, 44. Tunmuki, 45. Yiwolambi, 46. Wulambi, 47. Wikari, 48. Sarwari, 49. Pilapawa, 50. Subakarti, 51. Sabakarti, 52. Aciya, 53. Ananda, 54. Rakcata, 55. Pinggala, 56. Nala, 57. Milawangga, 58. Sahumiya, 59. Sadharuna, 60. Rudraksa.

Cacahing taun Jawi gunggung 60.

Namaning dintên Jawi.

1. Radite, 2. Soma, 3. Anggara, 4. Budha, 5. Rêspati, 6. Sukra, 7. Tumpak.

Namaning pêkênan Jawi.

1. Kliwon, 2. Lêgi, 3. Paing, 4. Pon, 5. Wage.

Ing ngandhap punika namanipun wulan Jawi (inggih punika saking măngsa).

1. Kartika, 2. Pusa, 3. Manggasri, 4. Sitra, 5. Manggakala, 6. Naya, 7. Palguna, 8. Wisaka, 9. Jita, 10. Srawana, 11. Padrawana, 12. Asuji

--- 7 ---

Windu Arab namung 4 inggih punika: 1. windu adi, 2. windu sêngara, 3. windu kunthara, 4. windu sancaya, dene taun Arab namung 8 inggih punika: 1. Alip, 2. Ehe, 3. Jimawal, 4. Je, 5. Dal, 6. Be, 7. Wawu, 8. Jimakir, yèn wulanipun sami 12 inggih punika: 1. Sura utawi Mukharam, 2. Sapar, 3. Mulud utawi Rabinguawal, 4. Rabinguakir, 5. Jumadilawal, 6. Jumadilakir, 7. Rêjêb, 8. Ruwah utawi Saban, 9. Puasa (=pasa) utawi Ramlan, 10. Sawal, 11. Dulkhongidah utawi Sêla (=apit), 12. Dulkijah utawi Bêsar. Yèn dintênipun amung gèsèh nami, nanging sami 7 inggih punika: 1. Jumungah, 2. Saptu, 3. Akad, 4. Sênèn, 5. Slasa, 6. Rêbo, 8.[1] Kêmis.

Awit saking punika, kadospundi tumbukipun windu sarta taun Jawi, akalihan windu saha taun Arab, awit sawinduning taun Arab punika amung wolung taun. Punapadene cacahing windu amung 4. Sarêng windu Jawi punika cacahipun 10 sarta cacahing taun Jawi punika 60, dados sawinduning taun Jawi wau sawidak taun, sanadyan wulan tur sami 12 ananging ugi wontên gèsèhipun, awit petang Jawi saking măngsa, mila botên sagêd gathuk. Amung dintên saha pêkênan ingkang sagêd gathuk.

Mênggah ingkang kasêbut ing nginggil wau, amung kenging kaangge nyatakakên wêwaton Jawi akalihan Arab.

Amila panganggitipun Jaka Sangkala kathah gumêlêngipun dhatêng pangawikan Jawi, awit kaulap duk kina-kina kathah ingkang têmên, punapadene Jaka Sangkala botên pêgat anggènipun anggathuk-gathukakên sagung pangawikan Jawi akalihan Arab, lumintu ing sabên dintên, Jaka Sangkala tansah anganggit-angit, sarêng kaingsat-ingsêt kathah gathukipun.

Tamat.

Sambêtipun punika lajêng Sêrat Ajinirmala

 


7. (kembali)