Sri Wirya, Anonim, 1898, #111

JudulCitra
Terakhir diubah: 20-05-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sri Wirya

Pêthikan saking Cariyos Sèwu Satunggal Dalu.

1. Dhandhanggula

1. mastutyèng rèh sarkara mahapti | kêdah mardi mardawèng wardaya | mrih kasidaning sêdyane | sinaranan manggêlung | gêlanganing gita arjanti | carita sèwu măngka | pênêthik winangun | winong ing kidung macapat | sinung têngran ajar mrês murtining budi |[1] bêbukaning carita ||

2. wontên praja kojat ing pawarti | kasbut nama Kajêngarêng arja | praja gêng karta arame | tulus sarwa tumuwuh | miwah murah sabarang kalir | dumadya wong sapraja | tyas suka sumungku | mingkar-mingkuring angkara | akarana karênan yuning pamardi- | nirèng pramudyèng praja ||

3. de ta ingkang madêg narapati | pinudyèng sih Sri Kamaral Saman | taruna pêkik warnane | sêsênêne sumunu | widagda ring ulah praniti | pasang cipta sasmita | sadaya wus putus | tatas saniskarèng guna | dhasar sang

--- 2 ---

sri sura sudira tur sakti | tyas paramartotama ||

4. asambada sugih rajatadi | kacarita Sri Kamaral Saman | kêkalih pramèswarine | Sang Dyah Ayat Alnepus | yekang măngka pramukèng sori | dene ta kang taruna | Risang Rêtna Badhur | putri saking prajèng Cina | cinarita dwi samya endah kang warni | winarna candranira ||

5. sori wrêdha citranya yu luwih | irêng manis wênês mêrak driya | suluh pasang pasuryane | ri kang sarira rurus | rarasira sarwa rêspati | sambada apidêksa | gêmuhing pambayun | sarêntêg pangawak dara | jăngga lumung lumêngêng wangun mawingit | kiswa panjang ngujwala ||

6. kaduk manis nènès manas ati | satindake luwês tan lêlewa | gumilar lungit netrane | karya yungyuning kayun | angênguwung imbanya kalih | bêsus bisa busana | sagrêng tinon prabu | kang waja apindha dênta | gêbyar-gêbyar lir sotya katrangan rawi | mawèh lamlam kang mulat ||

7. nata rèni taruna winarni | sariranya jênar maya-maya | yayah pradapa rumêmbe | wadana pindha ènu | ri sêdhênging purnama sidhi | netra wêning ngumala | anjait [anja...]

--- 3 ---

[...it] malatkung | malêngkung rarasing imba | lir wangkawa kang ngawêngi sitarêsmi | rêsmine karyèsmara ||

8. kang pamulu lus manis mrakati | lathi mathis mêngês sumaringah | waja rata seta bae | gumêbyar anarawung | pindha wosèn sotyama adi | sasranduning sarira | rurus mulus têrus | nêtêpi pêthinganing dyah | awiraga rasmona winor ing liring | èsême lir sarkara ||

9. padniswara wrêdha myang taruni | atut rukun rakêt kadi kadang | tekang atunggil budine | barang rèh anut tinut | amot mêngku aksama sami | marmanta sri pamasa | asih trus ing kalbu | kawursita duk samana | jumênêngnya sang sri antara sawarsi | pramèswari kalihnya ||

10. sêsarêngan dènira garbini | praptèng măngsa pambabaring putra | saking padmi ingkang anèm | yèku Sang Rêtna Badhur | mijil priya sinung kêkasih | Risang Pangeran Amjad | de ta sori sêpuh | atmajanya ugi priya | pinaringan nama ring rama narpati | Risang Pangeran Asad ||

11. kacarita rajaputra kalih | langkung lagang lumrahing [lumrah...]

--- 4 ---

[...ing] bêbasan | lir siniram banyu gege | lagya yuswa satèngsu | samya rare ngumur sawarsi | kalis salir kasmala | longgore anulus | bagas saras sariranya | amimbuhi suka sukuring rama ji | myang ibu sang dayita ||

12. de citranya risang rajasiwi | dwi sambada sulistya ing warna | rama ibu dahat sihe | sinuka sinakayun | gung dinarma darmèng sudarmi | wus pinaringan kondhang | măngka pamongipun | ngiras amrêtêk mamrêta | kang gunawan agama agêming aji | jêjêge pangrèh praja ||

13. samantara sang pangeran kalih | wus widagdèng salir pangawikan | anrus wahya jatmikane | cinakêp wus kacakup | datan kewran rèh agal rêmpit | kang rama sri narendra | sangsaya sihipun | sabarang rèh pinarcaya | putra kalih dhasar mêmpan amumpuni | kridhaning saniskara ||

14. karêmêne nityasa mêmardi | mardawaning budya martotama | tumanêm ing silarjane | samana rajasunu | sampun yuswa wolulas warsi | kocap wit timur mila | sang dwi rakêt rukun | kongsi tumêkèng diwasa | tan salaya [sala...]

--- 5 ---

[...ya] barang rèh saeka kapti | têtêp sabayantaka ||

15. mulya siki ya mulya kêkalih | lamun rusak ya sirna sadaya | wau ta sangking karsane | kang rama sang aprabu | putra kalih wau wus sami | sinung suyasa endah | sangkêp sèsinipun | tan ana ingkang kuciwa | saênggone sarwa samapta miranti | pinarnah cakêt pura ||

16. kacarita jêng sri narapati | karêmênnya lêlangên pêpara | cangkramèng wana parêdèn | mamèt sukaning kayun | amisaya sato wanadri | kidang kancil myang sangsam | miwah manuk-manuk | sabên sang sri acangkrama | mung lancaran kering wadya sawatawis | dwi ari ngênyapura ||

17. kadhang nganti nyare tigang ratri | yèn rikala tindak apêpara | sri pamasa kaparênge | putra kêkalih wau | tinanggênah atêngga puri | măngka wakil mranata | traping karyèng wadu | myan têtêping nitipraja | lampahira giliran raka lan rayi | mangkana salaminya ||

18. nahan gantya ruwiyaning sori | anèm wrêda sakalihan samya | sakalangkung gênging sihe | mring dwi sang narpasunu | nging sowangan tumanduking sih | sira sang padni wrêda |

--- 6 ---

Dyah Ayat Alnepus | trêsna mring Pangeran Amjad | de Sang Rêtna Badhur tibaning sih ta mring | Risang Pangeran Asad ||

19. wiwit timur dènira samya sih | ya ta dupi ing alama-lama | sihira salah kadadèn | nir katrêsnaning sunu | têmah dadya rêncanèng budi | andadak ardèng driya | andadra kadurus | kadrawasan kalihira | wit kasmaran marang kang putra kêkalih | kelut pelaging warna ||

20. lalu lênglêng linglunging panggalih | linali-lali saya ngalela | ginagas têmah wirage | nging pangran anèm sêpuh | tan andimpe nora angimpi | yèn ibu sakalihan | kataman gung wuyung | yayah agandrung asmara | marma sabên ari misih marêk sami | lir ngadat sabênira ||

21. nging puniku dadya amimbuhi | kambuh-kambah barubahing driya | ya ta kawursita mangke | sajuga ari nuju | sri pamasa cangkrama maring | wana bêdhag mêmikat | kadya sabênipun | kering wadya sawatara | tindakira kongsi sawatara ari | marmanta sri duhita ||

22. sakalihan cipta antuk margi | yun ngayati pangayaming driya | samana panggihan dhewe | Dyah Badhur lon nabda [na...]

--- 7 ---

[...bda] rum | wruhanira dhuh yayi dèwi | kadarpaning tyas ingwang | tan kêna sinayut | kataman turidasmara | rangu-rangu mirangrong ngarang ngranuhi | brăngta ring atmajanta ||

23. winangsulan kakang bok tyas mami | datan pae anandhang kasmaran | dhatêng putranta yêktine | sruning kataman giyuh | tan sung ririh angarih-arih | samana kacarita | dwi sang narpawadu | nêdya nut ardaning driya | anêmpuh byat pangarahing rèh tan yukti | murang ring kautaman ||

24. abipraya ubayèng sang sori | karya pustaka sowang-sowangan | marang sang pangran kalihe | Sang Dyah Ayat Alnepus | dènnya paring kintaka maring | risang Pangeran Amjad | pinandarèng kidung | linud ing basa la-êla | mèt mêmalat miluta milêt malatsih | mrih tumrah sihing putra ||

25. sigra nuduh mring abdi kabincih | ingkang kinèn maringkên pustaka | dhêdhêmitan ing lampahe | winêling-wêling sampun | êmpaning rèh wiwekèng wadi | ywa kongsi kawadaka | pangrèhing asamun | tur sêmbah wus lumaksana | ya ta wau sang padmi kari makingkin |

--- 8 ---

kakênan brăngtasmara ||

26. duk puniku kang nuju makili | ing kaprabon Sang Pangeran Amjad | lan kang rama datan pae | pangrèhirèng wadya gung | ing panindak panduking kardi | pra wadya sanagara | ngalêmbanèng kalbu | kadibyane sang pangeran | ambêk santa paramarta sih ing dasih | nêtêpi darmotama ||

27. sajuga ri sang narendra siwi | wusing mijil made panangkilan | kadya sabên pasebane | kondur mring dalêmipun | prapta wau abdi kabincih | cundakèng sang dayita | wotsari umatur | dhuh gusti amba dinuta | ibu dalêm Ayat Alnepus sang sori | maringakên pustaka ||

28. wus tinampan kang sêrat pinundhi | ing mastaka wêkasan binuka | mangkana ta bêbukane | iki nawalaningsun | pinandarèng basa basuki | myang pudya pangistawa | amawantu-wantu | ibunta narpaduhita | rêtnèng pura Ayat Alnepus mandhiri | sêkaring dhatulaya ||

29. tumanduka putrèng sun wong sigit | pinudyèng sih Sang Pangeran Amjad | sêsotyaning praja kene | susilambêk darma nung | sumbagèng rat dibya di murti |

--- 9 ---

wong bagus anjênthara | dadya têmbang kidung | kudangane wong sapraja | awiyose marmèngsun paring kintèki | kulup mring jênêng para ||

30. aywa dadi kagètira kaki | sajatine kulup sumurupa | wus lawas ing antarane | kadarpaning tyas ingsun | nora kêna dèn tanggulangi | upa kang brêmara |[2] kudu manguswèng rum | rumarah aruming puspa | tan suririh ngamêr andimêr dera mrih | usadèng larasmara ||

2. Asmaradana

1. alawas gon ingsun nganti | wahyaning kang masakala | kalakon mêngko têmahe | ingsun kapêksa sajarwa | kaki marang ing sira | kêkêraning manah ingsun | kulup walèh-walèh apa ||

2. ing satuhune tyas mami | kataman gandrung asmara | marang sariranta anggèr | lalu lênglêng kalanglangan | kalulun linglinging tyas | linali malah kadulu | ginagas wiyogèng driya ||

3. drawaya waspa gung mijil | marma anak ingsun nyawa | woding wardayèngsun anggèr | ing pangajap pajampuwa | sira sunga wilasa | pangruwat asmarèng kalbu | kabuka jroning paprêman ||

--- 10 ---

4. yèn tan kalaksanan kaki | sarasaning atiningwang | suka lila lulus layon | titi gatining walgita | ya ta Pangeran Amjad | kagyating tyas langkung ngungun | lir tinêbak ing mong tuna ||

5. mitênggêng dangu tan angling | kadya tugu sinukarta | gêtêr ing tyasira dene | anêmahi kaelokan | wêkasan langkung duka | sumung-sumung nitya sirung | sêrêng wijiling wacana ||

6. mring carakabdi kabincih | hèh si kabiri dursila | pinarcaya rama katong | têka mamak tanpa ngrasa | datan pisan rumêksa | balasar luput amuput | pêpêt samaptaning cipta ||

7. sarwi pêdhange tinarik | kabincih sigra pinêdhang | kapisanan tan minta we | tigas utamangganira | sang pangran sanalika | gupuh marêk mring kang ibu | Rêtna Badhur mring jro pura ||

8. prapta ngarsèng sang mahisi | wotsari matur sajarwa | purwa puwara arèntès | wêkasan ngaturkên thika | nanging sang padniswara | mandar ngandikèsmu rêngu | kabèh iku aturira ||

--- 11 ---

9. sayêktine dora kaki | saujarta ngamandaka | nora pantês ingsun rèwès | wit yayi dèwi sanyata | utama satyèng priya | malah sirèku kalêbu | nyênyerongi ibunira ||

10. Pangran Amjad dahat runtik | myarsa sabdèng ibunira | mangkana panglocitane | karo pisan tan prabeda | tan wirang ing agêsang | ya ta tan pamit ing ibu | undurira palarasan ||

11. Dyah Badhur grahitèng galih | kalamun Pangeran Asad | yêkti lan raka tan pae | utamaning kalakuan | têmah nyipta tan bisa | mrih sidaning sêdyanipun | kang gêgirisi punika ||

12. nging mêksa sru drênging kapti | marma gya karya nawala | mardawa lus tulisane | sinawung basa la-êla | mêmalat mèt miluta | purna ing panitranipun | nulya sinungkên parêkan ||

13. tinuduh maringkên aglis | marang Sang Pangeran Asad | pawongan nêmbah lumèngsèr | kawursita Pangran Asad | duk puniku kang tămpa | amakili ing kaprabun | siniwèng para punggawa ||

14. kadya dat kang wus winuni | praptèng antara bubaran |

--- 12 ---

pangran kondur ing dalême | sarawuhing kadipatyan | wontên cèthi sumewa | wotsari alon umatur | dhuh gusti ulun dinuta ||

15. ing ibu jêng pramèswari | Dyah Badhur paring supatra | sigra wau wus tinampèn | binuka sinuksmèng driya | surasaning pustaka | palastha pamaosipun | dahat pangunguning driya ||

16. anjêngêr dangu tan angling | wêkasan kalangkung duka | sêbrak anarik pêdhange | parêkan sigra pinêdhang | kapisanan palastra | tigas utamangganipun | sang pangeran laju sowan ||

17. maring ibu narèswari | Ayat Alnepus duk lênggah | nèng made panirat ijèn | prapta umatur sajarwa | myang ngaturkên pustaka | saking pramèswari Badhur | nanging datan tinanggapan ||

18. malah dêduka kapati | angêngundhat ngundhamana | lah ingsun wus wikan kabèh | sakaliring nalarira | layak yèn ngayahwara | pancèn si wong nora urus | anggung gawe doracara ||

19. anèng kene apa kardi | lah age sira lungaa | aywa sok marene manèh | sang pangeran langkung

--- 13 ---

kagyat | dahat meranging driya | tan pamit lumèngsèripun | dhapur mundur palarasan ||

20. wus praptèng dalêmira glis | pêpanggihan lan kang raka | warta-winartan salire | ingkang samya linampahan | wasana samya ngalap | pustaka saking kang ibu | mulung wus tampan-tinampan ||

21. sarêng samya aningali | surasane kang nawala | datan ana sulayane | mingkara rèh susilarja | sang kalih sru karantan | katêtangi tangising kung | kongas kengis nising naya ||

22. kang raka ngandika aris | dhuh yayi mas kayaparan | lêlakon iki têmahe | kangjêng ibu sakalihan | wadul mring rama nata | dhandhang ingunèkkên kuntul | wêkasan ingsun lan sira ||

23. tan wun nêmahi bilai | katrap siyasating nata | kang rayi alon ature | dhuh kangmas sadasa-dasa | yèn sampun bagyanira | kajawi namung pinuntu | mupus pêpasthèning Suksma ||

24. nihan mêne kang winarni | pramèswari anèm wrêda | wus abipraya karone | karya reka kamandaka | yèn kondur sri narendra | măngga mrih sangsarèng sunu [su...]

--- 14 ---

[...nu] | ya ta nimbali pawongan ||

25. ingkang kêparêk kinasih | winarah rèh wêwisikan | mrih kasidaning sêdyane | parêkan tumanggap prana | wus tampi wosing karsa | ing antara bubar sampun | maring dalêm sowang-sowang ||

26. kunêng wau narèswari | kocap sang sri kang cangkrama | lan wadya punggawa kabèh | karênan kulinèng wana | anggung misayèng satwa | ambêdhag mikat nênumpu | andon suka langên jiwa ||

27. samana dhawuh miranti | arsa kondur mring jro pura | samapta sigra budhale | sapraptaning purantara | pramèswari kalihnya | kusung-kusung samya mêthuk | tundhuk sami ngaras pada ||

28. nihan ing antara ari | narpadayita nèm wrêda | mêmpên anèng tênggan bae | dahat ruditèng wardaya | narendra sigra têdhak | andangu karananipun | ya ta sang sinoming pura ||

3. Sinom

1. ngadhuh karuna sêsambat | dangu datan amangsuli | mung nênungku kang sarira | katuwone awak mami | mung sapisan dumadi | dumadak nêmahi dudu | tan wande karusakan | ulun tan rinêksèng Widi | sri

--- 15 ---

narendra ngungun dènira miyarsa ||

2. wêkasan ngandikèng garwa | bok ratu sun tanya yêkti | paran darunèng sungkawa | sajarwaa kang sajati | sayêkti ingsun bangkit | bengkas duhkitanta iku | ywa sandeya tyasira | nadyan satru marasandi | yêkti sirna dening pangawasan ingwang ||

3. Rêtna Badhur matur nêmbah | dhuh pukulun jêng dewaji | kawula tadhah dêduka | sing tiwasipun pun cèthi | duk tindak paduka ji | bêbujêng dhatêng wana gung | ulun rumêksèng pura | puwara kataman wèsthi | satru jaya awrat sinanggèng ayuda ||

4. dhuh mugi kauningana | bêbasanipun sayêkti | satru munggwing cêcangklakan | ing sajatosipun inggih | putra paduka kalih | pêksa ngrusak pagêr ayu | murang rèh parikrama | silar labêting utami | paripaksa misesa wong datan arsa ||

5. kêdah mothah motha-motha | dhatêng kawula kêkalih | tuwan mugi andangua | dhatêng pawongan puniki | ingkang waspadèng wadi | duk miyarsa sang aprabu | bangun ing tyas kabangan | sumung-sumung kang nityandik | lalu limut pêpêt samaptaning cipta ||

--- 16 ---

6. kadadak wirodèng driya | wau ta jêng sri bupati | gita mangagnyèng punggawa | nimbali kang putra kalih | tan dangu praptèng ngarsi | dyan sumêmbah marikêlu | sang sri datan darana | anarik pêdhangira glis | angandika lah iki wêkasanira ||

7. sira miyat surya căndra | têmah tumamèng kajatin | saksana pêdhang ingayat | lumarap mèh angênani | samangkana sinapih | Sri Nata Arma nom sêpuh | gya nyandhak astanira | putra mantu sarwi angling | kaki prabu kayaparan karsanira ||

8. ywa sira sadaya-daya | nuruti ardaning budi | arsa misesèng atmaja | siniya kaèsi-èsi | apa astanta kaki | miwah karatonirèku | kalakon kawutahan | ing gêtihira pribadi | ing sanadyan putranira karo padha ||

9. wus têtêp katrap ing dosa | siniksa kang gêgirisi | nging apa kurang jalaran | panduking pidana kaki | sang nata duk miyarsi | wêwarahing marasêpuh | gung ngrapu angrarêpa | maripih angarih-arih | ya ta lilih dukanira sri pamasa ||

10. kang putra dyan kinunjara | sarêng sore surup rawi |

--- 17 ---

sigra nimbali punggawa | Kao Jandar kang wêwangi | praptèng ngarsa wotsari | sang sri nabda èsmu rêngu | hèh Jandar mêngko sira | ingsun tuduh anêlasi | putraningsun Si Amjad lawan Si Asad ||

11. yèn wus kalakon palastra | ingsun mundhut tăndhayêkti | busana myang gêtihira | katura ing ngarsa mami | Ki Jandar mangênjali | matur sandika wus mundur | ing ratri angkatira | lawan sang pangeran kalih | lampahira katri wahana turăngga ||

12. dalu tan kèndêl ing marga | dupi wanci saput siti | wus prapta jawining kitha | ing pasaban têba têbih | dyan katri tumrah sami | saking kuda samya lungguh | Jandar matur wotsêkar | dhuh gusti pangran kêkalih | kang saèstu paduka tan kêkilapan ||

13. raosing manah kawula | langkung awrat anglampahi | ayahan jêng sri narendra | amba tinuduh nêlasi | dhatêng paduka gusti | sang kalih lon lingira rum | hèh Jandar lakonana | dhawuhing kangjêng rama ji | ywa sandeya ujêr sira mung sadarma ||

14. yêkti ingsun angapura | mring sira trus lair batin | ya ta pangran rêrangkulan | prasami andum basuki |

--- 18 ---

wêkasaning kapanggih | saking sih-sinihanipun | Pangran Asad ngandika | Jandar sun tigasên dhingin | kang supaya tan wruh sedane kakang mas ||

15. Pangran Amjad duk miyarsa | sru anggondhèl tar nglilani | mandar minta dhinisikna | têmahan diyon ing kapti | Jandar wêlas kapati | karantaning tyas mar trênyuh | wasana rajaputra | musthi wêkasing panggusthi | angandika hèh Jandar lamun sambada ||

16. mrih datan kudon ing driya | ingsun lawan ari mami | godhinên lawan pusara | gandhèngên dadi sawiji | prênahna kang prayogi | mrih mapan êmpaning panduk | bisa barêng katigas | wit ubayèngsun ing nguni | arja papa tan pisah praptèng antaka ||

17. Jandar nuruti paminta | pangran kalih wus ginodhi | sarwi alon aturira | mitungkas punapa gusti | pangeran amangsuli | mung sêmbah lan bêktiningsun | unjukna ing jêng rama | lan maninge wêkas mami | muga turna yèn ingsun padha tan dosa ||

18. Jandar tur sêmbah sandika | sigra pêdhange tinarik | gêbyare ujwalèng pêdhang | kasirat soroting rawi | cumlorot mangênani | turangganya Jandar wau | kagyat [ka...]

--- 19 ---

[...gyat] nuli ambêthat | têmahan lumayu têbih | ya ta Jandar sakala kewran ing driya ||

19. têmah keron ing pangulah | ginggang gonggong ing pambudi | wit sing pelaging turăngga | myang sangkêp prabot miranti | dadya owêl lamun nis | wêkasan puntoning kalbu | ambujung kudanira | pêdhange binuwang aglis | sang pangeran sakalihan wus tinilar ||

20. Jandar nglud playuning kuda | saparannya tinut wuri | turăngga saya gambira | têmah umanjing wanadri | nanging maksih ingungsir | anêsêg nasak rêrungkut | ing nalika punika | ana wraga nuju guling | kagyat tangi sarosa grêng gro magalak ||

21. andulu ana sujanma | dyan krura manaut wani | Jandar waspade paningal | suminglar gya alingan wit | tinubruk nganan ngering | dangu sambat tulung-tulung | wau ta Pangran Amjad | lan rayi Asad sang pêkik | kang tinilar gandhèng ginodhi pusara ||

22. sapungkure Kyai Jandar | bujung kudanya kang lari | Sang Amjad alon ngandika | dhuh yayi woding tyas mami | ingsun ngêlak kapati | yèn sira sambadèng kayun | payo ucul sadhela | ingsun arsa nginum warih |

--- 20 ---

nora adoh ing kono ana guskara ||

23. kang rayi alon turira | dhuh kakang mas yèn suwawi | lêhêng samya anahana | tan pedah anginum warih | jêr ta anuntên lalis | Sang Amjad adrênging kayun | arsa ucul priyăngga | dadya rayi minangkani | ing wêkasan samya ucul kalihira ||

24. dyan wisata alon-lonan | wus praptèng doning botrawi | gya tumrah sami sêsotya | sumawana nginum warih | kalangkung sumyah sami | samantara purna sampun | sakalihan umêntas | angrasuk busana malih | nulya lênggah munggwing sasoring mandira ||

25. anganti marang Ki Jandar | nging dangu tan ana prapti | Pangran Amjad alon nabda | dhuh yayi mas paran marmi | Jandar suwe tan bali | kang rayi alon turipun | rèhning ponang pra sita | duk wau kêlangkung kêsit | èstunipun Jandar anglut anglêlunta ||

26. mila kalamun sambada | lah suwawi wangsul maring | prênah dununging pusara | raka dahat nayogyani | samangkana miyarsi | swara jêlih minta tulung | Pangran Amjad grahita | yêkti Jandar manggih wèsthi | sanalika salin ciptanirèng wuntat ||

4. Pangkur

1. bela sabaya antaka | lamun Jandar anêmahi bilai | wasana andikanipun | lah payo yayi padha | atêtulung Jandar anêmu pakewuh | Sang Asad matur sumăngga | sang dwi parêng mangkat aglis ||

2. pêdhangira Kyai Jandar | kang binuwang wau sigra dèn ambil | marang sang pangeran sêpuh | datan kawarnèng marga | praptèng prênah unggyaning Ki Jandar nuju | tinubruk dening pragalba | sang narpatma duk udani ||

3. gatgadèng tyas manrang baya | anirbita nir wikara dera mrih | angawali mèt kêkiwul | ya ta sang saradula | anguwalkên panguwêling Jandar wau | paksa sarosa umangsah | anggro grêng anggêgirisi ||

4. manaut mring sang pangeran | ingindhanan rikat mêsat akêsit | gya mara singa pinanduk | ing pêdhang kawatgata | kapisanan rêbah kesari wus lampus | wau ta Kiyai Jandar | sukèng tyas marwata siwi ||

5. dyan marêk mring sang pangeran | angrungkêbi ing pada sarwi nangis | sakamantyan suka sukur | narpaputra ngandika | sun cêkêle turangganira kang ucul | samangkana sakalihan | samya ambujung turanggi ||

--- 22 ---

6. tan dangu antaranira | rèhning aswa wus sayah mari kêsit | têmahan gampil pinikut | nututi nuntun sigra | tinampèkkên Jandar tur nêmbah anuwun | adhuh gusti sakalihan | amba prasêtya ing mangkin ||

7. botên nêdya angèstokna | ing ayahan jêng rama paduka ji | mring paduka kinèn ngukum | wit rumaos kawula | utang gêsang yêkti wajib nyaur umur | sang pangeran lon manabda | hèh Jandar wruhanta yêkti ||

8. gon ingsun têtulung sira | ngêntas saking bêbaya kang nêkani | iku saka sêdyaningsun | supaya sira bisa | anêtêpi saagnyèng jêng rama prabu | anigas murda manira | măngka mêngko wus basuki ||

9. marma payo lêkasana | ingsun lawan yayi ikêtên aglis | Jandar wotsari umatur | sarya lara karuna | dhuh gustiku kang ambêk ngumala mrêdu | pun patik tadhah dêduka | tan sagêd amba nglampahi ||

10. misesèng wong tanpa dosa | yèn paduka mêksa adrêng ing kapti | kapati minta linampus | lêhêng ulun kewala | dèn lunasa datan garantês sarambut | awon binadhog ing sima | aluwung mati utami ||

11. rajaputra ngrês ing driya | lon ngandika paran sêdyanta [sê...]

--- 23 ---

[...dyanta] yêkti | Jandar manêmbah turipun | gusti lamun sêmbada | jêng paduka nglèsa kewala pukulun | kang tan sagêd kauningan | rama paduka sang aji ||

12. dene busana paduka | amba suwun minăngka tăndha yêkti | konjuk ing jêng sang aprabu | pangeran sakalihan | sigra lukar busananira sadarum | wus tinampan marang Jandar | nulya angrasuk pisalin ||

13. busana saking Ki Jandar | miwah arta măngka sangu nèng margi | wasana andum rahayu | sang pangran gya umentar | wau Jandar kamitênggêngên kapiluh | karêrantan trênyuh ing tyas | mulat marang sang kaswasih ||

14. samantara Kyai Jandar | wisata mring gyaning wangke kesari | busanèng sang pangran wau | ingusapan ludira | samantara sigra dènira umantuk | ing marga datan winarna | sampun prapta ing nagari ||

15. dyan marêk ngabyantarendra | nêmbah matur miwiti amêkasi | wêkasan kawaca konjuk | cihnèng pragating karya | sri pamasa duk miyat busanèng sunu | kumênyut karasèng driya | ketang trêsnanirèng siwi ||

16. wasana sang sri lon nabda | kayaparan patrape putra mami | gone anampani ukum | Jandar matur

--- 24 ---

tur sêmbah | dhuh pukulun putra dalêm sang binagus | dènnya nglampahi pidana | têtêg ayêm ing panggalih ||

17. datan garantês samêndhang | lalu lila lagawa praptèng lalis | lulus lastari trus kalbu | pasrah pandoning Suksma | mung mitungkas dhatêng kawula pukulun | sêmbah pangabêktinira | konjuk pada paduka ji ||

18. lawan malih angandika | unjukêna ing kangjêng rama aji | sayêtine[3] raganingsun | karo padha tan dosa | kangjêng rama mung kasêrêng sruning bêndu | atinggal titipariksa | têmahan misesèng siwi ||

19. kanthonging rasukan ingwang | ana layang unjukna jêng rama ji | narendra miyarsa ngungun | kapitèng tyas sakala | pustaka kang munggwing kêkujining baju | agême Pangeran Amjad | pinundhut dèn pariksani ||

20. tan sama lamun punika | sêsêratan tapak astèng sang sori | Kusuma Ayat Alnepus | wus tiningkêm saksana | mundhut malih saking sak rasukanipun | agême Pangeran Asad | pustaka binuka aglis ||

21. tapak astane kang garwa | Rêtna Badhur suraosipun nunggil | lan sêrate Dyah Alnepus | ya

--- 25 ---

ta sri naradipa | saking putêk mêtêking driya sru trênyuh | têmahan kantu kantaka | dupi wus èngêt sang aji ||

22. kodhênging tyas kawêngwêngan | tansah katon solahe putra kalih | wiwit timur rakêt rukun | tan sulaya sakarsa | anak anung wasis waskithèng budyèstu | bêkti maring ibu rama | marmanira sri bupati ||

23. dahat piduwung nalăngsa | mangên-angên monêng mangungun wingit | gung nutuh sariranipun | adhuh nora kayaa | dene ingsun mung nurut ardaning kalbu | atinggal titipariksa | têmahan putrèngsun kalih ||

24. padha nêmahi palastra | tanpa dosa kongsi kaèsi-èsi | samantara Jandar sampun | klilan lèngsèr sing pura | sang sri nulya nimbali garwa sang ayu | kalih wus marêk ngarsenda | srog tan srănta dèn dukani ||

25. hèh wong wadon kang candhala | arubiru tan wirang ing dumadi | karo padha nora urus | arusing durgandana | kasor dening bacin bangêring budimu | silar saking kautaman | tuman tumamèng asisip ||

26. lumuh milu kalumrahan | mung nuruti ati dursila [dur...]

--- 26 ---

[...sila] juti | angeja ngajap tan arju | ajar tan jujur ing tyas | ya ta padmi kalih kumêl marikêlu | kalalun ru-arèng nala | nalăngsa nênutuh dhiri ||

27. samana narpaduhita | siningkirkên kinêkêr taman sari | jinaga dening wira nung | tan kenging panggih janma | kocap sang sri lênglênging nala sru linglung | kêdhap-kêdhap kapidhara | ketang sih sutrêsnèng siwi ||

28. gantya kocap sang pangeran | lampahira manusup ing asêpi | tan ketang pringgèng wana gung | tanpa dhahar myang nendra | laminira wus antuk samadya tèngsu | analasak wanawasa | umijil sumêngkèng ardi ||

5. Mijil

1. iya iku wukir kang kawarti | datan kambah ing wong | saking gawat asungil margine | tanpa sêla sela parang curi | nyarangap aringih | karan gunung watu ||

2. sang pangeran anon margi limit | lamat-lamat katon | Risang Amjad alon andikane | dhuh yayi mas ika ana margi | dinulu alimit | yèn sambadèng kayun ||

3. payo yayi padha dèn parani | kaya tan patyadoh | ingkang rayi tumutur karsane | adan samya [sa...]

--- 27 ---

[...mya] lon-lonan lumaris | praptèng doning margi | gya manjat mandhuwur ||

4. dahat dènnya andêndêr kang margi | marma sang karoron | ing sakêdhap-kêdhap tansah rèrèn | angasokkên napas ngaring-aring | ing antara lami | nglajêngakên laku ||

5. duk samana myang pratănggapati | kapati sumorot | langkung bêntèr duk wanci têngange | angênani mring sang kawlasasih | têmah karo sami | kang swanita kumyus ||

6. sadangune dènira lumaris | wayah lingsir kulon | rada abêr hyang arka sorote | ya ta prapta kang samirana ris | angidid sumilir | wèh sudaning rapuh ||

7. sasoring wit ana kang botrawi | tirta wêning nyarong | pangran sigra wangsul mring prênahe | apêpoyan marang ingkang rayi | wêkasan sang kalih | samya suka sukur ||

8. dyan tumêrah siram mring botrawi | dwi sang prawira nom | paripurna ngrasuk busanane | ya ta ngundhuh woh dalima putih | wus dhinahar sami | nikmat raosipun ||

--- 28 ---

9. tan winarna ing lampah lastari | hyang aruna ngayom | praptèng pucaking aldaka mangke | Pangran Amjad miyat ana uwit | pinarpêkan aglis | wit dalima pingul ||

10. sasoring wit ana kang botrawi | tirta wêning nyarong | pagran sigra wangsul mring prênahe | apêpoyan marang ingkang rayi | wêkasan sang kalih | samya suka sukur[4] ||

11. dyan tumêrah siram mring botrawi | dwi sang prawira nom | paripurna ngrasuk busanane | ya ta ngundhuh woh dalima putih | wus dhinahar sami | nikmat raosipun[5] ||

12. ing antara sumurup hyang rawi | pangran karo manggon | rêrêp soring wit dalima pinge | tansah ketang laksitaning dhiri | cobaning Hyang Widi | dinuman wulangun ||

13. duk samana hyang candra dadari | sumilak mancorong | ngantariksa sumêblak lawêne | wimbuh srine ingkang sarwa sari | kapraban sitangsi | ting prêlok dinulu ||

14. katiyup ing samirana ngidit | sugănda rum awor | mananduk ing granèng sang wirage | anênangi moninging [mo...]

--- 29 ---

[...ninging] gêng wingit | mèngêt tyas rudatin | tumpa tumpêk sungsun ||

15. sotaning tyas sanityasa tistis | sing gênging wirangrong | rangu-rangu katongton solahe | rama ibu kapati mrih pati | ngênês têmah sami | udrasa sang bagus ||

16. tan winarna rêroncèning ratri | enjing kacariyos | Pangran Amjad alon andikane | payo yayi nutugkên lumaris | margane wus gampil | mung kari tumurun ||

17. winangsulan kangmas suku mami | taksih kraos ngêthok | yèn suwawi lan karsanta mangke | rêrêm malih sawatawis ari | angayêmkên dhiri | mrih sirnaning rapuh ||

18. ingkang raka kêpêksa nuruti | anyipêng nèng kono | wus mangkana ing sabên ratrine | gêgêntosan dènira aguling | têngga kang sawiji | ajaga pakewuh ||

19. winursita kongsi tigang ratri | dwi sang prawira nom | ya ta samya nglajêngkên lampahe | wus tumurun saking graning ardi | angambah ing margi | padhusunan agung ||

--- 30 ---

20. têtuwuhan banjêng urut margi | tumruna tulnya yom | wèh ayême driya sakarone | ing antara lampahira prapti | kikising nagari | kang raka nabda rum ||

21. lah yayi mas yèn sambadèng ati | sun arsa têtakon | mring wong kene ngêndi praja kiye | yèn ratune kêna dèn ungsèni | bok manawa dadi | panglipur tyas giyuh ||

22. pirabara yèn ing têmbe wuri | antuk karahayon | bisa silar ing kêsrakat kiye | lah kariya anèng kene yayi | yèn wus antuk kardi | ingsun nuli wangsul ||

23. Pangran Asad amangsuli aris | dhuh kakang mas babo | karsa tuwan punika èstune | sakalangkung dènira prayogi | nging panuwun patik | yèn parêng ing kalbu ||

24. kula ingkang mentar ngruruh warti | paduka angantos | amanggèna kang mapan dununge | amrih gampil yèn kula ngulati | ya ta dangu sami | dènnya wawan wuwus ||

25. awêkasan kang raka nuruti | myang kêpêksa manggon | nèng sukuning selacala ijèn | Pangran

--- 31 ---

Asad sigra dènya ngambil | arta saking kuji | kang minăngka sangu ||

26. wus mangkana samyandum basuki | risang pangran anom | sigra mangkat maring jro kuthane | ing antara lampahnya sang pêkik | durung pati têbih | anulya kêpêthuk ||

27. lawan janma tuwa kaki-kaki | wingit ing pasêmon | atêtêkên ngathumuk lampahe | sarwa misra busananing dhiri | naya tinon manis | wêwangunanipun ||

28. adoh saking ambêk durta juti | dyan sang prawira nom | marêpêki sarya lon dêlinge | adhuh tuwan ingkang mugi-mugi | dhangana ing galih | asuka pituduh ||

29. marginipun dhatêng pêkên pundi | ya ta kaki kêmpong | mèsêm-mèsêm alon wangsulane | lah ta ênggèr kirane pun kaki | andika puniki | kadi anyar rawuh ||

30. awit lamun andika wong bumi | yêkti datan takon | Pangran Asad amangsuli sarèh | inggih yêktos kula anyar prapti | Kyai Warda angling | dhuh anggèr wong bagus ||

--- 32 ---

31. kula angsung pambagya basuki | mangkya kula takon | mring andika ing kawijilane | miwah ingkang sinêdya ing kapti | mring pasar pribadi | pagran alon muwus ||

32. kula asli ing nagari têbih | wus kalih lèk andon | alêlampah mung lawan sadhèrèk | sawêg prapta ing dintên puniki | kadang kula maksih | kantun wontên dhusun ||

33. saking dahat sayahipun kyai | amilalah mondhok | kula kinèn mring pasar gatose | atêtumbas têdhan sawatawis | măngka usada nglih | ya ta kyai pikun ||

34. manthuk-manthuk sarwi muwus aris | dhuh wong bagus anom | kêlêrêsan ing sêdyanta anggèr | awit kula ing dintên puniki | kapanujon kardi | pasamuwan agung ||

35. mabojanandrawina mênuhi | marma lamun condhong | mampira ing wisma kula ênggèr | milu nadhah nginum lan pra tami | yèn sampun abukti | nuntên dika wangsul ||

36. kula sungi lah-olahan adi | kang sarwa mios [mi...]

--- 33 ---

[...os] |[6] mring kadangta măngka olèh-olèh | yèn andika kaparêng ngampiri | wargane pun kaki | biyantu mrih gambuh ||

6. Gambuh

1. marma yèn karsa wanuh | kadang karuh mrih undhaking kawruh | wit andika kawistarèng nitya kadi | ambêk kasarjanan putus | titis ing rèh karahayon ||

2. dhuh ênggèr kula tutur | rèhning dika nêmbe prapta tuhu | dèrèng wikan adatan nagari mriki | andika têka kêsusu | tan mawi takon têtiron ||

3. dadak arsa têtuku | dhatêng pasar ijèn tanpa kancuh | katujune kêpêthuk kula nèng margi | yèn tan makatên saèstu | tan wun nêmahi bilaos ||

4. awit gawat kalangkung | margi ingkang mring pasar puniku | kathah janma kang ambêk dursila juti | ambêbahak arubiru | ambirat berawaning wong ||

5. marma kabêgjan tuhu | rinêksa mring Hyang Kang Maha Agung | de ta ênggèr panggih kalihan pun kaki | suwawi dika tut pungkur | salampah kula kemawon ||

6. sang pangran sukèng kalbu | cipta antuk mitra darma tuhu | tan kawarnèng ênu lampahira prapti | ing wisma

--- 34 ---

kawak asingup | pangran binêkta mring gêdhong ||

7. samantara andulu | janma wrêda cacah patang puluh | samya lungguh kupêng angubêngi agni | iyèku brahalanipun | kang sinêmbah lir Hyang Manon ||

8. pangran kagyat ing kalbu | aningali ing patrap puniku | wus rumăngsa kasasar lampahirèki | kêni ingapus ki pikun | karat tumamèng pakewoh ||

9. ki tuwa sigra muwus | kawruhana kănca patang puluh | saking dèn ta maladi sêmadi êning | sumungkêm sumungku sukur | têmahan katarimèng don ||

10. ing dina iki nuju | antuk bagya tuwasing panêkung | tinurutan dening sang hyang maha bahni | duk ingsun wisata mau | antuk jaka bagus anom ||

11. ya kang sira non iku | marma padha dipun suka sukur | ya ta janma catur dasa sukèng kapti | parêng dènnya samya sujud | mring sêmbahan gêni marong ||

12. ki wrêda sigra nuduh | lah undangên Gasban dèn agupuh | tan antara ana janma agêng inggil | irêng janggêrêng asirung | barêngos capang tur brewok ||

13. angajrihi dinulu | yèku ingkang aran Gasban wau | ya ta kaki tuwa sigra dènira ngling | hèh Gasban [Gasba...]

--- 35 ---

[...n] jêjaka iku | pasrahna anakku wadon ||

14. Si Bostane puniku | lan Kapame kaya adatipun | sabên ari ayya lali anggitiki | sungana roti lan banyu | esuk sore aja towong ||

15. măngka panancang umur | kongsi praptèng mangsane ing besuk | angkatirèng parau mring gunung gêni | lan maring samodra biru | kinarya kurban nut waton ||

16. katur pra dewaningsun | wus mangkana sang pangeran laju | pinusara anulya binêkta maring | undhak-undhakan tumurun | anglangkungi kori anjog ||

17. bolongan bilik singup | pan sumingêp pangran anèng ngriku | sukunira ingikêt lan rante wêsi | dahat dènnya kawlasayun | dyan tinilar anèng kono ||

18. Gasban anuli wangsul | arsa panggih lan Bostane wau | yun wêwarah wêlinging lurah kiyai | nanging praptanira nuju | ki pikun wus anèng kono ||

19. nabda mring sutanipun | tumuruna karo anak ingsun | pilaranên wong Islam kang lagi prapti | sira wus padha sumurup | kadya adat kang kalakon ||

20. aywa wêlas ing kalbu | awit iku măngka

--- 36 ---

tăndha tuhu | susubanta myang subêktinta sayêkti | gonira mageran latu | mantêp têtêp trusing batos ||

21. ya ta Bostane wau | lan Kapame prasamya tumurun | marang bilik unggyane sang kawlasasih | gya gitik pungkuranipun | kaping satus datan anggop ||

22. datan wêlas ing kalbu | sang pangeran atêmahan kantu | wusing katog dènira anjêmalani | sigra tinilaran banyu | kalawan roti sawiyos ||

23. kênya kêkalih wangsul | maring papan dunungira wau | kawarnaa Pangran Asat nulya nglilir | pungun-pungun sru gêgêtun | analăngsa jroning batos ||

24. putêking tyas sang bagus | gung nênutuh ing sariranipun | dera tansah nandhang sangsayèng dumadi | têmah punton toging kalbu | nglindhung wisesèng Hyang Manon ||

25. mupus pêpasthènipun | nanging ana marêming tyas tuhu | de kang raka misih rinêksèng Hyang Widhi | têtêp lastari rahayu | dadya sru sukur ing Manon ||

26. nahan gantya winuwus | Sang Pangeran Amjad ingkang kantun | sanityasa mangangên-angên ngêntosi | de rayi dangu tan rawuh | dahat sandeyaning batos ||

--- 37 ---

27. panglocitaning kalbu | suwe têmên tan prapta riningsun | paranbaya kang dadi wadine iki | pangran mênggah mangu-mangu | mangunêngan ing tyas wirong ||

28. tita antaranipun | rêp-rêp sirêp bagaskara surup | ingkang rayi mêksa datan ana prapti | Sang Amjad têmahan ngadhuh | gidhuh kadhudhah tyas keron ||

29. karêrantan mar trênyuh | katêtangi tangising tyas kambuh | maras-maras tambuh solahirèng ratri | tan nendra sadalu muput | ya ta enjing kacariyos ||

30. wisata sang abagus | tan kawarnèng ênu prapta sampun | jroning kutha eram dènira udani | de ta ing praja puniku | mung kêdhik wong Islam tinon ||

31. ing antara wus dangu | rajaputra mayêng anèng warung | nulya ana sujanma Islam lumaris | sigra pinarpêkan gupuh | nèng sasoring pucung ayom ||

7. Pocung

1. têtanya rum pangran alon wuwusipun | mitra yèn sambada | kula yun tanya sakêdhik | namanipun inggih nagari punika ||

2. dyan sumaur kang tinanya dhuh wong bagus | karan Gêniradya | nagari punika inggih | labêt saking kabêkta têtiyangira ||

--- 38 ---

3. èstri jalu kathah samya nêmbah latu | kêdhik ingkang Islam | dene kang jumênêng aji | ajêjuluk Mahprabu Dahanaraja ||

4. sang abagus karênan antuk sêsuluh | sêsulang têtela | dadya atêtanya malih | dhuh sumitra mênggah nagari punika ||

5. têbihipun sing Kajêngarêng praja gung | lêlampahanira | kang tinanya anauri | lêlampahan sataun mêdal dharatan ||

6. kawan tèngsu yèn layar ing samodra gung | riwusing sajarwa | janma wau wisata glis | yun nutugkên wigatining sêdyanira ||

7. langkung ngungun pangeran sajroning kalbu | de ta lampahira | saking Kajêngarêng nagri | kalih têngah candra praptèng Gêniradya ||

8. ya ta wau Sang Amjad lampahnya laju | praptèng warungira | janma Islam juru jait | uluk salam sinambrama ing pambagya ||

9. tata lungguh grêji wus nyipta ki tamu | dudu sok janmaa | kawistarèng ing naya di | jatmikantêng pantês mêngku ambêk tama ||

--- 39 ---

10. grêji muwus kisanak dèn eca lungguh | rêh tigas kawuryan | marma kula nilakrami | sangkan paran myang wigatining parasdya ||

11. pangran laju maluya manising têmbung | pasaja sajarwa | ing purwa wasana titi | ing wêkasan ngupaya kadang taruna ||

12. duk angrungu juru jait langkung ngungun | locitaning driya | tan lidok graita mami | satuhune atmajèng narendra tama ||

13. aturipun dhuh pangeran èstunipun | rayi jêng paduka | kataman upaya wèsthi | pinaeka ing janma nêmbah dahana ||

14. karat sampun măngka kurban sabên taun | tuwan narimaa | yêkti tan sagêd kapanggih | lamun datan lawan pitulunging Suksma ||

15. sampun tamtu kalampahan sedanipun | awit para janma | kang samya mangeran gêni | dahat dènnya niaya mring janma Islam ||

16. marmanipun yèn sambadèng tyas sang bagus | paduka rêrêpa | ing wisma kawula ngriki | anyingkiri durtaning janma druhaka ||

--- 40 ---

17. langkung gêtun sang pangran monêng mangungun | keron karêrantan | katangi tangising ati | sruning trênyuh sakala yayah murcatma ||

18. tansah ngadhuh-adhuh babo ariningsun | dene nguni sira | kumudu pisah lan mami | têmah mangkya tumamèng jro bêbayarda ||

19. gung ingimur grêji alon dènnya matur | mugi pinupusa | yèn sampun praptaning pasthi | takdiring Hyang sintên sagêd nanggulanga ||

20. kocap sampun sacandra ing laminipun | Sang Pangeran Amjad | dènnya nèng wismaning grêji | dahat nêdha narima pitulungira ||

21. yèn sang bagus kêkaring ngêngènggar kayun | midêr jroning kutha | tansah dinulur mring grêji | măngka kondhang anggrêmani lampahira ||

22. ya ta nuju sajuga ari winuwus | Sang Pangeran Amjad | wisata muhung pribadi | marang bèji pasiraman ing udyana ||

23. purna sampun wangsul nèng marga kapakut | kênyendah kang warna | angrucat kudhungirèki | mèsêm-mèsêm ngujiwat sarya têtanya ||

--- 41 ---

24. dhuh sang bagus kang sarwa ramping arurus | kula atêtanya | paduka dhumatêng pundi | dupi pangran miyat dyah sulistyèng warna ||

25. sru kumênyut ing dalêm wardaya kenyut | dyan maluyèng sabda | wong ayu sun arsa mulih | wa mangkono ngong dhangan milu mring sira ||

26. dyah lon muwus kalinganeya wong bagus | lêrêsing wanita | wajib tumutur ing laki | marma kula kang andhèrèk mring paduka ||

27. duk angrungu waluyaning kênya wau | Sang Pangeran Amjad | dahat kewraning panggalih | wit tan nyana yèn winangsulan mangkana ||

28. ciptanipun yèn ambêkta èstri wau | mring pondhokanira | yêkti rinêngon ring grêji | têmah dadya sulayaning pawong mitra ||

29. nanging langkung dènnya kayungyun aking yun | dadya keron ing tyas | kuwur datan amangsuli | muhung laju mentar sang rara tut wuntat ||

30. lampahipun pangran têrus tinut pungkur | praptèng ara-ara | dulu wisma gêng prayogi | trêp capuri pirit kinêlir laleyan ||

--- 42 ---

31. têngah ngayun sinung marga gapura gung | inêb suji rancang | tosan sinungging rêspati | duk samana minêb kinunci kang dwara ||

32. ya ta wau lampahnya kèndêl nèng ngriku | sang pangeran lênggah | nèng kanan pipining kori | èstri ayu munggwing kiwaning gapura ||

33. sigra muwus lamun makatên sang bagus | punika wismanya | rajaputra anauri | dhuh wong ayu ya iki wisma manira ||

34. sang dyah matur paran ta darunanipun | tan nuntên manjinga | dangu kèndêl wontên jawi | pangran nabda dhuh mas rara wruhanira ||

35. sorogipun lagi ginawa ing batur | samêngko sun agnya | lumakyèng karya wigati | sarampunge sun tuduh tuku baksana ||

36. yêkti dangu awit lakune ngrêrantun | mangkana sang pangran | dahat piduhunging galih | dènnya darbe sêdya mrih èstri punika ||

37. marmanipun karya samudana wau | ciptaning wardaya | yèn kasuwèn angêntèni | yêkti cuwèng tyasira têmah wisata ||

--- 43 ---

38. nanging luput ciptanira sang abagus | wanita sru mojar | punika rencang pênyakit | asêmbrana dadak dados tos-êntosan ||

39. mangke lamun dhatêng badhe kula ukum | ing sapantêsira | măngka pangajaran yêkti | wusnya nyabda sang kênya dyan ngambil sela ||

40. sêdyanipun binêjat kancinging pintu | pangran duk uninga | kalangkung marasing galih | angandika paran iku karêpira ||

41. èstri muwus ajrih punapa sang bagus | punapa punika | dede wismanta pribadi | bêjatipun kancing gampil sinantunan ||

42. dyan thinuthuk sela bêjat kancingipun | wiwara wus mênga | ni rara manjing dhingini | narpaputra mulat tingkah kang mangkana ||

43. sru kumêpyur gumêtêr tyasira kuwur | nyipta kênèng beka | tan wun nêmahi bilai | sanalika nêdya ngoncati bêbaya ||

44. karsanipun anilap nis saking ngriku | nging wau ni rara | sigra dènira anolih | sang pangeran katingal maksih nèng jaba ||

--- 44 ---

45. gya inguwuh suwawi manjing sang bagus | ya ta winangsulan | sun anganti batur dhingin | mêlanging tyas yèn tan cawis saniskara ||

46. sang dyah gupuh ngrakêt nyandhak asta kukuh | dadya sang pangeran | kêpêksa amituruti | dyan lumêbêt angambah ing palataran ||

47. lampahipun nurut patamanan agung | anjog wisma pelag | sangkêp sèn-isèning panti | pinta-pinta pinantês kăntha-kanthinya ||

8. Kinanthi

1. dinulu karya kayungyun | dening srining sari-sari | pêpêthètane kawarna | mungguh jinêmbangan wilis | ri sêdhêng ambabar puspa | marbuk sugănda mrik minging ||

2. ya ta manjing kamar agung | tinatan meja miranti | sangkêp sagung dhêdhaharan | wowohan myang anggur adi | rajaputra duk uninga | sangsaya marasing galih ||

3. mangkana locitanipun | Amjad lah dulunên iki | dêdalan marang bêbaya | tan wurung sira nêmahi | sangsara sumusul marang | Asad kadangta taruni ||

4. kawarnaa èstri wau | kamantyan arsayèng ati | miyat sagunging cawisan | kumêndhung-kêndhung

--- 45 ---

mênuhi | dyan matur mring sang pangeran | duk wau sandeyèng galih ||

5. yèn tan cinawisan tuhu | mangkya uninga pribadi | tabêrining rencang tuwan | sampun samapta miranti | suwawi sami dhinahar | sang rara mapan dhingini ||

6. ngadhêp meja sarwi muwus | punapa kang dèn êntosi | paduka dangu tan lênggah | pangran sru èngêt ing galih | rumăngsa jroning wardaya | yèn wus parêt[7] ing bilai ||

7. pinêksa-pêksa sang bagus | wêkasan amituruti | sigra samya dhêdhaharan | nging Sang Amjad dènya bukti | kinarya sarat kewala | labêt marasing panggalih ||

8. nikên panadhahnya sêngkut | suka dènnya amêmilih | lah-olahan kang mirasa | tan mawi taha ing kapti | muwah-muwuh ambêruwah | sigra dènira angambil ||

9. gêlas ingisenan anggur | sang pangeran dèn larihi | gya anginum sêsarêngan | wilujêngira sang pêkik | malih ingisenan gantya | wilujêngnya sang kênya di ||

10. narpaputra langkung ngungun | de wisma pelag miranti [mira...]

--- 46 ---

[...nti] | kang adarbe tan katingal | samatara wontên kèksi | janma juga priya prapta | yèku kang adarbe panti ||

11. Bahadir panêngranipun | lurah gamêlnya Sang Aji | Mahprabu Dahanaraja | yèka ingkang amandhiri | nata prajèng Gêniradya | ya ta wau Ki Bahadir ||

12. langkung kagyatirèng kalbu | duk miyat bêjating kori | sigra manjing palataran | miyarsa swaraning jalmi | jalu èstri suka-suka | nèng wisma nulya ingintip ||

13. waspada dènnya andulu | rara ayu priya pêkik | ambukti sudhiyan ingkang | arsa sinêgahkên tami | Bahadir osiking driya | paran wahanane iki ||

14. dyan mara marpêki pintu | sang pangran dupi udani | sakala konus nis naya | ning Bahadir nyasmitani | ayya sandeya ing driya | myang pinrih mêdal pribadi ||

15. pangran wusnya ngunjuk anggur | jumênêng mentar mring jawi | wanita sigra têtanya | paduka arsa punapi | winangsulan arsa mêdal | tan asuwe nuli bali ||

16. praptanirèng jawi sampun | kapanggih lawan Bahadir | tinanya darunanira | nèng ngriku lawan pawèstri [pawè...]

--- 47 ---

[...stri] | pangran mangsuli sajarwa | mèt prana mulêt malat sih ||

17. angandhar laksitanipun | jalèntrèh sajarwa jati | ing purwa madya wasana | tinutur sadaya titi | wêkasan minta aksama | dènnya murang kramaniti ||

18. ya ta Bahadir duk ngrungu | andikannya sang sinigit | ing tyas kamantyan wilasa | jêr ta wau Ki Bahadir | bêk darmotama prasaja | mring wong nênêka gumati ||

19. wêkasan alon umatur | nun koningana sang pêkik | pangkat kalênggahan kula | lurah gamêlnya sang aji | dene ta wisma punika | gadhahan kula pribadi ||

20. kula dahat suka sukur | karya bingah mring têtami | pangeran kados paduka | marma sampun walanggalih | pintên banggi lamun kula | sagêd tambah amimbuhi ||

21. kasênêngan ta sang bagus | ing mangkya kula aturi | nglajêngakên mangun suka | myang samudana mring èstri | lamun rencang sawêg prapta | sanadyan datan sayêkti ||

22. mangke kula ingkang sanggup | api-api dados abdi | abdi tumbasan paduka | duk prapta mêntas tinuding | sampun mawi taha-taha | dêduka dhatêng wak mami ||

--- 48 ---

23. sasampuning dhahar rampung | sarea ing wisma ngriki | kalihan èstri punika | dumugi ing benjing-enjing | sang pangran dahat langgana | nging pinêksa mituruti ||

24. ya ta sang pêkik gya wangsul | alênggah satata malih | lan dyah nruskên suka-suka | sang pangran ngandika aris | dhuh wong ayu aksamanta | de ta sun dangu nèng jawi ||

25. anganti têkaning batur | ni kênya mangsuli angling | mangke yèn abdinta prapta | pantês lamun dèn gêbagi | măngka paukumanira | wong nglirwakkên marang wajib ||

26. rajaputra sukèng kalbu | wit sirna marasing galih | wus dangu antaranira | Bahadir anulya prapti | abusana cara rencang | kusuting nitya katawis ||

27. wit èsmu ajrih kalangkung | dyan pangeran andukani | hèh batur datanpa karya | kongsi lungse lagya prapti | pangran nulya nyandhak rotan | Bahadir ginitik ririh ||

28. nikèn tan lêga ing kalbu | de mung ririh dènnya gitik | gupuh dènnya ngambil rotan | Bahadir gya dèn gêbagi | sak sayahnya tanpa wêlas | wau pangran ngrês ing galih ||

--- 49 ---

29. jumênêng sing lênggahipun | angrêbat ponang gêgitik | sarwi nabda manohara | adhuh nyawa wong mrakati | sêdhêng samono kewala | dèn ta amidanèng dasih ||

30. sarampunging dhahar sampun | sadaya dipun lorodi | praptèng ratri wancinira | Bahadir sigra angrukti | pasuptan sarwa samêkta | purna Bahadir gya guling ||

31. pangeran lan kênya wau | misih pagunêman sami | duk arsa amapan nendra | nikèn mijil praptèng jawi | myarsa wong ngorok sênggoran | dahat dènnya muring-muring ||

32. sigra pinarpêkan gupuh | trangnya kang ngorok Bahadir | dyan kênya wangsul mring kamar | dulu pêdhang gya dèn ambil | pangran kagyat atêtanya | kênya mundur amangsuli ||

9. Durma

1. prasaja ing aturnya marang pangeran | ula[8] anyuwun idi | arsa mêjahana | mring rencang têtumbasan | tan arus awèta urip | urup kinisas | wit tansah ambrêbêgi ||

2. sigra mijil sarwi nyangking pêdhang ligan | kampitèng tyas sang pêkik | nututi ngandika | wong ayu

--- 50 ---

ywa dinawa | dêduka marang ing dasih | duk mau sira | wus bangêt anggitiki ||

3. kênya mojar tan lêga raosing manah | yèn tan sirna si baring | pangeran ngandika | yèn adrêng karêpira | ingsun dhewe kang matèni | kene pêdhangnya | mulung wus dèn tampani ||

4. rajaputra lumampah nikèn tut wuntat | praptèng gyaning Bahadir | duk kapati nendra | pangran angayat pêdhang | lumarap seje kang pinrih | jangganing kênya | pinêdhang tigas pancing ||

5. tibèng prênah Ki Bahadir dènnya nendra | Bahadir kagyat tangi | sigra atêtanya | pangeran paran marma | pun kênya dipun pêjahi | sang narpatmaja | wangsulanira aris ||

6. hèh kisanak dipun agung aksamanta | marma kalakyan mangkin | kênya kula lunas | têmahan karya kagyat | dènta kapati aguling | awit pun kênya | ardaning tyas tan sipi ||

7. arsa pêksa misesa dhatêng andika | tan kêna dèn palangi | malah sru daluya | kula têmahan kewran | wasana puntoning ati | kang măngka sarat | pamurunging [pamu...]

--- 51 ---

[...runging] rèh durti ||

8. datan liyan inggih namung pinêjahan | gya kula pêdhang aglis | pagas murdanira | anibani andika | Bahadir ngungun miyarsi | wêkasan suka | sukur maring Hyang Widhi ||

9. alon matur pangeran pitulung tuwan | kalangkung kula pundhi | tan sagêd malêsa | ing kadarman paduka | ing mangke wangke puniki | kêdah binucal | sadèrèngipun enjing ||

10. inggih kula kang nglarung dhatêng samodra | pangeran anauri | mitra yèn sambada | kula larung priyăngga | wit kula ingkang mêjahi | Bahadir nabda | tuwan kula aturi ||

11. alêrêma kewala wontên ing wisma | kula ingkang nglampahi | lamun ngantos enjang | kula dèrèng maluya | punika cihna sayêkti | kalamun kula | kapikut tiyang jagi ||

12. marma mangkya kula nilari pustaka | ing paduka sang pêkik | minăngka pralilah | wisma saisinira | langkêp sadaya puniki | kula apasrah | paduka kang darbèni ||

--- 52 ---

13. sang pangeran kapêksa datan lênggana | ya ta sêrat wus dadi | mulung tinanggapan | Bahadir gya wisata | amanggul wangkening èstri | binuntêl kêkah | tan kawistarèng ngaksi ||

14. tan kawarnèng ênu lampahnya mèh prapta | satêpining jaladri | dyan kapagut lawan | juru unjêman nganglang | Bahadir ingandhêg wani | gya ginaledhah | bêbuntêlan kapanggih ||

15. ing jro ana kunarpa pagas murdanya | sanalika Bahadir | cinêkêl tan băngga | ya ta juru unjêman | sakala waspadèng ngaksi | yèn kang cinandhak | lurah gamêl Bahadir ||

16. dadya ajrih yèn trus ngêtrapna pidana | kêdah katur pribadi | ing sri naradipa | kawarna enjingira | wadya paunjêm prapti |[9] marêk ngarsendra | matur saha wotsari ||

17. purwa madya wasana katur sadaya | ing wêkasan Bahadir | sumaos ing ngarsa | angatas karsèng nata | sri narendra duk miyarsi | gatgadèng driya | sumung-sumung nityandik ||

18. sirung sêrêng sora wijiling wacana | hèh mêngkono [mêngko...]

--- 53 ---

[...no] Bahadir | têka tanpa ngrasa | kinasihing pamasa | andadak dursila juti | têtika mamak | murang rèh silastuti ||

19. wus têtela lêtuh kalakuwanira | karêm matèni janmi | wangkenya binuwang | linarung mring samodra | mrih tan kawistara yêkti | ing durtanira | ya ta sri narapati ||

20. sigra dhawuh mring wadya singanagara | gantungên Si Bahadir | dyan singanagara | andhawuhkên parentah | sandika turing Bahadir | datan suwala | sanadyan datan sisip ||

21. lêgawèng tyas mantêp tumêkèng antaka | ya ta kondur sang aji | sigra măndaraka | abyawara warata | sapraja wus dèn undhangi | yèn karsa nata | angisas Ki Bahadir ||

22. wit katrapan siyasat jêr dosèng praja | amatèni sujanmi | wau ta winarna | Risang Pangeran Amjad | nèng wisma dangu anganti | praptèng raina | Bahadir datan prapti ||

23. mêlang-mêlang tyasira sang rajaputra | wus anyipta ing galih | yèn Bahadir têmah | kawênangan parentah [pare...]

--- 54 ---

[...ntah] | tan wun tumibèng bilai | locitèng driya | Bahadir mitra mami ||

24. lamun kongsi katrapan pidanèng nata | kinisas praptèng pati | ingsun dahat merang | mulat ing surya căndra | jêr sira tan dosa yêkti | nadyan antaka | sun andhêmi pribadi ||

25. wus pinuntu pantoging prana pranawa | kasaru swarèng janmi | myarsa undhang-undhang | yèn ing ri mangkya arsa | angêtrapkên ukum pati | mring wong lêlaran | Lurah Gamêl Bahadir ||

26. rajaputra atas pamiyarsanira | kampitèng tyasira glis | maring pangurakan | dununging pangisasan | akathah janma ningali | ya ta pangeran | uninga mring Bahadir ||

27. pinusara binêkta mring pagantungan | kumêpyur tyas sang pêkik | sakala dyan miyak | sagunging para janma | têmahan praptèng ngarsaning | singanagara | pangran matur anangis ||

28. dhuh priyantun ingkang mugi dèn sarèhna | kularsa matur jati | mênggahing lampahan | ingkang kalayan nyata | sanyatanipun Bahadir | tan pisan dosa |

--- 55 ---

wondene kang mêdahi[10] ||

29. tiyang èstri punika lugunya kula | ngong pêdhang tigas pancing | marma ing samangkya | Bahadir luwarana | kula ingkang anyanggêmi | nyanggi pidana | kinisas praptèng pati ||

30. ya ta kanggêg măndaraka duk miyarsa | aturira sang pêkik | anulya tinanya | nama miwah pinăngka | sumawana kang sêsiwi | pangran sajarwa | purwa puwara titi ||

31. dadya kèndêl dènnya yun nrapkên pidana | wus golong rêmbag sami | gya matur sri nata | kandhêg ing pamidana | wontên priya anom pêkik | prapta udrasa | matur yayah maskentir ||

10. Maskumambang

1. nama Pangran Amjad atmajèng narpati | Kajêngarêng praja | kêlunta praptèng ing ngriki | ngupaya kadang taruna ||

2. sang aprabu ngungun rikala miyarsi | wêkasan ngandika | yèn mêngkono iku bêcik | iridên mring ngarsaningwang ||

3. ingsun arsa anguningani pribadi | ya ta Măndaraka | wotsari lèngsèr sing ngapti | sapraptaning pangurakan [pangura...]

--- 56 ---

[...kan] ||

4. andhawuhkên timbalan sri narapati | pangeran ngandikan | kalawan Lurah Bahadir | kêkalih matur sandika ||

5. kerid prapta ngarsèng nata mangênjali | konjuk mukanira | sang prabu duk aningali | marang ing suwarnanira ||

6. Pangran Amjad sang sri sru rêsêp ing galih | lumuntur wilasa | dangu sinawang sang pêkik | wasana alon ngandika ||

7. hèh pangeran paran darunanya nguni | dene sira têmah | prapta ing kene pribadi | tan mawa kondhang sajuga ||

8. sang pangeran matur sarwi mangastuti | ngandhar lampahannya | miwiti malah mêkasi | wêkasan prapta ing praja ||

9. Gêniradya pisah lan kadang taruni | marmanta ngalaya | yayah ngayam-ayam lalis | ngupaya datan kapanggya ||

10. parmaning Hyang ulun pinupu ring grêji | ingkang tuhu wêlas | anggung mêmulang mêmêling | tatacaraning prajendra ||

11. sabên ari yèn amba nuju kêkaring | grêji atut [a...]

--- 57 ---

[...tut] wuntat | măngka kancuh iring-iring | grêmani lampah kawula ||

12. dupi sampun antawis antuk satèngsi | nujwari sajuga | ulun lêledhang pribadi | dhatêng bèji pasiraman ||

13. wangsul ulun ing margi kêpêthuk èstri | mudhendah ing warna | manah kawula kagimir | wanita darbe panêdha ||

14. mring kawula lamun panuju ing kapti | tumutur saparan | wit dahat kewran pun patik | têmah nuruti paminta ||

15. lampah amba praptèng wisma pinggir margi | kinunci kang dwara | ulun kèndêl ngajêng kori | wanita anyiptèng driya ||

16. yèn punika pagriyan ulun sajati | marma gya pitanya | inggih kawula akêni | nging amba akarya gêlar ||

17. samudana kang mrih cuwa tyasing èstri | pangangkah kawula | kalamun dangu ngêntosi | tan srantos nuntên wisata ||

18. duk miyarsa kênya tan daranèng kapti | sigra ngambil [ngambi...]

--- 58 ---

[...l] sela | binêjat kancinging kori | malêbêt dhumatêng wisma ||

19. amba kantun nging pinêksa anuruti | manjing jro pathika | uninga cawisan bukti | kawula kalangkung maras ||

20. ing wasana pun kênya angajak bukti | nginum sasukanya | kawula sarat ngecani | ing antawis dangu prapta ||

21. ingkang darbe wisma Ki Lurah Bahadir | amba kinèn mêdal | tinakèn woding wigati | kawula sajarwèng warta ||

22. Ki Bahadir dahat wêlas mring pun patik | kinèn anglajêngna | mong suka sakapti-kapti | kalawan èstri punika ||

23. dene amba sampun winulang winêling | ing rèh wêwisikan | dhumatêng lurah Bahadir | dados nir sandeyèng driya ||

24. nulya wangsul kapanggih lan wau èstri | sakamantyan suka | tan dangu Bahadir prapti | abusana cara rencang ||

25. nitya pucat kawistarèsmu arda jrih | sakala kawula | marpêki anggitik ririh | ananging èstri punika ||

--- 59 ---

26. tan darana narambul tumut gêbagi | ing sarosanira | tan mawi wêlas sakêdhik | langkung ngrês manah kawula ||

27. sanalika amba rêbat ponang gitik | purwaning bojana | luwaran linorot sami | praptèng ratri kacarita ||

28. èstri wau nalikarsa mapan guling | mimba mring panirat | myarsa pangoroking janmi | pinarpêkan atêtela ||

29. lamun ingkang ngorok Ki Lurah Bahadir | pun kênya bramantya | saksana wangsul mring bilik | sigra dènnya ngambil pêdhang ||

30. ulun tanya mèt pêdhang binaktèng pundi | pun kênya maluya | ayun kinarya mêjahi | dhatêng rencang têtumbasan ||

31. ulun kagyat sigra mentar anututi | gung ngrapu ngrarêpa | nging pun kênya botên lilih | malah lalu andaluya ||

32. wit don ulun mrih wilujênging Bahadir | amba samudana | arsa mêjahi pribadi | ring kang ngorok asênggoran ||

33. pêdhang sampun sinungkên kalayan gampil | dyan sami [sa...]

--- 60 ---

[...mi] lumampah | praptèng gyan Bahadir guling | pêdhang gya kawula ayat ||

34. enggal ulun tigaskên murdaning èstri | pêjah kapisanan | wangke rêbah andhawahi | Bahadir kagyat sakala ||

35. sigra tangi têtanya dhatêng pun patik | aluraning nalar | kawula sajarwa jati | ing purwa madya wasani |[11]|

36. Ki Bahadir sru suka sukur ing Widhi | wangke sanalika | binucal dhatêng Bahadir | amba ngêntosi nèng wisma ||

37. praptèng wanci enjing dèrèng wontên prapti | ulun sampun nyipta | kalamun Lurah Bahadir | kacêpêng dening unjêman ||

38. mila ulun makêtêr tyas kêtir-kêtir | kêsaru miyarsa | undhang-undhanging nagari | kalamun dintên punika ||

39. yun ngêtrapkên pangisas Lurah Bahadir | awit kawanguran | dènnya mêjahi sujanmi | sakala datan darana ||

40. gupuh-gupuh kawula umarêk maring | ngarsèng măndaraka | ingkang arsa anêlasi | ulun umatur sajarwa ||

41. duk miyarsa priyantun singanagari | ing atur kawula | kandhêg dènnya yun nêlasi | sande pamêgating atma ||

--- 61 ---

11. Megatruh

1. ing wasana amba lajêng tampi dhawuh | kalihan Lurah Bahadir | marêk ngarsèng jêng sinuhun | têlas ature sang sigit | ya ta jêng sri narakatong ||

2. duk miyarsa kalangkung dènira ngungun | wêkasan ngandika aris | hèh pangeran wruhanamu | sasuwene sun miyarsi | dèn ta angandhar lêlakon ||

3. kang sakawit bangêt wêlase tyas ingsun | dera nêmahi bilai | kalawan kadang ta iku | praptèng wêkasane mangkin | karya lêga bungah ingong ||

4. de lêlakonira dadi marganipun | ingsun wanuh lan sirèki | ing samêngko karsaningsun | mungguh dosanta sayêkti | sun apura trusing batos ||

5. Si Bahadir sun balèkkên lungguhipun | lulus lêstari nglurahi | sagung abdi gamêl ingsun | wit saka lêgawèng ati | têtêp ngantêpi wiraos ||

6. samantara narendra sigra adhawuh | marang wadya sanagari | mangkana andikanipun | rêngên ta hèh wadya mami | gêdhe cilik tuwa anom ||

7. wruhanira ing samêngko karsaningsun | Si Amjad sun junjung linggih | dumadya pêpatih anung | sun wênangkên [wênangkê...]

--- 62 ---

[...n] misesani | saisine prajaningong ||

8. sun pasrahi ya bang-bang pangalum-alum | para wadya sanagari | tumanggap asaur manuk | mangayubagya wotsari | ya ta risang prawira nom ||

9. ya Sang Pangran Amjad tur sêmbah anuwun | kalinggamurda pinundhi | ngandika malih sang prabu | dhuh Amjad dèn nrimèng batin | dipun sukur mring Hyang Manon ||

10. yèku măngka pituwase tindakipun | ramanta kang datan adil | pangeran wotsari matur | pun dasih darmi nglampahi | mêmundhi sihing sang katong ||

11. wêkasaning pangandika sang aprabu | Amjad sira sun lilani | nganggoa kuwasaningsun | măngka sarana ngulati | marang kadangira anom ||

12. Si Pangeran Asad dimène katêmu | Pangran Amjad nyandikani | ya ta ing antara sampun | luwaran dènnya tinangkil | sri nata kondur ngadhaton ||

13. patih miwah pra punggawa bubar sampun | sowang-sowang samya mulih | ya ta wau kang winuwus | risang anyar madêg patih | kontap tyas tama kinaot ||

14. para wadya ing Gêniradya sadarum | mangayubagya mêmuji | kadarmaning patih anung | kaonang-onang [kaonang-o...]

--- 63 ---

[...nang] mumpuni | mêmpan ing rèh karahayon ||

15. kacarita Pangran Amjad sampun dhawuh | undhang-undhang sanagari | yèn ana janma kang ngaku | wikan miwah dèn dunungi | marang kang rayi sang anom ||

16. yêkti antuk ganjaranira sang prabu | winisudha ing palinggih | nanging undhang-undhang wau | wus lami nir deya yêkti | nahan gantya kacariyos ||

17. Pangran Asad wus dangu antaranipun | dènira nandhang prihatin | dupi praptèng mangsanipun | kurban maring gunung gêni | para janma wus mirantos ||

18. gêgununganing janma kang nêmbah latu | mung juga Behram wêwangi | matah miranti parau | winotan gêgramèn sami | dene ta sang prawira nom ||

19. linêbêtkên ing grobog kinunci kukuh | dinunung kalangkung rêmit | munggwing dhasaring parau | ya ta Sang Amjad winarni | sampun miyarsa pawartos ||

20. angkatira pra janma mring arga latu | sigra tumindak pribadi | galedhah sagunging jungkung | nging kang rayi tan pinanggih | dadya sru duhkitèng batos ||

21. ing wasana sang pangeran sigra kondur | Behram pêparentah aglis | bêdhol jangkar murwèng laku | ri

--- 64 ---

kang palwa antara ri | katêmpuh ing angin awon ||

22. ombaking we walikan kadya kinêbur | baita kasasar têbih | Behram awas dènnya dulu | palabuhan Majan nagri | kang jumênêng ratu wadon ||

23. Sri Marjane puniku sinambat ing rum | Behram sangêt dènira jrih | lêrêb ing muara ngriku | karana sri nata dèwi | dahat sêngit trusing batos ||

24. marang janma kang samya mangeran latu | Behram kewran ing pambudi | arsa nglajêngakên laku | kocaking samodra misih | dadya pangrêmbugnya diyon ||

25. ana rêmbug marêk ring sang ratu ayu | samudana dagang janmi | kari sajuga abagus | yèku măngka ili-ili | dènira prasamya manggon ||

26. nèng muara anganti sasirêpipun | ombaking kang jalanidi | sadaya wus samya rêmbug | ya ta palwa sampun minggir | sigra labuh jangkar manggon ||

27. Pangran Asad sigra winêdalkên sampun | sing grobog dèn busanani | cara batur tukon lugu | angiras minăngka carik | kunêng gantya winiraos ||

28. prajèng Majan angongkang ing samodra gung | tamanira langkung asri | pêpak ingkang tanêm tuwuh | ambanjêng

--- 65 ---

praptèng pasisir | taru-taruna sri tinon ||

12. Sinom

1. nahan rarasing udyana | samana sri nata dèwi | nuju lêlangên nèng taman | uninga baita prapti | gya utusan nimbali | kang măngka pramukanipun | ya ta Behram winarna | wus samêkta yun sumiwi | lan Sang Asad laju kerid sanalika ||

2. praptèng ngabyantara nata | wotsari konjêm ing siti | prabu rara duk tumingal | mring citranira sang pêkik | kasmaran ing panggalih | sinamun ngandika arum | paran ta sêdyanira | rêrêp nèng muara mami | Behram batur[12] ing purwa madya wasana ||

3. ing wêkasan aturira | dhuh gusti sang misudhèng sih | kawula adarbe rencang | têtumbasan jalu pêkik | ya ta sang rajaputri | mring Pangran Asad nabda rum | sapa ta aranira | Pangran Asad amastuti | dhuh pukulun pun Asad nama kawula ||

4. sri kênya nungka ngandika | saka ing panyawang mami | sirèku sugih kawignyan | ingsun arsa ngudanèni | têtulisanirèki | Pangran Asad awotsantun | dyan nitra nèng dalancang | amarna têmbung palupi | pan mangkana unèn-unèning pustaka ||

--- 66 ---

5. janma nandhang calaina | tarkadhangan asring bakit | anyingkiri jalêgongan | kang awas netranya asring | kalêbu ing piranti | kabalowok sukunipun | wyajana agamèslam | sring manggih wisaya wèsthi | tiyang kapir kadhang antuk kadrajadan ||

6. tiyang gêndhêng sring kabagyan | janma bijaksanèng budi | anêmahi kasangsayan | para sarjana linuwih | tan sagêd mitulungi | angêntas priyangganipun | saking ing kasangsayan | mrang waling kasrakat dening | sampun prapta takdiring Hyang Maha Mulya ||

7. purna ing panitranira | katur jêng sri nata dèwi | eram dènira tumingal | têtulisan langkung apik | myang lukitèng kintaki | karya karaosing kalbu | babaganing sanepa | têmahan sang rajaputri | lunturing sih wilasa mring sang pangeran ||

8. sri kênya alon ngandika | Behram sun tanya sayêkti | mungguh iki baturira | apa sira turkên mami | Behram matur wotsari | dhuh pukulun amba nuwun | owêl yèn kadhindhala | duk miyarsa rajaputri | turing Behram dinalih liwat diksura ||

9. marma dahat dukanira | tan mawi ngandika malih | pangeran sigra cinandhak | binêkta kondur tumuli | praptaning kênyapuri | risaksana paring dhawuh | pêpacuh marang Behram | yèn nganti rêrêp ing ratri | palwanira tinunu sami sakala ||

--- 67 ---

10. Behram tyasnya sru duhkita | tambuh ing solahirèki | sigra wangsul mring muara | tata-tata amiranti | ya ta sri nata dèwi | sakondurira dhêdhawuh | kinèn asaos dhahar | pangeran binêkta maring | jro pathika kalilan lênggah satata ||

11. nanging mopo kipa-kipa | pinêksa têmah nuruti | sri kênya nabda mèt prana | duk mau sirèku dasih | samêngko dadya sisih | lah caritakna lakonmu | sayêkti kaelokan | wit surasaning kintaki | tulisanta kang katur marang manira ||

12. wèh tuwuhing panggraita | anèhing lêlakon pasthi | Pangran Asad awotsêkar | dhuh gusti sri maha dèwi | lêrês pangandika ji | anèhing lampahan ulun | tansah nandhang sangsara | cakêt pacanganing pati | mangkya luwar saking sih paduka nata ||

13. pangran angandhar lampahan | jinalèntrèh ing sakawit | asli kalairanira | miwah ingkang asêsiwi | lan kang raka sang pêkik | tansah dènnya rakêt rukun | myang ibu narèswara | dènnya silar silastuti | atêmahan antuk dêdukaning nata ||

14. wurungira pinêjahan | jalaran nganèh-anèhi [nganèh-anèh...]

--- 68 ---

[...i] | wêkasan pisah lan raka | pinikut wong nêmbah agni | datansah pinisakit | dupi wêkasaning taun | arsa kinarya kurban | dhumatêng prabata agni | ing wasana praptèng ngarsa padukendra ||

15. têlas turnya Pangran Asad | sri kênya ngandika aris | hèh pangeran wruhanira | sanadyan sun bangêt sêngit | marang wong nêmbah agni | nging misih bêcik trap ingsun | sarèhning mêngko dahat | nganiaya mring sirèki | paripaksa misesa kinarya kurban ||

16. marma ingsun aprasapa | ing salawas ingsun urip | arêp amung mêmungsuhan | ya ta abdi kang cêcawis | dhaharan wus miranti | sri kênya lawan sang bagus | parêng dènira dhahar | lan rêrasan warni-warni | nutug purna luwaran dènnya bojana ||

17. mangkana Pangeran Asad | duk ing wanci sampun ratri | nulya mêdal mring udyana | lam-lamên dènnya umèksi | srining kang sarwa sari | lumrèng gănda marbuk arum | angèbêki udyana | tan dangu maring botrawi | wusing suryan anendra nèng parumputan ||

18. nahên ta gantya winarna | Behram sakondhangnya sami | kêpêksa dènira mangkat | wit ajrih dhawuhing [dha...]

--- 69 ---

[...wuhing] sang sri | tinundhung mentar aglis | dahat dènira gêgêtun | kelangan Pangran Asad | Behram parentah ring dasih | mrih mèt tirta măngka sangu nèng samodra ||

19. kang kinèn wus lumaksana | maring patamanan aglis | dyan mènèk ing pagêr bata | sarwi manggul tongnya sami | sapraptaning parigi | kagyat dènira andulu | janma kapati nendra | nulya dèn iling-ilingi | datan pangling kalamun Pangeran Asad ||

20. kapitèng tyas sanalika | sigra samya andum kardi | ana ingkang mèt udaka | winadhahan tong miranti | wênèh ngêpung sang pêkik | ing antara dupi rampung | tong wus pinanggul pundhak | kang ngêpung dyan mikut aglis | sang pangeran binêkta mungkur sing taman ||

13. Pangkur

1. garagapan sang pangeran | langkung kagyat datan uningèng gati | têmah kewran ing tyas kuwur | sumrêpêt panonira | ing samarga linarak-larak sang bagus | sêsambat tan piniyarsa | ya ta wus praptèng jaladri ||

2. binêkta munggah ing sampan | winêlahan sêngkut mrih enggal prapti | samantara prapta sampun | ing

--- 70 ---

palwanira Behram | para kondhang samya asora ing wuwus | ki lurah bingah-bingaha | pun Asad kacêpêng malih ||

3. Behram sèwu datan nyana | lamun Asad bisa kapikut malih | nging tan tanya nalaripun | mung kasêsa parentah | maring dasih pangran rinantea gupuh | sakala ambabar layar | mangkat maring gunung gêni ||

4. ya ta gênti ginupita | nata dèwi andangu marang cèthi | de Asad tan na kadulu | parêkan awotsêkar | sang pangeran dènnya mijil sampun dangu | sri kênya dhawuh ngupaya | mawaa sêsuluh sami ||

5. pra parêkan gita-gita | mawa oncor ting klêncar angulati | sang pangeran tan kapangguh | sang sri maras ing driya | sigra tindak priyăngga mawi dinulur | pra parêkan mawa pandam | ingubrês mêksa tan panggih ||

6. ya ta danguning antara | para cèthi prapta têpi parigi | andulu ana sêpatu | dyan kinèn angambila | pinariksa marang sang sri murtiningrum | tan pangling lamun punika | agême Sang Asad yêkti ||

7. prabu rara duk uninga | satêpining guskara rècèh warih | lir labêting janma ngangsu | sakala anggraita [anggrai...]

--- 71 ---

[...ta] | bokmanawa Behram kang mikut sang bagus | enggal utusan mariksa | yèn palwanya Behram maksih ||

8. tan dangu caraka prapta | tur uninga yèn Behram sampun anis | angkatira sampun dangu | sadèrèngipun bidhal | mawi nuduh kondhang kinèn ngambil ranu | dhatêng guskarèng udyana | sri kênya duk amiyarsi ||

9. kadgada sakala ngagnya | mring kapitan kinèn tata miranti | kapal prang cacah sapuluh | ingkang sampun samapta | nèng muara dèn sampat sapranti saput | rajaputri benjang enjang | tindak mring palwa pribadi ||

10. ya ta kang tampi parentah | gya mêmatah kapitan myang pra upsir | tanapi awak parau | sakala wus sawega | tan kawarnèng ratri prapta enjingipun | sang sri tumrah maring palwa | sinasmitan mancal aglis ||

11. sri nata dèwi ngandika | mring kapitan hèh wruhanira kaptin | mungguh iki karsaningsun | arsa anglut saparan | paraune juragan kang mau dalu | mancal sing muaraningwang | yèn sira bangkit nututi ||

12. anyêkêl marang juragan | yêkti bakal gêdhe ganjaran mami | nanging lamun tan kapikut | ywa sira takon [tako...]

--- 72 ---

[...n] dosa | umurira yêkti ingsun karya liru | kapitan matur sandika | kêras lampahing palwagni ||

13. duk antuk lakon sadina | praptèng kalih ratri tan ana kèksi | dupi tigang dalunipun | marêngi wanci enjang | baitane Behram samana kadulu | ya ta palwa prang sadasa | sarêng marpêki angrampit ||

14. Behram wus anyiptèng driya | yèn palwa prang sadasa kang angrampit | punika titihanipun | sri naranata kênya | anututi Pangeran Asad puniku | milarda kewraning driya | mangkana locitèng ati ||

15. yèn Asad misih katingal | datan wurung sun nêmahi bilai | ananging lamun linampus | sayêkti kawistara | dadya Behram parentah mring kondhangipun | Asad nuli uculana | gawanên mring ngarsa mami ||

16. rajaputra praptèng ngarsa | Behram ngucap iki kang mawa kardi | dêdukane ratu ayu | tansah karya rubeda | rasakêna tibaning wêwalês ingsun | sang pangran sigra cinandhak | ginêbyurkên ing jaladri ||

17. kacarita Pangran Asad | wus kaloka wignyanira ngêlangi | marma tan kewran ing kalbu | nglangi anèng [a...]

--- 73 ---

[...nèng] samodra | nut ing ombak ing antara dangu sampun | praptèng pinggir sigra mêntas | dahat sukurirèng Widhi ||

18. bagya antuk pitulungan | dene bakit mêntas saking bilai | uwal sing têkêmanipun | janma kang bêk niaya | pangran nulya alukar busananipun | sadaya wus pinêrêsan | sigra ingêpe nèng curi ||

19. sarwi ngayêmkên sarira | gung rinasa laksitanirèng dhiri | ya ta busana rinasuk | sigra dènnya lumampah | alon-lonan nut tirahing samodra gung | tancêbing cipta narima | rumantam ing tyas ngèngêti ||

20. wasitèng para sotama | sidhi sêtya katrimèng tapa dadi | jalaran tuk nugraha gung | garang kuncarèng praja | kartartèng tyas rumakêt ing rèh rahayu | tinut tinulad sasama | kasumbagèng rat dibyanting ||

21. nulya anon ana marga | gya tinurut kongsi sawatara ri | lumampah ijèn sang bagus | tan kapêthukan jalma | kang dhinahar mung wowohan kang tinêmu | saananing pinggir marga | miwah satêpining kali ||

22. ing wêkasan lampahira | praptèng praja sang pangran datan pangling | yèn iku nagaranipun | wong kang

--- 74 ---

nêmbah dahana | yèku prajèng Gêniradya kalanipun | pangeran nandhang sangsara | siniya têmah gêng kingkin ||

14. Asmaradana

1. rêrimbaganing tyas mangkin | sang pangran yun mèt têpangan | mring kang băngsa Islam bae | wit panggalih langkung jinja | mring wong nêmbah dahana | mèngêt duk jinabung alus | dening pothèt kaki tuwa ||

2. samana wus wanci ratri | pangeran nyiptèng wardaya | warung wus atutup kabèh | pakèwêt mamrih pondhokan | têmah puntoning driya | ngupaya patyastana gung | ingkang ana cungkubira ||

3. măngka sipêngan ing ratri | ya ta wau kalêrêsan | antuk patyastana gêdhe | miwah akèh cêcungkubnya | anulya pinarpêkan | samantara manggih cungkub | kang korinya nuju mênga ||

4. pangeran malêbêt aglis | nyipêng ing dalu punika | kunêng kacarita mangke | Behram lan sakondhangira | nèng palwa tanpa daya | kinupêng kapang akêpung | ing palwanira sri kênya ||

5. Behram gya parentah aglis | angrucati layarira | samya ginulungan kabèh | tăndha tan nêdya lumawan | anungkul srah jiwangga | ya ta wau ratu

--- 75 ---

ayu | miwah mring praunya Behram ||

6. sru sêrêng pangandika ji | hèh Behram kliwat dursila | nèng ngêndi Si Asad mangke | yêkti sira kang andhustha | kalamun tan sajarwa | kalakon palwanta rêmuk | sira sun kêlêm samodra ||

7. gumêtêr Behram turnya ris | dhuh gusti ulun upata | datan uninga dununge | yèn paduka tan pracaya | sumăngga kagledhaha | baita amba pukulun | sri kinya gya ngagnyèng wadya ||

8. anulya dèn galedhahi | gêmêt pangupayanira | ananging nyata sêpine | Pangran Asad tan kapanggya | ngungun sri nata kênya | saking sangêtirèng bêndu | Behram arsa pinêjahan ||

9. nanging sande awit saking | marêm ambêskub baita | lawan saisine kabèh | Behram mung sinungan sampan | sajuga sakancanya | sri nata anulya kondur | dahat ruditèng wardaya ||

10. sapraptanirèng nagari | anyêbar pra wadyabala | kinèn ngingsêpa wartane | pangran kang dadya woding tyas | nahan malih winarna | Behram lampahira sampun | praptèng têpining udaya ||

--- 76 ---

11. minggah mring dharatan sami | gancanging ruwi wus prapta | Gêniradya nagarane | kaparêngan ratri masa | ngupaya patyastana | măngka pasipêngan dalu | kinarya ngêntèni rina ||

12. dilalah karsaning Widi | sira Sang Pangeran Asad | durung tutug lêlakone | dènira nandhang sangsara | dumadak sira Behram | dènnya sipêng anèng cungkub | nuju dununge sang pangran ||

13. dupi Behram anglêbêti | uninga ana wong nendra | kasasaban ing kêmule | saking gumêdêring swara | pangran wungu anyapa | ya ta Behram duk angrungu | datan pangling yèn punika ||

14. suwaranira sang pêkik | marma mangsuli mangkana | lah dalah kêtêmu manèh | nèng kene angenak-enak | Asad kang kaya sira | anggung gawe ara-uru | rubeda rubêding driya ||

15. iya sira taun iki | nora sida dadi kurban | nanging taun ngarêp manèh | lah măngsa wurunga dadya | kurban mring dewaningwang | pangeran sigra pinikut | kang tutuk jinêjêl wastra ||

16. mrih datan bangkit anjêlih | nulya sinungkên mring

--- 77 ---

kondhang | ya ta praptèng antarane | gagat bangun sigra mangkat | Behram sakancanira | mring wismaning kaki pikun | nguni kang karya paeka ||

17. nyimpang mêdal margi alit | datan kauningan janma | ya ta wus praptèng wismane | kaki tuwa kawan dasa | kang ngadhêpi dahana | sanalika sang abagus | pinarnah unggyane lama ||

18. Behram wus sajarwa jati | marang ki juru misaya | lampahanya sadayane | ing purwa madya wasana | dènira kêtiwasan | wêkasan palwa binêskub | saisine mring sri kênya ||

19. ki tuwa wus marentahi | marang karo sutanira | Bostane lawan Kapame | anggitiki sang pangeran | lir kang wus kalampahan | kawarnaa sang binagus | tambah mohitèng wardaya ||

20. tansah udrasa mèngêti | laksitaning kang sarira | katula-tula têmahe | tan dangu antaranira | sang pangeran uninga | Bostane amawa gêbug | kalawan roti sajuga ||

21. miwah tirta munggwing guci | kalangkung marasing driya | datan sarănta Bostane | anggitiki pungkurannya |

--- 78 ---

Sang Asad akaruna | sêsambat amêlasayun | yayah mas kentar ing tirta ||

15. Maskumambang

1. suka lila kewala milalu lalis | timbang ngantak-antak | wasana ngandika aris | dhuh wong ayu kang jatmika ||

2. aywa tanggung patènana bae mami | wasisan sidakna | tan măngga sesa sayêkti | urip dêdawa sangsaya ||

3. dhuh kakang mas Amjad ulun ngrumiyini | anêmah palastra | kantuna wibawa mukti | Bostane dupi miyarsa ||

4. kathah-kathah sêsambatira sang pêkik | trênyuhing tyasira | tumuwuh wêlas marma sih | têmah tumuntur karuna ||

5. sigra nyandhak wastra sinasabkên aglis | pungkuranya pangran | sarwi aturira aris | dhuh tuwan kang kawlasarsa ||

6. kula nyuwun pangapuntên ta sang sigit | gèn kula milara | ingkang sampun-sampun nguni | miwah kang nêmbe punika ||

7. anggèn kula dados purun amisakit | saking jrih mopoa | parentahing bapa yêkti | nandukkên [nandu...]

--- 79 ---

[...kkên] paekandaya ||

8. pun baparda gêthing mring băngsa Islami | marmanta paduka | siniya-siya kapati | têmah arsa dadya kurban ||

9. salaminya sabên wêkasaning warsi | praptanirèng măngsa | tumanggap santuning warsi | băngsa kula samya kurban ||

10. mring sagantên biru lan mring gunung gêni | janmèslam satunggal | sarana dipun pêjahi | kangge mêmulyèng dewanya ||

11. ing samangke kula pratiknya sayêkti | tan yun dur laksana | duraka maring Hyang Widhi | ulun cêgah salaminya ||

12. datan ketang sinartu wong tuwa sami | tuwan sêksènana | wit sajatosipun inggih | batin kula sampun Islam ||

13. sampun lami gèn kula pruwita maring | rencang têtumbasan | dhêdhêmitan langkung wêrit | lampahing agami Islam ||

14. mila dahat pangajap-ajap ing batin | tuwan mugi karsa | nglajêngakên paring wangsit | wasitèng agami tuwan ||

15. miwah mugi pinarêngna dening Widhi | aparing jalaran [jalara...]

--- 80 ---

[...n] | kula sagêd angluwari | ing papa cintraka tuwan ||

16. Sang Pangeran Asad dupi amiyar |[13] Bostane pratignya | malik tekade prêmati | ngantêpi agami Islam ||

17. miwah arsa angêntas saking bilai | rajaputra dahat | suka sukur ing Hyang Widhi | wasana alon ngandika ||

18. dhuh Bostane bangêt panarima mami | mring pitulungira | lan bangêt sukuring ati | dènta amalik agama ||

19. muga-muga linulusna dening Widhi | sêdyanta utama | têmên tumanêm ing ati | nêtêpi agama mulya ||

20. ywa sandeya têmbe yèn padha basuki | suka sun mulanga | ing agama kang utami | măngka pikukuhing gêsang ||

21. pangran sigra ngruwi aluring lêluri | kalairanira | miwah ingkang asêsiwi | sumawana laksitanya ||

22. dera tansah katula-tula katali | mula bukanira | tinutur sadaya titi | têkèng pisahe lan raka ||

--- 81 ---

23. duk miyarsa Bostane angrêsing ati | saya wêlasira | myang piduwunge tan sipi | dènnya nguni amilara ||

24. Sang Pangeran Asad angandika malih | Bostane wruhanta | mung kari sak nil kang dadi | sandeyane tyas manira ||

25. kadangira Si Kapame yakti misih | sabên dina prapta | milara mring awak mami | kaya ngadat sabênira ||

26. lah ta iku borong pitulungta yêkti | Bostane turira | sampun sumêlang ing galih | kula ingkang atanggêla ||

27. botên-botênipun Kapame mariki | pangran duk miyarsa | dahat asrêping panggalih | ya ta Bostane wisata ||

28. dyan manggihi Kapame kapurih mari | yya maning nangsaya | mring pangran wosing wigati | wus winêcakkên sadaya ||

29. kacarita Bostane ing sabên ari | kapanggih sang pangran | myang sêsuba sarwa bukti | ngacu ngincih woding srêdha ||

16. Pocung

1. rajasunu kamantyan astamèng kalbu [ka...]

--- 82 ---

[...lbu] | dènnya datan nyana | Bostane dahat gumati | nahan nuju juga ri Bostane prapta ||

2. sêdyanipun karya sukanya sang bagus | amawa punjungan | dhêdhaharan warni-warni | anggur adi lah-olahan myang wowohan ||

3. ya ta wau ing antara sampat sampun | dènira anata | anulya sami binukti | Kèn Bostane sakalihan sang pangeran ||

4. suka nutug lir punagi kalihipun | dangu arêrasan | Bostane turira aris | dhuh pangeran dipun sukur mring Hyang Suksma ||

5. kula matur saèstunipun sang bagus | sarira paduka | kados mèh tumraptèng wanci | luwar saking bêbaya papa sangsara ||

6. jatosipun kang jumênêng patih anung | ing ngriki punika | inggih rakanta pribadi | Sang Pangeran Amjad kang ambêk utama ||

7. dadosipun patih antawis sataun | sarêng lan praptanta | ing ngriki ingkang rumiyin | nanging raka paduka datan uninga ||

8. sababipun sing rêmit pangrimatipun | nèng ngriki [ngri...]

--- 83 ---

[...ki] punika | marma sarèhning samangkin | kula sampun rumasuk agami tuwan ||

9. marma ayun tulung dhatêng padukèstu | angaturi wikan | mring rakanta jêng dipati | kang saèstu tuwan lajêng tinimbalan ||

10. têmahipun luwar saking bêbaya gung | pangran duk miyarsa | sakala trênyuh ing galih | karêrantan ketang trêsnanirèng raka ||

11. suka sukur karsanirèng Hyang Maha Gung | dene ingkang raka | antuk kamulyaning dhiri | dadya patih wisesa ing Gêniradya ||

12. ya ta wau sang pangran angandika rum | dhuh Bostane sira | nyata sih mring kawlasasih | pitulungta yêkti dahat sun tarima ||

13. tan wun besuk sirantuk wêwalês tuhu | timbanging darmanta | dene ta sêdyanta mangkin | atur wikan kakang mas Pangeran Asjad[14] ||

14. iku ingsun mangayubagya kalangkung | ya ta sanalika | Bostane mêdal mring jawi | praptèng kori Bostane kagyat tumingal ||

15. ting garubyug para janma priya wadu | ing antara

--- 84 ---

nulya | kawistara sang apatih | nitih kuda kering pra punggawèng praja ||

16. kang nèng ngayun wadya nabuh bêndhe ngungkung | têngarondhang-undhang | ngumandhang swaranya bêning | wurinira gya jajaran upacara ||

17. kèndêlipun bêndhe sinêlan swara sru | mangkana têmbungnya | patih wisesa nagari | kang saiki katon padha ananira ||

18. amangruruh kadangnya taruna bagus | kang pinudyèng krama | Pangeran Asad kinasih | kang nityasa gumantil poking wardaya ||

19. murcèng dangu ing antara wus sataun | singa kang kanggonan | myang matur dununge yêkti | tinarima agung gêganjaranira ||

20. dene lamun ana kang ngumpêtkên iku | măngka kawênangan | saking karsaning sang patih | pinatrapan pidana lawan kinisas ||

21. miwah sagung kulawarganya sadarum | nguni wèh wismanya | rinabasa bosah-basih | lan jinarah kabèh saisining wisma ||

22. duk angrungu Bostane ing undhang wau | gya nginêb [ngi...]

--- 85 ---

[...nêb] wiwara | kamantyan sukaning ati | gupuh-gupuh kapanggih Pangeran Asad ||

23. alon matur bagya kamahyangan tuhu | ri punika tuwan | aluwar saking bilai | dhuh suwawi tuwan tut wuriyèng kula ||

24. pangran laju tumuntur salampahipun | Bostane samana | praptèng margi agêng nuli | nguwuh sora lah punika priyantunnya ||

25. kang rinuruh dening risang mantri anung | dyan nolih Sang Amjad | datan pangling mring kang rayi | Pangran Asad malajêngi mring kang raka ||

26. gya rinangkul dangu apêluk-pinêluk | samya trênyuhing tyas | amular kadya pawèstri | tan kawarna dènnya onêng-ingonêngan ||

27. ya ta wau Bostane nusul lumayu | nututi sang pangran | dyan matur sajarwa jati | Pangran Amjad dahat sukur anarima ||

28. duk puniku trus kondur marêk sang prabu | ya ta Pangran Amjad | umatur saha wotsari | purwa madya wasana katur sadaya ||

29. sang aprabu wêlas dènira andulu | mring Pangeran

--- 86 ---

Asad | tinon kêra gagang aking | labêt saking lami anandhang sangsara ||

30. sang sri dhawuh ngirit Bostane malêbu | sinêngkêr jro pura | têmbe ana karsa aji | wataranya sang sri akarya sarkara ||

17. Dhandhanggula

1. karsanya Sang Dahana Raja Ji | Sang Pangeran Asad winisudha | kinarya pêpatih mangke | măngka sisihanipun | Sang Pangeran Amjad Dipati | kabyawara warata | sri nata gya nuduh | ngrurah wismane ki tuwa | tuwin Behram sakulawarganya sami | kinèn nyêpêng sadaya ||

2. Pangran Amjad sandika wotsari | sigra matah sajugèng punggawa | kalawan saandhahane | mangkat sing ngarsa prabu | tan winarna pan sampun prapti | wismanira ki tuwa | sakala ginêmpur | jinarah saisinira | de kang darbe wisma wus pinikut sami | katur byantarèng nata ||

3. sigra dhawuh kinèn anêlasi | kinêthoka gulune sadaya | ya ta pra janma sakèhe | parêng nangis umatur | dhuh pukulun sang misudhèng sih | amba tadhah dêduka | samya kamipurun | anyuwun ing

--- 87 ---

aksamendra | sampun kapok datan anglampahi malih | ing rèh karya sangsara ||

4. sri narendra angandika aris | ingsun iya bakal angapura | kaluputanira kabèh | nanging yèn sira tuhu | aprasêtya anrus ing batin | amalika agama | Islam kang satuhu | kalamun datan mangkana | ingsun nora aparing apura pasthi | sira samya kinisas ||

5. pra lêlaran sarêng tur astuti | têmên amba prasêtya upata | ngèstokkên dhawuh pamase | ulun mangsul umangsuk | ing agami Islam utami | sri nata dyan dhêdhawah | angluwari sampun | dene Kèn Kapame mangkya | kinèn tunggil kadangnya anèng jro puri | kacarita Ki Behram ||

6. mêne sampun têtêp angantêpi | amangrasuk kang agami Islam | Pangran Amjad tumrah sihe | Behram winisudha wus | dadya abdi punggawa aji | myang pinaringan wisma | cakêt dalêmipun | măngka ili-ilinira | palwa ingkang sampun binêskub ing nguni | dening sang prabu rara ||

7. wau Behram sru arsayèng ati | samantarantuk [samantarantu...]

--- 88 ---

[...k] warta sanyata | pangran kalih lêlakone | marma gya marêk gupuh | mring sang pangran matur wotsari | pukulun koningana | wontên pawartèstu | rama paduka sri nata | prajèng Kajêngarêng sampun antuk warti | têtelaning laksita ||

8. jêng paduka sakalihan sami | botên pisan nawung kalêpatan | sang sri têmah rêntêng tyase | sakalangkung miduhung | marma lamun sambadèng kapti | paduka asowana | ramanta sinuhun | Sang Prabu Kamaral Saman | jêr kamantyan onêng mring paduka gusti | ya ta pangran duk myarsa ||

9. sakalihan nênggak waspa kèksi | ing wasana manayogyèng karsa | ing Kao Behram ature | dyan kadwi sang binagus | marêk Sang Sri Dahana Aji | sapraptaning ngarsendra | wotsari umatur | pukulun lamun kalilan | ulun nyuwun pamit badhe amartuwi | mring Kajêngarêng praja ||

10. ya ta sang sri kaparêng ing galih | nging winêling tumuli balia | kunêng wau sadangune | sang sri imbalan wuwus | lan pangeran patih kêkalih | kasaru gègèrira | jawi kitha umyung | mangkana ana punggawa | marêk [ma...]

--- 89 ---

[...rêk] maring byantarendra mangênjali | matur atur uninga ||

11. lamun jawi kitha wontên baris | langkung agêng ulun tan uninga | ing sangkan miwah sêdyane | sang prabu langkung gugup | Pangran Amjad matur mastuti | pukulun kalilana | patikbra umagut | mariksa kang parangmuka | tanpa krama murang tataning narpati | têka tanpa cêcala ||

12. sang sri dahat kapadudyèng galih | Pangran Amjad manêmbah gya mangkat | kering para punggawane | datan kawarnèng ênu | praptèng jawi kitha ningali | dêdamêl ingkang prapta | kawistarèng sêmu | ayêm tan karya sangsaya | sang pangeran marpêki sigra apanggih | lan pramukyaning wadya ||

13. sinambramèng pambagya rum manis | Risang Amjad wus sinungan wikan | sri kênya kang prapta mangke | Sang Amjad nulya laju | marêk ngarsèng sri nata dèwi | alon matur anêmbah | dhuh sang ratu ayu | mênggah rawuh padukendra | saha wadya punapa sêdya arjanti | myang ngajap datan arja ||

14. yèn lumurug sêdya andon jurit | yêkti mawa pêpucuk prakara | mrih samapta wigatine | prabu rara nabda rum | wruhanira praptèng sun iki | tan arsa [ar...]

--- 90 ---

[...sa] mêmungsuhan | mung sêdya rahayu | lawan sèwu andupara | yèn ing Gêniradya lan Marjan nagari | têmah dadi brawala ||

15. sajatine ingsun angupadi | batur tukon kang aran Si Asad | iku ginawa marene | dening lêlurahipun | wong kang samya mangeran gêni | yèn kang aran Si Behram | druhaka kalangkung | yèn ratunira miyarsa | kang jêjuluk Marjane natèstri yêkti | suka sung pitulungan ||

16. sang pangeran nêmbah matur aris | dhuh pukulun kang nama pun Asad | kadang amba nèm jatine | kawula ingkang sêpuh | wasta ulun pun Amjad gusti | minăngka warăngkendra | ing Gêniradyèstu | nguni pun Asad apisah | lawan ulun ing mangke sampun anunggil | wondene karsa tuwan ||

17. mundhut dhatêng pun Asad sayêkti | amba ingkang ngaturkên priyăngga | sumăngga ing karsa mangke | nulya sang ratu ayu | sigra manjing pura apanggih | lan Sri Dahana Raja | pinahargya mungguh | myang sinambramèng pambagya | prabu kênya gantya nambrama basuki | dyan sri rara duk miyat ||

--- 91 ---

18. Pangran Asad umarêk nèng ngarsi | datan pangling gya sinung pambagya | myang madhakkên ing onênge | samangkya wus kapangguh | dahat suka sukur ing Widhi | ya ta Pangeran Asad | wotsari tumungkul | sadangunya imbal sabda | Sri Dahana Raja tampi atur malih | wontên dêdamêl prapta ||

19. ananging ta mêdal sanès margi | langkung agêng lan kang sampun prapta | sri pamasa kagyat tyase | de ta baris kang rawuh | angungkuli ingkang kariyin | kawistarèng paningal | mulêking balêdug | amêtêngi dirgantara | sang sri nabda Amjad kayaparan iki | ana gêgaman prapta ||

20. Pangran Amjad wus waspadèng wadi | sigra lèngsèr saking byantarendra | praptèng jawi age-age | numpak kuda umamprung | ing antara sampun kapanggih | pramudyèng wrahatbala | dyan ingirit sampun | ngarsendra kang nêmbe prapta | sang pangeran tur sêmbah anilakrami | miwah rosing parasdya ||

21. sang aprabu angadika aris | ingsun iki narendra ing Cina | kang kontap agung prajane | jêjuluk Sri Gahiyur | praptaningsun kene ngulati | putraningsun [putra...]

--- 92 ---

[...ningsun] wanita | citranya lêluhung | Dyah Badhur panêngranira | pan wus lawas sun dhaupkên lan sang pêkik | Pangran Kamaral Saman ||

22. atmajendra Kaledhan nagari | kang jêjuluk Sang Prabu Sahsaman | wus lawas ing antarane | têtinjo ramanipun | mring Kaledhan wêkasan mangkin | wus pirang-pirang warsa | mantu myang putrèngsun | datan ana wartanira | iku lamun ratunta bisa nulungi | sung warta mring manira ||

23. yêkti dahat panarima mami | sang pangeran dupi amiyarsa | Sri Gahiyur ing sabdane | manahira kumênyut | wus têtela yèn sri bupati | punika eyangira | kang rama Dyah Badhur | marmata sang pangran gita | ngraup pada mring eyang Gahiyur Sang Sri | kanthi anênggak waspada |[15]|

18. Kinanthi

1. tata titih aturipun | dhuh pukulun jêng dewaji | mugi tinêbih nèng duka | anggèn ulun kumawani | tumrêcêp angaras pada | kawula nyuwun aksami ||

2. kauningana pukulun | ing sajatosipun inggih | paduka eyang kawula | amargi amba puniki [pu...]

--- 93 ---

[...niki] | atmajèng Kamaral Saman | kang samangkya madêg aji ||

3. nèng Kajêngarêng praja gung | jêjulukirèng rama ji | Sang Prabu Kamaral Saman | kawula patutan saking | Rêtna Badhur putri Cina | wondene jêng rama aji ||

4. miwah ibu narpawadu | sayêkti misih basuki | angrênggani purantara | ing Kajêngarêng praja di | wau ta Sri Natèng Cina | sru suka sokur ing galih ||

5. kang wayah tansah pinêluk | wêkasan têtanya aris | kulup paran darunanya | de sira nèng liyan nagri | rajaputra sigra ngandhar | laksitanira lan rayi ||

6. purwa puwara wus katur | narendra ngandika malih | aywa sandeya tyasira | ingsun kang ngulihkên benjing | sira lawan arinira | mring Kayuarêng praja di ||

7. samêngko sun arsa dulu | warnane arinta kaki | Pangran Amjad nêmbah mêsat | saking ngarsèng eyang aji | ya ta praptane jro pura | matur maring sri bupati ||

8. praptane kang eyang wau | miwiti malah mêkasi | sri nata ngungun ing driya | dene Rajèng Cina nagri | langkung gêng karatonira | kongsi mimba sing nagari [na...]

--- 94 ---

[...gari] ||

9. angupaya putranipun | natarsa mêthuk pribadi | kasaru gêdêring warta | nèng baris gêng maning prapti | saking ing liyan nagara | Pangeran Amjad tinuding ||

10. amariksa baris wau | dyan mangkat ngondhang kang rayi | yeka Sang Pangeran Asad | sami wahana turanggi | sapraptaning pabarisan | kawistara ingkang prapti ||

11. wadyabalanya sang prabu | ing Kajêngarêng praja di | Narendra Karamal[16] Saman | samana kontaping warti | sang sri sêkêl ing wardaya | wit sedaning putra kalih ||

12. kang jatinya datan luput | têmah piduhung kapati | dupi Jandar tur pasaja | miwiti malah mêkasi | sang prabu mêne umentar | ngupaya mring lèn nagari ||

13. ya ta pangran kalih wau | duk mulat rama sang aji | malajêng nungkêmi pada | sarwi lara-lara nangis | sang sri tumutur udrasa | karantan trênyuh ing galih ||

14. samantara lajêng lipur | sigra sang narpatma kalih | wotsari matur ing rama | ing dintên punika ugi | jêng eyang Sri Natèng Cina | rawuh ing nagari ngriki ||

--- 95 ---

15. Sri Kajêngarêng sukèstu | nulya yun kerid mring puri | sajrone lagya lumampah | katon nèng gêgaman prapti | narpaputra sakalihan | mit mêsat amariksani ||

16. sanalika prapta sampun | prênahing baris wus panggih | lan patih manggalèng lampah | dyan bagya-binagya sami | sang rajaputra gya tanya | ing sangkan myang kang kinapti ||

17. patih tamu alon muwus | ratu kula ingkang prapti | jêjuluk Prabu Sahsaman | Maharjèng Kaledhan nagri | angupaya ingkang putra | Kamaral Saman wêwangi ||

18. wus lami sang rajasunu | lolos saking ing nagari | ing nguni sri naranata | nyipta yèn putra wus lalis | nulya tuk warta têtela | sang pangran maksih basuki ||

19. marma yèn wontên kang atur | pitêdah sajarwa jati | dahat panarimèng nata | Pangran Amjad anauri | antinên mangkya sakêdhap | kulama angsung pawarti ||

20. sang pangran kalih gya wangsul | tundhuk mring rama sang aji | matur sarèhing pamriksa | ing purwa madya mêkasi | ingkang rama duk miyarsa | kamantyan trênyuhing galih ||

--- 96 ---

21. ketang laksitaning dangu | dènira nis tanpa pamit | ya ta Sri Kamaral Saman | marêk kang rama sang aji | prapta sigra ngaras pada | kang rama anyêndhu ririh ||

22. de tan kogêl tyas ta kulup | lolos atinggal nagari | karya susahing wong tuwa | prabu putra tur mastuti | pukulun nyuwun aksama | wit saking sêkêling kapti ||

23. tan winarna dangunipun | kang onêng-onêngan sami | rama putra miwah wayah | ya ta winursita mangkin | narendra katiga samya | katuran tumamèng puri ||

24. wus prapta jroning kadhatun | karênan samya pêpanggih | Sang Prabu Dahana Raja | anggung noraga mikat sih | tansah sêsuba baksana | myang lêlangên amêpêki ||

25. ing sajuga ari nuju | karsaning para narpati | amiwaha dhaupira | ing Marjan Sri Nata Dèwi | antuk lan Pangeran Asad | de Pangeran Amjad mangkin ||

26. dhaup lan Bostane iku | minăngka ganjaran yêkti | dènnya tulung mring Sang Asad | ya ta pirang-pirang

--- 97 ---

ratri | dènnya ambogandrawina | pra nata kasukan ngênting ||

27. samantara karsa Prabu | Dahana Raja ing mangkin | rèhning datan darbyatmaja | sumèlèh kaprabon maring | sira sang Pangeran Amjad | ingèstrèn para narpati ||

28. praptèng pêndhak arinipun | narendra sakawan sami | bidhal kondur sowang-sowang | sawadya tan ana kari | kacarita prabu kênya | sapraptanirèng nagari ||

29. sumèlèh kaprabonipun | mring kang garwa narpasiwi | sang anung Pangeran Asad | misesa sèsining nagri | pra pratiwendra sapraja | mangayubagya arjanti ||

30. datatita kang cinatur | ing Gêniradya nagari | jumênêngnya Prabu Amjad | tansah dènira marsudi | wong kang anêmbah dahana | pinardi malik agami ||

31. agama Islam linuhung | ya wus kalaksanan sami | wêkasan kontaping warta | Sri Amjad dibya di murti | wignya mèt tyasing kawula | kawulat sru sumungku sih ||

--- 98 ---

32. Sri Amjad sêm ngimpun kawruh | juming sêja angantêpi | ing rèh manggalaning praja | dadya sêkaring palupi | lêpihan kinêpèng wuntat | sung pisuka tyasing dasih ||

33. titi pangripta pinutus | pinantês patraping ruwi | winangun têngran Sri Wirya | tarlèn èsthining tyas mugi | sanggyèng sang sêngsêm nupiksa | angsunga gênging aksami ||

 


Tanggal: ajar mrês murtining budi (AJ 1827). Tahun AJ 1827 jatuh antara tanggal Masehi: 2 Juni 1897 sampai dengan 21 Mei 1898. (kembali)
Kurang satu suku kata: upama kang brêmara. (kembali)
sayêktine. (kembali)
Dalam teks asli bait 10 sama dengan bait 7. (kembali)
Dalam teks asli bait 11 sama dengan bait 8. (kembali)
Kurang satu suku kata: kang sarwa miraos. (kembali)
parêk. (kembali)
kula. (kembali)
Kurang satu suku kata: wadya paunjêman prapti. (kembali)
10 mêjahi. (kembali)
11 Biasanya guru lagu a: wasana. (kembali)
12 matur. (kembali)
13 Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu i: Sang Pangeran Asad dupi amiyarsi. (kembali)
14 Amjad. (kembali)
15 Lebih satu suku kata: kanthi anênggak waspa. (kembali)
16 Kamaral. (kembali)