Radèn Kamandaka, Balai Pustaka, 1931, #130

JudulCitra

Serie No. 955 f 0.30

Radèn Kamandaka

Jilid I

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm.

--- 1 : [1] ---

Serie No. 955

Radèn Kamandaka

Jilid I

Bale Pustaka – 1931 - Batawi Sèntrêm.

--- 1 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut bab 11 ing anggêr ingkang kapacak ing sêtat sêblad 1912 No. 600.

--- 1 : [3] ---

I. Radèn Banyak Catra Tinantun Krama.[1]

1. Asmaradana[2]

1. duk kala pinurwèng tulis | wanci tabuh kalih siyang | ari Rêspati Painge | tanggal salikur Ramêlan | warsa Dal kang lumampah | ăngka sèwu wolung atus | tiga likur langkungira ||

2. sangkala wulan Walandi | ing wolu likur tanggalnya | etang wulan ing Marête | sèwu wolung atus warsa | sangang dasa sakawan | mangka sinawung ing kidung | sinêkar Asmarandana ||

3. ingkang pinurwa ing kawi | narendra ing Pajajaran | Silihwangi bisikane | ratu agung tanpa sama | tur adil paramarta | wadyabala asih lulut | pan suka sugih wong desa ||

4. pan nêgara loh jinawi | murah sandhang lawan pangan | tulus kang tinandur kabèh | kinajrihan parangmuka | tan ana jalma corah | cinarita sang aprabu | adarbe putra sakawan ||

5. têtiga kang priya sami | wuragil èstri sajuga | ana dene pêmbayune | nama Radèn Banyak Catra | putra ingkang panênggak | Rahadèn Banyak Bêlabur | sumêndhi Dyan Banyak Ngampar ||

6. wuragilipun pawèstri | anama [a...]

--- 1 : 4 ---

[...nama] Rêtna Pamêkas | ingkang ginadhang gumantos | panjênênganing kang rama | nênggih Dyan Banyak Catra | dhasar warnanya abagus | sêdhêng dêdêge pidêksa ||

7. salira gilig aramping | cahya lir sasi purnama | datan ana kang winaon | amupugi ing aguna | wasis ulah graita | lantip prasaja ing têmbung | ing sastra sampun utama ||

8. dadya kondhanging pawèstri | para kênya ngêla-êla | kathah kang nandhang wirangrong | mulat Radèn Banyak Catra | warna lir Kamajaya | ya ta warnanên sang prabu | enjing miyos siniwaka ||

9. pêpak sagung pra bupati | mantri lurah ulubalang | kang munggèng ngarsa sang katong | kyana patih asewaka | jajar lan para putra | angandika sang aprabu | Banyak Catra putraningwang ||

10. karsaningsun mring sirèki | sarèhne ingsun wus măngsa | sêdhêng asèlèh kaprabon | ananging karsa manira | dhingin sira kramaa | sun kapengin momong putu | manira arsa bagawan ||

11. sira amiliha kaki | wanodya ing Pajajaran | ing sasênêngira dhewe | Dyan Banyak Catra tur sêmbah | inggih sumanggèng karsa | ananging panuwun ulun | akrama lamun manggiha ||

12. wanodya ingkang sarupi | kados pun ibu punika | sabarang tingkah polahe | kawula inggih sandika | nglampahi kang timbalan | ing siyang kalawan dalu | kawula dhatêng sumăngga ||

13. kalamun dèrèng amanggih | amba datan arsa krama | sang nata ngandika alon [a...]

--- 1 : 5 ---

[...lon] | ingkang kaya ujarira | măngsa silih nêmua | ana uga èmpêripun | kalamun ana wong kêmbar ||

14. sanadyan kêmbara ugi | pêsthi ana sulayanya | rahadèn umatur alon | inggih botên badhe krama | kalamun tan manggiha | anungku-nungkua windu | kawula suka gagara ||

15. kang rama kèndêl tan angling | dangu-dangu angandika | yèn mangkono karsaningong | sira miliha pribadya | ngulatana wanodya | ing sasênêngira besuk | wanodya ingkang saemba ||

16. kalawan ibunirèki | sira enggala muliha | sira tur uninga mring ngong | manira ingkang mundhuta | marang kang darbe yoga | rahadèn tur sêmbah mundur | mêdal sajawining pura ||

17. sawêdale saking puri | nênggih sang raja pinutra | tanpa rewang amung dhewe | amung pinaringan jimat | rupa tampêk wasiyat | saking ingkang eyang buyut | Mahaprabu Anggalarang ||

18. lêpas lampahe sang pêkik | datan kawarna ing marga | kunêng gantya winiraos | ing dhusun arga Tungkêban | cinatur wontên ajar | anênggih jêjulukipun | Ajar Mirangrong namanya ||

19. gêntur kasutapanèki | katrima marang ing dewa | sidik mandi saciptane | ngandika mring endhangira | sun arsa kadhayohan | pan iya putraning Ratu | Silihwangi Pajajaran ||

20. ing sadina iki prapti | lagi ana ing dêdalan | sira cawisa dèn age | dhaharan ingkang prayoga | cantrik manguyu [mangu...]

--- 1 : 6 ---

[...yu] sira | padha rarêsika iku | ing madrasah ta dèn enggal ||

21. cantrik sadaya sumriwis | samya bêkta sapu sada | ana lêlembeyan bae | ana anggawa kêlasa | ginêlar ing madrasah | gantia ingkang winuwus | Dyan Banyak Catra lampahnya ||

22. anênggih pan sampun lami | ananging tan amanggiha | wanodya mirib warnane | kang ibu ing Pajajaran | langkung dahat rahadyan | mangkana osiking kalbu | paran baya awak ingwang ||

23. kalamun datan amanggih | wanodya ingkang sarupa | angur matia wak ingong | kèndêl sakala mêmuja | nênuwun marang dewa | katrima panêdhanipun | osiking driya mangkana ||

24. pan ingsun angrungu warti | ing desa gunung Tungkêban | yèn ana pandhita kaot | sidik têrus tingalira | barang cinipta dadya | kaya bisa apituduh | atêtulung marang ingwang ||

25. osiking tyas gya lumaris | arsa manggihi ki ajar | kunêng wau winiraos | cantrik kang samya gagêlar | kasêsa lampahira | Dyan Banyak Catra kang rawuh | ki ajar gya mêthuk enggal ||

26. rahadèn ngaturan linggih | sasampunira alênggah | ki ajar alon wuwuse | anggèr teja sulaksana | pun kaki nêmbe panggya | tigas kawuryan katèngsun | lan sintên ingkang sinambat ||

27. ingkang sinêdya ing pundi | pun kaki tambêt kalintang | rahadèn alon dêlinge | inggih sumăngga paduka | tuwan kirang punapa | ki ajar alon amuwus | dhuh anggèr putu

--- 1 : 7 ---

kawula ||

28. mèsêm têmbungira manis | lamun anggèr datan arsa | mêdharakên ing karsane | yêkti mangke sun wêwarta | kang dados karsanira | apa baya asilipun | umarêk ing sang pandhita ||

29. basa pandhitèku inggil | basa ta iku akathah | dadi pandhita têgêse | ngungkuli sasaminira | graita lan wêweka | yèn tan bisa apitutur | marang karsaning sujalma ||

30. dados anggèr tanpa kardi | dènira mêmuja brăngta | manêkung siyang ratrine | adhêdhepok anèng arga | tan etang mati raga | anyuku-nyukua windu | ngulati êninging driya ||

31. dene radèn karsanèki | măngsa ta silih lêpata | ananging dipun arèrèh | kados têbah sulayanya | kalayan kayêktosan | mas putu putraning ratu | Silihwangi Pajajaran ||

32. dene jêjuluking nami | nênggih Radèn Banyak Catra | putra ingkang sêpuh dhewe | kesahe tinari krama | dhumatêng sri narendra | marmanta kawêlasayun | minggah mring ardi Tungkêban ||

33. lampah paduka ngulati | wanodya ingkang sarupa | lan ibu andika radèn | nanging ujare kang nyêtha | tanah ing Pajajaran | sanajan ing tanah Galuh | putu datan pinanggiha ||

34. pan dede tanah ing ngriki | wanodya ingkang sarupa | lawan ibu padukanggèr | saking ngriki prênah wetan | inggih tanah têngahan | aran nagri Pasir Luhur | ing ngriku panggenanira ||

35. putrane Dipati [Dipa...]

--- 1 : 8 ---

[...ti] Pasir | salawe ingkang wanodya | nanging kang wuragil dhewe | kang sami lan ibu dika | tan ana kang sulaya | anênggih sang rêtna bungsu | nama Dèwi Ciptarasa ||

36. rahadèn matur wotsari | nuwun pamit mring ki ajar | ki ajar alon wuwuse | inggih sumăngga ing karsa | kawula jurung donga | nyandhunga cêpaka swakul | kathaha kawêlasarsa ||

37. sigra mêdal sang apêkik | saking wismane ki ajar | andarung ngetan lampahe | tan liya ciptèng wardaya | amung pitêdahira | Ajar Mirangrong satuhu | lampahe kawêlasarsa ||

38. pan siyang dalu lumaris | lampahe rahadèn putra | tan mawi rencang sawiyos | langkung denya kawlasarsa | pan iya wus alama | rahadèn anèng dêlanggung | lampahe akudhangdhangan ||

__________

II. Radèn Banyak Catra Kapupu dhatêng Kyai Patih ing Pasir Luhur.

2. Dhandhanggula

1. ya ta wau lampahe sang pêkik | sampun prapta ing Pasir nagara | mring kapatihan jujuge | pan sampun canthèl atur | mring lêlurah kang para abdi | kinèn anglarapêna | ingaturkên sampun | gya tinimbalan ing ngarsa | Radèn Banyak Catra namanya wus salin | mangkya ran Kamandaka ||

2. atur sêmbah radèn wus nèng ngarsi | lon ngandika Patih

--- 1 : 9 ---

Rêksanata | kêtambuhan ngong yêktine | ing ngêndi pinangkamu | lawan sapa ingkang wêwangi | ingsun tigas kawuryan | lan apa sêdyamu | rahadèn matur manêmbah | amba tiyang ardi Tungkêban ran mami | inggih pun Kamandaka ||

3. marma ulun marêk mring ki patih | wit rumaos sangêt tarwilunya | mudha punggung sayêktine | ênir saliring kawruh | datan măntra-măntra praja di | lamine anèng arga | pêsthi cubluk wêlu | datan wontên sung pitêdah | yèn marêngi karsa paduka ing mangkin | ambêbadhe suwita ||

4. sapitêdah paduka nglampahi | asal ugi karsa ngabdèkêna | ing jasad dahat langipe | ki patih duk angrungu | sakalangkung wêlas ningali | samana wus tinampan | pasuwitanipun | ingambil atmaja pisan | dene bagus ing pasang graita bangkit | putus rèh parikrama ||

5. pan cinêkak ing kăndha wus lami | Kamandaka anèng kapatihan | ingaku putrane dhewe | kathah kang ora wêruh | lamun putra angkat sayêkti | ingugung sakarsanya | sihe wuwuh-wuwuh | jinurung marang ing dewa | lawan antuk sawab brêkahe sang yogi | ajar arga Tungkêban ||

6. langkung dènnya kacaryan ki patih | marang sira Radèn Kamandaka | apan kathah pêparinge | busana wastra dhuwung | lan paningsêt dhêsthar kulambi | pangangge sarwa endah | dhasare abagus | karêngga dening busana | Kamandaka lir Kamajaya sayêkti | kathah èstri kasmaran ||

---10 ---

7. dyan warnanên Sang Dipati Pasir | Kandhadaha[3] karsa ngambil mina | kidul nagara kêdhunge | dhawuhkên undhang sampun | sakathahe prameya mantri | ing Bongas Cukangakar | Bonjok Kalirajut | miwah kang para punggawa | umbul lurah dêmang lawan para mantri | samya dandan bêndungan ||

8. kêrig lampit kang punggawa mantri | ingkang samya pinatah ing karya | têngara gong bèri bêndhe | umyang lor lawan kidul | tanpa rungyan sauran atri | wadya lit dhinawuhan | pakaryan sinambut | myang prajurit upacara | asiyaga badhene andhèrèk sami | tindake sang dipatya ||

9. jêjêl jibêg jalu lawan èstri | sampun samya munggèng ing parakan | sadandan jala ancone | sawênèh dandan wuwu | cadhuk sèsèr ayab lan sirib | kang lèpèn sampun asat | ki dipati rawuh | ginarêbêg para putra | papingitan sami ngapit kanan kering | samya bêkta ampilan ||

10. samya cingak wau kang ningali | ing rawuhe gusti sang dipatya | putra salawe andhèrèk | marang sudarmanipun | ngiring-iring marang ing kali | samya busana endah | dhasar ayu-ayu | lir apsari suralaya | sang dipati samana sampun alinggih | wontên ing pasanggrahan ||

11. kucêm kabèh wau kang ningali | kyana patih sampun asewaka | munggèng palataran lèpèn | lawan sakancanipun | sakathahe para dipati | tuwin para punggawa | sewaka ing ngayun | supênuh kang wadyakuswa [wa...]

--- 1 : 11 ---

[...dyakuswa] | pan arame wong wadon gêlèthèk sami | ulat ingkang kasatan ||

12. umyang ingkang swaraning sujalmi | kyana patih sampun aparentah | tuba kinèn ngêcrubake | gya ingêcrubkên sampun | sakathahe kang para putri | sampun marêk ing platar | sami ngagêm cidhuk | wus wuru sakèhing mina | ting jalêmprah tămbra mangut mèlêm bibrih | têmpalung mara soca ||

13. ambêranang urang kongsi aking | munggèng tirah datan rinawatan | sumiyang swarèng jalma kèh | punika purwanipun | pan katêlah dalah samangkin | parak Branangsiyang[4] | arane kang kêdhung | kacaryan kang para inya | eram mulat mina ambêranang sami | nèng tirahing lêmparah ||

14. sang dipatya jumênêng nêdhaki | mring pamunuh arsa ngambil mina | putra salawe andhèrèk | kalawan garwanipun | pêpingitan samya angiring | kumêtêr awurahan | arêbut-rinêbut | pakangsal ingkang pra wadya | para putra sadaya trustha tyasnèki | samya dhèrèk ing rama ||

15. ulam umèb parêkan kang ngiring | marang gustinira rêtnaning dyah | têdhak mring pamunuhane | wontên putra kang kantun | datan tumut dhèrèk sudarmi | eca nèng pasanggrahan | nênggih putri bungsu | asinjang limar panggubah | kasêmêkan gadhung malathi sinungging | sêngkang urubing damar ||

16. sang dyah arasukan sutra wilis | ukêlira tinatrap ing sêkar | cêpaka kanthil lan rone | cahya kadi sutèngsu | piningit ing ima amanis | riyêm-riyêm sung brăngta | gănda marbuk [mar...]

--- 1 : 12 ---

[...buk] arum | Rêtna Dèwi Ciptarasa | sakalangkung kacaryan dènya ningali | anon wadya kang jala ||

17. jêjêl tembak kang para dipati | mantri kumpul para lurah-lurah | prasamya anitih gèthèk | busêkan munggèng kêdhung | liru ênggon ganti jabrugi | mina tan wontên gagal | anglungu cinadhuk | ingkang kêlêm kênèng jala | wuwu sèsèr anjo ayab lawan sirib | ing lèpèn sinilêman ||

18. dyan warnanên putrane ki patih | Kamandaka putra Pajajaran | amêndhêm kula jatine | laminira pinupu | mring ki patih wus sapta warsi | lir putra gènnya yoga | kalangkung sihipun | saparan tansah ginawa | duk samana tumut jala mring ki patih | amor para punggawa ||

19. rêspati nitih gèthèk pribadi | ngagêm clana panji-panji sutra | sasolahe nyêle dhewe | dhuwung pêndhok mas luru | ukirannya tinunggak sêmi | udhêng jingga pinrada | sondhèr sutra wungu | gambira myat mring sang rêtna | tuhu wigya panjalanira tur wasis | tan ana kang tumimbang ||

20. panjalane bêsus ngrêspatèni | tan sarênti angsalira kathah | mina kongsi mlapar gèthèk | kêbak têtêl kang kêmbu | malah tombok kêndhatan êpring | tambrane pirang-pirang | nèng kêndhatanipun | wau Rêtna Ciptarasa | eram mulat satriya pêkik tur wasis | kacaryan sang dyah mulat ||

21. langkung cêngêng sang dyah aningali | marang sira Radèn Kamandaka | kasêmêkan ting kuthèthèr | kuwuring tyas sang ayu | kandhah [ka...]

--- 1 : 13 ---

[...ndhah] sruning kang brăngta kingkin | barobah kang wardaya | angganya margiyuh | dhasar mêpêg birainya | mangke mulat satriya pelag rêspati | surêm tyase sang rêtna ||

22. angartika sang rêtna ing galih | ora pati wong iki bagusa | nanging manis wêdanane | sasolahe apatut | ingsun dhingin tinari krami | marang ing kangjêng rama | lênggana katèngsun | nora panuju ing manah | yèn nêmua wong mangkono warnanèki | baya ingsun wus krama ||

23. wong iki ta pantês dadya laki | baya sapa ingkang duwe yoga | saka ngêndi pinangkane | ngandika sang dewa yu | marang êmbanira aririh | hèh biyang takonana | satriya kang punjul | sapa ingkang darbe anak | lan ing ngêndi asale prajane dhingin | lan apa wus akrama ||

24. nyai êmban tumurun aririh | mring gènira Radèn Kamandaka | nyai êmban lon dêlinge | radèn kula ingutus | dhatêng gusti kusumèng puri | kinèn amriksanana | dhumatêng sang bagus | ing pundi ingkang pinăngka | lawan sintên ingkang sinambat ing wangi | lan punapa wus krama ||

25. Radèn Kamandaka anauri | punapa èstu yèn dèrèng priksa | gusti kula nahing anggèr | dhumatêng abdinipun | kula anakipun ki patih | kang wasta Kamandaka | kang sudi anguwuh | kawula dèrèng akrama | alit mila kula anake ki patih | botên gadhah nagara ||

26. nyai êmban nulya wangsul malih | sampun prapta ngarsanira sang dyah |

--- 1 : 14 ---

umatur saha sêmbahe | gusti kawula sampun | amariksa dhatêng sang pêkik | wasta Dyan Kamandaka | ingkang asêsunu | pun uwa rêkyana patya | dèrèng krama aturipun sang apêkik | inggih maksih wawujang ||

27. dèrèng sampun ature bok cèthi | kasaru kondur sang adipatya | sang putri nulya andhèrèk | êmbanya datan kantun | kondur dhatêng ing kênyapuri | tuwin rêkyana patya | nênggih sampun mantuk | miwah sagung pra punggawa | para mantri umbul lêlurah patinggi | wus mantuk gêgambuhan ||

3. Gambuh

1. sowang-sowang kang mantuk | kang prawira punggawa nung-anung | atanapi sagung ingkang para mantri | tuwin ki patya wus kondur | lan sawadyanira kang wong ||

2. Kamandaka tan kantun | undurira anggung rangu-rangu | sakalangkung pangungunira sang pêkik | saundurira sang bagus | datan ana ingkang katon ||

3. mung rajaputri bungsu | kaya-kaya sumandhing alungguh | ing saparipolahira pan kaèksi | anglocita jroning kalbu | nyata Ki Ajar Mirangrong ||

4. sabdane nora luput | lamun anaya ing Pasir Luhur | kang sun êprih baya iki wus kêpanggih | nora gethang warnanipun | lan kangjêng ibu kadhaton ||

5. lir kêmbar lan jêng ibu | mung kaote anèm lawan sêpuh | pan ing kene parawan maksih kumêncing | nanging warnane sang ayu | bênêr Ki Ajar Mirangrong ||

6. wêdhus bang ing wana gung | dhuh kusuma putri Pasir Luhur | yèn têmua sun kêkudang [kê...]

--- 1 : 15 ---

[...kudang] dika gusti | kalangkung brăngta sang bagus | midêr-midêr munggèng kêbon ||

7. Kamandaka mangun kung | langkung awiyang goyang tyasipun | Kamandaka ngartika sajroning galih | katon gêmuhing prêmbayun | biyada ing Pasir kaot ||

8. têka anggèndèng kalbu | biyadane wong ing Pasir Luhur | lurung-lurung amartiga otot wilis | bisa wèh rasaning kalbu | sun pupus saya karaos ||

9. de putrining wong agung | paran margane bisa katêmu | awak ingwang lah dewa sêkaring puri | pingitane jron kadhatun | tur putri kasihan kaot ||

10. balung pakèl tyas ingsun | katon mêlok kusumaning ayu | kang sun têdha manggis kuning wong alindri | aja maleca wong ayu | sidaa asih maring ngong ||

11. dhuh mirah pêpujanku | kusuma ing nagri Pasir Luhur | paribasan walunglang rineka jalmi | dêdungiking Pasir Luhur | lir wayang solahe tinon ||

__________

III. Radèn Banyak Catra Pêpanggihan kalihan Dèwi Ciptarasa.

4. Sinom

1. nêngêna Dyan Kamandaka | warnanên kang nèng jro puri | Rêtna Dèwi Ciptarasa | sakondurnya saking kali | supe dhahar lan guling | tyase lênglêng angêndhanu | amung Dyan Kamandaka | cumanthèl pulunging ati | sadangune kaya ana sumandhinga ||

--- 1 : 16 ---

2. anglocita ing wardaya | wadung pari wong abênthing | kaningaya Kamandaka | sidhêkah dipangan sugih | bisa awèh wiyadi | amêrês-mêrês jêjantung | amêmurung wong kênya | agawe lara wiyadi | ludhês kèlês awèh moyang wong wêwujang ||

3. satriya tilar nagara | dahat susahe kang ati | yèn awèta mangkenea | galêpung pangusap roti | sêsulung mêdal enjing | măngsa lipura sawindu | yèn durung liron trêsna | roning gêmpol tan apait | yèn sun gugu rasane kaya matia ||

4. jamang wakul Kamandaka | kawêngku ing jinêm wangi | kayu malang munggèng wangan | sun wota sabudinèki | roning kacang wak mami | yèn tan panggih sira nglayung | toya mijil sing wiyat | roning pisang lêsahing wit | edanira tan waras dening usada ||

5. agama băngsa Walănda | kapiran ora akrami | yèn ingsun dèrèng kapanggya | lawan anake wa patih | ora atakon malih | patine sariraningsun | jir-anjiring larangan | wong bagus ingsun sawèni | lampês irêng mugi asiha maringwang ||

6. dhusun wetan Pêkalogan | sun batang dede wong ngriki | pasang sêmune katara | ngaku anake wa patih | panduganingsun lamis | si dhongkah nora satuhu | akon-akone anak | ingsun durung amiyarsi | lamun uwa patih duwe anak lanang ||

7. dêstun supata ing ujar | yèn anak olèh mêmisil | sun duga wêdi palastra [pa...]

--- 1 : 17 ---

[...lastra] | tan wani ngrêbasèng puri | kali gêdhe ing Pasir | suka gawanên wak ingsun | saparan-paran dika | cangkaruk kang mawa gêndhis | Kamandaka dhampyang-dhampyangan lan kula ||

8. parêkanira sakawan | kang ngadhêp marang sang putri | miwah êmbane sang rêtna | Biyang Kandhêg arannèki | langkung dènnya prihatin | gustine anandhang wuyung | tansah mănca udrasa | ni êmban angarih-arih | adhuh anggèr sampun asangêt karuna ||

9. manawi anggèr kapriksa | ing ramanta sri bupati | satêmah dados dêduka | paduka anandhang brangti | kasmaran tiyang jawi | dede tiyange sang ayu | sang dyah ngandika sugal | sanadyan mantri bupati | kaya kompra iya biyang kanggo apa ||

10. sanadyan mêngko wong jaba | jêr ingsun panuju ngati | ludhês kèlês Kamandaka | kang bisa awèh wiyadi | pantês ingsun ngèngèri | biyang mantumu wong bagus | lêlancur kapatihan | wulikên praja ing Pasir | nora nêmu prakatine rong gotongan ||

11. Biyang Kandhêg awotsêkar | umatur marang sang dèwi | botên maibên kawula | jamak tiyang anèm gusti | priya rêmên ing èstri | èstri rêmên dhatêng kakung | nanging atur kawula | gusti sampun ngêtawisi | dipun sagêd anggèr anahan wigêna ||

12. sampun kawêntar ing kathah | ngandika sang rêtna dèwi | biyang bênêr ujarira | nging dèn kapakêna mami | tan bisa nahan brangti | mêngko pikir ingsun biyung | sira dhewe mêtua | marang jaba dèn adhêmit | anjujuga

--- 1 : 18 ---

mring kapatihan kewala ||

13. yèn sira ana ing marga | tinakonan mring sujalmi | dèn arêmpit sandinira | biyang olèhmu nauri | măngsa bodho sirèki | pan wong tuwa sira biyung | yèn praptèng kapatihan | poma dèn katêmu bibi | lan mantumu ludhês kèlês Kamandaka ||

14. wus têlas pitungkasira | ni êmban anulya mijil | sumêdya mring kapatihan | tan mawi rencang satunggil | ing kapatyan wus prapti | nyai êmban lampahipun | nênggih ing kapatihan | duk samana nuju sêpi | datan wontên mantri punggawa kang seba ||

15. kyana patih lagya nendra | ni êmban ingkang winarni | rangu-rangu lampahira | wontên panakawan alit | anulya dèn panggihi | dhatêng nyai êmban gupuh | takèn panggenanira | Radèn Kamandaka pundi | tinuduhkên yèn wontên kêbon pungkuran ||

16. nyai êmban tinakonan | dika nyai tiyang pundi | nyai êmban lon saurnya | kawula tiyang ing jawi | yêktine awak mami | akên-akênaning biyung | mring Radèn Kamandaka | alami botên pinanggih | langkung onêng pan arsa ngirim panganan ||

17. sampun kinèn umanjinga | ni êmban malêbêt aglis | dhatêng kêbon pêpungkuran | warnanên kang anggung brangti | Kamandaka ing nguni | anggung gandrung kapirangu | agandrung ing wardaya | arêngêng-rêngêng rêrêpi | kang sinambat mung dèwi sêkaring pura ||

18. kagèt Radèn Kamandaka | mulat nyai êmban prapti [pra...]

--- 1 : 19 ---

[...pti] | datan pangling warnanira | kang ingutus duk nèng kali | radèn gya mapag aglis | sarwi tyasnya kêpyur-kêpyur | nanging kêpyuring manah | pan dede kêpyuring ajrih | kêpyurira pan iku labêting suka ||

19. alon dènira anyapa | lah nyai punapa kardi | dene karya kêpyuring tyas | bok êmban prapta ing ngriki | lir kagunturan wukir | mênyan madu ingkang dhawuh | akaroban samădra | juruh kilang ingkang manis | nimbok êmban mèsêm alon têmbungira ||

20. radèn kawula dinuta | mring gusti sêkaring puri | kinèn aparing uninga | mangke jêng gusti sang putri | sakondure sing kali | kasambêt ing gêrah gandrung | kabyatan ing turida | tan wontên kaciptèng ati | inggih amung satriya soma katingal ||

21. ingkang wasis pênjalanya | kang lancingan panji-panji | kang dhêsthar jingga pinrada | kang dhuwung pêndhok mas adi | ukiran tunggak sêmi | ingkang sondhèr sutra wungu | nanging ujar petangan | tan wontên sagêd jampèni | mung paduka kang sayogya jampènana ||

22. paduka kalêbèng cêtha | nyaraskên sang rajaputri | adhuh radèn lamun wêlas | timbalanira sang putri | paduka dèn aturi | lumêbêta mangke dalu | Rahadèn Kamandaka | myarsa bok êmban turnèki | rajaputra angadêg suraning driya ||

23. mèsêm alon angandika | lah inggih nyai ban inggih | yèn gusti sang liring sêkar | karsa anyarwe mring abdi | lah inggih

--- 1 : 20 ---

nyai inggih | kula sowan mangke dalu | wus matêng jangjinira | ni êmban anulya pamit | mantuk mêdal sangking kêbon pêpungkuran ||

24. tan kawarna lampahira | wus prapta sajroning puri | lajêng marêk mring sang rêtna | katur ing sasolahnèki | wiwit malah mêkasi | datan kirang datan langkung | sang rêtna langkung suka | myarsa bok êmban turnèki | nibok êmban ngaturkên solahnya radyan ||

25. sêmune langkung sungkawa | ing watawis kula gusti | tan sanès lawan paduka | samya anahan wiyadi | netranya pan katawis | yèn tinon lupa alêsu | kadya awis adhahar | socane balut abintit | pan samana pan kadya mêntas karuna ||

26. sira padha sêsajia | dhaharan kang adi-adi | kang nora ana golèka | gawea wida kang wangi | cawisane wong bênthing | manawa sida malêbu | si dhongkah Kamandaka | pra inya samêkta sami | sang dyah ayu miyoskên rarasing driya ||

5. Mijil

1. dupi surup hyang pratănggapati | hyang căndra gumantos | nênggih nuju tanggal ping pitune | andhèr pawongan pasowan cèthi | ana ingkang mipis | wida burat arum ||

2. ana sêsaji dhaharan adi | sami munggèng bokor | manggis dhuku pêlêm lawan durèn | nulya siram sang rêtna mring bèji | inya angladosi | kujamas sang ayu ||

3. ri sampunnya asiram sang dèwi | gya salin panganggo | arja sinjang cindhe jo godhonge | kasêmêkan [ka...]

--- 1 : 21 ---

[...sêmêkan] kang jingga rinukmi | sêngkang gumyar adi | pênunggul hèr laut ||

4. dhasar ayu karêngga sang dèwi | busana di kaot | lir apsari sang ayu citrane | kang wadana lir purnama sasi | riyêm-riyêm kèksi | apêpilis wungu ||

5. alis ngroning imba netra jait | alindri sumorot | rema panjang tumibèng jêngkune | ngandhan-andhan muyêk sêmu wilis | ukêl kinêtêb ing | sêkar gandanya rum ||

6. waja anglir mutyara inganggit | rênyêp-rênyêp tinon | kadya manggis karêngat lathine | grana rungih talingan amanis | idêpnya nglangêni | pan tumêngèng luhur ||

7. sasinome angêmbang giyanti | micis wutah tinon | pan awêlar awijang jajane | kang prêmbayun anglir cêngkir gadhing | mênthêk-mênthêk manik | jăngga anglung gadhung ||

8. darijine alus mucuk êri | kalpika bang ijo | mirah intên nila widurine | hèr bumi munggèng dariji manis | tinon ting karêlip | mutyara ngênguwung ||

9. datan têlas winuwus ing tulis | candrane sang sinom | kirang papan alangkung warnane | ri sampune busana sang dèwi | pinarak nèng panti | ingayap pra babu ||

10. sakalangkung yung-yunên sang dèwi | nêngêna sang anom | kawarnaa Dyan Kamandakane | duk samana wus malêbèng puri | amor wadya kêmit | lêbune sang bagus ||

11. datan wontên ingkang ngudanèni | lêbête sang anom | sasampune malêbèng purane | radèn jujug kori [ko...]

--- 1 : 22 ---

[...ri] păncaniti | singidan sang pêkik | sangandhap wit jambu ||

12. jambu drêsana pangge andadi | angrêmpayak ayom | ngandhap jambu kalangkung pêtênge | tiyang kathah liwat wira-wiri | tan ana udani | yèn ana wong ngriku ||

13. mila mawi singidan sang pêkik | dene akèh uwong | pukul sanga ing wau jangjine | sang dyah kinèn mêthuk păncaniti | ingkang dèn êntosi | wêdale sang ayu ||

14. ênêngêna ingkang lampah dhêmit | warnanên sang sinom | prapta ing pukul sanga mangsane | miyos sangking dalêm sang pinutri | lan êmban satunggil | kang kinanthi kewuh ||

15. biyang kandhêg tansah anèng wuri | lampahe sang sinom | praptèng kori ing păncanitine | nuju sêpi tan wontên sujalmi | lampahe sang dèwi | tansah gandrung-gandrung ||

16. wida jênar gandane mrik wangi | anêrus kadhaton | praptèng madya ing kori lampahe | Kamandaka wau tan kaèksi | sang putri anganti | nèng madyaning pintu ||

17. Kamandaka dangu nora prapti | tumêdhak sang sinom | dhatêng pasowan păncawatine | ingulatan radèn tan pinanggih | wau kang andhêlik | sayêkti wus wêruh ||

18. lamun sang dyah ayu angulati | dèn maha sang anom | apan arsa anyoba karsane | arsa wikan solahe sang putri | ingkang asung brangti | wuwuse asêndhu ||

19. dene iki biyang nora prapti | ludhês kèlês goroh | aja kari saragane

--- 1 : 23 ---

kabèh | setan banaspati lawan bêlis | Kamandaka nguni | mêmulu pandulu ||

20. lamun têmên jangjine lan mami | radèn panêdhèng ngong | salamêta saparan-parane | awèta dadi satriya pêkik | kang dipun raosi | mèsêm jroning kalbu ||

21. nulya dhèhèm wau sang apêkik | kagèt sang lir sinom | Radèn Kamandaka mêdal age | marêpêki ngarsane sang dèwi | sang ayu duk uning | galihe kumêpyur ||

22. ngong ulati kangmas tan kêpanggih | malah sayah ngantos | Radèn Kamandaka lon saure | duk pasetan antu banaspati | kula wus nèng ngriki | mèsêm sang rêtna yu ||

23. bisa têmên singidan wong iki | nginjên solah ingong | apan sarwi mrêpêki sang radèn | sang rêtna yu pamuwuse aris | lah kangmas suwawi | pinarak wismèng sun ||

24. sampun dangu-dangu wontên ngriki | kang manah kuwatos | bokmanawi kadêngangan radèn | pintên têbihe gèning wong kêmit | amung lêt sakêlir | banone puniku ||

25. wau laju lumaris sang dèwi | lawan risang anom | inya cèthi sami marak age | wus sumaji dhaharan kang adi | sang abagus mèksi | langkung trusthèng kalbu ||

26. ênêngêna sang kusuma dèwi | miwah risang anom | kawarnaa kang nèng dalêm gêdhe | mantunira wau sang dipati | ingkang samya kêmit | lawan para umbul ||

27. gêledhegan ênggoning prajurit | rame munggèng regol | kajinêman paseban [pa...]

--- 1 : 24 ---

[...seban] ênggone | mung kaputrèn ora dèn kêmiti | pra putri wus krami | mung siji kang kantun ||

28. putri bungsu kang dèrèng akrami | mung dasade kaot | para kadang sampun krama kabèh | samya ngênutakên dhatêng laki | bubar saking puri | ing kaputrèn suwung ||

29. amung putri bungsu ingkang kèri | pramila wong caos | mung kaputrèn kang linowongake | namung dipun langlang kadhangkawis | mila sang sudèwi | wagêd nglambangsantun ||

30. duk samana wayah lingsir wêngi | dalême sang sinom | apan kathah ingkang unèn-unèn | pêksi têkêk bênce sami muni | kadya awawêling | mring sang karon lulut ||

31. anganggea sawatawis gusti | tiyang lampah cêlor | kêsambungan kapodhang lan bênce | prêkutut ingon anglir mèngêti | dèn prayitnèng wèsthi | badhe wontên satru ||

32. katêmahan têkêk anyambêri | tuhu lawan menco | munya barung nèng dalêm kaputrèn | amiyarsa ingkang sami kêmit | kang caos jro puri | samya langlang mêtu ||

33. kajinêman lan para prajurit | wus mêdal sing regol | lampahira prayitnèng wèsthine | ngagêm waos wênèh ngagêm cundrik | wênèh pêdhang tamsir | dhêmit lampahipun ||

34. sampun prapta kori păncaniti | sami mingêr ngulon | anjog dhatêng ing kêbon kaputrèn | pan jinajah sadaya asêpi | lajêng lampahnèki | jêjêp dalêmipun ||

35. dalêm putri bungsu dèn sambêri | tuhu [tu...]

--- 1 : 25 ---

[...hu] lawan menco | pan samana kusumèng purine | durung sare lawan sang apêkik | ting garêndhêng sami | nèng jroning tilamrum ||

36. kajinêman karo wus angrampid | sabên kamar padon | saya dalu pratela swarane | ya kang swara kakung lawan èstri | nèng jron tilamwangi | tamping glandhang mundur ||

__________

IV. Radèn Kamandaka Kinroyok ing Prajurit Pasir Luhur.

6. Durma

1. wong sakawan mundur ngiwa mapan têbah | apirêmbagan sami | lêlurahe mojar | marang ing kancanira | iki wis tatela maling | nyidrèng asmara | priye rêmbuge sami ||

2. prayogane ingkang patut linakonan | apa ta dèn lêboni | marang jroning wisma | cinêkêl ingkang dhustha | apa atur pirsa dhingin | kancane ngucap | yèn mungguh rêmbug mami ||

3. inggih sae dhingin ngaturi uninga | mring lurah agêng sami | myang para punggawa | tuwin para bêndara | upama dipun lêboni | ginora-godha | sampun dumèh wong siji ||

4. apan ewah sabarang sampun gumampang | manawa maling sêkti | anêrawasêna | utawa yèn gagala | mendah dukane pra gusti | kalêbu ina | dene dhingini kapti ||

5. ingkang kaduk sura anauri sugal | wong nyêkêl maling siji | nganggo tur uninga [u...]

--- 1 : 26 ---

[...ninga] | katon wong wêdi modar | mundhak angisin-isini | yèn rêmbug kula | sampun kakèhan pikir ||

6. age dawêg kula ingkang nglêbonana | ngong cêkêle si maling | dika kang ngadhanga | dèn bêcik mênèk babal | dika acawis têtali | ya ta kancanya | manut sadayanèki ||

7. ing rêmbuge prajurit kang kaduk sura | wus samya ngati-ati | wangsul marang wisma | ing tyas langkung bramantya | gora sabda minta kori | sarya sru ngucap | lah sapa wonge iki ||

8. andon nyidrèng mring asmara gusti sang dyah | sira mêtua maling | apa tan ana lanang[5] | amung sira priyăngga | dene ta asugih wani | kagyat rahadyan | samana arsa mijil ||

9. ginendholan marang sang kusumèng pura | paningsêt dèn bondhèti | kang mas sampun mêdal | manawi pinêjahan | para prajurit sru angling | gusti uculna | apan punika maling ||

10. para êmban babu inya pêpulêtan | langkung maras tyasnèki | kang para pawongan | kagyat tangi sadaya | bilulutên awor ajrih | wong kajinêman | matur ambubrah kori ||

11. tinotogan jinêjêg kongsi malêsat | kajinêman wus manjing | lan tamping rowangnya | angagar-agar pêdhang | kajinêman asru angling | maling nututa | yèn sira arsa urip ||

12. anututa age maling ingsun bănda | Dyan Kamandaka taksih | nèng sajron paprêman | sang dyah tan kêna bênggang | pawongan pating jalêrit | wong kajinêman [kaji...]

--- 1 : 27 ---

[...nêman] | lok maling jêlih-jêlih ||

13. ya ta kagyat ingkang kêmit jroning pura | kang para mantu sami | lan para punggawa | samya wungu sadaya | miyarsa wong alok maling | gya sami mêdal | wadya arêbut dhingin ||

14. prajuritan kalawan wong kajinêman | tunjang-tinunjang ngisis | birurutên samya | kang mêntas tangi nendra | datan uninga prakawis | pating brêsasat | tambuh kang dèn parani ||

15. ting salêbar ana ngulon ana ngetan | kèh kudangdapan sami | kagyat wadya jaba | myarsa swara gumêrah | samya malêbèng jron puri | obor asinar | malêbèng păncawati ||

16. apan kathah gêgaman sajroning pura | ing kaputrèn wus prapti | obor ambêranang | lir kêmamang satêgal | ucapên kang andon rêsmi | sampun tumêdhak | sangking ing jinêmwangi ||

17. kinêmbulan wong sakawan ting palêsat | prasami nandhang kanin | rahadyan wus mêdal | anèng jawining wisma | nulya baris kathah prapti | angêpung wisma | kaputrèn dèn idêri ||

18. sang dyah ayu mêmpên ana jroning pura | lan sapawongannèki | ing tyas langkung maras | ningali Kamandaka | manawa tumêkèng pati | sang dyah abela | pêsthi tan bisa kari ||

19. Kamandaka kinêpung kinandhang-kandhang | dening sagung prajurit | kang para punggawa | tuwin pra mantu samya | kang tumut nindhihi baris | nênggih sakawan | samya digdayèng jurit ||

20. Ki Dipati Wiranata Cukangakar | ingkang [ing...]

--- 1 : 28 ---

[...kang] sêpuh pribadi | panggulu ing Bongas | Dipati Digyayuda | lawan ing Bonjok Dipati | Mêrtanagara | nênggih namanirèki ||

21. Adipati Marêsi sakawanira | Endrapati kang nami | samana akapang | barise akalangan | têpung baris angidêri | lêlurahira | aran Ki Sindusari ||

22. angabani mring kancane prajuritan | lah payo aja kèri | sakèh kancaningwang | sigra samya umangsah | sangking kanan angêmbuli | Dyan Kamandaka | kinarutug tan gingsir ||

23. apan lagi rinêksa ing dewanira | angganira upami | anglir Panjangputra | sinosog ngalang-alang | malèsèt tan anêdhasi | sagung gêgaman | tan ana miyatani ||

24. langkung krodha rahadèn agêming yuda | amung êcisirèki | nênggih babrêkatan | saking ing Pajajaran | saparan tan kêna kari | sampun dèn ikal | munggèng asta kumitir ||

25. Kamandaka atêtêg tatag trangginas | kêbat cukat tarampil | apan kinêmbulan | prajurit kajinêman | tan kewran panêmpuhnèki | lir singa lodra | galak amăngsa jalmi ||

26. kèh kabranan prajurit ingkang katrajang | pra kajinêman sami | kathah nandhang brana | ingkang lambunge dhongkah | jêjaringanipun mijil | wêtênge bêdhah | usus manguwir-uwir ||

27. lurah kalih samya atêtulung yuda | wau Ki Sindupati | lan Prawirayuda | kalih anyandhak watang | kalangkung bramantyanèki | mulat kancanya | kanan kering kèh

--- 1 : 29 ---

mati ||

28. wau lurah kalih tandange lir yêksa | galak amăngsa daging | saking kering kanan | asru pamuwusira | pan sarwi numbak anitir | Dyan Kamandaka | nadhahi tan gumingsir ||

29. dipun sabêti cis putung watangira | kalihe tigas pancing | tumibèng bantala | kalih narik curiga | narajang nutug anitir | Dyan Kamandaka | bramantya nyandhak aglis ||

30. sirahira kalih pan ingabên kumba | rêmuk polone mijil | kalihnya wus pêjah | wadya tamping galandhang | kajinêman bubar gusis | giris tumingal | mring maling pamuknèki ||

31. gya lumaywa anunjang barisan kathah | dhadhal malayu ngisis | obor sami pêjah | katunjang wong lumajar | sagunging mantri bupati | ulêng-ulêngan | pra mantu samya wingwrin ||

32. pêtêng dhêdhêt tan uninga ing têlatah | tunjang-tinunjang sami | Radèn Kamandaka | samana sampun mêdal | anurut banyu sêsuling | wus praptèng jaba | tan ana kang udani ||

33. ing jron bètèng pan taksih ulêng-ulêngan | lir gabah dèn intêri | akathah kabranan | sami kănca pribadya | sawênèh bithi-binithi | têndhang-tinêndhang | kang asor dèn tunggangi ||

34. apa lajêng binănda ingaran dhustha | dipun dhêdhabyang sami | marang wadya kathah | nulya binêkta mêdal | dhatêng ing pasowan jawi | kang pra punggawa | amundhut obor sami ||

35. marang wisma jawi nulya ingaturan | saksana dèn obori | wau kang binănda | sambate [sa...]

--- 1 : 30 ---

[...mbate] biyang-biyang | kula niki dede maling | pinarêpêkan | ingoboran anangis ||

36. tinakonan marang mau kang ambănda | sira iki wong ngêndi | sapa jênêngira | lawan bature sapa | sumaur kang dèn takoni | wisma kawula | inggih ing Langgongsari ||

37. Lenatruna anênggih wasta kawula | tumut priyayi Ngawin | anak Sabdanaya | putune Kaki Darpa | buyute Ki Sobagati | tiyang lêlana | sangking Kusambilêgi ||

38. adhuh sampun kiyai awak kawula | nuntên dika uculi | sampun dika bănda | ingkang nuntun angucap | yèn uwis ingsun uculi | sira ngothoka | dèn kandêl sun togogi ||

39. nulya wangsul wau kang para punggawa | tuwin kang pra dipati | marang jroning wisma | obor akèh kang prapta | angupaya ponang maling | ing palataran | kêbon dèn osak asik ||

40. tan kapanggih lajêng lumêbèng jro pura | kang pra ipe dipati | sami atêtanya | mring Dèwi Ciptarasa | si dhustha ana ing ngêndi | sang dyah angucap | kula datan udani ||

41. apan wau sampun mêdal sangking wisma | botên wangsul mariki | tan uning purugnya | sagung pra ipe samya | datan sakeca tyasnèki | nulya lênggahan | jron tilam dèn obori ||

42. myang sajawining tilam têlas sadaya | kang dhustha tan pinanggih | gagêtun sadaya | kang pra mantu dipatya | mundur sing kaputrèn sami | malêbèng pura | badhe atur udani ||

--- 1 : 31 ---

43. sang dipati samana duk wungu nendra | kagèt wong alok maling | swarane gumêrah | miyos ing palataran | sadhiya angagêm cundrik | pinarêk sigra | ingayap para sêlir ||

44. lan wong Ngawin mangangge kandhêg nèng ngarsa | ngagêm pêdhang lan tamsir | lagya arsa mêdal | kapêthuk pra punggawa | pra mantu malêbèng puri | sapraptanira | ngarsane sang dipati ||

45. samya matur ing purwa madya wêkasan | sangêt dukanira ji | jaja bang mawinga | kumêjot lathinira | netranya ngatirah abrit | kondur sang nata | marang ing dalêm wingking ||

__________

V. Kyai Patih Katêmpah Nyêpêng Radèn Kamandaka.

7. Pangkur

1. ya ta kawarnaa enjang | sang dipati nulya miyos tinangkil | pinarêk ing sitiluhur | andhèr ingkang sewaka | para mantri umbul lurah para mantu | prasamya sowan sadaya | dene sawêg wontên kardi ||

2. mantunira sang dipatya | salawe prah samya nama dipati | mantunira ingkang sêpuh | Dipati Cukangakar | adipati ing Bongas ingkang panggulu | nuntên ing Bonjok Dipatya | mangkya Adipati Marêsi ||

3. ingkang wontên iring wetan | mantunira Adipati ing Pasir | ingkang cinatur karuhun | nênggih lêwih buaya | Selamanik ing Bocor lawan Pituruh | ing Wêdhi lawan ing Ngambal | Pêtanahan [Pêta...]

--- 1 : 32 ---

[...nahan] Kawisinggil ||

4. kyai dipati ing Daha | lan ing Ayah ingkang kilèn winarni | ki dipati ing Kêwangsul | dipati ing Losêkar | lan Sumêdhang atanapi ing Maruyung | ki dipati ing Kêrawang | Kuningan Imba nagari ||

5. ki dipati ing Limbangan | Timbang Bantên lan ing Ngukur Dipati | langkêpipun kawan likur | mantune sang dipati | pra dipati kang cakêt prapta sadarum | ing Taruntung lan ing Bêntar | Dipati Panyarang nangkil ||

6. para umbul lurah desa | pra nayaka ing Pasir samya nangkil | Ki Tumênggung Jagasatru | Ngabèi Wirapraja | Rêksaprana Kyai Dêmang Udanarum | Kyai Umbul Selajaya | Ki Lurah Andakawèsthi ||

7. Kyana Patih Rêksanata | wus sewaka munggèng ngarsa pribadi | pasowan jêjêl supênuh | saksana ingandikan | Kyana Patih Rêksanata munggèng ngayun | praptèng ngarsa awot sêkar | ngandika sang adipati ||

8. hèh ta patih mêngko ana | banthèng julig asare nèng jron puri | tumambirang wayahipun | ngrusak isining pura | lamun ana iku patih ingsun pundhut | yèn tan ana golèkana | poma patih dèn tumuli ||

9. sun têmpuhakên mring sira | lamun ora katêmu ing sirèki | banthèng ingkang julig iku | sun toron lungguhira | kyana patih tumungkul kraos ing kalbu | anyipta yèn putranira | Kamandaka lambangsari ||

10. ki patih sungkawèng driya | sakalangkung ribêd ing tyasirèki [tyasirè...]

--- 1 : 33 ---

[...ki] | trêsnaning wong asêsunu | awrate wong ngawula | mangu-mangu pinikir saya katêmu | têturutan paribasan | upama sanak lan siwi ||

11. sayêkti yèn eman suta | lawan sanak iya urute malih | anak lawan awakipun | sayêkti eman awak | pan mangkono ki patih pangèsthinipun | tanapi uga dhèwèka | pan putra ênggone mipil ||

12. katumpak awon tingkahnya | ya sanajan yoga dhewe puniki | yèn awon ing lampahipun | sujalma ingkang êkas | nora gingsir piturut ing adil ukum | wêkasan ilang trêsnanya | samana rêkyana patih ||

13. anulya matur sandika | inggih amba pukulun angladosi | kula nuwun pamit mantuk | dhatêng ing kapatihan | wus rinilan ki patih tur sêmbah mundur | sang adipati wus jêngkar | kondur malêbèng jro puri ||

14. wus bubar ingkang sewaka | pra niyaka tuwin para dipati | para mantri para umbul | mulih sowang-sowangan | dyan warnanên kyana patih konduripun | sapraptane ing dalêmnya | gya nimbali abdinèki ||

15. awasta Ki Wiradhustha | tau tate nglampahi karya dhêmit | samana wus praptèng ngayun | kyana patih ngandika | Wiradhustha lungaa sira sun utus | andhustha Si Kamandaka | poma titikên dèn kêni ||

16. saênggone asingidan | lamun durung katêmu aja mulih | yèn Kamandaka katêmu | kawruhana kewala | ing prênahe [prê...]

--- 1 : 34 ---

[...nahe] nuli muliha dèn gupuh | apratela marang ingwang | Wiradhustha awotsari ||

17. nuhun pamit nulya mangkat | lajêng saking ngarsane kyana patih | angetang sajron lumaku | nuju dina Jumungah | Lêgi apan sawêlas ing jêjêmipun[6] | ilang-ilanganing jalma | mangetan karêpe iki ||

18. lakune Ki Wiradhustha | têpis wiring ngetan denya ngulati | nêngêna ganti winuwus | Rahadèn Kamandaka | sawêdale saking urung-urung banyu | lampahira ngalèr ngetan | mudhun saking ngandhap bèji ||

19. ing tirah lèpèn Logawa | asingidan ngandhap kajêng trêngguli | asingub prênahe singkur | sampun tan wontên ngambah | panyanane măngsa anaa wong wêruh | wus eca tyasira radyan | duk wanci têngange mangkin ||

20. rahadèn arsa asiram | kasumubên tumurun maring kali | munggèng saluhuring kêdhung | pan wus cucul busana | sinèlèhkên ing têpi nulya salulup | angum salêbêting toya | sarirane dèn luluri ||

21. nêngêna kang lagya siram | kawarnaa wau kang lampah dhêmit | Wiradhustha lampahipun | saking ing sabrang wetan | lagya nabrang mangulon nulya andulu | wontên sujalma asiram | sabrang kilèn kidul kali ||

22. lagya angum jroning toya | busanane ngalumpruk munggèng têpi | Wiradhustha nulya wangsul | marang ing sabrang wetan | asingidan andhêpa awor lan rumput | maspadakakên kang siram | Wiradhustha nora pangling ||

23. sira

--- 1 : 35 ---

Radèn Kamandaka | eca dènnya lulur sariranèki | anèng salêbêting ranu | Wiradhustha waspada | wus tatela paningale nora pandung | dangu Kyai Wiradhustha | dènira amandêng liring ||

24. ri sampunira waspada | Wiradhustha mundur mangetan malih | ambêrangkang lampahipun | manawa kawanguran | sampun têbah lampahe prapta gêgunung | mingêr ngidul lampahira | nyabrang sandhap Banakêling ||

25. sigra mantuk lampah enggal | tur uninga dhatêng rêkyana patih | tan winarna lampahipun | sampun praptèng nagara | lajêng sowan ing rêkyana patih wau | katur ing sasolahira | rèh dinuta lampah dhêmit ||

26. ing purwa têkèng wêkasan | kyana patih nulya lumêbèng puri | gya tinimbalan mring ngayun | matur saha wotsêkar | gusti sampun kadhustha ing lampahipun | banthèng julig saba pura | singidan tirahing kali ||

27. kapanggih lagya asiram | dhatêng abdi ingkang alampah dhêmit | sumăngga karsa pukulun | manawi sêlak giras | kesah têbah satêmah kecalan lantun | mumpung taksih sêsingidan | sang dipati ngandika ris ||

28. hèh patih parentahana | kancanira punggawa para mantri | tuwin para mantunipun | padha konèn sadhiya | lan mataha wadya kang nyêgat marga gung | lor kidul kalawan wetan | padha mêndhêmana baris ||

29. ki patih tur sêmbah mentar | lèngsèr sing byantaranira dipati | prapta ing paseban gupuh | nimbali pra punggawa | para lurah [lu...]

--- 1 : 36 ---

[...rah] prajurit prapta sadarum | prangtandang myang jagabela | andhèr ngarsane ki patih ||

30. rêkyana patih ngandika | pra punggawa lan pra lurah prajurit | padha siyagaa gupuh | asikêp ing ayuda | pêrangtandang padha nyêgata marga gung | lor kidul kulon lan wetan | padha mêndhêmana baris ||

31. lamun Kamandaka liwat | aywa kongsi babal dèn ngati-ati | cêkêlên kalamun nutut | yèn băngga têlasana | lah ta uwis padha dandana dèn gupuh | dyan bubar kang para lurah | mantuk pradandosan sami ||

32. ri sampunnya aparentah | kyana patih utusan angaturi | sagung ingkang para mantu | tuwin kang pra bupatya | pra niyaka pan sampun prapta sadarum | supênuh munggèng pasowan | ngandika rêkyana patih ||

33. hèh sagung kănca manira | tuwin ingkang para bêndara mami | nuli siyagaa gupuh | kapraboning ayuda | sang dipati ing mangke arsa bêburu | banthèng julig saba pura | singidan tirahing kali ||

34. badhe kinêpung kewala | karsanira kangjêng kyai dipati | anulya bubaran gupuh | kang pra mantu sadhiya | kyana patih wus mundur mring wismanipun | praptane ing dalêmira | angrasuk kaprabon jurit ||

35. sawadya prajuritira | wus siyaga sowan wangsul ing puri | ginarêbêg ing wadya gung | wau kang pra punggawa | wus siyaga samêkta gêgamanipun | ing alun-alun atembak | punggawa nèng păncaniti ||

36. prangtandang myang jagabela | andhingini samya ngadhang ing margi | wetan [weta...]

--- 1 : 37 ---

[...n] kulon lor lan kidul | wus kanggenan sadaya | kang prajurit sami mêndhêm barisipun | wau ki rêkyana patya | wus prapta ing păncaniti ||

37. sadaya sampun sêdhiya | nèng pasowan ngandika sang dipati | uwis mangkata dèn gupuh | sira kang nindhihana | nanging poma aja kongsi babal iku | sun lokna ing sadosanya | padha dèn angati-ati ||

38. pan ingsun ora tumindak | ya mulane mangkono iku patih | watir anakmu si bungsu | manawa nuli lunga | saking pura dene ta anandhang wuyung | upama ingsun lungaa | ora ana kang malangi ||

39. ki patih tur sêmbah mêdal | sapraptane wau ing păncaniti | binubarakên sadarum | sagung ingkang gêgaman | Wiradhustha kang dadya cucuking laku | bodhol baris ngalor ngetan | gêgaman lir gunung agni ||

40. gêgamane warna-warna | binang êmas kapurancang lan jinggring | gamêng lir akasa têdhuh | tinon saking mandrawa | pra punggawa nindhihi saking ing pungkur | wau sang rêkyana patya | lumakwèng wuri pribadi ||

41. kang gêgaman agêng prapta | têngah lèpèn akapang angidêri | ing prênahe ingkang adus | wau Dyan Kamandaka | binarisan ing êlor kalawan kidul | tuwin kulon lawan wetan | para punggawa nindhihi ||

42. warnanên Dyan Kamandaka | wusnya siram pan sampun wangsul malih | dhatêng panggenane wau | karsanira rahadyan [raha...]

--- 1 : 38 ---

[...dyan] | yèn wus sontên arsa malbèng tamansantun | manawa sang putri mêdal | asiram ing tamansari ||

43. kapanggiha wontên taman | saking sangêt brangtanira sang pêkik | marang kusumaning ayu | samana lagya lênggah | sor trêngguli mulat mangulon andulu | gêgaman kathah kang prapta | lor wetan kulon dhatêngi ||

44. kêpung kêmput akalangan | amrêpêki sagung gêgaman sami | alok lor kalawan kidul | kulon kalawan wetan | ambêlabar ing lêbak lan gunung-gunung | sami kanggenan sadaya | gumêrah swaraning baris ||

__________

VI. Radèn Kamandaka Binujung-bujung lajêng Ambyur ing Kêdhung.

8. Durma

1. Radèn Kamandaka pan sampun prayitna | cise sampun pinusthi | ingikal nèng asta | murub mubyar katingal | yèn tinon lir Partasiwi | kala rinêbat | sarta Kurawèng jurit ||

2. mulat kilating wastra agêbyar-gêbyar | kang kacipta ing galih | kincangira sang dyah | Kusuma Ciptarasa | kala nèng madya jinêmrik | wau gêgaman | kang prapta angêmbuli ||

3. Radèn Kamandaka tan kewran ing tadhah | êcisira kumitir [kumi...]

--- 1 : 39 ---

[...tir] | nêmpuh kering kanan | kathah tiyang kabranan | swaraning watang agathik | pating kêrayak | pêdhang putung ting crêngkling ||

4. Kamandaka tandange lir singa lodra | ingkang katêmpuh ngisis | pra punggawa kathah | samya kesisan bala | Ngabèi Wiraprajèki | lan Rêksaprana | katunjang dening baris ||

5. Ki Tumênggung Jagasatru sampun ngithar | angungsi pra dipati | Umbul Selajaya | lawan sakancanira | Ki Lurah Andakawèsthi | angungsi samya | wurine pra dipati ||

6. pra bupati bramantya nêrêgkên bala | samya têtulung jurit | gumuruh umangsah | Rahadèn Kamandaka | ingurugan ing pêpati | karoban bala | tan kuwawi nadhahi ||

7. dyan tumurun ambyur ing kêdhung rahadyan | silulup nèng jro warih | gya kinêpang-kêpang | ing kiwa têngênira | ing ngandhap tuwin ing nginggil | apan dèn adhang | wêtunira pribadi ||

8. apan wangsul dèn adhang-adhang tan mêdal | kaku tyasira sami | sagung pra dipatya | sigra angatag bala | kang kêdhung kinèn bênturi | ing sela kathah | saklapa lan sagandhik ||

9. kang saêndhog sakêpêl kumrutug kathah | lir jawah tibèng warih | jêjêl tumpang-tumpang | ingkang kêdhung kèbêkan | suka sagung pra dipati | pan dèn watara | Kamandaka wus mati ||

10. cinarita jron kêdhung wontên wêwatang | sarah kêlêm tan kèli | sakêbo gêngira | kajêng sêpuh punika | kagutuk ing sela asring | watang nèng toya | bosokira wus lami ||

11. kagutuk ing sela tatalira bibal | pating kêrambang ||

[40]

sami | tatal sami kendhang | nyanane pra dipatya | Kamandaka wus ngêmasi | wangkene kendhang | ajur mumur ting sluwir ||

12. apan wontên usus ayam ingkang kendhang | anênggih saking nginggil | punika winastan | ususe Kamandaka | pan cinarita ing nginggil | wontên wong ngumbah | ulam sawung ing nguni ||

13. tiyang tiga nguni ingkang ngumbah ayam | dadya ususe sami | kang tuwa binuwang | sami kèli mangandhap | eca tyasira prasami | kang pra punggawa | sampun atur udani ||

14. mring ki patya yèn Kamandaka wus pêjah | balung lan daging kèli | usus ting kêrambang | kèli kabêktèng toya | wus rêmbug bubaran sami | sowang-sowangan | pra niyaka pra mantri ||

15. para mantu dipati tuwin ki patya | sapraptane nêgari | lajêng malbèng pura | tumamèng byantarèng sang | sira kangjêng adipati | atur uninga | matur saha wotsari ||

16. dhuh pukulun pun Kamandaka wus pêjah | kinêpang jroning kali | ginutuk ing sela | ing abdi dalêm kathah | ajur mumur rontang-ranting | dadya galêpang | bangke jur amoh kèli ||

17. wontêndene pêjahe pun Kamandaka | anèng kêdhung puniki | ngandhap tamansêkar | wau sang adipatya | myarsa Kamandaka mati | kalangkung suka | sirna kalilipnèki ||

__________

--- 1 : 41 ---

VII. Radèn Gagak Ngampar Nyuwita ing Dipati Pasir.

9. Kinanthi

1. rêkyana patih wus mantuk | kunêng gantya kang winarni | wau Dèwi Ciptarasa | sampun amiyarsa warti | lamun Radèn Kamandaka | misuwur sampun ngêmasi ||

2. dènnya mati nèng jron kêdhung | kunarpane sirna ênting | kinarutug sela kathah | mring sagung para prajurit | sang dyah kalane miyarsa | pêpungun tyas lir rinujit ||

3. ngandika mring êmbanipun | mau ta wong padha mijil | payo adus marang taman | lawas têmên ingsun iki | mumpung sare kangjêng rama | payo marang tamansari ||

4. nulya miyos sang dewa yu | saking dalêm kênyapuri | parêkan dhèrèk sadaya | angiring sang rajaputri | datan kawarna lampahnya | ing tamansari wus prapti ||

5. sang rêtna nulya tumurun | saking satirahing kali | ing jamban langkung kewala | anurut kêliring kali | lir rinujit tyasnya sang dyah | mung Kamandaka kang kèksi ||

6. êmbane samya umatur | sang dyah ingampah tan kêni | sang dyah luru layonira | Kamandaka mati kèli | dahat dènnya karungrungan | angrêringik ringik-ringik ||

7. pan sang dyah dahat kawuyung | kawayang wiyanging galih | anêmpayang tyas marayang | ambêlayang poyang-paying | lampahe asêmpoyongan | micara sajroning galih ||

8. midêr kêbon tamansantun | sinamur miyat ing sari | sarine

--- 1 : 42 ---

mawarna-warna | anjrah sêkare andadi | kang pradapa apawanan | lir ngawe kang asung brangti ||

9. nêdhêng kang sêkar prikancu | priya amêkar awilis | padma lawan kanigara | ing kering sêkar trêngguli | jăngga milêt tiningalan | lir priya angopan ipi ||

10. sinamur tan kêna lipur | linali lali tan lali | Rêtna Dèwi Ciptarasa | mung Kamandaka kaèsthi | wasana ingapus gita | kinarya sambating brangti ||

11. dhuh kakang mas kimpul agung | wêtune saking jro puri | anglês ora ajak-ajak | wruha yèn bakal ngêmasi | supaya ingsun gêlêma | tininggal anèng jinêmrik ||

12. sanadyan tumêkèng lampus | adhuh kangmas têpus kuning | aja pisah ing dêlahan | wong loro luwanga siji | ombak agung ing tunjung bang | gulang-gulung wong kêkalih ||

13. dadia ganggêng lêlumut | anèng toya wong kêkalih | kombak-kombul nèng lautan | yèn ingsun dadia sari | kangmas kang dadi brêmara | angisêpa marang mami ||

14. dadia wowohan ingsun | kakang mas dadia pêksi | anucuka ing manira | yèn ingsun dadia margi | aja liya ingkang ngambah | amung kangmas wong jalanthir ||

15. kêndhal toya raganingsun | dhuh kakang mas jênang siti | dene tan tèyèng wak ingwang | amingit satriya siji | pathining tom raganingwang | cilakane angluwihi ||

16. upamaning raganingsun | lir wohing bintaro kèli | sapa kang sudi mupua | kang amupu wus ngêmasi | kang

--- 1 : 43 ---

nama Si Kamandaka | adhuh kangmas mèlu mati ||

17. anjalmaa kaping pitu | dhuh kangmas abdèkna mami | dèn siksaa ing naraka | kawulane anglabuhi | tuwin manjinga ing swarga | kawulane angladosi ||

18. sang dyah lênglêng mangu-mangu | myat pêthetan tamansari | wowohan awarna-warna | woh ingêmbên anjajari | woh dênta lan măndhalika | kèh wre kang pating palangkring ||

19. asêsiwon lawan lutung | arame arêbut bukti | pêksi non woh awurahan | mibêr golong ganti-ganti | ngungkung kang pêksi kitiran | sami munya ganti-ganti ||

20. asri kang pala gumantung | nêdhêng wohira andadi | kapundhung durèn pijêtan | jambu drêsana lan manggis | dhuku langsêp lan kokosan | găndaria lan kuwèni ||

21. gumêdêr kang para babu | angambil wowohan sami | durèn năngka pêlêm bapang | jêruk wulon lan kuwèni | jambu wèr abang lan seta | pêlêm dodol pêlêm wangi ||

22. mencok ingkang pêksi siyung | jalu èstri samya muni | kadya abela karuna | mring kang lagi among brangti | jangkung tumiling ing toya | lir nambrama kang abrangti ||

23. sang rêtna tansah agandrung | agung amurcitèng galih | karan tyasira gung rimang | yèn èngêt anglês ing galih | dhuwêt alit rêrentengan | mung kangmas sun kêlayoni ||

24. aling-alingana gunung | êlêta sagara gêni | lamun sira taksih gêsang | ora sande sun layari | kêmbang

--- 1 : 44 ---

biru munggèng têgal | mung dika têlênging ati ||

25. janur kuning raganingsun | sun pupus rasaning ati | ardi kilèning Banyumas | angungun tan nyana mami | yèn kangmas tumêkèng tiwas | sun sidhêp awèta urip ||

26. ni êmban tansah umatur | mring sang dyah angarih-arih | dhuh gusti nuntên èngêta | dipun tawêkal ing galih | yèn kadurusana brăngta | atêmah wurung sujalmi ||

27. punika anggèr wus dangu | suwawi siram mring bèji | mèh surup ingkang hyang arka | ing mangke wus munggèng ardi | sang rêtna anulya siram | lumêbèng sajroning bèji ||

28. sampune siram sang ayu | kondur dhatêng dalêm puri | lawan pawongan sadaya | datan kawarna ing margi | ing kaputrèn sampun prapta | nêngêna sang rajaputri ||

29. mangke gantya kang winuwus | kang lagya sungkawèng galih | Sri Bupati Pajajaran | kang tansah anganti-anti | de Banyak Catra tan prapta | orêg tiyang sanagari ||

30. sigra utusan sang prabu | animbali putranèki | ingkang wontên ing pratapan | ing ardi Megasumini | anama Dyan Gagak Ngampar | bêntur tapane wus lami ||

31. awit balèg kesahipun | dhêdhepok ardi Sumini | kesahe Dyan Banyak Catra | Gagak Ngampar tan udani | sabdening wus nèng prêtapan | ing ardi Megasumini ||

32. rahadèn mangke jêjuluk | nama Radèn Silihwarni | praptane ing Pajajaran | marang kang rama tinuding | kinèn ngulati kang raka |

--- 1 : 45 ---

Banyak Catra kinèn mulih ||

33. wus lami dènnya lumaku | jajah desa milang kori | wau Radèn Silihwarna | sabên praja dèn lêboni | Banyak Catra tan kapanggya | lajêng ngetan lampahnèki ||

34. sapraptane Pasir Luhur | rahadèn malêbêt ngabdi | dhumatêng sang adipatya | kinarya lurah prajurit | anggêntosi ingkang pêjah | dhinandhang ingabên jurit ||

__________

VIII. Radèn Kamandaka Mondhok ing Griyanipun Nyai Răndha Krêti.

10. Dhandhanggula

1. ênêngêna Radèn Silihwarni | ingkang sampun malêbêt ngawula | tan cinatur rêroncène | gantia kang winuwus | Radèn Kamandaka ing nguni | apan maksih rinêksa | marang dewanipun | kala kinarutug sela | wontên kêdhung rahadèn datan ngêmasi | malêbêt jroning guwa ||

2. panyanane punggawa ing Pasir | Kamandaka tinarka palastra | anèng salêbêting lèpèn | dèn nyana ajur mumur | sayêktine maksih basuki | Rahadèn Kamandaka | nèng jro guwa maksud | saking sih marmaning dewa | guwa iku ngidul anyêmplong kaèksi | kêtug marang Sawangan ||

3. Sawangan lèpèn Logawa nênggih | ingkang winastanan Suruplawang | rahadèn nurut lampahe | kadya ngambah marga gung | pan sakeca dènnya lumaris | Rahadèn Kamandaka | lampahe lêstantun | nurut sajêroning guwa | praptèng

--- 1 : 46 ---

Suruplawang rahadèn umijil | nèng tirahing Sawangan ||

4. nurut lèpèn Sirayu amudhik | cahyanira radèn lir basănta | katrangan lir mas mêncorong | lagya purnamanipun | tilar dhahar kalawan guling | pêpungun ing wardaya | kang tansah kaetung | amung Dèwi Ciptarasa | sasolahe gumantung pulunging ati | lir ngalapêna jiwa ||

5. Kamandaka anglocitèng galih | kali gawe mirah têpus jênar | sungkan pisah lan dhèwèke | bêndha ijo wong ayu | liwat luwih rasaning ati | kêmbang biru ing têgal | mung dika wong ayu | kang dadi têlênging driya | yèn têmua malih mirah sun kauli | wêdhus bangsa bawana ||

6. sun kêkudang mirah siyang latri | apan sarwi ingsun aras-aras | kaline wong desa Kace | gusti sun êlus-êlus | bathukira kang mênis-mênis | kukus gunung limêngan | kapakêna ingsun | kudu trêsna marang sira | pagêr wayang toya mijil sangking langit | sakalire wèh edan ||

7. wêwilangan sanga langkung kalih | ora wêlas mirah mring pun kakang | dene tan nusul marene | bèbèk gêng kang sêsunu | angur aja têmua dhingin | pan ingsun ora brăngta | anggèr tanggung-tanggung | katêmua mung sadhela | yèn awèta pisah mangkene wak mami | suka ingsun pêjaha ||

8. bantal dawa ngapit kasur gusti | ombak agung kang anèng tunjung bang | kang pantun salawe gèdhèng | yèn salamêt ing besuk | pan dadia têtăngga guling [gu...]

--- 1 : 47 ---

[...ling] | gulang-gulung lan sira | ing panêdhaningsun | cêmpaka kang pinardika | amung dika agawe bubrah wong ngabdi | mêmurung wong ngumbara ||

9. ingsun yayi ora bisa mulih | marang nagriningsun Pêjajaran | yèn durung panggih lan anggèr | ciptane atiningsun | datan dêrman ingsun aurip | kêndhal jêram kusuma | kapidêrêng ingsun | anjir-anjiring larangan | sun sawèni wong ayu musthikèng Pasir | kang bisa gawe brăngta ||

10. datan têlas yèn winarnèng tulis | brangtanira Radèn Kamandaka | jinujug kandhane bae | lampahira sang bagus | nêdya wangsul mring Pasir malih | mondhok salèring kutha | dènira kêkuwu | amondhok wismaning răndha | Nyai Krêtisara sakalangkung miskin | tan sagêd nyandhang mangan ||

11. sadèrènge kanggenan sang pêkik | nyai răndha anyandhang gombalan | sade godhong pakaryane | mring warung Pasir Luhur | nyai răndha bisane bukti | yèn ora mangkonoa | sadina anglêkuk | lanange mati wus lama | tanpa suta dahat dènnya kawlasasih | wau Dyan Kamandaka ||

12. langkung wêlas mring ni răndha miskin | marma pinondhokan mring rahadyan | dene ta langkung wêlase | duk samana sang bagus | adu ayam pakaryannèki | sabên pêngadon ayam | radèn kesah nglurug | lawan rencangnya satunggal | wong nanêka asale saking Losari | ngawula mring rahadyan ||

13. saparane radèn ora [o...]

--- 1 : 48 ---

[...ra] kari | wayahira mantu ping sakawan | Ki Rekajaya wastane | tuwa ala tur bucu | wêtêng jêmbluk bokonge nyanthik | impur tindake kiwa | nonong bathukipun | balêndhèh doyan mêmangan | dèn kêndhoni sabuke lamun abukti | awak kuru sêmăngka ||

14. nyai răndha langkung sukèng galih | salamine kanggenan rahadyan | maria wade godhonge | sandhange sarwa wutuh | pêparinge sang rajasiwi | abukti ora kurang | sabên dina tuwuk | sinăngga marang rahadyan | sabên-sabên mênang abên sawung nênggih | sinungkên nyai răndha ||

15. ingkang ngolah dhahare sang pêkik | sira Nyai Răndha Kartisara | cinatur wau rahadèn | apan asring anglurug | marang têpis wiring nagari | nênggih ing pangêbatan | pasamuwan agung | lami-lami kèh uninga | tiyang Pasir lamun Kamandaka urip | katur marang punggawa ||

16. lajêng katur mring rêkyana patih | èstu Kamandaka taksih gêsang | samya dahat gêgêtune | dèn nyana ajur mumur | mati anèng sajroning warih | mangkya wêkasan gêsang | kyana patih gupuh | lumêbèng marang jro pura | praptèng ngabyantara sira sang dipati | manêmbah tur uninga ||

17. lamun Kamandaka gêsang malih | sakalangkung kagyat sang dipatya | myarsa ki patih ature | pangandikanira sru | lah kapriye iku apatih | dene wus ataunan | aturmu maring sun | yèn Kamandaka wus pêjah | mêngko urip ki patih matur wotsari [wo...]

--- 1 : 49 ---

[...tsari] | pukulun tadhah duka ||

18. pan punika purwane ing nguni | pan winastan kêdhung Pataunan | apan punika purwane | wusnya ki patih matur | ya ta wau sang adipati | nimbali Silihwarna | wus prapta ing ngayun | sang adipati ngandika | Silihwarni ilangna kalilipnèki | sun pundhut karyanira ||

19. ana maling julig saba puri | Kamandaka arane kang dhustha | punggawaningsun kabèhe | ora prêcaya ingsun | ingkang uwis kalakon nguni | kala malêbèng pura | Kamandaka mau | kinêmbulan pra punggawa | ora kêna malah sagunging prajurit | kèh pêjah kèh kabranan ||

20. samêtune saking jroning puri | kinêpung pinggir kali Logawa | punggawa kèh kanin mangke | ambyur lumêbèng kêdhung | saking ngandhap luhur jinagi | ingadhang wêtunira | kinrutug ing watu | sagung kang para punggawa | sadinane tan timbul ingaran mati | wêkasan mêngko gêsang ||

21. mung sira yogya mêkasi kardi | amatèni mring Si Kamandaka | ingsun arsa wruh atine | lawan gêtihe iku | besuk Kamandaka yèn mati | nuli bêdhèlên enggal | atine sun pundhut | gêtihe arsa sun lăngga | Silihwarna umatur saha wotsari | nuhun dhatêng sandika ||

22. idi pangèstu sang adipati | mugi kawula sinung kawasa | dèrèng sumagah abdine | nanging panuwun ulun | mugyantuka brêkahing Gusti | mugi kalampahana | karsane sang ulun | Silihwarna atur sêmbah | amit mêdal sapraptanira [sapra...]

--- 1 : 50 ---

[...ptanira] ing jawi | nimbali kancanira ||

23. hèh sakèhe kănca-kănca mami | timbalane jêng sang adipatya | ingsun kinèn buru banthèng | julig saba kêdhatun | iya sapa ingkang udani | ênggone Kamandaka | Nitipraya matur | kawula ingkang uninga | sabên pasamuwan pangêbatan prapti | ngabên sawung karyanya ||

24. angandika Radèn Siliwarni | yèn mangkono sira ingsun gawa | anuduhakên rupane | lawan ênggone iku | banthèng julig kang saba puri | uwis nuli dandana | ingsun mangkat gupuh | pan amung sira pribadya | kang sun gawa dene kancanira sami | baris pêndhêm nèng marga ||

25. yèn Kamandaka liwat nèng margi | lamun pangkat ênêngna kewala | adhangên undure bae | ya dadia pitulung | mênèk ana ing tiwas mami | uwis padha dèn yitna | radèn pangkat gupuh | lan Nitipraya kewala | bêkta sawung ing pangêbatan kinapti | wus lêpas lampahira ||

26. ênêngêna Radèn Silihwarni | kawarnaa Radèn Kamandaka | kang lagya lênggah pondhoke | rintên dalu mung sawung | kang dèn ulig siyang lan ratri | sawungira satunggal | pun mrêcu ranipun | apelag wulu wido bang | asring mênang akathah pakayannèki | kalangkung kinasihan ||

27. siyang dalu datan kêna têbih | yèn asare Radèn Kamandaka | pan sinandhing kurungane | punika purwanipun | pan ing têmbe dipun dhukuhi | ran dhukuh Kurangayam | nênggih labêtipun | kurungane Kamandaka | dadya

--- 1 : 51 ---

tangtu kurungan tuwuh dadya pring | sadhapur angrêmpayak ||

28. duk samana rahadèn lumaris | arsa nglurug marang pangêbatan | lan Rekajaya rewange | sarwi angêmban sawung | tan kawarna marga wus prapti | nênggih ing pangêbatan | pasamuwan agung | wau Radèn Silihwarna | sampun dangu lan Nitipraya alinggih | amor lan botoh kathah ||

29. nulya Radèn Kamandaka prapti | tirah êlèr kilèn pasamuwan | lan Rekajaya rewange | ngêmban sawung nèng pungkur | ya ta Nitipraya udani | marêk mring Silihwarna | bêbisik turipun | lah punika Kamandaka | sampun prapta Dyan Silihwarna ningali | warnane Kamandaka ||

30. baya wus karsaning dewa luwih | dahat pangling Radèn Silihwarna | tan uninga yèn kadange | miwah kang raka wau | Kamandaka pan samar ugi | tan wruh yèn arinira | saking laminipun | dènira apêpisahan | sarta salin nama sigra Silihwarni | anyandhak sawungira ||

31. Radèn Silihwarna asru angling | marang rencange Ki Nitipraya | ayam kang wido bang kae | payo tinandhing gupuh | iya lawan ayamku iki | arame ingsun sawang | nanging karêp ingsun | aja na wong garap ayam | ambyur dadi apa bêjane pribadi | singa ingkang kacèka ||

32. Nitipraya anauri aris | bilih ingkang gadhah botên suka | tan angsal garap jagone | Silihwarna amuwus | lamun ora awèh ya uwis | nulya bêbotoh kathah | sami [sa...]

--- 1 : 52 ---

[...mi] saur manuk | anabda mring Kamandaka | inggih dawêg bagus kula tumut nêmpil | ngêtohi sawung dika ||

33. ing pangraos manah kula ngriki | yèn ningali wangwange kang ayam | mênang sakalir barange | sawung dika abagus | mênang agêng lan mênang inggil | otot măngsa kantuna | kalih mênang tau | pun mrêcu pan asring mênang | pan ing mangke punika mungsuhe alit | inggih ajrih punapa ||

34. ya ta Radèn Kamandaka ngèli | anut rêmbuge bêbotoh kathah | Kamandaka lon wuwuse | gih kănca kula nurut | nanging kula sambut pribadi | sawung kula punika | Silihwarni ngrungu | langkung suka manahira | dene Kamandaka anyambut pribadi | angling Dyan Silihwarna ||

35. inggih suwawi kula ladosi | sanadyan sawung kula punika | sinambut tiyang tan awèh | kula dhewe kang nambut | pintên tohe kula ladèni | Kamandaka lingira | kêdhikan tohipun | katiga bêlah kewala | pan punika kalêbêt kang tumut nêmpil | kănca bêbotoh kathah ||

36. Radèn Silihwarna anauri | gih sampun dados katiga bêlah | pan kula andhèrèk bae | dawêk sami ambanyu | nulya sawung sami winarih | lan pinakanan sêga | Silihwarna wau | kang nyêpêng kêkopohira | Nitipraya Radèn Kamandaka nênggih | ngopohi Rekajaya ||

37. ri sampunnya kang sawung winarih | Radèn Silihwarna wuwusira | dawêg sami ngêculake | Dyan [Dya...]

--- 1 : 53 ---

[...n] Kamandaka gupuh | ngêculakên sawungirèki | nanging Dyan Silihwarna | anginggati mundur | kinadho Dyan Kamandaka | Silihwarna sawunge dèn brukkên aglis | marang Dyan Kamandaka ||

38. ingkang pinrih jaja nanging sisip | sawung kaliwat mring lambung kiwa | patrêm kang nèng sawiwine | naratas murug lambung | Kamandaka angraos pêrih | anulya tiningalan | lambung kiwanipun | adrês kang ludira muncar | Kamandaka bramantya tur awor isin | salaminira gêsang ||

39. dèrèng uning ing ludiranèki | têmbe mangke uning ludiranya | sigra sawunge mungsuhe | cinandhak gya tinapuk | apêplajêng binanting siti | pun kilat babar pisan | samana wus lampus | Dyan Silihwarna bramantya | gya nêrajang pan sarwi anarik kêris | asru panudukira ||

40. Kamandaka prayitna nadhahi | panuduke Radèn Silihwarna | wus ping tiga panggocone | tan busik kulitipun | Kamandaka sigra malêsi | sinuduk lambungira | Silihwarna pêngkuh | tan busik wulu salêmbar | sigra Radèn Kamandaka nyandhak êcis | sinabêt lambungira ||

41. Silihwarna aniba gumuling | binuntar ing landheyan cisira | radèn kapidhara suwe | bêbotoh bubar larut | ajrih mulat mring radèn kalih | gègèr tunjang-tinunjang | swarane gumuruh | wau ta Ki Rekajaya | nyandhak sawung pun mrêcu ingêmban aglis | sigra Ki Nitipraya ||

42. myat Silihwarna gumuling siti | pêksa tulung sigra anêrajang | tinadhahan cis lambunge | nibèng [ni...]

--- 1 : 54 ---

[...bèng] pratala lampus | Kamandaka èngêt ing galih | pan dede wadinira | rumaosing kalbu | yèn dadi maniking praja | mundur ririh Ki Rekajaya tan kari | pangêbatan kawuntat ||

__________

IX. Radèn Kamandaka Binujung dhatêng Radèn Silihwarni Sabalanipun.

11. Pangkur

1. warnanên kang ngadhang marga | pra prajurit kang sami mêndhêm baris | tigang atus kathahipun | kancane Silihwarna | kagyat myarsa swaraning jalma gumuruh | wus nyana yèn sida karya | prasamya prayitnèng wèsthi ||

2. kănca satunggal kèn mêdal | yèn ana wong liwat kinèn nakoni | ingkang kinèn mêdal gupuh | ya ta datan antara | pan anuju bêbotoh ingkang lumayu | gya ingandhêg tinakonan | apa rame-rame iki ||

3. ingkang tinanya saurnya | apan wontên satriya păncakawis | ing jro pasamuwan agung | kang tanya wangsul enggal | panggih lan kancane wus sinungan tutur | saujare kang lumampah | gya samya prayitnèng wèsthi ||

4. wus tinata barisira | ngapit marga gêng-gêng dahat ngajrihi | Dyan Kamandaka winuwus | lampahira wus mêdal | saking marga wus andungkap ing marga gung | gya miyat têngahing marga | baris gêng-gêng angajrihi ||

5. radèn wus prayitnèng baya | lajêng ngalèr Rekajaya tan [ta...]

--- 1 : 55 ---

[...n] kari | kang baris awas andulu | èstu yèn Kamandaka | sigra mangsah kang prajurit tigang atus | rahadèn kinêpang-kêpang | tan kewran panêmpuhnèki ||

6. nêmpuh kering nêmpuh kanan | kang prajurit suraknya asru anjrit | radèn pangamuke liwung | kèh prajurit kabranan | Kamandaka amung cis gêgamanipun | nèng asta kadya kitiran | murub mubyar pan mêtyagni ||

7. giris kang samya tumingal | dadya ora wani amarêpêki | kinandhang-kandhang kinêpung | sing kadohan kewala | lajêng ngalèr rahadèn ing urung banyu | nut udhik lèpèn Logawa | prapta wetan Langgongsari ||

8. warnanên kang kapidhara | Radèn Silihwarna sampun anglilir | papungun kagyat andulu | yèn Nitipraya pêjah | tatu jaja Kamandaka tan kadulu | bramantya sumusul sigra | anut salasahing gêtih ||

9. akêbat panusulira | sampun prapta sawetan Langgongsari | nanging kasaput ing dalu | panggih lan wadya kathah | Radèn Kamandaka ingkang tinut pungkur | nabrang ngilèn lampahira | sakilèning Langgongsari ||

10. sawetaning Situsêkar | Kamandaka rêrêp kasaput latri | kang prajurit kawan atus | myang Radèn Silihwarna | datan kantun saparane tinut pungkur | angêpung panggenanira | Kamandaka ingkang pinrih ||

11. ing dalu datan winarna | enjangira sang hyang surya wus mijil | mojar Dyan Silihwarnèku | mring wadyabala kathah | iki rungokêna padha prentah ingsun | aja na

--- 1 : 56 ---

kang milu yuda | ingsun dhewe kang ngêmbari ||

12. amungsuh Si Kamandaka | iya ingsun ujane padha siji | kajaba ingong kapupu | apa sakarêpira | yèn sun waras mung surake kang sun jaluk | kancane matur sandika | sigra Radèn Silihwarni ||

13. mrêpêki mring Kamandaka | payo Kamandaka padha ajurit | Dyan Kamandaka sumaur | ya apa karêpira | ya ta Radèn Kamandaka mundur cancut | têtali wănda umangsah | Dyan Silihwarna nadhahi ||

14. rame rok têmpuhing yuda | silih-ungkih candhak banting-binanting | akuwêl tapuk-tinapuk | ganti dugang-dinugang | dangu rame katanggor padha tosipun | ajogol udrêg-udrêgan | purwane punika nguni ||

15. panggenanipun ayuda | pan ing têmbe apan dipun dhukuhi | Ajogol araning dhukuh | dalah mangke katêlah | kawarnaa ingkang aprang sampun dangu | yèn sayah ngaso kalihnya | yèn wus ngaso aprang malih ||

16. angling Radèn Kamandaka | payo ngalih panggonaning ajurit | kang adoh saking praja gung | nutug sakayunira | nora cuwa Radèn Silihwarna muwus | iya apa karêpira | ingsun iki anuruti ||

17. sigra ngetan lampahira | nabrang dhatêng lèpèn Logawa malih | saparane tinut pungkur | nyabrang ing lèpèn Apa | lajêng ngetan ing lèpèn Jêngok kapungkur | ing lèpèn Bodhas kawuntat | lajêng ngalèr ngetan malih ||

18. tan kantun [kantu...]

--- 1 : 57 ---

[...n] Ki Rekajaya | ngêmban sawung pun mrêcu datan kari | sigra kèndêl lampahipun | kilèn lèpèn Banjaran | Silihwarna lan sawadya kawan atus | anut saparaning mêngsah | kunêng kawuwusa malih ||

19. bêbantu saking nagara | kang tinuduh Adipati Marêsi | kinèn ngenggalakên laku | wau Dyan Silihwarna | sampun prapta Dipati Marêsi pangguh | mojar marang Silihwarna | hèh ta adi Silihwarni ||

20. timbalane sang dipatya | sun kinèn ngenggalkên lampahirèki | Rahadèn Silihwarnèku | aturira sandika | ya ta Radèn Kamandaka duk andulu | yèn wontên bêbantu prapta | prayitna wus nyandhak êcis ||

21. sigra Radèn Silihwarna | angabani ing wadya kawan biting | tuwin wadya ingkang bantu | sarêng dènnya umangsah | Radèn Kamandaka tan kewran ing kewuh | anêmpuh ngamuk manêngah | lir banthèng katawan kanin ||

22. wong bêbanton bubar-bubar | ingkang pêngkuh kèh kanin akèh mati | tuwin wadya kawan atus | kèh kanin kèh palastra | Silihwarna akiwul-kiwul kawangsul | sadina dènira yuda | tan ngobêri pamuknèki ||

23. pan punika purwanira | wana iku ing têmbe dèn dhukuhi | desa Kobêr wastanipun | ya ta Dyan Kamandaka | dènnya aprang malah kasaput ing dalu | rahadèn mundur lon-lonan | karsanira angoncati ||

24. dene karasa kaninnya | sêdyanira singidan wetan kali | arsa nabrang ngetan gupuh | kapêpêtan ing mêngsah [mêng...]

--- 1 : 58 ---

[...sah] | mingêr ngalèr Kamandaka lampahipun | amlipir pinggir banjaran | amanggih dhawuh anênggih ||

25. anglêrêsi ing sabrangan | arsa dipun turut margine rumpil | nulya binobosan gupuh | punika purwanira | sakilèn bêndungan têmbe dadya dhukuh | ingaran dhukuh Bobosan | katêlah dalah samangkin ||

26. wau lampahe Rahadyan | Kamandaka nabrang ngetan lêstari | nulya lumêbèng wana gung | tulus dènnya singidan | sêdya ngaso sayah dènnya aprang pupuh | lan karaos kaninira | sapraptanirèng wanadri ||

27. Rekajaya kinèn enggal | mêndhêt godhong têpus badhe kinardi | lèmèk sareyan sang bagus | tan dangu sampun angsal | wus binèbèr sigra sareyan sang bagus | mawi karangulu sela | Ki Rekajaya mêtêki ||

28. warnanên Dyan Silihwarna | sarewange tuwin Dipati Mrêsi | dènira ngaso wus dangu | mungsuhe tan katingal | anggraita lamun morod mêngsahipun | wus kinèn anitik enggal | sigra dènira anitik ||

29. katur yèn ngalèr lantunnya | nurut ing satirah lèpèn manginggil | gya bêdhol kang baris agung | nurut ingkang salasah | tirah lèpèn prapta ing bêndungan sampun | gya mingêr nabrang mangetan | praptèng têpining wanadri ||

30. mangu kang wadya pangarsa | dene larinira malbèng wanadri | arsa nusul langkung takut | rungkud kang ponang wana | lan kaetang digdayanira

--- 1 : 59 ---

kang mungsuh | tur dalu langkung pêtêngnya | nadyan mawi obor sami ||

31. ing tyas kêdah mêlang-mêlang | dadya wingwrin sagung para prajurit | nulya kèndêl lampahipun | sami apagunêman | Radèn Silihwarna alon muwusipun | lah paran budine baya | angling Dipati Marêsi ||

32. yèn mungguh rêmbug manira | ingkang wana dèn idêrana baris | mring para prajurit agung | dèn kongsi têmu gêlang | karuhane bacute jêdhêg kang lantun | măngsa ora katêngêra | Silihwarna duk miyarsi ||

33. Dipati Mrêsi rêmbugnya | kapanujon mring Radèn Silihwarni | sigra matah wadyanipun | kinèn ngidêri wana | gya lumampah para prajurit tinuduh | apan sampun têmu gêlang | katur yèn jêdhêg kang lari ||

34. sigra Radèn Silihwarna | matah wadya kinèn nêpungkên baris | kang têlung mêdahab iku | lèr kidul lawan wetan | amung kulon kang linowongakên iku | pan sampun têpung barisnya | suka Radèn Silihwarni ||

35. panggraitane rahadyan | nadyan uwal malih tan sagêd têbih | yèn mêtu mangulon iku | pan parêk lawan praja | sigra Radèn Silihwarna mundhut asu | badhe kinèn nglêbonana | kang singidan nèng wanadi ||

36. datan antara wus angsal | kang sêgawon linêbêtakên aglis | kinèn manjing mring wana gung | ponang sêgawon mangsah | malbèng wana lampahe angingus-ingus | warnanên kang nèng jron wana | mirsa yèn sinusul nganjing ||

37. sigra [si...]

--- 1 : 60 ---

[...gra] matak pambungkêman | asu sampun praptèng ngarsa sang pêkik | nanging tan purun angalup | anggung minggu kewala | kinèn nyêpêng mring Ki Rekajaya sampun | asu sampun kinurungan | punika purwane nguni ||

38. wana iku têmbe dadya | iya dhukuh ingaran Karang Anjing | ya ta warnanên wus esuk | rahadèn arsa mêdal | wus pinriksa keblat sakawan puniku | ingkang nora binarisan | ingkang kilèn lowong nênggih ||

39. wau kang angêpung wana | samya nilingakên swaraning anjing | nanging tan ana karungu | samya kaku tyasira | baya marang ngêndi parane kang asu | apa ta tinêkuk macan | dene ora kapiyarsi ||

40. wau Radèn Kamandaka | lajêng mêdal Ki Rekajaya ngiring | dhatêng keblat kilèn wau | kang datan binarisan | lajêng nabrang ngilèn wau lampahipun | kang ngêpang datan uninga | sapraptane kulon kali ||

41. Dyan Kamandaka sêsumbar | Silihwarna nusula yèn prajurit | nanging aja gawa batur | payo aprang tandhingan | kagyat myarsa wau ingkang baris agung | sigra bêdhol kang gêgaman | nututi mring kilèn kali ||

42. Dyan Silihwarna bramantya | mêmpêng ing tyas sigra nrêgakên baris | praptèng kilèn lèpèn sampun | Kamandaka wus têbah | pan sinêrêg lampahing baris gumuruh | apan ta untap-untapan | ing lèpèn Jêngok wus prapti ||

43. baris kèndêl pirêmbagan | Radèn Silihwarna asru dènnya ngling |

--- 1 : 61 ---

hèh sakèhe kancaningsun | kabèh padha kariya | ingsun dhewe iya kang bakal anusul | ing lakune Kamandaka | marmane ing mangko iki ||

44. yèn ingsun gawa wong kathah | têmah rubêd nora bisa nututi | kalawan wus sêdyanipun | iya Si Kamandaka | kudu arsa aprang tandhing lawan ingsun | yèn ingsun mawia wadya | pasthi iku oncat malih ||

45. padha lumakuwèng wuntat | apan ingsun andhingini pribadi | Dyan Silihwarna anusul | wantêr tan mawi bala | kawarnaa Kamandaka lampahipun | wus prapta ing lèpèn Apa | lajêng anrucuk ing udhik ||

46. ludiranya maksih mêdal | saking tatuk kakècèr urut margi | Ki Rekajaya tan kantun | angêmban sawungira | Kamandaka maksih lajêng lampahipun | praptèng udhik lèpèn Apa | amanggih sela lir wukir ||

47. sela gung wus ingunggahan | majêng ngidul kang ludira drês mijil | amili nurut kang watu | Rekajaya aturnya | lah suwawi singidan mênèk sinusul | Radèn Kamandaka mojar | hèh paman mirea aglis ||

48. dimèn Silihwarna prapta | apan ora nêdya ingsun oncati | singa bêgya amrih lampus | ucapên Silihwarna | kang anusul anut salasahing marus | pan sinêrêg lampahira | wus prapta ing sela iki ||

49. Silihwarni sumbar-sumbar | Kamandaka sira aja ngoncati | pan ingsun iki anusul | lamun tuhu prawira | lah

--- 1 : 62 ---

mudhuna payo aprang takêr marus | wau Radèn Silihwarna | curigane wus tinarik ||

50. payo aprang nèng buntala | aja sira manggung nèng sela nginggil | Dyan Kamandaka sumaur | Silihwarna munggaha | payo kene aprang saluhuring watu | angadu pucuking braja | lah padha agênti kêris ||

51. lamun ingsun gumingsira | kaya dudu atmajaning nrêpati | Silihwangi ratu agung | kang angrèh Pajajaran | lah rêbutên Banyak Catra iya ingsun | putra sêpuh Pajajaran | măngsa sun wêdia mati ||

52. angur aja alêlana | Radèn Silihwarna kagyat miyarsi | sinarungkên dhuwungipun | ambruk nungkêmi sela | sru karuna sêsambate mêlasayun | dhuh kangmas sadulur ingwang | salawase sun ulati ||

53. nuli têmah katambuhan | kaniaya dene dhingin tan warti | kawula kalangkung pandung | kangmas nuhun aksama | dene ngantos kaprêjaya têmah tatu | kagyat Radyan Kamandaka | ana mungsuh anangisi ||

54. ngandika lah sira sapa | dene nangis iya amêlasasih | kang rayi alon umatur | kula rayi paduka | gih pun Banyak Ngampar kangmas awak ingsun | kagyat Radèn Banyak Catra | anulya tumurun aglis ||

55. kang rayi rinangkul sigra | kalihira karuna amlasasih | wus dangu rangkul-rinangkul | kalih èngêt wentehan | nulya pisah pan samya tata alungguh | ingkang rayi atur sêmbah | ngaras pada nguswèng siti ||

56. wus lênggah alon [alo...]

--- 1 : 63 ---

[...n] aturnya | kakang êmas lampah kula tinuding | dhatêng kangjêng rama prabu | animbali paduka | dhuh kakang mas ing mangke suwawi kondur | rama prabu sampun sêpah | paduka jumênêng aji ||

57. kang raka alon ngandika | gampang yayi iku kêtêmu buri | balik ta lakunirèku | ari mas wong dinuta | marang Kyai Adipati Pasir Luhur | ing mangke paran rèhira | manawa dèn arsi-arsi ||

58. ingkang rayi lon aturnya | wêlingipun Adipati ing Pasir | upami paduka lampus | kêsambut ing ayuda | inggih galih paduka ingkang pinundhut | lan êrah paduka kangmas | badhe linăngga kang gêtih ||

59. kang galih arsa dhinahar | ingkang raka pangandikanira ris | iya gampang yayi iku | ya ta Ki Rekajaya | mulat gusti wus atut lan mêngsahipun | sigra marêk Rekajaya | gagêtun dènnya ningali ||

60. angling Radèn Kamandaka | paman Rekajaya gustimu iki | apan iya ariningsun | kang kèri nèng nêgara | anyuwita mring dipati Pasir Luhur | dinuta mring sang dipatya | kinèn amrih pati mami ||

61. hèh paman sira sun duta | marang gone asu kang makurungi | yèn wus prapta goning asu | kang asu patènana | ya gawanên kang êrah lan atinipun | nanging dèn bêcik ing marga | yèn kapranggul lan wong Pasir ||

62. sandika Ki Rekajaya | sigra mangkat mangetan lampahnèki | murih ja kongsi kapranggul | lan wong Pasir lampahnya | tan kawarna

--- 1 : 64 ---

ing marga prapta gon asu | kang asu wus pinêjahan | atine sampun ingambil ||

63. lan gêtihe winadhan | nulya wangsul Ki Rekajaya aglis | tan adangu lampahipun | praptèng gènnya rahadyan | sampun katur kang ati lawan rahipun | sigra Radèn Banyak Catra | ngandika dhatêng kang rayi ||

64. lah yayi iki aturna | iya marang Sang Adipati Pasir | matura yèn galih ingsun | kalawan gêtih ingwang | dimèn sang adipati marêm ing kalbu | wus măngsa bodhoa sira | kang rayi matur wotsari ||

65. sigra wangsul lampah enggal | êrah lawan galih sampun cinangking | sampun têbah lampahipun | tan antara kapanggya | lan kancane kawan atus kang anusul | tuwin Marêsi Dipatya | wus panggih lan Silihwarni ||

66. Radèn Silihwarna mojar | inggih kakang Adipati Marêsi | kakang kula turi kondur | inggih dhatêng nagara | ngaturakên galih lawan êrah wau | galihipun Kamandaka | lan êrah pinundhut nguni ||

67. wondene kawula mangkya | badhe wangsul pan arsa angulati | Kamandaka rencangipun | inggih dèrèng kacandhak | Rekajaya apisah lan gustinipun | arsa sun sasak ing wana | hèh sakèhe kănca mami ||

68. mèlua mulih mring praja | anjaluka gilir kănca kang kèri | nuli ingsun enggal wangsul | yèn sêlak kêtilapan | sigra Radèn Silihwarna wangsul gupuh | rah lan galih wus tinampan | dening Dipati [Dipa...]

--- 1 : 65 ---

[...ti] Marêsi ||

69. gya Dipati Mrêsi budhal | myang prajurit kawan atus umiring | tan kawarna lampahipun | praptèng Pasir nagara | Adipati Marêsi lajêng malêbu | ing pura lajêng tumama | ing byantarèng adipati ||

70. angaturakên kang êrah | lawan galih katur sasolahnèki | datan kirang datan langkung | purwa praptèng wêkasan | sang dipati kalangkung suka tyasipun | dene kalilipe ical | sigra risang adipati ||

71. êrah lan galih dhinahar | mamêntahan langkung suka tyasnèki | kinêcap ginilut-gilut | sang dipati sru mojar | kalingane Kamandaka atinipun | dene ta sun kêcap-kêcap | rasane lir ati anjing ||

72. pantês iku mangkonoa | duk uripe solahe kadya anjing | kaliwat bêlêr ambêsur | sok malêbèng jro pura | apan Silihwarna yèn têka ing besuk | bakal sun ganjar nagara | iku ingkang mêgat kardi ||

Lajêng nyandhak jilid 2.

__________

--- 1 : [66] ---

Isinipun

Kaca:

I. Radèn Banyak Catra tinantun krama ... 3
II. Radèn Banyak Catra kapupu dhatêng Kyai Patih ing Pasir Luhur ... 8
III. Radèn Banyak Catra pêpanggihan kalihan Dèwi Ciptarasa ... 15
IV. Radèn Kamandaka kinroyok ing prajurit Pasir Luhur ... 25
V. Kyai patih katêmpah nyêpêng Radèn Kamandaka ... 31
VI. Radèn Kamandaka binujung-bujung lajêng ambyur ing kêdhung ... 38
VII. Radèn Gagak Ngampar nyuwita ing dipati Pasir ... 41
VIII. Radèn Kamandaka mondhok ing griyanipun Nyai Răndha Krêti ... 45
IX. Radèn Kamandaka binujung dhatêng Radèn Silihwarni sabalanipun ... 54

__________


§ Sêrat Radèn Kamandaka, punika kathah cocogipun kalihan Sêrat Babad Pasir, ingkang kawêdalakên dhatêng tuwan J. Knebel, kawrat ing Verh. Bat. Gen jilid LI. Sêrat Babad Pasir botên namung samantên, taksih wontên lajêngipun. (kembali)
§ Sêrat Radèn Kamandaka, punika kathah cocogipun kalihan Sêrat Babad Pasir, ingkang kawêdalakên dhatêng tuwan J. Knebel, kawrat ing Verh. Bat. Gen jilid LI. Sêrat Babad Pasir botên namung samantên, taksih wontên lajêngipun.
Teks asli: Asmarandana (kembali)
Teks asli: Asmarandana
Kamandaka (kembali)
Kamandaka
Kurang satu suku kata: aparak Branangsiyang (kembali)
Kurang satu suku kata: aparak Branangsiyang
Lebih satu suku kata: apa tan alanang (kembali)
Lebih satu suku kata: apa tan alanang
jênjêmipun (kembali)
jênjêmipun