Wirid Handayaningrat, Soemodidjojo Mahadewa, 1954, #799

JudulCitra
Terakhir diubah: 23-10-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

WIRID HANDAJANINGRAT

Kramanipun Kiyai Agêng Pêngging. Punapadene wêwêjanganipun nalika madêg paguron.
[Grafik]
Cithakan kapisan.
Kawêdalakên dening badan pênêrbit "SOEMODIDJOJO MAHADEWA" ing praja dalêm Ngayogyakarta Hadiningrat.
1954.

--- [1] ---

WIRID HANDAJANINGRAT

Kramanipun Kiyai Agêng Pêngging, punapadene wêwêjanganipun nalika madêg paguron.
Cithakan kapisan.
Kawêdalakên dening badan pênêrbit "SOEMODIDJOJO MAHADEWA" ing praja dalêm Ngayogyakarta Hadiningrat.
1954.

--- [2] ---

[...]

--- [3] ---

WIRID HANDAJANINGRAT

KIYAI AGÊNG PÊNGGING KRAMA.

Kacariyos Prabu Handayaningrat ing Pêngging, punika anggarwa Kanjêng Ratu Pambayun putranipun Prabu Brawijaya ing Majapait ingkang pungkasan. Dados Prabu Handayaningrat wau putra mantunipun Prabu Brawijaya. Sang Prabu Handayaningrat kagungan putra kakung kêkalih, putra ingkang sêpuh nama Kêbokanigara, ingkang anèm Kêbokênanga. Sabêdhahipun kraton ing Majapait, ing Pêngging botên wontên ingkang jumênêng ratu. Kêbokanigara lolos anilar ing Pêngging, kesah dhatêng ing rêdi Mêrapi, tutruka wontên ing riku amatiraga, têmah mukswa wontên ing sapucaking rêdi Mêrapi. Dene Kêbokênanga, têtêp dêdunung manggèn ing Pêngging. Sarèhning botên gumantos nata, lajêng namung katêlah nama Kiyai Agêng Kêbokênanga, lan ugi lajêng pindhah nama nunggak sêmi ingkang rama, nama Kiyai Agêng Handayaningrat, lajêng karan Kiyai Agêng ing Pêngging.

Kiyai Agêng Pêngging gêntur tapabratanipun, sumêdya wadat botên mêngku wanudya. Ing satunggaling dintên ing wanci ndalu, Kiyai Agêng nampi sasmita, botên rinilan ing Pangeran bilih anglampahana wadat botên mêngku wanudya. Kiyai Agêng tumuntêna krama dhaup kalihan Rara Alit anakipun Kiyai Agung Gugur. Rara Alit wau sêdyanipun ugi badhe wadat, botên purun kawêngku ing priya. Kiyai Agêng Pêngging kêdah anglampahi mêndhêt bojo Rara Alit wau, sabab sampun pinasthi badhe kangge lantaran anurunakên wijining ratu binathara ingkang linangkung, amêngku ing tanah Jawi têrah-tumêrah.

Kiyai Agêng Pêngging manggihi kadangipun sêpuh nunggil guru, nama Kiyai Agêng Tingkir, rêrêmbagan kadospundi prayoginipun ingkang kêdah linampahan. Gêlênging rêmbag lajêng badhe pangkat dhatêng Gugur madosi Rara Alit ingkang kacêtha ing wangsit. Nanging lampahipun wau badhe mampir rumiyin dhatêng Butuh tuwin Ngêrang, manggihi Kiyai Agêng.

Sarêng lampahipun Kiyai Agêng Tingkir tuwin Kiyai Agêng Pêngging dumugi ing Butuh, kalêrêsan dene Kiyai Agêng Ngêrang pinuju wontên ing Butuh ngriku. Kiyai Agêng Pêngging lajêng sajarwa dhatêng Kiyai Agêng Butuh lan Kiyai Agêng Ngêrang, anggènipun badhe anêtêpi dhawuh wasitaning Pangeran. Para kiyai agêng wau sami jumurung lan sangêt suka sukuring Pangeran.

Kiyai agêng sakawan pisan sami nunggil karsa, sarta tumuntên sami badhe pangkat dhatêng ing padhukuhan Gugur. Sarêng lampahipun dumugi ing wana Jatisari, dumadakan kapêthuk kalihan tiyang lêlampah, inggih punika Kiyai Agêng Gugur lan anakipun èstri Rara Alit ingkang kalêbêt ing wêca. Ki Agêng Tingkir botên kasamaran lajêng pitakèn dhatêng ingkang lêlampah wau, pundi ingkang pinangka lan ingkang sinêdya, punapadene sintên namanipun. Ingkang tinakenan sajarwa, bilih nama Kiyai Agêng Gugur, pêrlu ngupadosi Kiyai Agêng Pêngging, ingkang sampun kacêtha ing wangsit, bilih Kiyai Agêng Pêngging wau ingkang badhe dados jatukramaning anakipun èstri nama Rara Alit, ujaring wangsit wau yèn kalampahan, ing têmbe badhe anêrahakên ratu agung anyakrawati ambêg paramarta sarta sêkti mandraguna.

--- 4 ---

Kiyai agêng sakawan sarêng mirêng wangsulanipun Kiyai Agêng Gugur sami suka ing nggalih, dene andaradasihi. Kiyai Agêng Tingkir ugi mrasajakakên bilih anggènipun tiyang sakawan sami lêlampah sêsarêngan punika dhapur kalêrêsan, margi lampahipun wau ugi botên beda kalihan Ki Agêng Gugur anggènipun sami nunggil prêlu anuhoni dhawuhing Pangeran, ngupadosi Rara Alit ingkang têtela cinadhang badhe dados garwanipun Kiyai Agêng Pêngging.

Pinanggihing rêmbag sarèhning sampun sami pinanggih, Kiyai Agêng Gugur, lan Rara Alit lajêng mantuk dhatêng griyanipun ing Gugur, kaêtut wuri sêsarêngan kalihan Kiyai Agêng Pêngging, Kiyai Agêng Tingkir, Kiyai Agêng Butuh tuwin Kiyai Agêng Ngêrang.

Sadumuginipun ing Gugur, gancaring cariyos Kiyai Agêng Pêngging kadhaupakên kalihan Rara Alit. Dumugining masa pêputra kakung satunggal, pêparab Mas Karèbèt, katêlah nama Radèn Jaka Tingkir, margi Mas Karèbèt wau kapêndhêt putra dhatêng Kiyai Agêng Tingkir. Ing pawingkingipun lajêng jumênêng ratu binathara ing nagari Pajang, jêjuluk Prabu Hadiwijaya, jumênêngipun nata ing nagari Pajang ingèstrènan Sunan Kudus. Sajumênêngipun Sang Prabu Hadiwijaya wontên ing Pajang, tanah Jawi manggih tata têntrêm, harja kêrta loh jinawi, mirah sandhang mirah boga wastra, têtiyang satanah Jawi agêng alit sami jibar-jibur amênuhi, sarta sami guyub rukun saeka kapti.

Mangsuli cariyos, Ki Agêng Pêngging têtêp dêdalêm ing Pêngging, dados gêgunungan pitakenanipun têtiyang ing satanah Pêngging, misuwur asmanipun, lajêng madêg paguron. Wontên satunggaling wali mursid nama Sèh Sitijênar, mirêng suwuring asmanipun Kiyai Agêng Pêngging, anggènipun ambêg paramarta, suka têtulung lan lumintu dêdananipun ing sêsami, Sèh Sitijênar sumêdya pinanggih, ugi sampun kalampahan pêpanggihan. Cêkaking cariyos Sèh Sitijênar lajêng puruhita. Sasampunipun Sèh Sitijênar tinetesan ilmu sêjati, lajêng ingakên sadhèrèk sinarawèdi. Dene wêjanganipun Ki Agêng Pêngging, sawatawis kados ing ngandhap punika.

WEJANGAN I

Mungguhing wong makripat, antarane kang ndêlêng karo kang dinêlêng kalawan mata karo, iku têtêp dadi aling-aling. Sirnakna tingale maring kang dèn tingali, aninggalana sira ing Gusti kalawan Gusti lan kumpule tunggal. Kang ndêlêng iya kang dinêlêng, iya jumbuhe kawula, ing batin sira iku sanyata Gusti.

Padha sirnakna têtulisan ing ndalêm sakèhing kitab-kitab, kitab kang padha ngucapake kêkojahing ngèlmu, marga iku uga aling-aling. Yèn ora mangkono dadi sira mung têtêp ngandêl bae, ora nganggo dirasakake surasane, wus têmtu ora bakal nggêpok surasane kang sêjati.

Ing satêmên-têmêne pangucapira, iku iya pangandikaning Allah, raganira iku mung kanggo pikukuh anêksèni ananing Allah. Lamun arsa wêruh iya tinggalana saking sira pribadi, pan sira iku satêmêne kanyataan ingsun, iya sira iya ingsun. Mulane aja pisan ngulati Allah, Allah wis ana sira dhewe.

Pangandikaning Allah, lamun ingsun kapanggih lan kêkasih ingsun, yaiku Mohamad, ingsun têtêp kawula, têgêse kang nêksèni ananingsun.

--- 5 ---

Lamun ora katêmu lan kêkasih ingsun, yaiku Mohamad, têtêp ingsun Gusti (Allah).

Sêjatine Allah iku ora têtêlu, nanging mung siji, iya siji nunggal lan sira manungsa kawulaningsun kabèh. Dene pambabare kanyataan kang dhihin wit sing nukat gaib, sawise tumiba ambabarake gaibe, banjur aran jisim latip, banjur ana sira, ananira ingaran gêtih kang urip, gêtih urip ingaranan Rasulollah ngalaihi wasalam, iya abadan Mohamad, iya patêmoning rasa jati. Gêtih = rah = roh, iya ingaran sadat utawa rasa jati, iya rahsaning dat kang awujud Mohamad, iya wujud badanira iku, ing kono wis wujud tunggal. Allah wus katemu lan kêkasihe, yaiku Mohamad, iya sira iku anane manungsa kabèh, iya kang nêksèni, anêbut anjumênêngake ananing Gusti (Allah).

Allah angandika: Lamun ora ana sira Mohamad (karêpe angarani manungsa), ingsun iya ora ana kang nêbut, Allah iya sira, iya sajatiningsun, iya sira kang sawujud lan ingsun, pêpadhane wêwayangan kang ana sajroning pangilon, iku sanyata wêwayangane kang ngilo, wêwayangan padha karo wujude kang ngilo, ora pisan ana gèsèhe. Rêrasan iki rasakna kang kandhas ana ing atinira.

Lah êndi dununging Allah lan kawula, dene kasêbut Allah wus ana ing manungsa, sarta ora pisah ing anane, atêgês anane kawula (manungsa), iya anane Allah, anane Allah iya anane manungsa. Lamun kawula ngaku Allah, dene anane ora langgêng sarta apês. Mungguh apês lan ora langgênge iku minangka pratandhane yèn sira kawula tulèn, kasandhangan apês lan ora langgêng, yaiku antarane Allah. Allah ngibarate ratu, dene kawula (manungsa), minangka sêsulihe. Apês lan owah gingsire rumangsaa kawula, nanging uga rumangsaa Gusti, awit kaanane nyata tunggal. Solah tingkahe kawula iku saka Allah, atêgês iya solah tingkahe Allah, pêpadhane kayadene wong ngilo, kang ngilo iku Allah, wêwayangane iku kawula, sayêkti nunggal warna, rupa lan sasolah tingkahe. Dadi nyataning Allah iku aran, kang nêbut kawula. Yèn kawula ora ana, Allah iya ora ana, mangêrtine ora ana kang ngucap.

Allah langgêng ing dhèwèke ora loro têlu, nanging mung siji, têgêse siji iku kêbak utawa kêmput, mangrêtine: ing ngêndi bae iya ananing Allah, rupaning Allah, wujuding Allah lan kaanan kabèh bae wus ana ing dhèwèke, iya kang ngandika, kang miyarsa, kang ningali, kang muji, kang nêmbah, kang murba misesa langgêng tan wiwitan tanpa wêkasan. Dumadine kaanan lan lêlakone martabate kanugrahane. Mungguh martabate yaiku:

1. sarira, mêngku lair batin, laire kawula batine Allah, dadi wis luluh lan anane Allah, panêdyane padha sêdyane, kawula iya karsane Allah.
2. pangêrti, krasa rasa rumangsa, ora sêmang-sêmang, têgêse wus ora anggolèki Allah, Allah wus ana awak dhewe.
3. bumi, roh ilapi, roh jasat, tanpa tuduhan.
4. nyawa, anane roh ilapi, têgêse urip iku sawiji, artine sakabèhing kaanan iku tunggal.
5. kanugrahan, kêncênging iman, têguhing tekad, santosaning tandang.

Mungguh kanugrahane:

1. Salat, ngêrèh karsa, cipta lan madhêp sawiji.
2. Takbir, kawruh, wêruh jatining wêruh, yaiku wus nunggal.
3. Budi, cipta panggraita, kang nyipta.

--- 6 ---

4. roh, urip tanpa nyawa, anane ora dèn anakake, têgêse anane pribadi, ora ana kang momori kajaba awake dhewe.
5. sakarat, madhêp, idhêp, mantêp.
6. iman, sukur, tawêkal, sabar.
7. tokid, luluh têtêp ngèstokake.
8. makripat, karsa, rahsa, wisesa pribadi.

Lah êndi wujuding Allah, sapa kang ngucap iku, aja ngira yèn sira dudu Allah, mula dèn awas, waspadakna ing pangarsa, têtêp rasa pangrasane têtêp awas tingale, ora owah, dulu-dinulu dhewe, ucap-ingucap dhewe. Yèn mangkono nyata sampurna salate, wêruh paraning sêmbahyang, paraning asih, paraning ênêng, paraning pangucap, pangrungu, pangambu, paraning lungguh, ngadêg, turu, tangi, lumaku, paraning mangan, nginum, nguyuh, ngising, paraning suka prihatin, paraning keblat, paraning urip, pati, paraning kabèh kang gumêlar, kang kumêlip, gumrêmêt, wus ora samar parane kabèh.

Lah rasukên anane rêrasan iki, yèn wus wêruh lan krasa ing ndalêm ati, simpênên kang primpên, têgêse aja kawêdharake maring liyan kang durung mêruhi ing rasa gaibing Allah.

WEJANGAN II

SINOM

1. lair batin dèn pracaya | karêpe surasa nênggih | antêpira kang santosa | barang parentah Hyang Widi | kang dadi lawan tapsir | aja gumingsir ing kalbu | samobah mosikira | pasrahna karsaning Widi | mobah molah tan liya karsaning Suksma ||

2. racutên ing panarima | iku têtalining eling | lire pambukaning driya | wus tan ana anglabêti | ing mêngko sun jarwani | lakune eklas ing kalbu | napi patang prakara | lawan isbat ingkang tapsir | wujud ngèlmu nursuhud napi lan isbat ||

3. dene wujud têgêsira | ya ana ananing Widi | ngèlmu kawruh têgêsira | ingkang kawruhing Hyang Widi | nur cahya kang sêjati | iya cahyaning Hyang Agung | suhud moklis têgêsnya | ya moklisira Hyang Widi | yèku isbat anane kaanan tunggal ||

4. tunggale kaananing Hyang | iya ananira iki | kawruhing Hyang kawruhira | cahyaning Hyang Maha Suci | iya cahyanirèki | muklising Hyang Kang Ngaluhur | tan ana prabedanya | wruha bedaning atunggil | dadi têtêp ananing Gusti kawula ||

5. mangkono prabedanira | iya ananira iki | winêngku ing kodrating Hyang | sinandi kaduman takdir | sayêktine Hyang Widi | anèng kodrate Hyang Agung | pan kodrating kawula | kumandêl maring ing takdir | eklasêna yèn wus takdire tumêka ||

6. aworing Gusti kawula | jiwanta lawan Hyang Widi | yèn mungkir ing takdirira | mungkir titahing Hyang Widi | punika kapir musrik | lire karêp anyêkuthu | titinên kang sanyata | dadi antêng tur pratitis | titisêna suhud wruhing kodratollah ||

7. jaba jro loroning tunggal | yèku isbat lawan napi | anadene kawruh lirnya | kawruhing Hyang Kang Linuwih | yèku datan kalêmpit | waskitha ing uwis durung | tan kilap datan samar | maring wujud kang sayêkti | dadi tunggal pamoring Gusti kawula ||

8. pan ing kono patrapira | sejene kawruhirèki | sinandhang iradating Hyang | sinêrung aralirèki | têgêse angadhangi | ing driyanira kang

--- 7 ---

wanuh | lan pancadriyanira | wèh pantog pêtênging ati | anênulak maring kawaspadanira ||

9. sarèhne tyas kang santosa | rèhning ngaral kang ngrawuhi | ngarale jênêng manungsa | trimanên ganjaran Widi | pan iku wus wajibing | iradatira Hyang Agung | ing kono yèn wus nyata | têtêpe yèn tunggal karsi | yèku mangka loro-loroning ngatunggal ||

10. sabarang rèh karsa Allah | kudu eklas lair batin | mobah mosiking kawula | mênêng muni mung sadêrmi | anêmbah lan amuji | tan ana jujug-jinujug | kang nyêmbah kang dèn sêmbah | wus awor dadi sawiji | iya Allah ya kawula jatinira ||

WEJANGAN III

Kinanthi

1. dene lakune ing suhud | suhud têgêse wus moklis | moklis wus tan karêm donya | tan ana rêrasan malih | nora lara lan nora sak | tan suka datan prihatin ||

2. kaananing Hyang Maha Gung | purba wasesaning moklis | Hyang Suksma ndhatêngkên alam | mayang karya bumi langit | isèn-isèning bawana | manungsa tinitah luwih ||

3. tan na uni tanpa wujud | kang awujud tanpa uni | tanpa rupa tanpa ganda | ana ganda tanpa nami | kang wujud datanpa nyawa | kang nyawa datanpa osik ||

4. ana wêning tanpa ndulu | pandulune tan mêruhi | kang maujud tanpa rupa | ana swara tan kapyarsi | kang wujud datanpa rupa | kang rupa datan kaèksi ||

5. kang lungan datanpa mantuk | kang mulih tan lunga nguni | warna-warna titahing Hyang | sinandhang titahing Widi | sami sinung kanikmatan | mupangat murahing Widi ||

6. sajati-jatine iku | kang murba misisèng dasih | tunggal lawan moklisira | tan ana sipat kêkalih | wruha bedaning ngatunggal | lair batin nyatanèki ||

7. adhêpna idhêpirèku | dununging Hyang Maha Luwih | têtêp idhêp wus nèng sira | aja was sumêlang malih | lair kwula batin Allah | poma dèn santosèng ngèlmi ||

WEJANGAN IV

Gambuh

1. Ki Agêng Pêngging muwus | sajatine kang aran Allahu | sanyatane anane badan pribadi | aja mamang jroning kalbu | tancêbna ingkang akukoh ||

2. ananging kudu-kudu | dèn alingi ywa katarèng sêmu | kawruhana anane kang nukat gaib | gaibing Allah puniku | lan rasul kalangkung elok ||

3. kumpul lan pisahipun | anêng karsa wisesa puniku | nukat gaib dadi kanyataan yêkti | ananing sira puniku | padha kakênan ing kono ||

4. Allah Mohamad iku | dene têgêse ingkang karuhun | Allah iku jatining aran sayêkti | wujud mokal têgêsipun | jatining Pangeran kono ||

5. dene ta têgêsipun | ingkang akyan kajariyah iku | sajatining wêwayangan ana dening | Allah Mohamad liripun | sajatining Allah kono ||

--- 8 ---

6. ya sajatine rasul | anapun kang aran Allah iku | pan sarira de kang aran sarirèki | nênggih rahsa ya rahsèku | datollah ingkang kinaot ||

7. ing datolah puniku | ya dat rasul têgêse ya ingsun | ingkang purba jati langgêng wisesèki | yaiku sajatinipun | nukat gaib pan mangkono ||

8. dene dununganipun | iya ana ing asma pêpitu | kawruhana pan puniku sajatining | ing rupa Mohamad Rasul | nênggih lamlam kang sawiyos ||

9. mata ping kalihipun | ping tri wajah niyat ping patipun | kaping lima iman kaping nême tokid | sarengat kang kaping pitu | têgêsipun winiraos ||

10. lamlam tunggal jêjuluk | têgêse mata tunggal pandulu | ingkang wajah tunggal kaanan lirnèki | têgêse niyat puniku | jênêning kaanan awor ||

11. têgêsê iman iku | tunggal rahsa tokid tunggal wujud | têgêse kang sarengat pan samêktaning | kaanan tunggal jatiku | ya jatining salat kono ||

12. salat kang limang wêktu | ngadêg jênênging kaananipun | dene rukuk tunggale kaanan tuwin | asujud pan mulyanipun | nênggih ing kaanan kono ||

13. kaanan jatinipun | jati karsa purba wisesèku | dening lungguh sampurna kaanan jati | nênggih tunggal rahsanipun | tunggaling kaanan ingong ||

14. rahsa jati karsèku | karsa wisesa priyangganipun | têgêsipun nyata yèn ing jasat iku | anggoning chak subkhanahu | watangala kang kinaot ||

15. dening kalipahipun | ing ngêkak nênggih Allah puniku | kalipahing Allah pan Mohamad tuwin | Mohamad kalipahipun | pan Adam-Adam gumantos ||

16. mukmin kalipahipun | kalipahing mukmin chak satuhu | kalipahe chak iya chak sayêkti | aja mamang dèn tuwajuh | antêp kang wus winiraos ||

17. dene padha lumaku | têka kêdhampalan layu-layu | kudu adrêng lunga Mêkah munggah kaji | lah apa kang dipun luru | tan liya yêkti mangkono ||

18. Mêkah Madinah iku | kakbatolah wus anèng sirèku | yèn wus wêruh êrose kang sêmbah puji | apamanèh pinaèlu | kana kene ya ing kono ||

19. kono kene liripun | apan sampun anèng ing awakmu | ngèlingana kunpayakun kang wus pêsthi | nukat gaib gaibipun | langkung elok dèn waspaos ||

20. cêkake manungsèku | urip anèng ing donya puniku | iku dadi kajatènira Hyang Widi | sira lan Mohamad Rasul | iku jatining Hyang Manon ||

WEJANGAN V

Sinom

1. wong anom amêruhana | dununge kang nukat gaib | iku putih warnanira | pan gêdhene tanpa sami | tinandhing jagad iki | sanajana pirang èwu | kêthi jagad drung timbang | têgêse kang nukat gaib | iku saking gaibe kang kanyataan ||

--- 9 ---

2. istingarah tan kajaba | utawa ora umanjing | apadene tan kawêdal | nora ing jro tan upami | sayêkti luwih gaib | ora owah gingsir iku | langgêng tanpa karana | ingkang jumênêng rohani | apa rupanira duk nalikèng donya ||

3. nora owah sêbutira | cahya mancorong nêlahi | lir êmas binakar anyar | dene ta ingkang rohani | iku Mohamad yêkti | cathêtên jroning kalbumu | ananging kawruhana | sahe tekad kang pêrmati | limang prakara kudu dèn waspadakna ||

4. sapisan akaton pisah | kaping kalih katon tunggil | ping têlu katon tan pisah | ping pat mêtu katon yêkti | kaping limane malih | katon mêtokakên iku | lah iku dèn rasakna | kang njlimêt mêmêt patitis | aja pêgat rina wêngi dèn rasakna ||

5. ngèlmu iku luwih gawat | ora kêna dèn gêgampil | lah ta manèh kawruhana | asma pêpitu puniki | Allah ingkang rumiyin | ping ro wujud mokal iku | tlu wujud ilapinya | kaping pate roh ilapi | kaping lima pan iya akyan sabitah ||

6. ping nêm akyan karijiyah | kaping pitune winarni | pan Allah lawan Mohamad | iku dèn krasa ing ati | mungguh artine yêkti | Allah aran jatinipun | lire kang wujud mokal | pangeran ingkang sajati | wujud ilapi jatining warna rupa ||

7. kang aran roh ilapinya | ya urip kita pribadi | dene ta akyan sabitah | sajatining ana yêkti | akyan sarijiyah ki | wayangan kang pasthi iku | Allah Mohamad ika | ya Allah Rasullolahi | Allah iku jatine sarira kita ||

8. sarira iku ya rahsa | jroning rahsa datolahi | datolah dat Rasulollah | karo pan dadi sawiji | artine kang sajati | kang apurba langgêng iku | purba jati wisesa | sajatining nukat gaib | dèn pracaya tan liya yêkti punika ||

WEJANGAN VI

Dhandhanggêndhis

1. waspadakna ananirèng Widi | panunggale neng rasa manungsa | samobahe lan mosike | kalawan wêningipun | yèn wus wêning anane yêkti | yêktine datan liya | mungguh ing Hyang Agung | ya awore karsanira | ambawani solah bawanira iki | nglimputi ing tyasira ||

2. dumununge ana kang ngarsani | turu lungguh atangi lumakya | iku ta nugraha lire | upama damar murub | urubira padha madhangi | kang padhang iku nyawa | iya kang anglimput | sajroning rupa apanas | yèku mangka ibarat ingkang wus yêkti | isbate ananira ||

3. padhanging tyas têtêp isbat yêkti | napèkna napi ingkang kisènan | pan iku pamoring gawe | kuwat tumibèng ewuh | jroning urip antarèng pati | pati patitisêna | kang wêning dumunung | isbat kaanan ingwang | basanira napi tinggaling Hyang Widi | ênênging cipta maya ||

4. pancadriya êrèhên mrih wêning | sirnakêna mêmalaning driya | êrèhên ing budi sarèh | riris raras rum-arum | adrêng butêng karêping ati | nasar sasaring nala | yèku lampah dudu | pan pamurunging kasidan | yèn tan awas eling maring sipat napi | sipate awasêna ||

5. prabedane lan sawiji-wiji | dat wajibul wujud bokmanawa | ing kono pinarêngake | cipta ingkang tuwajuh | jinatenan jatining jati | jatining antêpira | dera Kang Maha Gung | yèku margane kasidan | widagdaning ngandêl kumandêling Widi | pinandêng kang waspada ||

--- 10 ---

6. kaanane sêdyanên ing budi | ilapate ing dat kang sanyata | pinta-pinta panggonane | bangsaning isbat iku | napinira pan napi jinis | yèku mangka panunggal | ing ananirèku | napinira isbatêna | ing têgêse murca têtunggale dadi | pratandhaning sihira ||

7. netyanta kang warna kaananing | dat sampurna nur woring kang warna | awênês tanpa bedane | dat salikun rumuhun | cahya saking indriya kaki | lintang panjêr rahina | eram arum-arum | dat mutlak kadi purnama | dat ngalimun ing sapanunggale kadi | sawarna lawan sipat ||

8. ilanging dat asma pan wahyaning | dat subêkti lir surya warnanya | mukswaning dat subêktine | ing cahyaning dat suhud | angêbaki buwana kadi | cahya tan ana madha | ing salaminipun | beda lan padhanging surya | myang padhanging rêmbulan datan amirib | iku padhanging padhang ||

9. kang munggèng jroning padhang kang pasthi | ananing dat yêkti ananira | ananira sajatine | ya ananing Hyang Agung | solah tingkah wus datan kalih | iku isbat kang nyata | napi wus kapungkur | iku antêping tyasira | mantêp iku pêpadhang maworing gaib | dèn eling dèn waspada ||

________

Sambêtipun Wirid Cablaka. Sèh Sitijênar dipun pêjahi dening para wali.

--- [11] ---

Buku-buku ingkang kasade dening Badan Penerbit "Soemodidjojo Mahadewa" Bumijo 90 Yogyakarta.

No. Namaning buku ... Rêgi lan wragad kintun

Basa Jawi aksara Latin.

1. Aji pamêlêng. Wêjangan ulah samadi ... Rp 7,-
2. Srikawuryan. Sambét lan Aji Pamêlêng ...5,-
3. Hêsthitama. Sambêt lan Srikawuryan ...4,-
Buku No.1, 2 lan 3, yèn katumbas sadaya namung Rp. 13.50 dalah wragad kintun.
4. Wirid Handayaningrat. Mramanipun Kyai Agêng Pêngging, sarta wêwêjanganipun ... 5,-
5. Wirid Cablaka. Sarasehan para wali, Sèh Sitijênar dipun pêjahi ... 5,-
6. Jalasutra. Pangeran Panggung dipun obong ... 5,-
7. Cakrajaya Cariyosipun Cakrajaya, saha babad Bagêlèn ... 4,-
Buku No. 4, 5, 6, lan 7, yèn katumbas sadaya namung Rp. 15,- dalah wragad kintun.
8. Wirid Maklumatjati. Wêjangan ilmu wêwiridan ... 14,-
9. Wirid Pralayajati Ilmu gêgêbênganing para wali ... 7,50
10. Wirid Wiwarajati. Panyuraos ilmu chak ... 6,-
11. Wirid Wismayajati. Dununging Nukat gaib ... 4,75
12. Wirid Lukitajati. Ilmu lêlungidan ... 3,50
13. Asalipun Wayang. Mulabukanipun wontên wayang ... 11,50
14. Pakêm Padhalangan. Tuntunan pasinaon ndhalang ... 12,50
15. Aji Panunggal. Wêdharan Mahabarata ... 3,50
16. Madyabawana Wêdharan Mahabarata ... 3,50
17. Kaladewa Wêdharan Mahabarata ... 3,50
18. Sêkar Wijayakusuma. Dumadosing wiji ... 2,50
19. Nitisastra Kawêdhar. Wêdharing piwulang sae ... 3,50
20. Pustaka Rajasuya, Cariyos grêbêg sêkatèn ... 6,50
21. Pancaprasada. Dununging Pancasila ... 6,50
22. Karahayon. Dununging suwarga naraka ... 1,-
23. Rarayasewana. Wêdharan ungêling lare dolanan ... 1,25
24. Pustaka Sandikawêdhar. Wêdharing pasêmon ... 1, 50
25. Asmaragama. Ingkang mêngku kabatosan ... 6
26. Kawruh pawukon. 1 petang madosi wuku 2 pawukon wataking lare, sarta lampahing paprangan murih unggul 2 buku ... 10,-
27. Nujum. Ilmu padhukunan. 2. Dewaruci piningit. 3. Bratuyuda piningit. 4. Arjunasasra piningit. 4. Buku ... 6,50
28. Babad Diponagoro. K.P.H. Diponagoro mêngsah Walandi ... 12,50
29. Babad Kêdhiri. Mulabukanipun kitha Kêdhiri ... 12,50
30. Babad Kêbumèn. Mulabukanipun kitha Kêbumèn ... 10,-
31. Babad Pêjajaran. Bêdhahipun Pêjajaran ... 10,-

--- [12] ---

i. Pamilihipun pêkawisan ingkang badhe dipun ênggèni, numbal siti sangar kayu angkêr, nundhung setan, damêl griya, sarat masrut wilujêngan lss. Damêl sumur, damêl kontên pakawisan murih botên kalêbêtan durjana (maling kècu).

j. Murih gampil ngupados sandhang têdha. Petangan main kêrtu murih botên kawon mainipun. Nawar wisa. Nayuh wêsi aji. Panulak yèn wontên pagêblug (kathah sêsakit).

k. Jampi sarana gêgodhongan lan sanès-sanèsipun. Jampi sêninjong. Pigunanipun pêksi platuk-bawang, bulus, punika agêng kasiyatipun.

l. Ngalamat: impèn, kêdhut, grahana, lindhu, lintang kêmukus lss. Manah nratab, kuping mungêl, mripat konangên lss. Ngalamat ungêling pêksi prênjak, kudasih, gagak, sarta ngalamat sato iwèn ingkang lumêbêt ing pakawisan.

m. Katurangganing pêksi brêkutut, gêmak, sawung abênan, kucing lss.

n. Petang durjana (maling, kècu), nyumêrêpi lampah lan pangapêsaning durjana, panyêpêngipun utawi anggènipun madosi murih kacêpêngipun. Punapadene aji-aji kangge nyêpêng utawi nyirêpi durjana. Madosi barang ical sarta ingkang nyolong.

o. Bab têtanèn, nyumêrêpi kathah sakêdhikipun jawah, nênandur, tulak ama mênthèk lan tikus utawi walang lan pêksi. Bab wataking wulan, taun lan windu pêrlu tumrap têtanèn.

p. Panêngêranipun tiyang badhe ajal, pangupakaranipun, sarta wilujênganipun wiwit gêblak dumugi nyèwu.

q. Ilmu nujum utawi padhukunan lan sanès-sanèsipun, sadaya wontên 334 warni bab-bab ingkang migunani kabêtahaning ngagêsang. (Basa Jawi aksara latin).

Kenging kanyatakna, pamundhut tumbasipun sarana kintun poswèsêl. Bilih panumbas wontên ingkang botên sêtuju, salêbêtipun 8 dintên wiwit saking panampèn buku, janji botên rêgêd utawi risak, kitab primbon Bêtaljêmur wau, kenging kawangsulakên, arta panumbas, ugi kakintun wangsul sarana poswèsêl.

Pamundhut tumbasipun dhatêng:

Toko Buku
"SOEMODIDJOJO MAHA-DEWA"
Bumijo No. 90 Yogyakarta.
Typ. R.I. Yogya.