Cariyos Lêlampahanipun Tôngga Kêkalih, Wiryadiarja, 1913, #1228


Prijs franco per post f. 50 Verkrijgbaar bij het depôt van leermiddelen te weltevreden tegen toezending van een postwissel tot genoemd bedrag

--- 0 ---

Cariyos Lêlampahanipun Tôngga Kêkalih Awasta Waris Kalihan Lalis

Migunani kangge waosanipun para murid pamulangan yèn panuju wontên ing griya

Kaanggit dening Mas Wiryadiarja Mantri Guru Ing Pamulangan Jawi ôngka 2 ing Kêndhal

Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan H. A. Benyamin ing nagari Sêmarang ing taun 1913.

--- 2 ---

Boekoe-boekoe ingkang kaseboet ingandhap poenika kénging toembas dhateng: Dépôt van Leermiddelen ing Betawi, franco ing post, déné menawi kintoen arta roemijin nganggé postwissel.

F.W. Winter. Tembang-Djawa nganggo moesik (in herdruk) ... / Dr.W.Palmer van den Broek. Serat kantjil (tembang) ... f o,94 / Ng. Wira Poestaka. Tata tjara ... f 1,08 / R.Ng.Djaja poespita. Serat Mahabharata ... f 1,52 / R.Ng.Soera di poera. Serat dongèng awarni-warni ... f 0,83 / M.Ng.Wira Poestaka. Serat kantjil (tanpa tembang) ... f 0,56 / R.M.Soerja pranata. Serat Sotya-rinontje ... f 0,37 / Koempoel, alias Mangkoe atmadja. Serat Wéddha Trikara Waloeja ... f 0,10 / D.F.van der Pant. Serat Doertjara ardja ... f 0,09 / R. Prawira winarsa, alias R. Soekardi. Serat Goegon toehon ... f 0,14 / M.Poedja ardja. Dongèng tjariosipoen tiang sepoeh (bab ngèlmoe iladoeni) ... f 0,12 / Darma wiata. Tjampoer bawoer ... f 0,09 / M.Poedja ardja. Serat tjarios ingkang kasawaban ing nama ... f 0,07 / Sastra tama. Tri djaka soeala ... f 0,03 / R.Prawira winarsa. Tjarios pandoeng ... f 0,08 / Ki Padma soesastra. Kawroeh kalapa ... f 0,07 / M. Wangsa di ardja. Lajang ngèlmoe alam warna-warna ... f 0,17 / R.Prawira winarsa. Serat Lagoe botjah-botjah ... f 0,27 / R.Prawira winarsa. Serat Piwoelang tjablaka ... f 0,05 / Mas Ardja soewita. Tjariosipoen djaka Setya lan djaka Sedya ... f 0,09 / Ki Padma soesastra, alias Ng.Wira poestaka. Pathi basa ... f 0,95 / R.Ng.Tjitra sentana. Mardi siwaja: I lan II, satoenggil djilid ... f 0,25 / R. Ng. Tjitra sentana. Mardi siwaja tjithakan kaping kalih, kalih djilid babarpisan ... f 0,65 / Dongèng Senggoetroe ... f 0,03 / W.Meijer Ranneft. Tjangkriman basa Djawa nganggo tembang ... f 0,10 / Ng.Wira poestaka. Piwoelang betjik ... f 0,06 / M.Prawira soedirdja. Tjarios tanah paredèn Dijèng ... f 0,08 / M.Karta siswaja. Pangresoelaning kéwan ... f 0,10 / R.Wira wangsa. Serat Wali darma (aksara Welandi) ... f 0,11 / R.Ng.Soera di poera. Darmabrata (Soeradji) ... f 0,88 / M.Djaja tenaja. Serat panoentoen tani, I lan II (ter perse). Lampahan Pétruk dados ratoe (mawi gambar) ... f 0,09 / R.M.Mangkoedimedja. Asta tjarita ... f 0,15

--- 3 ---

Serie uitgaven door bemiddeling der Commissie voor de Volkslectuur No.128.

Cariyos Lêlampahanipun Tôngga Kêkalih Awasta Waris Kalihan Lalis

Migunani kangge waosanipun para murid pamulangan yèn panuju wontên ing griya

Kaanggit dening Mas Wiryadiarja Mantri Guru Ing Pamulangan Jawi ôngka 2 ing Kêndhal

Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan H. A. Benyamin ing nagari Sêmarang ing taun 1913.

--- 4 ---

VERHAAL VAN WARIS en LALIS DOOR MAS WIRIADIARDJA

HOOFDONDERWIJZER AAN DE INLANDSCHE SCHOOL 2e KLASSE te KENDAL

Semarang-Drukkerij en Boekhandel H. A. Benjamins, Semarang 1913.

--- 5 ---

Waris lan Lalis

Kacarita ing jaman kuna ana wong desa loro padha têtanggan, sing siji arane: Waris, sijine: Lalis. Si Waris awake ora pati rosa, nanging sugih reka, duwe sapi lanang siji bangêt anggone ngêla-êla. Dene Si Lalis rosa, dêdêge gêdhe dhuwur tur birawa, cacade watêke cugêtan ora antêpan, cêpak nêpsune, ora kêna kapêthit ing têmbung, iku duwe sapi lima lêmu-lêmu, bangêt ing gumatine. Wong loro mau yèn anggarap sawahe padha tulung-tinulung, gêntenan nyilihi sapi lan mitulungi panggarape pisan, nanging nganggo jangjian mangkene: anggêr Si Waris anggarap sadina, Si Lalis sapêndhak, murih timbang ing kabêcikane.

Anuju ing sawijine dina Jumuwah, wayahe wong padha mênyang masjid, Si Waris maluku sawahe karewangan ing tanggane kaya kang wis dadi jangjine, calathune mangkene:

Pamujiku marang Kang Kawasa, muga-muga sapiku nênêm [nênê...]

--- 6 ---

[...m] iki lêstaria bêcik panarike waluku, bisaa nuli rampung panggarapku sawah.

Si Lalis ngrungu calathu mangkono iku bangêt sumêlang atine, bokmanawa sapine kêbanjur padha dadi duwèke Si Waris, mulane mangsuli mangkene:

Manawa lêga atimu aja calathu mangkono, marga sapimu mung siji, kang lima duwèkku.

Si Waris rumôngsa kaluputan, anjaluk pangapura kalawan têmbung manis.

Antara saprapat jam, panuju ana guru santri liwat, Si Waris acalathu manèh kaya ing ngarêp mau rada sora, tanggane ngrungu, amangsuli rada kamoran nêpsu:

Kiraku kotêmaha anggonmu calathu mangkono iku, aku mau rak wis mêmacuhi, kowe aja kôndha: Sapiku nênêm. Awit sanyatane duwèkmu mung siji, lah têka kopindho. Kowe sumurupa, saiki aku nêtêpake larangan pamungkas, yèn nganti koping têlu, bakal ora dak apura manèh.

Si Waris amangsuli kambi angrêrêpa, marga saka anggone nglirwakake pituturing mitrane.

--- 7 ---

Ing wayah jam sawêlas, panase ambalêrêngi, panuju ana khaji têtêlu liwat ing kono, Si Waris kêlalèn, tanpa katêmaha acalathu manèh kaya ing dhuwur mau. Nalika iku kancane maluku têtela ing pangrungune, trêngginas anjupuk watu gêdhe siji, dikêprukake ing êndhasing sapine Si Waris, mati kapisanan. Nuli sapine dhewe padha digiring mulih kabèh.

Si Waris kari dhewe ana ing satêngahe sawah, nangisi sapine mati, calathune amêmêlas: O, Gusti Allah, mugi wêlasa dhumatêng titah Sampeyan ingkang sakalangkung siniya-siya kados kula punika. Gadhah lêmbu satunggal, kenging kangge nyambêti nyawanipun, têka dipun pêjahi.

Sawise calathu mangkono, tuwuh pikirane kang têtêp, sapine dikêlèti, walulange nêdya didol mênyang nagara, daginge disêdhêkahake marang para santri kang padha mulih saka jumuwahan. Iku padha bangêt wêlas angrungu sêsambate Si Waris, mulane kabèh padha andongakake sêmpulure anggone ngupaya sandhang pangan.

--- 8 ---

Ing wayah asar êndhèk, Si Waris lagi mangkat mênyang kutha, dohe lakon rong jam saka ing desane, dalane ngliwati alas lan padesan. Sarèhne salawase durung tau mênyang nagara, lakune kêsasar kawêngèn ana ing dhukuh cilik, ing omahe wong tani kang kalêbu cukup, anjaluk panginêpan sawêngi iku bae. Nalika samono kang duwe omah panuju lêlungan, mung kari kang wadon tunggu omah, iku ora nglêgani marang panjaluke Si Waris awit: Kang sapisan ora ana panggonane, kapindhone sing lanang panuju sêpi. Sarèhne kêpêksa, rumôngsa ora kaconggah ambanjurake lakune, Si Waris ngudi ing panjaluk narima katurokake ing latar, wusana dililani.

Mungguh Si Waris iku sanajan wong tani, salawase durung tau turu ana ing krakalan, utawa ana ing lêmah tanpa lèmèk, ala-ala iya ana ing kasur, mulane sasuwene ana ing latar tansah milang-miling ing pêpêtêngan manawa nêmoni panggonan kang pantês, wusana wêruh tumpukan damèn ing sacêdhake jandhela, dhuwure [dhuwur...]

--- 9 ---

[...e] sipat lan taritisane omah, iku diparani sumêdya ginawe lèmèk turu.

Kacarita wong wadon sing duwe omah iku duwe dhukun wadon siji bangêt tuwane, saka gumatine, anggêr nyuguh mangan pasugatane ngungkuli marang bojone, pangundange mrono yèn sing lanang panuju lêlungan, mulane mangkono, sabab lakine wêwatêkane isih kaya bocah cilik: wêdi marang dhukun. Ing nalika iku nyai dhukun panuju têka, kang duwe omah nganakake pasugatan kang èdi-èdi, pêpanganan kang nikmat lan mirasa, olah-olahan apa manèh ombèn-ombèn kang anyêgêri, padha katata ing meja dilèmèki taplak putih, ing dhuwur kasumêdan damar cilik apasaja, nanging padhange bisa nyarambahi sajroning omah kabèh. Supaya ora sêpi siliring angin, murih rêsêp lan sênênge kang bakal mangan, inêbaning jandhela tansah winêngakake. Jalaran saka iku dhayoh kang alêlèmèk damèn têtela bangêt ing pandulune, bisa ngawruhi kaanane ing jêro omah têkan ing sênthong pisan.

--- 10 ---

Sarèhne sadina muput durung kalêbon upa, wêruh rêrampadan ana ing meja, gandane bisa anênangi kasêgêraning awak sakojur, kêpengine saya bangêt, wêtênge kêrêp kaluruk, sadhela-dhela ngulu idu, têrkadhang nganti kêlair ing gagasane: saiba yèn aku bisa mangan pasugatan kang kaya mangkono iku, sêgêre awakku.

Barêng ngarêpake tapuk mangan, wong saomah padha ngrungu sabawane wong nunggang jaran, iya iku kang duwe omah lagi têka saka lêlungan. Sadurunge lumêbu ngomah, rabine bingung nyingkirake rêrampadan kang wis cumawis ing meja, padha kalêbokake ing sênthong kabèh, dene dhukune kaumpêtake ing pêthi kang wis kasadhiyakake, aja kongsi konangan lakine. Pêthi iku ing sisihe kiwa têngên ana dalane angin, mulane sanajan dhukun mau tinutup sadina sawêngi ana ing kono iya bêtah. Sasuwene wong tani wadon ribut nyingkirake wêwadine, Si Waris tansah ngawasake lan nginjên saparipolahe. Barêng kang lagi têka lêlungan [lêlu...]

--- 11 ---

[...ngan] lumêbu, nuli salin panganggo lan anjaluk mangan marang rabine, katatakake kaya ing sabên-sabêne bae, andadèkake gumune kang lagi thênguk-thênguk ing dhuwur damèn, kaya-kaya amikir kapriye kang dadi prayogane lêlakon iku.

Ing nalikane kang duwe omah wiwit mangan lagi olèh rong pulukan, Si Waris ora bisa ngampah kêpengine, saya suwe wêtênge sangsaya pêrih, wusana gagasane kêlair, têmbunge:

Yèn aku bisa mangan pêpanganan kang mirasa kaya mangkono iku, iba-iba sêgêre awakku.

Kang lagi muluk ngrungu, bangêt kagète, banjur takon: Sapa kang ana ing kono iku.

Wangsulane: Kula, pun Waris.

Wong tani wadon nyaritakake kaanane dhayohe, sing lanang bangêt bungah, katara yèn kamiwêlasên marang kang lagi ana ing sajabaning omah, nuli diacarani, têmbunge:

Suwawi kisanak, sampeyan malêbêt.

--- 12 ---

Si Waris katuju karêpe, nuli malêbu, lungguh adhêp-adhêpan karo kang duwe omah, gawane walulang ora kari, kadokok ing ngisor meja, kanggo tumpangan sikil.

Ora antara suwe nuli wiwit padha mangan, kang duwe omah mangan sêga, dhayohe sinugata bubur sapiring, karone padha sêngkud ing pamangan, ing batin bangêt sukur sarta bungah. Ananging Si Waris katara ing pasêmone amikir dununging pêpanganan kang enak-enak mau, mênêng sadhela sairib ana kang dipikir. Wusana mêtu akale, walulange diidak muni: cit, cit. Wong tani kagèt ngrungu swara mangkono iku, atakon marang dhayohe:

Makatên punika swaranipun punapa, kisanak.

Waris: Mugi sampun dados ing panggalih sampeyan, dhatêng kula ngriki mawi ambêkta wacucal pusaka, gadhah kasêktèn kenging kangge nyumêrêpi samukawis ingkang aèng-aèng ing salêbêting griya, ingkang botên gampil kasumêrêpan ing manungsa.

--- 13 ---

Wong tani: Yèn makatên, mugi sampeyan cariyosakên mungêl: cit, cit, kados makatên wau, têgês utawi pikajêngipun kadospundi.

Waris: Punapa kintênipun badhe botên andadosakên ing panggalih, upami kula sanjang ing sawantahipun, awit saking anèhipun. Samantên wau sanèsipun ingkang anggadahi botên sagêd gamblang sumêrêpipun.

Wong tani: O lah, botên pisan-pisan kisanak, punapa malih pancèn kula punika rêmên yèn sumêrêp dhatêng lêlampahan ingkang anèh-anèh. Suwawi, sampeyan têgêsi, sampun ngantos kêdangon.

Waris: Pikajêngipun: ing salêbêting kamar sêpèn wontên ocal-ocalan ingkang eca lan nikmat raosipun.

Wong tani: Yèn makatên, badhe kula tingali sakêdhap ... lêrês kisanak, lah punika punapa, suwawi mangke sami katêdha.

--- 14 ---

Anggone calathu mangkono iku kambi ngusungi rampadan pirang-pirang piring, nuli padha kapangan karo dhayohe.

Si Waris bangêt bungah atine, pamangane tanpa taha-taha, mangkono uga kang duwe omah, awit salawase ora tau mangan enak kaya mangkono. Saludhêsing pasugatan, walulange diidak manèh, iya muni cit, cit, kaya ing dhuwur mau.

Wong tani: Têka mungêl malih, punika kadospundi têgêsipun.

Waris: Têgêsipun: ing salêbêting sêpèn ngriku taksih wontên arak sagêndul.

Wong tani nyatakake, calathune: Lidok, punika wujudipun, suwawi sami kaombe.

Waris: Inggih.

Arak sagêndul dikaroni êntèk, wadhah kasingkirake, karone karasa mumêt, saya suwe saya mundhak ramene, sêmbranane kapara kaduk, angilangake subasita, Si Waris pangidaking jimate rada disêroni, muni: cit, cit, cit, cit.

--- 15 ---

Wong tani: Lo, sapunika têka mungêl malih ngantos rambah kaping sêkawan, maknanipun kadospundi.

Waris: Ing kamar ngriku wontên dhukun èstri sêpuh manggèn ing salêbêting pêthi.

Wong tani: Punapa makatên, kisanak.

Waris: Nitik ingkang sampun makatên, samantên ugi kayêktosanipun kula borongakên ing sampeyan.

Wong tani: Ah, botên ... he, ana dhukun.

Pangucape mangkono iku karo kirig-kirig, dadi dhayohe banjur duwe panyakrabawa, yèn kang duwe omah wêdi marang dhukun, mulane acalathu mangkene:

Waris: Manawi sampeyan ajrih dhatêng dhukun awi kula êtêr, awit kula punika êmbahipun dhukun.

Wong tani: Botên yèn ajriha, namung gila ... awi.

--- 16 ---

Grudug, wong loro padha malêbu ing sênthong, ing kono katon ana pêthi dumunung ing pojok, nanging kinancing. Sorog kaulungake dening kang wadon, kang wangune kaya-kaya ora mikir. Samêngane pêthi, isine katon ngrêgêmêng, untune kari loro, kanggo gumuyu katon andalir putih ing sangisor irung. Wong tani andharêdhêg, tangane wèl-wèlan, pêthi tinutup kinancing manèh. Dhayohe diajak nutugake olèhe jêjagongan. Suwe-suwe umuke Si Waris saya andadi, ngandhakake kasêktèning walulange, andadèkake kapencute kang duwe omah, kawêtu têmbunge mangkene:

Wong tani: Kisanak, manawi sampeyan parêng, wacucal sampeyan badhe kula tumbas, sapintên angsal sampeyan ngrêgèni.

Waris: Sayêktosipun, kula awrat sangêt andhindhal wacucal punika, sabab sampun kathah tatalanipun sae dhatêng kula, prasasat nyawa kula wontên ing ngriku.

--- 17 ---

Wong tani: Sampun ta makatên kemawon, rèhning sade tinumbas punika ing atasing pawong mitra kirang sae, mila wacucal punika badhe kalintoni yatra pêthak sakampil, ing têmbe yèn sampun mantun kanggenipun, kula wangsulakên malih.

Waris: Sarèhning pangudi sampeyan sanget sarta sampeyan sampun adamêl sae dhatêng kula, suka pasipêngan lan nêdha eca, samangke badhe kula turuti, ananging supados sampun ngantos adamêl kapitunan sampeyan, kula ngaturi prajangjian makatên:

1e. Wacucal punika sampun sampeyan uthik-uthik rumiyin, kengingipun yèn kula sampun kesah saking ngriki, udakawis têbihipun kawan pal, awit manawi taksih mambêt gandaning kringêt kula, môngka kamunasika dening tiyang sanès, tamtu badhe ical kasêktènipun.

2e. Sarèhning sampeyan punika pamawang kula sakalangkung kamigilan dhatêng dhukun, kêparênga pêthi saisinipun [sai...]

--- 18 ---

[...sinipun] kula suwun, kangge têtulaking ama sabin.

Wong tani: Punika rêmbag utami. Mangke, kula badhe mêndhêt yatra, ... suwawi kisanak, sampeyan tampèni, sarta dhukun sawadhahipun kabêktaa pisan.

Waris: Nuwun inggih.

Anggone calathu mangkono iku karo nampani dhuwit walulang, sarta nyandhak pêthi kapanggul, isine ngenak-enak turu. Lakune Si Waris gêgancangan, ngliwati karêtêg gêdhe siji, ana ing kono lèrèn sadhela, pêthi kasèlèhake ngagèt, kambi calathu mangkene:

Rêkasane lakuku iki ora liya marga saka pêthi kiye, bêcike dak cêmplungne ing kene bae, dhukun wis kêtuwan, môngsa kênaa ginawe panulaking ama, malah marakake saya ngrêbdaning mênthèk lan walang sangit, awit wis nyata saka ing rupane, yèn dadi têtungguling ama.

Nyai dhukun ngrungu andharêdhêg. Supaya aja nganti kêbanjur [kêba...]

--- 19 ---

[...njur] mati, mangsuli kalawan angrêrêpa, têmbunge:

Aja mangkono, ênggèr, yèn pêthi arêp kolabuh, aku wêtokna dhisik, dak mulih, sarta minôngka panêbus, kowe dak wènèhi pituwas arupa kanthong kêbak isi uwang salaka, opahane anggonku andhukuni ing rabine wong tani mau. Iki lo, tampanana.

Nalika Si Waris ngrungu calathune dhukun mangkono iku, tan sarônta ambukak pêthi, dhukun diwêtokake, dhuwit pituwas tinampanan. Palayune kang lagi mêntas kinunjara anginthar, bangêt sukur ing Gusti Allah, dene luput kêna ing bêbaya: mati kabalabak. Wiwit ing dina iku sabanjure ora gêlêm anglakokake ngèlmune padhukunan manèh-manèh. Dene kang lagi anampani dhuwit, sênênging atine tan kêna winirasa, sawise anyêgurake pêthi kothong, nuli mulih amikul dhuwildhuwit. rong kampil.

Kacarita antara rong jam saka lungane Si Waris, wong tani lanang sêmune bungah, angiling-ilingi walulange,

--- 20 ---

sarèhne wis rada garing, diidak suda swarane, lan ora bisa mêtokake kagunan apa-apa, kang ngidak atine pêtêng bae, ora bisa narawang wêruh kaanan kang elok-elok, kayadene umuke Si Waris. Marga saka iku bangêt ing muring-muringe, nêpsune tumiba marang rabine wusana sêling surup, karone padha wêlèh-winêlèh. Saka sêrênge, tôngga-tanggane padha nglayadnglayat. sarta anggêguyu lan angerang-erang, diarani: wong busuk.

Kawuwusa barêng Si Waris têkan ing omah, milang gêgawane, nuli têtuku sandhangan lan apa kêkurangane ing omahe, sajrone têlung dina amranata praboting omah. Ing patang dinane wayah sore dolan-dolan liwat ratan ing sangarêping Ki Lalis, manganggo sarwa bêcik lan apik, ing sêmu kaya pamèr, agawe cingake wong ing sadalan-dalan.

Ing nalikane Si Lalis mêntas matèni sapine tanggane, ora pisan-pisan kêduwung ing pikir, malah bungahe kêna binasakake: kaya nunggang jaran èbèg-èbègan. [èbèg-èbè...]

--- 21 ---

[...gan.] Êlêt pêndhak dina ngrungu pawarta yèn Si Waris têka saka kutha, panganggone sarwa gumêbyar manekawarna, ujaring warta: Nitik saka prabot lan rêrêngganing omahe, kaya-kaya wis ora bakal kakurangan ing samubarang, kasêmbadan ing sasêdyane. Karêpe Si Lalis arêp tinjo ngiras nyatakake kabar kang rinungu, ing lair mung bakal anjaluk pangapura. Sawise dandan nuli mangkat, satêkane panggonan, tanpa sabawa kaya ing adate, banjur lumêbu ing omah bae.

Si Waris wêruh, nanging tansah amitambuhi, ethok-ethok ora nglêgewa marang têkane tanggane, nuli ditakoni mangkene:

He, Waris, apa kowe kaslamêtan.

Sarèhne wonge lucu, kaduk wani ing sêsêmbranan, sapolahe tansah binarung ing guyu, amangsuli rada kagèt:

Saka pandongamu, kuru-kuru iya slamêt.

Lalis: Barangmu têka akèh têmên, iki olèhmu saka ngêndi.

--- 22 ---

Waris: Pêparinge Gusti Allah, wingi bêngi utusan malaekat salawe ngusungi barang-barang iki mrene.

Lalis: Hus, aja sêmbrana caturan karo wong tuwa, mulane anyar iki nandhang kapitunan: sapimu mati, marga saka sêmbranamu.

Waris: Kapitunan ... ora, sapa kang wani gawe cilakaku.

Lalis: Yèn ora sing mangkene iki, sapa.

Waris: Nalare.

Lalis: Sapimu dak thuthuk watu êndhase kae.

Waris: Bênêr, nanging iku ora dak anggêp kapitunan, sabab nuntun kabêgjan marang aku. Dêlêngên, marga saka pêpayone walulanging sapiku, aku bisa tuku barang-barang iki, dadi kandhaku: saka pêparinge Gusti Allah mau: gêgorohan bae.

Lalis: Payu pira.

Waris: Lumayan, mung payu rong kampil dhuwite putih kabèh.

--- 23 ---

Lalis: Lumayan ... sadhuwure lumayan, ... luwih dening bêgja.

Waris: Sakarêpmu olèhmu ngarani.

Lalis: Yèn mangkono sapiku lima bakal dak sêmbêlèh kabèh. Yèn walulang siji payu rong kampil, bocah kang lagi bisa sisi iya pintêr ngetung: walulang lima mêsthi rêga sapuluh kampil.

Sawise calathu mangkono, tanpa pamit, mulih anjupuk berang, sapine disêmbêlèhi, walulange dikêlèti, kaêmotake ing kèsèr, ginawa mênyang kutha, ditawakake ing tukang samak.

Tukang samak: Walulangmu iki siji korêgoni pira.

Lalis: Kalih kampil yatra pêthak.

Tukang samak: Apa kowe kranjingan, wani-waniku saringgit.

Walulang kapikul manèh katawakake marang tukang samak liyane, kabèh panganyange mèh racak nyaringgit, malah ana siji loro kang kurang saka rong rupiyah. [rupi...]

--- 24 ---

[...yah.] Suwe-suwe Si Lalis anggraita, yèn digawe gêguyon dening Si Waris. Wayah surup srêngenge mangkat saka kutha arêp mulih ing desane, lakune sangsara bangêt, sabab sadina muput ora mangan, anggawa walulang lima bola-bali. Têkan ngomah ora sarônta manèh, nyèlèhake gêgawane, nuli anjupuk wadung, arêp ginawe ngêpruk ing Si Waris.

Ujaring kôndha ing dina iku ninèkne Si Waris umure wis luwih sangang puluh taun, kacandhak ing lara nuli mati. Putune bangêt susah, mayidingmayiting (dan di tempat lain). ninèkne dilurubi, sarta minôngka tôndha urmat bêktine panggonane diêlih ing paturon wêsi, kang pancèn diênggoni turu dhewe, klambune kang sasisih dicanthèlake, sasisihe ditutup. Ing kamar kono disumêdi damar cilik liyêp-liyêp. Kang duwe omah lungguh nyêkukruk ing padoning kamar liyane. Ora antara suwe, ambênêri kang tunggu jisim mêtu, Si Lalis têka amanggul wadung, lumêbu ing paturone Si Waris, anyana yèn kang duwe omah

--- 25 ---

lagi turu kêpati, enggal winadung: gapruk. Nuli anggêndring mulih.

Si Waris kagèt bangêt angrungu gumapruking wadung lan srapate wong lumayu, amarani dununging mayid, saya wuwuh gêtêring atine, barêng sumurup sirahing ninèkne tatu tilas kêna ing wadung, ngira yèn panggawene Si Lalis, bakal mêrjaya ing dhèwèkne, wusana kêliru, calathune:

O, ya Allah ya rabbi, si nini wus mati isih bisa rumêksa nyawaning putune. Yèn mangkono mayide bakal dak upakara kang luwih prayoga, dak kubure ing makam sajroning nagara, nanging supaya ora konangan marang si kiyanat kae, ing bêngi iki uga anggonku bakal ngangkatake, nganggo cikar cilik kae dak surunge dhewe.

Anuli cikare didandani, mayid dianggon-anggoni, dilungguhake ing pojoking cikar, sawangane kaya isih urip-uripa. Sawise samêkta Si Waris anyurung cikar dhewe, atine mangu-mangu, sêmune kaya ana kang pinikir, wusana mampir ing warung mêncil sumêdya

--- 26 ---

ngombe, cikare kalèrènake ing pinggir dalan, dhèwèke malêbu ing warung tuku sêtrup, calathune marang kang duwe warung:

Wak, kula sampeyan sadèni sêtrup sagêlas, lan malih sêrbat sagêlas, tulung, sampeyan sukakakên dhatêng ninèk kula ingkang nênggani cikar alit ngajêng punika. Nanging wêling kula poma, sampun sampeyan ajak wicantênan kathah-kathah, awit watêkanipun kakênan manah, cêpak nêpsunipun.

Kang duwe warung sawise ngêdoli sêtrup, nyidhuk sêrbat sagêlas, digawa mênyang prênahing cikar, sarèhne bangêt pêtênge, dhasare wong mau jirih, nolih ngiwa nêngên panuju ora ana wong liwat siji-sijia, acalathu mangkene:

Iki lo nèk, sêrbat sagêlas saka putumu.

Nganti ping têlu calathune mangkono iku ora diwangsuli. Suwe-suwe pêgêl atine, gêlas saisine diuncalake, calathune:

Iki lo tampanana bae.

--- 27 ---

Gêlas kang diuncalake kabênêr kêna raine mayid, ambalik kêtanggor ing cagak cikar, kumrompyang ambyar dadi sêwalang-walang, isine daleweran ing awake. Saka kagète, sing duwe warung arêp lumayu, sikile nyampar ing tuwaking cacadan cikar nganti alès, cacadan anjlog ing lêmah, mayid kang ana ing pojok kajlungup, swarane gumrobyag andadèkake kagète Si Waris, banjur amarani ethok-ethok kagèt acalathu lirih marang kang duwe warung.

Sampeyan punika ambêk niaya, sabab punapa ninèk kula sampeyan balang gêlas, kenging rainipun dhawah kagèt lajêng pêjah. Kula masthi lapur dhatêng parentah.

Wong mau ora dhêmên prakaran, panarkane Si Waris dikira bênêr, mulane bangêt ing gêtêre, banjur diajak ngiwa, dicalathoni mangkene:

Yèn lêga atimu, aja mêngkono, ênggèr, ora wurung aku bakal bilai, tur ninèkmu môngsa bisaa waluya manèh, ora.

Waris: Lah kêrsa sampeyan kadospundi.

--- 28 ---

Kang duwe warung: Aluwung mangkene bae, prakara kiye bêcik sidhêmên, kowe dak pituwasi dhuwit putih rong kampil.

Waris: Inggih, wangsul jisime pun nini kadospundi.

Kang duwe warung: Bakal dak upakara nganggo pakurmatan, anelad carane wong sugih-sugih.

Waris: Lah inggih ta yèn makatên, nanging panguburipun kêdah ing sadalu punika ugi.

Kang duwe warung: Lah iya, bêcik.

Sawise jisim kaupakara sarta kinubur kaya kang wis dijangjèkake, lan manèh Si Waris wis nampani dhuwit rong kampil, nuli mulih kalawan bungah atine, ing batin mêmuji marang Kang Kawasa, supaya kang duwe warung iku ginanjara lêstari sêmpulur olèhe ngupaya sandhang pangan. Barêng lakune têkan ing plataraning omahe, kapêthuk karo Si Lalis, dicalathoni mangkene:

Lo, kowe, Ris, apa kowe durung kêtiban ing landhêpe wadungku.

Waris: Jaremu dhewe. Kawruhana, sing kowadung [kowa...]

--- 29 ---

[...dung] dhèk wingi bêngi kae si nini, mayide dak gawa mênyang kutha, sumêdya dak kubur ana ing panggonan kang suci, minôngka tôndha kurmatku, dene bisa nanggulangi bakal oncating nyawaku. Wusana satêkaku ing nagara diandhêg dening panggêdene kamar obat, iku gêlêm nuku jisim mau kalawan rêga rong kampil, jarene prêlu ginawe nyoba kadadeyaning tômba. Iki lo pêpayone.

Lalis: Yèn mangkono aku bakal tiru-tiru. Nanging kowe aja anggorohi.

Waris: Salawase aku iki pancèn kaduk wani ing sêmbranan, samono uga durung tau sêpisan-pisana gawe bilaimu. Mung bae wêkasku: kang, sabarang gawe kudu dilakoni kalawan sabar lan sarèh, supaya bêcik dadine.

Lalis: Iku kabèh wis ana ing aku.

Sanalika Si Lalis mulih ngungkal wadunge, wayah sirêp bocah marani ninèkne, kawadung sirahe nganti mati, jisime sumêdya didol mênyang kutha. Saka kojur lan cilakane, [cilaka...]

--- 30 ---

[...ne,] ana ing dalan dianggrak ing upas malêm, ditakoni walèh bae. Jaga ratri rumôngsa olèh mêmangsan, Si Lalis dicandhak tangane, dicènèng sumingkir kambi digirèn-girèni bakal dilapurake, manawa ora tumuli anggawa bali gêgawane, apa manèh yèn ora gêlêm awèh isarat pambungkêman. Kang dicalathoni ora sawala, sanajan sangune mung karotèng, iya diulungake kabèh, nuli mulih gêgancangan, angubur mayiding ninèkne ing nalika iku uga.

Ing bêngi iku Si Lalis ora bisa turu kêpenak, angrasakake lêlakone, rumôngsa tansah dadi gêguyon. Saking jujuling angên-angên, nêpsune sangsaya andadra, esuke tangi turu anjupuk kadut goni siji, calathune:

Môngsa mari-maria, kowe, yèn durung kalabuh ana ing kali kang jêro kêdhunge kae.

Blas, angênêr ing omahe Si Waris. Satêkane ing kono, tanpa sabawa apa-apa, kang duwe omah tinubruk wani, cinêkêl: cêg, kalêbokake ing gêgawane [gê...]

--- 31 ---

[...gawane] sarta tinalenan kêncêng, calathune:

Saiki bakal patimu.

Kang ana ing jêro kadut atakon: Arêp kokapakake aku iki, kang.

Wangsulane: Wis mênênga, aja cariwis, mundhak dak banting: mati.

Sanajana Si Lalis iku kakon atèn lan bangêt bodhone, nganti kêna binasakake: ora wêruh ing: pa, pincang, nanging manawa ngrungu swarane wong nêmbang, saking bangêting sênênge, atine gumyur, otote banjur kêndho, balunge kaya dilolosi, sabarang kêkarêpane sirna tanpa sêdya. Apa manèh yèn têmbang mau lagune langêndriyan, gèk caritane Damarwulan, bêbasan: lagi nêngah-nêngahe mangan aninggal kokohan, prêlu ngrungokake carita bab pêrange Prabu Menakjingga.

Dhèk samana panuju dina Sêtu, wayahe wis luhur, lakune Si Lalis mênyang kêdhung kang jêro ngliwati pamulangan ing sajroning nagara, ambênêri muride lagi kawulang

--- 32 ---

langêndriyan, têmbange dhandhanggula ginerongan, tan sarônta gêgawane disèlèhake ing tanggul, dhèwèke menggok ing cêpurining pamulangan, andhêpès cêdhak lawang ngrungokake langêndriyan mataraman, wusana ngantuk, kêbanjur turu.

Kacarita ngarêpake jam siji ana kaki-kaki anggiring rajakaya bakal diangon, liwat ing sangarêpe pamulangan mau, angrungu pangrêsulane Si Waris mangkene:

Kalêbu cilaka wong kang kaya aku iki, dene isih anom tur rosa bakal dipurih mati.

Kaki-kaki: Kalêbu bêgja awakmu iku, dene ora lawas-lawas ana ing alam donya, aku iki sing wis tuwa mangkene, rumôngsa wis bosên urip, kêpenginku mati ora kêjamak, têka ora dituruti.

Waris: Yèn sampeyan saèstu kêpengin tumuntên pêjah, awi, kula sampeyan uculi lan sampeyan lajênga malêbêt ngriki.

Kaki-kaki: Lah iya bêcik, ... wis mêtua ...

--- 33 ---

talènana. Wêkasku, ênggèr, kêbo sapi kae rêksanên sing bêcik, aja nganti ana kang ilang.

Waris: Ênggih, wak, nuwun, nanging wêling kula sampun pisan-pisan sampeyan wicantên malah utamine mêrêm mawon.

Kaki-kaki: Iya, karia salamêt.

Si Waris enggal-enggalan anggiring kêbo lan sapi mênyang ara-ara, aja nganti konangan tanggane.

Kawuwusa kang lagi turu ing sapinggiring lawang, ora antara suwe tangi, marga kagèt swarane bocah sakolah kang padha bubar jam siji, kèlingan gêgawane, cangkelak bali ing ratan, kadut pinanggul manèh, ciptane:

Lah saiki gawanku dadi ènthèng, sabab saka pêrbawane langêndriyan, dadi karosanku saya mundhak, wuwuh-wuwuh wis mari karipan.

Têkan ing karêtêg kadut saisine dicêmplungake, swarane jumêgur, awit dibaluhi watu, sanalika kêlêm, isine mati.

Si Lalis bali mulih karo bungah ing ati, jalaran rumôngsa [ru...]

--- 34 ---

[...môngsa] wis kasêmbadan karêpe, bisa nglabuh mungsuhe. Durung têkan ngomah, ana ing ara-ara kagèt bangêt, acalathu kaduk nêpsu kamoran gumun:

Lo, kowe bangsat, têka dadak ana ing kene, kowe mau rak wis mati dak cêmplungake ing kali kana.

Waris: Salugut kolang-kaling pinara pitu ora ana gèsèhe calathumu iku, nanging ...

Lalis: Nanging: kapriye.

Waris: Aku kiye arêp kôndha sabênêre, gèk kokira anjalomprongake, sanyatane aku rumôngsa wis kapok bangêt.

Lalis: Ora, kapriye, ta, coba kandhakna.

Waris: Iya, nanging panjalukku marang kowe, samubarang prakara, yèn durung kopikir, aja tumuli kolêkasi, lan yèn kolakoni, kudu konyatakake bakaling kadadeyane.

Lalis: Ah, aku ora akon ngobrol, enggal caritakna lêlakonmu.

--- 35 ---

Waris: Kajaba, ta, yèn mêngkono, môngsa bodhoa, atas saka karsane Gusti Allah, manungsa mung sadêrma dadi wayang, kabèh gumantung marang dhalang sajati.

Lalis: Hus, aja criwis, gêlis aku kandhanana, yèn ora gêlêm, kowe bakal dak kêpruk watu kayadene sapimu.

Waris: Sing sabar, kang, aja grusa-grusu, ambokmanawa kêduwung. Apa kowe durung nyandhak surasane bêbasan: yitna yuwana, lena kêna. Yèn durung, dak kandhani, mangkene wardine: wong mangkono yèn ngati-ati: slamêt, yèn sêmbrana: bakal kêna, êmbuh kêna gitik, êmbuh kêna ing pênthung, êmbuh kêna cilaka utawa bilai, êmbuh ...

Si Lalis katon milih watu, Si Waris nuli wiwit carita, têmbunge: mangkene, kang, nalika aku kocêmplungake ana ing kêdhung mau, saking wêdiku, mêrêm bae, barêng mêlèk byar, rumôngsa ana sajroning karaton baguse tanpa pêpindhan, layake iku kang kaaranan: swarga.

--- 36 ---

Si Lalis nyèlèhake watune, andhêsêk lungguhe cangkême malongo, kupinge disambungi èpèk-èpèke, upama pipine cinakot ing lêmut, ora rinasa, saking kumacèlune marang caritane Si Waris. Calathune: Kapriye banjure.

Waris: Ana ing kono aku dirômpa ing wong wadon papat, tur ayu-ayu bangêt, kiraku bae, iku kang sinêbut widadari.

Lalis: Saiki apa isih.

Waris: Yèn gunêmku tansah kosêlani bae, mêsthi bakal ora dak banjurake.

Lalis: Wis ora, banjurna.

Waris: Nuli aku dilungguhake ing kursi malês, ngadhêpake meja, kêbak isi nyamikan warna-warna, apa kang dak karêpake ana kabèh.

Lalis: Sabab apa kowe bali mulih.

Waris: Sapisan: ing sasuwene aku nêmu kasênêngan, tansah kèlingan marang mitraku kang sajati, kapindhone ngrêdatin bab matine sapiku.

--- 37 ---

Lalis: Sapi wis mati arêp kokapakake manèh. Balik mitramu kang sajati, iku sapa.

Waris: Sapa manèh yèn ora raimu.

Si Lalis saya ngangsêg ing pandhêsêke, angrangkul marang kang lagi carita karo angguguk guyune, acalathu nganggo basa manis, têmbunge: yèn mangkono, lah, mbok aku atêrna mrana sadhela.

Waris: Ora sudi, eman rajakayaku.

Lalis: Kêbo sapi iku kabèh olèhmu saka ing ngêndi.

Waris: Dhèk mau aku wis kôndha, saka ngrêdatinku marang sapiku kang kothuthuk, saiki dilironi dening para waranggana: rajakaya samene kèhe iki.

Lalis: Kêbatan, atêrna aku, lêbokna ing kadut, nuli cêgurna ing kali kana.

Waris: Wis mangkene bae, kang, ayo padha mênyang pinggir kali, yèn wis têkan ing kana kowe lumêbua [lumê...]

--- 38 ---

[...bua] ing kadut dhewe, aku sing nalèni sarta nyêburake.

Lalis: Bêcik, ayo.

Waris: Mêngko dhisik, aku arêp nitipake rajakayaku ... ayo.

Wong loro padha runtung-runtung mênyang pinggir kali cêdhak ing kêdhung, sing siji nyangking kadut, sijine tali. Satêkane ing kono, Si Lalis enggal malêbu ing kadut, calathune:

Wis, talènana sing kêncêng, nuli cêgurna pisan.

Sing diatag tumandang, kadut saisine kacêgurake kambi mungkur. Nanging awèh pitutur dhisik marang kang bakal mati linabuh, têmbunge:

Salah siji mêsthi mati dhisik, sabêcik-bêcikane sing ênom, prayoga sing tuwa andhisiki. Sarèhne kowe iki kasêngsêm bangêt marang laguning langêndriyan, lah dirungokna uran-uran têmbang dhandhanggula sapada iki.

Lah co bolo rêmbugmu dèn manis / ywa pêpeka [pê...]

--- 39 ---

[...peka] mring panggawe cidra /talitinên dèn talatèn / ywa kongsi kabêlusuk / de sadhengah patrap sumêkti / sêkti mung reka-reka / rekane wak ingsun / sun prêlu ngupaya boga / bènèh sira mung murka tan darbe pikir / patimu siya-siya //

Tamat

M.Poedja ardja. Sari moelja ... f 0,23 / R.Marta ardjana. Serat Koela pratama ... f 0,12 / M.Poedja ardja. Dongèng Empol Empil ... f 0,08 / Pakem Ringgit Poerwa, I,II,lan III. (ter perse) ... f / R.Marta koesoema. Pratikel moerih soedaning karojalan ... f 0,06 / R. Poerwa soewignja. Nembelas tjarios ... f 0,08 / M.Prawira soedirdja. Bab karsa (ter perse) ... f / R.M.Mangkoedimedja. Serat Poerwa wahja ... f 0,19 / R.Sisnaèni alias Wirja soesastra. Dongèng mantja-warni (ter perse) ... f / M.Marta sendjaja. Lajang babasan lan saloka (ter perse) ... f / M. Samsir. Lelemboet kolérah (ter perse) ... f / R.M.Mangkoedimedja. Serat Pararaton I ... f 0,15 / R.M.Mangkoedimedja. Serat Pararaton II ... f 0,50 / R.M.Mangkoedimedja. Serat Pararaton III ... f / R.Soerati alias Dirdja soebrata. Gara-gara ... f 0,10 / R. Soerati alias Dirdja soebrata. Pemboekaning nalar ... f 0,20 / Kemis alias Ardja soewita. Pasrèn (ter perse) ... f / R.Ng.Soera dipoera. Serat babad Mangir, tanpa tembang (ter perse) ... f / R. Sasra koesoema. Ketrangané Basa Djawa (ter perse) ... f / M.Sarban. Panoelanipoen bebaja woeta ... f / Djakoeb en Wignjaroemeksa. Lajang pratikelé naboeh gamelan ... f / R. Moehamad Jacoeb. Serat karti wisaja ... f / R.Marta-ardjana. Serat Adji selaga ... f / Serat tjariosipoen oelam koetoek ... f / H. Croes. Serat daja wahana ... f / M.Sastrawirja. Kitab warna kria ... f / M.Poedja-ardja. Tjarios Tilarsa ... f / R.Tirtadanoedja. Ngèlmoe kasoegihan ... f 0,05 / R.M.Soetirta. Paribasan (aksara Welandi) (ter perse) ... f / R.Poerwasoewignja. Lebdatama I en II (ter perse) ... f / R.Ng.Soeradipoera. Bedhahipoen Ngajogjakarta (ter perse) ... f / M. Soekarman, alias Mangoen Poestaka. Oepa Darie (ter perse) ... f / Soera, Bab alaki rabi ... f / Moersiman, alias M.Wiriadirdja. Waris lan Lalis (ter perse) ... f / Moersiman, alias M.Wiriadirdja.Jogya Sastra (Basa Djawa ditoelis nganggo aksara Welanda) (ter perse) ... f / R.Ng.Djaja Margasa. Wèddha Moeda (ter perse) ... f / M.Jasawidagda. Tjarios lelampahanipoen peksi glatik (ter perse) ... f / M.Prawira Soedirdja. Serat Panoetan (ter perse) ... f