Calon Arang, Wiradat, 1930, #1732

JudulCitra
Terakhir diubah: 07-02-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Calon Arang

Babon basa Kawi

Ingkang anjarwakakên mawi sêkar Macapat, Radèn Wiradat

Bale Pustaka - 1931 - Batawi Sèntrêm

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut bab 11 ing anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- [3] ---

I. Kesahipun Dèwi Wedawati, Putranipun Êmpu Baradhah

1. Kinanthi

1. aum awigênamastu | ana carita ing nguni | sang wrêda mawardi kata | kautamane sang yogi | anama Êmpu Baradhah | ngasrama ing Lêmah Tulis ||

2. pra janma suyud sumungku | sang pandhita dèn pêpundhi | pindha dewa ngejawantah | wruh pandum pandoning Widi | widagda ing pujabrata | wadining Weda winardi ||

3. têtapa sangêt ginêntur | dadya kêkasih dewa di | ya ta wau sang pandhita | pêputra putri sawiji | dadya sêkaring asrama | duk nêdhêng rumaja putri ||

4. ing warna sampurna ayu | yayah hyang-hyanging dumadi | sarira rurus araras | gandês luwês anglam-lami | sasolah dadi wiraga [wi...]

--- 4 ---

[...raga] | pamulu kuning jêkining ||

5. rai nopèng mutri Galuh | sarwa ramping kaduk manis | netra blerah angusuma | kocak lindri masupati | samatra tanpa kuciwa | nama Rêtna Wedawati ||

6. nahên ta ingkang winuwus | ibune Dyah Wedawati | iya garwane sang wipra | nandhang gêrah angranuhi | madal salwiring usada | puwara tumêkèng janji ||

7. sadesa awayang-wuyung | ya ta Nikèn Wedawati | putêk mêtêk ngantak-antak | ngrungkêbi ibu kang lalis | ngrantêg sambat ngaruara | gêgulungan ngolang-aling ||

8. panangise layung-layung | dhuh ibuku kathik lalis | lulus pisah lawan ingwang | sapa sing asih mring mami | adhuh dewa dhuh bathara | kula nyuwun milu mati ||

9. karănta-rănta sang ayu | jroning tyas kadya rinujit | luh ngêlêb idêp ngêcombang | netra

--- 5 ---

bang balut abintit | muwuhi luruh jêtmika | lathi mèngèr-mèngèr kèksi ||

10. tan wus wuwusên kang giyuh | layon sampun dèn ruktèni | tinunu anèng pasetran | pinaripurnèng sêsaji | rampunging pangupakara | kang nglayat wus sami mulih ||

11. ya ta ing antara dangu | sang wiku wus krama malih | patutan jalu satunggal | wayah lagi ambêlêri | wus bisa atrap bêbêdan | nalika iku sang yogi ||

12. Êmpu Baradhah anuju | tindak mulang para murid | mring patapan Wisamuka | ing kana nuli sêsaji | siniwi ing para siswa | kocapa Sang Wedawati ||

13. ibune kuwalon nyêndhu | Wedawati sangêt sêrik | anggarês karasa-rasa | marang ibune kang lalis | mila lolos anglès marang | pancakaning ibu nguni ||

14. sadalan-dalan rawat luh | sêmpoyongan kudhung jarit [ja...]

--- 6 ---

[...rit] | satêkane ing pasetran | anjujug ngisor waringin | ing kono ana kunarpa | têlu gumluntung ing siti ||

15. patute mati tinêluh | mayit èstri kang sawiji | ana anake brangkangan | maksih urip angamploki | dhadhaning biyung kang pêjah | ngêthapêl anusu mayit ||

16. seg-segan rinubung sêmut | Wedawati aningali | tyas rêncêm trênyuh sru wêlas | crocosan marêbês mili | sang rêtna lajêng tumindak | alon lakune ngalêntrih ||

17. mring prênahe duk anunu | kunarpaning ibu nguni | nèng soring kêpuh sêsambat | dhuh ibu ngong sru kaswasih | susah pisah lawan sira | tumuli gawanên mati ||

18. sang ayu asênggruk-sênggruk | tansah mingsêg-mingsêg nangis | sigêg ganti kang winarna | Êmpu Baradhah sang yogi | riwusnya masaji sira | wangsul marang Lêmah [Lê...]

--- 7 ---

[...mah] Tulis ||

19. nuju lênggah sang awiku | linapuran mring kang swami | yèn Wedawati grêjêgan | rêbutan kêmbang lan ari | lajêng minggat tan pamitan | dèn ulati tan kapanggih ||

20. sang pandhita ngandika rum | aku dhewe kang ngulari | nyat laju jumênêng tindak | lumampah dumugi têgil | tanya lare angon menda | ngandika arum aririh ||

21. e gus kowe apa wêruh | anakku Si Wedawati | ênggih wau kula ninga | lare èstri ayu nangis | kudhung slendhang sambat-sambat | ibune sing êmpun mati ||

22. liwat kidul ngriku wau | sang yogi enggal nututi | angênêr marang pasetran | praptèng pancakaning rabi | uninga tapaking putra | duk anglosot anèng siti ||

23. sang wiku mulat lor kidul | katon Sang Dyah Wedawati | andhingkluk [andhing...]

--- 8 ---

[...kluk] lênggah ing sela | kalingan tambining uwit | kêpuh angrongkop nyrêkakah | singup sintru anglindhuki ||

24. Sang Baradhah tandya mêngkul | babo putraningsun gusti | anggèr uwis aja susah | anggung anggagas kang lalis | ibumu uwis sampurna | mulih marang sawarga di ||

25. apa ta sira kalimput | wêwulangku wingi-wingi | wis lumrahe wong tumitah | mêsthi katêkan ing pati | mulane nini lêjara | aja andêdawa sêdhih ||

26. sang dyah anggung ngusapi luh | umatur kalawan nangis | aku mati bae rama | milu sibu sing wis swargi | adhuh rara nora kêna | anggege măngsa tan bêcik ||

27. nuruta ya nggèr wong ayu | ayo Wedawati mulih | rinapu-rapu sang rêtna | kêndhih mêndha dènnya sêdhih | nuli wangsul mring asrama | satêkaning Lêmah Tulis ||

28. ing dalu nuli mêmuruk [mêmu...]

--- 9 ---

[...ruk] | sang tapa mring Wedawati | laku myang ngilmu kayogyan | murih santosa ing galih | dhasare sang dyah gathekan | trampil graitane titis ||

29. wus antara laminipun | lunta lumintaning sasi | sang pandhita nuju tindak | mring patapan mulang malih | lan mêmule ulah puja | mangastungkara dewadi ||

30. kukusing ratus kumêlun | mulêg muluk mring wiyati | sang wipra dèn adhêp siswa | pra siswa kasok kaèksi | samya misungsung sang dwija | măngka sungkêm myang pamèt sih ||

31. sigêg ganti kang winuwus | Wedawati congkrah malih | ibune anyar angrampyang | sang dyah sêrike kapati | wus putung atine tênan | tan ana ingkang tinolih ||

32. nuli lumayu anjujug | pasetraning ibu malih | mêlêng milalu antaka | sêsambate amlasasih | tan liyan mung minta nunggal | lan ibu ingkang [ing...]

--- 10 ---

[...kang] wus swargi ||

33. kocapa sang wiku kondur | saking pamujan sêsanti | alon dènira ngandika | animbali Wedawati | dhenok sira lagi apa | ora katon bocah iki ||

34. mrenea gèr lan adhimu | garwane matur tan aris | kalawau têtukaran | kalih rayine abêngkrik | kula pripih malah pugal | mak sênthiyêng kesah mêlih ||

35. sang yogi enggal anusul | sarwi angandika aris | hêm iku măngsa oraa | mring kubure ibunèki | laju lampahe sang tapa | angulati Wedawati ||

36. nèng pasetran wus kapangguh | sang yogi sangêt maripih | lênggah nyakêt lan wêwarah | ngarah pituruting siwi | asung sorah wela-wela | wêwulang winola-wali ||

37. kang putra dèn êlus-êlus | tan pêgat dèn ngandikani [ngandika...]

--- 11 ---

[...ni] | sang rêtna mung nyuwun pêjah | lumuh marang Lêmah Tulis | tulus gêmpunge kang manah | datan gampang pinalimping ||

38. malah tita dènnyandangu | têtêp sang dyah ambêk pati | têmah mupus sang pandhita | sumendhe karsaning Widhi | lajêng dhawuh maring brayat | kulawarga Nglêmah Tulis ||

39. kinèn karya wisma tajug | sampêt saprantining panti | pinapan trêping pasetran | măngka wismane sang putri | ya ta padha sanalika | panti rampung tata rakit ||

40. wit saking dènira sayuk | guyub panindaking kardi | ginêlak sadina-dina | tan suwe rampung nyukupi | acèkli rupane rampak | dinulu angrêspatèni ||

41. gandhok pawon jagasatru | satrêping pasetran salin | dadi pomahan kang endah | andongong kang sami mèksi | pêthane pinăntha-păntha [pinăntha-pă...]

--- 12 ---

[...ntha] | pêpêthetan tharik-tharik ||

42. soka kumuning lan andul | cêpaka angsana jêring | surastri bujangga puspa | wunga wari wunga tali | mayana lan pacar cina | têlêng pandhan pudhak wangi ||

43. gambir mêlathi lan mênur | kuranta rantap miranti | runtut rêntêt miwah pêncar | kacaryan Sang Wedawati | têntrêm mèh mari mangarang | suka myat langêning sari ||

44. ing rina wêngi sumungku | pujabratane lastari | mêmardi ing yogabrata | berat sêsukêring ati | putraning pandhita tama | asri panataning budi ||

II. Calon Arang dipun lurugi wadyanipun Prabu Èrlangga

2. Sinom

1. gênti ingkang cinarita | Sang Sri Èrlangga Narpati | binathara tanah Jawa | baudhêndha [baudhê...]

--- 13 ---

[...ndha] nyakrawati | têtika tyas undhagi | nityasambêk darma mardu | minule para wadya | mardi kautaman adi | sri narendra kaloka ing tri bawana ||

2. jumênêng ana ing Daha | kadhaton kadya swarga di | janma sajroning nagara | suka rêna sami aring | prapta rèng-èrèng wukir | pagêring kalis tan tuwuh | tan na sangsayèng gêsang | warata suka basuki | sawab antuk barkahe sri naranata ||

3. mangkana wus sawatara | ana lêlêtuh dhatêngi | mingip anèng desa Girah | mangkene ingkang dadi wit | ana warăndha nami | Calon Arang tukang têluh | tuju lan taragnyana | răndha sêkti sugih murid | ahli ngèlmu duwe kitab pêpêthingan ||

4. saking sampurnaning kitab | mêngku kawruh ala bêcik | wis lumrah para candhala | donga ingkang mandi-mandi | ginawe misunani [misuna...]

--- 14 ---

[...ni] | sênêng nangsayèng tumuwuh | mangkana Calon Arang | anake mung siji èstri | aran Rêtna Manggali ayu rupanya ||

5. wus mèh lungse durung somah | wangsane êmoh ngrabèni | wong liya manèh sudiya | kêdayan biyunge bêngis | drêngki lêngus tur srèi | dhêmên niayèng tumuwuh | tanahe wong pitênah | tan kogêl karya pêpati | wus tinitèn tinampik wong sanagara ||

6. Calon Arang dahat rudah | isin awor muring-muring | angunggar ardaning manah | ngibarkên pakarti juti | cipta nêdya numpêsi | wong akèh arsa tinêluh | ya ta wus nyandhak kitab | mêpak sagung para murid | Si Wêksirsa lan Si Maesa Wadana ||

7. Si Lêndhê Si Larung Guyang | Si Gandhi prasamya ngiring | mring candhine Sang Hyang Durga | ya Bathari Bagawati | sawusnya praptèng candhi | Calon Arang anyênyuwun [anyênyu...]

--- 15 ---

[...wun] | pasihaning Hyang Durga | derarsa numpêsi janmi | Calon Arang maca kitab matak donga ||

8. pra murid ambantu donga | sêmbari ngigêl angibing | pangibinge bêng-ubêngan | tandya Sang Hyang Bagawati | umiyos anêdhaki | saka ing arca jumêdhul | Calon Arang sumêmbah | sujud sumungku ing siti | sasiswane pating jrêngking sujud nêmbah ||

9. Bathari Durga ngandika | Calon Arang anak mami | sira ngaturi maringwang | misungsung puji sêsaji | sêja apa ta nini | mara matura dèn gupuh | nuwun inggih klilana | amba nuwun sih bathari | badhe damêl pagêblug numpêsi tiyang ||

10. iya wis aja sumêlang | ingsun uga anglilani | nanging aja wong jro kutha | ngêmungna ing têpis-iring | sandika kang sinung ling | sumêmbah mituhu dhawuh | Bathari Durga muksa | Calon Arang

--- 16 ---

nuli mulih | samuride marang desane ing Girah ||

11. satêkane desa Girah | nalika ing têngah wêngi | umahyakakên kêmayan | mayêng lawan para murid | anèng prapatan margi | jêjogedan masang têluh | kangsi lawan kêmanak | kang kinarya anggamêli | Calon Arang suka bungah wijah-wijah ||

12. ya ta tan antara lama | tuwuh pagêring panastis | trus naratas ngămbra-ămbra | ngêmbrah layon andalidir | kêkês wong sanagari | katur ing parentah agung | ing Sang Prabu Èrlangga | miyos siniwakèng dasih | wadyabala bêlêg lubèr ambalabar ||

13. mantrimuka atur priksa | sêsakit kang karya miris | awit saking randhèng Girah | nênuwun Hyang Bagawati | samuridipun ngiring | têngah dalu atrap têluh | munggèng dlanggung prapatan | jogedan binarung kangsi | kathah sangêt [sa...]

--- 17 ---

[...ngêt] tiyang kang sami uninga ||

14. ature sang mantrimuka | rinojong ing brêtyapati | ambyong biyantu mupakat | sang nata gya andhawuhi | mring prajurit sinêlir | sikêp gêgaman anglurug | nglunasi Calon Arang | sandika kang dèn dhawuhi | wusnya sujud mangênjali nulya budhal ||

15. datan kawarna ing marga | lampahe para prajurit | wus prapta desa ing Girah | wanci titi sonya wêngi | wong-wong tan ana nglisik | padha kapenak aturu | tandya para dutendra | sudira malêbèng panti | laju jujug maring unggyaning ni răndha ||

16. Calon Arang lagi nendra | tan darana pra prajurit | ngukêl rambute bok răndha | ngliga pêdhang mingis-mingis | kuwalat pra prajurit | tangane kêjêng akêju | kêjot Sang Calon Arang | ngalilir dènira guling | sru bramatya

--- 18 ---

matane mêtu dahana ||

17. cangkêm kuping irungira | ngarab-arab mêtu gêni | muntab mubal ngalad-alad | nyalad mring para prajurit | gosong syuh kang kêkalih | duta liyane lumayu | lêlayu marang kutha | matur marang sri bupati | adhuh gusti patikbra ngaturkên tiwas ||

18. dinuta tan antuk karya | abdi tuwan kang kêkalih | pêjah kasanglad dahana | pun Calon Arang sinêkti | mripat irung lan kuping | cangkêm sami mêdal latu | ambêsmi abdi tuwan | dahat ambăndakalani | sri narendra midhangêt kalangkung kewran ||

19. ing galih wagugên wêgah | wigih derarsa mrih pati | têmah kataman duhkita | kocapa sang răndha sêkti | Calon Arang sru muring | marêngut amungut-mungut | dènnya wus kawanguran | marang kang darbe nagari | srênging driya ni răndha anuli mentar ||

--- 19 ---

20. lan anggawa kitabira | para murid wus dèn irid | marang têngahing pasetran | satata sami alinggih | ngrêrancang gunêm pikir | ana ngisoring wit kêpuh | singup ngrokop nyêrkakah | pange kongsi klangsrah siti | rinambatan bondhot bundhêt lêt-ulêtan ||

21. bolu lan baligo alas | pating slêbrah anyobrahi | lumrang lêlumut ing lêmah | tinon lindhuk mêmêdèni | ya ta kang sami linggih | Si Lêndhi alon umatur | mring guru Calon Arang | kangjêng nyai kadospundi | ingkang dados pêpuntoning karsandika ||

22. rèhning pitênah punika | sampun konangan sang aji | botên wande dados gêndra | manawi nyai ngrujuki | suwawi dèn unduri | mantun naragnyana nuju | sukur bage tobata | ngungsi dhumatêng sang yogi | ingkang sagêd nuntun raharjaning gêsang ||

23. Si Larung sumambung sugal [su...]

--- 20 ---

[...gal] | ah ah ora prêlu wêdi | watir diwatiri apa | wis têlês kok cincing-cincing | malah ayo ngayoni | jroning nagara ditêmpuh | kabèh bèn modar pisan | yèn nisa ngisin-isini | nadyan jroning kadhaton iya dilunas ||

24. pra siswa samya mupakat | nyaine iya ngrujuki | lajêng ngakèn nabuh găngsa | jinogedan gênti-gênti | guru nyai mriksani | ginladhi pêpantêsipun | mêngko yèn atrap karya | kinèn bêbarêngan ngibing | ya ta wau wiwit angigêl Si Guyang ||

25. andhaplang mlaku cebolan | sarwi ngobat-abit jarik | mata mlèrèk palerokan | ngiwa nêngên mondar-mandir | nuli Si Larung ngibing | tangan nêbak-nêbak nyaruk | lan wuda gêdandapan | matane abang macicil | rambut gimbal nyêngkorok dèn ambrah-ambrah ||

--- 21 ---

26. ganti Si Gandhi jogedan | lêlumpatan anggêdabig | rambute anèng ngiringan | mata andik amêndêlik | Si Lêndhi ngigêl gênti | pincangan gêjig ngêcincug | rambut dèn udhal-udhal | mata malerah anggêni | nuli Si Wêksirsa êndhas cèlèng ika ||

27. pangigêle mêndhak-mêndhak | nolèh ngiwa nêngên ngoling | mata mlolo nora kêdhap | mèh wuda nyêbraki jarik | nuli gênti angibing | Maisa Wadana iku | êndhas kêbo abranggah | pangigêle sikil siji | kadhang nungsang ilat mèlèt gêlabedan ||

28. tangan anggêgêm carukan | suka risang guru nyai | tandya prentah mandum karya | anèng sajroning nagari | ing keblat papat sami | pinaran pinanduk tuju | ing têngah Calon Arang | Si Wêksirsa kang kinanthi | lan Maisa Wadana milu ing têngah ||

--- 22 ---

29. sawusnyandum atrap sarat | laju kêkumpulan malih | anèng têngahing jaratan | sandhing candhi Durga wingit | Calon Arang angambil | bathang siji maksih wutuh | kang mati dina Tumpak | Kaliwon puniku bêcik | yèn ginawe sajèn dhahar brêkasakan ||

30. bathang nuli cinêngkalak | dèn ugêr ana ing uwit | jinapan lan dinamonan | murih bisa bali urip | murid kêkalih sami | angêlèkkên matanipun | bangke nuli gumregah | mênggèh-mênggèh urip malih | sarwi matur adhuh bêndara dhuh lurah ||

31. sampeyan aparing gêsang | wêlas dhumatêng pun abdi | ulun ngraos kêpotangan | botên sagêd anyauri | Wêksirsa nambung angling | kowe arêp urip tulus | iku ta luwih gampang | gulumu tak tugêl dhisik |

--- 23 ---

Si Wêksirsa sêdhèt angunus bêdhama ||

32. dhêl nigas guluning bathang | jinambak sirah cinangking | gêtihe sumêmprot munggah | iku ginawe ngramasi | rambut gimbal lan gêtih | ususe dèn ulur-ulur | sinrempangakên pundhak | gêmbung ginawa tumuli | kanggo sajèn katur Hyang Bathari Durga ||

33. tan antara suwe nulya | miyos Sang Hyang Bagawati | ngandika hèh Calon Arang | sira tur-atur sêsaji | bangêt tarima mami | lan apa kang sira suwun | nuwun inggih kawula | angsala idi bathari | amba badhe damêl pagêblug kêtogan ||

34. dumugi nglêbêting praja | awit kang gadhah nagari | Sang Maha Prabu Èrlangga | sangêt runtik mring pun patik | utusan mrêjayani | mila ulun sangêt nuwun | ing sih idi paduka | iya ingsun angidini | nanging sira ngatiatia [ngati...]

--- 24 ---

[...atia] dèn yitna ||

35. Bathari Durga wus muksa | Calon Arang nêrêng mrêdi | andadi lêlara ngrêbda | sêsakit ngebat-ebati | ngambah jroning nagari | gègèr gora rèh gumuruh | gumêrah wong sêsambat | kang kêpatèn pating jlêrit | morat-marit larut malarat têmporat ||

36. akèh wong lara klarahan | kongsi tan kobêr ngopèni | pating gruyuh pating brangkang | kêrangkang-rangkang anjêngking | kuru aking mêkingking | kongkah-kangkèh anggêluruh | ngangkat-angkat kêsrakat | karkat kinukut sêsakit | kang sakarat kêrot merot mangap-mangap ||

37. dhandhang angalup lir ngêlak | gaok-gaok êrak sêrik | lalêr bêngkowang byung-byungan | walang kècèk kinjêng tangis | kèh swara ngrês-êrêsi | solahe wong tambuh-tambuh | tambah tikbra timbrungan | kalambrangan sami ngili [ngi...]

--- 25 ---

[...li] | ngêmban anak ngindhit anak nyunggi bantal ||

38. tan wus kang sami kasrakat | setan nyuwara mambêngi | e e aja padha lunga | desamu iki wis bêcik | balia aja wêdi | wis ora ana pagêblug | akèh swaraning setan | kubandhayaksa picaci | ciya-ciya ambadhog bangke mawijah ||

39. Wêksirsa mangsah ngrubeda | marang wong kang nandhang sakit | blêbêng mlêbu marang wisma | Maisa Wadana ugi | milu manjing ing panti | mêtu tutup keyong wuwung | anjog ing patilaman | sarwi muwus briga-brigi | mundhut sajèn gêtih mêntah daging mêntah ||

40. têtêluh sangsaya ngrêbda | tan ana mêndhane kêdhik | akarya mirising janma | tinulak tan bisa bali | ngênês wong sanagari | anggrêsah susah syuh rêmpu | punggawa narapraja | putêg kapêtêg kêpati | panggagate pêgat truh kantrêk katrêsan ||

--- 26 ---

III. Êmpu Baradhah anggêsangakên têtiyang ingkang sampun sami pêjah dipun têluh dening Calon Arang

3. Mêgatruh

1. ya ta wau Sri Èrlangga Sang Aprabu | sangêt sêkêling panggalih | saking ngrêbdaning pagêblug | datan kêna dèn sayuti | sri nalendra lajêng miyos ||

2. sinewaka pêpak wadya punggawa gung | sang nata mèngêt ing galih | tuwuhing lêlara iku | saking măntra băngsa batin | yêkti tan kêna ginroboh ||

3. yèn kinasar dudu aduning pamanduk | mila sang prabu nimbali | sakèhe kang para wiku | kang sampun sami mumpuni | putus abontos ing batos ||

4. cipta wêning wênang wanuh lan dewa gung | mangkana kang para yogi | sampun sowan angalumpuk | lajêng kinèn marang candhi |

--- 27 ---

nênuwuna ing Hyang Manon ||

5. mamrih ruwat rêruwêd kang mawèh riwut | ngrawat prajarja basuki | anyirnakakên pagêblug | para wiku yogi sami | gya mangsah sêmadi ma-om ||

6. kundha agêng kumêndhêng kukusing ratus | samidha tila kayu sri |[1] candhana usêr lan garu | grêta tuwin menyak wangi | dèn obong wus murub marong ||

7. katarima yogane kang para wiku | Hyang Caturbuja nêdhaki | jumênêng nginggiling latu | saksana aparing wangsit | ngandika alon tumlawong ||

8. ingkang bisa ngilangi pagêblug iku | pandhita ing Lêmah Tulis | Êmpu Baradhah linuhung | ampuh jêjapane mandi | luhur ngèlmune wus bontos ||

9. bisa ngrêksa praja ngrêsiki [ngrêsi...]

--- 28 ---

[...ki] rêrusuh | Sang Hyang Guru wusnya mangsit | nulya muksa ngamun-amun | pra wiku mudhar sêmadi | laju matur mring sang katong ||

10. dhawuhipun Hyang Maha Bathara Guru | kang sagêd munah pagêring | mung Baradhah sang awiku | kang asrama Lêmah Tulis | lan sagêd ngrêksa kaprabon ||

11. tan darana sang nata lajêng angutus | marang Kandhuruan aglis | ngaturi sang maha wiku | Êmpu Baradhah sang yogi | kinon munah lêlaran don ||

12. Kandhuruan nêmbah sujud gya lumaku | sapanêkare umiring | wahana kuda gumrubyug | lumampah raina wêngi | ginêlak nyongklang anjojog ||

13. têkèng paregolan Lêmah Tulis mudhun | kuda mire dèn cancangi | lajêng mlêbêt mundhuk-mundhuk | wus cundhuk lawan sang yogi | cundakendra angalap sor ||

14. sang pandhita nambrama wacana arum |

--- 29 ---

tigas kawuryan priyayi | sasana ngêndi ing pungkur | paran kang sinêdyèng kapti | jumujug kene ing dhepok ||

15. lawan sapa asmane anak mas bagus | andhêku risang sinung ling | matur Kandhuruan ulun | sowan kawula tinuding | putra paduka sang katong ||

16. angaturi paduka sang maha wiku | dhatêng nagari Kadhiri | murih nênumbali têluh | tulaking tulah pagêring | kang ngrêbda sangêt angradon ||

17. saking pokalipun randhèng Girah dhusun | Calon Arang muring-muring | anakipun èstri bubruk | sêbêl botên pajêng laki | măngka ayu moblong-moblong ||

18. nama Rêtna Manggali parawan wudhu | punika kang anjalari | mungkaripun tukang têluh | sang pandhita angling aris | o o dadine mêngkono ||

19. Kandhuruan matura marang sang prabu | ingsun ya saguh numbali | lêlara wis mêsthi larut [la...]

--- 30 ---

[...rut] | nanging iku Si Manggali | kudu digolèkke bojo ||

20. kene ana Êmpu Bahula muridku | iku kon ngrabèni dhisik | ubarampening panêmbung | sasrahan tukon lan said | saprantine wong jêjodhon ||

21. sri narendra maringana ingkang cukup | Bahula iridên nuli | sowana ing sang aprabu | Kandhuruan nyandikani | gya kinon ngaso mring pondhok ||

22. wus sinuguh sêga iwak manjung-manjung | lawuhane warni-warni | lawan inuman supênuh | sêsêgêran arum manis | wowohan kang amiraos ||

23. pêpanganan lêgi gurih sêdhêp nuntung | lumêr pulên lan kumripik | suka sagung kang sinuguh | marêm lêrêm warêg aring | nutug katog nganti atop ||

24. wusnya ngaso Kandhuruan pamit wangsul | lapur dhatêng sri bupati | Êmpu Bahula tumutur | sang yogi wus anglilani [angli...]

--- 31 ---

[...lani] | tandya sami mangkat bodhol ||

25. duta nata tan winuni anèng ngênu | sampun malêbêt ing puri | munjuk ing kangjêng sang prabu | sawêlinge sang ayogi | wiwitan wasananing wos ||

26. Sri Èrlangga kalangkung suka jumurung | maringi sapalakarti | mring Êmpu Bahula laju | kinèn nglamar mangkat nuli | mring Girah ngupaya bojo ||

27. dèn iringkên ing wadya sapantêsipun | enggale sampun dumugi | ing Girah dhukuhan agung | Êmpu Bahula gya linggih | ing ênggon sadhiyan dhayoh ||

28. Calon Arang mêtu anêmoni tamu | muwus aris sêmu taklim | bagea kang nêmbe rawuh | sintên saha saking pundi | kula katambêtan panon ||

29. Sang Bahula saka ing salu tumurun | nglungsur basahaning jarit | lan mangsuli sabda alus | pambage paduka [pa...]

--- 32 ---

[...duka] singgih | nuwun ulun kêdah ngasor ||

30. dene sowan kula punika nênuwun | mugi angsal sih sinudi | bok răndha malih amuwus | prayogi lênggah rumiyin | nuli lungguh bali ing gon ||

31. Sang Bahula alon dènira mitêmbung | mugi botên anjalari | rênguning panggalih mêsgul | minggêtakên srawungan sih | kang makatên sampun ngantos ||

32. yèn paduka rujuk kapanujon sarju | tuwin kang badhe nglampahi | pun Manggali kula suwun | dadosa semah salami | samantên wau yèn condhong ||

33. ulun pun Bahula ulah ngèlmi luhung | siswaning pandhita sêkti | ing Lêmah Tulis kang kasub | botên langkung kula naming | mêmuji sagêd sinarjon ||

34. Calon Arang dahat sru sukaning kayun | dhuh inggih sang wiku sigit | kula sakalangkung nuwun | jêngandika [jêng...]

--- 33 ---

[...andika] anampar sih | dhatêng Manggali pun dhenok ||

35. namung mugi sampun kirangan pamêngku | awit pun Rêtna Manggali | prawan dhusun sangêt cubluk | kogung labêt mung satunggil | măngsa boronga kemawon ||

36. Sang Bahula takèn bab têtukonipun | randhèng Girah muwus gampil | sadhengah pêparingipun | jêr mung sarat tatakrami | botên kêdah sarwa mompyor ||

37. ingkang prêlu mung sih jêngandika èstu | dhatêng pun Rêtna Manggali | Sang Bahula nuli angsung | sêdhah panglarang lan malih | sasrahan said lan tukon ||

38. ya ta wau sampun ing antara dangu | ngrantam angrukti piranti | wus kênthing dina tinamtu | nênggih panggihing pangantin | enggale sampun kalakon ||

39. mawi pawiwahan agêdhèn gêgêdhug | tan godhag jroning nêm ari | samya alêlangên nutug | dhayoh [dha...]

--- 34 ---

[...yoh] kulawarga batih | lan kadang kang adoh-adoh ||

40. guyêng guyub kasukan tutug sakayun | ting sriwêt raryya lit-alit | bungah-bungah wênèh udur | gumêdêr ting crêngèk nangis | tangèh lamun winiraos ||

41. duk anuju ing wanci sore mèh surup | Nyai Calon Arang pamit | muwus marang mantunipun | arsa kesah ngaring-aring | maring pasetran sêsintron ||

42. lan kitabe parimbon sampun sinambut | putra mantu kinèn kari | têtêp têntrêma arukun | gya kesah ijèn bok nyai | ing sabên-sabên mangkono ||

43. mantèn lanang Bahula têtanya arum | marang Sang Rêtna Manggali | sarwi lêlendhotan lungguh | yayi sibu mênyang ngêndi | anggawa kitab parimbon ||

44. sabên sore lunga ijèn sajak prêlu | bêdhug bêngi lagi bali |

--- 35 ---

yayi tutura satuhu | atiku bangêt kuwatir | mêngko nèk dibegal nguwong ||

45. miwah sato galak nyêgat ganggu-ganggu | yayi aku bangêt watir | Manggali ngingsêri lungguh | sarwi ngarêpake laki | adu dhêngkul timpuh megos ||

46. kula matur sayêktose sibu niku | nanging niki rêmbag wadi | sampun ngantos katarucut | kawêdhar ing sanès janmi | yêktos lo gih sampun omong ||

47. iya yayi aku ora bakal tutur | mongsok aku ngudhal wadi | aku iki rak bojomu | mêsthi milu ngrêksa trêtip | priye barèse mas ingong ||

48. inggih salêrêse sibu niku nêluh | numpêsi tiyang nêgari | milane wontên pagêblug | pêpêjah makêthi-kêthi | adamêl girising uwong ||

49. kitabipun puniku kalangkung ampuh | isi

--- 36 ---

ngèlmi wrêni-wrêni | mila botên kenging kantun | ning niku wadi hlo wadi | sampun ngantos omong-omong ||

50. Sang Bahula ngungun sarwi manggut-manggut | batine sampun ngêcupi | wasana alon amuwus | dhuh yayi woding tyas mami | wong dalongèh moblong-moblong ||

51. ingsun yayi bangêt kapenginku wêruh | isine kitab kang mandi | yèn nuju kalimpe sibu | jukukêna ya wong kuning | sadhela bae tak dêlok ||

52. inggih benjing yèn kalimpe kula grumut | wau ta sang mantèn kalih | lulus dènira nèng ngriku | wus antara dina malih | Manggali anilib alon ||

53. nyêlêr kitab nuju ibune katungkul | nuli ingaturkên laki | lakine suka ing kalbu | Êmpu Bahula gya pamit | lunga ethok-ethok mlancong ||

--- 37 ---

54. sajatine marang Lêmah Tulis mantuk | ngutu tan dangu wus prapti | kapanggih lan gurunipun | Êmpu Baradhah nanggapi | kitab winiyak tinonton ||

55. wus winaos agawok sarwi macucu | lah iki kitab linuwih | amung kang nganggo kalèru | mandining măntra kinardi | ngadoni panindak awon ||

56. Sang Pandhita Baradhah ngandika arum | hèh Bahula kitab iki | konên nyimpêni bojomu | sandika kang sinung angling | ya ta sawusnya mangkono ||

57. Sang Baradhah laju mring ênggon pagêblug | murid tiga ingkang ngiring | urut marga miwah dhusun | nguripke kang padha mati | nanging mung kang durung bosok ||

58. kang sinawang kang dinumuk kang dinamu | prasami waluya jati | ya ta sang wiku andulu | ana uwong dadèk gêni | dèn anggoa ngobong layon ||

--- 38 ---

59. sang bagawan mring ênggon kang arsa nunu | mayit iku dèn lurupi | bejone[2] nangisi ngrangkul | sambat-sambat lan ngambungi | Sang Baradhah nabda alon ||

60. mêngko-mêngko tak dêloke mayit iku | lurup nuli dèn ungkabi | kêkêtêge banjur thukul | saya sêru sêntig-sêntig | lurub binukak ping pindho ||

61. ambêkane mêtu nora suwe lungguh | warise bungah kêpati | pating sredhok nêmbah sungsun | marang risang angsung jampi | tan kayaa sukaning wong ||

62. atur bêkti panuwun tuwin misungsung | sang wiku lumampah malih | mulat bangke jèjèr têlu | wus basah bangkrah kang siji | ingkang loro durung bosok ||

63. wangke loro iku siniratan banyu | gumaregah padha urip | nêmbah dahat sukèng kalbu | sang wiku ngandika maring | muride kang

--- 39 ---

ngiring loro ||

64. kinèn wangsul marang Lêmah Tulis mantuk | ing dhepok kagalih sêpi | ya ta sêsewangan laku | sang wiku lajêng lumaris | ngidul ngulon menggak-menggok ||

65. dupi prapta pasetran kang rêgêd runggud | dhukut kêkruwudan pakis | wangke pirang-pirang atus | asu jugug gagak muni | hag hug èng èng gaok gaok ||

66. sami mangsah mêmăngsa bathang kang buthuk | duk wêruh marang sang yogi | sami kabrasat nênusup | sang bagawan gya nyirati | marang bangkene sakèh wong ||

67. ting jênggèlèk urip pirang-pirang atus | sang wipra lumampah malih | ana wong wadon anginglung | kanganglangan andalêming | kadhang nangis anggêlolo ||

68. labêt tininggal mati ing lakinipun | èstri duk miyat sang yogi | grawalan nungkêmi suku | sambat pêgat-pêgat nangis | nyuwun [nyu...]

--- 40 ---

[...wun] mrih uriping bojo ||

69. sang bagawan nabda o iku lakimu | uwis ora bisa urip | wis suwe patine iku | yèn kowe kadrêng ing ati | kudu kumpul nunggal ênggon ||

70. yèn kowe wis mati iku bisa kumpul | benjang ana ing swarga di | kudu nganggo sarat ngèlmu | iki tampanana nuli | anggonên tumêkaning don ||

71. wong wadon wus nampani sangêt anuwun | sêdya mituhu wêwêling | sang wiku tindake laju | anèng pasetran kapanggih | wong loro nêmbah andhodhok ||

72. Sang Baradhah takèn sapa sira iku | dene padha atur bêkti | aku durung tau wanuh | Wêksirsa amba puniki | punika kănca sadhepok ||

73. pun Maisa Wadana pêparabipun | sami siswanipun Nyai | Calon Arang kang misuwur | dhuh tuwan [tuwa...]

--- 41 ---

[...n] sang maha yogi | kula dosa ing Hyang Manon ||

74. jêng paduka ngruwata cintraka ulun | tiyang kêkalih puniki | sampun tobat turun pitu | botên badhe nêluh malih | durung kêna yèn samêngko ||

75. kudu Calon Arang rinuwat karuhun | payo têmokêna mami | ya ta prasami lumaku | sêdya pêpanggih lan nyai | kang lagi mungkur lungandon ||

IV. Calon Arang sirna dening Êmpu Baradhah

4. Pangkur

1. mangkana wau nyi răndha | Calon Arang arang-arang nèng panti | nalika iku anuju | anèng jroning pasetran | tinêdhakan Bathari Durga dhêdhawuh | hèh Calon Arang dèn yitna | pakewuhmu [pakewuh...]

--- 42 ---

[...mu] mèh nêkani ||

2. Hyang Durga anulya muksa | Calon Arang watir akêtir-kêtir | tan dangu sami pra rawuh | dèn iring Si Wêksirsa | Si Maisa Wadana sami tut pungkur | Wêksirsa matur mring răndha | nyai kula atur uning ||

3. punika sang panêmbahan | maha yogi Baradhah Nglêmah Tulis | sagêd ngruwat mêmala dur | o o iku sang wipra | dhuh sang wiku bagea paduka rawuh | saklangkung kapasang yogya | amba mêmalar srêdha sih ||

4. mugi paduka ngruwata | dhatêng ulun dhuh enggal sang ayogi | hèh bok răndha wruhanamu | sira tan bisa ruwat | lamun nora srana pêcating nyawamu | awit kêgêdhèn duraka | dosamu anggêgêdhêgi ||

5. siranggung gawe sangsara | masang têluh akèh wong padha mati | matimbun tambuh pinetung | mulane nora gampang | Calon Arang

--- 43 ---

mêksa mêksa amêmêsu | mrusa minta rinuwata | sang wiku gèdhèg lan nyungir ||

6. kukuh tan kêna dèn anyang | Calon Arang tandya krodha mawrêdi | padoning lambe kumêdut | napas sêsêk krênggosan | netranira andik mandêng mring sang sadu | idu cupêt tibèng jaja | jwalita muntab mêtwagni ||

7. rongèh tansah sarikutan | jaja bang mawinga-winga mawêngis | hèh hèh Baradhah mapuguh | tita tan arsa ngruwat | apa kongsi sun têluh amasthi luluh | kêsanglat prabawaningwang | sida lêbur tanpa dadi ||

8. sira tan kulak pawarta | gilo iki Calon Arang sinêkti | nyata santosa gêgêdhug | ing jagad tanpa timbang | aja manèh kang kaya iku wandamu | sun damu măngsa ngukupa | galo dulunên wit ringin ||

9. tak gêtake pêsthi sirna | dadi awu mawut wangwaning

--- 44 ---

uwit | tandya bok răndha anyêmbur | gurda dadi dahana | pating slêbar sumêmbur kabur ing lesus | sang pandhita angandika | kêtogên gunamu nyai ||

10. Baradhah măngsa wêgaha | Calon Arang tandya angêtog budi | butêng mangkrak krodha liwung | kêrot sigra anyênggrang | garêgêtên gumêrgut anggêgêt untu | anjrit ngêrik kadi yaksa | nglumba ngancap kirig-kirig ||

11. asru nyêrangkên kadibyan | kuping irung tutuk mata mêtwagni | mubal babal gumarubug | sumêmbur anut napas | saya gêdhe ngrênggunuk sagunung guntur | anggêrêng gora gurnita | nungkêp marang sang ayogi ||

12. dangu murub ngalad-alad | nanging ora busik sang maha yogi | malah ambalêrêt larut | dahana sirna gêmpang | Sang Baradhah tandya amatêg măntrastu | nyabdakakên marang răndha | hèh

--- 45 ---

ko Calon Arang mati ||

13. sêg kringkêl tanpa sêsambat | Calon Arang pêjah datanpa kanin | anèng kisma gumaluntung | kêjot kumrugêt ora | sang pandhita nabda o aku kalimput | lali durung amitungkas | marang Calon Arang iki ||

14. ing bab ngèlmu kasampurnan | kangge sangu mulih mring jaman pati | tak uripne mênèh iku | tumuli sang pandhita | nguripake mring Calon Arang kang lampus | saksana răndha gumregah | lungguh sarwi ngucap wêngis ||

15. hèh wiku sababe apa | wong wis mati thik dibalèkke urip | sang sadu mangsuli arum | iya aku kêlepyan | sira mau durung tak sangoni ngèlmu | kanggo marang kalanggêngan | iki lo ngèlmune nyai ||

16. Calon Arang gya sumêmbah | marikêlu kalangkung sukèng ati | dene [de...]

--- 46 ---

[...ne] ta pinaring ngèlmu | ya ta sampun winêjang | sarampunge Calon Arang nuli lampus | lês lulus bablas wus lêpas | kunarpa lajêng binêsmi ||

17. siswa kalih Si Wêksirsa | lan Maisa Wadana wus sinalin | rupa lawan budinipun | rahayu ambêk darma | dadi siswa anyantrik marang sang wiku | saparan angiring lampah | sang dwija lajêng lumaris ||

18. marang padesan ing Girah | wus kapanggih lawan muride nguni | Êmpu Bahula tumundhuk | mêthuk gurune prapta | wusnya lênggah Êmpu Baradhah amuwus | yèn Calon Arang wus pêjah | Sang Bahula mangênjali ||

19. lajêng kinèn atur priksa | mring Sri Nata Èrlangga ing Kadhiri | sirnane si tukang têluh | Bahula gya umangkat | gêgancangan datan winuni ing ngênu | nuli têkèng purantara | canthèl atur ing sang aji ||

20. ya ta sampun ingandikan [i...]

--- 47 ---

[...ngandikan] | padha bêcik Bahula sira prapti | matura apa prêlumu | gusti pangèstu tuwan | amba sowan kinèngkèn ramanta êmpu | Baradhah atur uninga | yèn pun Calon Arang gusti ||

21. ing samangke sampun pêjah | tandhing guna dibya prabawa kontit | lan ramanta sang awiku | pun răndha sor ing guna | têmah pêjah kuwănda sampun tinunu | suka Sang Prabu Èrlangga | sukur bage sèwu kêthi ||

22. samêngko rama bagawan | ana ngêndi ingsun arsa pêpanggih | gusti ramanta sang sadu | wontên ing dhusun Girah | sri narendra ngandika mring mantringayun | Darmamurti parentahna | sesuk-esuk dèn rumanti ||

23. upacara lan tunggangan | ingsun arsa mêthuk rama sang yogi | sandika kang sinung dhawuh | tanggap sigra mêmatah | ya ta

--- 48 ---

sampun sampêt sapirantinipun | dipăngga rata jêmpana | titihane para manis ||

V. Prabu Èrlangga puruhita dhatêng Êmpu Baradhah

5. Dhandhanggula

1. tan cinatur tataning pangrukti | rantap titihan cumawis aglar | jêjêl wadya kang andhèrèk | dhêrêg munggèng manguntur | myang paseban ing sri manganti | nganti wiyosing nata | wus siyaga sagung | bayangkara lan jajaran | ya ta wau umiyos kangjêng sang aji | ginrêbêg upacara ||

2. gumrudug pra putri kang umiring | lan kang nguntapkên tindak narendra | ambêbêsus busanane | asri sinrang suryesuk | ting galêbyar mubyar mrabani | sêsotya tuwin sutra | wastra kêling alus | mangkana sri naranata | wus anitih [a...]

--- 49 ---

[...nitih] rata rinipta rumanti | manti anta markata ||

3. ruming puri parèstri jinoli | nuli budhal mangkat rantap-rantap | runtut nglajur jajarane | dulur manut panganjur | tiningalan kalangkung asri | swaraning têtabuhan | barêngan ambarung | găngsa monggang muni ngangkang | somprèt suling sumêla-sêla mêlingi | lir linging mangsah aprang ||

4. turăngga ngrik krincinging kêndhali | gêdêbêging liman rante ngrompyang | ngèmpêri lampor ramene | balêdug mabul-mabul | mubal kombul ngampak-ampaki | panjang yèn cinarita | tindake sang prabu | samana wus praptèng Girah | kang nênunggang sami mandhap gya maoni | owahe kang busana ||

5. Sang Baradhah mêthuk sri bupati | sarêng tundhuk mêndhak kalihira | sêming sêmu sami sumèh | sang mahamuni matur | măngga anggèr kangjêng sang aji | lajêng lênggah [lêng...]

--- 50 ---

[...gah] ing wisma | mangsuli sang prabu | inggih sang yogi sumăngga | wusnya lênggah tata pra pandhèrèk sami | munggèng tarub wangunan ||

6. sri narendra ngandika malad sih | dhuh sang wiku kula sangêt bingah | dene ing wêkdal samangke | pagêblug sagêd surut | kasangsaran sirik sêsarik | sirêp ical sadaya | lan pun tukang têluh | Calon Arang sampun pêjah | saking daya paduka kang sangêt asih | dhatêng ing praja kula ||

7. kula sangêt nuwun amêmundhi | sakalangkung ngraos kêpotangan | kapetang sayêkti tangèh | sagêd naur kang sumbut | sang pandhita mèsêm sêmu sih | dhuh anggèr sri narendra | sami wajibipun | ratu kalihan pandhita | kêdah asih ngrêksa hayuning nagari | andhêku sri narendra ||

8. Sang Baradhah angandika malih | anak prabu kula atur priksa [pri...]

--- 51 ---

[...ksa] | ing Girah ngriki samangke | prayogi kangge rabut | pamêthakan murih utami | nama ing rabut Girah | dene muridipun | pun Calon Arang kang jênat | pun Wêksirsa Maisa Wadana tuwin | Lêndhê Gandhi lan Guyang ||

9. Larung sami kula damêl cantrik | miwah kula wêruhkên ing Weda | antuka sihing dewane | sang nata ngandika rum | amaripih èsmu kapengin | dhuh rama wiku wara | warahên pun ulun | lampahing kayogiswaran | weda darma supados dados pangudi | widadaning dêlahan ||

10. mila mangke rama sang maharsi | sarênga kula dhumatêng praja | anggèr mugi dipun sarèh | ing wingking ulun nusul | dèrèng sagêd mangke umiring | sawêg anggêlak karya | inggih damêl rabut | sang nata mituhu sabda | lan dhêdhawuh dhatêng sang anindyamantri | kinèn nyamêktanana ||

--- 52 ---

11. băndha beya bau suku saking | ing nagara aja kêkurangan | kang tinanggênah ing gawe | Kandhuruan puniku | mangastuti ingkang sinung ling | ya ta wus sawatara | sri natarsa kondur | atata untaping lampah | datan pae lan duk rawuhe sang aji | tan dangu nuli budhal ||

12. tan winarna lampahe nèng margi | laju jumujug sajroning pura | sêsowangan pra pandhèrèk | ngaso wus sami mantuk | caritane dipun wangsuli | ya ta rabut ing Girah | samana wus rampung | marma Sang Êmpu Baradhah | arsa marak marang Sri Natèng Kadhiri | mangkana sampun mangkat ||

13. sri bupati wus tampi pawarti | karsa mapag lêbête sang wipra | mring jawi kitha sakèthèng | kathah wadya anggrubyug | samana wus papagan panggih | lêrêm ing sawatara | lajêng wangsul kondur | kerid Sang Êmpu Baradhah [Ba...]

--- 53 ---

[...radhah] | sri narendra dahat noraga malad sih | ya ta wus praptèng pura ||

14. sang pandhita lênggah kursi gadhing | Sri Èrlangga lênggah ing ngiringan | tansah ngrêrêpa ngrêpèpèh | kalangkung sugun-sugun | sru sumanggêm dahat mêmundhi | sagung suguh siyaga | sinumanggèng kayun | yayah liningga bathara | pra kawula kalulun mèlu malad sih | marang Êmpu Baradhah ||

15. sami kèdhêp ngadhêp kêthip-kêthip | ya ta wau sang nata ngandika | linud ing pamulat sumèh | dhuh rama sang awiku | kula èstu nyuwun pêparing | pamulang weda darma | ing supadosipun | dados sapuning tyas murka | ingkang nama păncawisayaning budi | drêmba weya angkara ||

16. srèi cêthil lan sêngsêming èksi | pamiyarsa pangrasa panggănda | panggrayang kang damêl slèwèng | dhatêng naraka limut | kantun watak wêlas lan asih [a...]

--- 54 ---

[...sih] | santi santa santosa | satatambêk ayu | mêmayu ngèlmi minulya | yèn maluya laya malaya ing benjing | murih jati sampurna ||

17. tuwin pintên sarating mêjani | agêng alitipun punang sarat | mirêng kula sanès-sanès | inggih anggèr sang prabu | botên kêdah mawi mêjani | sok ugi mituhua | mantêp anggêguru | bêkti nurut pinarentah | nadyan bêntèr gêmamplêng jawah wor angin | yèn kinèn kêdah mangkat ||

18. dene undha-usuking mêjani | wontên utami madya lan nistha | inggih lêrês mawi princèn | makatên wijangipun | sèwu langkung nêm atus ringgit | punika petang nistha | madya kawan èwu | wolung èwu yèn utama | utamining utami ngantos dumugi | wolung dasèwu reyal ||

19. manawi sampun mawi mêjani | kenging botên mituhu [mi...]

--- 55 ---

[...tuhu] parentah | nanging ingkang sangêt sae | bêkti mantêp mituhu | tur ta mawi arta mêjani | sang nata angandika | rama maha wiku | kula ngangge sarat arta | ingkang wolung èwu kemawon rumiyin | ing benjing gampil wêwah ||

20. inggih anggèr kalangkung prayogi | kajawi bab mêjani punika | malih kêdah mawi sajèn | lan sêdhah pitu likur | ingênjêtan tinrap ing bèri | mawi cagak kancana | mirah pucukipun | tuwin sêkar urap-urap | kang dinamêl êmas salaka ginunting | rineka sêsêkaran ||

21. miwah uwos jêne mirah abrit | yèn sampun makatên jêng paduka | têmbe sagêd kinabêktèn | ing bawana sumuyut | măngga anggèr kula aturi | lajêng sirama jamas | lawan kangjêng ratu | dhawuha damêl pajangan | langse sutra rinênggaa ingkang adi | kangge [kang...]

--- 56 ---

[...ge] ênggèn pamêjang ||

22. sri narendra enggal dhawuh ngrakit | sarat miwah kanthil pêpajangan | sampêt sakèh ubarampe | sang prabu wusnya gêbyur | sakalihan sang pramèswari | mapan mring pêpajangan | winêjang sang wiku | ing ngèlmu kayogiswaran | lawan wau pramèswari wus winisik | wêwarah kasampurnan ||

23. sri bupati dèn usap-usapi | kêmbang sajèn ping têlu wus purna | sang wiku guru wuwuse | hèh anakku sang prabu | sira mêngko ingsun salini | arana jatiningrat | kalawan garwamu | nuhun risang tampi sabda | tandya guru Baradhah mêmulang malih | wijanging pra pandhita ||

24. wiku praja desa wana wukir | grê astana miwah wana prasta | biksu brahmacari kabèh | grê astana puniku | wiku wênang rabi sêsiwi | wana prasta punika | wiku kang dêdunung | anèng alas talusupan [ta...]

--- 57 ---

[...lusupan] | kang pinangan sukêt godhong sulur usit | angrênggut cara kewan ||

25. biksu iku wênang mangan daging | laki rabi miwah omah-omah | anjêjamah tindak rèmèh | srawungan ngingu batur | patrap lumrah kêna nglakoni | aja kongsi cinêgah | brahmacari iku | yaiku pandhita wadat | ana patang pangkat ingkang brahmacari | suka miwah tan trêsna ||

26. sawala lan têmên patang warni | suka iku wiwit bayi mula | durung tau ngrasakake | pangan kang lumrah iku | ajar ngèlmu duk saking cilik | dene ingkang tan trêsna | kang kapencut ngèlmu | nuli ninggal sanak kadang | anak bojo tega tan ana tinolih | dene ingkang sawala ||

27. wiwitane kacuwan ing ati | crah sêsatron tuwin kawirangan | nekad minggat lunga anglès | banjur sinau [sina...]

--- 58 ---

[...u] ngèlmu | dene ingkang têmên puniki | kang wus sarwa sampurna | mring sakèhing ngèlmu | wruh obah osiking jagad | iku anggèr pangkataning brahmacari | andhêku sri narendra ||

28. lawan wêlingku manèh sang aji | aja ngowah-owah barang kuna | têtêp lêstarèkna kabèh | kitab pakêm lan wuruk | panganggone sawiji-wiji | aran dewa sasana | raja sasanèku | miwah manusa sasana | wiku rêsi sasana lan rajaniti | lan raja kapa-kapa ||

29. iku kabèh lulusna kang bêcik | pasthi sira dadi ratu mulya | ngêrèh tanah sabrang kabèh | wimbuh wibawa luhur | binathara anyakrawarti | sabab sira wus wikan | ngèlmu kang linuhung | inggih rama panêmbahan | saraosing manah kula sapuniki | sampun padhang trawangan ||

30. sang pandhita mèsêm [mè...]

--- 59 ---

[...sêm] anganthuki | wusnya rampung patraping pamêjang | lajêng lêladosan andhèr | dhahar nginum sang wiku | katog nutug gya ngaring-aring | mring kamar gadhing mapan | sare ing tilam rum | enjing wungu mring pakiwan | lajêng dhahar semekan kalihan pamit | badhe kondur ngasrama ||

31. naranata wus dhawuh nyawisi | titihan rata lawan pangayan | kang badhe andhèrèkake | patih tuwin tumênggung | Kandhuruan tan kêna kèri | lan bêbêktan barana | pan sampun kinumpul | sèkêt pangadêg busana | êmas intên sarwa akèh dèn pêpaki | kêbo sapi atusan ||

32. kuli satus kangge tukang sabin | warni arta gangsal kêthi reyal | jinodhang wênèh dèn ongkèk | sang guru ngandika rum | anak prabu tarima mami | sakèhe pisungsungta | wis anggèr sang prabu |

--- 60 ---

sira karia raharja | mung wêlingku wêlasa mring pêkir miskin | ngujaa pra pandhita ||

33. matur sandika sri narapati | sarwi nêmbah ngaras dalamakan | wus paragad pamitane | sang wiku mangkat kondur | nitih kreta ginrubyug mantri | patih lan Kandhuruan | andhèrèk tut pungkur | bêbêktan lan bêbrêkatan | jodhang ongkèk ancak pinikul andlidir | kongsi dadi tontonan ||

34. tan cinatur lampahe sang yogi | wus dumugi regoling asrama | Wedawati mêthukake | laju tindak malêbu | padalêman ing bale wingking | para pangiring samya | sinugata tuwuk | ngaso antuk sainêpan | lajêng pamit wangsul marang ing Kadhiri | sampun sami linilan ||

35. tan winarna lampahirèng margi | wus dumugi ing nagari Daha | patih sakalerehane | lapur

--- 61 ---

marang sang prabu | raharjane lampah ngêngiring | suka sri naranata | pra ngiring wus mantuk | ya ta nalika punika | saya gêmah ripah nagari Kadhiri | tambah gambuh dèn ambah ||

VI. Prabu Èrlangga utusan Kadhuruan, nyuwunakên lilah badhe anjumênêngakên nata putranipun kêkalih

6. Gambuh

1. tata têntrêm tumruntun | turuning truh mratah mawèh tungtum | trus tumanêm tanêman tinon mênuhi | menak manahe sawêgung | durjana juti sirna doh ||

2. nagara nora runggut | têmah eca kang samya lumaku | pinggir margi tinanduran kayu wuni | myang gurda jinajar urut | ayêming praja katongton ||

3. dagangan tansah wuwuh | mawèh

--- 62 ---

suka lan untunging bakul | bakul timpuh candhak kulak ngalap bathi | bisa warêg nyandhang wutuh | nadyan băngsa sudra asor ||

4. duwe lêlangên cukup | para pyayi wong sugih lan luhur | lêlangêne wirèng topèng wayang srimpi | bèn wong cilik bondhan janggrung | wayang ludrug reyog gambyong ||

5. bocah kang wayah tanggung | dêdolanan sindhèn sêndhon gambuh | gulaganthi jamuran angkling lan janti | gobag cirak bênthik kubuk | bêncèn êtor obrog êjor ||

6. warna-warna gumuruh | ing lêlurung nagara lan dhusun | nora pêgat janma lumaku anggili | kèh momotan grobag anglur | wong mlancong lawan wong dodol ||

7. nangkoda agung-agung | bango warung pasar ngundhung-undhung | gudhang miwah pangrekaning upakarti | panjang kalamun winuwus | kasugihaning [kasugiha...]

--- 63 ---

[...ning] prajandon ||

8. ing Kadhiri puniku | kang kawêngku parentahing ratu | nora ngêmungake jroning tanah Jawi | ing sabrang kabèh sumuyud | sadaya sami winêngkon ||

9. Plembang Jambi Bangkulu | Malaka lan Singapura iku | Siyêm Pahang Cina Cêmpa Bala Kêling | Patani Tatar lan Pègu | Bima Sasak Goram Dhompo ||

10. Sumbawa Kêdhah iku | Kute Bangka Sundha Wandhan Timur | Goram Bandha Kangean Makasar Koci | Madura Pele Moloku | iku ingkang sami ngayom ||

11. kocapa Sang Aprabu | Sri Èrlangga putranipun kakung | kalih pisan ginadhang dadi narpati | putra kang siji jinunjung | ing tanah Jawa ngadhaton ||

12. anggêntosi sang prabu | dene putra kang satunggalipun | sri bupati taksih èwêd ing panggalih | dèrèng tamtu dunungipun |

--- 64 ---

yèn dèn adêgakên adoh ||

13. ing tanah sabrang iku | sang aprabu tan tega ing kalbu | kirang gampil bêbantu ngapèn-apèni | bok kirang wêweka putus | kèthèr pangrèhing kaprabon ||

14. amasthi gawe kusut | mila sangêt sandeya tyas mangu | dangu-dangu sang nata angsal pamanggih | badhe dèn adêgkên ratu | anèng Bali kilèn Lombok ||

15. ya ta wau sang prabu | miyos tinangkil punggawa wadu | Patih Dharmamurti kang tinuju ing ling | kinèn manah adêgipun | rajaputra ingkang anom ||

16. ngêndi dunung kang patut | yèn karsa nata ing Bali mungguh | tan patyadoh gampang dèn awat-awati | tan worsuh wêwatêsipun | awit pilah seje pulo ||

17. Sang Dharmamurti matur | ugi rujuk lan karsa sang prabu | nanging kêdah nyuwuna idi rumiyin | mring Êmpu

--- 65 ---

Baradhah guru | sang katong katon tyas condhong ||

18. mangkana lajêng ngutus | Kandhuruan ingkang kinèn matur | mring Baradhah kyai guru Lêmah Tulis | wus mangkat cundaka prabu | ing marga tan cinariyos ||

19. wus prapta kang pinurug | tandya matur mring sang maha sadu | ing bab rajaputra karsane sang aji | jinunjung jumênêng ratu | manggèn ing Bali ngadhaton ||

20. nyuwun idi mring wiku | sang pandhita nabda dèrèng rujuk | lêrês tanah Bali tan ana narpati | nanging ing Bali puniku | ana pandhita kinaot ||

21. Sang Kuturan misuwur | mênang tuwa lan Baradhah Wiku | adhêdhepok anèng desa Silayukti | amila Baradhah Guru | ngandika mring duta katong ||

22. dutendra kinon mantuk | mring nagari matura sang prabu | yèn sang wiku karsa tindak dhatêng Bali | nyuwun lilah marang êmpu |

--- 66 ---

Kuturan murih sinarjon ||

23. caraka tandya wangsul | marang praja lapur rèh ingutus | Sang Baradhah pamit marang Wedawati | tindak ing Bali sinèstu | dhenok kèria nèng dhepok ||

24. ngêntènana rampungku | gonku nglakoni prêluning ratu | nini aja age-age muksa dhisik | besuk mekrat barêng aku | sang rêtna sumêmbah sedhok ||

25. sandika nurut tuduh | Baradhah gya nyamêktani laku | laju mangkat ijèn marang tanah Bali | anglangkungi dhusun-dhusun | kathah ngasmarani tinon ||

VII. Êmpu Baradhah manggihi Sang Wiku Kuturan ing Bali

7. Asmaradana

1. desa ingkang dèn liwati | Watulangi Banasara | Sangkan Japan Pandhawalèn |

--- 67 ---

ing Cêmpaluk Buburmirah | Kandhikawiri desa | Ojungalang Bayalangu | Kuthikuthika Pulungan ||

2. Mangkara Mungkur lan malih | Dhawuhan Bayêman Tirah | Wunut Banyuputih Genggong | Tlêpa Gahan Pajarakan | Sêkarawi ing Lesan | menggok mangalèr sang wiku | Dalêman Ujung Widara ||

3. Waru-waru desa Gadhing | Lêmahmirah ing Turapas | Banyulangu ing Momorong | Hyang Dwara Gunung Tawuran | Lagundhi lan Bukuran | lajêng lampahe sang êmpu | Karasikan Patukangan ||

4. Alang-alang Dawa Ijin | Sêkarawi ing Bêlawan | Blaran Andêlan lan Turèn | nuli anjog ing plabuhan | nênggih Sagararupak | Baradhah ngulati prau | nanging kono nora ana ||

5. ana godhonging kaluwih | pinêndhêt dening sang

--- 68 ---

wipra | kinambangake anèng we | tinunggangan măngka palwa | mlaku anjujur ngetan | têkèng Kapurancak mudhun | numpak godhong kluwih palwa ||

6. ngênêr marang Silayukti | têkèng Sukti ing pratapan | Êmpu Kuturan dhepoke | kocapa Êmpu Kuturan | lagi sêmadi lênggah | anglêngguk tumungkul nuklun | anungkuli kutug mênyan ||

7. Êmpu Baradhah ngêntèni | luware dènnya sêmbahyang | lungguh anèng ênggon dhayoh | kêsuwèn tan tinêmonan | manah anyêl ngrêsula | gya mintonkên gunanipun | sumêdya angadu yasa ||

8. Sang Baradhah nyipta banjir | blêbêg bêna sanalika | banyune banyakan lubèr | nanging Kyaine Kuturan | isih têrus sêmbahyang | tur ta kêlêp watês gulu | prandene nora rinasa ||

9. Sang Baradhah nyulap malih | sêmut gatêl gramang-gramang [gramang-gra...]

--- 69 ---

[...mang] | kumruwêd ngroyok anyakot | mring sira Êmpu Kuturan | tan măntra-măntra luwar | banyu sêmut malah larut | blas tilas têlês tan ana ||

10. Kyaine Kuturan ngrêti | yèn katêkan kyai Jawa | nuli mudhar sêmbahyange | nêmoni dhayoh kang têka | pasang pambage sabda | hèh bagea sira kulup | palibaya têkanira ||

11. Êmpu Baradhah ngênjali | inggih sabda palibaya | paduka pasang pambage | kêdah kula tampi urmat | dhuh palibaya kula | anggèn ulun kusung-kusung | lumawan mriki punika ||

12. prêlu badhe nyuwun idi | murid kula maharaja | Sri Èrlangga kang ngadhaton | tanah Jawi kitha Daha | putrane kang satunggal | arsa ingadêgkên ratu | wontên ing Bali punika ||

13. kagèt kyaine ing Bali | anjêginggat malang kadhak |

--- 70 ---

nyurêng rêngu lan ambêkès | o ah iku ora kêna | ingsun măngsa parênga | aku duwe prênah putu | arêp tak dadèkke raja ||

14. ana ing kene dhewe ki | pukulun punapa kilap | nagari kang sanès-sanès | sampun dipun rèh sadaya | ing ratu murid kula | ngèdhêp bêkti amisungsung | mila ta sampun marêngkang ||

15. ah êmbuh ora prêduli | măngsa kênaa kok jiyat | kana-kana gêlêm ya bèn | yèn aku êmoh têmênan | nadyan dadia pêrang | aku kukuh ora entuk | nora gêlêm awèh lilah ||

16. êmbuh yèn aku wis mati | sing wêruh suk êmbèn sapa | Sang Baradhah nuli anglès | lungane nora pamitan | marêngut tan rêringa | rêngu ngrungu ujar lêngus | angase dèn ungas-ungas ||

17. Êmpu Baradhah aruntik [aru...]

--- 71 ---

[...ntik] | runtag tyas masang kamayan | nuli ana lindhu gêdhe | bumi obah kadya bêngkah | ngambak ambal-ambalan | janma kèh mra samya nunup | wong Bali wayang-wuyungan ||

18. tambuh-tambuh kang dèn ungsi | ngalor ngidul bilunglungan | wong nagara padha takon | marang kyaine Kuturan | krananing lindhu gora | gara-gara gung gumuruh | morat-marit wisma rêbah ||

19. dhatuk ing Bali mangsuli | wis aja padha sumêlang | mula molah lindhu kiye | sanakku Wiku Baradhah | atine kurang rêna | dadi banjur gawe ribut | wis ta gèk padha têntrêma ||

20. Sang Baradhah laju mulih | têkan gisiking sagara | amasang têtunggangane | godhong kaluwih kinambang | tumuli ingancikan | mak blêdhês kaclop ing banyu | bola-bali jinapanan ||

--- 72 ---

21. cubag-cubug dèn anciki | godhong nora kuwat nyăngga | sang wiku ngrasa karêngon | Kyai Kuturan aduka | dènnya tan pinamitan | Sang Baradhah lajêng wangsul | anyuwun sih pangaksama ||

22. lan pamit dènnyarsa mulih | Kuturan wus mari duka | paring dhawuh karahayon | Sang Baradhah tandya mangkat | nitih baita patra | lêstantun anglêr wus tutug | plabuhan Sagararupak ||

23. lajêng lampahe sang yogi | mak bur mibêr ngawang-awang | sundhul jêdhug mega jodhog | mudhune wus têkan Daha | anjujug jroning pura | kocapa sang maha prabu | siniwakèng wadyabala ||

24. tandya risang guru prapti | sêr anjog saking ngawiyat | sang nata umiyat kagèt | saksana ngaras dlamakan | wus sami tata lênggah | angandika sang awiku | anggèr sang prabu wruhanta [wruh...]

--- 73 ---

[...anta] ||

25. ingong mêntas saking Bali | nêmoni Wiku Kuturan | anjaluk idi adêge | putramu dadi narendra | ana ing Bali kana | Kyaine Kuturan rêngu | nyarungus nora kalilan ||

26. sun jiyat malah ambêkis | tur dadi diya-diniya | dayaku tak tokke kabèh | iku Kyaine Kuturan | lagi ginawe mênang | ngadu japa jopa-japu | cêkakane aku kalah ||

27. mèh bae tan bisa mulih | wis ta putraku sang nata | bêcike mangkene bae | tanah Jawa pinaroa | sisih aran Janggala | sijine Kadhiri iku | dadi kratone putranta ||

28. mupung ingsun anunggoni | tumuli sira prentaha | gawe karobongan loro | rinarêngga pêpajangan | dalah sajèn tigasan | kanggo jumênêngan iku | ya putramu karo pisan ||

--- 74 ---

29. sang nata mituhu tuding | jumurung karsaning rama | wus dhawuh nyampêti sajèn | sang guru nuli linggaran | ngaso mring kamar dênta | sinuba-suba sêsuguh | kocap pra kriya ing pura ||

30. mrantèni bale patani | tinata anèng paseban | sakalangkung asri tinon | sinerongan langse sutra | seta satundha-tundha | gundha grandhèl kayuapu | gombyok kalèmbrèh ngêthepyah ||

31. cancutan cinincing-cincing | ngencong kinancing cancangan | cêplok kêmbang mas ting grendhol | palipit sotya tretesan | mêngkang mingkup amêkak | purna pêpènine pênuh | punang panangkilan endah ||

32. ya ta wus andungkap wanci | jumênênganing narendra | Sang Sri Èrlangga wus miyos | para sumewa samuha | sumahab ambalabar | bêk ambèr bêbasan rubuh | pancaksujining

--- 75 ---

bacira ||

33. para pandhita kinêrig | sadu sidi sida sabda | sadaya wus pêpak andhèr | rajaputra sakalihan | ngrasuk kaprabon endah | makutha kirithi munggul | sêkar taji cundha sotya ||

34. urna jamang grudha mingking | amêngkang sagara muncar | pênding pêkak madya mèpèt | lur-ulur naga karangrang | bêbadhong kêbo mênggah | gundhawara atri dhatu | sangsangan kastuba nungsang ||

35. akampuh lir makatangi | calana cindhe jalamprang | kêlat bau gêlang kroncong | kancana cinawi sotya | kadga slorok topengan | intên mirah lan jumêrut | tinatrap tinatur rêngga ||

36. narpatmaja dhasar sigit | rinarêngga sarwa endah | wus pinrênah ing jro krobong | lênggah sinungan sasana | sunare kang busana | asinang sênên sumunu | sinumêne sawatara ||

37. Sri Èrlangga [Èrlang...]

--- 76 ---

[...ga] lajêng nuding | pra pandhita lan punggawa | kinèn majêng pasowane | ngèstrèni narendratmaja | jumênêng maharaja | ing praja Kadhiri iku | kang sawiji ing Janggala ||

38. para sowan saur paksi | mangayubagya pujyarja | pakurmatan muni kabèh | sajèn tigasan pinutrah | maratah matêng mêntah | mratani tinon supênuh | malah turah ngambrah-ambrah ||

39. purna jumênênging aji | putra nata sakalihan | sang prabu sêpuh lumèngsèr | jumênêng raja pandhita | pasewakan bubaran | brung-brung paseban anjêmbrung | mung kari kang brêsih pura ||

40. Êmpu Baradhah wus mulih | cinêkak lakuning crita | wau sri narendra karo | sampun iyasa nagara | arja karta tur endah | enggale wus sami rampung | kang manggon suka sadaya ||

41. raras rêsmine andadi |

--- 77 ---

èdi kang pura parama | rêrumahan rêma rame | kang rama Prabu Èrlangga | dahat sukaning driya | ya ta ing antara dangu | ana wêwinih wisuna ||

42. ing Janggala lan Kadhiri | ngacaki cak-cakan congkrah | cengkre lan kadang kêdudon | kudon-kudon ayun yuda | ya dyan angadu wanda | drêng sudira takêr marus | mamrês mrusa băndawala ||

43. sri narendra ing Kadhiri | wus angirabakên bala | bêlêg gêgaman anggêbèl | anggêbag praja Janggala | mangkana Sri Janggala | midhangêt pawarta tamtu | yèn badhe pinrêp ing aprang ||

44. sri nata cikat ngaturi | uninga marang kang rama | nata wrêda kang wus lèrèh | gugup Sang Sri Aèrlangga | lajêng utusan mênggak | dhatêng Kadhiri ngrêrapu | aywa ngrêmpak ngripu kadang ||

45. wêwarah awira-wiri | mrih wurung wêruh awirang | ngwèri

--- 78 ---

sadulure dhewe | wèh susahing kulawarga | sêdhih kang sami trêsna | kang sêngit giyak gumuyu | muyêg amêmoyok miyak ||

46. mangkana Natèng Kadhiri | nora paja-paja kêndhak | malah amêlak wadyane | narapati ing Janggala | ugi mêpak pamapag | mapan ing papan prang pupuh | mampang mêmpêng mumpangkara ||

47. mangkana cucuking baris | wus campuh kalawan mêngsah | sami sudira dêrênge | dahuru urêk-urêkan | ruging rata kang rêbah | krapyaging landheyan dhumpyuk | prag-prog gada bindi tukar ||

48. towok kêris berang biring | bêdhama pêdhang sarampang | cring-crang cêngkling crot jros gênjlèng | gêdêbug gêblug blêg gobag | gêbug-gêbugan gaman | sing gonyèh kêna ing suduk | lèwêg lèndêm babarpisan ||

49. pupu pokah bau sêbit | dhadha bêdhah [bê...]

--- 79 ---

[...dhah] dhowak-dhowak | usus rantas pating klawèr | pipi kewal bathuk nglinyam | ebat swaraning sambat | kang bandêl mung anggêluruh | gêrêng-gêrêng pangkêrêdan ||

50. riwut tangkêping ajurit | saya suwe nora mêndha | tambuh rowang lan mungsuhe | wus bubrah tataning gêlar | gulêt gêlut têndhangan | gumrêgut angrênggut rambut | kang digdaya antuk papan ||

51. tangèh yèn winarnèng tulis | panduking kang băndayuda | nalika iku mangsane | Sri Panêmbahan Èrlangga | enggal-enggal utusan | sampun mêthuk kyai guru | Sang Baradhah ingaturan ||

52. murih nyapih kang ajurit | awit ingkang kineringan | iya mung sang guru bae | Baradhah gancangan prapta | anjujug rananggana | Natèng Kadhiri tinuju | nuju nindhihi barisan ||

53. gurawalan sri bupati [bu...]

--- 80 ---

[...pati] | mangsah nguswa padèng dwija | sang dwija ngandika alon | kaki prabu kayaparan | sira congkrah lan kadang | iku kusud bangêt saru | aja anggugu wadulan ||

54. wis-wis bubarna kang baris | banjur rukun rêrakêta | karo sadulurmu kabèh | yèn nora miturut sira | marang pitutur ingwang | tak tibani sêpataku | măngsa dadia abahan ||

55. yèn sira miturut bêcik | eling sanak rêrayatan | ngroyom ngayomi kang sèkèng | nadyan mring bingkananea | ambêk asih wêlasan | dene praja nagaramu | iku yogya winatêsan ||

56. iya aku kang matêsi | lawan nagara Janggala | murih nora corak-corèk | nêmbah ingkang sinung sabda | Natèng Kadhiri lêjar | nurut pangrèhe sang wiku | undhang angêndhak paprangan ||

57. sapih kang sami [sa...]

--- 81 ---

[...mi] ajurit | kang tatu lawan kang tiwas | wus ingupakara kabèh | ya ta Sang Êmpu Baradhah | mring barisan Janggala | amanggihi sang aprabu | anèng madyaning paprangan ||

58. Natèng Janggala ngastuti | tumuntên lênggah satata | Sang Baradhah nabda alon | nyapih prang tuwin bêbeja | ning wêwarahe marang | nata ing Kadhiri wau | suka Sang Prabu Janggala ||

59. atur sêmbah pangabêkti | nurut sumarah wêwarah | lan undhang mari rêrêmpon | wadya solahe wus silah | salong sèlèh gêgaman | sang wiku tumuli ngêdum | pêparone kang nagara ||

60. tanah desa lêbak wukir | mănca praja myang jajahan | sigar sêmăngka basane | kang tinata wus narima | lan sinumpah sêpata | sapa kang miwiti rusuh [ru...]

--- 82 ---

[...suh] | rusak saking ila-ila ||

61. ratu kalih wus nyanggêmi | rukun rakêt pasudaran | amurih kadi waune | pialane sinimpangan | barêngan kabêcikan | puwung-pinuwung rumasuk | arêsêp rêksa-rumêksa ||

62. guru Baradhah gya panggih | lawan sri wrêda Èrlangga | sang nata urmat ngalap sor | wiku Baradhah ngandika | anggèr kauningana | păncakarane putramu | samêngko wus padha bubar ||

63. sapih uwis padha eling | pulih rukun trêsnèng kadang | nagara loro sun paro | sabawah wêngkon jajahan | timbang nora anjomplang | paribasan sigar timun | kang kataman têmên trima ||

64. Sri Èrlangga mangastuti | atyanta êntyarsèng driya | yayah manggih mas sagêdhong | Sang Baradhah malih mojar |

--- 83 ---

anggèr yèn sira lilah | sutane patihmu iku | lan anake Kandhuruan ||

65. padha dadèkêna patih | ing Kadhiri lan Janggala | awit mulane mangkono | patih lawan Kandhuruan | arêp andhèrèk sira | milu têtapa mawiku | sumungku ing yoga darma ||

66. sang prabu suka ing galih | sadarpa mangayubagya | gya dhawuh ngrumat sêsajèn | sarating guru mêmêjang | tindhih majani madya | matang èwu reyal wutuh | samana sampun sudhiya ||

67. patih risang Dharmamurti | lan Dipati Kandhuruan | wus winêjang sakarone | rampung sami tata lênggah | sang wiku gya pamitan | mantuk marang dhepokipun | dèn iringakên punjungan ||

68. sri narendra lan Sang Patih | Kandhuruan lawan wadya | ngatêr ing jawi sakèthèng [sakè...]

--- 84 ---

[...thèng] | datan kawarna ing marga | wus prapta padhepokan | ing pawismane sang ayu | Wedawati mêdal mapag ||

69. ya ta ing antara ari | Sang Baradhah arsa muksa | mulih mring kalanggêngane | Wedawati ugi arsa | muksa sarêng lan rama | murid Si Wêksirsa iku | lawan Maesa Wadana ||

70. sêdya mèlu muksèng pati | barêng lan gurune mekrat | nanging gurune tan olèh | kinon ngêntèni rong warsa | tunggu ing pacrabakan | tilas wismane sang ayu | Wedawati kang mèh muksa ||

71. mituhu murid kêkalih | sang yogi lan putra sang dyah | ya ta wus mekrat kalihe | sakèh băndha rajabrana | ingon-ingon sadaya | kinukup ing putra kakung | nama Êmpu Yajnyèswara ||

72. ginawa mring

--- 85 ---

Lêmah Tulis | sigi sapêthêt tan owah | bêbasane cowèk gopèl | munggah têkan mas sêsotya | wus sami ingangkutan | dene murid loro iku | Wêksirsa Mesa Wadana ||

73. mung sacukupe pinanci | kanggo sangu tunggu omah | têkan rong taun lawase | dene Êmpu Yajnyèswara | iku adhine Sang Dyah | Wedawati seje ibu | kang ngangkuti rajabrana ||

74. pawismane Wedawati | têtêp dèn anggo patapan | ingaran dhukuh Murare | wus tamat kata samapta | carita Calon Arang | dene nguni babonipun | saking layang kropak kuna ||

75. kang nulis kropak nêngêri | taun Saka sèwu patang | atus sawidak lan loro | anèng sima dri camara | marêp mangulon ngongkang | kali [ka...]

--- 86 ---

[...li] tanah Bali iku | ing kono ana guwanya ||

76. ulun pun anjarwa mèri | niti mangsani panitra | Slasa Pasa ping salawe | nir rasaning bujănggarja |[3] rinangkêp măngsa surya | Pèbruari ping nêmlikur | muluking guna trus mulya |[4]|

Tamat.

--- [87] ---

Isinipun

... Kaca.

I. Kesahipun Dèwi Wedawati, putranipun Êmpu Baradhah... 3

II. Calon Arang dipun lurugi wadyanipun Prabu Èrlangga... 12

III. Êmpu Baradhah anggêsangakên têtiyang ingkang sampun sami pêjah dipun têluh dening Calon Arang... 26

IV. Calon Arang sirna dening Êmpu Baradhah... 41

V. Prabu Èrlangga puruita dhatêng Êmpu Baradhah... 48

--- 88 ---

VI. Prabu Èrlangga utusan Kandhuruan, nyuwunakên lilah badhe anjumênêngakên nata putranipun kêkalih... 61

VII. Êmpu Baradhah manggihi Sang Wiku Kuturan ing Bali... 66

 


§ Miturut katrangan Purbacarakan: samidha = mênyan, tila = lisah. Kayu sri = kayu adi. (kembali)
bojone. (kembali)
Tanggal: Slasa salawe (25) Pasa: nir rasaning bujănggarja (AJ 1860). Tanggal Masehi: Senin 24 Februari 1930. Perbedaan satu hari (Slasa versus Senin) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)
Tanggal: nêmlikur (26) Pèbruari: muluking guna trus mulya (1930 M). (kembali)